#Article 1: Basa Jawa (729 words)


Basa Jawa ꧌ꦧꦱꦗꦮ꧍ iku kagolong basa Austronésia, yaiku basa-basa kang dianggo sawarna-warnaning bangsa pribumi ing kapuloan sakidulwetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten, nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basané uga kasebar ing Indonésia, saka Sumatra nganti Papua, uga ing Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kalédonia Anyar.

Basa Jawa dadi salah sawijining panyumbang kang gedhé dhéwé kanggo panuwuhaning basa Indonésia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamrintahan, basa Jawa nduwé prabawa sing luwih akèh tinimbang basa-basa laladan liyané, kaya ta ing tetembungan, lan istilah-istilah kang kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Basa Jawa iku péranganing sub-cabang Sundik saka kulawarga basa Indo-Polinesia Kulon saka pang basa Indo-Polinesia kang gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sadulur cedhak basa Malayu, basa Sundha, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.

Basa Jawa digunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan uga pasisir lor Jawa Kulon, banjur ing Madura, Bali, Lombok, lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon. Basa Jawa uga diterapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing karaton Palembang, Sumatra Kidul, sadurungé karaton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping 18.

Basa Jawa bisa kaanggep salah sawijining basa klasik ing donya. Basa iki nduwé sajarah kasusastran kang wis lawas banget, punjul 12 abad. Para nimpuna basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang urutan:

Basa Jawa bisa ditulis mawa aksara Jawa, (turunaning aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin .

Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia kang akèh dhéwé cacahing panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dingertèni déning kurang luwih  80 yuta wong. Kurang luwih 45% kang ndunungi nagara Indonésia tedhak turuning wong Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh présidhèn Indonésia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku ibuné priyayi Jawa). Dadi, ora nggumunaké, basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing pikembanganing basa Indonésia.

Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung carabasa utawa basawangsa (rumpun) utama: cara Jawa Kulon, cara Jawa Tengah, lan cara Jawa Wétan. Ing pulo Jawa, ana kang diarani dialect continuum (sasambunganing carabasa) saka Banten, ing ujung kulon, tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh carabasa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (Ing: mutually intelligible).

Foném basa Jawa modhèren lan baku iku:

Pangucapan swara-swara iki rada njlimet. Ciri utama iku yèn ing basa baku Mataraman,  ing wanda mawa posisi kabukak ing posisi pungkasan lan sadurungé pungkasan, diucapaké kaya déné [].

Pènget: Foném mawa tandha kurung iku alofon.

Basa Jawa iku akèh banget cara pituturané. Ana carabasa parisaba kang dipara miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi:

Ana basa kang mligi kanggo keprelon resmi karaton:

Kajaba iku, ana carabasa kang didhasarké dening tlatahé, lan ora sakabèhé carabasa Jawa dimangarteni déning kabèh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawatara juru basawidya Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Kajaba iku, uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan carabasa Jawa. Pamérangan para nimpuna iki rada séjé, lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa, carabasa-carabasa ana:

Carabasa-carabasa iku miturut juru basawidya Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), diklumpukaké dadi 3 (telung) wangsa (rumpun) ya iku:

Klumpukan ing nduwur iku lumrahé ingaran basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Kelompok ing nduwur kaé lumrahé ingaran basa Jawa baku.

Kelompok ing ndhuwur iku lumrahé diarani basa Jawa wétanan.

Wurm lan Hattori (1983:39) mérang carabasa-carabasa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 pérangan:

Basa Jawa iku bisa dipérang miturut unggah-ungguhé utawa uga diarani register. Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé iku dadi

Banjur uga ana sawatara tetembungan krama inggil lan krama andhap kang bisa dienggo ing saben register.

Basa Ngoko

Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas?

Basa Ngoko Alus

Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?

Basa Krama

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh mas?

Basa Krama Inggil

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodhèh Mas?

Basa Jawa dicaturaké ing saindhenging Indonésia, nagara-nagara tangga Asia Kidul-wétan, Walanda, Suriname, Kaledonia Anyar, lan nagara-nagara liyané. Populasi panutur gedhé dhéwé tinemu ing enem provinsi Jawa dhéwé, lan ing provinsi tangga Sumatra saka Lampung.

Sawijining tabèl kang nuduhaké gunggung panutur asli ing taun 1980, saka 22 provinsi ing Indonésia (saka total 27 ing wektu iku) kang nuturaké basa Jawa punjul 1%, ya iku:




#Article 2: Sastra Jawa (212 words)


Mula bubukaning Sastra Jawa iku prasasti kang tinemu ing tlatah Sukabumi, Paré, Kedhiri, Jawa Wétan. Prasasti kang racaké diarani Prasasti Sukabumi iki tinulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masehi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.

Sawisé prasasti Sukabumi, ana prasasti liyané saka taun 856 Masèhi kang isiné sawijining tembang kakawin. Kakawin kang isiné wis ora pepak manèh iki, tembang basa Jawa (Kuna) kang lawas dhéwé.

Biasané, sajarah sastra Jawa dibagi dadi patang jaman:

Saliyané iku ana katégori mirunggan manèh, ya iku Sastra Jawa-Bali. Sastra iki terusané saka Sastra Jawa Tengahan. Sabanjuré, ana uga Sastra Jawa-Lombok, Sastra Jawa-Sunda, Sastra Jawa-Madura, lan Sastra Jawa-Palèmbang

Saka kabèh sastra tradhisional Nusantara, sastra Jawa iku kang paling unggul lan paling akèh kasimpen karya sastrané. Nanging, sawisé proklamasi RI taun 1945, sastra Jawa rada dianggep kaya anak kuwalon ing Nagara Kesatuan RI. Amarga kang diutamakaké iku rasa manunggaling bangsa Indonésia.

Basa Jawa wiwitané ditulis nganggo aksara turunan aksara Pallawa kang asalé saka kiduling India. Aksara iki kang dadi leluhuré aksara Jawa modhèren utawa Hanacaraka kang isih dianggo nganti saiki.

Banjur karo mumbul-mumbulé agama Islam ing abad kaping 15-16, aksara Arab ya dipigunakaké kanggo nulis basa Jawa; aksara iki diarani aksara pégon.

Sawisé iku, karo tekané wong-wong Éropah ing tanah Jawa, aksara Latin dipigunakaké kanggo nulis basa Jawa.




#Article 3: Sastra (716 words)


Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; śāstra, kang tegesé tulisan utawa buku, saka tembung dhasar śās- kang tegesé weruh. Ing basa Jawa, tembung iki lumrahé dienggo ngarani kasusastran utawa sajinising tulisan kang duwé arti utawa kaéndahan tartamtu. Nanging, tembung sastra ugi bisa ngarani kabèh jinis tulisan, apa iki éndah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kanggé médhia mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipun-ginakaken déning panganggit punika basa ingkang éndah saéngga dadosaken raos remen kanggé tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang saé kemawon nanging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting cariyos. Nanging saking cariyos éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masarakat tinamtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kados ta pola pikir masarakat.

Saliyané iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lésan (sastra oral). Ing kéné sastra ora akèh gathuke karo tulisan, nanging gathuké karo Basa kang didadèkaké wahana kanggo ngèjawantahké pangalaman utawa pamikir tertentu.

Biasane kasusastran dibagi miturut laladan géografis utawa basa.

Tembung genre asalipun saking basa Prancis ingkang tegesipun inggih punika jinis. Lajeng, genre sastra inggih punika jinisipun karya sastra. Aristoteles ing dalem tulisanipun ingkang kaloka hiyo iku Poetica, ngemot dhasar-dasaripun téyori genre. Téyori punika inggih ngemot jinis karya sastra ingkang tumuju marang karya sastra Yunani klasik, nanging ingkang saé saking téyori punika inggih téyorinipun saged dipunlebetaken ing karya sastra ingkang sedaya nagari.
Miturut Aristoteles, karya sastra ingkang dasaripun saking perwujudanipun punika dipunpérang dados 3, inggih punika epik, lirik, lan drama. Epik inggih punika tèks ingkang sepalihipun ngemot diskripsi, lan sepalih ingkang lintu ngemot tokoh (cakapan). Epik uga saged dipunarani prosa. Lirik inggih punika ungkapan ide utawi perasaanipun pengarang. Ing dalem babagan punika ingkang dipunrembag inggih aku lirik, ingkang limrahipun mau juru gurit. Lirik punika ingkang wayah saiki kaloka dados gurit utawi sajak, inggih karya sastra ingkang ngemot èksprèsi perasaan pribadi ingkang luweh ngutamakaken carané damel èksprèsi. Drama inggih punika karya sastra ingkang dominasi guneman sedaya paraga. Kriteria drama ingkang bèntenaken inggih wonten 2 warni karya sastra lintunipun inggih hubunganipun manungsa kaliyan donya panggènan lan wekdal.
Lirik sipatipun subjektif, sebabipun namung ngendikakaen donya juru gurit. Drama sipatipun objektif, sebabipun boten ngemotaken donya parekanipun, tanpa diskripsi ing sajabone objektif. Epik inggih punika campuran antawisipun subjektif lan objektif. Wekdal ing dalem karya sastra epik ngalir linear (kronologis utawi flashback); ing dalem drama wekdal dipunnyatakaken utawi ingkang kedadeyan sapunika; lan ing dalem lirik wekdal kados atos, sebab sajatosipun lirik boten kaiket kaliyan wekdal..

Puisi mawi cara konvensional saged dipuntegesi dados tuturan ingkang kaiket (émosi, imajinasi, pikiran, nada, ide, baris, bait, rima, lan saklintunipun). Prosa inggih karangan. Perlu sanget dipunrembag tegesipun prosa lan gurit miturut A.W. De groot ingkang dipunsitir déning Rachmat Djoko Pradopo .

Bèntenipun prosa kaliyan gurit inggih sajatosipun kaemot ing kadar padhetipun sedoyo punika. Sahinggo, karya sastra punika manawi padhet saged kasebat gurit lan manawi boten padhet punika kasebat prosa. Meniko sebabipun muncul tembung gurit ingkang prosais lan prosa ingkang puitis. Sifat prosa ingkang utami inggih punika ngudari lan gurit madhetaken. Bahan mliginipun inggih sami, punika persoalanipun manungsa. Prosa punika èksprèsi nyusun cariyos (konstruktif), gurit punika èksprèsi nyiptakaken curahan jiwa (kreatif). 
Rumus: x + y = z. X = pengalaman, y = renungan, imajinasi, lan tèhnik, z = hasilipun inggih punika cariyos ingkan sampun dipunreka.    
Werni-warni cariyos reka daya punika ing dalem sastra modhèren, hiyo iku novèl, carkak, lan novela. Novèl inggih punika cariyos reka daya ingkang langkung dawa, ingkang ngemot paraga, aluripun, lan setting utawi latar. Cerpen inggih punika cariyos ingkang cendhak, ingkang musataken ing kaanan ingdalam wekdal punika, mliginipun inggih konflik. Novela inggih punika cariyos reka daya ingkang luweh dawa lan angèl saking carkak, nanging boten langkung dawa kados novèl, isinipun boten dipunputusi ing satunggal kaanan kedadeyan, lan konflik.

Tembung drama asalipun punika saking basa Yunani draomai ingkang tegesipun nindakaken. Drama inggih paragaan cariyos utawi lakonan ing kauripan manungsa ingkang dipunpentasaken. Drama ing dalem karya sastra wujud naskah drama. Drama salintunipun dados karya sastra uga dados karya seni. Prosès kadadeanipun drama inggih saged dipundamel rumus nganggé formula 4 M.

Drama dados karya sastra namung ngantos tahap M-2. Umumipun naskah drama ngemot 10 susunan karakter, antawisipun:

Miturut isinipun, drama kebagi dados 8 warni, antawisipun:

Kesimpulanipun, objek ngèlmu sastra inggih punika prosa, gurit, lan drama, ingkang rincianipun wujud gurit, novèl, carkak, novela, lan naskah drama.




#Article 4: Wage Rudolf Soepratman (162 words)


Wage Rudolf Soepratman (Jatinegara, 1903 – Makassar, 1938) iku pengarang lagu kabangsan nagara Indonésia: Indonesia Raya. Laire ing Jatinegara kala taun 1903. Bapake jenenge Soepardjo, nalika iku dadi sersan ing Batalyon VIII. Soepratman seduluré ana enem, lanang siji, liyané wadon kabèh. Salah sijiné jenenge Roekijem (Rukiyem).

Nalika taun 1914 Soepratman mèlu Roekijem menyang Makassar. Ing kono disekolahake lan diragadi karo bojone Roekijem, sawijining bala Walanda sing ajeneng Van Eldijk.

Soepratman sinau basa Landa ing kursus bengi, 3 taun, banjur nerusaké ing pamulangan Normal. Nalika umur 20 taun di didadèkaké guru ing sekolahan angka 2. Rong taun sabanjuré olèh dhiplomah (ijazah) Klein Ambtenaar. Soepratman banjur dipindah menyang kutha Singkang. Ing kono ora suwé, banjur njaluk mandheg lan pindah menyang Makassar manèh.

Roekijem iku seneng banget karo sandiwara lan musik. Akèh karangane lelakonan sandiwara sing kerep dipitontonake ing mes militèr. Kajaba iku Roekijem uga pinter nabuh piyul (piyul). Kasenengane mau iku jebule nular ing adhine. Soepratman mèlu seneng maca-maca buku musik lan men musik.




#Article 5: Agama (206 words)


Agama, uga diarani gama, iku tata utawa prinsip kapitayan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Allah, Déwa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban kang ana gèndhèng-cènèngé karo kapitayan iku.

Tembung agama asalé saka basa Sansekerta kang tegesé tradhisi. Banjur tembung liyané iku religi kang asalé saka basa Latin lan dhedhasar saka tembung verba re-ligare. Iki tegesé nalèni manèh. Karepé siji wong kang nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran.

Ning Tanah Jawa lan uga Indonésia, ana limang agama kang paling akèh penganuté, ya iku: agama Islam, Kristen Protèstan lan Katulik, Hindhu, Ayyavali, lan Buda. Nanging ing Tanah Jawa uga ora sithik kang ngrasuk agama Jawa utawa lumrahé diarani Kajawèn. Agama iki lair saka pamikir asli wong jawa nanging uga ana pangaribawané saka prinsip-prinsip ajaran Hindhu lan Buda.

Kajaba iku wong-wong kang katurunan Tionghoa ya akèh kang ngrasuk ajaran Konghucu utawa Konfusianisme. Panganut agama Yahudi ing Tanah Jawa uga ana, sanadyan mung sithik cacahé. Semono uga ana wong-wong kang ora percaya karo salah sijining agama babar pisan. Golongan kang kaya mangkéné lumrahé diarani atheis, nanging sajatiné durung mesthi atheis amarga ana wong kang ora percaya agama nanging percaya karo Allah utawa Hyang Widi.

 




#Article 6: Jawa (233 words)


Jawa (basa jawa: ꦗꦮ, translit. jåwå, jawi: جاوا, pegon: جاوه, hanzi: 爪哇,  جاوة‎, hindi: जावा, basa tamil: ஜாவா, basa sunda: ᮏᮝ, basa madura: jhâbâh, basa bali: ᬚᬯ)  punika asma klintu sawijiné pulo lebet indonésia, jembaré wonten 132,000 km², kaliyan pendhudhuké wonten 114 yuta jiwa. pulo menika pulo ingkang padhet kaliyan kebak dhéwé lebet indonésia. kapadhetané wonten 864 jiwa sa-km². yèn pulo menika nagari, wus dados nagari ingkang padhet nomer kalih sedunia 

Pulo Jawa kapérang dadi 6, Pamaréntah Provinsi [Sadurungé Otonomi Laladan jenengé Laladan Tingkat I/Laladan Istimewa ]

Saben provinsi ing Jawa mau banjur kapérang manèh dadi tlatah sing luwih cilik ya iku kabupatèn lan kutha (sadurungé Otonomi Laladan jenengé Pamaréntah Daerah Tingkat II Kabupatèn utawa Kotamadya).

Ana 2 suku gedhé ing pulo iki ya iku wong Jawa lan wong Sundha. Wong Jawa lumrahé manggon ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan Jawa Wétan, wong Sundha ing Jawa Barat. Suku gedhé liyané ing pulo Jawa ya iku, wong Madura, wong Baduy, wong Samin lan wong Tengger.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa

Budaya sing urip ing pulo Jawa lumrahé asalé saka budaya India sing mlebu ing pulo Jawa liwat agama Hindhu lan Buda iku watara taun 400 M, sadurungé iku budaya sing urip ya iku budaya/peradhaban primitif. Saliyané saka India, uga ana prabawa budaya saka Cina, Arab lan liyané uga saka agama-agama Islam, Kristen lan agama/kepercayaan primitif kaya Animisme, Kajawèn lan liyané.

Lan basa-basa liyane.




#Article 7: Sastra Jawa Anyar (132 words)


Sastra Jawa Anyar kurang luwih lair sawisé mlebune agama Islam ing tanah Jawa mligine ing jaman kasultanan Demak antarané  abad kaping 15 - abad kaping 16 Masehi.
Kanthi mlebune agama Islam, wong Jawa éntuk ilham anyar sajrone nulis karya sastrane. Mula ing wanci-wanci awal, jaman Sastra Jawa Anyar, akèh dikarang karya-karya sastra babagan agama Islam. Suluk Malang Sumirang iku salah sawijiné sing wigati dhéwé.

Gaya basa ing wanci-wanci awal isih mirib karo Basa Jawa Tengahan. Sawisé taun ~ 1650 Masehi, basa Jawa gaya Surakarta dadi luwih dominan. Sawisé mangsa ini, ana uga renaisans Sastra Jawa Kuna. Kitab-kitab kuna kang kinambegan agama Hindhu-Buda lekas disinaoni lan ditulis kanthi basa anyar.

Sawijining jinis karya sing kusus ya iku karya sastra kang diarani babad. Karya ini nyaritakaké sajarah. Jinis iki uga ditemoni ing Sastra Jawa-Bali.




#Article 8: Serat Kalatidha (607 words)


Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné prakara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu prakara kang kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha iku salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, mligi kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, ya iku pada kapitu.

Kalatidha iku dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Syair iki mung ana 12 sajeroning metrum Sinom. Kala tidha kanthi barès tegesé jaman édan, kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita, Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kaanan iki, lan nganggep kanthi umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan lan krisis. Wektu iku Rangga Warsita minangka pujangga karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané iku pujangga panutup utawa pujangga pungkasan, awit sawisé iku ora ana pujangga kraton manèh.

Syair Kalatidha bisa dipérang dadi telung pérangan, ya iku: pérangan kapisan wujud pada 1 nganti 6, pérangan kaloro wujud pada 7, lan pérangan katelu wujud pada 8 nganti 12. Pérangan pisanan ya iku mangsa kang miturut Rangga Warsita wujud kaanan tanpa adeg-adeging bebener. Pérangan kaloro isiné katekadan lan mawas dhiri. Pérangan katelu isiné sikap kang tangat marang agama sajeroning masarakat.

Pupuh Sinom

Pada 1-6
Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sunyaturi
Rurah pangrehing ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana sarjana kelu
Kalulun kala tidha
Tidhem tandhaning dumadi
Ardayengrat déné karoban rubeda

Ratune ratu utama
Patihe patih linuwih
Pra nayaka tyas raharja
Panekare becik-becik
Paranedene tan dadi
Paliyasing Kala Bendu
Mandar mangkin andadra
Rubeda angrebedi
Béda-béda ardaning wong saknagara

Katetangi tangisira
Sira sang paramengkawi
Kawileting tyas duhkita
Katamen ing ren wirangi
Déning upaya sandi
Sumaruna angrawung
Mangimur manuhara
Met pamrih melik pakolih
Temah suka ing karsa tanpa wiweka

Dasar karoban pawarta
Bebaratun ujar lamis
Pinudya dadya pangarsa
Wekasan malah kawuri
Yan pinikir sayekti
Mundhak apa aneng ngayun
Andhedher kaluputan
Siniraman banyu lali
Lamun tuwuh dadi kekembanging beka

Ujaring panitisastra
Awewarah asung peling
Ing jaman keneng musibat
Wong ambeg jatmika kontit
Mengkono yèn niteni
Pedah apa amituhu
Pawarta lolawara
Mundhuk angreranta ati
Angurbaya angiket cariteng kuna

Keni kinarta darsana
Panglimbang ala lan becik
Sayekti akèh kewala
Lelakon kang dadi tamsil
Masalahing ngaurip
Wahaninira tinemu
Temahan anarima
Mupus pepesthening takdir
Puluh-Puluh anglakoni kaelokan

Pada 7
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Milu edan nora tahan
Yèn tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada

Pada 8-12
Semono iku bebasan
Padu-padune kepéngin
Enggih mekoten man Doblang
Bener ingkang angarani
Nanging sajeroning batin
Sajatiné nyamut-nyamut
Wis tuwa arep apa
Muhung mahas ing asepi
Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma

Béda lan kang wus santosa
Kinarilah ing Hyang Widhi
Satiba malanganeya
Tan susah ngupaya kasil
Saking mangunah prapti
Pangeran paring pitulung
Marga samaning titah
Rupa sabarang pakolih
Parandene maksih taberi ikhtiyar

Sakadare linakonan
Mung tumindak mara ati
Angger tan dadi prakara
Karana riwayat muni
Ikhtiyar iku yekti
Pamilihing reh rahayu
Sinambi budidaya
Kanthi awas lawan eling
Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma

Ya Allah ya Rasulullah
Kang sipat murah lan asih
Mugi-mugi aparinga
Pitulung ingkang martani
Ing alam awal akir
Dumununging gesang ulun
Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi
Mula mugi wontena pitulung Tuwan

Sageda sabar santosa
Mati sajeroning ngaurip
Kalis ing reh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlen meleng malat sih
Sanityaseng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawatawis
Borong angga sawarga mesi martaya

Serat Kalatidha misuwur banget nganti tekan kutha Leiden, Walanda. Ing kéné pethikan saka Serat Kalatidha sinurat ing sawijining témbok omah.




#Article 9: Basa Using (321 words)


Basa Using utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa karan Blambangan. Using asalé saka tembung kang kang tegesé ora. Tembung iki saka basa Bali tusing. Asliné basa Using iki salah siji varian basa Jawa Kuna kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan kang kena pangaruh basa Bali, basa Madura, lan kadhang basa Inggris. Masarakat Using duwé kabudayan kang bedha karo masarakat Jawa salumrahé. Akèh para winasis kang nyaturake yèn basa Using iku sejatiné cabang langsung saka basa Kawi kang ora ngliwati dadi basa Jawa dhisik. Kadadean iku padha karo basa Minangkabo lan basa Malayu kang sapérangan nyaturaké nganggo basa Malayu lan sapérangan liyané nyaturaké yèn Minang iku basa dhéwé. Basa utawa dhialek Using iki dicaturaké ning kira-kira separo wewengkon Banyuwangi. Wong utawa Lare Using racaké manggon ning:

Yèn kacamatan liyané lumrahe nganggo Basa Jawa biyasa utawa Medhura. Cara Using uga tinemu ning wewengkon Jember lan Lumajang sanajan cacahé sethithik banget.

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki rada bedha karo dhialek Jawa liyané. Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami:

Manawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya 

Kajaba iku, akèh ukara-ukara kang ora tinemu ning dhialek Jawa ngendhi baé. Ukara-ukara iku akèh kang asalé saka Basa Kawi, utawa Bali.

yèn diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi: kabyAre klendAi?

Ana manèh, ukara-ukara kang asalé saka basa Inggris. Jaman Walanda biyèn, akèh tuan tanah saka Inggris kang manggon ning perkebunan-perkebunan mligi ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris mlebu ning cara Using.

Basa Using saiki dikukuhaké kalebu mata ajaran ning sekolah dhasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa' Banyuwangi. Sajatiné wis dicoba wiwit taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah kang kalebu tlatah cara Using.

Basa utawa cara Using dhéwé saben kacamatan ana bedhane. Using kang digawé ning kacamatan-kacamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kacamatan-kacamatan ning kidul.




#Article 10: Budaya (172 words)


Budaya iku tegesé kabèh pamikir manungsa kang sipaté abstrak kang diwujudake dadi pola tingkah laku ing masarakat lan kasil Budaya kang sipaté fisik. Dadi budaya iku nduwé pérangan utawa unsur kang tahap-tahape ya iku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niyat. Kabèh gabungan pérangan utawa unsur-unsur iku mung ana ing manungsa.

Tembung budaya iku asalé saka basa Sansekerta ya iku buddayah kang asalé saka tembung budhi utawa akal. Akal iku dadi salah siji prangkat utama manungsa kanggo nglakoni urip lan ora ana makluk liya kang nduwé akal.

Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabèh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ing masarakat kang bisa dipakolèhaké liwat sinau.

Kabudayaan iku kasil saka gabungan unsur-unsur pikiran, rasa lan niyat kang diwujudke manungsa kanggo nglakoni urip.

Budaya golongan masarakat lumrah dadi ukuran dhuwur cendheke peradaban.

Saka pikiran, rasa utawa perasaan lan niyat utawa karsa iku manungsa ngembangaké kabudayan kang lumrahé nduwé sipat-sipat kang padha. Babagan-babagan kasil pengembangan kabudayan iku antarané ing babagan-babagan:

Sajatiné, wujud kabudayan iku lair saka 3 unsur budaya ya iku:




#Article 11: Wayang (775 words)


Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung wewayangan, ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit (walulang), ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar watak wayang wau. Nanging wonten sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket saha kerdhus. Ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipunpanggihi. Miturut owah gingsiripun jaman, sampun tinatah saha sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah saha sinungging kanthi média digital dipunwastani é-wayang.

Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten dipunwastani Wayang Ménak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.

Sajeroning pagelaran punika wayang ditancepaken wonten debog (wit gedhang), wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. wonten tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar.

Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kémawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng kalihan warisan ingkang paring aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika..

Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia. Nanging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kapungkur, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrèngipun agama Hindhu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan kalihan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten.

Prasasti paling kino wonten ing abad kaping IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bima Sang Kumara.

Agama Hindhu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabarata wiwit dipunanggé kanggé dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet kalihan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing pundi-pundi rikala Majapahit nguwaosi Nuswantara.

Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kanggé mepaki menapa ingkang sampun wonten. Ing padhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon Carangan.

Rikala jaman Agama Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman punika Wayang kang Sumberé saka Mahabarata lan Ramayana disampurnaaké kanthi nggathukaké karo Aji-Aji Islam déning Para Walisanga salah sijiné ya iku Sunan Kalijaga. Ing jaman iku uga wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram Anyar. Walandi ingkang digdaya damel Karaton Surakarta lan Karaton Ngayogyakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.

Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing jamanipun piyambak. Wayang ingkang kathah piyambak dipunanggé inggih punika Wayang Kulit Purwa.

Manawi dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Nanging katrangan punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka ingkang dipungelar déning dhalang.

Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan Ramayana.

Wayang iki campurane wayang golèk lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawé saka kayu. Amarga saka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

Panjenenganipun maringi tuturan Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang migunani tumrap uripé manungsa.

Miturut Kitab/Sumber ingkang digawé carita ing Pagelaran Wayang diperangake dadi:

Pagelaran Wayang Kulit (Utamane Wayang Purwa) ingkang sumrambah ing tanah Jawa utawa asring digemari masarakat ing Tanah Jawa didamel variasi ingkang manéka warni. Variasi utawi jinis punika ingkang asring dipunsebat Gagrag.
Gagrag Wayang Kulit ing tanah Jawa antarané:




#Article 12: Dhialèk Sérang (128 words)


Basa Jawa Banten utawa dhialèk Banten iku dhialèk basa Jawa kang mligi dicaturaké ing saloring provinsi Banten, turut pasisir. Miturut sajarahé wiwit dituturaké ing jaman Kasultanan Banten (abad 16). Ing jaman iku, basa Jawa kang dituturaké ing Banten ora ana bedhané karo basa Jawa ing Mataram. Nanging, sawisé iku basa Jawa ing Banten wiwit katon bedané, apa manèh tlatah pinuturé diubengi karo tlatah basa Sundha lan basa Batawi. Cacahé panutur ana sakiwa-tengené 500.000 jiwa.

Basa iki dhadi basa utama ing Kasultanan Banten kang manggon Kedhaton Surosowan, lan uga dhadi basa dina-dinaning warga Banten mligi ing sisih lor lan tlatah kulon Kabupatèn Tangerang.

Tuladha tembung ganti jeneng:

Tuladha tembung penunjuk:

Dhialèk iki dianggep dhialèk kuna lan akèh persisé karo dhialek Cerbonan sanajan ana prabawa basa Sundha lan Batawi.Tuladha ukara:




#Article 13: Dhialèk Cerbon-Dermayu (156 words)


Carabasa Cerbonan utawa uga diarani Basa Cerbon iku siji carabasa basa Jawa kang dipituturaké ing pasisir lor Jawa Kulon mligi wiwit tlatah Cilamayah (Sund: Cilamaya) (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakahnagarah (Sund: Pusakanagara) (Subang), Indramayu, nganti Cirebon lan Losari Wétan, Brebes, Jawa Tengah.

Biyèn carabasa iki kanggo perdagangan ing pasisir Jawa Barat mila Cirebon dadi salah sijining pelabuhan pratama, khususé ing abad 15-17. Sadurunge, basa iki ora beda karo Basa Jawa Sala, namung pramila abad 17, basa Cerbonan wiwit katon bedane olèh kena prabawa carabasa lokal dhèwék lan Basa Sundha. Carabasa Cerbon uga tansah mertahanké wujud-wujud kunaning Basa Jawa Tengahan (kaya ta ukara-ukara lan pangucapan) kang wis ora pati lumrah dienggo manèh ing Basa Jawa Baku padina.

Carabasa Cerbon ya diwulangake ning pawiyatan-pawiyatan wewengkon Cirebon kaliyan Basa Sundha. Ing tlatah Cirebon, basa iki dicaturaké karo mayoritas penduduke kejaba kacamatan-kacamatan awates karo Majalengka lan Kuningan kang nganggo Basa Sundha. Carabasa Cerbon-Dermayu luwih akèh panyaturé ing Indramayu utawa diarani Dermayon.




#Article 14: Dhialèk Banyumasan (363 words)


Carabasa Banyumasan dicaturaké ing tlatah Banyumasan, kasebar wiwit Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganti tlatah Pasundan, molai Cirebon-Indramayu lan Banten lor.
Carabasa Banyumasan dianggep carabasa Basa Jawa sing tuwa dhéwé. Bab iki ditandhani kanthi anané sawatara tembung sajeroning Basa Kawi lan Basa Sangsêkrêta ing basa Jawa sing isih dianggo ing carabasa Banyumasan kaya ta tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pocapaning swara a sing wutuh ora kaya a jêjêg lumrah ananging awujud a miring sing dadi pocapaning carabasa Banyumasan kaya déné basa Sangsekreta . Sadurungé kena prabawa saka kraton, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa kraton-kraton jawa, basa jawa ngalami pangalusan, ya iku basa sing dianggo déning babrayan lumrah lan sing dianggo déning kulawarga karaton dibédakaké pocapané sanadyan tegesé padha.
Basa Banyumasan duwé ciri pligi ya iku wujud pocapan ing swara a sing dipocapaké ora a jêjêg kaya ing basa Jawa lumrah. Carabasa iki uga duwé pamênêt aksara-aksara kang luwih cetha utawa luwih kandel, kaya ta aksara ka ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni ga, aksara pa nyedhaki ba,panambang ki dadi ti lan aksara la sing pocapané kandel, uga ana sawatara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri carabasa Banyumasan kaya déné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.

Carabasa iki misuwur kanthi cara omongé sing pligi. Dadi carabasa Banyumasan iki luwih akeh medhoke ketimbang carabasa Jawa liyané.
Tinimbang carabasa Jawa  Ngayogyakarta lan Surakarta, carabasa Banyumasan akèh banget bedane. Béda sing utama ya iku ing swara a mau. Dadi angger ing Sala wong mangan karo 'sega', ing Banyumas wong madhang karo 'segá'.
Tuladha tembung: Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse.
iku tegesé: utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahé..

telo pohung karo nangka baé..
kepiye ana ing dhialèk Banyumas dadi kepriwe, mdean, lsp.
kosakata akhiran konsonan diucapake medhok lah kandel ana ing pocapan.
wédok warek dadi waregh, njupuk dadi njupukk..lsp

Paméranganing carabasa Banyumasan:

Carabaaa Banyumasan saged dipunpirsani katrangane mawa langkung gamblang ing kamus Carabasa Banyumas-Indhonesiyah.
Ugi wonten klumpukan kamus basa Jawi ingkang jarang kepanggih wonten ing toko-toko buku:
Kamus Dialek Banyumas-Indonésia
Kamus Dialek Tegal




#Article 15: Banyuwangen (1444 words)


Banyuwangen iki salah siji tlatah ing Jawa Wétan sing parané ing pojok wétan Pulo Jawa. Pramila pernahé iku, akèh prabawa kajaban sing mlebu ing tlatah sing kadangkala diarani Bumi Blambangan iki.

Tlatah Banyuwangi diubengi pagunungan ing kulon, lan lautan ing kidul wétané. Dadi, tlatah iki ora akèh kaprabawa karo Budaya Mataraman lan Budaya Arekan. Prabawa sing paling kuwat mengaruhi tlatah lan budaya Banyuwangi iku saliyané prabawa Jawa, ya prabawa Bali lan Medura. Prabawa Bali paling katon ing kabudayaaning Banyuwangi amarga ing jaman biyèn Blambangan naté dadi siji pamaréntahan karo Karajan Bali.

Banyuwangi sugih karo anéka rupa kabudayan lan kasenian. Wong Banyuwangi, mligi Lare Using paling bangga karo bedhané kabudayané tinimbang tlatah Jawa liyané.

Banyuwangi duwé kasenian sing unik, asil paduan antaraning budaya Jawa, Islam lan Bali lan kerep dadi wakilé Jawa Wétan ing hajatan tingkat nasional saliyané tingkat lokal.

Kagunan Tradisi khas Lare Using iku antarané:

Saliyané Janger, kasenian iki uga diarani Dhamarulan utawa Jinggoan. Janger Banyuwangen iki milané saka kagunan drama Andhé-andhé Lumut, nanging samubar iku kesenian Andhé-andhé Lumut iki ing 1920an dipadukaké karo kasenian Jogèd Arja sing digawa saka Pulo Bali.

Kasenian campuran iki banjur diarani Jangeran lan dipentasaké ing panggung-panggung hajatan. Kasenian iki fungsiné tambah manèh ing jaman perang kamardikan, akèh para pejuwang sing nyamar dadi seniman Janger, saliyané supaya Walanda lan para teliksandhiné ora ngonangi, samaran iki mau dianggo dadi cara ngolèhi katrangan-katrangan sing mengkoné disebaraké ning para pejuwang.

Janger utawa Dhamarulan utawa Jinggoan iki banjur kasebar ning saindhenging Banyuwangi. Malahan nganti nyebar tekan tlatah Malang ing taun 1950an disebarké karo para wong Banyuwangi sing pindhah ning tlatah-tlatah mau. Kasenian iki intiné nyritakaké lakon Damarwulan lan Minakjingga. Lakon Minakjingga ing Banyuwangi digambarké dadi raja kang adil, apik tur merjuwangké kamardikané Blambangan saka prabawané Majapait lan uga digambarké nduwé candra kang bagus, ora kaya gambaran Minakjingga saka carita Majapait.

Sing khas saka kasenian iki, ya iku tata busana, tata gamelan, lan basa sing dipituturké. Tatabusanané nganggo tatabusana cara penari Arja saka Bali, gamelané nganggo gamelan Bali nanging lagu sing dipentaské lagu-lagu Banyuwangen, lan pituturané nganggo Basa Jawa alusan sing kerep panjenengan midhanget ing Kethoprak Kulonan.

Lakon Janger iki diwiwiti saka jogèd-jogèd sing asalé saka Banyuwangi utawa Bali. Misalé ana sing mentaské Jogèd Pendhet utawa Legong Kraton, ana manèh sing mentaské Jogèd Gandrung, Punjari utawa Jaran Goyang. Nanging lazimé, nganggo Jogèd Panyembrama. Lumrahé pambukané ana punjul loro jogèd-jogèd, lan sadurungé dibukak karo unjuk-unjuké gunungan lan kéwan-kéwan banjur ganti lakon ditengeri karo suwara mercon banting. Pagelaran Jangeran iki diwiwiti racaké saka jam 9 bengi nganti jago kluruk ing wayah subuh.

Gamelan sing dienggo ning kasenian Janger Banyuwangen iki ora béda karo gamelan Bali, ya ana gong, kecrek, kendhang, kethuk, reong, lan saron. Sok-sok ing sapérangan pertunjukan, ditambahi piyul, jidor utawa angklung.

Janger iki ya ana gara-garané, lha racaké gara-gara iki wujud kagunan lawak kanggo nyegerké kaanan. Lumrahé lawakané nganggo Basa Using utawa campur Basa Indonésia. Salah siji golongan Janger sing paling misuwur ing Banyuwangi ya iku Madyo Utomo sing manggung ing Dusun Banje, Kacamatan Rogojampi lan Patoman sing asalé saka Désa Blimbingsari, Kacamatan sing padha. Saliyané loro iki ana pirang-pirang golongan Janger sing kasebar ing saindhenging Banyuwangi.

Ing jaman biyèn, para lakon wadon ing Janger iki para lanang sing nganggo klambhi wadon, namung saiki para wadon asli wis mlebu ning kesenian iki lan meranké bisa lanang lan wadon.

Gandrung artiné katresnan utawa dhemen banget apa yèn ing Basa Indonésia artiné tergila-gila. Gandrung wis dadi ciri tetengeré kagunan Banyuwangen. Asal usulé Gandrung iki rada kesaput ing pedhut, amarga milai abad 19 wis ana tandhak Gandrung lan misuwur ing jamané. Jaman semana Gandrung ditarèkaké karo wong lanang sing nganggo klambi wadon tur tindak lakuné kemayu. Nanging wong wadon pratama kang narèkke Gandrung iki jenengé Semi.

Ing taun 1895, Semi sing jaré umur 10 taun iku kena gering sing ora sumebyar. Simboké akiré nadhar yèn Semi waras arep didadèkaké Seblang, yèn ora ya wis utawa ing Using Adhung siro waras, sun dyadekeno Seblang, adhung sing yo sing. Banjur waras iku Semi didadèkaké Seblang, lan pramila iku si Semi ya nggabungké Seblang karo Gandrung ing jaman iku. Piyambaké wis tilar donya ing taun 1973. Lan Gandrung lanang pungkasan kacathet ing taun 1914.

Jogèd Gandrung iki nganggé ciri kaya iki: Si tandhak nganggo omprok (makuta) sing corake Antasena (putrane Werkudara sing sirahé raseksa lan awake awujud naga). Nganggo busana sing kabuka pundhake, saliyané kelat bahu, jarit corak Gajah Oling lan kaos kaki warna putih. Kajaba iku, si Gandrung nganggé slendhang lan kadangkala kipas. Sajatiné Jogèd Gandrung iki sarumpun karo Jaipong, Tayuban, Lengger, Joget Bumbung lan Yapong, nanging ana gayane dhéwé-dhéwé.

Ing Gandrung asli, racaké si Gandrung kalebu siji kelompok kagunan. Biasane ana juru main biolane (lara), kendhang, kempul, kethuk lan kluncing (triangle). Dimilai samubare Isya' utawa jam 9 bengi nganti wayah Subuh, Gandrung akèh ditanggap racaké wayah Agustusan, sunatan, kawinan utawa Pethik Laut lan ajang mirunggan liyané. Dimilai karo Jejer sing dadi pambuka pentas Gandrung, saliyané nari si Gandrung ya kudu bisa nembang. Tembang-tembang sing kerep dinyanyekake ya iku:

Lan sapanunggale. Tembang-tembange Gandrung iki ora cuma dijupuk saka tembang-tembang Seblang sing wis kuna, nanging bisa waé njupuk saka lagu-lagu Banyuwangen sing lagi misuwur gandha arum, lagu-lagu Bali utawa Dangdut. Nanging tembang-tembang saka ritual Seblang tetep dipertahanke amarga iku dadi cikal bakale kagunan tembang Banyuwangi sing  béda  karo kagunan tembang Jawa lan Bali. Tembang-tembang Gandrung racaké mung papat baris lan ditembangke karo cara pendhek utawa cara dawa.

Samubare Jejer, diteruske ning acara Ngibing. Sadurungé si Gandrung iki nggawa baki sing dienggo dhuwit buwuhan. Biasane baki kosong iku mau dideleh ning ngarepe para penonton lan sapa sing mbuwuh paling akèh iku sing olèh ngibing bareng si Gandrung. Sing ngibing karo Gandrung ora mung siji, kadangkala ana papat sing ngibing bareng-bareng nganti kadang ana tangan-tangan nakal sing nglecehke, nah iku mau tugase si panjak (iringan Gandrung sing nyekel Kluncing) kanggo nglerai ben ora kisruh.

Yèn wayahe wis arep subuh, si Gandrung nutup pentasane nganggo apa sing diarani Seblang subuh. Ning kéné, si Gandrung nari alon lan kadang nganggo kipas kaya penari Bali. Lan tembang-tembange racaké sing temane sedih kaya: Seblang-seblang lan ditutup karo Sekar Jenar / Jenang sing lirike kaya ngene:

Sekar sekar jenar
Maundhang dhadhari kuning 
Agung alit yo gemuruno 
Kawulo nyuwun sepuro

Lagu iki awujude pangapurane si Gandrung yèn sengaja utawa ora nggoyahke imane para tamu lan pentas wis sumebyar.

Jaman biyèn, Gandrung iku bisa ditarekake karo keturunan Gandrung sadhurunge, nanging jaman saiki sapa waé wong wadhon kang dhemen olèh nyinaoni jogèd iki. Gandrung iki akèh dikembangke dadi jogèd kreasi baru, kaya Jejer jaran dhawuk sing saiki dadi mata wulangan ekstra kurikuler wajib ing sekolah-sekolah tlatah Banyuwangi. Iki dimaksudke supaya para génerasi nom Banyuwangi cinta karo kagunan budhayane.

Ora ana sing ngerti, wiwit kapan jogèd Seblang iki dipentaske. Nanging ana carita sing ngandhika yèn jogèd utawa ritual Seblang wis dianakake wiwit pirang-pirang abad kapungkur. Sajatiné jogèd iki dipentaske kanggo ngungkapna rasa syukur ning Gusti Kang Murbeng Dumadi lan kanggo tulak balak.

Sejarahe jogèd iki wiwit jelas wayah bocah cilik jenenge Semi ing taun 1895 kena gering, simboke wis nadhar yèn Semi waras arep didhadekke Seblang. Nah, dhèwèké tibake waras lan nadhar iki kudu dilakoni.

Pramilane, tandhak sing arep mentas iki kudu ditutup paningale karo mbok-mbok ning burine. Lajeng, dukun ngambu-ngambuke menyan lan maca mantra-mantra supaya si tandhak dadi kejiman. Sadurungé si tandhak nyekel tempeh kosong, yèn wis kejiman tempeh iku mau ceblok lan si tandhak rikat-rikat ditulungi karo mbok-mbok ning burine ben ora njungkel. Sawisé, ana suara gamelan sing mung kendhang, saron lan kempul diunekke lan para sinden sing rata-rata wis sepuh wiwit nembang, dimilai saka Seblang Lokentho. Sateruse, si tandhak sing wis kejiman iku wiwit ngibing meloki irama kendhang nanging tetep dikawal karo dukunne.

Kadangkala si seblang diarak keliling désa, lan pentasan sing ambu-ambu mistik iki malah dadi pentas sing nyenengke ati. Nanging sing paling greng saka Seblang iki pas mlebu wayahe ngibing. Si seblang bakale nguncalke sampur kang digulung ning arahe penonton, sing kéné uncalan slendhang utawa sampur iku mau kudu gelem ngibing bareng, yèn ora, si seblang bakal nguber nganti wonge gelem.

Ing Banyuwangi, pentas Seblang iki mung digelar ing lara désa waé. Sijine ing Désa Bakungan, sijiné manèh ing Désa Olihsari, Kacamatan Glagah. Bedane, ning Bakungan sing dadi seblange iku kudu wong wadon sing wis ora haid lan dianakke samubare Idul Adha, yèn ing Désa sijiné ditarekke karo bocah wadon sing durung baligh lan dipentaske seminggu samubare Riyaya. Kabèh penarine iku dipilih saka wangsit sing diolehi wong pinter lan kudu turunane seblang sadhurunge.

Gedhongan merupakan tradisi yang padha mulanya digunakan untuk hiburan setelah selesai menumbuk beras padha acara hajatan. Mereka beramai – ramai membunyikan peralatan penumbuk beras, seperti, alu, lesung dan lumping, sehingga menimbulkan suara yang énak untuk didengar. Mereka menyanyi sambil menabuh gamelan tersebut.




#Article 16: Ludruk (128 words)


Ludruk iku kagunan panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki mijil saka kesenian rakyat jenengé Besutan, kagunan besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton dening wong akèh.

Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember.

Ludruk iki béda karo kethoprak, amarga ludruk caritané prakara panguripan sadina-dina lan sok-sokan nyritakaké prakara kaanan anyar kaya ta kadadéan ing nagara. Lumrahé ludruk dibukak karo tandhak lan kaya jogèd ngremo, utawa beskalan putri yèn ludruk cara Malangan. Pambukané ludruk lumrahé kawujud parikan (nembang/ngidung) sing isiné ana gandhèng cènèngé karo kaanan anyar.

Dhialog ing ludruk iki lumrahé nganggo dhialèk Surabayan, sawatara Ludruk ing tlatah Prabalingga, Lumajang lan Jember nganggo basa Madura.

Salah sijining protagonis ludruk sing misuwur ya iku pak Sakera, jagowané wong Madura.




#Article 17: Suriname (807 words)


Républik Suriname iku nagara kang dumunung ana ing pérangan lor Amérika Kidul. Nagara iki diwatesi karo Guyana Prancis ing wétan, Guyana ing kulon, Nagara Brazil ing kidul, lan Samudra Atlantik ing lor. Nagara iki salah sijining panggonan kang akèh wong Jawané, saliyané Indonésia lan Kaledonia Baru. Suriname iku manten jajahan Walanda lan mbiyèn ditepungi mawa jeneng Guyana Walanda. Suriname mardika saka Walanda ing tanggal 25 November 1975.

Mawa amba kurang saka 165.000 km2, Suriname iku nagara swatantra kang cilik dhéwé ing Amérika Kidul. Guyana Prancis ambané luwih cilik, nanging tlatah iki laladan Prancis lan ora mardika. Suriname kang ndunungi kurang luwih 490.000 jiwa, lan mayoritasé urip ing pasisir lor, papané kutha krajan Paramaribo.

Wewengkon Suriname wiwit kaloka abad kaping 15, ya iku nalika bangsa-bangsa Éropah nguwasani Guyana, sawijining dhataran jembar kang dumunung antarané Samudra Atlantik, Kali Amazon, Rio Negro, Kali Cassiquiare lan Kali Orinoco. Wiwitané  dhataran iki déning para ahli kartografi diwnènehi jeneng Guyana Karibania (Guyana kang tegesé dhataran jembar kang diilèni déning akèh kali lan Karibania saka tembung Caribs ya iku jeneng kang ndunungi asli kang pisanan manggon ing dhataran mau).

Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculké karo ananing pakebonan-pakebonan kang dibukak ning kana. Sabubaré ora olèhé pabudhakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibébasaké saka pabudhakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda wiwit nekakaké para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilané dipanggonaké ing Suriname taun 1880an lan dikaryakaké ing pakebonan gula lan kayu kang akèh ing tlatah Suriname.

Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akèh cara, nanging akèh kang dipeksa utawa diculik saka désa-désa. Amung wong Jawa kang digawa, lan tlatah liya kang keturunané dadi Jawa kabèh ing kana.

Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana désa jenengé Tamanrejo lan Margoyoso, ana manèh kang ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sajatiné tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahké karo samudra, iku sebabé Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonésia wis mardika, akèh wong Jawa kang nduwé karep bali ning Indonésia, lan mung sithik kang bener-bener bisa bali, iku waé malahan ing tanah Sumatra lan tlatah-tlatah Indonésia liyané. Banjur, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwènèhi pilihan, panggah ing Suriname utawa mèlu pindhah menyang Walanda. Akèh wong Jawa kang akiré pindhah menyang tanah Walanda, lan liyané panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamané Islam, sanajan ana kang mèlu agama liyané nanging sethithik.

Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora olèh rabi karo anak putuné wong sa'kapal utawa sa' jaji. Dadi wong sa'kapal kang digawa ana ing Suriname iku wis dianggep paseduluran lan anak putuné ora olèh dirabi.

Républik Suriname (Surinam), ya iku nagara ing Amérika Selatan lan tilas jajahane Walanda kang merdeka saka Walanda tanggal 25 Novèmber 1975. Nagara iki wewatesan karo Guyana Prancis ing sisih wétan lan Guyana ing sisih kulon. SIsih kidul wewatesan karo Brasil lan ing sisih lor karo Samudra Atlantik. Suriname mau Indonésia Sebelah Barat jalaran akèhé wong Jawa kang ana ana ing Suriname. Ing Suriname ana wong Jawa kang manggoni, cacahé udakara 87.000 wong. Wong-wong Jawa iku mau digawa mrana karo Walanda taun 1890 nganti 1939.

Kutha krajané Suriname ana ing kutha Paramaribo. Golongan Hindustan utawa wong turunan saka imigran abad 19 saka India, populasine 21%. Kreol, camboran wong kulit putih lan kulit ireng cacahé 28%, wong Jawa ana 46% lan wong Maroon, turunane tukang réwang saka Afrika kang minggat, ana 10%. Liyane, ya iku wong Indian-Amérika, Tionghoa, lan kulit putih. Komunitas Yahudi ya ana, dhèwèké turunane kaum Sefardim kang maune minggat saka Iberia menyang Walanda. Agama kang dipeloni kaya ta Hindhu, Islam lan Kristen.

Warga Suriname cacahé kabèh ana 433.998 wong. Uripé akèh-akèhané ana ing pinggir kali gedhé lan tlatah-tlatah cedhaking segara. Uga urip ing punjer-punjer pakebonan. Wong Suriname iku akèh macemé, lan paling akèh ya turunan saka India kang nganti 17%né warga, sabanjuré wong Kreol kang turunané para batur tukon Afrika, cacahé 31%. Katelu iku wong Jawa, 45% banjur wong Maroon 10% (wong Maroon iki turunaning wong batur tukon kang mlayu menyang alas-alas, lan cara uripé tansah kaya leluhuré ing Afrika). Lan sisané ana wong Cina, Indian lan Walanda.

Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agama Hindhu kang dipracayani karo wong India, agama Islam kang akèh dipracayani wong Jawa lan sapérangan wong India, uga Kristen lan Katulik kang dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akèh wong kang nganut ilèn Animisme.

Basa resmi kang diakoni ing Suriname ya basa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggo basa Sranan Tongo kang asliné saka basa Inggris, lan iku dadi piranti wicaraning golongan-golongan ing kana. Kajaba iku, basa Hindi, lan basa Jawa diujarké karo klompoké dhéwé-dhéwé. Uga ana basa-basa Indian kaya ta Karib lan Arawak, basa-basa Maroon kaya Saramaka lan Ndjuka.

Suriname nduwé kembang nasional kang jenengé Fajalobi, ing Indonésia lan India kaloka kanthi jeneng kembang Asoka.




#Article 18: Gamelan (1087 words)


Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku gamel kang duwé makna tabuh. Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.

Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.
Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.

Gamelan kalebu pérangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, jogèd, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro ya iku laras pélog lan laras sléndro. Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.

gendhing, kang kanthi cara nafsiraké banjur nerjemahaké liwat vokabulèr-vokabulèr (konvensi) garapan. Ricikan/instrumèn kang kalebu ing golongan mau, ya iku :

Musik gamelan duwé sajarah kang tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindhu lan Buda ing Nusantara. Mliginé nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun.
Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindhu kang banjur kagubah déning Sunan Bonang. Kagunan perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, tepukan tutuk saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.

Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan piranti musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwé rong puteran ya iku sléndro lan pélog. Sléndro duwé limang nada saben oktaf ya iku 1 2 3 5 6 [C-D E+ G A]. Nadha slendro duwé interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog duwé 7 nadha saben oktaf ya iku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E-F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akèh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, ya iku gamelan ana rong puteran lan duwé pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.

Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan piranti musik perkusi ya iku piranti musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken déning Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, déwa ingkang mandhégani sadaya Tanah Jawa, kaliyan pura ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kanggé ngundang arwah déwa-déwa, lajeng saged kasusun set gamelan.
Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, balung kéwan. Nalika ing jaman modhèren sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi prosès indhustri, ingkang bahanipun warni-warni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.

Gamelan lumrahé kanggo ngiringi jogèdan, utawa kagunan pertunjukkan kaya ta wayang kulit lan kethoprak.Gamelan lumrahé kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Kagunan gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki wujud gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr ya iku jazz-gamelan kang duwé campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.

Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng kagunan gamelan ya iku ing Kraton Yogyakarta. Lumrahé dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng prangkat gamelan kang umuré wis tuwa ya iku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.

Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi ngraih wujud nganti saiki lan kasebar ing manéka laladan, kaya ta :

Bukti otentik kang sepisanan babagan kaanan gamelan tinemu ing Candhi Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon manéka piranti kaya ta :

Jinis gamelan warna-warna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané.
Munculé gamelan didhisiki karo budaya Hindhu-Buda kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sajarah, kang uga makili kagunan asli Indonésia . Instrumené dikembangaké kanthi dhapuré kaya mangkéné iki ing jaman Karajan Majapahit . Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan ya iku kepriyé cara nyanyikaké . Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, déwa kang nguwasani kabèh tanah Jawa, kanthi pura ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu) . Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para déwa . Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé iku dumadi set gamelan .

Saben laladan ing Nusantara nduwé gamelan kang béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan kang dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.

Gamelan Jawa ya iku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan piranti musik Jawa liyané. Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké.
Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa béda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwé nada kang luwih alus lan slow, béda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling . Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duwé pandangan urip dhéwé kang béda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajeroning irama musik gamelan Jawa.

Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajeroning musik gamelan ya iku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajeroning omongan lan tumindak saéngga minangka toléransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa ya iku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.

Gamelan lumrahé dianggo ngiringi pagelaran wayang lan jogèd-jogèdan.
Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

Saperangkat gamelan diisi karo akèh piranti musik. Piranti musik iki ya iku piranti usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun piranti-piranti musik gamelan ya iku pring, logam, lan kayu.Saben piranti musik duwé fungsi dhéwé-dhéwé ing pagelaran musik. Kaya ta gong kang duwé peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing .

Ing laras sléndro ana telung pathet.

Ing laras pélog uga ana telung pathet.

Pathet iku kaya ta panggonan kanggo gendhing utawa kang ngatur gendhing.
Ing wayang kulit yèn ditanggap ing wayah bengi uga nggunakaké pathet ing tabuhan gamelan.
Pathet iki mertandaké wayah.




#Article 19: Campursari (129 words)


Campursari iku sawijining jinis tembang Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modern. Campursari ngemot pirang-pirang aspek seni (sajeroning lelagon pepak banget). Lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhé, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan liya-liyané. Tokoh campursari sing kondhang yaiku Manthous saka Gunungkidul. Katitik saka instrumèn kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepénak dirungokake. Gabungan instrumèn mau diangkah supaya tinemu harmoni seni campursri. Instrumèn campursari kang kerep kanggo kaya ta kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar,Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan, sunatan, tasyakuran lan liya-liyané. Campursari uga asring dianggo déning pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalané.




#Article 20: Didi Kempot (209 words)


 
Didi Kempot utawa Didik Prasetyo (), minangka salah sawijining penyanyi campursari kang asalé saka Jawa Tengah. Dhèwèké asliné saka Surakarta. Didi Kempot yaiku anaké juru lawak Ranto Edi Gudèl lan isih adhiné Mamik Prakosa, pelawak anggota Srimulat. Didi Kempot uga dijuluki Godfather of Brokenheart.

Ing tengahing taun 1980-an, dhèwèké mutuské kanggo nekuni donya musik. Dhèwèké miwiti lelakoné saka Yogyakarta tekan Jakarta dadi wong ngamèn. Jenenge kang mauné Didi Prasetyo, dadi Didi Kempot, kang ngrujuk marang singkatan saka Kelompok Penyanyi Trotoar.

Dhèwèké antarané nulis utawa nyanyi lagu-lagu:

Sobat Ambyar ya iku jeneng paguyuban wong kang Didi Kempot. Sadurungé, uga ana jeneng paguyuban wong kang seneng Didi Kempot, arané Kempoters. Sobat Ambyar duwé celukan Sad Boys (bocah lanang kang sedhih) lan Sad Girls (bocah waon kang sedhih). Celukan iki timbul amarga para pamireng bisa nètèsaké luh nalika ngrungokaké lagu-lagu Didi Kempot. Paguyuban Sobat Ambyar digawé déning cah-cah enom. Paguyuban iki banjur moncèr rikala ana péntas Didi Kempot ing acara . Ing acara iki, ana sawatara 1.500 bocah enom kang nonton pentas Ngobam Didi Kempot.

Didi Kempot séda tanggal 5 Mei 2020 ing Rumah Sakit Kasih Ibu Surakarta amarga lara jantung. Sédane penyanyi kondang iki kalebu ujug-ujug, amarga sadurunge almarhum nglakoni aktivitas kaya biasane. Dhéwéke sempet kena lara panas ing dina sakdurunge.




#Article 21: Sèwu Kutha (136 words)


Sewu Kutha iku tembang Jawa sing kalebu genre campursari lan ditembangaké déning Didi Kempot. Lagu ini nyaritakake sawijining wong sing kelangan pacangané. Lagu iki dadi misuwur banget lan naté ditembangaké déning Sri Sultan hamengkubawana X nalika kampanye Parté Golkar ing Kalimantan Kidul taun 2009.

Sewu kutha wis tak-liwati
Sewu ati tak-takoni
Nanging kabèh padha 'ra ngerteni
lungamu ing ngendi
pirang taun anggonku nggoleki
seprene durung bisa nemoni

Wis tak-coba, nglalekake
jenengmu saka atiku
satenane aku ora ngapusi
isih tresna sliramu.

Upamane, kowe wis mulya
lila, aku lila
ya 'mung siji dadi panyuwunku
aku péngin ketemu
sanadyan, sakedheping mata
tak-kanggo tamba kangen sajeroning dhadha.

Upamane, kowe wis mulya
lila, aku lila
ya 'mung siji dadi panyuwunku
aku péngin ketemu
sanadyan, wektu 'mung sedela
tak-kanggo tamba kangen sajeroning dhadha.
sanadyan, wektu sakedheping mata
tak-kanggo tamba kangen sajeroning dhadha.




#Article 22: Kidung Sri Tanjung (110 words)


Kidung Sri Tanjung iku karyané wong Banyuwangi. Carita iki kagolong carita legèndha payasaning kutha Banyuwangi. Saliyané iku, carita iki uga misuwur amarga bisa digunakaké dadi carita kanggo ngruwatan.

Caritané sing cekak kaya mangkene:

Ana sawijining satriya anama radèn Sidapaksa sing lunga saka panggonané, banjur ngèngèr, ngabdi marang ratu ing nagara Sinduraja. Banjur dhèwèké krama olèh Dèwi Sri Tanjung.

Sawijining dina, radèn Sidapaksa nepsu banget dikira slingkuh, garwané. Banjur Sri Tanjung celathu yèn manawa dhèwèké dipatèni, sing metu dudu getih nanging banyu arum, mula dhèwèké ora salah.

Tenan, Sri Tanjung dicubles, sing metu dudu getih sing mambu amis, nanging banyu sing wangi ambuné. Mula nganti saiki kutha krajan Blambangan jenenge Banyuwangi.




#Article 23: Basa walikan Malangan (134 words)


Basa walikan cara Malangan iki pramilane diucapake karo para bromocorah sing yèn jaman saiki pada karo preman. Nanging bromocorah iki tujuanne saé, ya iku merjuangake nasibe wong cilik lan rakyat saka panindésaning Walanda ing jaman iku. 
Kanggo mbingungke Walanda lan teliksandhine, para bromocorah iku nganggé basa sing diwalik-walik lan basa iku mau sing dadi tenger-tengere basa walikan khas kuta Malang. Basa iki milai ana ing taun 1930an.
Basa sing diwalik ukarane ora mung basa jawa, nanging yo soko basa liyané, ya iku basa arab, meduro, indonesia lan liyané.

Basa walikan Malangan ini asline saka walikaning Basa Jawa lan Basa Indonesia. Akèh kosakatane barang sing asaling saka cara lokalan.

Nanging ana manèh kang asalé saka basa Jawa Malangan dhéwé. Kaya ta

Lan ora kabèh ukara sing bisa diwalik-walik, kaya ta

Conto liyané:(Walikane ora mesti letterlijk)




#Article 24: Tetuwuhan (284 words)


Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). 
Amarga warna ijo  dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo ya iku Viridiplantae (tetuwuhan ijo). Jeneng liyané ya iku Metaphyta.

Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé  fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora  kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan.
Sapérangan gedhé  alga banjur wiwit dipisahaké  saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.

Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung  pamisahan iki.

Nalika sawijining tetuwuhan dikarepaké minangka grup organisme tinamtu utawa taxon, racaké tegesé salah siji konsèp. Panglompokané ya iku:

Cara liya ya iku liwat sawijiningcladogram, kang nuduhaké gayutan evolusionèr.  Sajarah évolusi tetuwuhan durung ditata kanthi pepak, nanging salah siji kang wis ditampa ya iku. Those which have been called plants are in bold.

Watara 350,000 spésies saka tetuwuhan kang ana wektu iki. Taun 2004, watara 287,655 spésies wis ditepungi, ing antarané 258,650 ya iku awujud tetuwuhan ngembang, 16,000 bryophyta, 11,000 pakis lan 8,000 alga ijo.




#Article 25: Rama (583 words)


Rama uga bisa diarani Prabu Ramawijaya yaiku ratu ing Pancawati. Prabu Ramawijaya putrané Prabu Dasarata ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu utawa Sukasalya. Prabu Ramawijaya iku tokoh mligi Ramayana, salah siji wiracarita saka tanah Indhia kang uga misuwur ing tanah Jawa.

Dasanamané (jeneng liya): Prabu Sri Bathara Rama (titah titising Bathara Wisnu), Prabu Ramawijaya (tansah jaya/unggul ing payudhan), Rama Reghawa (putrané Dèwi Reghu/Sukasalya), Ramabadra (sumunar lir purnamasidhi), Ramacandra, lan Ramayana.

Prabu Dastharastha duwe garwa cacah telu: Dèwi Reghu, Dèwi Kekayi lan Dèwi Sumitra. Dèwi Reghu peputra Raden Rama Reghawa, Dèwi Kekayi peputra Radèn Barata, lan Dèwi Sumitra peputra Radèn Laksmana lan Radèn Satrugna (Tugena).

Sadurungé kagarwa Prabu Dasarata, Kekayi duwé panuwun, yèn samengko patutan kakung, kudu kalilanana jumeneng nata ing Ayodya. Tanpa menggalih kang wening, Prabu Dasarata nyaguhi, nadyan wis patutan pembarep kakung Radèn Rama. Kabèh putrané Prabu Dastharastha digulawenthah déning Begawan Wasistha, saéngga bisa dadi satriya utama turta sekti mandraguna.

Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing nagara Matilidirja, lan klakon mboyong Dèwi Sinta, putriné Prabu Janaka.

Satekané ing Ayodya, Rama nedya dijumenengaké ratu, nanging Dèwi Kekayi (garwané Prabu Dasarata) ngucik janjiné Prabu Dastharasttha kang naté kawiyon, ya iku bakal njumenengaké ratu putrané kang patutan karo Kekayi. Kejaba iku, Sang Dèwi Kekayi nyuwun supaya Prabu Dastharattha nundhung Rama saka praja supaya ora ngrégoni Barata anggoné mangreh praja Ayodya.

Rama kelakon ditundhung. Bebarengan karo Dèwi Sinta lan didherekaké Radèn Laksmana, sigra manjing sajeroning alas. Nalika manjing telenging alas Dhandaka, Dèwi Sinta ilang didhustha Prabu Dasamuka, ratu buta saka Ngalengka. Wektu iku Rama lagi mbedhag kidang kencana kang dipingini Dèwi Sinta.

Rama duwé bala wujud kethèk pirang-pirang. Mula, dudu duwé bala kethèk iku, amarga biyèn wis tau mitulungi kasangsayané Narpati Sugriwa kang kejepit ana wit asem dhampit amarga pancakara mungsuh kadangé tuwa, Subali. Sabanjuré Subali klakon dipatèni Rama, saéngga Sugriwa bisa dadi ratu ing Guwa Kiskendha lan nggarwa Dèwi Tara. Minangka piwalesing budi, Sugriwa banjur dhawuh marang wadyabalané (para kethèk) supaya mbiyantu marang Rama  anggoné ngupadi garwané, Dèwi Sinta, kang didhustha Dasamuka ratu buta ing Ngalengka. Ramawijaya dalah para kethèk banjur padha yasa pasanggrahan ing gunung Malyawan (sok dikocapaké gunung Mangliawan). Pasanggrahan dadi wewangunané ora béda kaya kedhaton (kraton), mula banjur katelah Kraton Pancawati. Raden Rama banjur jumenang nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya. Kejaba iku, Narpati Sugriwa sabalané banjur suwita marang Prabu Rama.

Rama kang dibiyantu déning Narpati Sugriwa sawadyabalané lan Radèn Wibisana (rayiné Prabu Dasamuka kang mbaléla ngiloni Prabu Rama) klakon nglurug menyang nagara Ngalengka. Gelaré ngrebut baliné Sinta, nanging ing batin kang baku mbrasta tumindhak dur angkara budi candala kang sinandhang déning Dasamuka. Prabu Rama kang nglungguhi kautaman wusanané bisa unggul yudané. Dasamuka sirna kataman jemparing pusaka aran Guhyawijaya (Guhya iku mengku teges ghaib, déné wijaya tegesé kamenangan. Dadi tegesé kamenangan kang sinadhi /gaib). Ragané Dasamuka banjur ditableg gunung Pangungrungan iya Somawana déning Senggana/Anoman.

Sawisé brubuh Ngalengka, sapatiné Dasamuka, Prabu Rama banjur ngangkat Wibisana jumenang nata ing Ngalengka. Nanging ora let suwé, Wibisana banjur lereh keprabon saperlu madeg pandhita. Dhampar Ngalengka banjur dilintiraké marang putrané sesilih Radèn Denthawilukrama kang sawisé jumeneng nata jejuluk Prabu Bisawarna.

Ing carita-carita Padhalangan, yuswané Prabu Ramawijaya kalebu dawa banget, ya iku wiwit jaman Ramayana (perang Giriantara) nganti bablas tekan jaman Mahabharata (Pandhawa). Ing pungkasan sugengé, Prabu Rama manitis ana ragané Prabu Kresna, nata ing Dwarawati, Radèn Laksmana manitis ana ragané Radèn Arjuna lan banjur pindhah ana ragané Prabu Baladewa. Déné para wadyabala wanara uga banjur padha ilang musna saragané, kejaba Anoman kang tumeka pati ing jamané Prabu Sri Aji Jayabaya ing Mamenang utawa Kedhiri (mlebu carita Wayang Madya).




#Article 26: Lesmana (239 words)


Lesmana utawa Laksmana (basa Sangskerta: लक्ष्मण, Lakṣmana) iki rayiné Prabu Rama kang setya ndhèrèkaké kangmasé rikala Prabu Rama kasébrataké menyang wana Dandaka. Alas kang wingit kepati paribasan Sato mara sato mati janma mara kapiluyu.

Papaning para jim, sétan lan dununging para raseksa. Ya ing wana Dandhaka iki Dèwi Sinta garwané Prabu Rama Cinidra déning Prabu Dasamuka awit krenahing abdiné Prabu Dasamuka kang aran Kala Marica kang malih maujud dadi kidang kencana saperlu nggora godha Dèwi Sinta. Sang Dewi kapilu marang kaéndahané kidang Kencana nganti lali purwa duksina manawa teteluné lagi ana madyaning alas kang gawat kaliwat. Kidang musna lan Sang Dèwi aminta ingkang raka Prabu Rama supaya arsa ambujung nganti kacandhak arsa kanggo klangenan. Sadurungé tindak Prabu Rama dhawuh ingkang rayi Radèn Lesmana anjaga kasugengané ingkamg mbakyu Rakyan Sinta. Sauwisa sawatara wektu sanalika ana swara sambat-sambat ngarih-arih njaluk pitulung kang amadhani swarané Prabu Rama.

Awit saka kuwatiré Dèwi Sinta paring dhawuh énggal-énggal budhal saperlu asung pitulung marang ingkang garwa mangka ing satemené swara iku mung apus krama saka swarané Kala Marica. Radèn Lesmana percaya marang kasektèné ingkang Raka mula nduwa kersané Dèwi Sinta nanging tinampa cubriya manawa ingkang rayi gadhah rasa milik ngrusak pager ayu marang dhèwèké. Rumangsa gerah panggalih awit dinakwa kang kaya mangkono mula tanpa saraba ngunus pusaka kanggo nugel planangané dhéwé lan sanalika planangan kang tugel mau musna lan ing kono ana wujud curiga kang aran pulanggeni. Banjuring carita para maos kaaturan mriksanana kitab wiracarita Ramayana.




#Article 27: Basa (281 words)


Basa iku sistém simbul-simbul lan paugerané kanggo nggunakaké sistém iki. Basa uga bisa ngrujuk ing panggunan sistém kaya mengkéné utawa panyinaonané minangka siji fénoména.Lan piranti kanggo sesrawungan ing antaraning manungsa siji lan sijiné. Panemu liya ana kang mratelake yèn bisa, ateges piranti kang awujud swara, tanda utawa tulisan kan andhedhasar pikiran lan kekarepan lan. Tegesé basa kang kaya dhuwur mau, ya iku tegesé basa kang kaprah, dingertèni déning umum.

ya iku unsur paling cilik saka uni pocapan kang bisa kanggo mbédakaké tegesé tembung. Fonèm iku awujud swara. Contoné tembung ulèr lan ulès duwé teges kang béda amarga prabédan ing fonem /r/ lan /s/. Uler kang ateges kéwan, nanging ules tegesé salah sijiné jinis kain. Saben basa duwé jumlah lan jinis fonèm kang béda-béda. Upamané basa Jepang ora ndarbèni fonèm /l/ saéngga tembung kang migunakaké fonèm /l/ diganti nganggo fonèm /r/.
Babagan fonèm bisa disinauni ing fonetik lan fonologi.

ya iku unsur paling cilik saka pandhapukan tembung lan disesuaikake karo aturan siji basa. Ing basa Indonésia morfem bisa	awujud imbuhan. Contoné tembung praduga duwé loro morfèm ya iku /pra/ lan /duga/. Tembung duga minangka tembung dhasar kanthi tambahan morfèm /pra/ njalari owah-owahan makna ing tembung duga. 

ya iku penggabungan tembung dadi ukara dhedhasar aturan sistematis kang ana ing basa tinamtu. Sajeroning basa Indonésia ana aturan SPO utawa subjèk-prédikat-objèk. Aturan iki béda ing basa liya, upamané ing basa Walanda lan Jerman aturan gawé ukara ya iku tembung kriya tansah dadi tembung kaloro ing saben ukara. Bab iki béda karo basa Inggris kang ngolèhaké tembung kriya dipasang ora ing urutan kaloro sajeroning ukara. 

nyinaoni makna lan makna saka sawiji basa kang diwangun sajeroning ukara. 

ngaji basa ing tahap pacelathon, paragraf, bab, carita utawa literatur.




#Article 28: Mlathi (531 words)


Mlathi (Jasminum sambac) iki kalebu kaluwarganing Jasminum. Tuwuhan iki kasebar ing saindhenging donya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis. Lan duluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing donya. Iki kalebu jinis tetuwuhan sing thukulé ngerambat lan bisa ditandur ning endi-endi papan panggonan.

Kembang mlathi lumrahé wernané putih, lan ana sing rada semu kuning. Mlathi ana sing makuthané manunggal uga ana kang makuthané rangkep dadi katone kaya tumpuk tinumpuk. Karana ambuné sing arum lan kuwat, mila kembang iku akèh gunané. Saliyané kanggo wangen-wangen, mlati uga didadèkaké rerenggan kanggo temantén wadon ing Asia Kidul lan Asia Tenggara, kalebu Tanah Jawa. Mlathi lumrahé urip ing laladan tropis.

Nanging saliyané iku, mlati uga didadékaké campuran kanggo unjukan tèh, sing lumrahé dijupuk saka tèh ijo.

Jaman pamaréntahan Présidhèn Soeharto, pamaréntah ngukuhaké Surat Dudutan Présidhèn Nomor 4 taun 1993. Ing surat iki ngukuhaké Hari Cinta Puspa dan Satwa Nasional tanggal 5 November 1993.

Dina iku uga, ana telung kembang kang dikukuhaké dadi idéntitas Bangsa Indonésia. Puspa (tuwuhan utawa flora) kang dikukuhaké ya iku Puspa Bangsa, Puspa Pesona, lan Puspa Langka. Déné kang dikukuhaké dadi Puspa Bangsa ya iku kembang mlathi utawa kang duwé jeneng latin Jasminum sambac.

Kembang mlathi bisa kanggo bunga tabur lan indhustri tèh. Saliyané iku kembang mlathi uga bisa dadi farfum, wewangen ruwang, bahan kosmétik, obat utawa farmasi, lan dadi aroma terapi.

Tèh mlathi uga diarani tèh wangi. Diarani tèh wangi amarga ambuné kang wangi amarga duwé aroma saka godhong tèh kang pancén wis wangi lan ketambahan aroma kembang mlathi kang sangsaya wangi. Tèh mlathi kalebu tèh kang populér ing Indonésia. Tuladhané tèh ijo kang dicampur kembang mlathi lan kembang gambir saéngga wangi mlathi lan wangi kang kas sangsaya krasa nalika tèh digawé wédang tèh lan dicongi banyu panas.

Saka hasil riset nerangaké yèn tèh mlathi bisa ngurangi kolésterol lan nggawé seger awak.

Mlathi bisa didol dadi kembang roncén utawa didol nalika kembang isih seger. Didol roncén lumrahé kanggo rerenggan ngantén lan kanggo asesoris jogèd. Yèn didol nalika dadi kembang kang isih séger iku lumrahé kanggo kembang tabur.

Saliyané iku, mlathi uga bisa diolah dadi Essential Jasmine Oil. Kanggo nyuling kembang mlathi mbutuhaké tèknologi mirunggan. Kembang mlathi ora kena diékstrak ing suhu kang dhuwur, amarga ékstrak kembang mlathi gampang nguap.

Kembang mlathi kang diolah kudu kembang mlathi kang isih seger. Mulané indhustri kanggo ngolah mlathi supaya bisa dadi ekstrak kudu cerak karo sentra budidaya mlathi.

Ékstraksi lenga mlathi ya iku prosés kanggo ngéntoké lenga mlathi saka kembang mlathi. Ana rong cara utawa métodhe ékstraksi kanggo njupuk ékstrak mlathi. Kang sapisan kanthi cara nglarutaké ing pelarut kang gampang nguap utawa kang diarani solvent extraction lan ekstraksi nganggo lemak padat kang diarani enfleurasi.

Teknologi ekstraksi duwé divérsifikasi aji tambah tumrap pamanfaatan kembang mlathi. Mlathi ora mung bisa didol nalika dadi kembang kang isih seger nanging uga bisa diolah lan bisa awét suwé. Saliyané iku mlathi luwih migunani. Mlathi kang bisa diolah dadi ékstrak mlathi kanggo digawé lenga mlathi utawa farfum ya iku kembang melati putih utawa kang duwé jeneng latin Jasmimum sambac. Kejaba iku kembang melati gambir utawa Jasmimum officinale uga kena diolah dadi lenga atsiri kembang mlathi.
Indonésia dadi nagara kang mroduksi lenga atsiri kanggo nagara-nagara donya cacahé 60 persén kanggo kabéh panduduk sadonya.




#Article 29: Mawar (580 words)


Kembang Mawar iku kalebu kaluwarganing Rosa. Cacah jinisé ana atusan. Wiwit kang thukul umbaran (alasan) nganti kang dibudidayakaké. Mawar ana kang biyasa, ana uga kang thukulé mrambat.

Cara membudidayaké utawa nandur kembang mawar bisa plantaran wiji, seték, okulasi, cangkokan, lan nyigar anakan. Nanging cara kang luwih cêpêt sarana setékseték.

Warnané uga ana rupa-rupa, kang asli racaké awarna abang, kuning, kuning tela, uga ana kang jambonjambon. Nanging, saiki ana kamajuan tèknologi kang bisa malih rupakaké warna, mawar uga ana kang wêrnané biru, wungu, malah ana kang ireng.

Kembang mawar iki wis misuwur ing donya wiwit jaman kalabendu. Lengané didadèkaké lenga wangi, kang wis misuwur ganda arum lan larang regané. Uga ana manèh kang digawé bahaning setrup, jenengé Rosa canina, amarga akèh vitamin C-né.

Mawar akèh-akèhé nduwé eri, nanging ana kang ora ana eriné.
Eri mawar gunané kanggo njaga mawar supaya ora dirusak kéwan lan gegremet. Awit ana uga kéwan kang sênêng mangan kêmbang. Kéwan iku kalebu kéwan hérbivorahérbivora. Eri kalêbu salah sawijiné organ tuwuhan, ya iku organ aksesoris utawa rerenggan. Eri ana kang kalebu aksésoris sajati lan ana kang mung modifikasi. Eri minangka aksésori padatan kang ana ing pang, wit, godhong, lan woh tuwuhan. Tuladhané ya iku ing wit mawar.

Mawar lumrahé nduwé warna polos, yèn ana campuran warna, lumrahé mung ing pinggiré. Tuladhané mawar putih kang pinggiré jambonjambon, ana uga mawar kuning kang pinggiré rupané abang. Nanging ana jinis mawar kang trotol-trotol wernané. Mawar iki diarani mawar bathik. Mawar bathik iki ora nduwé eri ing gagangé.

Mawar bathik bisa urip ing dhataran ngisor, nanging yèn kepéngin kembang luwih gedhé lan wernané luwih cêrah kudu ditandur ing dhataran dhuwur.
Winih mawar bathik asalé saka sambung pucuk utawa grafting. Carané gagangé mawar bathik disambung karo mawar biyasa ing pucukké. Sawisé 2-3 wulan, sambungan iki wis siyap ditandur.
Tuwuhan iki disiram kaping pindho sedinané. Pupuk kang minangka nyuburké tuwuhan ya iku rabuk N-P-KN-P-K, nanging cukup sewulan sapisan. Rabuk kandhang utawa rabuk diênggo ngrabyuki nalika sepisanan nandur mawar bathik iki. Yèn dirumat kanthi temen, mawar iki bakal rikat ngembang.

Kêmbang mawar lumrahé dadi simbol cinta lan katresnan. Nanging sajatiné kembang mawar uga kalebu kembang kang duwé akèh khasiat.
Kembang mawar uga bisa kanggo obat, kosmetik, lan terapi. Ing jaman Yunani Kuno utawa krajan Roma, sari mawar bisa kanggo kosmetik lan ngalusake kulit, gawé tenang, lan obat dhéprési, iritasi kulit.
Ing jaman India, sari mawar kanggo nglancaraké pencernaan lan kanggo kaséhatan metabolismé awak. Jaman saiki mawar kêna kanggo kosmétik lan ngalusaké kulit, têrapi kêcantikan kaya serum lan kosmétik.
Banyu mawar utawa ékstrak sari mawar kang diprosés kanthi déstilasi bisa dadi krim pelembab lan sabun. Sari mawar kang luwih kênthêl bisa kanggo sêrum utawa ékstrak rose oil lan lenga wangi utawa parfum.
 
Sari mawar bisa kagunakaké ing kabéh jinis kulit lan ora ndadékaké iritasi. Minyak mawar uga bisa kanggo ngundhakaké élastisitas kulit wajah lan ndadékaké luwih lêmbab.
Garis kêrutan ing rai uga kêna dicêgah nganggo mawar, saéngga kulit katon luwih sêgêr. Jinis kulit kang akèh jêrawaté lan sensitif uga kêna nggunakaké sari mawar, awit sari mawar bisa kanggo bahan antiséptik kang maténi baktéri.
Mawar saka spésies Rosa Canina ngandhut vitamin C kang luwih akèh. Vitamin C kang ana ing mawar iki padha karo ping papaté woh blackcurrant lan ping woluné woh jêruk. Kêlopak kêmbang mawar uga ngandhut vitamin A lan E, lêmak oméga 3 kang bisa nglêmbabaké kulit supaya kulit katon sêgêr.

Miturut asalé mawar kagolong dadi pira-pira spesiés, mawar saka Éropah, mawar saka Amérika, mawar saka Timur Tengah, mawar saka Cina, lan mawar saka Jepang.




#Article 30: Asu (243 words)


Asu utawa segawon kasebut (Canis familiaris yen dianggep spesies sing beda utawa Canis lupus familiaris yen dianggep dadi subspesies serigala) minangka karnivora ing kulawarga Canidae. Iki minangka bagean saka kaleng kaya serigala, lan minangka karnivora darat sing akeh banget. Asu lan serigala abu-abu sing isih ana saiki minangka taksi sadulur amarga srigala modern ora ana gandheng cenenge karo serigala sing kaping pisanan diingu manungsa, sing nduwe arti yen leluhur langsung saka asu kasebut wis punah. Asu kasebut minangka spesies pertama sing dijinengi, lan dipilih kanthi pirang-pirang ewu taun kanggo macem-macem prilaku, kemampuan sensorik, lan atribut fisik.

Hubungane sing dawa karo manungsa nate nyebabake asu bisa uga cocog karo tumindake manungsa, lan bisa tuwuh kanthi pola panganan kaya pati sing ora cukup kanggo kaleng liyane. Asu beda-beda kanthi wujud, ukuran lan warna. Dheweke nindakake akeh peran kanggo manungsa, kayata mburu, angon, narik akeh, nglindhungi, mbantu polisi lan militer, kekancan, lan, bubar iki, mbantu wong cacat, lan peran terapeutik. Pengaruh iki ing masarakat manungsa menehi soanten saka kanca paling apik manungsa.

Ing tlatah Cina, asu uga didadèkaké sumber pangan. Diternakaké lan dibelèh. Lumrahé kanggo masakan Kanton lan jaré kepercayané wong Cina, daging asu bisa nguwataké awak.

Ukurané asu uga warna-warna, ana kang gedhé lan ana kang cilik, nganti bisa digawa menyang ngendi-endi. Jinisé asu gedhé iku kaya ta:

Saliyané iku ana asu cilik utawa asu kikik ing basa Inggris diarani Toy dog.

Sejatiné Indonésia uga nduwé jinis asu kang ora ana ing panggonan liyané. Tuladhané:




#Article 31: Banyak (111 words)


Banyak utawa ing Basa Indonésia diarani Angsa kalebu kulawargané manuk, lan sub-kulawarga anatidae. Tansah sadulur karo bèbèk, lan meliwis.

Banyak ana loro jinisé, ya iku sing bisa miber lan sing ora bisa miber. Bangsa banyak iki uga kalebu kéwan kang setia, ora misah karo pasangané, upamané dadi sigaraning nyawa. Banyak bisa ngendhog saka 3 nganti 8 iji.

Lumrahé banyak, utamaning Indonésia warnané putih. Nanging banyak sing bisa miber ana sing warnané ireng, bintik ireng, utawa klawu. Iku urip ing tlatah sub-tropis kaya Amérika, Australia, Amérika Latin, Asia Lor, lan Éropah. Yèn ing Indonésia, banyak lumrahé ora bisa miber lan didadèkaké rajakaya. Endhogé lumrahé didadèkaké jamu kanggo kekiyatan.

Genera Coscoroba

Genera Cygnus




#Article 32: Tikus (974 words)


Tikus iku kéwan kang kalebu kulawarganing Rodentia. Saka ukurané ana kang gedhé, lan ana kang cilik. Tikus uripé ing ngendi-ngendi panggonan. Ana kang urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.

Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganti kadhang daging uga dipangan. Tikus bisa manak nganti puluhan lan angèl dituntaské déning manungsa amarga tikus iku rikat yèn nduwé anak. Anaké tikus diarani cindhil.

Jinis-jinising tikus ya iku:

Tikus saliyané dadi mungsuhing manungsa lan nyebaraké lelara kaya sampar, ing nagara-nagara Walanda akèh kang ndadèkaké tikus minangka kéwan klangenan, malah disayembarakaké kaya Miss Universe, Ratu ayu tikus lan olèh bebungah medali lan dhuwit.

Kanggo mbasmi tikus pancén rada angél. Tikus kalebu kéwan kang pinter lan titèn yèn ngerti racun utawa jebakan. Kajaba iku tikus rikat banget manak saéngga cacahé rikat banget tambah. Yèn ora dibasmi tikus bisa nggawé koloni.
Ana cara kang jitu supaya tikus bisa lunga saka omah. Sepisan bisa kanthi cara ngendhalékaké gasangan lan jebakan nganggo piranti lan racun. Cara kang nomer loro ya iku cara kang nggunakaké perangkap kanggo ngusir tikus. Piranti iki bisa nggunakaké aliran listrik utawa setrum. Saben cara ana kaluwihan lan kakurangané.

Ana akèh metode utawa cara kanggo matèni ama tikus, cara iku bisa nganggo gasangan utawa jebakan. Kang paling umum ya iku nganggo penjepit, kurungan lan lém tikus.

Jebakan kanthi model kurungan relatif luwih aman amarga ora nggunakaké bahan kimia kang ana racuné. Bathang tikus uga ora angél yèn diluru amarga tikus bakal mati ing njero perangakap, némplék ing lem utawa ing njero kurungan. Saben kurungan bisa dileboni kurang luwih 15-20 tikus. Tikus got kang ukuran awaké 25 cm uga bisa mlebu ing kurungan iki.
Kurungan tikus uga duwé kakurangan. Kurungan tikus gampang dititéni tikus. Umpamané ana tikus kang mlebu lan kajebak ing njero kurungan, wayah iku uga tikus liyané bisa ucul saka kurungan. Tikus kang wis bisa metu mau bakal duwé akal lan ora bakal liwat ing area kurungan iku manèh.
Racun tikus bisa maténi tikus kanthi rikat. Cara iki éféktif nalika populasi tikus akèh banget cacahé. Racun tikus wujudé bubuk lan duwé warna ireng. Racun iki bisa diwuwurna ing panganan tikus kaya ta keju utawa kacang-kacangan. Tikus banjur mangan panganan kang ana racuné mau banjur klenger yèn wis sakjam. Racun mau bakal ana reaksiné ing awak.
Gasangan nganggo racun tikus uga duwé kalemahan. Tikus kadhang-kadhang ora mangan racuné yèn kancan wis mati gara-gara mangan gasangan mau.
Kajaba iku, tikus kang wis kena racun bakal mati saenggon-enggon saéngga bathang tikus bakal angél tinemu. Lumrahé bathang tikus tinemu yèn wis bosok lan wis mambu. Nanging yèn ora rikat-rikat tinemu, bathang tikus bakal maragaké lelara.

Racun tikus uga ana kang wujudé bunder lan ana bahan campuran kang disenengi tikus. Racun tikus ngandhut warfarin. Cara kerjané kanthi nggawé pendarahan ing rètina mata tikus. Racun iki bakal ngurangi daya pandang tikus. Saya suwé tikus bakal mati keselen luru panggonan kang padhang supaya bisa ndelok. Tikus mati kurang luwih patang dina sawisé mangan racun.

Saliyané piranti kanggo nyekel tikus kanthi konvénsional, ana uga piranti perangkap tikus éléktrik.
Piranti iki nggunakaké listrik AC lan uga kena nganggo bateré. Prinsip kerjané padha kaya perangkap tikus biyasa. Tikus dipancing nganggo umpan lan mlebu ing perangkap. Sawisé iku, tikus bakal mati amarga kena setrum listrik saka piranti élektrik iku. Perangkap iki uga ana lampu indikatoré kang murup ijo yèn ana tikus kang mlebu. Lampu indikator iki tujuwane supaya pengguna bisa gampang mangerténi lan mbuang bathang tikus.

Kang dadi kaluwihané piranti iki ya iku ora ana zat kimia kang ngandhut racun ing piranti iki. Bathang tikus uga bisa dibuak lan ora marakaké kecing ambuné. Saliyané nganggo listrik, nyekel tikus uga kena nganggo karbondioksida.
Béda karo piranti kang éléktrik, piranti iki nggunakaké gelombang éléktronik. Gelombang ultrasonik iki bisa nganggu saraf ing kuping tikus lan gegremet liyané, ananging bisa aman kanggo manungsa lan kéwan liyané.
Sawisé tikus padha mati, resiki omah saéngga tikus ora teka manèh. Kajaba iku tutup dalan tikus kanggo mlebu omah lan resiki panggonan kang bisa dadi sarang tikus.

RatTropik ya iku racun tikus kang biyasa dianggo maténi tikus ing tlatah tropis. Racun iki ngandhut bahan aktif Bromadiolon.
Tikus kang wis mangan racun iki, 3-4 dina sawisé mangan racun bakal terus luru banyu ing peceren, got amarga krasa ngorong terus. Tikus bakal metu luru banyu saéngga tikus ora bakal mati ing njero omah, saéngga ora marai kecing ambuné.

Ana uga racun tikus jinis petrokum 0,005 RB. Racun iki bisa maténi tikus ing kebun klapa sawit, ing sawah, utawa tikus omah. Racun iki ora dicampur ing panganan utawa ombénan. Racun iki nggawé tikus mati kanthi cara garing dadi ora mambu kecing.

Kuman kang njalari lelara kencing tikus utawa leptospirosis bisa nular saka kéwan ning manungsa.

Miturut Pakar Perunding Veterinar, Dr. Intan Suriati Abdul Manaf, leptospirosis disebabaké bakteria Leptospira sp. Bakteri iki wujudé tipis, lilit-lilitan kaya mata gerudi.
Bakteria Leptospira uga bisa urip ing banyu kang tawa nganti sesasi. Bakteri iki uga bisa manak ing banyu masin.
Kéwan kang nggawa bakteri Leptospira akèh-akéhé kéwan ingon kaya ta kucing, arnab, sapi, babi, jaran, kirik.
Saliyané iki bakteri iki uga bisa ditularaké kéwan alasan kaya ta rakun lan srenggala.
Penyakit kencing tikus iki uga diarani lelara Weil, Demam Icterohemorrhage, Penyakit Swineherd's, Demam pesawah (Rice-field fever), Demam Pemotong tebu (Cane-cutter fever), Demam Swamp, Demam Blethok, Jaundis berdarah, Penyakit Stuttgart, Demam Canicola.
Penyakit iki nular kanthi banyu kang wis tercemar karo kuping, kulit, iler irung, cangkem lan mata tikus.

Dr Christopher Lee nerangaké yèn lelara iki bisa nyerang ing kabéh tlatah donya mligi ing nagara kang iklimé tropis. Bakteri leptospirosis bakal akèh populasiné nalika wayah udan utawa banjir.
Wong kang kerep kerja lan duwé kagiyatan ing jaba luwih gampang kaserang leptospirosis.

Rekod WHO nuduhake kes wabak leptospirosis kang paling akèh maténi wong ya iku nalika jaman Taufan Mitch pada 1995.

Penyakit iki bisa nyerang polo utawa diarani meningitis, kegagalan fungsi hati lan buah pinggang, pendarahan kang ora mandheg-mandheg.




#Article 33: Truwèlu (127 words)


Truwèlu, utawa Trewelu, utawa terwèlu utawa ing Basa Inggris diarani Hare kalebu kulawarganing leporidae lan genusé lepus. Kéwan iki sadulur karo Kelinci. Kéwan iki pinter ing colong playu, lan playuné bisa nganti 70 km/ jam. Uripé ya dhèwèkan utawa karo pasangané waé.

Bedané karo kelinci ya iku: sikil mburiné truwèlu luwih dawa lan kuwat ketimbang kelinci, lan wiwit lair, truwèlu wis ana wuluné uga wis bisa ndeleng isining jagat.

Kéwan iki uga isinan tur wedèn, yèn ana manungsa, langsung colong playu. Ing nagara-nagara Walanda, truwèlu bisa malih warna pinuruting mangsa. Ing mangsa katiga, warnané dadi coklat utawa klawu, nanging ing mangsa salju, warnané bisa dadi putih kaya kapas. Malih warna iki dimaksudké supaya ora katon karo kéwan-kéwan liyané sing mangan truwèlu kaya ta cerpele, srenggala lan sapanunggalé.




#Article 34: Aksara Pégon (227 words)


Aksara Pégon iku aksara Arab utawa luwih pas yèn diarani: Aksara Jawi kang diowah-owah lan diréka-réka kanggo nulisaké basa Jawa. Tembung Pegon jaré asalé saka basa Jawa pégo kang tegesé ora lumrah. Amerga basa Jawa kang ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.

Béda karo huruf Jawi, kang ditulis gundhul, huruf pégon mèh mesthi diwènèhi sandhangan swara. Yèn ora, ora diarani pégon manèh, nanging ya gundhul utawa Arab. Vokalitas ing Basa Jawa luwih akèh tinimbang basa Melayu, dadi sandhangan swara perlu tansah ditulis.

Nalikane ngulamak arab mlebu maring jawa, tulisan pegon digawé maknani al-quran lan hadis, Bab iki dilakoni saperlu nggampangake wong jowo mahami makna al-quran lan hadis. Semono uga mungguhe ngulamak arab kang mlebu ing Tanah Jawa, luweh nggampangke nulis aksara pegon tanpa belajar aksara jawa. Sak liyane ndek Tanah Jawa pegon uga kanggo ndek melayu, ndek kana pegon diarani aksara jawi. Kerana aksara jawi kui ditularake ngalim ngulamak jawa kang plesiran ndek melayu perlu nyebarke ajaran agama islam.

Ing ngisor iki pratélan huruf-huruf pegon dituduhaké. Huruf-huruf kang ora ana ing huruf Arab kang asli, diwèhi bundheran.

Aksara Pegon

Sandhangan swara aksara Pegon

Aksara Pégon ing Tanah Jawa mligi digunakaké déning kalangan umat Muslim kang tangat, mligi déning para santri ing pasantren-pasantren. Lumrahé iki mung minangka nulis komentar ing Al-Qur'an, ing uga akèh naskah-naskah manuskrip carita (kandha) kang kabèh ditulis nganggo pégon. Upamane naskah-naskah Serat Yusup.




#Article 35: Asem (tetanduran) (595 words)


Asem iku tetuwuhan kang wohé dawa-dawa, mrengkel-mrengkel, rupa kulité coklat. Yèn isih enom dagingé wernané ijo, rada renyah, lan rasané kecut nemen. Nanging yèn wis tuwa dagingé banjur dadi coklat, rasa kecuté rada suda. Asem bisa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Asem bisa minangka bumbu masak, wedangan (wedang asem), jamu(kunir-asem).
Amarga rasané kang kecut mau, bok manawa asem uga digawé tembung kang kasar ya iku asemane.

Asem (Tamarindus indica) kalebu tuwuhan kultivar laladan tropis lan kagolongaké tuwuhan polong. Wit lan pang-pangé atos banget lan bisa thukul sangsaya gedhé lan godhongé nggrembuyeng. Asem kalebu tuwuhan taunan kang lumrahé ditandur ing pinggir dalan kanggo paru-paru kutha.
Godhong asen duwé gagang dawa, dawané kurang luwih 17 cm lan duwé sirip kang cacahé genep. Kembang asem wernané rada abang lan wohé rupané coklat lan rasané kecut. Ing njeroné woh kang dhapuré polong ana kulit kang mbungkus woh asem, lan ana wijiné. Wiji asem cacahé 2-5 saben asem. Wiji asem dhapuré pipih lan wernané coklat rada ireng. Wit asem uga bisa nahan ombak, saéngga bisa ngurangi abrasi.

Jeneng Latin: Tamarindus indica, Linn.
Famili: Leguminosae

Jeneng Lokal:
Tamarind (Inggris); Tamarinier (Perancis); Asam Jawa (Indonesia); Celangi, Tangkal asem (Sunda); Asem (Jawa)

Daging asem ngandhut vitamin B kang akèh. Daging asem uga bisa dipangan mentah utawa digawé selé, sirup lan permén. Kembang, godhong lan wiji asem uga bisa dipangan lan dimasak. Wiji asem uga bisa diolah dadi témpé wiji asem. Kayuné bisa diolah dadi mébel, kayu bakar lan uga dadi areng.
Godhong asem bisa kanggo campuran jangan asem. Saliyané iku uga bisa dadi pakan ternak. Oyot asem kang jero bisa ngalangi lan nahan angin lan badai. Saliyané iku asem uga bisa dadi paru-paru kutha.

Asem ngandhut sényawa kimia kaya ta asem appel, asem sitrat, asem anggur, asem tartrat, asem suksinat, pectin lan gula invert.

Asem kang mateng wit, saben woh asem ngandhut gizi kaya ta:

Kulit wijine ngandhut phlobatannnin lan wijine ngandhut albuminoid lan pati.

Asem akèh-akéhé thukul ing laladan tropis kaya ta Indonésia. Asem duwé khasiat kang akèh, saliyané apik kanggo kaséhatan awak, asem uga bisa dadi kanca akrabé wong wadon tégesé migunani banget kanggoné wong wadon. Asem bisa kanggo masak, kanggo jamu lan kanggo njaga boboté awak mligi para wadon supaya tetep langsing. Asem rasané kecut, padha kaya jenengé. Rasa kecut ing asem amarga asem ngandhut zat-zat kang marakaké kecut. Zat-zat mau ya iku asem tetrat, asem malat, asem sitrat, asem suksinat, lan asem asetat.

Nanging, saliyané rasané kang kecut, asem uga bisa kanggo njaga percernaan lan bisa nglancaraké perédaran darah. Kanggo wong wadon, ngombé jamu kang bahané saka asem bisa ngurangi nyeri utawa linu yèn lagi ménstruasi.

Asem lumrahé dianggo campuran ing jamu-jamu, amarga asem duwé khasiat kang bisa nambani warna-warna lelara. Tuladhané bebelen, pegel linu, nyeri weteng, lara tenggorokan, watuk, pilek nganti keperkasaan priya.

Akéh panalitén kang njléntréhaké yèn ékstrak asem duwé anti baktèri kang kuwat. Anti baktÈri iki bisa nglawan baktèri E-Coli. Asem uga ngandhut zat-zat kang diprelokaké awak kaya ta protéin, lemak, kalori,hidrat arang, fosfor, zat besi, vitamin A, vitamin B1, lan uga vitamin C kang bisa ningkatake kekebalan lan kaséhatan awak.

Asma, Watuk, Demam, awak panas, Reumatik, Lara weteng, Morbili, Alergi/biduren, Sariawan, Tatu anyaran, borok, Eksim  Bisul, Aboh amarga dintup klabang/tawon, Rambut rontok, dicokot ula kang ana wisané.

Wiji asem dhapuré warna-warna lan unik. Wernane ireng lan alus. Wiji asem kang lumrahé mung dadi winih utawa dadi sampah kang ora migunani uga bisa digawé tas. Inovasi iki ndadékaké wiji asem kang mauné ora ana gunané lan dadi sampah kang ngregedi bisa dadi tas kang duwé aji ekonomis kang dhuwur.

Jinis-jinis wit utawa woh asem:




#Article 36: Kucing (190 words)


  
Kucing, Felis silvestris catus, iku kéwan karnivora cilik saka kulawarga Felidae kang wis dijinakaké èwonan taun. Tembung “kucing” racaké ngrujuk “kucing” kang dijinakake. Nanging sok-sokan uga bisa ngrujuk “kucing gedhé” kaya ta singa, macan, puma lan sapanunggalané.

Miturut hukum Islam, sawijining muslim ditindakake supaya ora nglara utawa mateni kucing, miturut hadits sahih sing dicritakake dening Imam Muslim saka critane Abdullah bin Umar lan Abu Hurairah. Hukum sing larang lan tuku kucing uga diadili miturut hadits Nabi Muhammad lan aturan saka hukum (al-qawa'id al-kulliyah). Hadits saka Muhammad, ditulis saka kanca Jabir bin Abdillah yen Nabi ngalangi mangan kucing lan nglarang mangan saka ngedol rega kucing.

Lumrahé kucing duwé bobot 5 – 7 kg, sok-sok punjul 9 kg (20 pounds). Yèn diopèni kucing umuré bisa nganti 10 – 15 taun. Kucing kang tuwa dhéwé kang dingertèi umuré 34 taun. Ning kucing kang gawéné saba ing jaba umuré mung 3,5 taun waé. Saliyané iku, kucing ya bisa stress manawa asring pindhah-pindhah panggon utawa kandhang, manawa wis kadhung stress kudu digawa menyang klinik utawa diramut dhéwé.

Kucing racaké mbedhog tikus lan manuk. Nanging kucing yèn dipakani déning wong ya doyan.

Anak kucing diarani cemèng.




#Article 37: Jawa Tengah (1803 words)


Jawa Tengah (Carakan: ꦗꦮꦠꦼꦔꦃ)iku provinsi ing Indonésia. Kutha krajané ya iku Semarang. Jawa Tengah iku salah siji saka enem provinsi kang ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining provinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sajatiné Ngayogyakarta iku uga pérangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sajarah ya pancèn mangkono. Kosok baliné, tlatah Surakarta sawisé Indonésia mardika dadi pérangan provinsi Jawa Tengah. Tlatah Jawa Tengah iku papan kang wong Jawané manggon akèh dhéwé kanthi kwantitatif. Sesanti provinsi iki uga nuduhaké yèn Jawa Tengah iku Punjer Budaya Jawa.

Provinsi Jawa Tengah ambané 32,548.20 km²; kurang luwih saprapat saka gunggung ambané pulo Jawa. Sing ndunungi cacahé 31.820.000 jiwa (2005), dadi provinsi iki nomer telu kang gedhé dhéwé ing Indonésia sawisé Jawa Kulon lan Jawa Wétan, lan kurang luwih saprapat saka gunggung cacah jiwa ing Pulo Jawa manggon ing provinsi iki.

Jawa Tengah iku papané ana ing satengahé Pulo Jawa lan kaapit déning provinsi Jawa Kulon lan Jawa Wétan. Ana pérangan cilik ing sisih kidul dadi Daerah Istimewa Yogyakarta kang kanthi sakabèhané diubengi déning Jawa Tengah. Ngayogyakarta iku yèn ditilik saka sajarah lan budaya sajatiné pérangan saka Jawa Tengah sanadyan saiki ngadeg dadi provinsi dhéwé. Ing sisih lor, Jawa Tengah winatesan déning Segara Jawa lan ing sisih kidul déning Samudra Hindia. Provinsi Jawa Tengah uga ngambah sawatara pulo-pulo lepas pasisir: Karimun Jawa ing lor lan Nusakambangan ing kidul-kulon.

Témperatur ing Jawa Tengah iku antara 18–28 drajat celsius lan kadar lembab rélatif antara 73–94 persèn. Kadar udan paling dhuwur 3.990 mm karo 195 dina udan tau kacathet ing Salatiga.

Géografi Jawa Tengah bisa kaanggep teratur karo jalur ciyut dataran cendhèk ing pasisir lor lan kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. Ing sisih kulon ana gunung geni aktif, Gunung Slamet, banjur rada mangétan ana komplèks pagunungan Dièng ing dataran tinggi Dièng. Banjur sakidul-wétané ana latar Kedhu kang winatesan déning Gunung Merapi lan Gunung Merbabu ing sisih wétan. Sakiduling Semarang ana Gunung Ungaran lan sawétané ana Gunung Muria. Banjur ing sisih wétan, ing tlatah pawatesan karo provinsi Jawa Wétan ana Gunung Lawu.

Amerga déning sajarah vulkanik lan akibaté awu vulkanik, Jawa Tengah iku papan kang subur banget kanggo tani. Pemandhangan sawah ana ing ngendi-endi, kajaba ing tlatah kidul-wétan saubenging Gunungkidul lan Wanagiri. Sebabé lemahé akèh konsentrasiné gamping lan panggonané pancèn ing tlatah ayang-ayang udan.

Ana loro kali gedhé ing Jawa Tengah; Kali Serayu ing sisih kulon kang mili menyang Samodra Hindhia lan Bengawan Sala kang mili menyang Segara Jawa, ngliwati Provinsi Jawa Wétan.

Jawa Tengah nduwé status Provinsi wiwit jaman Walanda kang katata sajeroning 5 laladan (gewesten) utawa Karésidhènan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan ditambah Eks. Karesidenan Surakarta saha Eks. Karesidenan Ngayogyakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran saha Kasultanan Ngayogyakarta lan Pakualaman. Saben-saben gewest iku ketata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Sawise jaman mardika, ing taun 1957, karésidhènan iki dijabel kabèh sawisé pemilu lokal.

Saiki Jawa Tengah (tanpa Ngayogyakarta) dipérang dadi 29 kabupatèn lan 6 kutha otonom (sadurungé diarani kotamadya lan kutha pradja ing basa Indonésia). Ing ngisor kabèh kabupatèn lan kutha dipacakaké:

Kabupatèn lan kutha iki bisa dipérang manèh dadi 565 kacamatan. Banjur kacamatan iki bisa dipérang dadi 7.804 désa lan 764 kalurahan.

Ing jaman prasajarah, Jawa Tengah wis nduwé budaya ya iku budaya purba. Anané Pithecantropus erectus javanicus iku dadi bukti.

Sanadyan candhi Sukuh diyasa wektu prabawa budaya Hindhu wiwit pudar, dadi corak budaya jaman sadurungé dadi bangkit manèh, mulané wujud candhi iki mempèr karo yasan-yasan prasajarah jaman watu gedhé (megalitikum).

Wiwit jaman prasajarah, Jawa Tengah wis dienggoni manungsa purba kang isih nduwé budaya primitif banget. Fosil manungsa kang diarani Pithecantropus erectus utawa Pithecantropus Erectus Javanicus kang urip sakiwa-tengené 750.000 taun sadurungé Masehi iki tinemu ing laladan Sangiran. Situs purbakala Sangiran iki sapérangan ana ing Kabupatèn Sragèn lan sapérangan manèh ing Kabupatèn Karanganyar Jawa Tengah. Situs manungsa purba iki asalé saka kala pleistosen lan tinemu déning Dr. Ralph von Königswald ing désa Ngebung taun 1934. Miturut ketetapan Unesco tanggal 5 Dhésèmber 1996, situs iki dadi warisan èlmu kawruh donya.

Udakara taun 78 M (?, kira-kira), miturut lapuran kang ditulis Tim Peneliti Sajarah Galuh (1972), Krajan Galuh Purba wis wiwit diyasa, jeneng kratone ya iku Karajan Galuh Sindula (ana uga naskah kang njenengi Karajan Bojong Galuh). Punjering pamaréntahan ana ing Medang Gili lan dislirani Ratu Galuh (Ratu kapisan). Kira-kira taun iku uga wulangan Hindhu wiwit mlebu ing Jawa Tengah.

Abad IV-V Karajan Kalingga (Buda) madeg ing sakiwo-tengene Jepara saiki. Abad V-VI Punjering Karajan Galuh Purba ana ing sak udhege Gunung Slamet. Taun 674 M, Karajan Kalingga (Buda) dipandhegani Ratu Sima. Abad VI Punjering Karajan Galuh Purba dipindhah ana ing sacedhake Garut-Ciamis lan yasa Karajan Galuh (Kawali).

Taun 732 M (miturut Prasasti Canggah), Karajan Kalingga (Buda) diowah dadi Karajan Mataram (Hindhu), dipandhegani Raja Sanjaya utawa Rakai Mataram (wiwit Dinasti/wangsa Sanjaya), déné kutharaja ana ing Medang Kamulan. Candhi-candhi Siwa ing Banjarnegara (Dieng) digawé wektu iku. Nalika reh-kaprajan diasta déning Rakai Pikatan (wangsa Sanjaya), Candhi Rorojonggrang utawa Candhi Prambanan wiwit diyasa.

Taun 750-850 M, wangsa Syailendra (Buda) tekan Sriwijaya nguwasani Jawa Tengah. Wangsa Syailendra iki nggawé candhi-candhi: Candhi Borobudur, Candhi Sewu, Candhi Kalasan lan liya-liyané. Kira-kira taun 800 M, Krajan Mataram Hindhu (wangsa Sanjaya) wiwit kedheseg lan nyingkir ing arah wétan. Taun 925 M, punjering pamaréntahan krajan pindhah ing Jawa Wétan, Jawa Tengah ditinggal.

Sawisé Karajan Majapahit (Hindhu) ambruk (iku sakiwa-tengené taun 1518 M), kraton-kraton Islam katon ing Demak, wiwit iku Agama Islam disebarke ing Jawa Tengah bebarengan punjering kraton mbalik ing Jawa Tengah manèh.

Taun 1569 M, Kasultanan Demak ambruk, punjering Kraton Demak pindhah mring Pajang cedhak Sala, Jaka Tingkir (putra mantune Raja Demak Sultan Trenggana) dadi Ratu Kasultanan Pajang gelare Sultan Hadiwijaya. Wektu peprentahan Sultan Hadiwijaya akèh rerusuh, uga akèh kang mbalela. Perang kang gedhé dhéwé ya iku antarané Sultan Hadiwijaya lawan Haryo Penangsang. Sultan Hadiwijaya ndawuhake Danang Sutawijaya supaya numpes Haryo Penangsang kang mbalela, lan kasil merjaya Harya Penangsang. Sultan Hadiwijaya maringi bebungah awujud lemah ya iku bumi Alas Mentaok (=Mataram; Kuthagedhé, Jogjakarta) mring Danang Sutawijaya. Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata kang kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senapati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.

Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram. Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindhah ing Mataram. Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta déning Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kacamatan Pleret wewengkon Kabupatèn Bantul). Taun 1755 M, Prajanjian Giyanti, Surakarta Hadiningrat (Kraton Kasunanan) lan Ngayogyakarta Hadiningrat (Kraton Kasultanan) dijumenengake.

Jawa Tengah duwé status Provinsi wiwit jaman Walanda kang katata sajeroning 5 laladan (gewesten) utawa Karesidhenan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan Eks. Karesidenan Surakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran. Masing-masing gewest iku katata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Taun 1946 pamerentah Indonésia netepke laladan swapraja Kasunanan lan Mangkunagaran dadi karesidhenan. Taun 1950 liwat Undang-undang laladan-laladan kabupatèn lan kotamadya ditetapke, penetapan undhang-undhang iku saiki dièngeti minangka dina lair Provinsi Jawa Tengah, ya iku tanggal 15 Agustus 1950.

Miturut cacah jiwa taun 2205, penduduk provinsi Jawa Tengah ana 31.820.000 jiwa. Sadurungé miturut cacah jiwa taun 1990, kang ndunungi 28.516.786 jiwa. Dadi kang ndunungi Jawa Tengah munggah kurang luwih 11,6% ing 15 taun.

Kabupatèn/kutha kang paling padhet ya iku Kabupatèn Brebes (1,767 yuta jiwa), Kabupatèn Cilacap (1,644 yuta jiwa), lan Kabupatèn Banyumas (1,603 yuta jiwa). Suku mayoritas ing Jawa Tengah iku Wong Jawa. Séntra populasi urban kang gedhé iku laladan Semarang Raya, laladan Surakarta Raya lan laladan Brebes-Tegal-Slawi.

Resminé, ing 1990 mayoritas populasi Jawa Tengah utawa kurang luwih 96%, iku agamané Islam. Sing gedhé dhéwé kapindho iku agama Kristen Protèstan kang dilakoni déning 2% kang ndunungi Jawa Tengah. Sisané manut agama Katulik, Hindhu utawa Buda.

Sanadyan mayoritas kang ndunungi Jawa iku wong Muslim, uga akèh kang manut kapracayan Kajawèn. Clifford Geertz, ing bukuné bab agama Jawa mbédakaké apa kang diarani wong santri lan abangan. Geertz nganggep yèn kaum santri iku wong Muslim tangat lan wong abangan iku wong Jawa kang nominal kang uga nglakoni tradhisi asli luwih akèh.

Wong-wong Walanda uga nyebaraké agama Protèstan lan umaté lumayan akèh. Banjur misionaris Walanda Katholik saka ordho Yésuit,  uga olèh kasil lumayan suksès, mligi ing tlatah Jawa Tengah kidul lan Ngayogyakarta ing awalé abad angka 20.-- Banjur saliyané wong Jawa, uga ana kanthong-kanthong komunitas Sundha ing Kabupatèn Brebes lan Cilacap. Toponimi Sundha ing tlatah kéné lumrah tinemu, kaya ta Dayeuhluhur ing Cilacap, Ciputih lan Citimbang ing Brebes lan malahan uga Cilongok kang papané wis cukup adoh ing Banyumas.

Ing punjer-punjer urban, kaum minoritas kaya ta bangsa Tiong Hoa-Indonésia lan Arab-Indonésia uga akèh tinemu. Laladan panggonané wong Tiong Hoa diarani pecinan lan wong Arab akèh manggon ing Kampung Arab. Kampung Arab kang misuwur contoné ing Pasar Kliwon, Surakarta, kutha Surakarta.

Amarga penduduk kang paling akèh ing Jawa Tengah iku wong Jawa, mula basa kang utama ya iku basa Jawa. Ing Jawa Tengah ana sawatara dhialèk kang dicaturaké. Ana rong dhialèk utama: basa Jawa Kulonan utawa basa Ngapak (antarané basa Banyumasan) lan basa Jawa Tengahan.

Basa Sundha uga dipigunakaké ing tlatah pawatesan provinsi Jawa Kulon, mligi ing Brebes lan Cilacap. Malahan miturut sawatara sumber, basa Sundha dhek mbiyèn dipigunakaké nganti tekan Dièng. Manawa tenan, mantan wates basa Sundha iki kurang luwih sarujuk karo wates isoglos kang mbédakaké dhialèk Jawa Tengahan karo Jawa Wétanan.

Ing tlatah kutha-kutha utawa urban, basa Indonésia lumrah dipigunakaké.

Pertanian minangka sèktor utama perékonomian Jawa Tengah, dadi panguripan mèh saparo saka penduduk Jawa Tengah.

Kawasan alas nyakup 20% wewengkon provinsi, mligi ing tlatah lor lan kidul. Laladan Blora-Grobogan minangka pangasil kayu jati. Ing Jawa Tengah uga ana sawatara indhustri gedhé lan menengah. Laladan Semarang-Ungaran-Demak-Kudus minangka kawasan indhustri utama ing Jawa Tengah. Kudus kaloka minangka punjer indhustri rokok. Cilacap dadi tlatah indhustri semen. indhustri logam ana ing Ceper lan Tegal.

Blok Cepu ing pinggiran Kabupatèn Blora (tapel wates Jawa Wétan lan Jawa Tengah) ana cadhangan lenga patra kang cukup gedhé, lan kawasan iki wiwit jaman Walanda wis kaloka minangka laladan tambang lenga.

Pusat dagang tekstil kang kondhang mligi bathik ana ing Pasar Klewer Surakarta, uga ana bathik corak pasisir ya iku ing Pekalongan lan Lasem.

Pusat jajanan lan panganan kas Jawa Tengah kang rasané mak nyus meh kabèh kuta ing Jawa Tengah duwé ciri dhéwé-dhéwé. Kaya ta thengkleng Sala, jenang Kudus, sate Tegal, soto Pekalongan lan soto Bangkong ing Semarang.

Jawa Tengah dianggep dadi jantungé Budaya Jawa.

Ing provinsi Jawa Tengah akèh pawiyatan luhur kang misuwur, mligi ing kutha Semarang lan Surakarta. Pawiyatan luhur nagari antarané: Universitas Diponegoro (Undip), Universitas Negeri Semarang (Unnes), lan Universitas Islam Negeri Walisongo ing Semarang; Universitas Negeri Surakarta (UNS) ing kutha Sala, uga Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) ing Purwokerto.

Universitas swasta kang misuwur antarané Universitas Kristen Satya Wacana (UKSW) ing Salatiga, Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) lan Unika Soegijapranata ing Semarang, Universitas Muhammadiyah Surakarta, uga Universitas Panca Sakti ing Tegal.




#Article 38: Jawa Wétan (186 words)


Jawa Wétan (Carakan: ꦗꦮꦮꦺꦠꦤ꧀, basa Indonésia: Jawa Timur) iku provinsi ing Indonésia. Provinsi iki anané ing ujung wétan Pulo Jawa lan uga ngambah Pulo Madura lan pulo Bawéan. Kutha krajan provinsi iki ya iku kutha Surabaya sing uga kutha gedhé kaping 2 ing Indonésia.

Budaya Jawa Wétanan iku rada béda karo Budaya Jawa Tengahan sing akèh diwarnani karo Kraton Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Apa sing diarani budaya Jawa Wétanan iku kasebar wiwit sisih wétan Kali Brantas ing Kertosono, Nganjuk. Yèn ing sisih kulon kali, tansah warna Jawa Tengahan. Kajaba iku, budaya Jawa Wétanan diwatesi karo Kali Bengawan Sala ing Babat, Lamongan; Kandangan, Kadhiri; lan lor Kali Lesti ing Kabupatèn Malang.

Cakupan Budayaning Arèkan iki ya nganti tlatah Jember sanajan kacampur karo budayaning Madura. Tlatah budaya Jawa Wétanan iki paraké ing wewengkon Mancanagari lan Sabrang Wétan sing prabawa Kratoné ora kuwat. Tenger-tenger khasé ya iku:

Kagunan budayaning Jawa Wétanan iku diwiwiti saka budaya para tani, sing asalé ora saka kraton. Kagunané asalé saka rakyat lan dirasakaké akrab karo warga. Warnané kagunan Jawa Wétanan iki ya iku:

Tokoh-tokoh Jawa Wétan iki uga kalebu sing asal kelahiran Jawa Wétan.




#Article 39: Kalédonia Anyar (138 words)


Kalédonia Anyar iku pulo sing panggonané ana ing kiduling Samudera Pasifik. Uga diarani Kanaki sing njupuk saka jeneng warga asliné kapuloan iku. Nagara kapuloan iki tansah kalebu panguwasaning nagara Prancis saliyaning Polinésia Prancis. Tlatah iki statusé diarani 'Tlatah sabrang sagara' (diarani overseas country). Statusé iki diolèhi nembé taun 1998. Jenengé asalé saka basa Latiné Sekotlan. Kutha krajané ana ing Noumea.

Tlatah iki uga salah siji panggonaning Wong Jawa ing tlatah manca. Wong Jawa ing Kaledonia Anyar biyèn uga dadi kuli kontrak, utawa nggolèki panguripan luwih apik ing tanah sebrang. Pindhahing wong Jawa menyang Kaledonia uga padha karo wong Jawa Suriname, nanging pindhahing wong Jawa ing Pasifik wis mandheg mila taun 1949.

Wong Jawa ing Kaledonia Anyar tansah nganggo Basa Jawa kanggo cangkriman dina-dina, nanging bocah-bocah nomé saiki wis ora bisa ngomong Jawa, mung bisa ngomong basa Prancis waé.




#Article 40: Pawon (165 words)


Pawon kanthi barès tegesé siji panggonan, lumrahé ing jero omah kanggo aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan. Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Nanging tembung pawon bisa uga tegesé aktivitas iki, utawa asil saka aktivitas iki ya iku panganan.

Kanthi tuwuhing budaya lan teknologi, wangun pawon tansah owah. Perencanaan pawon modhèren saiki mèlu prinsip segitelu sing nyatakaké yèn 3 fungsi utama pawon ya iku panyimpenan (kaya kulkas), persiapan, lan masak. Prinsip iki nandhesaké supaya antara ktelu fungsi mau, ora silih ngalangi nanging uga let antara kaloroné ora pati adoh. Sawetara wangun pawon sing umum ya iku

Anakalané, pawon uga duwé papan kanggo mangan utawa sarapan.

Akeh masakan sing dhadi pangane wong Jawa wiwit jaman kalabendhu. Pramila, kaca iki nyoba mitulungi panjenengan sakabeh kanggo ngangkat masakan Tanah Jawa. tembung Pawon sajatiné nduwé arti panggonan kanggo masak, yèn ing basa Indonésia ya iku dapur.

Tukang masak mbutuhake mung katrampilan praktis kanggo nyiapake sajian tartamtu, nanging uga kawruh teoretik jero babagan organisasi produksi panganan, karakteristik produk.




#Article 41: Lemud (331 words)


Lemud utawa nyamuk iku akèh arané ing tlatah Jawa. Ana kang ngarani jingklong, lan ana kang ngarani lamuk. Nyamuk kalebu cacahing gegremet, utawa Insecta.

Jinis-jinising lemud kang wis dikenal manungsa ya iku :

 
Jinising lemud sajatiné ana 2700, saka 35 genusé, lan lemud wis ana ing donya kira-kira 170 yuta taun. Ing Indonésia, lan tlatah Jawa, kang diweruhi ana 3 rupa, ya iku Anopheles utawa Lemud Malaria, Culex utawa Lemud biyasa, lan Aedes utawa lemud demam berdarah.

Titikané lemud ya iku : nduwé suwiwi kang wujud jaring, awaké cilik menik-menik, lan dawané akèh-akèhé 15 miliméter utawa luwih. Aboté lemud iku kira-kira 2 nganti 2,5 miligram lan bisa mabur 1,5 nganti 2,5 km/ jam.

Sing nyesep getih iku mung lemud babon.Yèn lemud lanang ora nyesep getih, nanging nyesep sari tetuwuhan utawa woh-wohan. Lemud babon duwé moncong dawa kang diarani proboscis kanggo norèh kulit kurbané lan nyesep getihé. Isa kéwan-kéwan mamalia, utawa kéwan melata, lan manuk uga manungsa. Lemud babon nyesep getih kanggo kalangsunganing urip endhogé. Yèn ing pakanan racaké, kaya sari woh utawa tetuwuhan ora ana protéin kang dibutuhaké kanggo endhog, dadi lemud babon kudu nyesep getih kanggo nerusaké silsilahé.

Akèh-akèhé lemud babon padha nyesep getih, nanging ana sajinis kang ndilalah ora nyesep getih babar pisan. Ya iku lemud jinis Toxorynchites.

Lemud racaké urip mung rong minggu utawa kurang yèn hawané cocog saka anakan nganti dadi lemud. Lumrahé lemud ndèlèh endhogé ing panggonan-panggonan kang banyuné ora ngalir, kaya ta got, bak adus, sendhang, alas bako, utawa panggonan banyu liyané. Lemud aedes racaké malah ndokok endhogé ana ing banyu kang resik tur bening nanging ora ngalir. 

Lemud akèh nularaké rupa-rupa lelara kaya : Malaria, Tapak Gajah utawa Demam Berdarah. Pramila iku akèh cara digawé kanggo ngilangaké lemud saka panguripaning manungsa, nganggo obat nyamuk, utawa ngresiki saindhenging papan panggonan dhéwé-dhéwé.

Obat nyamuk maneka macemé, kang diobong, disemprotaké, diusapaké ing kulit utawa nganggo listrik. Lan bahan aktif kang digawé kanggo ngracik obat lemud iku kaya ta : DEET, lenga ekaliptus, lenga piretrum, sitronela lan sapanunggalané.




#Article 42: Laler (216 words)


Laler kalebu jinis gegremet, kang asalé saka subordo Cyclorrapha ordo Diptera. Sacara morfologi laler dibédakaké saka lemud (subordo Nematocera) dhedhasar ukuran anténané; laler duwé anténa cendhèk, sauntara lemud duwé anténa dawa. Laler lumrahé duwé sapasang swiwi asli sarta sapasang swiwi cilik kang dipigunakaké kanggo njaga stabilitas nalika mabur.

Laler gumantung banget marang pandelengan kanggo lestari urip. Mata majemuk laler kapérang saka éwonan lensa lan peka banget marang obahan. Sapérangan jinis laler duwé pandelengan telung dhimènsi kang akurat. Sapérangan jinis laler liya, tuladhané Ormia ochracea, duwé organ pangrungu kang canggih banget.

Laler akèh jinisé, kaya ta:

Loro jinis laler ya iku laler omah lan laler ijo paling lazim ing uripé manungsa. Sing ukurané gedhé dhéwé ya iku laler ijo. Loro-loroné mangan lan urip ing saubenging manungsa, nularakaké rupa-rupa lelara lan uripé kemproh tur sarwa reget.

Laler tangkar-tumangkar kanthi generatif utawa kawin. Sawisé ovum diawohi lan mateng laler wadon bakal ngendhog. Mila laler kalebu kéwan ovipar.

Laler biyasa ngendhog ing woh-wohan utawa bathang, lan anaké diarani sèt. Nanging ing nagara-nagara manca, sèt wis akèh dianggo dadi obat, mligi kanggo nambani lelara saka baktèri amarga sèt mung mangan bathang waé.

Lelara kang racaké ditularké laler ya iku:

Lan sapanunggalé.

Hidayat, P. (2005)  (format PDF, diakses 8 Maret 2006). Slide matakuliah Pengantar Perlindungan Tanaman. Departemen Proteksi Tanaman, Institut Pertanian Bogor.




#Article 43: Ula (250 words)


Ula utawa sawer ing basa krama, kalebu bangsaning kéwan rumangkang utawa rèptil. Kajaba iku, uga kalebu cacahing ordho sekwamata (squamata) lan sapaduluran karo kadhal. Ula iki kagolong kéwan kang adhem getihé dadi kudu akèh mépé ing cahyaning srengéngé kanggo manasaké awak, ora ana cèkèré lan awaké dawa banget.

Kabèh ula mangan daging utawa diarani karnivora, milai saka kéwan cilik-cilik kaya kadhal, tikus, endhog, nganti kéwan kang gedhé kaya kidang, babi lan baya. Ula ana kang matèni pakané nganggo upas, dadi sadurungé ngeleg kurbané, dhèwèké nyakot dhisik nganggo siyungé kang duwé upas, banjur yèn kéwan kurbané mati ula bisa mangan kurbané ing cara kang adhem ayem. Kajaba iku ana ula kang matèni kurbané nganggo uletané kang reket, lumrahé dhèwèké ngguleti kurbané banjur dicengkrem nganti kentèkan ambegan lan sawisé mati, banjur dilebokaké langsung ing awaké.

Ula ora bisa nyacah panganané, nanging dileg langsung lan sabubaré mangan, ula bisa pasa ora mangan apa-apa, milai saka setengah wulan, nganti bisa wulan-wulanan. Ula uga nduwé cangkem kang amba, ula bisa mangap nganti 180 drajat, dadi bisa mangan kurban kang luwih gedhé ketimbang awaké. Kajaba iku, kanggo ngawasi saindhengé, ula nganggo ilaté kanggo ngrasakaké kaanan utawa kurban, lan infra abang kanggo ndeleng ana manungsa, kéwan utawa kaanan kang mbebayani, tur ula iku tuna rungu, ora bisa ngrungokaké swara-swara.

Jinisé ula upas, ya iku:

Lan jinisé ula gedhé ya iku:

Jinisé ula liyané, ya iku:

Ula kang paling dawa ing donya, ya iku kang jinisé Anakondha. Uripé ana ing tlatah Amérika lan dawané bisa nganti 11 mèter.




#Article 44: Kopi Lampung (127 words)


Kopi Lampung iku lagune Didi Kempot. Lagu ini nyaritakake wong ngombé kopi Lampung.

Secangkir wedang kopi,
kopi Lampung, punika kopi asli,
gula batu napa gula tebu,
srupat sruput ing wanci dalu.

Wancine udan grimis,
saya wangi ya saya ngriwis,
grimis kok ya ora wis-wis,
banjur kelingan kowe wong manis.

Merak-Bakahuni,
numpak kapal, kapale feri.
Adoh-adoh kowe tak-parani,
muga-muga kowe 'ra lali.

Merak-Bakahuni
numpak kapal, kapale feri.
Aku cinta setengah mati,
kelingan yèn ngudhak kopi.

Ngombe wedang, wedange kopi,
Nggelar klasa ing wayah wengi.
Aku cinta setengah mati,
kelingan yèn ngudhak kopi.

Secangkir wedang kopi,
kopi Lampung, punika kopi asli,
gula batu napa gula tebu,
srupat sruput ing wanci telu.

Wancine udan grimis,
saya wangi ya saya ngriwis,
grimis kok ya ora wis-wis,
terus kelingan kowe wong manis.




#Article 45: Basa Sundha (165 words)


Basa Sundha (Aksara Sundha:  Basa Sunda) iku basa Austronésia. Basa iki dipituturake déning kurang luwih 42 yuta jiwa, lan basa nomer loro kang dhuwur dhéwé ing tlatah Indonésia. Basa iki dicaturaké ing pérangan kulon Pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah Pantura (Pasisir Lor Jawa)sisih kulon. Ing tlatah pasisir lor Jawa (Pantura) liyané, racaké basa Jawa kang dicaturaké.

Ing Jawa Tengah, basa Sundha uga dicaturaké ing tlatah Cilacap, mligi ing kacamatan Dayeuh Luhur, lan tlatah Brebes ing sisih kidul.

Amarga kena pangaribawa budaya Jawa, dadi ing Basa Sundha uga ana undak-usuk utawa gradasi babasan. Wiwit saka Basa Cohag atawa kasar pisan nganti Lemes pisan kang padha karo Krama.

Carabasa Basa Sundha uga akèh, miwiti saka carabasa Sundha Banten, nganti carabasa Sundha ing Jawa Tengah, piwates ing Bantarkawung, Brebes lan diwatesi basa ing Kali Pemali, kang mula kecampur karo Basa Jawa. Nanging basa baku kang bisa ditampa déning sakabèhé penutur Basa Sundha kang wiwitane saka carabasa kutha Bandung, utawa kerep ingaran basa lulugu jaman mbiyèn.




#Article 46: Basa Madura (108 words)


Basa Madura iku basa kang dipituturake déning wong Madura. Basa iki digunakaké in pulo Madura, Jawa Wétan lan tlatah-tlatah liyané.

Basa Madura kang ing basa asliné diucapaké medhureh dicaturaké mligi ing tlatah Madura, kapuloan Kangéan, Masalembo, lan tlatah wétaning Jawa Wétan, kaya ta ing Surabaya, Pasuruan, Malang, lan mayoritas ing wewengkon Prabalingga, Situbondo, Bondowoso, Lumajang, Jember lan Banyuwangi. Kajaba iku, uga akèh wong Madura ing tlatah Kalimantan. Kira-kira cacahé ana 10 utawa 15 yuta jiwa.

Lumrahé, basa Madura ing undhak-usuké uga padha karo Basa Jawa. Ana alus lan kasar. Nanging ing basa iki, dibagi dadi telung rupa.

Basa Madura dhéwé uga kebagi dadi rupa-rupa, kang diweruhi kaya ta:




#Article 47: Basa Sangsekerta (1396 words)


Basa Sangsekerta/ Sangskretā (Jawa: ꦨꦴꦰꦱꦁꦱ꧀ꦠꦽꦠꦴ), (saṃskṛtam , asliné संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, basa rinengga) iku basa Indo-Éropah kang lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu kang dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM. Basa Indo-Éropah liyané kang bisa nandhingi 'umuré' basa iki saka kulawarga basa Indo-Éropah namung basa Hitit. Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindhu lan Buda. Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing praja Uttarakhand.

basa Sangsekerta Klasik iku basa kang wis dibakokaké déning Pāṇini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki ing anak bawana India lan Asia Kidul Wétan mèmper karo posisi basa Latin lan Yunani ing Éropah minangka basa Klasik. Basa Sangsekerta ndarbèni pangaribawa kang gedhé marang sapérangan gedhé basa ing anak bawana India lan uga ing Asia Kidul Wétan.

Basa Sangsekerta saka mangsa pra-klasik diarani basa Sangsekerta Wéda. Basa iki kang dienggo ngripta Rgwéda lan mbokmanawa wis dienggo wiwit taun 1500 SM.

Tembung Sangsekerta, ing basa Sangsekerta Saṃskrtabhāsa tegesé basa kang sampurna. Tembung kriya sipat sáṃskṛta- bisa dipertal minangka rinoncé, ginawé, diwangun kanthi jangkep, alus, apik, éndah. Tembung iki turunan saka tembung wod saṃ-skar- ndokok bareng, ngripta, nyepakaké, nyiapaké, nyedyakaké  kamangka saṃ- tegesé bareng, padha (kaya ing basa Jawa sami) lan (s)kar- makarya, nggawé.

Tembung iki kanthi umum tegesé digawé rampung, paripurna, bubar lan bisa tinemu ing Rgwéda. Banjur ing basa Wéda minangka tembung aran nétral saṃskṛtám, iku tegesé uga préparasi, papan kang disiapaké lan dadi papan ritus kang katutup, papan kurban.

Minangka tembung kanggo basa agung utawa basa rinengga, tembung sifaté namung muncul ing basa Sangsekerta Wiracarita lan Klasik, kaya ta ing Manusmrti lan Mahabharata. Basa kang dirujuk minangka saṃskṛta utawa basa budaya tegesé mesthi basa suci lan adiluhung lan namung ditrapaké kanggo kaperlon agama lan diskusi ngèlmiah ing India Kuna.
Karepé, tandhingané basa prākṛta-, utawa basané wong cilik kang ora tau sinau.

Basa Sangsekerta iku anggota saka sub-rumpun Indo-Iran saka kulawarga basa Indo-Éropah. Kerabate kang cedhak dhéwé iku basa-basa Iran: basa Pèrsi Kuna lan basa Avesta. Sajeroning kulawarga basa Indo-Éropah kang luwih amba, basa Sangsekerta raket karo basa-basa Satem, mligi basa Slavik, Baltik saha Yunani.

basa Sangsekerta kaya déné kang direkam déning Panini, iku tumuwuh saka basa Wéda. Wiwitané basa Wéda iku ing watara taun 1500-1200 SM. Basa Wéda iku basa kang kanggo nganggit Rgwéda. Para ngèlmuwan lumrahé mbédakaké basa Wéda saka basa Sangskerta Klasik utawa basa Panini. Loro-loroné dianggep dhialèk kang séjé. Sanadyan lorone mèmper, nanging ana sawatara prabédané ngenani fonologi, kosakata, paramasastra lan sintaksis.

Mangsa Weda iki miturut para nimpuna dipungkasi nalika kitab Upanisad kaanggit. Ing watara taun 1000 SM, basa Wéda wis ngalami transisi saka basa ibu dadi basa kapindho.

Kanggo mèh 2000 taun, ana sawijining tlatah kabudayan tunggal ing Asia Kidul, Tengah, Kidul Wétan lan uga Asia Wétan kang nampa pangaribawané basa Sangsekerta. Korpus basa Sangsekerta Pasca-Wéda kang gedhé mligi bisa tinemu ing wiracarita misuwur Hindhu; Ramayana lan Mahabharata. Sanadyan mangkono, ing pustaangka pustaka iki uga ana wangun-wangun basa kang séjé saka paramasastrané Panini. Nanging iki dudu déné unsur-unsur pra-Panini. Wangun-wangun iku bisa diarani inovasi utawa prabawa saka basa Prakreta.

Ana sawatara studi sosiolinguistik prakara basa Sangsekerta lésan kang mènèhi kesan manawa basa iki olèhé dienggo kanthi lésan iku cupet lan panuwuhané wis mandeg jaman biyèn.

basa Sangsekerta ing kala mbiyèn kanggo nulis sadurungé basa Jawa dienggo. Mula saiki akèh banget tetembungan saka basa Sangsekerta kang kalebu ing kosakata dhasar basa Jawa. Tetembungané iki kaya ta: utawa, jala, yuswa, kunci, griya, sirah lan sabanjuré. Ing basa Jawa Kuna, tetembungan Sangsekerta luwih akèh manèh, miturut Profésor Piet Zoetmulder, kurang luwih saparo saka 25.500 èntri ing bausastra Jawa Kunané, iku asalé saka basa Sangsekerta.

basa Sangsekerta mbédakaké 48 foném. Ana 13 foném vokal lan ana 36 foném konsonan. Vokal iku diarani svarāḥ lan konsonan diarani Sparśāḥ.

Ing basa Sangsekerta ana vokal tunggal, a, ā, i, ī, u, ū, ṛ, ḷ lan vokal dobel: e, ai, o, au. Saliyané iku, ṝ lan ḹ sok-sokan uga ditambahaké.

Miturut Haryati Soebadio, vokal ing basa Sangsekerta diucapaké mèmper ing basa Indonésia. Sing kudu digatèkaké iku vokal-vokal dawa ā, ī lan ū kang kudu didawakaké pocapané mawa tutuk kang luwih kabuka sithik. Banjur ṛ lan ḷ diucapaké er lan el, kaya ing tembung Indonésia bermain lan pelbagai. Ing tradisi Jawa ṛ lumrahé dianggep dadi re. Miturut Monier-Williams, ṛ (Déwanagari ) diucapaké kaya ing tembung Inggris merrily. Kamangka ṝ (Déwanagari ) pocapané mèmper tembung Inggris marine. Banjur ḷ (Déwanagari ) miturut Monier-Williams kudu diucapaké kaya revelry. Manawa ḹ (Déwanagari ) pocapané mèmper sadurungé iki nanging didawakaké uniné.

Ing ngisor iki kapacak konsonan-konsonan basa Sangsekerta mawa pocapané ing aksara IPA. Sing kudu digatèkaké ya iku manawa aspira h ing konsonan kh, gh lan sapanjuré kudu diunèkaké. Banjur vokal nasal  lan  (anusvāra) pocapané mèmper 'ng'.

basa Sangsekerta ndarbèni sistém fonologi kang njlimet ngenani sandhi utawa panyambungan antar foném. Ing basa Sangsekerta sistém iki dibakokaké lan akèh aturané.

Minangka tuladha, ana wiwitan saka Carita Nala ing Mahabharata uniné:

Banjur suwé-suwé aksara Brahmi iki dadi tulisan kang séjé-séjé lan akèh ing antarané kang dienggo nulisaké basa Sangsekerta. Kira-kira sajaman karo aksara Brahmi, aksara Kharosthi dienggo ing tlatah lor kulon India. Banjur ing watara abad kaping 4 nganti abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta minangka turunané aksara Brahmi dadi umum dienggo. Saka abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta nurunaké aksara Sarada. Aksara Sarada banjur diganti déning aksara Déwanagari wiwit abad kaping 11 nganti 12 mawa tahap-tahap antara kaya ta aksara Siddham. Ing India sisih wétan, aksara Bengali lan sawisé iku aksara Oriya dienggo. Banjur ing India sisih kidul, papané basa-basa Drawida dicaturaké, aksara Pallawa lan turunané akèh dienggo nulisaké. Aksara Pallawa iki uga kang bakal nurunake kabèh aksara Nuswantara.

Tulisan ing prasasti Sangsekerta kapisan saka Nuswantara, asalé saka Pulo Kalimantan lan asalé saka sakiwa tengené abad kaping 4, prasasti iki awujud yupa lan kang yasa ya iku Prabu Mulawarman.

Minangka sawijining basa Indo-Éropah, basa Sangsekerta iku kagolong basa flèksi mèmper basa Latin utawa basa Jerman. Nanging béda karo basa Latin, morfologiné luwih amba. Akèh fungsi-fungsi sajeroning ukara dituduhaké mawa sufiks utawa imbuhan akir (contoné panggonan, arah, asal, pasif, kapénginan, larangan lan sapanjuré). Amerga basa Sangskerta iku kagolong basa flèksi, mula urutan tetembungan sajeroning ukara bisa bébas. Sanadyan mangkono urutan kang lumrah ya iku urutan SOV.

Basa Sangsekerta minangka basa flèksi, nrapaké déklinasi marang tembung aran, tembung sipat, tembung ganti lan tembung sipat-pronominal. Déklinasi dilakokake miturut:

Para nimpuna saka Donya Kulon mbédakaké 8 kasus ing basa Sangsekerta, nanging Pāṇini namung mbédakaké 6 karaka kang cocog karo kasus nominatif, akusatif, datif, instrumèntalis, vokatif, lokatif, lan ablatif.
 
Ing ngisor iki minangka tuladha kapacak paradigma kasus satunggaling tembung singular deva (Déwa, Gusti utawa Raja). Tembung iki tembung kelamin maskulin lan ndarbèni pokok akir-a:

Basa Sangsekerta mbédakaké telung warna tembung kriya kang biyasa diarani aktif, médial lan pasif. Istilah ing basa Sangsekerta dhéwé kanggo aktif iku parasmaipadam lan kanggo médial ātmanepadam. Paraismapadam iku dienggo kanggo wong liya utawa 'transitif' kamangka ātmanepadam iku dienggo awaké dhéwé utawa réflèksif.

Mèmper ing tembung aran, tembung kriya uga didéklinasi mawa telung cacah: singularis utawa tunggal,dualis, lan jamak.

Kompositum utawa tembung-tembung camboran ing basa Sangsekerta akèh banget ditrapaké, mligi kang magepokan karo tembung aran. Ing basa Wéda tembung-tembung camboran iki isih prasaja. Nanging sawisé iku mligi para pujangga Kāvya olèhé nganggo dadi saya ndadra lan tetembungan kaya mengkéné iki bisa dawa banget kasilé.  Sacara nomimal tembung majemuk iku wanguné kanthi morfologis sajatiné padha waé, mesthi kabangun saka rong tembung aran. Nanging rong tembung aran iki bisa dadi péranganing kompositum liyané. Saben tembung aran (utawa tembung sipat) ing wujud dhasaré karo unsur pungkasan waé kang didéklinasi miturut kasusé.  Miturut Gonda ana lima wangun kompositum, ya iku Dvandva, Avyayībhāva, Tatpuruṣa, Karmadhāraya lan Bahuvrīhi.. Saliyané iku isih ana Dvigu.

Tembung camboran jinis dvandva iku lumrahé kawujud saka rong unsur tembung aran lan bisa dipertal mawa tembung 'lan'. Tuladhané hastyaśvau gajah lan jaran saha sukhaduḥkam suka lan duka, seneng lan sangsara.

Tembung camboran iki lumrahé gabungan antara tembung aran lan tembung kriya.

Bahuvrīhi iku tembung camboran kang artiné iku wis dadi arti turunan. Contoné tembung bahuvrīhi iku kanthi barès tegesé akèh beras nanging arti turunané dadi wong sugih awit wong kang bisa nduwé beras akèh iku wong kang sugih.

Tembung camboran dvigu iku tembung camboran kang dumadi saka rong unsur: tembung wilangan lan tembung aran. Contoné ya iku dvi-gu kang tegesé regané rong lembu. Dvigu iku sajatiné kalebu tembung camboran tatpuruṣa




#Article 48: Kelinci (321 words)


Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kéwan nyusoni, lan tansah sapaduluran karo Truwèlu lan Pika. Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kajaba ing tlatah Antartika. Jeneng latiné ya iku Oryctolagus cuniculus. Kelinci bisa nglairaké anak kurang luwih nganti ping 5-7 saben setaun. Cacahé anaké kelinci saben nglairaké ya iku 5-8 kelinci. Rata-rata saben manak kelinci nglairaké anak cacahé 6.

Kelinci boboté bisa nganti 5 kilo yèn dadi raja kaya, lan ing alas mung nganti 3,5 kilo. Kelinci duwé|duwé kuping dawa kang bisa dianggo ngrungokaké swara saka kadohan, rupané lucu dadi bisa didadèkaké dolanan utawa klangenan. Kelinci uga duwé sikil kang kuwat kanggo mencolot lan awaké buntek tur lucu.

Anakané kelinci lumrahé lair ora duwé wulu lan wuta, ora kaya anaké truwèlu.

Kelinci ing alas lumrahé urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan. Kelinci alasan utawa kelinsi alasan lumrahé ngedhuk lemah kanggo susuhané lan ngasuh anak-anaké ing kana. Uga, kelinci misuwur amarga cacah lairé kang dhuwur banget. Kelinci wis bisa kawin wiwit umur wulanan lan bisa meteng 31-35 dina. Anak kang dilairaké bisa loro nganti 12 iji.

Kelinci uga kéwan kang paling énggal ngepaské kahananing alam, dadi rikat duwé anak. Ing Australia, saking akèhé, kelinci wis dadi ama kang nyusahaké amarga mangani asil kebon para tani ing kana.

Kelinci kalebu hèrbivor utawa mangan tetuwuhan. Ing peternakan, kelinci saliyané dipakani tetuwuhan, dhèwèké uga dipakani pèlèt lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kéwan iki. Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggalané apik kanggo uripé kelinci.

Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana kang jinis buntut kapas, angora, nganti ana kang wuluné dawa. Ing Indonésia, kelinci akèh-akèhané diimpor saka nagara|nagari manca.

Kelinci lumrahé didadèkaké kéwan raja kaya, kanggo pakan, nganti dadi klangenan. Kelinci kang didadèkaké panganan lumrahé nduwé ukuran kang gedhé, lan kang dadi klangenan lumrahé nduwé wulu kang apik. Panganan saka daging kelinci kang paling misuwur ya iku saté kelinci.

Méh kabéh hasil saka ternak kelinci bisa dimanfaataké, kalebu kotoran lan urine. Asil kang dimanfaatke iki bisa langsung dimanfaatké utawa diolah dhisik.




#Article 49: Tekèk (297 words)


Tekèk, Tokèk, Gecko lan sapanunggalé tansah sapaduluran karo kulawarganing kadhal utawa ing basa latiné kalebu kulawarga Gekonidae. Ukurané rupa-rupa, ana kang cilik lan uga ana kang gedhé, racaké ukuran tekèk iku luwih gedhé tinimbang cecek.

Keliré tekèk ana akèh. Ana kang warnané soklat, ana kang wujud bathik kaya ta ijo, biru, utawa ireng-putih.

Tekèk uripé ana ing alas, lan ana kang urip ning omahé manungsa. Yèn ing omahé manungsa, tekèk bisa dirungokaké swarané kang uniné tek-kèèk, tek-kèèèk. Dadi saka kono dijenengaké tekèk.

Ing nagara manca, tekèk wis akèh kang ndadèkaké kéwan klangenan, lan ana organisasi kang ngurusi tekèk iki.

Marga Gekko nyebar ing Asia Kidul lan Asia Kidul-wétan, mangalor tekan Koréa lan Jepang, mangétan—nglintasi Kapuloan Nuswantara lan Filipina—tekan Kapuloan Solomon lan Santa Cruz ing Pasifik.

Tèkèk mempèr cecek mawa ukuran sedheng nganti gedhé. Kulit geger katutupi déning sisik-sisik granular, campur karo bintil-bintil kang rada gedhé. Pupil mata jejeg wangun jorong, kanthi pinggiran mawa gerigi. Driji-driji sikil ngarep lan mburi tuwuh sampurna, saya amba ing pucuk, sok-sok mawa slaput ing antarané pangkal driji, cakar (kuku) ana ing driji-driji sisih njaba, sisih ngisor driji kanthi sadhèrètan bantalan panèmpèl (diarani scansor) kang nrembaka becik lan ora kabelah (kapérang).  Ana uga pori-pori preanal utawa preano-femoral, sarta bintil post-anal.

Kéwan iki akèh-akèhé aktif nalika soré lan wengi, sanajan swara undanganné sok-sok keprungu nalika awam. Tokèk mapan ing bolongan wit-witan ing alas utawa ing rekahan batuan utawa guwa; nanging sapérangan jinisé uga adhaptasi karo lingkungan manungsa lan asifat komensil. Tekèk mburu manéka gegremet lan invertebrata liya minangka pakanané, sanajan uga ora wegah mangsa vertebrata liya kang luwih cilik ukurané. Tekèk wadon racaké ngetokaké sapasang endhog, kang disimpen dhèmpèt ing pojok bolongan utawa tèmbok. Papan nyimpen endhog iki biyasa digunakaké bola-bali déning tekèk kang padha.

Tekan seprené kacathet ana 44 spésies kang dianggep valid:




#Article 50: Pulo Madura (256 words)


 Madura panggonané ana ing wetané Pulo Jawa. Dawane mila saka pojok kulon lan pojok wétan bisa diliwati 5 jam nganggo kendaraan. Pulo iki jembaré ana 5.250 km2 (luwih cilik sethithik ketimbang Pulo Bali) lan cacahé sing ndunungi ana 3,5 yuta jiwa.  Pulo iki kahanané rada gersang, gunung kapur lan tegalan. Yèn ing wetané rada subur lan bisa ditanduri. Wong Madura minangka ètnis sing populasiné cukup akèh ing Indonésia, cacahé watara 20 yuta jiwa, asal sakai Pulo Madura lan pulo-pulo saubengé kaya Gili Raja, Sapudi, Raas, lan Kangean. Kajaba iku, wong Madura akèh uga sing manggon ing tlatah wétan Jawa Wétan sing biyasa karan wewengkon Tapal Kuda, ya iku wiwit sakai Pasuruan nganti tekan saloré Banyuwangi.

Sacara pulitis, Madura sajeroning maabad-abad wis dadi subordinat tlatah kakuwasan sing munjer ing Pulo Jawa. Watara taun 900-1500, pulo iki ana ing sangisoré prabawa kakuwasan krajan Hindhu Jawa wétan kaya Kedhiri, Singhasari, lan Majapait. Ing antara taun 1500 lan 1624, para panguwasa Madura gumantung marang krajan-krajan Islam ing pasisir lor Jawa kaya Demak, Gresik, lan Surabaya. Ing taun 1624, Madura ditaklukaké déning Mataram. Sawisé iku, ing paro pisanan abad kawolulas Madura ana ing sangisoré kakuwasan kolonial Walanda (wiwit 1882), wiwitané déning VOC, banjur déning pamaréntah Hindhia-Walanda. Nalika jaman pamérangan provinsi ing taun 1920-an, Madura dadi péranganing provinsi Jawa Wétan.

Pulo Madura dipérang dadi 4 kabupatèn, ya iku:

Pulo Madura misuwur saka asil produksi uyahé, lan dijenengaké Pulo Uyah. Ing Pulo Madura, wong-wongé seneng main karapan sapi. Sayembara karapan sapi dianakaké ing sasi Agustus-Septèmber lan dibanjuraké nganggo final piala présidhèn ing Oktober.




#Article 51: Wong Madura (230 words)


Wong Madura ing Indonésia cacahé kira-kira ana 15 yuta. Asale urip ing Pulo Madura lan pulo-pulo saindhengane, kaya ta Gili Raja, Pulo Sapudi, Pulo Raas lan Kangean. Kajaba iku, wong Madura urip ing wetaning Jawa Wétan, kaya ta mila pinggir segara saka Surabaya nganti Banyuwangi. Wong Madura ing Situbondo lan Bondowoso, lan wétané Probolinggo cacahé paling akèh, lan ora ana sing bisa Basa Jawa.

Wong Madura uga urip ing Kalimantan, sing tas ana konflik lan rajapati ing Sampit lan Sambas. Wong Madura dhasaré wong sing seneng ngranto, amarga kaanan tlatahe sing ora becik kanggo tani. Wong Madura seneng dhodholan lan dominan ing pasar-pasar. Kajaba iku akèh sing nyambut dhadi pengepule wesi-wesi tuwa lan barang-barang rombeng liyané.

Wong Madura misuwur amarga sipate sing keras, gampang nesu, nanging gemi lan sregep ing penggawéan. Kanggo minggah Kaji, wong Madura sanajan mlarat mesti nglumpukake pangasilane (najan sethithik) kanggo simpenan kaji. Kajaba iku wong Madura diweruhi duwé tradisi Islam sing medhok, sanajan kadang nglakoni Pethik Laut utawa Rokat Tasse (padha karo Larung Sesaji).

Harga diri, uga paling wigati ning uripé wong Madura, dhèwèké duwé paribasan Lebbi Bagus Pote Tollang, atembang Pote Mata. Tegesé, luwih becik mathi ketimbang kewirangan. Tradisi carok uga asalé saka sipat iku.

Ora sithik wong Madura kang dadi tokoh nasional kaya ta:

Uga ana tokoh pejuang kamardikan kang pantes dadi Pahlawan nasional Indonesia kaya ta:

Madura uga duwé tokoh ulama kaya ta




#Article 52: Laos (bumbu) (925 words)


Gambar:Alpinia galanga.jpg|thumb|250px|Alpinia galanga (Laos].

Laos (Basa Indonesia: lengkuas), iku salah sawijining oyot kang akèh gunané. Bisa kanggo tamba utawa sedhep-sedhepan masakan. Ing masakan Thailand laos dadi sedhep-sedhepan paling utama, uga ing Indonésia. Lumrahé laos dimasak karo sop-sopan utawa janganan liyané. Wujudé kaya jaé nanging ambuné kaya jeruk-jerukan lan rada nyabun.

Pitik gorèng uga ana kang dimasak nganggo bumbu laos lan rasané uga énak.

Oyot wujud rimpang gedhé lan kandel, ndaging, awangun silindris, dhiameter watara 2–4 cm, lan cawang-cawang. Pérangan njaba wernané coklat rada abang utawa kuning semu ijo pucet, duwé sisik-sisik wernané putih utawa semu abang, atos meling-meling, éwadéné pérangan njeroné awerna putih. Daging rimpang kang wis tuwa seraté kasar. Yèn digaringaké, rimpang malih dadi rada semu ijo, lan seraté dadi atos lan wulet.

Watangé jejeg, kasusun déning plepah-plepah godhong kang dadi siji mbentuk watang semu, awerna ijo rada putih. Watang enom metu minangka thukulan saka pangkal watang tuwa.

Godhong tunggal awerna ijo, mawa gagang cendhak kasusun selang-seling. Godhong ing sisih ngisor lan ndhuwur lumrahé luwih cilik tinimbang kang ing tengah. Wangun godhong lanset dawa lan pucuké lancip, pangkal tumpul mawa pinggiran godhong rata. Balungan godhong nyirip, dawané godhong watara 20– 60 cm, lan ambané 4 – 15 cm. Plepah godhong kira-kira 15 – 30 cm, mawa alur lan wernané ijo.

Kembang wujud kembang majemuk awangun loncèng, ambuné wangi, awerna putih semu ijo utawa putih semu kuning. Ukuran kembang kurang luwih 10–30 cm x 5–7 cm. Gunggung kembang ing pérangan ngisor tandhan luwih akèh tinimbang ing pérangan ndhuwur, dawa lambé kembang 2,5 cm, awerna putih kanthi garis miring warna jambon ing saben sisih. Makutha kembang kang isih kuncup, ing pérangan pucuké awerna putih, éwadéné pangkalé awerna ijo.

Wohé wujud woh buni, wangun bulet, atos. Nalika enom wernané ijo-kuning, sawisé tuwa malih dadi ireng semu coklat, kanthi dhiameter ± 1 cm. Ana uga kang wohé warna abang.

Wiji cilik-cilik, wangun lonjong ,lan wernané ireng.

Kadhar lenga atsiri ora kurang saka 0,5% v/b. Èpidèrmis kapérang saka siji lapisan cilik rada pipih. Dhindhing awerna kuning semu coklat, kutikula cetha. Kortèks parènkimatik, jaringan kortèks pérangan njaba kapérang saka sapérangan lapis sèl kanthi dhindhing tipis awerna kuning semu coklat, jaringan kortèks pérangan njero kapérang saka sèl parènkim gedhé, dhindhing sèl tipis, ora ana wernané, sok sok mawa noktah alus, kang isiné butir pathi. Ing parèkim kasebar idioblas kang isiné lenga lan dat samak, awerna coklat enom utawa tuwa kang kanthi panambahan wesi (III) klorida LP warna malih dadi semu ireng. Butir pathi tunggal, wangun lonjong utawa bulet endhog, lamela ora cetha, dawané butir 8 μm – 60 μm, lumrahé 25 μm – 50 μm.

Èndodèrmis kapérang saka sèl kang luwih cilik saka sèl parènkim, dhindhing sèl tipis, ora isi pathi. Berkas pambuluh kolateral, kasebar sajeroning parènkim, dikupengi srabut. Srabut cilik dawa, dhindhing sèl kandel, ora mawa lignin, amba lumèn 20 μm-40 μm, mawa noktah. Xilèm lumrahé wujud pambuluh jala, pambuluh noktah lan pambuluh tangga, amba 20 μm – 60 μm, ora mawa lignin. Floèm sithik lan ora cetha.

Fotosintesis ing laos padha karo prosès fotosintesis ing tetuwuhan lumrahé. Ing endi prosès fotositesis iku sawijining prosès biokimia kang dilakokaké tetuwuhan kanggo ngasilaké panganan kanthi mupangataké ènèrgi cahya. Tetuwuhan migunakaké karbon dioksida lan banyu kanggo ngasilaké gula lan oksigèn kang diperlokaké minangka panganané. Ènèrgi kanggo nglakokaké prosès iki asalé saka fotosintesis.

Réaksi fotosintesisé kaya mangkéné:

Fotosintesis diwiwiti nalika cahya ngionisasi molekul klorofil ing fotosistem II, njalari ngeculaké [èlèktron] kang bakal ditransfer sadawané ranté transpor èlèktron. Ènèrgi saka èlèktron iki minangka fotofosforilasi kang ngasilaké ATP, ékan pangijolan ènèrgi sajeroning sèl. Réaksi iki njalari fotosistem II ngalami dhéfisit utawa kakurangan èlèktron kang kudu énggal diganti. Ing tetuwuhan kekurangan èlèktron iki dicukupi déning èlèktron saka asil ionisasi banyu kang dumadi bebarengan karo ionisasi klorofil. Asil ionisasi banyu iki ya iku èlèktron lan oksigèn.

Ing wektu kang padha karo ionisasi fotosistem II, cahya uga ngionisasi fotosistem I, ngeculaké èlèktron kang ditransfer sadawané ranté transpor èlèktron kang akiré ngrédhuksi NADP dadi NADPH. ATP lan NADPH kang diasilaké sajeroning prosès fotosintesis micu manéka prosès biokimia. Ing tetuwuhan prosès biokimia kang kapicu ya iku siklus Calvin ing endi karbon dioksida diowahi dadi ribulosa (lan banjur dadi gula kaya déné glukosa). Réaksi iki diarani réaksi peteng amarga ora gumantung marang ana orané cahya saéngga bisa dumadi sanajan sajeroning kaanan peteng (tanpa cahya).

Réaksi rèspirasi kalebu sajeroning réaksi katabolisme kang mecah molekul-molekul gula dadi molekul-molekul anorganik wujud CO2 lan H2O. Rèspirasi utawa ambegan duwé fungsi kanggo ngéntukaké ènèrgi saka bahan-bahan organik liwat prosès pamecahan gula kang diarani prosès glikolisis. Senyawa gula ing tetuwuhan diéntuk saka prosès fotosintesis. Butiran amilum kang kasimpen sajeroning manéka jaringan lan organ panyimpen cadhangan panganan bakal diowahi manèh sajeroning wangun glukosa fosfat ing njero sitoplasma sèl. Akiré senyawa glukosa fosfat mau bakal dipecah dadi piruvat lan mlebu sajeroning siklus Krebs. Sakwéné glikolisis lumaku lan sajeroning siklus Krebs bakal diasilaké gas CO2 kang bakal diwetokaké saka sèl. Gas mau bakal kadhifusi bakal kakumpul sajeroning gronggongan-gronggongan antar sèl lan yèn tekanan wis cukup bakal diwetokaké.

Réaksiné ya iku:

C6H12O6 (glukosa) + 6O2 → 6H2O + 6CO2 + ATP
Glukosa  kang diasilaké ing prosès fotosintesis bisa minangka mbentuk senyawa organik liya kaya déné selulosa lan bisa uga digunakaké minangka bahan bakar. Prosès iki lumaku liwat rèspirasi sélulèr kang dumadi ing tetuwuhan. Ing rèspirasi, gula (glukosa) lan senyawa liya bakal ngalami réaksi karo oksigèn kanggo ngasilaké karbon dioksida, banyu, lan ènèrgi kimia.

Laos ngandhut lenga atsiri ing antarané: galangol, galangin, alpinen kamfer, lan methyl-cinnamate. Laos duwé kasiyat minangka anti jamur, anti bakteri, ngangetaké awak, ngresikaké getih, nambah nafsu mangan, nggampangaké pambuwangan angin saka njero awak, ngèncèraké dhahak, ngarumaké lan ngrangsang otot.




#Article 53: Wuku (525 words)


Sajarah asalé' Wuku 30 utawa Pawukon.

Petungan wuku utawa Pawukon iku kalebu peranganing Primbon. Mungguh banget kanggo rengganing almanak. Mulane', angger jeneng almanak Jawa, yèn isiné ora nganggo direnga Pawukon, upama wujud masakan mono rasané' mesthi cemplang.

Para lelehur cagak jawi ing jaman wingi anggoné' nganaake' pe'tungan primbon warna-warna kalebu Pawukon mau, pance'n mengku karsa kang wigati. Ya iku: perlu kanggo ngedohake' sambe'kala sarta anjembarake tebaning keslametan. Jer nyatane', wong sajagad; mesthi ora ana kang ora butuh mangkono mau. Sebacute', tekané' jaman samangko, cunduke' lan kayekte'n tumrap sabarang gati kang pinengetan sarana pe'tungan primbon-primbon mau.

Kanggone pe'tungan Wuku:

Wuku iku arane unit wektu kang ditata saka 30 peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7 dina. Dadi setaun wuku katata saka 210 dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diarani pawukon digunakaké ing Bali lan Jawa.

Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki ya iku patemonane rong dina ing sistem pancawara(pasar) lan saptawara(peken) kang dadi siji. Sistem pancawara utawa pasaran katata saka limang dina, lha banjur sistem saptawara tembung saka pitung dina.

Ing sawuku, patemonane antara dina pasaran lan dina peken wis mesthi. Conthone dina Setu-Pon ana ing wuku Wugu. Miturut kaparcayan tradhisional wong Bali lan Jawa, kabèh dina-dina iki nduwé arti dhéwé-dhéwé.

Perabot Wuku bisa dibédakaké dadi telung jinis, ya iku:

Perabot Wuku kang kagolong Penanggalan iku perabot Wuku kang lumaku miturut tanggal, ya iku: dina, pasaran, padéwan, paringkelan lan padangon.

Tabel neptu miturut dina lan pasaran:

Tabel neptu Pancasuda: 

Wariga Gemet iku kasimpulan ala becikíng siji-sijiníng dina ing saubengan wuku. Cacahé ana 210 dina. Saben siji-sijiníng dina ing sajeroning saubengan wuku duwé watak ala utawa becík (rahayu). 
Carané nemtokaké ala beciking dina nganggo nggabungaké kabèh watak-wataké prabot Pawukon lan Wetonan. Manawa bakal kanggo ngadani pakaryan gedhé kaya déné duwé gawé lan sapanunggalané perlu digatèkaké sirikan-sirikan mau ing ngisor iki

Dina pananggalan: Dinå pétungan 7 (Saptawara), kabèh dianggep becik ora ana síng disirík. Dina Pasaran (Pancawara), kabèh ora ana síng disirík. Dina Paringkêlan (Sadwara), síng disirík siji paringkelan ya iku: Aryang.

Dina kang dudu pananggalan: Dina Padéwan (Astawara), síng disirík siji: padéwan Kala. Dina Padangon (Sangawara), síng disirík siji: padangon Wurung.

Praboté Pawukon Bincilan (pétung neptu):
Pancasudå, ana 7 warna, kang disirík 3, ya iku: Satriyå Wirang, Bumi Kapetak, lan Lebu Katiyúb Angín.  Rakam (kamarokan), ana 6 warna, kang disirík 3, ya iku: Kala Tinantang, Demang Kandhuruwan, lan Nuju Pati. Paarasan, ana 10 warna, síng disirík 2, ya iku Aras Tudíng lan Aras Pepet.

Praboté Pawukon Leluri: Tali Wangké, ana 6 disirík kabèh.
Sampar Wangké, ana 5 disirík kabèh. Sarik Agung, ana 4 disirík kabèh. Kala Dhité, ana 3 disirík kabèh. Dhendhan Kukudan, ana 3 urut-urutan disirík kabèh. Séngkan Turunan, ana 10 síng disirík 5, ya iku: Asu Ajag Tumurun, Sapi Gumarang Tumurun, Cèlèng Demalung Tumurun, Kuthilapas Sumengka, lan Srigati Sumengka.

Wariga Gemet lumrahé isíh diganepi nganggo waton-waton liyané nalikané golèk dina becik kanggo sawijiníng kaperluwan.  Jalaran manut panemuné wong Jawa pancèn ana waton-waton síng kudu dienggoni tumrapíng sasi, tanggal, lan dina.

Cathetan: Panampané saben wong marang anané Wariga Gemet kang nengeri dina ala lan becík ora padha. Bisa percaya bisa ora. Ana síng nganggep kabèh dina becík ora perlu wedi manawa arep nindakaké apa waé.




#Article 54: Cirebonan (208 words)


Cirebon parake ana ing watese Jawa Kulon lan Jawa Tengah. Tlatah iki panggonane ana ing jalur niyaga lan lintasan sepur saka Jakarta nganti Surabaya. Saliyané iku dadi jalur wigati kanggo panyebaraning agama Islam ing tlatah Pasundan. Cirebon piturut salah siji sumber asalé saka ukara Cai Rebon utawa ana sing ngarani Caruban. Cirebon dadi pusat kasultanan sing tansah ana ing Jawa Kulon lan dibagi dadi 4 kraton, ya iku :

Cirebon nduwé tetenger khas sing ora ana ing tanah Pasundan. Cacah Cirebon dideleng saka budaya lan basane luwih cedhak ing budaya Jawa, basa sing dianggo uga salah siji cara Jawa sing diarani Basa Jawa Cirebon utawa Basa Cerbon. Basa lan budaya Cerbonan kasebar mila saka segara lor Karawang nganti wates Jawa Tengah. Basa Cerbonan tansah nyimpen ukara lan pelafalan Jawi Kuna sing wis ora dianggo ing Jawa anyaran saiki, lan saka sisih undhak-usuk basa, basa utawa cara Cerbonan iki dibagi dadi loro, ya iku :

Basa iki uga diajarke ing sekolah-sekolah tlatah Cirebon lan Indramayu, saliyaning Basa Sunda. Ukara-ukara basa Cerbon akèh sing nyilih saka Basa Sunda lan sawalike. Dadi wong Cerbon akèh sing ngerti Basa Sunda, nanging ora bisa omonge langsung.

Kesenian Cirebon iku asil campuraning budaya Jawa lan Sunda uga budaya liyané sing wis mlebu ing kana.




#Article 55: Yama (180 words)


Bathara Yama utawa Yamadipati iku miturut kaparcayane agama Hindhu Déwa kang njaga neraka. Yama iku siji paraga kang ana ing sadéngah kabudayan lan agama.

Ing Hindhu, Yama iku ginambaraké kanthi kulit ijo lan abang. Klambiné abang lan numpak kebo. Ing Carita Hindhu, Yama iku putra Bathara Surya, déwa srengéngé. Dhèwèké nduwé sadulur kembar, ya iku Yami (utama Yamuna). Ing Wedha, pasangan iki manungsa kang sepisanan urip.

Ing carita Tibet, Yami iku kang dadi dèwi tukang njabut nyawa, déné Yama iku kang dadi raja ing donya peteng. Paraga Yama iki ana uga ing mitologi Cina lan Buda, kang ora béda akèh marang carita asalé, ya iku Hindhu.

Jeneng Yamadipati mung ana ing pewayangan. Ing kéné, Yamadipati iku putra nomer wolu Sanghyang Ismaya lan Dewi Sanggani. Yamadipati nduwé garwa Dewi Mumpuni.

Sejatiné, Dèwi Mumpuni iku ora tresna marang Yamadipati. Jejodhoan iki kelakon amarga Mumpuni manut waé marang Sanghyang Manikmaya.

Sawijining dina, Dèwi Mumpuni kepranan marang Nagatatmala, putra Hyang Anantaboga. Pungkasané, Dèwi Mumpuni mlayu saka Yamadipati lan urip bareng Nagatatmala.

Yamadipati kondhang amarga tukang njabut nyawa ing pewayangan, kaya déné ing carita Hindhu.




#Article 56: Indonésia (1658 words)


Indonésia, resminé Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo. Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan, sawatara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, Bhinneka Tunggal Ika (séjé-séjé nanging ajeg manunggal), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérikah Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Jeneng Indonésia asalé saka pertalan Yunani saka Kali Sindu lan tembung nèsos, tegesé pulo Indhiya. Jeneng kuwi wis ana ing abad kaping 18, adoh sadurungé Indonésia mardika. Ing taun 1850, George Windsor Earl, sawijining étnolog Inggris, ngajokaké istilah Indunesians—lan, pilihané, Malayunesians—kanggo kang ndunungi Kapuloan Indhiya utawa Kapuloan Malayu. Ing publikasi kang padha, muridé Earl, James Richardson Logan, nggunakaké Indonésia minangka sinonim kanggo Kapuloan Indhiya. Nanging, akadhemisi Walanda nulis ing publikasi Indhiya Wétan padha wegah nggunakaké Indonésia. Nanging, padha nggunakaké istilah Kapuloan Malayu (Maleische Archipel); Indhiya Nèderlan (Nederlandsch Oost Indië), luwih kondhang Indië; Wétan (de Oost); lan Insulinde.

Sawisé 1900, jeneng Indonésia dadi luwih umum ing lingkungan akademik njaba Nèderlan, lan golongan nasionalis Indonésia migunakaké kuwi kanggo èksprèsi pulitik. Adolf Bastian, saka Universitas Berlin, mopulèrke jeneng kuwi liwat bukuné Indonesien oder die Inseln des Malayischen Archipels, 1884–1894. Pelajar Indonésia kang pisanan nggunakaké jeneng iki ya iku Suwardi Suryaningrat (Ki Hajar Dewantara), nalika ngedegaké kantor berita ing Nèderlan kang jenengé Indonesisch Pers-bureau ing 1913.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Sajarah Indonésia

Ing samadyaning prabawa agama Hindhu lan Buda, sawatara karaton ngadeg ing pulo Sumatra lan Jawa wiwit abad kaping 7 nganti abad kaping 14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, India sabanjuré nepungaké agama Islam kang pungkasané dadi agama gedhé dhéwé ing Indonésia.

Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping 16 lan nalika iku nemu nagara-nagara cilik. Nagara-nagara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku bumbon crakèn ing tlatah kono.

Ing abad kaping 17, nagara Walanda kang nalika iku minangka nagara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké nagara Inggris (British) lan Portugis (kajaba tlatah jajahan Portugis ing Timor Wétan). Bangsa Walanda njajah Indonésia nganti mangsané Perang Donya Kapindho. Wiwitané Walanda ngadegaké Syarikat Hindia Wétan Londho, ya iku armada niyaga bumbon crakèn duwèké pamaréntah karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping 19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.

Samangsa Perang Donya II, Walanda (Landa) dijajah karo Jerman, nalika iku Jepun nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun 1942, pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan kang kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. Soekarno, Mohammad Hatta, K. H. Mas Mansur, lan Ki Hajar Dewantara banjur olèh kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun 1943.

Ing Maret 1945, pihak Jepang nggawé sawijining kumite kanggo mardikaké Indonésiya, sabubaré Perang Pasifik rampung ing taun iku. Kaanan iki kasurung déning organisasi para mudha, golongan pimpinan Soekarno nyoba supaya Indonésia bisa mardika.

Ing madya liya, Walanda ngirimaké prajurit kanggo ngrebut manèh Indonésia.

Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indonésia kanggo mardika ing 27 Dhésèmber 1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, mligi Amérikah Sarékat. Soekarno dadi présidhèn pisanan Indonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.

Ing warsa 1950-an lan 1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta Républik Rakyat Cina lan Yugoslawiya. Ing taun 1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo nagara tangga, Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.

Jendral Suharto dadi présidhèn ing taun 1967 kanthi alesan ngamanaké nagara saka anceman kuminisme tumrap Soekarno kang nalika iku sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, PKI dibubaraké lan warga Indonésia kang dikira cawé-cawé lan mélu kuminis akèh kang mati. Ing 32 taun pamaréntahan Soeharto iku mau Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno kang mau Orde Lama.

Suharto kasil nyedhakaké manèh Indonesiya marang nagara-nagara manca-lan kasil nuwuhaké ékonomi kang manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi nagara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi University of California at Berkeley, kang diwènèhi gelar golongan Berkeley. Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa kang sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, nagara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun 1998.

Saka 1998 nganti 2001, ana telung (3) présidhèn kang mung sedhéla waé ngrasakaké kuwasa, ya iku: Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie, Abdurrahman Wahid lan Megawati Soekarnoputri. Ing taun 2004 présidhèn Indonésia kang anyar ya iku Susilo Bambang Yudhoyono.

Indonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit saka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Acèh lan Papua nyoba luwar saka Nagara Kesatuan Républik Indonésia. Timor Wétan malah wis ngumandhangké kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé PBB. Masalah paling anyar kang katimpa nagara iki ya iku anané samubarang karusakan jalaran alam.

Ing 26 Dhésèmber 2004, tsunami nerjang puluhan éwu warga ing Acèh lan Pulo Nias, Sumatra.

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Pulitik Indonésia

Indonésia iku saka telung nagara (India, Indonésia, Israèl) kang nganggo sistem dhémokrasi kanthi pas lan bener ing pamaréntahané, wujud nagara républik présidhènsial multiparté kang dhémokratis. Kayadéné ing nagara-nagara dhémokrasi liyané, sistem pulitik kang didhasaraké marang Trias Pulitika ya iku pamisahan kakuwasan lègislatif, èksekutif lan yudhikatif. Kakuwasan lègislatif dicekel déning sawijining lembaga kang jenengé Majelis Permusyawatan Rakyat (MPR) kang dumadi saka rong badan ya iku DPR kang anggota-anggotané wujud wakil-wakil Parté Pulitik lan DPD kang anggota-anggotané makili provinsi. Saben laladan diwakili déning 4 wakil kang dipilih langsung déning rakyat ing laladané dhéwé-dhéwé.

Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) iku lembaga paling dhuwur nagara. Nanging sawisé amandemèn angka 4, MPR dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman UUD 1945 ing pèriode 1999-2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggota DPD (Dewan Perwakilan Laladan). Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik kanthi mangsa kalungguhan limang taun. Wiwit 2004, MPR iku parlemèn sistem rong kamar (bikameral), sawisé kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki dipangajengi Hidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki dipangajengi Agung Laksono, déné DPD dipangajengi Ginandjar Kartasasmita.

Lembaga èksekutif punjeré dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn, lan kabinèt. Kabinèt ing wujud Kabinet Presidensiil saéngga para mantri tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili parté pulitik kang ana ing parlemèn. Sanajan mangkono, Présidhèn wektu iki ya iku Susilo Bambang Yudhoyono kang diusung déning Parté Dhémokrat uga nunjuk sawatara pamimpin Parté Pulitik supaya lungguh ing kabinèté. Tujuané kanggo njaga stabilitas pamaréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga lègislatif. Nanging pos-pos wigati lan strategis lumrahé diisi déning Mantri asal saka wong kang dianggep ahli sajeroning bidhangé.

Lembaga Yudikatif wiwit mangsa réformasi lan anané amandemèn UUD 1945 diayahi déning Mahkamah Agung, Komisi Yudisial, lan Mahkamah Konstitusi, kalebu pangaturan administrasi para hakim. Sanajan mangkono Mantri Hukum lan Hak Asasi Manungsa tetep ana ing kabinèt.

Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Laladan-Laladan ing Indonésia

Indonésia iku nagara paling jembar ing Asia Kidul-Wétan kang ketata sajeroning provinsi-provinsi, wektu iki dumadi saka 34 provinsi, lima ing antarané wujud laladan istiméwa. Saben provinsi duwé badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadi kabupatèn lan kutha, kang dipérang manèh dadi kacamatan lan manèh dadi kalurahan lan désa.

Provinsi Acèh, Langsa, DKI Jakarta, D.I. Yogyakarta, Papua, lan Papua Kulon duwé hak istiméwa legislatur kang luwiih gedhé lan tingkat otonomi kang luwih dhuwur saka pamaréntahan punjer tinimbang provinsi liyané. Contoné, pamaréntahan Nanggroe Acèh Darussalam duwé hak kanggo minangka sistem kukum dhéwé; ing taun 2003, Acèh wiwit ngukuhaké kukum Syariah. Yogyakarta olèh status Laladan Khusus minangka pengakon marang peran wigati Yogyakarta sajeroning njurung sajeroning Revolusi. Provinsi Papua, nalika semana mau Irian Jaya, éntuk status otonomi mirunggan taun 2001. Jakarta minangka laladan mirunggan kutha krajan nagara. Timor Portugis didadèkaké provinsi Timor Wétan sasuwéné 1976–1999, kang sabanjuré misah minangka rèferèndum dadi Nagara Timor Leste.




#Article 57: Poerbatjaraka (480 words)


Prof. Dr. Radèn Mas Ngabehi (Lesya) Poerbatjaraka (Jawa: ꦦꦸꦂꦧꦕꦫꦏ;​ *Surakarta, 1884 – +Jakarta, 1964) iku ahli budaya, ngèlmuwan Jawa lan mligi nimpuna sastra Jawa Kuna.

Panjenengané iku putra salah sijining abdi dalem karaton Kasunanan; Radèn Tumenggung Purbadipura (éjaan modhèren). Pak Purbadipura iku abdi dalem Sunan/Susuhunan Pakubuwana X kang tinresnan dhéwé, panjenengané sastrawan lan kerep nembangaké tindakan-tindakané ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X.

Poerbatjaraka, kang gadhah jeneng cilik Lesya, uga didhidhik ing kalangan karaton. Panjenengane sekolah ing HIS (Hollandsch-Indische School) kang suwéné 7 taun. Ing kéné Lesya sinau basa Melayu, basa Landa lan kawruh dhasar liyané. Amerga panjenengané bisa basa Landa, Lesya bisa celathu karo bala wadya Walanda kang ana ing Sala. Para bala Landa iki katon yèn seneng ngobrol karo bocah kang pinter iki.

Lesya dhemen maca. Ing yuswa timur panjenengané wis bisa maca layang-layang klasik Jawa, pira-pira ing antarané awujud naskah manuskrip kang bisa tinemu ing pabukon bapane. Pasrawungan pisanan karo sastra Jawa Kuna kadadéan nalika panjenengané nemu buku karangan ahli Indologi kawentar, Prof. Dr. Hendrik Kern.

Buku iki sajatiné hadhiyah sawijining priyayi Walanda ing ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X. Anging panjenengané kurang ngerteni isi buku iki dadi diparingake pak Purbadipura. Mbokmenawa karsane supaya dijlentrehake. Banjur buku iki diwaca déning Lesya lan panjenengané dadi seneng banget.

Para abdi dalem karaton kang seneng sastra Jawa kala iku kerep nganakake panemonan diskusi bedhah sastra. Lesya kang isih timur seneng mèlu panemonan iki. Amerga wis rumangsa ngerti akèh, panjenengané tau nantang sawijining abdi dalem sepuh. Tibake iki buntute dawa lan Lesya ora kerasan manèh.

Amerga panjenengané rumangsa luwih cocog karo  pendekatan ilmiah  kang kerep diwaca saka buku-buku Landa, banjur panjenengané nulis laying marang Residhen Surakarta kala iku. Sang residhen kang wis tau krungu kapinterane Lesya banjur ngirim Lesya menyang Batavia/Jakarta ing taun 1910. Ing kana Lesya dikon nyambut gawé ing Dinas Purbakala ing Museum Gajah.

Kala iku iki Lesya diparingi asma Poerbatjaraka. Asma iki katata saka gelar purba kaya asma bapane lan tembung caraka, saka aksara Hanacaraka kang uga nduwé teges duta utawa utusan. Gelar priyayi Radèn Ngabehi, kang luwih ngisor tinimbang gelar Radèn Tumenggung gadhah bapane uga diparingake. Banjur gelar mulya Radèn Mas, panjenengané olèh pirang taun manèh nalika rabi karo sawijining wanita ningrat kang gadhah gelar Radèn Ayu.

Ing musiyum, Poerbatjaraka dianggep pinter lan kerep dijaluki tulung déning para nimpuna. Ing kéné panjenengané uga nerusaké pasinaonane ing sastra Jawa Kuna lan miwiti sinau basa Sansekreta.

Panjenengané ditugasaké ing Universitas Leiden ing Walanda dadi asistèn Prof. Dr. Hazeu, mahaguru sastra Jawa. Banjur ing taun 1926, kamangka ora tau kuliyah, Poerbatjaraka olèh promosi lan olèh gelar dhoktor karo dhisertasiné: Agastya in den Archipel.

Sabaliné ing Museum Gajah, ing taun 1930-an, panjenengané diwèhi pagawéyan dadi kurator naskah manuskrip lan tugas kanggo katalogisasi kabèh naskah Jawa.

Sawisé iku, banjur Indonésia mardika, panjenengané dadi profésor ing Universitas Indonésia, Jakarta, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta lan Universitas Udayana, Denpasar, Bali. Malahan ing Denpasar, fakultas sastra iku yasané panjenengané.




#Article 58: Wuku Galungan (173 words)


Galungan utawa Dungulan iku jenenge wuku kang ping sewelas. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Kamajaya. Ing minggu iki uga tiba, dina gedhé Galungan kang dirayakake déning umat Hindhu Indonésia, mligi déning umat Hindhu Bali, ing dina Rebo Kliwon.  Wong kang dilairaké sajeroning wuku iki wateké gampang nesu, rada sembrana (Basa Indonésia: gegabah), gampang tersinggung, irèn, perasaané alus lan gampang kayungyun (tresna), rejekiné apik nanging rada boros, teguh kukuh lan kuwat sikapé.

Bisa agawé lega ing ati kang susah, seneng marang lelaku apik, adoh saka pagawéan ala. Mangku banyu sajeroning bokor =seneng sedekah, pengasih, sethithik rejekiné. Wit-é: Tanganan  = ènthèngan, ora gelem mandheg, keras budiné, seneng marang darbèké liyan. Manuk-é: Bidho = gedhé nafsuné, murka. Bebayané: congkrah. Penangkal-é: slametan sega beras sepitrah dikukus, lawuhé daging wedhus. Dongané: Selamat pina. Candrané: peksi wonten ing luhur = yèn golèk asil kanthi nungkulaké sirah, sebab gora-goda.

Minggu – Paing
Senen – Pon
Slasa – Wage
Rebo – Kliwon, Dina Riyaya Galungan
Kemis – Legi/Umanis
Jemuwah – Paing
Setu – Pon




#Article 59: Abyasa (190 words)


Bagawan Abyasa utawa Begawan Abiyasa utawa Wiyasa iku diarani sing nggubah wiracarita Mahabharata. Miturut Padhalangan, Abiyasa iku putrané Begawan Palasara (Parasara) lan Dèwi Durgandini, putri Wirata. Padhepokane Begawan Abiyasa ing Wukir Saptaarga.

Jeneng Abiyasa ing layang Mahabharata diarani Wiyasa, déné ing Padhalangan disarani Abiyasa. Nalika enomé naté jumeneng nata ing Astina kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana. Kejaba iku Abyasa uga duwé asma Dewayana (jalaran duwé sipat-sipat kang kaya déwa), Sutiknaprawa (wong kang wicaksana), lan Rencakaprawa (demen tetulung marang liyan sing lagi nandhang cintraka). Patihé asma Jayaprayitna. Garwané Abiyasa ana telu : ya iku Dèwi Ambika, atmajané Prabu Darmamuka ratu ing nagara Kasi (Kasindra) iya Swantiupura, peputra Dhestharastra (Dhestharata), 2. Dewi Ambalika, rayiné Dewi Ambika peputra Pandhudewanata, 3. Dewi Datri, wanita saka keturunan Waisya (ing sekawit dadi perekané Dèwi Ambika) peputra Yamawidura (Widura).

Sawisé Pandhu diwasa, keprabon Astina di pasrahaké marang Pandhu jalaran kangmasé, Dhestharastra, duwé cacat netra (wuta). Abiyasa nuli mbanjurake anggoné mertapa ing pertapan Wukit Retawu. Kagawa saka genturing kasutapané, Begawan Abiyasa bisa priksa sadurungé winarah. Ngerti lelakon kang bakal dumadi.
Yuswané Begawan abiyasa dawa banget. Miyosé barakané Resi Bisma (Dewabrata). Sedané Abiyasa ing sawisé Baratayuda kanthi dipethuk nganggo kretacahya.

 




#Article 60: Pandhu (263 words)


Prabu Pandhu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka nagara Kasi (Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang tuwa, asmane Destharastra, uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambalika), randhané Prabu Citragada. Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu duwé cacat tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Amarga lelabuhané iki, Pandhu olèh nugraha jamang kencana kang tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana.

Prabu Pandhu jumeneng ratu ing Astina nglintir kalenggahane ramane (Begawan Abiyata iya Prabu Kresnadipayana). Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu Gandhawastra.
Garwané Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura, 2 Dewi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima kakung kabèh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggané tembung Pandhu lan hawa, tegesé putané Pandhu.
Satriya lima iku : Puntadewa (Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjuna saka Dewi Kunthi, déné Nakula lan Sadéwa (kembar) putra saka Dewi Madrim.
Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yèn diwateg kang ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener (aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing nagara Astina. Nagara Astina diasta Prabu Pandhu dadi nagara kang gedhé lan loh jinawi. Ora ana parangmuka kang wani nekani.

Bali ing:




#Article 61: Cakil (456 words)


Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita Mahabharata vèrsi Jawa. Lumrahé metu nalika satriya metu, ya iku sawisé gara-gara. Ing pérangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artiné pemudha saka gunung, lan lumrahé sing dadi tandhingé cakil nganggo jeneng Bambang. Kaya ta: Bambang Irawan utawa Bambang Arjuna. Nanging ora mesthi tandhingané Cakil iku nganggo jeneng Bambang.

Ora ana jeneng kang pesthi kanggoné Cakil. Lumrahé nganggo jeneng Ditya, kang artiné buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyané, tangan wayang Cakil bisa diobahké kabèh, kiwa utawa tengen. Untuné sing sisih ngisor luwih maju.

Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang wong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.

Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa.
Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala Tangan Yaksa Satataning Janma utawa taun 1552 Çaka yèn dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa pamaréntahan Sultan Séda Krapyak..

Perang kembang utawa Perang Bègal iku perang tandhing ing antarané Buta Cakil lawan satriya bambangan. Ing pagelaran wayang kulit purwa, perang tandhing iki didhisiki gara-gara. Nalika ketemu cakil, satriya bambangan iku takon-takonan saur manuk. Buta Cakil ngotot déné sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono. Amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.. Perang kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang wiwit ngidhak kadhéwasan.

Buta Cakil duwé sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, mripaté kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yèn Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. swarane sing keméng, omonge sing gagap, wetengé sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu.. Kejaba iku Buta Cakil dilambangake mawa warna kuning utawa sipat Supiyah, ya iku sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan.

Buta Cakil nggambaraké nepsu manungsa.. Nepsu manungsa kapérang dadi papat ya iku, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah.. Campuh antarané Satriya lan Buta Cakil ya iku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhéwé lan sing bisa matèni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.

Buta Prepat iku Buta cacah papat kang ditugasi njaga tapel wates kraton.. kang kalebu bala Buta prepat ya iku.

Kayadene paraga wayang liyané, Buta Cakil uga duwé Dasanama utawa alias ya iku

Ditya aneng wayang tegesé Tumenggung, Buta Cakil asring dadi Tumenggung (pimpinan) Buta Prepat 

Wanda utawa èksprèsi Buta Cakil kapérang dadi papat.




#Article 62: Citraksa (447 words)


Citraksa iku, salah sijining para Korawa satus. Jenengé diarani ing layang gancaran Adiparwa, kitab pratamané Mahabharata.Raden Citraksa iku satriya kurawa putrane Adipati Dhestharastra lan Dewi Gendari. Dadi iya isih Adhine Prabu Duryudana, pembarepe para Kuraw kae. Ning dhèwèké iku kadang Kurawa kang nomer pira, ora kena dipesthekake, jajaran saka manéka-warna versi carita wayang, kerep ana béda-bedane.Sing wis kelumrah, ing antaraning kadang kurawa kang cacahé udakara ratusan iku, pancen ana sawatara sinh jeneng-jenenge mawa citra. Ana Citraksa, Citraksi, Citrakala, Citrasandha:Upacitra, Carucitra, Citradarma, Citrakae, Citraiki, Citraiku,Citraanu, ning iku yèn pas dhalange lali.Ing antaraning kadang Kurawa kang sinandhangan jeneng. Citra kang kondhang dhéwé pancen ya Citraksa iki, sinusul Citraksi.Ning Citraksa lan Citraksi iku kembar apa ora, iya ora pati ngerti genah. Sing luwih genah, rupané wayange meh padha. Kaya yèn kembar ngono kae. Praenane padha-padha olehe nglangak. Irunge padha-padha olehe njengat. Yèn ngomong padha-padha olehe kamisosolen,Pekukak-pekukuk kaya pitik klelengen, swarane kerep ora genah jluntrunge.Padha-padha ngalangak, irung jengat, lan kamisosolen, Citraksa béda karo seduluré. Citraksa digambarake ora mung mripate baé kang ijo, nanging raine barang uga ijo. Kira-kira baé saliyané kemaki lan seneng umuk, ya doyanan dhuwit. Sipate kang menjila liyané, yaiuku olehe seneng misuh. Dadiarta bab  yèn jaman saiki anan dhalang kang disuwurake pinter misuh lan akèh wong seneng misuh, iku ngono sejatine wis dudu reputasi anyar, wong wis kalah dhisik karo reputasine Citraksa.Ing pangelaran-pagelaran wayang purwa, Citraksa-Citraksi racaké metu ing adegan paseban njaba. Mapag tekane Patih Sengkuni, bebarengan ngancani muncule Dursasana, Kartamarma, Durmagati, astawama, lan Jayadrata. Citraksa-Citraksi kanthi saur-manuk, kanthi kamisosolen nungsu warta bab wigating rembug ing pasewakan agung.Yèn wadyabala Astina budhalan, Citraksa kang mandhegani prajurit kanoman, budhale numpak jarab dhawuk.Lenggut-lenggut ginarubyuk lakuning prampongan. Lan yèn wis numpak jaran lenggat-lenggut ngono iku, praene kang nglangkak saya katon nglangak, irunge tambah katon njengat.Yèn perang ora tau menang. Embuh yèn mung k aro bala sebarangan, wayang kang klambine lorek-lorek ngono kae. Empere iya isih sok setimbang. Terus padha simpangan dalan,banjur perange iku racaké karan perang gagal.Selanjutane gada utawa bindi.Citraksa wayang kulit gagrag Jogja, mripat telengen, nganggo jamang kanthi garudha mungkur, kalungan patran kanthi bandhul wulan tumanggal. Nganggo gelang pontoh lan kroncong, clanane cindhe. Rai warna ijo, sajake uga minangka gegambaran utawa pratandha nenawa sartiya iki duwé sipat jirih. Anggoné kemaki lan seneng umuk iku paling-paling rang mung kanggo ngimbangi kanyatan yeh sejatine dhèwèké iku ora duwé kasekten apa-apa. Ora kaya Kartamarma, Dursasana, Astawatama, lan Jayadrata kang kasatriane mesthi disebutake yèn ing Bayutinalang, Banjarjumput, Padhanyangan, lan Banakeling, kesatriyane Citraksa-Citraksi iku ing endi, kurang kondhang. Bab akhiring riwayate satriya kurawa kang omongane kerep dadi guyon iki, nalika perang Batarayuda mati déning tangane arjuna ngamuk punggung sawisé Abimanyu dirancap rame-rame déning Kurawa kalebu Citraksa. Tandange Arjuna Ngedab-edapi, lan Citraksa akhire mati kataman karise Arjuna.




#Article 63: Pandhawa (649 words)


Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca P#257;#7751;#7693;ava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu Dewanata kang dadi raja ing Astina. Prabu Pandhu disepata déning déwa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurungé karo Pandhu, Dewi Kunthi naté nglairaké bayi kang banjur dijenengi Suryatmaja.

Pandhawa dadi satru/mungsuh Kurawa ing Bharatayudha. Déné, Suryatmaja (Karna) mèlu Kurawa nglawan sadulur-seduluré dhéwé.

Pandhawa ing Kapercayan Kabudayan Jawa, mlebu pérangan wong-wong kang kudu diruwat. Yèn ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.

Pandhawa punika cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun (Yudistira, Bima, lan Arjuna) punika putra Pandu saking ibu Kunti, déné (Nakula lan Sadewa) punika putra saking ibu Madrim.

Miturut tradhisi Hindhu, Pandhawa punika panitisanipun déwa:

Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawisé perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa gadhah jejuluk antawisipun: Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih ya iku Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.

Nalika diwasa namanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang. Nate dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan jejuluk antawisipun:  Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhe, suci, manut tumrap ara-araipun (terutama Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang, nalika kalah berarti mati”. Panjenengane patut dados panutan amargi gadhah sipat kang jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku Pancanaka ing tangan kanan lan kiri migunani,  kukuh sanget saha landhep.  Uga gadhah kakuwatan gangsal angin, sarta saged ngancuraken gunung. Kagungan kalih prameswuri ya iku: Arimbi dan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra ya iku Gatotkaca, ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking  Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena ingkang saged mlebet ing bumi lan gadhah kuwasa ing samodra. Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan wau yaiky Gajah Situ Seno. Nalika samanten Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin Bratasena, saéngga gadhah kakuwatan luar biyasa lan saged nyowek bungkusan wau.

Inggih punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan jejuluk ingkang kathah antawisipun: Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Déwa, panjalmaning Déwa Wisnu. Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan gadhah jejuluk “Lelananging  jagad”, gadhah paras ingkang gagah lan boten wonten tandhingane. Prameswarinipun ing Arcapada ya iku Wara Sumbadra dan Wara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanèsipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengané gadah prameswari inggih punika Dewi Supraba, Dewi Dersanala inggih punika widodari ing Tinjomaya. Priyantun ingkang gadhah watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung, sarta demenaning para Déwa.

Inggih punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa. Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane taksih alit. Mangka penjenengane dipunrawat déning Dewi Kunti kanthi boten mbenten-bèntenaken. Sawisé perang Bharatayuda Nakula lan Sadewa dados raja ing Mandraka kaliyan Sadewa. Kagungan jejuluk Raden Pinten. Nakula prigel ing pertanian. Nalika perang Bharatayuda, panjenengané ingkang saged ngluluhaken manahipun Prabu Salya. Sebab Prabu Salya taksih sederekipun Dewi Madrim, lan sejatina panjenengané tansah sarujuk ing kabecikan Pandhawa. Mangka Prabu Salya maringi pirsa tumrap Nakula lan Sadewa déné ingkang saged ngalahaken panjenengané inggih punika Puntadewa, sebabPuntadewa gadhah getih pethak.

Putra kaping gangalipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan Nakula. Sawisé perang Bharatayuda dados raja ing Mandraka sareng kaliya Nakula. Nalika alit gadhah asma Raden Tangsem. Prigel babagan peternakan. Kagungan prameswari Endang Sadarmi, putrinipun Begawan Tembangpetra pertapa ing Parangalas, patutan kanthi asma Sabekti’.




#Article 64: Drona (245 words)


Begawan Drona utawi Resi Durna utawi Bambang Kumbayana inggih punika salah satunggalipun paraga wayang (tokoh wayang) saking wiracarita Mahabarata. Durna punika putranipun Resi Baratmadya saking Hargajembangan kaliyan Dewi Kumbini. Durna asalipun saking Atasangin. Kacariyosaken bilih Durna punika dipuntudung minggat saking Atasangin amargi boten kersa dipunjodhoaeken kaliyan ramanipun. Durna punika dados ara-araipun Sata Kurawa lan Pandhawa. Panjenenganipun punika priyantun ingkang ahli seni paperangan.

Durna gadhah pusaka sekti awujud keris Cundamanik lan Panah Sangkali (ing wekdal salajengipun panah punika dipunparingaken dhateng Arjuna). Durna palakrami kaliyan Dewi Krepi, putrinipun Prabu Purungaji, raja nagari Tempuru, lan pikantuk putra ingkang namanipun Bambang Aswatama. Durna kasil damel padepokan Sokalima sasampunipun kasil ngrebat meh sepalih wewengkon nagari Pancala saking kakuaosanipun Prabu Drupada.

Nalika perang Bharatayuda, Resi Durna pinitados minangka Senapati Agung Kurawa, sasampunipun Resi Bisma tiwas ing paprangan. Resi Durna tiwas ing medan paprangan amargi tusukan pedhang Drestajumena, putranipun Prabu Drupada.

Watek kapribadenipun Drona inggih punika sekti mandraguna, wasis babagan paperangan, nanging panjenenganipun watek kapribadenipun ingkang kirang saé inggih punika gumedhe, wengis, lan kathah guneman.

Nalika taksih enem Drona gadhah asma timur (nama kecil) Kumbayana. Wonten ing salah satunggalipun versi, Kumbayana punika putranipun Resi Baratmadya saking Argajembangan kaliyan Dèwi Kumbini.
Ing versi ingkang sanès, Kumbayana punika gadhah garwa Dèwi Wilutama ingkang dados jaran amargi kénging sepatanipun déwa.
Ing Bharatayudha, Drona dipunperjaya pati déning Drestadyumna.

Poerbatjaraka, salah satunggalipun ahli purbakala, naté nyerat bilih Drona punika kadhang-kala dipunsebat Agastya. Pangiran punika dipunpendhet saking asma Kumbayana ingkang caket kaliyan asma kumbha sambhava, asma sanès Kumbayana..




#Article 65: Kakawin (273 words)


Kakawin iku wujud tembang ing basa Jawa Kuna kang nganggo pupuh kang asalé saka Indhia lan mau sekar ageng utawa tembang gedhé. Ing basa Jawa Anyar tembung iki uga bisa tinulis kekawin.

Sawijining kakawin mawi tembang tartamtu racaké tumata ing minimal sa-pada. Kabèh pada kakawin duwé patang baris nganggo wilangan wanda kang padha. Banjur sa-pada disusun karo apa kang diarani guru laghu. Guru laghu iku aturan kwantitas siji wanda.

Sa-wanda iku bisa dawa utawa cendhak. Sing dikarepaké wanda dawa cendhak iku vokal kang dawa utawa cendhak. Vokal dawa iku jinisé ana loro; vokal kang pancèn dawa lan vokal kang posisiné ana ing ngarepé rong konsonan.

Dadi contoné pupuh kakawin kang jenengé Śārdūlawikrīḍita iku kawangun saka 19 wanda. Banjur 19 wanda iki guru-laghuné ka ya mengkéné −−−|UU−|U−U|UU−|−−U|−−U| U. Sagaris − tegesé wanda iku kwalitasé dawa, kamangka U tegesé wanda iku cendhak. Banjur | tegesé namung pawates waé saben telung wanda lan ora ana artiné kusus.

Ing pupuh kakawin, siji wanda kang ngamot swara dawa (ā, ī, ū, ö, e, o, ai, lan au) otomatis diarani wanda dawa utawa guru (=abot) kamangka siji wanda kang ngamot vokal cendhak diarani wanda cendhak utawa laghu (=èntèng). Nanging siji vokal cendhak yèn ditutaké déning rong konsonan nggawé wanda kang disandhang dadi dawa. Banjur wanda pungkasan dijenengaké siji  (siji istilah basa Latin) kang tegesé ya iku yèn wanda iki bisa dawa utawa cendhak.

Minangka conto dijupuk tuladha saka pupuh pambuka Kakawin Arjunawiwāha:

	

Dadi larik kapisan Arjunawiwāha iki wrangkané kaya mengkéné: 

Sawijining tèks kakawin racaké kadhapur saka pupuh kang béda-béda. Kakawin Arjunawiwāha kang didadèkaké tuladha iki, nduwé 35 pupuh kang séjé-séjé.

Béda karo pupuh macapat, kakawin pupuhé ora ana wateké.




#Article 66: Arjuna (650 words)


Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku paraga sajeroning wiracarita Mahabharata. Miturut carita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi kang angka telu. Mula saka iku, Arjuna banjur sinebut satriya Panengah Pandhawa. Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, ya iku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sadulur nunggal rama séjé ibu ana loro, ya iku Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen).
Kabèh putrané Pandhu iku karan Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu.
Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa  Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal Tanpa Lawan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Raden Surata.

Wayang saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa. Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang gadhah sipat ingkang ala lan becik. Ingkang becik inggih punika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih punika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa punika Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sahadéwa. Nanging Pandhawa ugi gadhah sipat ingkang kir ang becik, kados ta Arjuna.

Arjuna punika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna punika kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona. Kasilipun merguru kaliyan Drona punika Arjuna dados satriya ingkang pinter manah lan gadhah sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.

Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna naté ngukum diri ngantos 10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging Jagad. Nanging, piyambakipun ugi gadhah sipat ingkang boten becik. Upaminipun inggih punika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter anggènipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.

Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu, anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané:

Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, ya iku Banowati. Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.

Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (kang dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan kang akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn kang ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.

Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madeg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan ya iku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka nagara Manik Ima-Imantaka.peputra

Arjuna iku ndarbèni enem aji-aji, ya iku:

Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, amarga dhèwèké adu arep karo sadulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré kang diajeni. Wusanané Adipati Karna palastra ana sajeroning paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina.
Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Bawanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.

Wandané wayang Arjuna ana lima, ya iku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, ya iku wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo perang).




#Article 67: Klathèn (202 words)


Klathèn (Jawa: ꦑ꧀ꦭꦛꦺꦤ꧀)inggih punika salah satunggaling kutha ing Provinsi Jawa Tengah. Kutha punika gadhah kutha krajan Kabupatèn Klathèn. Wonten ing dasawarsa 1990-an, Klathèn naté dados kutha administratif (basa Indonésia kutha administratif utawi dipuncekak dados kotif). Nanging wonten ing warsa 1999, sampun boten wonten modhèl kados makaten malih lan sapunika sampun darbèrni status administratif menapa-menapa. Kabupatèn sapunika gadhah wates kaliyan Kabupatèn Boyalali wonten ing sisih elèr, Kabupatèn Sukoharjo sisih wétan, sarta Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta sisih kidul lan kulon. Kompleks Candhi Prambanan, punika salah satunggaling kompleks candhi Hindhu ingkang paling ageng wonten ing Indonésia, wonten ing di Kabupatèn Klathèn.

Dipuntingali saking géografis, Kabupatèn Klathèn papanipun wonten ing antawisipun 110°30'-110°45' Bujur Timur lan 7°30'-7°45' Lintang Selatan.
Ambanipun laladan Kabupatèn Klathèn ngantos 665,56 km2. Wonten ing sisih wétan watesipun kaliyan Kabupatèn Sukoharjo. Wonten ing sisih kidul batesan kaliyan Kabupatèn Gunungkidul (Daerah Istimewa Yogyakarta). Wonten ing sisih kulon batesan kaliyan Kabupatèn Sléman (Daerah Istimewa Yogyakarta) lan wonten ing sisih elèr batesan kaliyan Kabupatèn Boyalali.
Miturut topografi Kabupatèn Klathèn papanipun wonten ing antawisipun Gunung Merapi lan Pagunungan Sewu kanthi inggilipun antawis 75-160 mèter sainggile lumah laut ingkang kapara dados wewengkon pèrèng Gunung Merapi ing pérangan elèr areal miring, wewengkon lètèr lan wewengkon pagunungan wonten ing sisih kidul.




#Article 68: Cilacap (113 words)


Kutha Cilacap punika kutha krajan Kabupatèn Cilacap, Provinsi Jawa Tengah.

 

Kabupatèn Cilacap inggih punika tlatah ingkang paling woyar wonten ing Jawi Tengah. Dumunung wonten antawisipun 108°4-30°-109°30°30° garis Bujur Timur dan 7°30°-7°45°20° garis Lintang Selatan.

Kabupatèn Cilacap kapérang dados 24 Kacamatan 269 désa kaliyan 15 Kalurahan. Wewengkon ingkang dunungipun paling inggil inggih punika Kacamatan Dayeuhluhur kanthi kainggilan 198 M saking dhasaripun seganten saha tlatah ingkang paling andhap inggih punika Kacamatan Cilacap Tengah kanthi kainggilan 6 M saking dhasaring seganten. Tlatah saking sisih kilèn ngantos wétan wonten 152 km saking Kacamatan Dayeuhluhur ngantos Kacamatan Nusawungu ugi saking sisih lèr dumugi sisih kidul wonten 35 km inggih punika saking Kacamatan Cilacap Selatan dugi Kacamatan Sampang .




#Article 69: Kabupatèn Grobogan (510 words)


Kabupatèn Grobogan (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ݢرَبَوݢَنْ), iku iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Purwadadi iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.975,865 km² utawa  hektar.

Grobogan diapit anatarané Pegunungan Kendeng ning sisih kidul lan Pegunungan Kapur Lor ning sisih lor. Sanadyan panas ning mangsa katiga, Grobogan dadi salah siji lumbung pari ning provinsi Jawa Tengah, amarga kapupaten iki duwé akèh tlaga lan waduk kanggo irigasi sawah-sawah ning sisih kidul lan kulon kabupatèn (Waduk Klambu, Waduk Sedadi lan Waduk Kedung Amba). Mangsané Waduk Kedung Amba lagi dibangun, akèh rakyat kang ora sepakat, amarga pembangunan waduk iki ora duwé persetujuan saka masarakat désa-désa kang diwajibke bedhal désa. Pembangunan waduk iku diragati déné Bank Donya (the World Bank). Saliyané waduk, uga ana rong kali, jenengé Kali Lusi (utawa kali Pilang) lan Kali Serang. Mangsa rendeng, kali-kali iki bisa nyebabkà banjir bandang.

Grobogan dadi kabupatèn tanggal 4 Maret, 1726, ambané kurang luwih 1.975,86 km², (sumber liyané nyebutké 1.875,85 km²), kabutan paling amba nomer 2 ning Provinsi Jawa Tengah. Cacah jiwa Grobogan taun 2004 ana 1.359.191 jiwa. Grobogan nduwèning 19 kacamatan, lan 280 désa. Bates sisih lor ya iku Kabupatèn Demak, Pati lan Kudus, ning sisih wétan kabupatèn Blora lan ning sisih kidul kabupatèn Ngawi (Provinsi Jawa Wétan), Sragen lan Boyolali, lan ning pérangan kulon kabupatèn Semarang.

Sing dadi Bupati ya iku Agus Supriyanto SE lan wakil Bupatiné Bambang Pujiono SH (2006).

Kabupatèn Grobogan ketata saking 19 kacamatan, 7 kalurahan lan 273 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Grobogan ya iku:

Kaya kabupatèn-kabupatèn liyané ning Jawa Tengah, agama utama kang digegem wong Grobogan iku agama Islam. Saliyané, uga ana wong kang nganut agama Kristen, Katolik, Hindhu lan Buda. Uga ana wong kang nggegemi agama kejawen.

Meh kabèh sekolah kang ana diragati karo nagara – sekolah nagari. Nanging ana uga sekolah-sekolah suwasta, kaya Madrasah Ibtidaiyah, Muhammadiyah, PGRI, lan sekolah Kristen. Tekan taun 2007, Kabupatèn Grobogan durung duwé universitas. Sanadyan pendidikan SD lan SMP diwajibke nagara, jumlah murid SMP mung 58,13 persèn, lan jumlah murid SMA mung 21, 19 persèn saka umur kang sak wajibé kudu sekolah (2004).

Kagunan budaya Jawa ning Grobogan akèh diprabawai kagunan budaya Islam saka Kasultanan Demak lan Kudus, ditambah prabawa Islam-Hindhu, saka Kasunanan Surakarta. Contoné iku budaya Kathaman – sunatan kanggo bocah lana mangsa akil balik. Klambi kang dienggo déné bocah kang disunat, dijupuk saka budaya arab, ditambah karo “terbangan” nganggo terbang lan kentrung kang luwih cedhak karo budaya Islam. Nanging kanggo pengantenan, klambi lan uba rampé luwih cedhak karo budaya Hindhu-Jawa. Ana uga budaya kang luwih “merakyat” utawa “profane”, kaya jogetan kagunan tayub utawa ledhek. Jejogetan iki sawijiné jejogetan nganggo gamelan Jawa. Penjoget mligi racaké priyayi putri. Tembang-tembangané rada gumbira. Jaman ndhisik, kulawarga kang duwé hajatan kaya mantenan, sunatan utama slametan liyané nanggap tayub utawa ledhek. Lan racaké slametan iku sak rampungé mangsa panen.

Ning Indonésia, Purwodadi Grobogan dikenal saka Swikee, jangan kodhok (racaké kodhok ijo) ganggo taucho. Sajatiné, Swikee iku olah-olahan Tionghoa. Amarga ana akèh kulawarga Tionghoa kang manggon ning Purwodadi lan duwé pabrik kecap, jangan kodhok dadi masakan asli Purwodadi.




#Article 70: Kabupatèn Sukaharja (141 words)


Kabupatèn Sukaharja (Jawa: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦱꦸꦏꦲꦂꦗ) iku kabupatèn ing tengahé Provinsi Jawa Tengah lan kabupatèn paling cilik kapindho ing Jawa Tengah, ambané ana 446,666 km².

Kabupatèn Sukaharja madeg tanggal 15 Juli 1946 kapungkur, kang nalika iku kaanan laladane isih sepi lan durung maju. Jeneng Kabupatèn Sukaharja asalé saka tembung bumi sing tansah asung “Suka” (Jawa:seneng) lan “Raharja” (makmur). Saka owah gingsir tembung banjur malih jeneng Sukaharja, saka teges laladan kang bisa gawé seneng lan makmur. Mula pemda Sukaharja banjur migunakaké sesanti – pangyasa: SUKAHARJA MAKMUR saka tembung Sukoharjo Maju-Aman-Konstitusional-Mantap-Unggul-Rapi.

Kabupatèn Sukaharja iku jalur transit transportasi, karo terminal Kartasura sing kaanggep dadi punjer transit kendaraan sing bakal nganggo jalur lor liwat Semarang lan uga jalur kidul liwat Ngayogyakarta. Dadi bisa diarani poros Kawasan Joglosemar (Jogja, Sala lan Semarang).

Panggonane antarané 7°32'17-7°49'32 lintang kidul lan 110°42'06,79-I I0°5T33.7 bujur wétan

Kabupatèn Sukaharja kadhiri saka 12 kacamatan:




#Article 71: Pananggalan (202 words)


Pananggalan utawa kalèndher iku sistem pètungan wektu kanggo mènèhi jeneng siji jangka wektu (kaya ta dina). Araning sistem pètungan iki sok diarani tanggal pananggalan. Pananggalan iku lumrahé adhedasar lakuning srengéngé lan rembulan. Panangggalan uga bisa ngrujuk marang piranti kanggo nuduhaké sistem mau (upamané jam témbok).

Pananggalan sing lumrahé digunakaké ya iku pananggalan solar, pananggalan lunar, pananggalan lunisolar, utawa pananggalan pasetujon

Pananggalan Lunar iku pananggalan sing diselarasaké marang lakuning rembulan (fase bulan); upamané pananggalan Islam.

Pananggalan Solar iku pananggalan sing nganggo landhesan mangsa lan lakuning srengéngé. Contoné Pananggalan Pèrsi.

Pananggalan Lunisolar iku pananggalan sing diselarasaké karo lakuning rembulan lan srengéngé, kaya ta Pananggalan Yahudi.

Pananggalan Pasetujon iku pananggalan sing ora diselarasaké marang lakuning rembulan lan srengéngé, contoné dina lan minggu Julius sing kagunakaké para nimpuna palintangan.

Ana uga pananggalan sing katoné diselarasaké marang obahing Venus kaya sing kagunakaké ing pananggalan Mesir Kuna. Penanggalan kaya mangkono mau uga asring katemon ing panggonan cedhak khatulistiwa.

Sedina pananggalan solar iku kapétung saka plethèking srengéngé nganti angslup, kanthi wektu wengi kang lumaku, utawa bisa uga siji jangka wektu kedadèn sing ginanti kaya ta antarané plethèking srengéngé. Dawané jangka antarané wektu kedadèn bisa manèka warna ing antarané taun lumaku, utawa bisa uga rata-rata dina solar sing lagi lumaku.




#Article 72: Pananggalan Grégoriyus (251 words)


Pananggalan Grégoriyus utawa Kalèndher Grégoriyus iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing Donya Kulon. Pananggalan iki siji modhifikasi saka Pananggalan Julius. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor Aloysius Lilius, saka Napoli, Italia lan dituruti déning Paus Grégoriyus XIII ing titimangsa 24 Fèbruari 1582.

Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan mangsa semi (21 Maret) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat manèh.

Banjur ing taun 1582, dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober.

Sawijining taun ing Pananggalan Julius suwéné ana 365,25 dina. Nanging amarga puteran bumi sing ngubengi srengéngé suwéné mung 365,2425 dina, mula saben sa-milenium, Kalèndher Julius kaluwihan 7-8 dina. Masalah iki dipecahaké carané nambahaké karo dina-dina wuntu sing rada séjé ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julius, saben taun sing bisa dibagi karo 4 dadi taun wuntu. Nanging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo 100 dianggep taun wuntu, yèn taun iki uga bisa dibagi karo 400. Contoné taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun wuntu. Nanging taun 1600 lan 2000 iku taun wuntu.

Sawisé pananggalan Grégoriyus dicanangaké, ora kabèh nagara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawisé iki, mèh kabèh nagara kulon gelem nganggo. Rusia contoné lagi gelem nganggo ing taun 1918. Dadi Revolusi Kuminis Rusia sing saiki dipèngeti saben 7 November, diarani Revolusi Oktober.

Gréja Ortodoks nganti saiki isih nganggo Pananggalan Julius.

Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapaké dadi wiwitané taun. Sadurungé saben nagara séjé-séjé.




#Article 73: Aksara Carakan (2943 words)


Aksara Carakan utawa Hanacaraka (aksara jawa: ) iku sawijining aksara kang digunakaké ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Carakan iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Malayu.

Nanging ing artikel iki ukara Carakan lan aksara Jawa dienggo loro-loroné

Aksara Carakan jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki kang uniné hana caraka. Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

Urutan aksara iki digawé miturut dongèng yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, kang setya nganti mati. Loro-loroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Carakan supaya bisa kanggo nulis layang.

Aksara Carakan iku baboné aksara Brahmi kang asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara kang wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul ya iku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad kaping 4 Masèhi. Ing Nusantara patilasan sajarah wujud prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara Carakan uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).

Professor J.G. de Casparis, ya iku nimpuna paléografi utawa ahli ngèlmu sajarah aksara misuwur saka Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Carakan ing limang mangsa utama:

Aksara Pallawa iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10 mligi ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait binedhah, muncul aksara Carakan modhèren kang uga kerep diarani aksara Jawa. Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura, lan Bali. Kabèh-kabèh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging sajatiné ugi ana aksara liyané ing Tanah Jawa kang luwih lawas lan isih dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.

Aksara Carakan banjur déning wong-wong Éropah digawèkaké vèrsi aksara céthak ing abad kaping 19.

Aksara Pallawa iku asalé saka India sisih kidul. Jinis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jinis aksara iki ing Nuswantara tinemu ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah kang saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanagara kang katulis ing kiwa-tengené taun 450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabèh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Carakan. Yèn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur mèh kabèh aksara tinulis nganggo apa kang mau mawa istilah serif. Serif-é tinulis ing sisih kiwa.

Sanadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana kang katulis ing aksara iki.

Prabédan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku mligi gayané. Aksara Pallawa iku ketara yèn sawijining aksara monumèntal kang kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katoné mligi aksara kang kanggo nulis ing rontal lan mulané dhapuré dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti kang katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabèh prasasti kang tinemu ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki tuwa dhéwé tinemu ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) kang kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.

Kira-kira sawisé taun 925, punjer kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon prabawané ing jinising aksara kang kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé kang dadi rada séjé.

Ing sisih liya, gaya aksara kang kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya aksara kang béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910-950; 2. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019-1042); 3. Aksara Kawi Jawa Wétanan Kadhiri (kurang luwih 1100-1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kadhiri (1050-1220).

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250-1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké prabawa saka gaya panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari 1351 kang gambaré ana ing sisih kiwa iki.

Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhèren.

Sawisé jaman Majapait kang miturut tradhisi Jawa nagara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16 utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani jaman peteng. Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mèh ora tinemu bukti panulisan. Ujug-ujug wujud aksara Jawa dadi dhapuré kang modhèren.

Sanadyan mangkono uga tinemu prasasti kang wigati amarga dianggep dadi missing link antara aksara Carakan saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda kang isih dienggo ing Tanah Jawa, mligi ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti kang diomongaké iki diarani Prasasti Ngadoman kang tinemu cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda kang tuwa dhéwé dinuga asalé saka Jawa Kulon lan tinemu ing naskah-naskah kang ngamot Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.

Sawisé jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan kang wis nganggo aksara Carakan Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) manèh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex. Naskah-naskah iki tinemu ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Éropah ing abad kaping 16 utawa 17.

Dhapuré aksara Carakan Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kaya ta aksara Majapaitan. Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Carakan Anyaran.

Aksara-aksara Carakan awal iki dhapuré mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Carakan lan pindhah nganggo Pégon lan aksara Carakan gaya Surakartan kang dadi baku. Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali kang dhapuré tetep padha nganti ing abad kaping 20.

Aksara Carakan wiwit kanggo nyithak buku ing purwané abad kaping 19.
Tèknik médhia cithak wiwit ditepangi purwané ing Éropah ing tengahé abad kaping 15 ing kiwa-tengené taun 1450. Sing kapisan ngripta iku Johannes Gutenberg saka Jerman. Mawa sistém Gutenberg iki, dadi sawijining tèks ora usah ditulad mawa tangan manèh déning sawijining juru tulis nanging bisa dicithak. Akibaté buku-buku bisa diprodhuksi massal lan éwadéné bisa diedol luwih murah lan panyebarané luwih jembar.

Bangsa Éropah wis padha nekani Nuswantara wiwit taun 1511, lan manyinaoni basa-basa pribumi ing tlatah kéné, nanging gagasan kanggo nyithak buku-buku mawa aksara pribumi lagi muncul ing purwané abad kaping 19. Sadurungé ana aksara kang maremi brayat umum, ana sawatara gagasan-gagasan kang muncul prekara aksara Jawa cithak kang apik saka sumber kang séjé-séjé. Ing kala semono pangripta aksara Jawa cithak iki dadi diprakarsani déning golongan kang séjé-séjé ya iku: Raffles, pamaréntah Indhiya Nèderlan, kaum panyebar agama Kristen (zending), lan para ngèlmuwan.

Kanggo aksara Carakan Jawa, priyayi kang kapisan nggawé cithakan aksara Carakan iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné kang misuwur The History of Java (Raffles 1817). Nanging aksara cithak Jawa iki namung kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks kang akèh.

Sawisé iku ing taun 1820, kepala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutusaké supaya ana mesin pangecapan mawa aksara Jawa. Baud banjur awèh paréntah marang sawijining nimpuna basa Jawa Walanda kang nalika iku manggon ing Surakarta, P. van Vlissingen supaya bisa ngrancang sawijining aksara cithak kang praktis tur apik. Van Vlissingen sarujuk lan nggawé sawijining modhèl aksarané. Nanging dhèwèké ing taun 1821 mulih menyang Walanda. Sanadyan mangkono para penggedhé ing Batavia seneng marang rancangané lan Van Vlissingen kang wis ing Walanda dikirim layang supaya nerusaké gayuhé. Banjur wusanané ing Juni 1825 aksara cithak iki tekan ing Batavia. Wong-wong ing kana padha seneng amarga aksarané bisa kanggo nyithak tulisan tenanan lan tuladhané ya aksara kang kaanggep apik dhéwé kala iku: aksara Carakan gaya keratonan Surakarta. Nanging sanadyan mangkono uga ana kritik marang aksara cithak iki. Aksarané keciliken ukurané minangka rélatif lan akèh padha-padha saha sandhangan kang ora mèlu kacipta dadi aksara iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namung kanggo nyithak tèks-tèks biyasa waé ing koran. Kamangka rencanané mbiyèn olèhé nggawé aksara cithak iku supaya bisa nyithak buku-buku kasusastran.

Banjur kurang luwih ing mangsa kang padha ana sawijining juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) saka Jerman ajeneng  kang nduwé kapénginan nerjemahaké Alkitab ing basa Jawa. Brückner wis manggon wiwit taun 1814 ing Semarang. Alihbasa Alkitabé wis rampung ing taun 1821, banjur dhèwèké kepéngin nyithak naskahé lan takon menyang pamaréntah kolonial apa bisa nggawé mesin pangecapan aksara Jawa ora. Nanging suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé kang rampung ing taun 1831. Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pretalan Alkitabé, uga dienggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristen kang diedumaké ing Semarang taun 1831. Ing Semarang kang ndunungi pribumi tibaké seneng banget marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wedi lan mbeslah apa kang turah. Banjur Brückner uga olèh pèngetan yèn Alkitab-Alkitabé uga bakal dibeslah yèn diedumaké. Wujud aksara Jawa gaya Brückner iki ditliti déning para nimpuna sastra Jawa kala iku ya iku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke. Para nimpuna iki kurang seneng marang modhèl aksarané Brückner amarga kaanggep dudu cangkokan gaya Karaton Surakartan kang kala iku kaanggep apik dhéwé.

Roorda van Eysinga, sawijining nimpuna sastra Jawa ing nagara Walanda uga tau ditugasi nggawé aksara cithak. Roorda van Eysinga banjur ngrancang sawijining aksara, rinéwangan déning Radèn Salèh. Aksara riptan Roorda van Eysingan iki rampung ing taun 1835. Nanging kasilé dikritik amarga rupané isih ala lan wujudé wujud aksara pasisiran, dudu aksara gaya Surakartan.

Taco Roorda iku kang kapisan bisa nggawé aksara Jawa kang bisa dianggep suksès amarga aksarané ditampa déning para nimpuna sajaman lan tetep dienggo nganti punjul 100 taun. Aksara Roorda iki rampung ing taun 1838.

Taco Roorda iku sajatiné nimpuna basa Wétan Tengah kaya ta basa Ibrani, budaya Wétan Tengah, saha tapsir Prajanjian Lawas. Nanging dhèwèké dadi profésor basa lan sastra Jawa wiwit taun 1842 ing Delftsche Academie, akademi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lembaga iki dibubaraké ing taun 1864, dhèwèké dadi profésor ing lembaga penerusé ing Leiden kang diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utawa 'Lembaga Nagara bagi Wiyata Pegawai Negeri Hindia'.

Roorda dhéwé miturut panuturé dhéwé bisa nggawé aksara kang apik amarga bisa niliki lan sinau saka pengalaman para pendahulu-né. Kajaba iku dhèwèké bisa nggambar mawa apik, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané. Banjur jinis aksara kang dienggo déning Roorda iku jinisé pancèn tepat, ya iku aksara Jawa gaya Karaton Surakarta kang kala iku dianggep apik dhéwé.

Wiwit dasawarsa 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksara Carakan uga digawèkaké font ing kanggo panrapan ing komputer. Salah siji kang kapisan nggawé font aksara Jawa iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastra Jawa Kuna ing Univèrsitas Leiden
Upaya integrasi diperlokaké supaya saben anggota aksara Jawa duwé kodhe kang mligi kang diakoni ing saindhenging donya. Jeroen Hellingman ngajokaké proposal ndaftaraké aksara iki sajeroning Unicode ing tengahan taun 1993 lan Maret 1998. Sabanjuré, Jason Glavy nggawé font aksara Jawa kang diédharaké kanthi bébas wiwit taun 2002 lan ngajokaké proposal uga menyang Unicode.

Ing Indonésia Ermawan Pratomo gawé font hanacaraka taun 2001, Teguh Budi Sayoga ing taun 2004 uga gawé font aksara Jawa kanggo Windows (diarani Carakan) miturut ANSI. Matthew Arciniega gawé screen font kanggo Mac OS ing taun 1992 lan dijenengaké Surakarta. Sing anyar ya iku kang digarap déning Bayu Kusuma Purwanto (2006), kang bisa diékspor menyang html.

Nembé wiwit taun 2005 diayahi upaya nyata kanggo ngintegrasèkaké aksara Jawa sajeroning Unicode sawisé Michael Everson gawé code table sauntara kanggo didaftaraké. Kelambatan iki amarga kurangé panjurung saka masarakat pangnggo aksara iki. Sabanjuré wiwit kaimpun panjurung saka masarakat panganggo. Aksara Jawa Hanacara wektu iki wis dirilis sajeroning Unicode versi 5.2 (kagabung sajeroning Amandemen 6) kang metu tanggal 1 Oktober 2009.
Alokasi Memori Aksara Jawa (Javanese) ing Unicode 5.2.0 ya iku ing alamat A980 nganti A9DF.

Ing wulan Fèbruari 2020, PANDI kerjasama kalih Kamentrian Komunikasi lan Informatika lan Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, ngirim usul menyang ICANN supaya nggawé jeneng domain nganggo aksara Carakan. Miturut Menkominfo Johnny G. Plate, domain iki bisa digunakaké ing sasi Dhésèmber 2020.

Carakan uga dienggo nulis basa-basa liya, saliyané basa Jawa. Conto kang cetha banget tamtuné basa Bali. Basa Bali Kuna ditulis nganggo sawijining aksara kang bisa diarani séjé. Nanging bokmanawa sawisé jaman Majapait, aksara Carakan gaya Jawa dadi kanggo nganti sapréné. Dadi aksara Bali modhèren iku yèn dirunut sarasilahé asalé saka aksara Majapait lan ora saka aksara Bali Kuna.

Sabanjuré aksara Carakan kang diarani Carakan uga dadi dienggo ing Tatar Sundha wiwit abad kaping 16 nalika Mataram mbedhah karajan Sundha lan ngasta budaya Jawa saha agama Islam ing Jawa Kulon. Sadurungé iku wong-wong Sundha nganggo aksara Sundha kang sanadyan isih sakrabat karo aksara Carakan, nanging séjé rupané. Aksara Sundha iki luwih cedhak lan luwih mèmper karo aksara Buda. Carakan disinaoni ing Tatar Sundha nganti sawisé Perang Donya II. Ing sawatara pirang taun pungkasan iki ana obahan ing Tatar Sundha kang nyoba nrapaké panggunané aksara Sundha Kuna manèh.

Terus saka Pulo Madura akèh tinemu naskah-naskah manuskrip ing rontal utawa dluwang. Akèhé pancèn tinulis ing basa Jawa, nanging aksara Carakan uga ditrapaké kanggo nulis basa Madura. Mliginé wiwit ing abad kaping 19. Saka pungkasané abad kaping 19 lan wiwitan abad kaping 20 uga akèh buku-buku mawa basa Madura ing aksara Carakan kang kacithak.

Banjur ing wusana, aksara Carakan uga kadhangkala dienggo nulis basa Malayu. Lumrahé wujudé layang kang tinulis déning wong-wong kang dudu kalebu wong pribumi ing Tanah Jawa utawa Bali lan dadi ora nguwasani basa lokal.

Aksara Carakan iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging kang kapacak ing ngisor iki aksara Carakan baku gaya Jawa.

Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.

Ing aksara Carakan, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.

Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan kang nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.

Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara

Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara

Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara

Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.

Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.

Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.

Keret iku mènèhi wanda /re/ ing sawijining aksara.

Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.

Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan kang bisa matèni aksara sadurungé.

Aksara swara iku aksara swatantra kang nglambangaké vokal bébas. Ing Carakan aksara iki ya iku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta re lan le kang tinulis ṛ lan ḷ, kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara kang nglambangaké pepet amarga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biyasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng kang dimulèni utawa dikurmati lan jeneng panggonan utawa nagara. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo kang lumrah, amarga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep padha waé pocapané, mung gunané dadi séjé.

Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jinisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara kang diarani sa kembang.

Aksara rékan iku aksara-aksara Carakan kang ditambahi tandha dhiakritik wujud cecak telu. Cecak telu iki karepé kanggo ngréka foném-foném saka basa ngamanca, mligi basa Arab. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biyasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.

Carakan uga nrapaké angangka angka dhésimal.

Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.

Miturut wangun aksara, panulisan aksara Jawa kapérang dadi 3 ya iku:

Miturut tlatah asal Pujangga/Manuskrip, kaloka gagrag panulisan aksara Jawa:

Filsafat hanacaraka kawedharaké déning Pakoeboewana IX dicuplik déning Yasadirupa minangka bahan saraséhan kang kagelar ing Balai Kajian dan Aji Tradisional Yogyakarta nalika tanggal 13 Juli 1992. Irah-irahan makalah kang kaasta Yasadipura ya iku 'Basa Jawi ing Tembé Wingking Sarta Aksara Jawi kang Mawa Tuntutan Panggalih Dalem Ingkang Sinuhun Paku Bawana IX' ing Kraton Surakarta Hadiningrat. Sajeroning makalah iku dingendikaké déning Yasadipura (1992:9-10) yèn Paku Bawana IX maringaké wewarah dhedhasar hanacaraka lan sabanjuré, kang kapurwakan kanthi sekar Kinanthi. Ajaran/wewarah filsafat urip dhedhasar aksara Jawa iku ya iku:




#Article 74: Matématika (2342 words)


Matématika (basa Yunani: μαθηματικά-mathēmatiká, saking tembung μάθημα(máthema) ingkang tegesipun sains, èlmu pangertosan, utawi sinau ugi μαθηματικός (mathematikós) ingkang tegesipun remen sinau) inggih punika studi besaran, struktur, ruwang, lan éwah-éwahan. Para matématikawan pados manéka pola, ngrumusaken konjektur énggal, lan yasa kaleresan liwat métodhe dhédhuksi ingkang kaku saking aksioma-aksioma lan dhéfinisi-dhéfinisi ingkang silih selaras.

Dhisiplin ingkang paling utami ing matématika dhasaripun inggih punika kabetahan kanggé pangétangan wonten babagan dedagangan, pangukuran siti, ugi pangétangan kanggé paramalan kadadosan astronomi. Tiga kabetahan punika limrahipun wonten gegandhènganipun kaliyan pambagéyan umum babagan matématika inggih punika: studi masalah struktur, ruwang lan éwah-éwahan.

Pangertosan ingkang prasaja saking matématika inggih punika ngèlmu étang utawi aritmatika, punika wujud pamahaman matématika ingkang paling dhasar.

Wonten pasulayan prakawis: punapa objèk-objèk matématika kados ta wilangan lan titik dhateng kanthi alami, utawi namung damelan manungsa. Satunggiling matématikawan Benjamin Peirce nyebat matématika minangka èlmu ingkang nggambaraken simpulan-simpulan ingkang wigatos. Déné tiyang sanèsipun, Albert Einstein nélakaken bilih satebihipun ukum-ukum matématika tegesipun kasunyatan, sadaya wau boten mesthi; lan satebihipun sadaya wau mesthi, sadaya wau boten tegesipun kasunyatan.

Langkung pangginaan panalaran logika lan abstraksi, matématika ngrembaka saking pancacahan, pangétangan, pangukuran, lan pangkajian sistematis dhumateng bangun lan pagerakan bendha-bendha fisika. Matématika praktis sampun dados kagiyatan manungsa milai wontenipun rekaman kaserat. Argumèntasi kaku sepindhah muncul ing salebetipun Matématika Yunani, mliginipun ing salebetipun karya Euklides, Èlemèn. Matématika tansah ngrembaka, upaminipun ing Cina nalika taun 300 SM, ing India nalika taun 100 M, lan ing Arab nalika taun 800 M, dumugi jaman Rénaisans, nalika pamanggihan énggal matématika silih interaksi kaliyan pamanggihan èlmiah énggal ingkang ngarah dhumateng paningkatan ingkang rikat ing salebetipun laju pamanggihan matématika ingkang teras dumugi sepriki.

Sapunika matématika dipun-ginakaken ing saindhenging donya minangka piranti wigatos ing manéka babagan, kalebet èlmu alam, tèknik, kadhokteran/mèdhis, lan èlmu sosial kados ta ékonomi, lan psikologi. Matématika terapan, cabang matématika ingkang nglingkupi panerapan pangertosan matématika dhumateng babagan-babagan sanès, ngilhami lan damel panggunaan pamanggihan-pamanggihan matématika énggal, lan sok-sok ngarah dhumateng pangembangan dhisiplin-dhisiplin èlmu ingkang sapenuhipun énggal, kados ta statistika lan téyori permainan. Para matématikawan ugi sinau ing salebetipun matématika murni, utawi matématika kanggé pakembangan matématika punika piyambak, tanpa wontenipun panerapan ing salebetipun pikiran, sanadyan panerapan praktis ingkang dados latar munculipun matématika murni kasunyatanipun asring kapanggih ing tembé wingking.

Tembung matématika asalipun saking basa Yunani Kuna μάθημα (máthēma), ingkang tegesipun pangkajian, panyinaonan, èlmu, ingkang ruwang lingkupipun saya ciut, lan teges tèknisipun dados pangkajian matématika, malah makaten ugi ing jaman kuna. Tembung sipatipun inggih punika μαθηματικός (mathēmatikós), gegandhèngan kaliyan pangkajian, utawi sregep sinau, ingkang langkung lebet tegesipun matématis. Sacara mirunggan,  (mathēmatikḗ tékhnē), ing salebetipun basa Latin ars mathematica, tegesipun seni matématika.

Wangun jamak asring dipun-ginakaken salebetipun basa Inggris, kados ta ugi ing salebetipun basa Prancis les mathématiques (lan arang dipun-ginakaken minangka turunan wangun tunggal la mathématique), tegesipun wangun jamak basa Latin ingkang langkung nétral mathematica (Cicero), dhedhasar wangun jamak basa Yunani τα μαθηματικά (ta mathēmatiká), ingkang dipun-ginakaken Aristotle, ingkang pertalan kasaripun ateges sadaya prakawis ingkang matématis. Nanging, salebetipun basa Inggris, tembung bendha mathematics mundhut wangun tunggal manawi dipungunakaken minangka tembung kerja. Salebetipun rupa pirembagan, matématika asring dipunsingkat minangka math ing Amérika Lèr lan maths ing papan sanès.

Évolusi matématika sok-sok dipunpirsani minangka sadhèrètan abstraksi ingkang tansah tambah kathah, utawi tembung sanèsipun pawiyaran pokok masalah. Abstraksi awal, ingkang ugi lumampah dhumateng kathah kéwan Pangkajian matématika ingkang sistematis ing salebetipun kaleresnipun piyambak dipunwiwiti nalika jaman Yunani Kuna antawis taun 600 lan 300 SM.

Matématika wiwit wekdal punika lajeng mawiyar, lan wonten interaksi migunani antawisipun matématika lan sains, nguntungaken kekalih pihak. Pamanggihan-pamanggihan matématika dipundamel salaminipun sajarah lan lumampah teras dumugi sapunika. Miturut Mikhail B. Sevryuk, ing wulan Januari 2006 terbitan Bulletin of the American Mathematical Society, kathahipun makalah lan buku ingkang dipunlibataken ing salebetipun basis data Mathematical Reviews wiwit taun 1940 (taun sepindhahipun operasinipun MR) sapunika nglangkungi 1,9 yuta, lan nglangkungi 75 éwu artikel dipuntambahaken dhumateng basis data punika saben taun. Sapérangan ageng karya ing samudra punika isinipun téoréma matématika énggal sarta bukti-buktinipun.

Matematika muncul nalika ngadhepi masalah-masalah ingkang rumit ingkang nglibataken kuantitas, struktur, ruwang, utawi éwah-éwahan. Awalipun masalah-masalah punika kapanggih ing salebetipun padagangan, pangukuran siti, lan salajengipun astronomi; sapunika sadaya èlmu pangertosan nganjuraken masalah-masalah ingkang dipunkaji déning para matématikawan, lan kathah masalah ingkang muncul ing salebetipun matématika punika piyambak. Upaminipun, satunggiling fisikawan Richard Feynman manggihaken rumus integral lintasan mékanika kuantum migunakaken gabungan nalar matématika lan wawasan fisika, lan téyori senar wekdal sapunika téyori èlmiah ingkang taksih ngrembaka ingkang gadhah upados manunggalaken sekawan gaya dhasar alami, teras kémawon ngilhami matématika énggal. Sapérangan matématika namung silih selaras ing salebetipun wewengkon ingkang ngilhami piyambakipun, lan dipuntrepaken kanggé mecahaken masalah lajengan ing wewengkon punika. Nanging asring ugi matématika dipunilhami déning bukti-bukti ing satunggiling wewengkon pranyata gadhah mupangat ugi ing kathah wewengkon sanèsipun, lan nggabungaken cawisan umum konsèp-konsèp matématika. Fakta ingkang ngédab-édabi bilih matématika paling murni asring malih dados gadhah patrapan praktis inggih punika ingkang Eugene Wigner sebat minangka Kabotenèfèktifan Matématika boten kanalar ing salebetipun Èlmu Pangertosan Alam.

Kados ing sapérangan ageng wewengkon pangkajian, jeblugan pengertosan ing jaman èlmiah sampun ngarah dhumateng pangususan ing salebetipun matématika. Setunggal prabèntenan utami inggih punika ing antawisipun matématika murni lan matématika terapan: sapérangan ageng matématikawan musataken panlitènipun namung ing satunggal wewengkon punika lan sok-sok pilihan punika dipundamel saawal pakuliahan program sarjananipun. Sapérangan wewengkon matématika terapan sampun dipungabungaken kaliyan tradhisi-tradhisi ingkang silih selaras ing sanjawinipun matématika lan dados dhisiplin ingkang gadhah hak piyambak, kalebet statistika, risèt oprasi, lan èlmu komputer.

Tiyang ingkang gadhah minat dhumateng matématika asring ugi manggihi satunggiling aspèk èstètika tinentu ing kathah matématika. Kathah matématikawan pirembagan prakawis kaanggunan matématika, èstètika ingkang kasirat, lan kaéndahan saking lebetipun. Kaprasajanan lan kaumumanipun dipunregani. Wonten kaéndahan ing salebetipun kaprasajanan lan kaanggunan bukti ingkang dipunparingaken, upaminipun bukti Euclid inggih punika bilih wonten boten-kakinten kathahipun wilangan prima, lan ing salebetipun métodhe numerik ingkang anggun bilih pangétangan laju, inggih punika transformasi Fourier rikat. G. H. Hardy ing salebetipun A Mathematician's Apology ndungkapaken kapitadosan bilih panganggepan èstètika punika ing lebetipun piyambak, cekap kanggé nyengkuyung pangkajian matématika murni. Para matématikawan asring nyambut damel awrat manggihaken bukti téoréma ingkang anggun kanthi mirunggan, pamadosan Paul Erdős asring nggulet ing satunggil jinis pamadosan akar saking Alkitab ing pundi Gusti sampun nyerataken bukti-bukti karemenanipun. Kapopulèran matématika rékréasi inggih punika tetenger sanès bilih kabingahan kathah kapanggih nalika satunggiling tiyang saged mecahaken soal-soal matématika.

Sapérangan ageng notasi matématika ingkang dipungunakaken sapunika boten kapanggih dumugi abad angka 16. Nalika abad angka 18, Euler gadhah tanggel waler dhumateng kathah notasi ingkang dipungunakaken sapunika. Notasi modhèren damel matématika langkung gampil kanggé para profésional, nanging para pamula asring manggihaken minangka satunggaling prakawis ingkang ngajrihi. Dumados pamadhetan ingkang langkung sanget: sakedhik lambang gadhah isi informasi ingkang sugih. Kados notasi musik, notasi matématika modhèren gadhah tata ukara ingkang kaku lan ndadosaken informasi ingkang mbok manawi awrat manawi dipunserataken miturut cara sanès.

Basa matématika saged ugi gadhah kesan awrat kanggé para pamula. Tembung-tembung kados utawi lan namung gadhah teges ingkang langkung présisi tinimbang ing salebetipun pirembagan sadinten-dinten. Sasanèsipun punika tembung-tembung kados ta kabikak lan lapangan maringaken teges mirunggan matématika. Jargon matématika kalebet istilah-istilah tèknis kados ta homomorfisme lan kaintegralaken. Nanging wonten alasan kanggé notasi mirunggan lan jargon tèknis punika: matématika mbetahaken présisi ingkang langkung saking sadrema pirembakan sadinten-dinten. Para matématikawan nyebat présisi basa lan logika punika minangka kaku (rigor).

Kaku kanthi dhasar inggih punika prakawis bukti matématika. Para matématikawan kepéngin téorémanipun numuti aksioma-aksioma kanthi maksud panalaran ingkang sistematik. Pupunika kanggé nyegah téoréma ingkang salah pundhut, dipundhasaraken dhumateng pradugi kagagalan, ing pundi kathah conto naté muncul ing salebetipun sajarah subjèk punika. Tingkat kakakuan dipunajengaken ing salebetipun matématika tansah éwah sapanjangipun wekdal: bangsa Yunani ménginaken dalil ingkang kaprincèn, nanging ing wekdal punika métode ingkang dipungunakaken Isaac Newton kirang kaku. Masalah ingkang nèmpèl ing dhéfinisi-dhéfinisi ingkang dipungunakaken Newton bakal ngarah dhumateng munculipun analisis saksama lan bukti formal ing abad angka 19. Sapunika para matématikawan taksih teras adu argumèntasi prakawis bukti mawi bantuan-komputer. Amargi pangétangan ageng awrat sanget dipunpriksa, bukti-bukti punika mbok manawi kémawon boten cekap kaku.

Aksioma miturut pamikiran tradhisional inggih punika kaleresan ingkang dados bukti makaten kémawon, nanging konsèp punika micu pasoalan. Ing tataran formal, satunggiling aksioma punika namung satunggal lèr senar lambang, ingkang namung gadhah makna kasirat ing salebetipun kontèks sadaya rumus ingkang katurunaken saking satunggiling sistem aksioma. Pupunika wujud tujuan program Hilbert kanggé nyèlèhaken sadaya matématika ing satunggiling basis aksioma ingkang kokoh, nanging miturut Téoréma kabotenjangkepan Gödel saben-saben sistem aksioma (ingkang cekap kiyat) gadhah rumus-rumus ingkang boten saged dipuntemtokaken; lan mila satunggiling aksiomatisasi pungkasan ing salebetipun matématika punika mokal. Sanadyan makaten, matématika asring dipunbayangaken (ing salebetipun kontèks formal) boten sanès kejawi téyori himpunan ing sapérangan aksiomatisasi, kanthi pangertosan bilih saben-saben pranyatan utawi bukti matématika saged dipunkemas dhumateng salebetipun rumus-rumus téyori himpunan.

Carl Friedrich Gauss nélakaken matématika minangka Ratunipun Èlmu Pangertosan. Ing salebetipun basa aslinipun, Latin Regina Scientiarum, ugi ing salebeting basa Jerman Königin der Wissenschaften, tembung ingkang selaras kaliyan èlmu pangertosan ateges (lapangan) pangertosan. Cetha, punika ugi teges asli ing salebeting basa Inggris, lan boten wonten keraguan bilih matématika ing salebetipun kontèks punika inggih punika satunggiling èlmu pangertosan. Pangususan ingkang nyiutaken makna dados èlmu pangertosan alam inggih punika ing tembé wingking. Manawi satunggiling tiyang mriksani èlmu pangertosan namung winates ing donya fisika, mila matématika, utawi sakirang-kirangipun matématika murni, sanès èlmu pangertosan. Albert Einstein nélakaken bilih satebihipun hukum-hukum matématika tegesipun kasunyatan, mila sadaya punika boten mesthi; lan satebihipun sadaya punika mesthi, sadaya punika boten tegesipun kasunyatan.

Kathah filsuf yakin bilih matématika boten kapalsukaken dhedhasar pacobèn, lan kanthi makaten sanès èlmu pangertosan per définisi Karl Popper. Nanging, ing salebetipun karya wigatos taun 1930-an prakawis logika matématika nedhaken bilih matématika boten saged dipunrédhuksi dados logika, lan Karl Popper nyimpulaken bilih sapérangan ageng téyori matématika, kados déné fisika lan biologi, inggih punika hipotetis-deduktif: mila matématika mdados langkung caket dhumateng èlmu pangertosan alam ingkang hipotesis-hipotesisipun inggih punika konjektur (kintenan), langkung tinimbang minangka prakawis ingkang énggal. Para wicaksana bestari sanèsipun, sebat kémawon Imre Lakatos, sampun nerapaken satunggal vèrsi pamalsuan dhumateng matématika punika piyambak.

Satunggiling tinjauan alternatif inggih punika bilih lapangan-lapangan èlmiah tinentu (upaminipun fisika téorètis) inggih punika matématika kanthi aksioma-aksioma ingkang dipuntujokaken kados makaten saéngga silih selaras kaliyan kasunyatan. Faktanipun, satunggiling fisikawan téorètis, J. M. Ziman, ngajengaken pendhapat bilih èlmu pangertosan inggih punika pangertosan umum lan kanthi makaten matématika kalebet ing salebetipun. Ing sapérangan kasus, matématika kathah silih dundum kaliyan èlmu pangertosan fisika, sebat kémawon pangedhukan akibat-akibat logis saking sapérangan anggapan. Intuisi lan pacobèn ugi gadhah peran wigatos ing salebetipun parumusan konjektur-konjektur, ing matématika, ugi ing èlmu-èlmu pangertosan (sanèsipun). Matématika pacobèn teras tuwuh ngrembaka, ngèlingi kapentinganipun ing salebetipun matématika, salajengipun komputasi lan simulasi mainaken peran ingkang tansaya kiyat, ing èlmu pangertosan, ugi ing matématika, nglemahaken objèksi ing pundi matématika boten migunakaken métode èlmiah. Ing salebetipun bukunipun ingkang dipunterbitaken taun 2002 A New Kind of Science, Stephen Wolfram gadhah dalil bilih matématika komputasi patut kanggé dipunkedhuk kanthi empirik minangka lapangan èlmiah ing salebetipun hakipun/kaleresanipun piyambak.

Pendhapat-pendhapat para matématikawan dhumateng prakawis punika manéka macem. Kathah matématikawan rumaos bilih kanggé nyebat wewengkonipun minangka èlmu pangertosan sami kémawon kaliyan mandhapaken kadhar kapentingan sisih èstètikanipun, lan sajarahipun ing salebeting pitu seni liberal tradhisional; ingkang sanèsipun rumaos bilih pangabaian pranala punika dhumateng èlmu pangertosan sami kémawon kaliyan muter-muter paningal ingkang wuta dhumateng fakta bilih antarslira antawisipun matématika lan panerapanipun ing salebetipun èlmu pangertosan lan rékayasa sampun ngemudhiaken kathah pangembangan ing salebetipun matématika. Satunggal dalan ingkang dipunmainaken déning prabédan pojok paningalan punika inggih punika ing salebetipun pirembagan filsafat punapa matématika dipunripta (kados ing salebetipun seni) utawi kapanggih (kados ing salebetipun èlmu pangertosan). Punika wajar kanggé universitas manawi dipunpérang dhumateng salebetipun pérangan-pérangan ingkang nganthèkaken départemèn Èlmu Pangertosan lan Matématika, punika nedahaken bilih lapangan-lapangan punika dipunpriksani gadhah sekuthu nanging lapangan-lapangan punika boten kados kalih sisih keping dhuwit logam. Ing tataran praktisipun, para matématikawan limrahipun dipunklompokaken bebarengan para èlmuwan ing tataran kasar, nanging dipunpisahaken ing tataran akir. Pupunika wujud salah satunggil saking kathah prakawis ingkang dipunwigatosaken ing salebetipun filsafat matématika.

Bebungah matématika limrahipun dipunpiara supados tetep kapisah saking kasetaraanipun kaliyan èlmu pangertosan. Bebungah ingkang adiluhung ing salebetipun matématika inggih punika Fields Medal (medhali lapangan), dipunwiwitaken taun 1936 lan sapunika dipunslenggarakaken saben sekawan taunan. Bebungah punika asring dipunanggep setara kaliyan Bebungah Nobel èlmu pangertosan. Wolf Prize in Mathematics, dipunlembagaaken taun 1978, ngakeni mangsa prèstasi, lan bebungah internasional utami sanèsipun, Bebungah Abel, dipuntepangaken taun 2003. Pupunika dipunanugerahaken kanggé ruas mirunggan karya, saged wujud pangénggalan, utawi pangrampungan masalah ingkang misuwur ing saebetipun lapangan ingkang mapan. Satunggiling dhaftar misuwur kanthi isi 23 masalah kabikak, ingkang dipunsebat masalah Hilbert, dipunkempalaken taun 1900 déning matématikawan Jerman David Hilbert. Pratélan punika nggayuh pasulangan ingkang ageng ing antawisipun para matématikawan, lan paling sakedhik sanga saking masalah-masalah punika sapunika kapecahaken. Satunggiling dhaftar énggal kanthi isi pitu masalah wigatos, asesirah Masalah Bebungah Milenium, dipunterbitaken taun 2000. Pamecahan saben masalah punika bebungahipun US$ 1 yuta, lan namung satunggal (hipotésis Riemann) ingkang ngalami panggandhaan ing salebetipun masalah-masalah Hilbert.

Dhisiplin-dhisiplin utami ing salebetipun matématika sepindhahipun muncul amargi kabetahan dhumateng pangétangan ing salebetipun padagangan, kanggé mahami gegayutan antarwilangan, kanggé ngukur siti, lan kanggé ngramal prastawa astronomi. Sekawan kabetahan punika kanthi kasar saged dipunkaitaken kaliyan pamérangan-pamérangan kasar matématika dhumateng salebeting pangkajian besaran, struktur, ruwang, lan éwah-éwahan (inggih punika aritmetika, aljabar, géomètri, lan analisis). Sasanèsipun pokok bahasan punika ugi wonten pamérangan-pamérangan ingkang dipunpisungsungaken kanggé pranala-pranala pangdhukan saking jantung matématika dhumateng lapangan-lapangan sanès: dhumateng logika, dhumateng téyori himpunan (dhasar), dhumateng matématika èmpirik saking manéka jinis èlmu pangertosan (matématika terapan), lan ingkang langkung énggal inggih punika dhumateng pangkajian kaku tumrap kabotenmethinan.

Pangkajian besaran dipunawali déning wilangan, sepindhah wilangan asli lan wilangan bulat (sadaya wilangan) lan operasi aritmetika ing ruwang wilangan iku, kang dipunasifataken ing salebetipun aritmetika. Sifat-sipat ingkang langkung lebet saking wilangan bulat dipunkaji ing salebetipun téyori wilangan, saking pundi dhatengipun asil-asil populèr kados ta Téoréma Pungkasan Fermat. Téyori wilangan ugi nyepeng kalih masalah boten kapecahaken: konjektur prima kembar lan konjektur Goldbach.

Amargi sistem wilangan dipunkembangaken langkung tebih, wilangan bulat dipunakeni minangka himpunan pérangan saking wilangan rasional (pecahan). Sauntawis wilangan pecahan wonten ing salebetipun wilangan réal, ingkang dipungunakaken kanggé nyawisaken besaran-besaran kontinu. Wilangan réal dipundadosaken umum dados wilangan komplèks. Pupunika jangkahan sepindhah saking jenjang wilangan ingkang beranjak nganthèkaken kuarternion lan oktonion. Kawigatosan dhumateng wilangan asli ugi ngarah dhumateng wilangan transfinit, ingkang damel formalipun konsèp pancacahan kabotenkintenan. Wewengkon sanès pangkajian punika inggih punika ukuran, ingkang ngarah dhumateng wilangan kardinal lan salajengipun ing konsèpsi kabotenkintenan sanèsipun: wilangan aleph, ingkang mungkinaken pabandhingan gadhah makna prakawis ukuran himpunan-himpunan ageng kabotenkintenan.




#Article 75: Kadhal (175 words)


Kadhal iku kéwan kang kagolong duwé sikil papat ing kulawargané reptil. Lumrahé kadhal utawa kulawarga kadhal
(basa Inggris: lizards) uga kagolong ing kulawarga cecek, tekèk, bunglon, cecek miber, biawak, iguana lan liya-liyané. Minangka pangertian kang mirunggan pangertian kadal sajeroning basa Indonésia bisa ngerujuk wates ing kadhal kang dhuwèni awak kang cilik, duwé sisik lunyu lan gilap uga bisa urip ana ing sandhuwuré lemah sajeroning (Ingg.: skink, suku Scincidae, utawa kang umum bisa kagolong ing kulawarga infraordo Scincomorpha).

Lumrahé kadhal bisa nyakup jinis-jinis kang duwé wujud awak cilik kaya ta kadhal pasir utawa misuwur kanthi sesebutan Lygosoma, bisa uga ngrujuk ing kulawarga biawak Komodo (Varanus komodoensis) kang bisa duwé dawa awak nganti 3 m. Secara ilmiah, kulawarga iki kagolong ing subordo utawa anak bangsa Lacertilia (Sauria), péranganing bangsa kéwan kang duwé sisik (Squamata).

Kulawarga Lacertilia lumrahé duwé sikil papat lan bolongan kuping nyaba uga palupuk mata kang bisa kedèp (dibukak lan ditutup). Lumrahé, uga kapengkar kadhal kang ora duwé ciri mangkono ya iku ula kaca (glass snake utawa glass lizard, suku Anguidae) kang ora duwé sikil.




#Article 76: Dhandhanggula (109 words)


Dhandhanggula iku tembang macapat kang isiné pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep.  Mula saka iku, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula duwé watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawisé padha kasmaran ngalami kedadeyan kang éndah-éndah (kenangan manis). Déné, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.

Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo siji raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Saka othak-athik iki banjur kinira yèn tembang iki digawé nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwé arti gula.

Saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).




#Article 77: Lènggèr (115 words)


Lènggèr iku sejatiné sakpadhuluran karo Tayub lan Gandrung, nanging kesenian iki misuwur angganda arum ing tlatah Banyumas.

Jogedan iki racaké ditanggap ing acara kaya ta mantenan, pitulasan lan rejan liyané. Nanging bedané karo seni sajinis, lènggèr iki kairing mawi Calung Banyumasan sing digawé saka pring.

Lènggèr, ya iku jinis jogèd tradhisional kang tumuwuh subur ing tlatah budaya Banyumasan. Lènggèr dipentasake ana ing ndhuwur panggung wektu wengi utawa awan, lan diiringi piranti calung. kesenian lengger awujud jogèd rakyat kang dienggo sabubaré salah sawijiné désa panen pari.
Kesenian tradhisional lengger merupakan jogèd rakyat yang kanthi turun-temurun dipakai setelah masarakat suatu pedésaan melaksanakan panen padi.

Wujud tradhisi lésan masarakat Banyumas, pertunjukan lengger dibagi dadi 4 babak ya iku:




#Article 78: Ejaan Jawa Baku (231 words)


Ejaan Basa Jawa béda karo ejaan basa Indonesia. Ejaan Jawa Baku iku cara nulis lan maca racaké kanggo Jawa Tengahan.

Aksara ‘a’ diwaca a, upamane: mangan, larang, ora, lan liyané

Aksara ‘a’ diwaca e, upamane: pandita, pamiarsa, pandega lan liyané. Diwaca pendito, pemiarso, pendego.

Aksara ‘a’ diwaca o-jawa, upamane: ana, apa, aja, lan liyané diwaca ono, opo, ojo

Aksara ‘e’ diwaca e, upamane: merem, pelem, ayem, lan liyané.

Aksara ‘e’ diwaca é, upamane: kéré, keré mété

Aksara ‘e’ diwaca è, upamane: tekèk, mènèk, golèk, lan liyané

Aksara ‘o’ diwaca o, upamane: ora, bodo, koplo, lan liyané

Aksara ‘o’ diwaca o-jawa, upamane: kothong, bolong, kolor lan liyané

Aksara ‘i’ diwaca i, upamane: nini, sisi, pipis, lan liyané

Aksara ‘i’ diwaca é, upamane: alis, mulih, malik, lan liyané diwaca alés, muléh, malék.

Aksara ‘u’ diwaca u, upamane: yuyu, wagu, guru, lan liyané

Aksara ‘u’ diwaca ó, upamane: mabur, katut, lamur, lan liyané diwaca mabór, katót, lamór

Ana aksara-aksara sing diwaca gemantung tembunge. Upamane alis  alise diwaca alés  alise. Irung  irunge diwaca iróng  irunge

Jalaran saka sistim iki, akèh tembung2 sing tulisané pada, pocapane béda lan tegesé uga béda. Conto:

Kere bisa diwaca keré utawa kéré

Gendeng bisa diwaca gendeng utawa gendèng

Cemeng bisa diwaca cemeng utawa cemèng

Emut bisa diwaca emut utawa émut

Kuthuk bisa dhiwoco kuthuk utawa kuthók.

Tulisan putih bisa diwaca putih bisa putéh

Tulisan garing bisa diwaca garing bisa garéng




#Article 79: Dhialèk Jawa Kulonan (126 words)


Ejaan basa Jawa Kulonan béda banget karo Ejaan Jawa Baku lan pada karo ejaan basa Indonésia.

Aksara ‘a’ mung bisa diwaca a. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara a bisa diwaca a, e, utawa o-jawa.

Aksara ‘u’ mung bisa diwaca u. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara u bisa diwaca u utawa ö.

Aksara ‘i’ mung bisa diwaca i. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara i bisa diwaca i utawa é.

Aksara o  e pada karo Ejaan Jawa Baku. Aksara o bisa diwaca ö utawa o-Jawa. Aksara e bisa diwaca e, é, utawa è.

Tulisan ‘ana pitik kuning durung bisa mumbul’ diwaca cara Ejaan Jawa Baku dadi ‘ana piték kunéng duróng biso mumból’. Éng Jawa kulonan diwaca persis tulisané dadi: ‘ana pitik kuning durung bisa mumbul’




#Article 80: Wong Samin (205 words)


Wong Samin iku salah siji kelompok budaya kang urip ing wewengkon Blora, Jawa Tengah lan akèh-akehané uga urip ing kabupatèn Bojonegoro.

Kelompok iki nduwé cara urip kang unik tur mbingungaké wong-wong sak jabane kelompoké. Budaya kang dijenengaké Saminisme iki pratandha perlawananing kelompok iki marang Walanda. Upamané, yèn dikongkon ning kiwa, nglakonine ing tengen. Masarakat Samin disebat uga kelompok kang lugu, lan apa anané.

Simbol identitas wong Samin bisa dideleng saka sandhangan kang dianggo lan uga basané.  Panganggoné wong samin padatan iku klambi lengen dawa ora nganggo krah lan wernané ireng. Sing lanang nganggo iket. Déné kang wadon nganggo kebaya lengen dawa, lan jarikané nganti sangisor dhengkul utawa sandhuwuré pala..

Asal usulé wong Samin ya iku turunané R. Samin Surosentiko (Raden Kohar, lair 1859) asal saka Randhublatung, Blora. Wiwit taun 1890 Samin lan para pandhéréké nyebaraké ajarané wiwit saka désa Klopodhuwur, Blora, nuli sumrambah nganti tekan Balerejo (Madiun), Kajen (Pati), Tapelan (Bojonagara).

Ing taun 1907 Samin Surosentiko dicekel déning Asisten Wedana Randhublatung lan dibuwang ing njabaning pulo Jawa saéngga wafaté ing taun 1914.

Sejatiné ajaran  Samin mono kalebu ajaran kebathinan kang ngandhut napas  kerakyatan nanging tiba mburine ngembang dadi obahan pembangkangan marang penjajah Walanda.

Sajeroning kawinan, wong Samin ngenut paham monogami kanthi istilah siji kanggo selawase.




#Article 81: Katulik (358 words)


Tembung Katulik sabeneré tegesé universal utawa sakabèhé utawa umum (saka ajektiva Basa Yunani καθολικος (katholikos) kang nggambaraké sipat gréja kang diadegaké déning Yésus Kristus.
Sawisé Réformasi Protèstan istilah Katulik utawa Katulikisme tumuli kanthi spésifik nunjuk marang gréja Katulik Roma kanggo mbédakaké klawan Kristen Protèstan kang diwiwiti déning aksi protès Martin Luther. Ing Indonésia, pamaréntah ngakoni agama Kristen Protèstan (Kristen) lan Kristen Katulik (Katulik) minangka agama kang kapisah sanadyan kaloroné sabeneré wujud agama kang padha-padha pepusat marang Yésus Kristus, mila tembung Katulik asring dianggep ing sanjabaning/béda karo Kristen.
Gréja Katulik Roma kang mimpin gréja Katulik ing saindhenging donya iku sawijining gréja Kristen kang awalé saka Yérusalèm lan kang ana ing panunggalan penuh karo kabiskopan Romawi (panerus rasul Petrus, Paus sepisanan).

Kunjuk ing asma dalem Hyang Rama 
Saha Hyang Putra 
Tuwin Hyang Roh Suci 

Kanjeng Rama ing suwarga
Mugi asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem kawiyarna
Ing donya inggih kalampahana
Karsa Dalem kados ing suwarga.
Abdi Dalem sami nyadong paring Dalem rejeki kanggé sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami
Abdi Dalem nyuwun lepat saking panggodha
Saha tinebihna saking piawon.
Amin.

Sembah bekti kawula Dewi Mariah
Kekasihing Allah
Pangerang nunggil ing Panjenengan Dalem
Sami-sami wanita, Sang Dewi pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dèwi Mariah, ibuning Allah
Kawula tiyang dosa
Sami nyuwun pangèstu Dalem
Samangké tuwin benjing dumugining pejah.
Amin.

Kawula pitados ing Allah,
Rama Sang Mahakuwasa,
ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus,
Putra Dalem ontang-anting,
Pangeran kawula.
Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,
kagarba déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.
Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus,
saha kapenthang,
séda sarta kasarèkaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan,
tigang dintenipun wungu saking séda.
Mekrad dhateng swarga,
pinarak ing satengen Dalem Allah,
Rama Sang Mahakuwasa.
Saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci.
Pasamuwan Katulik ingkang suci,
lan panunggiling para Suci.
Pangapuntening dosa.
Tangining badan.
Saha gesang langgeng.
Amin.

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. 
Kados ing mulabuka, sapunika, sarta ing salami-laminipun.

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup,  Sapunika sarta langgeng. Amin




#Article 82: Mendhoan (142 words)


Mendhoan inggih punika nama tetedhan saking laladan Banyumas lan sampun dados tetedhan khas Banyumasan. Mendhoan punika dipundamel saking témpé ingkang dipuncampuraken kalih glepung terigu ingkang saderengipun dipunjer kalih toya rumiyin. Jer-jeran glepung punika dipuntambah bumbu uyah, bawang putih, lan ketumbar. Bumbu pelengkapipun muncang.
sasampunipun tempe kalih jer-jeran glepung dipuncampur, tempe punika langsung dipungoreng ngantos mateng. bisane cagak-cagak ndahar mendoan kalih Lombok Cengis. Écanipun dipundahar manawi teksih anget.

Mendhoan iku ana kathah jinisé dicacah saka babagan laladané. Salah sawijiné jinis mendoan iku saka kutha Surabaya, ingkang diarani Mendhoan Petis Surabaya. Ing panggonan liyané, tuladhané ing Magelang, mendhoan iku sebutan kanggo témpé sing diglepungi kang digorèng setengah mateng. Ing Surabaya uga ana mendhoan menjés, utawa mendhoan tempe gèmbus 

Nalika tan 2010, wonten pèrkara babagan mendhoan iki. Pèrkara iki mèdal amarga wonten tiyang Sokaraja, Banyumas asmané Fudji Wong ndhaptaraké mendhoan gawéané supaya diparingi hak paten..




#Article 83: Takeran ing basa Jawa (168 words)


Takeran ana manéko warno. Sing nganggo piranti upamané sak ténggok, sak géndhong, sepikulan, sak cidhuk, sak gendul, lll. Sak pincuk, sak conthong, lll. Ana manèh sing metrik, upamané sekilo, sak mèter, sak jam, sesasi, lan seterusé.

Takeran-takeran sing dudu iku upamané :

sak (i)crit utawa sak encrit

Sak arat-arat

Sak bolongan

Sak clegukan

Sak cuwil

Sak deg sak nyet = ndhadhak.

Sak dhepa, sedhepa

Sak dhudhulan

Sak dhumuk bathuk

Sak dhodhokan

Sak geblasan

Sak gegem

Sak glenggengan

Sak grompol

Sak gulung

Sak hóh-hah

Sak iket

Sak ipit

Sak ithik, sethithik

Sak jagad, sak jagad arat-arat, sak jagad aboh

Sak jangkah, sejangkah

Sak jimpit

Sak kabèh, sekabèh

Sak kedhèpan nétro, sakedhèpan mata

Sak kepel

Sak keplasan

Sak ler

Sak lumpatan

Sak ndayak

Sak nyari, senyari = sak driji

Sak nyuk-an

Sak ombyokan

Sak pérangan, sepérangan

Sak pethuthuk

Sak plenggongan

Sak plinthengan

Sak punjóng.

Sak thékrok

Sak tléraman

Sak unting

Sak upil, sak upil-upil.

Sak uwèn-uwèn = suwi banget

Sedhéla, sedhilit, sedhilut

Mangga, dipunlajengaken. Nanging sampun ngantos ingkang nganggé piranti




#Article 84: Intip (202 words)


Intip iku panganan kang digawé saka sega. Asal muasalé, dhèk jaman biyèn ibu-ibu yèn masak utawa ngliwet sega nganggo kwali utawa kendhil.  Yèn segané wis setengah mateng banjur dipindahaké menyang dandang, banjur dikukus. Lumrahé ing dhasar kwali mau ana sega kang isih nèmpèl kang wujudé kapara rada gosong. Sega kang nèmpèl iku kang diarani intip.  Intip kang kari ana ing dhasar kwali dikerok lan banjur dipépé nganti garing. Yèn wis garing banjur digorèng, iki kang jenengé intip gorèng.

Intip uga énak yèn sawisé dijupuk saka kwali banjur disiram duduh jangan utawa dipangan nganggo parutan klapa lan dipangan minangka nyamikan.

Jaman saiki intip wis akèh didol ing toko-toko kang nyadiakaké olèh-olèh panganan kas. Intip kang misuwur antarané saka Sala.

Nurungji (누룽지) ya iku intib kang nyisa sawisé masak sega ing dhasar panci sega(gamasot). Intib sega minangka panganan ènthèng kas wong Korea. Nalika masake suwé, sega kang ana ing dhasar panci bakal gosong lan rupané dadi kuning. Inilah yang dinamakan dengan nurungji. Nurungji dikenal kanthi rasa lan ambune kang unik, ya iku garing lan gosong sithik. Biyèn, nalika rakyat kekurangan bahan pangan, para wong wadon mangan nurungji, déné wong lanang ora mangan nurungji. Saiki panganan iki wis dirembakake kanthi wujud permen, roti lan ombenan.




#Article 85: Dhialèk Madiun (150 words)


Dhialék Madiun iku dipigunaké ing tlatah Jawa Timur Mataraman (wates Jawa Tengah pérangan tengah lan kidul). Tlatah kadipatén Madiun utawa kang saiki eks Karesidenan Madiun (kutha/kab Madiun, kab Ngawi, kab Magetan, kab Panarogo, lan kab Pacitan) wewengkon provinsi Jawa Timur, nanging sadurungé proklamasi RI, wewengkone kraton Mataram (Jogja/Sala), mula dhialèk Mediun iku luwih cedhak karo dhialèk Jawa Tengahan tinimbang dhialèk Jawa Timur Suroboyoan.
Dibanding dhialèk Jawa Tengah, ciri mligi ing intonasi. Wong Mediun sok mènèhi tekanan ing wanda pertama, contoné bocah kok kurang ajar banget diucapaké byuh, byuh... buocah kok kuorang ajar men.
Nanging ana tembung-tembung kang dadi ciriné dhialèk Madiun: 
gong, dong (Panarogo, Pacitan) = durung
mboyak = mbok bèn = luwèh (Jogja), sakarepku/mu, (Betawi: biarin)
éram, jègèg = hebat
jingklong = nyamuk
édhuk = éthém = énak, kepénak
engkè = maeng = mau (Indonésia: tadi)
men = nemen = banget (ndonesia: sekali)
(yèn kaget utawa nggumun): byuh... byuh




#Article 86: Saté Blora (193 words)


Saté Blora iku panganan wujud daging kang diiris cilik-cilik terus disunduki lan dibakar. Saté Blora mana ora pati béda karo saté saka tlatah liyané, ya iku digawé saka 

kang disunduki nganggo sujèn terus dibakar nganggo areng.

Istiméwané saté Blora iku, luwih luwih saté ayam é, pancèn mirasa, sebab bahan bakuné saka daging pitik kampung sing isih enom, dadi iwaké ora alot, tur krasa arum lan rada legi. Séjéné iku, sing marakaké luwih mirasa amarga disajèkné nalika isih panas. Yèn wis rada adhem, rikat rikat dijupuk karo bakulé terus dipanasi manèh. Gunggung saté sing dipangan diweruhi kanthi ngétung sujènné sadurungé mbayar. Bumbuné sambel kacang biyasa, ditambah kecap, diwènèhi jinten sithik.
Paling cocog yèn segané diwènèhi duduh soto èncèr sing rupané kuning. Sawetara bakul saté Blora isih mbungkus dagangané nganggo godhong waru, utawa godhong jati, nanging saiki wis akèh kang diwadhahi piring

Yèn ing Blora, biyasa didhasarké ing Koplakan (Terminal), ing Dhepot Gajah lan sawatara panggonan liyané (Saté Pak Samiran), Blora.

Yèn ing Jakarta, antarané ana ing: 

Uga ing panggonan liyané kaya ta ing Roxi, BSD lll.

Yèn in Surabaya ana ing Dalan Pacar Keling (Pasar Pacar Keling mangulon)
Sate Blora  ing dalan Pahlawan Surabaya 




#Article 87: Kenthongan (374 words)


Kenthongan utawa ing basa liya diarani  jidor ya iku piranti kothèkan kang digawé saka wit, pring utawa bahan kayu jati kang diukir. Mupangat kenthongan bisa kanggo pratandha (ing basa Indonésia alarm), kodhe komunikasi jarak adoh, morse, piranti adan, uga pratandha cilaka. Wujud kenthongan kurang luwih  40cm lan dhuwur 1,5m-2m. Kenthongan asring dipigunakaké kanggo piranti  komunikasi ing jaman biyèn tumrap pandunung kang ana ing laladan utawa pagunungan / Paredèn.

Sajarah budaya kenthongan kang ana wiwit asal-usulé saka legenda Cheng Ho kang misuwur saka Cina nganakake panjebaran agama Islam. Ing Sajeroning panjebaran Cheng Ho nemu kenthongan lan didadèkaké piranti/piranti  wicara ritual kaagamaan. Panemuan kenthongan mau digawa ing tlatah  Cina, Koréa, lan Jepang. Kenthongan uga bisa tinemu wiwit awal Masehi.Ing Nusa Tenggara Kulon, kenthongan tinemu ing Raja Anak Agung Gede Ngurah kang kuwasa ing sakiteré kurang luwih abad XIX, uga migunakaké kenthongan kanggo ngumpulake rakyat. Ing Yogyakarta wiwit mangsa karajan Majapahit, kenthongann  Kyai Gorobangsa asring dippigunakake kanggo ngumpulake utawa ngundang ing sajeroning masarakat.

Kenthongan iku kagolong kesenian ing Banyumas. Sebenere kenthongan ora béda adoh karo calung, padha-padha digawé saka bahan dhasar pring. Kenthongan juga biyasa diarani tek tek laladan sing lagi anget-angeté majukna kesenian tek-tek ya iku Banyumas karo Purbalingga.Kegiatan kentongan awalé cuma kanggo kesenengane wong padha ronda, jumlahe 4-5 wong padha nganggo kentong muter keliling désa. siki kentongan wis dilombakna lan jumlah pemaine rata-rata 30an lan nganggo mayoret mbarang. dandanane wis ngejreng! racaké nganggo klambi sing mencereng supayane narik perhatian penonoton. mayorete ya uga kenya sing esih enom lan pinter joget. piranti-piranti sing digunakna antara lain kenthongan (piranti utama), bedug(cacahé 2), kecrek, calung, suling, angklung, teplak lan piranti-piranti liyané sing sengaja ditambahna supayane bisa gayeng. lagu sing sok dimaina ing grup-grup kentongan racaké lagu-lagu dangdut lan campur sari, sebenere kabèh lagu bisa diganti aransemene nanging tergantung pinter-pintere pemaine padha.

grup-grup kentongan saiki wis madan profésional, saben tampil mesti njaluk bayaran sing lumayan. wis akèh grup sing tampil ning laladan-laladan liyané lan éntuk atur sapala sing meriah. grup-grup kentongan sing ana ning banyumas cacahé akèh banget, meh saben désa duwé grup kentongan. kanggo contoh bae grup Gandrung Laras sekang désa ciberung Ajibarang, grup Paijo Ajibarang, Debita, Singo laras, lsp..

angger kepéngin lewih ngerti karo kentongan bisa ditakokna maring dinas pariwisata banyumas ben olih penjelasan sing lewih lengkap.




#Article 88: Dancuk (198 words)


Jancok (ꦗꦚ꧀ꦕꦺꦴꦏ꧀), dancok, utawa disingkat dadi cok (uga ditulis minangka jancuk utawa cuk, ancok utawa ancuk, lan coeg) minangka tembung sing menehi ciri khas masarakat ing Jawa Wétan, utamane Surabaya lan sekitare Jawa Wétanan kalebu Mojokerto, Jombang, Malang, Gresik lan Lamongan. Sanajan duwe konotasi sing ala, tembung jancok wis dadi sumber kebanggaan lan dadi simbol identitas kanggo komunitas pangguna, lan malah digunakake minangka tembung salam kanggo ditelpon ing antarane kanca, kanggo nambah rasa bebarengan.

Biasane, tembung kasebut digunakake minangka pisuhan nalika emosi njeblug, nesu, utawa sengit lan ngipat-ipati wong liya. Tembung Jancok uga wis dadi simbol keakraban lan kekancan khas ing antarane arek-arek Suroboyo.

Miturut Kamus Online Universitas Gadjah Mada, tembung jancuk, jancok, diancuk, diancok, cuk, utawa cok tegese sial, bajingan, bajingan (ekspresi berupa tembung sumpah kanggo nyebut kuciwo utawa bisa uga digunakake kanggo nyebut ekspresi gumun amarga ana sing luar biasa) ”.

Nanging, tembung jancuk umume asale saka tembung ancuk, sing tegese ngancuk utawa nuroni. Tembung ancuk kanthi teges sanggama wis kacathet ing kamus Bausastra Jawa taun 1939 dening Purwadarminta.

Sawetara variasi nulis tembung jancuk sing bisa ditemokake ing masarakat kalebu:

Kanggo nulis nganggo aksara Jawa, tembung jancok bisa ditulis dadi ꦗꦚ꧀ꦕꦺꦴꦏ꧀ lan ing aksara Pegon جَانچچَوكْ.




#Article 89: Jambu (919 words)


Jambu utawa ing basa krama mau jambet ya iku arané wit lan wohé sing godhongé lonjong, akèh pangé lan dhuwuré nganti 10 mèter. Jinisé jambu iku paling sethithik ana telu: jambu banyu, jambu kluthuk, lan jambu ménté utawa jambu ból (Anacandiumn occidentale). Jambu banyu utawa jambu wèr ing basa inggris mau Eugenid aquea iku dhapuré mèh kaya bèl uga rasané legi. Warnané yèn isih enom putih utawa ijo, lan yèn wis mateng bisa uga putéh, ijo, kunéng, jambón, utawa abang. Dhagingé akèh banyuné. Néng njero dhaging lumrahé ana wiji lan hówó, béda karo jambu kluthuk (jambu watu) sing tengahé padhet uga akèh isiné basa latiné Psidium gunjava.
Jambu ból padha karo jambu banyu dhapuré, nanging pucuké ketambahan kacang ménté, ing basa Indonésia sok diarani jambu monyet amargi wujudé kaya kethèk. Jambu bisa digawé setup utawa asinan.

Jambu kluthuk bisa nyegah lara jantung. Jambu kang duwé jeneng latin Psidium guajava L iki nduwé zat kang bisa kanggo obat.
Saben 100 gram jambu kluthuk kang wis mateng ngandhut 0,9 g protéin, 0,3 g lemak, 12,2 g karbohidrat, 14 mg kalsium, 28 mg fosfor, 1,1 mg besi, 25 SI vitamin A, 0,02 mg vitamin B1, 87 mg vitamin C, lan 86 g banyu, lan total kalori cacahé 49 kalori.
Jambu kluthuk uga duwé vitamin C luwih akèh katimbang jeruk kang mung 49 mg saben 100 g jeruk. Vitamin C ana ing kulit lan daging njaba kang empuk lan kandel.
Jambu kluthuk ngandhut vitamin C paling akèh nalika arep mateng. Vitamin C kang ana ing jambu kluthuk bisa nyukupi kabutuhan bocah kang umuré 13-20 taun ya iku kurang luwih 80-100 mg saben dina, utawa kabutuhan vitamin C wong tuwa kang cacahé 70-75 mg saben dina. Saben jambu klutuk kang aboté 275 gram saben jambu bisa nyukupi kabutuhan vitamin C 3 wong kang wis diwasa utawa bocah lara.

Jambu kluthuk akèh seraté, khususé pektin utawa serat kang bisa larut ing banyu.Pektin bisa ngedhunake kolésterol kanthi cara nglunturaké kolesterol lan asem empedu ing awak lan ngetokké saka awak. Saka panalitèn Singh Medical Hospital and Research Center Morrabad, India, nuduhaké yèn jambu kluthuk bisa ngedhunaké kolésterol total lan trigliserida lan tamba hipertènsi.

Tanin kang ana ing jambu kluthuk bisa kanggo nglancarakè pencernaan lan sirkulasi darah, lan kanggo maténi virus. Tanin iki kang ndadèkaké jambu kluthuk nduwé rasa sepet.
Kalium kang ana ing woh iki gunané supaya jantung bisa nduwé irama kang teratur, ngaktifake kontraksi otot, ngatur transportasi zat ing awak, lan ngurangi kadar kolésterol total lan nyegah hiperténsi. Mangan jambu kluthuk 0,5–1 kg/dina nganti 4 minggu, bisa ngurangi resiko serangan jantung nganti 16 persén.

Jambu kluthuk uga ngandhut zat likopén, yaiku zat karotenoid kang bisa dadi antioksidan saéngga bisa njaga awak saka kanker. Ing jambu kluthuk wiji abang, zat likopén iki akèh cacahé.
Godhong jambu kluthuk uga bisa kanggo obat, amarga godhongé duwé tanin, eugenol (lenga asiri), lenga lemak, damar, zat samak, triterpinoid, lan asem apfel. Wijiné jambu kluthuk ngandhut 14 persèn lengan atsiri, 15 persèn protéin, lan 13 persèn glepung.

Jambu kluthuk saged kanggo obat:

Glima breueh, glimeu beru, galiman, masiambu, biawas, jambu biawas, jambu batu (Sumatera); jambu klutuk, jambu krutuk, jhambu bhender, bayawas, tetokal, tokal (Jawa); jambu klutuk (Sunda); kojabas (Nusa Tenggara); kayawese (Maluku); fan shi liu gan (Cina).

Jambu wèr uga diarani jambu air.
Jeneng ilmiahe Syzygium aquaeum (Burm.f.) Alst, biyèn diarani Eugenia aquea Burm.f. [
Wit jambu wèr dhuwuré kira=kira 6-7 mèter.[ Jambu wèr duwé wit kang pang-pangé lunyu, godhongé gedhé lan dawa. [ kembangé warna abang coklat lan gedhé.[ Woh kang wis mateng ukuran lan wernané béda-béda.[ Ana kang nduwé wiji, lan ana kang tanpa wiji.[ Rasane uga ana sing kecut, legi, lan rada sepet.[

Jambu wèr asalé saka Indo-Cina lan Indonésia.[ Jambu wèr lumrahé dadi tuwuhan ing latar omah.[ Jambu iki urip nyebar ing tlatah Indonésia.[
Lumrahé urip ing laladan kang dhuwuré 300 m dpl.[ Jambu wèr ditengkaraké kanthi wijiné lan cara cangkok.[ Yèn nganggo wiji lumrahé bakal suwé wetuné woh, lan lumrahé padha nganggo cangkok kanggo nangkaraké jambu wér.[ Kanthi cangkok, jambu wèr bisa thukul nganti 5-6 mèter lan woh sawisé 3-4 taun.[ Jambu wèr ngembang setaun kaping pindho, yaiku sasi Juli lan Agustus, saéngga wohé bisa dipanèn ing sasi September-Novèmber.[ Woh kang wis mateng bisa kanggo buah sawisé mangan, uga kena kanggo asinan.[ Ing Jakarta laladan kang diarani punjer jambu wèr yaiku laladan Pasar Minggu.

Jeneng liya jambu wèr ya iku jambu ayer mawar (Malaysia), jambu aie (Min.), jambu cai (Sd.), jambu wer (Jw.), jhambhu wir (Md.), nyambu er (Bl.), kumpas, kumpasa, kombas, kembes (basa-basa di Sulut), jambu jene, jambu salo (Sulsel), jambu waelo, kuputol waelo, lutune waele, kopo olo (Seram, jambu kancing (Ind.), kultivar kang wohé cilik-cilik.

Ing nagara liya, jambu iki jenengé machom phupa atau chomphu pa (Thai), tambis (Fil.), bell fruit, water apple (Ingg.) dan lain-lain.

Jambu bol utawa jambu dersana kalebu tuwuhan taunan kang asalé saka kawasan Indo-Cina, Malaysia, Filipina lan Indonésia. ing Indonésia jambu bol akèh-akéhé urip ing Pulo Jawa.
 

Kingdom: Plantae (Tumbuhan)
Subkingdom: Tracheobionta (Tumbuhan berpembuluh)
Super Divisi: Spermatophyta (Menghasilkan biji)
Divisi: Magnoliophyta (Tumbuhan berbunga)
Kelas: Magnoliopsida (berkeping dua / dikotil)
Sub Kelas: Rosidae
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae (suku jambu-jambuan)
Genus: Syzygium
Spesies: Syzygium malaccense

Jambu bangkok ya iku jambu kluthuk kang gedhé ukurané. Ing Medan jambu iki lumrahé digawé manisan. Manisan jambu bangkok dadi olèh-olèh kang paling disenengi. Manisan jambu bangkok wernané ijo padang, rasané seger, apamaneh yeng dipangan karo bumbu rujak.
Sadurungé digawé manisan, jambu bangkok diocèki lan wijiné dibuwang. Sawisé iku banjur dikethok-kethok lan dikum ing banyu suji supaya warnané katon seger. Sawisé iku banjur di wénèhi bumbu rujak.




#Article 90: Jeruk (803 words)


Jeruk iku tetuwuhan perdu tropis lan subtropis sing ngasilaké woh sing jenengé padha. Woh jeruk iku bunder. Kulité ana sing ijo, ana sing kuning. Rasané ana sing kecut, ana sing legi.
Jeruk iku kalebu pala gumantung, ya iku wit-witan kang gumandhul ana ing dhuwur wit.

Jeruk keprok bisa dadi tonik kanggo jantung. Jeruk keprok nduwé senyawa kang bisa ngurangi tumpukan lemak kang bisa njalari serangan jantung.
Jeruk keprok bisa dadi ombénan kang seger banget. Jeruk keprok bisa digawé jus lan wedang jeruk. Ora mung seger, nanging jeruk keprok uga bisa kanggo nyegah serangan jantung kang mbebayani.

Salah sijining panalitèn kang jenenge Daily Mail njléntréhaké yèn woh jeruk keprok utawa Citrus reticulata uga bisa ncegah lelara liyané, kaya ta diabétes, stroke lan kanggo penderita obésitas. Jeruk keprok uga bisa nglunturaké lemak.
Jeruk keprok ngandhut nobiletin, ya iku pigmén utawa zat warna kang tinemu ing kulit jeruk keprok. Jeruk iki uga duwé tangeritin, ya iku senyawa antikanker.
Tangeritin kalebu senyawa methoxyflavone kang nduwé poténsi agén antikanker.
Peneliti saka University of Western Ontario, Kanada, njléntréhaké yèn tikus kang diwénéhi nobiletin bisa njaga awaké saka obesitas.
Panelitén Dr Huff's nemu flavonoid, naringenin, ing jeruk bali kang uga bisa nyegah obesitas lan sindrom metabolik. Nanging flavonoid jeruk keprok luwih akèh tinimbang kang ana ing jeruk bali.

Jeruk Keprok utawa Citrus Nobilis Lour urip ing laladan tropis lan subtropis. Jeruk iki populer ing masarakat. Yèn wis mateng rasané legi, sak liyané énak dipangan, kulit jeruk keprok uga bisa nyegah kanker.

Zat Kimia kang ana ing jeruk keprok:

Kanggo njaga daya tahan awak, nyegah kanker, obat infeksi firal, obat kolésterol lan hiperténsi, nguatke lan bisa kanggo gizi paru-paru, njaga limfa, tamba watuk lan ngetokaké riak.

Jeruk Purut duwé jeneng latin Citrus hystrix D.C. utawa C. paeda Miq.
Jeruk purut kalebu familia rutaceae.
Jeruk purut akèh urip ing pekarangan omah utawa ing kebon. Godhongé kalebu godhong majemuk kang nyirip lan duwé anakan godhong siji.

Wujud godhongé bulat telur nganti lonjong, pangkal godhongé bunder utawa tumpul, pucuk godhongé lincip lan beringgit, dawané 8-15 cm, ambané 2-6 cm, godhongé lunyu lan ana bintil-bintil cilik kang wernané bening. Godhong pérangan ndhuwur wernané ijo tuwa rada keling-keling, déné godhong pérangan ngisor wernané ijo nom utawa ijo rada kuning, burem. Yèn diremes godhongé ambuné wangi.

Kembangé duwé wujud kaya bintang, wernané putih rada abang utawa putih rada kuning. Jeruk purut dhapuré bulat telur, kulité ijo ana kerut-kerutane, lan mrenthel-mrenthel. Jeruk purut rasané kecut rada pait, lumrahé kanggo masak, nggawé jajanan utawa manisan. Cangkok lan wiji dadi cara paling apik kanggo nangkaraké jeruk purut.

Sumatera: unte mukur, u. pangir (Batak), lemau purut, l. sarakan Lampung), lemao puruik (Minangkabau), dema kafalo (Nias). Jawa: limau purut, jeruk wangi, jeruk purut (Sunda, Jawa). Bali: jeruk linglang, jeruk purut.Flores: mude matang busur, mude nelu. Sulawesi: ahusi lepea (Seram), lemo puru (Bragi.s). Maluku: Munte kereng (Alf'uru), usi ela (Amhoh), lemo jobatai, wama faleela (Halmahera). NAMA ASING Kaffir lime leaf and zest (I), bai magrut (T), Kabuyao, percupin orange, citron combara. NAMA SIMPLISIA Citri hystricis Folium (daun jeruk purut), Citri hystricis Pericaipium (kulit buah jeruk purut).

Jeruk bali akèh manfaate tumrap kasehatan. Jeruk bali ngandhut pektin luwih akèh tinimbang jeruk liyané.Pektin iki bisa ngurangi kolésterol lan uga bisa ngurangi risiko lelara jantung.
Rasane kecut legi lan wujudé bunder, ukurané luwih gedhé tinimbang jeruk liyané. Kulit jeruk bali lumrahé kanggo nggawé dolanan mobil-mobilan. Nanging dolanan iki lumrahé mung kanggo bocah sing urip ing désa. Daging jeruk bali ambune seger Lan ngandhut akèh banyu. Jeruk iki bisa dipangan langsung sawisé dionceki utawa kanggo campuran salad lan rujak.

Daging putih kang ana ing antarané kulit njaba lan woh kang ana banyuné, bisa digawé manisan. Daging putih iki duwé klanjer lenga. Ing Vietnam kembang jeruk bali kang wangi dienggo nggawe farfum. Kayu jeruk bali uga kanggo nggawe piranti dapur.

Para panaliti saka Universitas Jagiellonian Polen njléntréhaké yèn jeruk bali ngandhut antibaktéri lan antioksidan kang bisa nenangaké sistem getah weteng. Dr Thomas Brzozowski ketuwa panaliti nyaranaké supaya wong kang nandang lelara tukak lambung mangan jeruk bali sajeroning diet.

Jeruk bali uga bisa kanggo kaséhatan jantung lan lambung. Jeruk bali duwé kadar vitamin C kang akèh. Saéngga apik kanggo kaséhatan gusi. Para panaliti ing Universitas Friedrich Schiller, Jerman duwé panemu yèn ana korélasi antarané kaséhatan gusi karo mangan jeruk bali.

Jeruk bali bisa nambani diabétés. Naringenin, antioksidan kang dadi sumber rasa pait ing jeruk bali bisa dadi obat kanggo nambani diabetes tipe 2.
Penyakit diabetes disebabaké amarga awak ora bisa nggawé hormon insulin kang cukup kanggo ngatur gula darah. Naringenin mbiyantu ngundhakaké produksi insulin ing awak. Saliyané iku, naringenin uga mbiyantu ncegah lelara obésitas.

Jeruk bisa diolah dadi sirup jeruk, sari buah kang dhapuré serbuk, kanggo nggawé sambel kaya ta jeruk limau (Citrus amblycarpa)kang akèh dibudidayakake ing laladan Majalengka, Jawa Barat.
Jeruk uga bisa digawé puding jeruk, jus jeruk, lan kulit jeruk bali bisa digawé manisan kang legi rasané.




#Article 91: Asmaradana (112 words)


Asmaradana utawa Asmarandana iku siji jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana lumrahé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk saka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka iku, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.

Pupuh bisa 'asmaradana' digandhèngaké karo Smaradahana. Iki jenengé kakawin.

Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).

Gegaraning wong akrami 
Dudu bandha dudu rupa 
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan 
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung 
Tan kena tinumbas arta

Aja turu soré kaki 
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isiné donga tetulak
Sandhang kelawan pangan 
Ya iku bagéyanipun
wong melek sabar narima




#Article 92: Basa walikan Ngayogyakarta (104 words)


Basa Jawa walikan Yogya iku basa prokem sing asring dipigunaake dadi basa pasrawungan déning para mudha ing kutha Ngayogyakarta Hadiningrat. Basa iki muncul sakiwa-tengené akir taun 1990-an. Sing nganggo  basa iki, sapisan kudu apal ha na ca ra ka. Yèn ora, bakal nemoni kangelan.

     |-----|
 |-----|

Tembung: Ora  Walikane dadi: Poya

o ing Jawa kuna ana ing kolom I no.1 (ha), mlumpati da dadi po
ra ing Jawa kuna ana ing kolom IV no.1, mlumpati wa dadi ya.

Mas walikane dadi Dab.
Duwit walikane dadi mothig
Mas, ora ana duit = Dab, poya padha mothig.

Cahe(saka bocahe) dhéwé       = Jape methe.

Dagadu            = matamu




#Article 93: Islam (504 words)


Islam (Arab: الإسلام, Carakan: ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀) iku agama kang paling akèh kang ngugemi ing Tanah Jawa. Olèhé Islam sumebar kondhang nalika ing mangsa Walisanga, ya iku wali agama kang cacahé sanga. Tembung wali tegesé 'wakil'. Ing bab iki, tegesé wakilé Allah. Undhaké Islam laras karo sudané Indhu ing Jawa. Mangkonoa, agama Indhu isih akèh kang ngugemi ing Pulo Bali.

Salah siji  karaton Islam ing Tanah Jawa kang kasil ngetrapke ajaran-ajaran Islam ya iku kraton Demak Bintara.

Ing basa Arab, Islam duwé arti pasrah awak lan uga sawijining Din (agama) kang tegesé pranatan utawa sistem (QS 3:83). Yèn dirunut asal-usule, tembung iki katedhak saka tembung kang padha karo salãm kang tegesé santosa (damai) lan asring dienggo ing panyapan bebrayan.

Wong kang sinebut muslim (wong kang ngenut agama Islam) iku wiwitane kudu percaya marang rong prakara, ya iku: nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan percaya yèn Muhammad dadi caraka (utusan) Allah ing bumi kang pungkasan. Pranyatan iki kanthi nyebut kalimat sahadat ya iku asyhadu an laa ilaha illa-llahu wa asyhadu anna muhammada-r-rasulu-llahi (أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ) kang tegesé aku nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan Nabi Muhammmad iku utusane Allah. Kabèh wong Islam kudu mangerteni lan netepi apa kang dikandut ana ing kalimat sahadat kang wis di ucapake mau.

Para ulama ngukuhaké yèn saben muslim kudu ngugemi 5 azas kang sinebut rukun Islam:

Muslim uga kudu percaya marang 6 prakara kang sinebut 6 Rukun Iman

Tembung tauhid iku asalé saka basa arab توحيد ateges nyawijèkaké. Ana ing bab aqidah Islam tauhid duwé teges nyawijèkaké Allah ana ing sak kabehe lelaku ngibadah. Para Ulama mbagi tauhid dadi telung warna ya iku: tauhid rububiyah, tauhid uluhiyah, lan tauhid asma wa sipat.

Muslim kudu percaya yèn Kuran iku pucuk lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki didunake marang Muhammad kanthi caraka Malaékat Jibril. Yèn dirunut saka ngèlmu basa, Kuran iku tegesé wewacan utawa kang diwaca bola-bali. Ukara iki saka qara'a kang tegesé maca. Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.

Wektu iki dikira-kira ana watara 1.250 yuta nganti 1,4 milyar umat Muslim kang kasebar ing saindhenging donya. Saka gunggung iku watara 18% urip ing nagara-nagara Arab, 20% ing Afrika, 20% ing Asia Kidul-Wétan, 30% ing Asia Kidul ya iku Pakistan, India lan Bangladesh. Populasi Muslim gedhé dhéwé ing sawijing nagara antarané ing Indonésia. Populasi Muslim uga bisa tinemu kanthi gunggung kang signifikan ya iku ing Tiongkok, Amérikah Sarékat, Éropah, Asia Tengah, lan Ruslan.

Tuwuhing wong Muslim diprecaya nganti 2,9% per taun, déné tuwuhing kang ndunungi donya mung ngancik 2,3%. Angka iki ndadèkaké Islam minangka agama kanthi patuwuhan panganut kang kagolong rikat ing donya.. Sawetara panemu ngubungaké tuwuhing Islam iki karo dhuwuring angka klairan ing racaké nagara Islam (enem saka sepuluh nagara ing donya kanhi angka klairan paling dhuwur ing donya ya iku nagara kanthi mayoritas kang ndunungi Muslim . Nanging durung suwé iki, sawijining studi demografi wis nyatakaké yèn angka klairan nagara Muslim mudhun nganti  tingkat padha karo nagara Kulon.




#Article 94: Pananggalan Jawa (813 words)


Pananggalan Jawa utawa Kaléndher Jawa iku diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya pananggalan Islam. Pananggalan liya ana kang dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé pananggalan dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki dhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April ya iku pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) ya iku ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga dikukuhaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Pananggalan Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi ya iku didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Pananggalan Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo pananggalan Pranata mangsa lan pananggalan Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah utawa tanggal 8 Juli 1633, pananggalan Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo pananggalan Hijriyah (Pananggalan Islam).

Cacahing dina ing pananggalan Jawa (Saptawara) uga ana pitu kaya déné ing pananggalan Masèhi lan Hijriyah, mung pocapan lan cara panulisé waé kang rada béda, ya iku Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Sajeroning petungan Jawa, saben dina duwé sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudhana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.

Arané dina ana ing pananggalan Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya mau ing tabel ngisor iki:

Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawatara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.. Dina mulya cacahé ana lima, ya iku:

Saliyané dina, ing pananggalan Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima ya iku Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, ya iku Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara ya iku seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa warna-warna kaanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:

Cacahing wulan ana ing pananggalan Jawa iku ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo pananggalan Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo pananggalan Masehi, saben taun ana gèsèh watara 11 dina.

Umur saben sasi (wulan) ing pananggalan Jawa béda-béda, ya iku ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina. Golongan kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), golongan kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné golongan katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:

Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata sajeroning siklus wolung taunan kang ingaran windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, ya iku: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.

Ana sawatara ciri wigati sajeroning pranatan taun Jawa, ya iku: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kaya déné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan kagunan lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kaya déné pananggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ngibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik ya iku yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.

Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang mau ing ngisor iki:

Kurup iku wektu kang lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antarané:

Miturut pétungan pananggalan Jawa, tanggal 15 Fèbruari 2010 iku tiba dina Senèn Wagé, tanggal 1 Mulud 1943 taun Dal. Kurup: Asapon (1936-2052), windu: Kuntara, lambang windu: Kulawu, lambang taun: Sukra Mangkara Kumarané rupa Mina Wiranggas, paarasan: Lakuning geni, pancasuda: Segara Wasèsa, kamarokan: Satriya Pinayungan, watek sasi:Anggara kasih, watak dina: Bangas Padéwan. Mangsa: Kawolu (VIII Wisaka)(3-29 Fèbruari), wuku: Dhukut, lintang:Arab, padangon: Wogan, padéwan: Éndra, dina:Soma, paringkelan: Mawulu, pasaran: Wagé, lambang dina: jaran.




#Article 95: Sengkalan (336 words)


Candrasangkala (aksara Jawa: ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦱꦁꦏꦭ) utawa Sengkalan (aksara Jawa: ꦱꦼꦁꦏꦭꦤ꧀) iku cara nulis taun kang disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kadadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yèn diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400.  Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala ya iku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané taun saka, ya iku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, ya iku unèn-unèn kang duwé teges angkaning taun.
Ing jaman biyèn kang kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana kang migunakaké taun rembulan utawa taun candra, ya iku pétungan kang sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”.
Sengkala kang dhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Miturut wujudé, sengkalan iku ana rong warna ya iku:

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, ya iku:

Yèn arep gawé ukara sengkalan:

Maca sengkalan padha karo maca ukara racaké, nanging angka kang kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaca saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegesé, angka saka ukara kang keri saka sengkalan mau dadi angka taun kang ngarep dhéwé, kosok baline angka kang kinandhut ing tembung sapisan, umpamané saka sengkalan nalika yasane Buta Cakil kang unine: tangan taksa satataning tanma. Jarwane Tangan: 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma: 1, dadi diwaca taun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi.

Sengkalan lumrahé digunakaké kanggo awxh katrangan tahun panulisan ing wiwitan utawa pungkasan buku/babad. Kasisipaké ing larikan tembang macapat mula pilihan uniné sengkalan uga kalarasaké karo guru gatra-guru wilangané tembang.

Conto sengkalan saka babad ing museum Reksapustaka Pura Mangkunegaran Surakarta :

Déné sengkalan memet bisa rupa gambar utawa barang kang ngemu sengkalan, umpané ing Bangsal Kamandhungan Kraton Surakarta ana tetenger rupa lulang sapi siji ngemu sengkalan taun 1708.




#Article 96: Lir Ilir (144 words)


Tembang Lir-ilir punika tembang dolanan laré-laré alit jaman kawuri lan miturut cariyosipun simbah-simbah ingkang nganggit inggih punika kanjeng Sunan Bonang. Tembang punika ngandhut falsafah agami ingkang lebet, ingkang maringi pepadhang dhumateng bebrayan agung ing tanah Jawi kala samanten, amrih sageda ngugemi dhawuhipun Gusti ingkang Maha Welas Asih marang sedanten umatipun.

Lir ilir, lir ilir, 
tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo 
tak sengguh temantèn anyar

Cah angon, cah angon, 
pènèkno blimbing iku
Lunyu lunyu yo pènèken 
kanggo mbasuh dodotiro

dodotiro, dodotiro, 
kumitir bedhah ing pinggir 
Dondomono jlumatono 
kanggo séba mengko soré

mumpung padhang rembulané, 
mumpung jembar kalangané.
yo surak o surak hiyo.

Maknanipun pada satunggal inggih punika:
Minangka tiyang Islam ampun ngantos kesed anggènipun nuwuhaken iman dhumateng Allah ingkang kagambaraken kanthi tetuwuhan ingkang tuwuh saé. Tiyang Islam punika kedah nuwuhaken tetuwuhan kala wau ngantos ageng satemah pikantuk karaharjan saha saged minulya kados raharjaning penganten énggal.




#Article 97: Beksan Jawa (148 words)


Seni Jogèd Jawa iku awujud seni jogèd kang adi luhung, sakral lan relijius. Jogèd Jawa akèh jinisé, ing antarané Srimpi, Bedhaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda, Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Mligi ing Mangkunagaran mau Jogèd Langendriyan, kang njupuk saka carita Damarwulan.

Jogèd kang kawentar ing Kraton Sala antawisipun Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut Kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta jogèd Bedhaya Ketawang iku panjenengané Sultan Agung (1613-1645) ratu kapisan krajan Mataram.  Jogèd Bedhaya Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sapisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.

Kaistiméwan Jogèd Bedhaya Ketawang:

Sajeroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup jogèd banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé iku iring-iringan mlebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané  Sinuhun.

Saliyanén jogèd kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké jogèd liya kaya ta Jogèd Srimpi, ya iku jogèd kang nggambaraké perang tanding loro satriya.




#Article 98: Dhakon (191 words)


Dhakon, utawa congklak, iku dolanan kang nganggo piranti kayu, bisa uga saka tembaga utawa plastik kang luwih sedherhana, kang didèkèki ing lemah. Ing kana, isa dilegoki pitu, sanga, utawa sewelas legokan, lan digawé rong larik, terus ing pucuk kiwa tengen dhèwè-dhèwè panganggé ana legokan gedhè loro. Saliyané iku, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahé pitu, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, sangang legokan 9x9x2=162, yèn sewelas legokan 11x11x2=242.

Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku olèh panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni barang dhèwèké. Dadi, ing dolanan dhakon iku ancasé ngakoni barang duwèké dhéwé.
Tumrap masarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing taun 1970-an, dhakon pancèn wis ora asing.  Dhakon kayu awujud ukiran akèh tinemu ing kraton. Pancèn, dolanan dhakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mliginé ing lingkungan kraton. Éman, déné bocah-bocah saiki wis akèh kang ora tepung lan kulina dolanan dhakon.

Ing Malaysia, dolanan iki kondhang kanthi jeneng congkak lan istilah iki uga dikenal ing sawatara tlatah ing Sumatra kanthi kabudayan Melayu. Saliyané iku, ing Lampung, dolanan iki kondhang kanthi jenneng dentuman lamban déné ing Sulawesi kondhang kanthi jeneng mokaotan, maggaleceng, aggalacang lan nogarata. Jeroning basa Inggris, dolanan iki karan mancala.




#Article 99: Candhi Barabudhur (362 words)


Candhi Barabudhur utawa candhi Marabuda (Jawa: ꦕꦟ꧀ꦝꦶꦧꦫꦧꦸꦝꦸꦂ; ) iku candhi Buda Mahayana abad ping 9 kang kapernah ing Magelang, Jawa Tengah, Indonésia. Candhi iki minangka candhi Buda gedhé dhéwé sajagat, uga éwoning yasan Buda magrong ing jagat. Candhi iki dumadi saka sangang tataran, enem wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing puseré. Candhi iki direnggani panèl rèlièf cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup puseré kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 kang padha dipapanaké ing njero stupa-stupa kang bolong-bolong.

Diyasa nalika abad ping 9 rikala panguwasané Wangsa Sailendra, candhi iki acakrik yasan Buda Jawa, kang nyamboraké kapitayan asli Indonésia kang memuja leluhur lan ajaran Buda bab nggayuh Nirwana. Candhi iki nuduhaké anané pangaribawané kagunan Gupta kang dadi titikan anané pangaribawané bangsa Indhu ing laladan enggonan kono, sanajan uga nuduhaké anané rupa-rupa adegan rèlièf asli enggonan kono kang njalari Barabudhur mono mirunggan asli Indonésia. Yasan iki minangka papan pamujan marang Gusti Buda uga papan tirakaté wong-wong Buda. Ngayahi tirakat, lakuné diwiwiti saka pérangan dhasar candhi kanthi mlaku ngubengi yasan candhi tumuli munggah menyang pucuking candhi ngliwati telung tataran simbulis ing kosmologi Buda: Kāmadhātu (jagating pepénginan), Rupadhatu (jagating wujud/dumadi), lan Arupadhatu (jagating nirwujud). Ing yasan Barabudhur, wong kang teka bisa ngliwati undhak-undhakan kang akèh cacahé lan lurung-lurung kang témbok-témbok lan langkan-langkané ana panèlé rèlièf cacah 1.460 kang mawujud carita. Rèlièf-rèlièf Buda ing Barabudhur dadi kumpulan rèlièf Buda kang gedhé lan pepak dhéwé sajagat.

Ana bukti kang nyethakaké yèn Barabudhur mono diyasa ing abad ping 9, banjur dilirwakaké sabubrahé karajan-karajan Indhu ing Jawa nalika abad ping 14 lan sasaliné agamané wong-wong Jawa dadi Islam. Wong-wong sajagat padha weruh anané Barabudhur amarga pawartané Sir Thomas Stamford Raffles ing taun 1814 kang kala samana minangka panguwasa Britis ing Jawa, kang dituduhi wong enggonan kono bab pernahé candhi iki. Kawit iku, Barabudhur dirumat ambal-ambalan lumantar sawenèh tumindak pamulihan. Tumindak pamulihan gedhé dhéwé diayahi antarané taun 1975 lan 1982 déning pamaréntah Indonésia lan UNESCO, sawisé yasan candhiné dikepyakaké minangka Situs Warisan Donya UNESCO.

Tekan sapréné, Barabudhur isih dadi papan tirakat; saben tauné, wong-wong Buda ing Indonésia ngrayakaké Wésak ing candhi iki, lan Barabudhur mono dadi papan wisata saka Indonésia siji-sijiné kang akèh dhéwé wisatawané.




#Article 100: Dhialèk Pekalongan (715 words)


Dhialèk Pekalongan kalebu dialek2 Jawa kang dipituturake ing pasisir lor tanah jawa tlatah Jawa Tengah mligi ing Kotamadya/Kab. Pekalongan.

Sanadyan ana ing Jawa Tengah dhialèk Pekalongan bedo karo laladan pasisir jawa liyané, upamané Tegal, Weleri/Kendhal, Semarang.

Ana ing abad 15-17, wewengkon Pekalongan kalebu laladan praja Mataram. Awal mulane basa Pekalongan ora rubeda karo basa Jawi kang dipiguanaake ing tlatah projo Mataram, para nara praja Mataram ana kang cumondok lan nyawiji ana ing tlatah Pekalongan. Basa lan dhialek kang dipigunaake uga saka basa jawa mataraman. Nanging ana sakteruse jaman basa basa Jawa mligi dhialèk Pekalongan wiwit katon ana bedhane kasebab ana gegayutane karo budaya lan sesambunganing liyan. Basa/Dhialèk Pekalongan baku jaman semana mau wis ora dianggo manèh ana ing dhialèk Pekalongan jaman saiki.
Conto ukara basa baku Pekalongan bisa ana rubeda karo basa jawa mataram ,jaman biyèn kang dadi dhialek tembang dolanan ;

Uga ukara2 ana ing tetembangan dolanan sintrenjogèd kas pekalongan bisa dadi conto:

dhialek ana ing dhuwur mau wis arang dienggo ing jaman saiki..

Jaman saiki akèh para piyayi Pekalongan kang duwé pakaryan dadi Juragan Batik, tenun lan Tekstil lan anané pesantren, anané kanca saka manca, arab,cino lan liyané tansah migunakke dhialèk kang biso dimangerteni déning piyayi pekalongan dewe. Anane para juragan, pedagang uga para warigaluh ana tlatah kutha lan pinggiran minangka basa/dhialèk dipigunakake kanggone saben dinane.

Ujud dhialèk Pekalongan kalebu basa antara kang dipigunakake antara tlatah Tegal (sisih kulon) ,Weleri (sisih wétan) lan laladan Peg. Kendeng (sisih kidul).
kalebu basa kang prasaja nanging komunikatif lan bisa gampang disianoni lan dipigunaake.

Mulo kanggone para piyayi Jogya/solo dhialèk kalebu nerak karo paugeran tata basa jawa kang baku lan angèl dimangerteni. Kanggone piyayi Tegal kalebu dhialèk kang padha derajate nanging angèl dimangerteni bebasan sinigar padha rupané jiniwit  béda rasané.lamun wayang iku wujudé Kresna lan Harjuna.

Dhialèk Tegal akèh nganggo istilah: Bae, nyong, manjing, koyo kuwe,..
kanthi diucapake medhok, ateges kandel ing pangucap. semana uga dhialèk Pekalongan padha nanging diucapake ora kanthi medhok (kanthi datar ing pangucap).Tegesé ana ing dhialèk Pekalongan kosakata mau dipigunaake lan padha tegesé.

Contone dhialek Pekalongan racaké nganggo tengoro pangucap:Si,Pak,nyong, Ra,Po'o,Ha'ah pok, lha, Ye Be .

anané kosakata:

lan sish akèh liyané..

ana conto manèh bab dhialek kang kalebu kasar ing pangucap lan tegesé, nanging dhialek mau dipigunakake marang kekancan kang wis akrab mula ora aklebu ing ati, kosakata iki aja ngati di ucapake marang sapa waé kang durung srawung kanthi akrab, bisa marakke nesu kanggone liyan.

conto ;

diucapake ora kanthi nesu nanging guyon.
Uga bisa dienggo rikala piyayi mau lagi lan dadi nesune.

ana manèh kosakata kang uga kalebu saru anggoné liyan nanging di pigunaake amarga wis ngerti penggalih lan tujuane ,
upama ;

  
kang dadi sipat ;

  
Bab istilah liyané ;

 
liyané kang kalebu medheni,racaké kanggo medhéni bocah kang nakal, upama ;

Cedak budayane wong Pekalongan karo budaya Arab lan Cina nambahi kosakata lan dhialèk ing Pekalongan, upamané:

Ukara kang di ucapake kanca-kanca arab kang wing nyawiji ing pekalongan nganggo basa jawa ,

 (Lha Ya pancene sobirin iku bahlul/edan ,bakhil/medhit njur arep diapakke ??)

Biyasa-ne para keturunan cina racaké uga dicampu nganggo basa Indonésia, upamané:

Ing nduwur Iku kabèh dhialèk ana ing njero kutha Pekalongan. Rada minggir saka tlatah kutha,sisih kidul lan kulon ana  béda-ne sithik..anggoné pangucap. Akèh huruf vokal/konsonan kang diucapake kanthi medhok..kanthi tambahan.

conto: Wis ho, nyong pak bhelhi ndikik (Wis yoo, aku arep mulih disik).

Ujud dhialèk ing mduwur mau dipigunaake ana ing tlatah Batang (ing sisih wétan),Pemalang/Wiradésa(ing Sisih Kulon),Buaran ,Pekajangan, Bandar/Kajen (ing sisih kidul).. sisih Lor ora nganggo sebab-e...nJegur segoro..

Dhialek Pekalongan iki bakal maju kaering maju lan sampurnaning jaman lan teknologi.
Akah-e para manca kang cumondok ana ing pekalongan, anané médhia lan télévisi.

Para mudha lan para alim ulama uga umara uga para sarjana Pekalongan kang uga sesrawungane wong pekalongan marang liyan bakal ndadeaki dhialek Pekalongan dadi luwih lan endahe. Anane wong Pekalongan kang uga lunga lan urip bebrayan ana ing manca nagari, bakal ndadeake dhialek Pekalongan uga mèlu sumebar ana ing donya iki.

Dhialek Pekalongan kang diwiwiti saka dhialek basa Jawa saka Kasultanan Mataram, nganti saiki lan ing tembe, bakal mènèhi warna ana ing khasanah Basa Jawa.uga kanggone suku jawa lan bangsa indonesia..

Dhialek Pekalongan kajaba dadi duwékke wong Pekalongan uga dadi duwékke Wong Jawa ing endi waé.. ing tembe bakal ndirgantara sak inggenging bawana...

semene disik...
mengko yèn ana tambahane ditulis manèh.., nuwun.




#Article 101: Dhialèk Semarangan (247 words)


Basa Jawa Semarang utawa carabasa Semarang iku lumrahe ora béda karo carabasa ing tlatah Jawa liyané.
Semarang kalebu tlatah pasisir Jawa sisih lor. Mula, ora béda karo carabasa ing tlatah Jogya, Sala, Bayalali lan Salatiga. Nanging anané tlatah Semarang kang baucampur (Ind = hetetogen) saka ing pasisir (Pekalongan/Weleri,Kudus/Demak/Purwadadi) lan saka tlatah sisih kudul/pagunungan mujudaké carabasa kang nganggo basa ngoko, ngoko andhap lan madya ing Semarang ana ing jaman saiki.

Tembung :

Para piyantun Semarang uga seneng anggoné nyekak basa, umpamané :

Dadi umpamané Taman lele ora keno kacekak Tam-lel
 uga  Gedhung Batu ora kena dadi Ge-bat , umpamané.

Nanging ana uga ukara-ukara kang kacekak, umpamané;

Jaman ndhisik tumpakan omprèngan lumrah nganggo mobil merêk Colt,
mau kol mula sawisé diganti Toyota Kijang dadi Kijang-kol,
Apa tumon dadi mercy-kol...

Anané para warga utawa budaya kang baucampur saka Jawa, Cina, Arab, Pakistan, utawa Barata kang padha duwé watek tinarbuka sarta sumanak ing Semarang uga bakal nambahi tetembungan lan dhialèktik basa Semarang ing tembé mburi.

Nanging basa Jawa kang dipigunakaké tetep nganggo basa Jawa kang baku, padha karo ing tlatah Sala. Tegesé, upama priyayi Kudus, Pekalongan, Boyalali tindak ana ing kutha Semarang anggoné wawan rembag bakal tinemu gampang lan marikandha (Ind: komunikatif). Nanging, sing rada béda anggoné priyayi Semarang nggunakaké tembung mèh. Tumrapé wong Semarang, antarané mèh karo arep ora ana bédané, loro-loroné nganggo tembung mèh. Dadi yèn ing panggonan liya: Aku arep lunga, ing Semarang: Aku mèh lunga.

Tuladha liya:

Iwak = lawuh - lawuhé apa?, ing Semarang: iwaké apa?




#Article 102: Dhialèk Tegal (142 words)


Tegal kalebu tlatah Jawa tengah kang mepet ing sisih kulon.
anané Tegal kang ana ing pasisir jawa sisih lor, uga ing tlatah watesing jawa tengah lan jawa barat, andadekake dhialèk ana ing tegal béda karo tlatah liyané.Pangucap tembung lan ukara kanthi medhok.
ateges pangucaping tembung lan ukara2 kanthi anteb ing swara konsonan.
kaucap kanthi huruf konsonan rangkep.

Tembung Niki kémawon dados Iki bae lah. tembung bae kaucap Bbhae'..
dhialèk-dhialèk basa Tegal bènten kaliyan dhialèk Banyumasan lan Purwokerto. Basa Pekalongan uga kaucap datar.
Ing pangucapanipun, katiga basa punika sami, nanging wonten tembung-tembung ingkang bènten.Tiyang Tegal kathah migunakaken tembung Enyong,Bae,nDean, lah thok,ko lan sapanunggalanipun.

Tembung Kula boten ngertos dados  Enyong ora ngarti, tembung Mlebet datheng pundi? dados Manjing endi?. Tembung Kula boten lho dados Nyong ora ko.

dhialèk-dhialèk basa Tegal kathah diagem ing tlatah Tegal, Brebes, Losari, lan ing tlatah pasisir lor tanah Jawa.




#Article 103: Pangkur (183 words)


Pangkur iku tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Manawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab ingkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan.
Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antarané: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané.

Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora éntuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga déning para arkeolog, yèn mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajeg.

Yèn dideleng ing carita Kèn Arok utawa Kèn Angrok, ana désa kang dadi asalé Kèn Endok, ya iku désa Pangkur. Ing désa iki Kèn Arok nglakoni jaman ciliké.

Ana salah sijiné tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawé yèn ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng iku banjur digawa menyang kuburan.

Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)

(Serat Nayakawara)




#Article 104: Durèn (1310 words)


Durèn iku kalebu tuwuhan woh-wohan kang wujud wit. Sebutane durèn diprakirakaké saka istilah Malayu ya iku saka tembung duri kang diakhiri panambang-an saéngga dadi durèn. Tembung iki mligi kanggo nyebut woh kang kulite duwé eri kang lancip-lancip.

Wit durèn kalebu jinis famili Bombaceae, bangsane wit kapuk-kapukan. Sing umum ingaran durèn ya iku wit saka marga (gènus) Durio, Nesia, Lahia, Boschia, lan Coelostegia.

Tuwuhan durèn asalé saka alas Malaysia, Sumatra, lan Kalimantan. Panyebarane durèn menyang arah kulon ya iku ing Thailand, Birma, India, lan Pakistan. Woh durèn wiwit ngrembaka ing Asia Kidul-wétan kawit abad 7 M.

Ing Indonésia, wit durèn ana ing kabéh pelosok Pulo Jawa lan Sumatra. Ing Kalimantan lan Papua lumrahé ana ing alas, pinggir kali. Ing donya, wit durèn nyebar marang sakabéhane Asia Kidul-wétan, saka Sri Lanka, India sisih kidul nganti New Guenea. Durèn legi rasané.

Ana akèh jeneng lokal. Jeneng paling akèh tinemu ing Kalimantan, kang ngacu marang manéka variyetas lan spésies kang  béda. Durèn ing Sumatra ditepungi minangka durèn (padha karo basa Indonésia) lan duren (basa Gayo). Ing tlatah Jawa, durèn (basa Jawa, basa Batawi) lan kadu (basa Sundha). Ing Sulawesi, wong Manado nyebut woh iki minangka duriang, sauntara wong Toraja nyebut duliang. Ing Pulo Seram pérangan wétan ingaran rulen.

Wit taunan, ijo langgeng (pangguguran godhong ora gumantung mungsa) nanging ana wektu tinentu kanggo nuwuhaké godhong-godhong anyar (kalamangsa flushing utawa paronan) kang dumadi sawisé mangsa awoh rampung. Tuwuh dhuwur bisa nganti 25–50 m gumantung spésiyése, wit durèn asring duwé banir (oyot papan). Pepagan (kulit batang) awerna coklat semu abang, nglothok ora aturan. Tajuké rindhang lan renggang.

Godhong awangun jorong nganti lansét, 10-15(-17) cm × 3-4,5(-12,5) cm; manggon seling-seling; mawa tangké; pangkale lancip utawa tumpul lan pucuke lancip nglandhai; sisih ndhuwur warna ijo padhang, sisih ngisor katutup sisik-sisik warna pérak utawa kaemasan kanthi wulu-wulu lintang.

Kembang (uga wohé) muncul langsung saka batang (cauliflorous) utawa pang-pang kang tuwa ing pérangan pangkal (proximal), maklompok sajeroning karangan isi 3-10 kuntum awangun tukal utawa malai rata. Kuncup kembange mbunder, watara 2 cm diametere, mawa gagang dawa. Kelopak kembang wangun tabung sadawané lk. 3 cm, godhong kelopak tambahan kapecah dadi 2-3 cuping awangun bunder endhog. Makutha wangun sudip, kira-kira 2× dawané kelopak, cacahé 5 helai, wernané semu putih. Benang sariné akèh, kapérang dadi 5 dhompol; endhas putiké mbéntuk bongkol, kanthi gagang mawa wulu. Kembang muncul saka kuncup dorman, megar nalika wayah soré lan tahan nganti sapérangan dina. Nalika awan kembang nutup. Kembang iki nyebaraké aroma wangi kang asalé saka klanjer nektar ing pérangan pangkalé kanggo narik kawigatèn lawa minangka panyerbuk mligi. Kajian ing Malaysia nalika taun 1970-an nuduhaké yèn panyerbuk durèn ya iku lawa Eonycteris spelaea. Panlitèn taun 1996 luwih adoh nuduhaké yèn kéwan liya, kaya ta manuk madu Nectariniidae lan lebah mèlu uga sajeroning panyerbukan telung krabat durèn liyané.

Woh durèn duwé jinis kapsul wangun bulet, bulet endhog nganti lonjong, kanthi dawa tekan 25 cm lan diameter tekan 20 cm. Kulit wohé kandel, lumahané mawa pojok tajem (mawa eri, mula diarani durèn, sanajan iki dudu eri sajeroning pangertèn botani), awerna ijo semu kuning, semu coklat, nganti semu klawu.

Woh ngrembaka sawisé pambuahan lan merlokaké 4-6 sasi nganti mateng. Nalika mangsa pamatengan dumadi pasaingan antarwoh ing sawijining golongan, saéngga mung siji utawa sapérangan woh kang bakal mateng, lan sisané palastra. Woh bakal tiba dhéwé yèn wis mateng. Lumrahé bobot woh durèn bisa nganti 1,5 tekan 5 kilogram, saéngga kebon durèn dadi kawasan kang mbebayani nalika mangsa durèn. Yèn tiba ing sandhuwuré sirah sawijining wong, woh durèn bisa njalari tatu abot utawa malah pepati.

Saben woh duwé lima ruwang (awam ngarani kamar), kang nuduhaké akèhé godhong woh kang diduwèni. Saben ruwangan kaisi déning sapérangan wiji, lumrahé telung butir utawa luwih, lonjong tekan 4 cm dawané, lan wernané jambon semu coklat ngilap. Wiji kawungkus déning arilus (salut wiji, kang biyasa diarani daging woh durèn) awerna putih tekan kuning padhang kanthi kakandelan kang manéka variasiné, nanging ing kultivar unggul kakandelan arilus iki bisa tekan 3 cm. Wiji kanthi salut wiji sajeroning padagangan diarani ponggè. Pemuliaan durèn diarahaké kanggo ngasilaké wiji kang cilik kanthi salut wiji kang kandel, amarga salut wiji iki wujud pérangan kang dipangan. Sapérangan variétas unggul ngasilaké woh kanthi wiji kang ora ngrembaka nanging kanthi salut wiji kandel (diarani sukun).

Wit durèn cocogé ditandur ing lemah kang subur (lemah kang sugih unsur organiké). Lemah kang cocog kanggo durèn ya iku jinis lemah grumosol lan andosol. Lemah kang duwé titikan warnané ireng rada klawu, struktur lemahé kang lapisan ndhuwur ya iku lemah remukan, sisih lapisan sakngisoré awujud gumpalan, lan duwé daya serep banyu kang gedhé. Drajat keasamané lemah kang cocog kanggo durèn ya iku (pH) 5-7, kanthi pH optimum 6-6,5.

Wit durèn kalebu wit taunan kang duwé oyod jero, saéngga mbutuhaké banyu kang cukup. Dhuwuré ora éntuk punjul 800 m dpl. Nanging ana uga wit durèn kang cocog ditandhur ing panggonan kang dhuwur.

Panangkaran durèn ing désa-désa lumrahé kanthi migunakaké wiji. Panangkaran mawa wiji uga dilakokaké kanggo éntuk batang ngisor sajeroning panangkaran vegetatif. Wiji durèn asifat recalcitrant, mung bisa urip kanthi kadar banyu dhuwur (sandhuwuré 30% bobot) lan tanpa perlakuan tinentu mung bisa tahan seminggu sadurungé akiré embrioné mati. Kanthi mangkono wiji kudu énggal disemai sawisé wohé dibukak.

Wit durèn wiwit awoh sawisé 4-5 taun, nanging sajeroning budidaya bisa dicepetaké yèn migunakaké winih asil panangkaran vegetatif. Tèknik-tèhnik kang dipigunakaké ya iku pancangkokan (arang dilakokaké), panyusuan (arang dilakokaké), panyambungan sandhing (inarching), panyambungan celah (cleft grafting), utawa okulasi (budding). Tèknik kang pungkasan iki saiki kang paling akèh dilakokaké. Sapérangan penangkar saiki uga ngetrepaké panyambungan mikro (micrografting). Tèknik iki dilakokaké nalika batang ngisor isih enom umuré saéngga nambah rikat mangsa tunggu. Kacathet yèn durèn asil panangkaran vegetatif bisa ngembang sawisé 2-3 taun.

Durèn uga mungkinaké ditangkaraké kanthi in vitro (kultur jaringan).

Ama kang nyerang durèn ing antarané ya iku uler panggèrèk woh (gala-gala), uler panggèrèk kembang, lan kutu loncat durèn (ngisep cuwèran godhong enom).

Lelara utama durèn ya iku busok oyot lan batang Pythium complectens, mati bibit (uga déning patogèn kang padha), lelara blendok/kanker Phytophthora palmivora, lan jamur upas kang nyerang batang/pang.

Ing ngisor iki dhaftar variétas durèn (D. zibethinus) ing Indonésia:

Ing Malaysia, kultivar durèn unggul asil selèksi diwènèhi kodhe nomer kanthi abjad D ing ngarepé. Sapérangan ing antarané ya iku

Saliyané wohé kanggo panganan kang seger lan kanggo olahan liyané, pérangan liya saka durèn uga duwé paédah kanggo kauripan manungsa. Wit-witané bisa kanggo nyegah érosi ing lahan utawa lemah kang miring. Kayuné bisa kanggo bahan yasan utawa perkakas rumah tangga. Wijiné kang duwé kandhungan pati kang gedhé, duwé potènsi kanggo alternatip panganan. Sauntara kulité bisa dimupangataké kanggo awu gosok, carané dipépé nganti garing lan dibakar nganti remuk.

Dilapuraké, saka watara 27 jinis durèn ing alam donya, 18 jinis ing antarané thukul ing Kalimantan, 11 jinis ing Malaysia, lan 7 jinis ing Sumatra. Akèhé jinis durèn ing Kalimantan duwé gambaran manawa tlatah iki dadi sentra wigati utawa punjer kanggo panyebarané durèn. Ing Indonésia bisa tinemu jinis durèn kang pirang-pirang warna ana kang béda ing rasané, aromané, lan warna daging wohé (isiné), uga ana durèn kang ora ana wijiné.

Durèn kalebu komoditas woh-wohan kang duwé pangaji ékonomis ing pasaran. Indonésia ing taun 1985/1986 dilapuraké dadi nagara pangasil durèn paling akèh nomer loro sawisé Thailand, ya iku ngasilaké 200.000 ton. Nanging saiki Indonésia malah ngimpor woh-wohan saka Thailand, kalebu uga durèn. Masalah iki disebabaké amarga kualitas durèn Indonésia luwih cilik ketimbang durèn saka Thailand. Kamangka Indonésia, mligi Kalimantan iku dadi punjer panyebarané durèn.

Akeh panganan kang duwé bahan dhasar Durèn, kaya ta ager-ager rasa durèn, ès durèn nganti sop durèn. Sop durèn wis wiwit kondhang ing salah sawijining tlatah kaya ta Dhépok kan Jakarta. Ana salah sawijining warung ès kang nyepakaké sop durèn kanggo pelanggané. Sop durèn iku mau duwé peranganing jeni; ana sop duren ketan, sop duren klapa, sop duren roti, sop duren keju lan liya-liyané. Sop duren kang kondhang ing kutha Dhépok ana ing dalam Margondha. Regané sop durèn iku mau mung Rp 8.000,-nganti Rp 12.000,-. 




#Article 105: Natal (777 words)


Natal, saka basa Portugis kang tegesé wiyosan, iku dina riyadi umat Kristen. Ing dina iki kang mesthi tiba ing tanggal 25 Dhésèmber, wiyosané Gusti Yesus di-èngeti. Sanadyan para nimpuna saiki iki sarujuk yèn Gusti Yesus bokmanawa sajatiné ora miyos ing dina iki, dina wiyosané tetep dirayakaké ing tanggal iki. Iki dibuktèkaké kanthi carita anané para pangon kang lagi angon kéwané. Ing wulan Dhésèmber-Januari, ing laladan Wétan Tengah iku usum adhem, saéngga mokal banget kanggo angon kéwan ing wektu-wektu iku.

Sajeroning tradhisi kulon, pèngetan Natal uga ngandhut aspèk non-agamawi. Sapérangan gedhé tradhisi Natal asalé saka tradhisi pra-Kristen kulon kang diserep sajeroning tradhisi Kristiani. Kajaba iku, pèngetan Natal sajeroning tradhisi kulon (kang saya madonya) ditengeri kanthi ijolan bebungah antarané kanca lan anggota kulawarga sarta tekané Santa Claus utawa Sinterklas.

Ing nagara-nagara kang nganggo basa Arab, dina riyaya iki diarani Idul Milad.

Pèngetan dina wiyosan Yesus ora tau dadi préntah Kristus kanggo ditindakaké. Carita saka Prajanjian Anyar ora tau nyebutaké anané riyaya dina wiyosan Yesus dilalokaké déning gréja awal.

Wis bisa dipesthèkaké tanggal 25 Dhésèmber dudu tanggal wiyosané Yesus. Perkara iki dipesthèkaké dhedhasar kasunyatan yèn ing wengi mau para pangon isih njaga wedhusé ing pasuketan. (Lukas 2:8). Nalika wulan Désèmber ora mungel para pangon isih bisa angon wedhus-wedhusé ing pasuketan amarga ing wektu iku wis wayahé usum adhem dadi wis ora ana suket kang tuwuh manèh.

Ing tradhisi Romawi pra-Kristen, pèngetan kanggo déwa tetanèn Saturnus tiba ing sawijining minggu ing wulan Désèmber kanthi puncak pèngetané ing dina titik balik usum adhem (winter solstice) kang tiba tanggal 25 Dhésèmber sajeroning kalèndher Julius. Pèngetan kang diarani Saturnalia mau wujud tradhisi sosial utama kanggo bangsa Romawi. Supaya wong-wong Romawi bisa nganut agama Kristen tanpa ninggal tradhisiné dhéwé, Paus Julius I mutusaké nalika taun 350 yèn wiyosané Yesus dipèngeti ing tanggal kang padha.

Panemu liya nélakaké yèn dina Natal ditetepkaké tiba tanggal 25 Désèmber nalika abad kaping 4 déning kaisar Kristen pisanan Romawi, Konstantin I. Tanggal 25 Dhésèmber mau dipilih minangka Natal amarga bebarengan karo wiyosané Déwa Srengéngé (Natalis Solis Invicti utawa Sol Invictus utawa Saturnalia) kang disembah déning bangsa Romawi. Riyaya Saturnalia dhéwé dilakokaké déning wong Romawi kuna kanggo nyuwun supaya srengéngé bali marang padhangé kang anget (Posisi bumi ing wulan Désèmber ngadoh saka srengéngé, nanging srengéngé katoné kang ngadoh saka bumi).

Mula, loro aliran Kristen kang ora ngriyayakaké tradhisi Natal, ya iku aliran Advent lan Saksi-Saksi Yehuwa. Saksi-Saksi Yehuwa ora ngriyayakaké Natal wiwit taun 1926 nalika ngerti yèn Natal duwé asal-usul Kafir, miturut buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pawarta Karajan Allah, 1993, kaca 198-200.

Sanajan kapan dina natal iku isih dadi pasulayan, agama Kristen mainstream sepakat kanggo ngukuhaké dina natal tiba saben tanggal 25 Dhésèmber sajeroning kalèndher Grégorius iki didhasari marang kasadharan yèn panetepan dina riyaya liturgis liya kaya déné paskah lan jemuwah agung ora diantuki mawa panyerakan tanggal pesthi nanging mung wujud panyelenggaraan manèh acara-acara mau sajeroning setaun liturgi, ing ngendi kang paling wigati dudu pasé tanggalé nanging èsènsi utawa inti saka saben pèngetan mau kanggo diwujudaké saka dina kadina.

Taun kalèndher Masèhi diripta nalika abad kaping 6 déning sawijining biarawan kang jenengé Dionysius Exignus. Taun Masehi kang kita pigunakaké saiki diarani uga anno Domini (Taun Gusti).

Dianysius Exignus bisa ngawruhi yèn Gusti Yesus diwiyosaké nalika taun 1 SM amarga panjenengané njupuk data saka cathetan sajarah kang nelakaké yèn nalika taun 754 kalèndher Romawi iku taun kaping 15 saka pamaréntahan Kaisar Tiberius kaya déné kang katulis ing Lukas 3:1-2. Kajaba iku panjenengané uga njupuk data saka Lukas 2:1-2 kang nelakaké yèn Kirenius (Gubenur saka Siria) pisanan nganakaké program sensus.

Sanajan mangkono isih uga wong kang ora percaya, sebab miturut sajarawan Yahudi kang jenengé Flavius Josephus, nata Herodes tilar donya nalika taun 4 sadurungé Masehi saéngga konsekuensiné tanggal miyos Yesus kudu dimunduraké patang taun. Nanging téyori iki uga ora bener, sebab panjenengané nganalisa taun mau dhedhasar anané grahana rembulan taun nalika Herodes tilar donya kang dumadi ing Yerusalem tanggal 13 Maret taun 4 sadurungé Masehi, nanging para èlmuwan saiki wis mbuktèkaké yèn grahana rembulan mau dumadi dudu ing tanggal mau nanging tanggal 9 Januari taun 1 SM.

Ing dina riyadi Natal wiyosané Gusti Yesus ing Bethlehem, sawijining désa cilik sakiduling Yerusalem, di-èngeti. Miturut Injil Prajanjian Anyar, nalika iku Kaisar Agustus dhawuh ing kawulané kabèh ing praja Romawi supaya padha mulih ing désané dhéwé-dhéwé amarga kersa nganakaké sensus. Banjur Santo Yusup lan Dèwi Maria, wong tuwané Gusti Yesus tindak ing Bethlehem. Amarga ing kono ora ana panginepan, loro-loroné banjur saré ing sawijining kandhang kéwan. Banjur Gusti Yesus diwiyosaké ing kono.

Carita wiyosané Gusti Yesus kaserat ing Injil kitab Matius () lan Lukas ().

Ing sajeroning Al-Qur'an, kitab suci umat Selam, wiyosané Gusti Yesus utawa Nabi Isa uga kaserat ing Sura kaping 19, Surat Maryam.

Project Gutenberg




#Article 106: Wiyosan Gusti Yesus Miturut Matius (182 words)


Wiyosan Gusti Yesus Miturut Matius:

Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus iku kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot amarga saka pangwasané Sang Roh Suci. Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akèh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan. Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mangkono, banjur ana Malaékaté Pangéran nemoni Yusuf sajeroning impèn. Malaékat mau ngandika: Yusuf, tedhak-turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané iku asalé saka pangwasané Sang Roh Suci. Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi iku namakna Yésus, awit iya Panjenengané iku sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané. Kuwi mau kabèh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuèl. ('Immanuèl', iku basa Ibrani, tegesé: 'Allah nunggil karo kita'.) Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning Malaékaté Pangéran mau. Maryam banjur diningkah, nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrané kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus




#Article 107: Wiyosan Gusti Yesus Miturut Lukas (412 words)


Wiyosan Gusti Yesus Miturut Lukas:

Nalika semana Kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning Krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé. Cacah jiwa sing kapisan iku ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria. Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé. Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Bètléhèm iku kutha kelairané Sang Prabu Dawud.

Mangka Yusuf iku tedhak-turuné Sang Prabu Dawud. Lungané Yusuf mau bebarengan karo Dèwi Maria, pacangané, sing lagi ngandheg. Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètléhèm, Dèwi Maria enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran. Dèwi Maria nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Dèwi Maria padha ora olèh panggonan ana ing omah penginepan. Ing laladan kono wengi iku ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé. Dumadakan ana Malaékating Pangéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget. Nanging malaékat mau ngandika: Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal mbungahaké wong kabèh. Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, ya iku Sang Kristus kang jumeneng Gusti. Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan.

Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akèh banget, padha memuji marang Allah, tembungé: Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur! Lan tentrem rahayu ana ing bumi tumrap wong sing dikasihi déning Allah! Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: Ayo padha mangkat menyang kutha Bètléhèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Allah marang kita. Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Dèwi Maria lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan. Bareng weruh bayi iku, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau. Kabèh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget. Nanging Dèwi Maria nyathet iku mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé iku mau kabèh. Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.

Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan dikukuhaké asmané: Yésus, ya iku jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Dèwi Maria, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.




#Article 108: Adiparwa (107 words)


Adiparwa iku kitab pratama wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab misuwuring leluhuré sampéyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing isih trah bagawan Byasa nyaritakaké. Kaya ta Mahabarata lan Ramayana kitab iki dadi sumber utama kawruh bab sendratari lan lelagon. Ing taun 990-1016, Ratu Dharmawangsa Teguh Anantawikramottunggadéwa paring titah kanggo mertalaké lan nyadhur carita Mahabarata menyang basa Jawa kuno. Kitab iki sajatiné bab pambuka Mahabarata kang ngemot rong pérangan utama. Ing pérangan sapisan isiné kurban Ratu Janamejaya. Sabanjuré ing pérangan kapindho nyaritaké bab pandawa lan kurawa.

Ing Adiparwa carita-carita kang diemot ya iku:

Carita-carita iki kabèh diayam awujud carita bingké.




#Article 109: Kethoprak (614 words)


Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, nanging uga bisa tinemu ing Jawa Wétan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masarakat Jawa Tengah lan bisa ngasoraké kesenian liyané, umpamané Srandul, Emprak, lan saliyané.

Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, mau Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung/dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan  kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku mau Kethoprak Lesung, kira-kira kadadéan ing taun 1887. Banjur ana ing taun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarepé masarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani déning Ki Wisangkoro, kang mandhegani kabèh kakung. Carita kang dipagelaraké yaiku: Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lsp..

Sawisé iku pagelaran Kethoprak sansaya suwé dadi lan apike uga dadi klangenane masarakat, mligi ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadéan sawisé Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggoné crita lan uga kaering gamelan.

Anane gegayutan karo pagelaran teater para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibédakaké mengkene:

Rupa-warna carita pagelaran Kethoprak upama carita rakyat, dongèng, babad,legenda, sajarah lan adhaptasi saka nagari manca bisa uga migunakaké swasana Indonésia, tuladhané karya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi carita Menak, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana carita Panji, Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.

Carita klangenan masarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita kang tumindake becik, jujur bakal éntuk kamenangan.

Ageman para nayaga juru main dipadakake karo carita kang dipagélarake,. Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa  wektu jaman kraton biyèn. Upama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Jogjakarta), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,upamané Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane mau Mesiran nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, mligi Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pasisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman mau basahan, ya iku ageman kejawen nanging cinampur ing liyan bisa wujud ageman bathik, lan beskap uga surban (racaké nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak:
Carita kanthi para nayaga/juru main , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak.
Rembugan uga biyasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa minangka 
dadi pangiring adegan, dialog, monolog (rerasan dewe) utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijiné.

Kanggé para maos kang péngin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kéné 

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.

Para nayaga kethoprak racaké pinter anggoné akting uga kudu pinter nyanyi  nari.

Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.

Sanajan kang dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo unggah-ungguh basa. bisa nganggo Jawa biyasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwé improvisasi kanthi wujud dagelan kethoprak.
Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing giyaran Radio lan télévisi.
Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan.
Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro.
Kethoprak mau racaké wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, kang baku bisa gawé geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa diarani Kethoprak ora jangkep.

Tembung pradangga, miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta taun 1939,iku tegesé gamelan dudu penabuh gamelan. Yèn penabuh gamelan iku ingaran niyaga. Sumangga dipriksani ing  
Matur nuwun.




#Article 110: Nusantara (152 words)


Nusântara, utawa sok-sokan tinulis Nuswantara ing basa Jawa, iku konsèp pulitik kang nyebutaké Asia Kidul-wétan maritim. Tembung iki kabangun saka rong tembung nusa (pulo) lan antara (liya). Ing konsèp kanagaran Jawa, praja Karaton dibagi dadi telu:

Nagara Agung iku tlatah saubenging kutha krajan Karaton panggonané sang Raja maréntah. Mancanagara iku tlatah-talatah ing Tanah Jawa lan saubengé sing budayané isih mèmper Nagara Agung, ing panggonané wis ing pinggiran. Dideleng saka pojok ndeleng iki, Madura lan Bali iku tlatah mancanagara.  Kajaba iku Lampung lan uga Palembang mbok manawa isih bisa diarani mancanagara.

Banjur Nusantara iku tlatah sajabané pangaribawa budaya Jawa, nanging (kadhang kala) isih didhaku dadi laladan jajahan ning endi para paguwasane kudu mbayar upeti.

Ing kanggonan basa modhèren, tembung Nusantara lumrahé ngarani kapulowan Asia Kidul-Wétan utawa tlatah ing ngendi budaya lan basa Austronesia dilestarèkaké. Dideleng saka pojok deleng iki, Malaysia, Filipina lan mbok manawa Taiwan uga kalebu tlatah Nusantara banjur Papuwa dudu manèh.




#Article 111: Kutha Tegal (392 words)


Kutha Tegal iku kutha ing Jawa Tengah. Kutha iki naté dadi cikal-bakal ngadeke Korps Marinir kaya déné kang kacathet ing Pangkalan ALRI Tegal kanthi aran Corps Mariniers, tanggal 15 November 1945. Kutha Tegal winatesan karo Kabupatèn Brebes ing sisih kulon, Laut Jawa ing sisih lor, lan Kabupatèn Tegal ing sisih wétan. Wetone Kutha Tegal ya iku 12 April 1580.

Kutha Tegal ana ing Bujur wétan 109° 08’-109° 10’ lan lintang kidul 06° 50’-06° 53’. Kutha tegal adohé 165 km sisih kulon saking Kutha Semarang, utawa 329 km ning sisih wetané Jakarta. Papan panggonané Tegal iku strategis, mergané ana ing dalané pasisir lor (pantura) Jawi Madya, sarta ana dalan simpang kang ngubungaké pantura karo kutha-kutha kang ana ing sisih kidul Tanah Jawa.

Kutha Tegal mangembang tumuju arah kidul ana ing tlatah Kabupatèn Tegal, yakui ing Kacamatan Dukuhturi, Talang, Adiwerna lan Slawi.

Stasiun Sepur Tegal ngubungaké kutha iki karo kutha-kutha liya ing Tanah Jawa. Sapèrangan sepur kang mandeg utawa mampir ning stasiun iki yakui: Senja Utama dan Fajar Utama (Jakarta-Semarang), Sembrani (Jakarta-Surabaya), Matarmaja (Jakarta-Malang), Bangunkarta (Jakarta-Jombang), Harina (Bandung-Semarang), dan Kaligung (Tegal-Semarang). Wektu taun 1960-an kutha Tegal naté nduwé papan anggegana Martoloyo kang disahke déning Présidhèn Sukarno.

Yèn diètung adohè antawis Jakarta lan Surabaya, Kutha Tegal kira-kira mapan ana ing tengah-tengahè. Mapan ana panggonan kang strategis lan dijurung kanthi infrastruktur kang becik ndadèake kutha Tegal minangka Kutha kanggo mampir. Babagan iku sansaya ndadèake uripè usaha ana ing bab pariwisata, mliginipun papan panginepan.

Kutha Tegal ketata saking 4 kacamatan, 27 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Tegal ya iku:

Wali Kutha Tegal duwé wakil awit taun 2009, nalika Adi Winarso mangarsani, kaampingi déning Maufur.

Sapérangan papan wisata ing Kutha Tegal kang bisa dinggo plesiran ya iku:

Basa Tegal pancèn rada padha karo basa Banyumas (ngapak) ya iku ing kosakatané. Nanging akèh masarakat Tegal kang ora gelem ingaran wong ngapak, sebab nyata-nyata dialèké béda. Masarakat sing migunakaké basa Tegal ya iku: sisih lor kabupatèn Tegal, kutha Tegal, sisih kulon kabupatèn Pemalang, lan sisih wétan kabupatèn Brebes. Konggrès basa Tegal sepisanan dianakaké déning pamaréntah kutha Tegal tanggal 4 April 2006, ing hotèl Bahari Inn. Adicara sing digagas déning Yono Daryono iku nekakaké tokoh-tokoh antarané SN Ratmana (cerpenis), Ki Enthus Susmono (dhalang Tegal), Eko Tunas (juru gurit Tegal), Dwi Ery Santoso (Puisi dan Sutradara).Tujuan digelar kongrès iku ya iku kanggo ngangkat status dhialèk Tegalan dadi basa Tegal.

Jawa Tengah




#Article 112: TTA (153 words)


True Audio (dicekak TTA) iku sawijining piranti elektronika kanggo ngodhe/bukak kodhe audio, kang duwé ciri simple real-time lossless dhedhasar saringan adaptif prognostik kang nuduhaké kasil kang padha utawa luwih becik tinimbang piranti analog modern lumrahé.

TTA ngayahi komprèsi tanpa suda utawa lossless ing babagan kanal gandha utawa multichannel 8, 16 lan 24 bit data saka fail-fail Wav audio. Minangka lossless, tegesé ora ana data/kualitas kang ilang sajeroning prosès komprèsi - nalika dibukak manèh, data bakal padha karo asliné. Rasio utawa perbandhingan kompresi TTA gumantung marang jinis fail musik kang dikomprès, nanging ukuran komprèsi lumrahé dadi 30% - 70% saka ukuran asli. Format TTA bisa njurung tag informasi ID3v1 lan ID3v2.

Migunakaké True Audio codec, panjenengan bisa nyimpen nganti 20 audio CD saka kolèksi musik, ing sajeroning siji DVD-R kanggo ngunèkaké (playback), kanthi isih nyimpen kabèh tag informasi kang ana ing CD, ing wangun tag informasi kang populèr ya iku ID3.

Proèk TTA ngasilaké:




#Article 113: Dhialèk Kedhu (196 words)


Basa Jawa Kedhu utawa carabasa Kedu iku basa kang dituturaké ing tlatah Kedhu kasebar wiwit Kebumèn iring wétan: Prembun, Purwareja, lan mligi Temanggung.

Carabasa iki kaloka karo cara omonge kang mligi amarga dadi pitemu antaraning carabasa bandek (Sala-Nyogja) lan carabasa ngapak Banyumasan. Tembung-tembunge isih nganggo carabasa ngapak nanging cara pocap rada bandek. Contone:

  
Kecap pangenter: eeee, oooo, lha kok, ehalah, ha-inggih, asring dianggo kembangan lambe (Ind: basa-basi) babrayan Temanggung yèn lagi omongan. Iki nandhakake yèn wong Temanggung pancen ndhemenakake yèn diajak omong.

Wanasaba uga kalebu wewengkon Kedhu. Omongane wong  iku omongane mbedani karo laladan liyané. Nanging mirib karo omongane wong Purwareja lan Temanggung. Pengucapan swara a ana ing mburi kadhang diucapke miring kadhang jejeg. Ana ing laladan plosok Wanasaba, swara a malah diucapke ê utawa pêpêt. Contone: tembung gula bisa diucapke gulah, gula, utawa gulê.

Nek Wanasaba pérangan kulon, omongane ameh padha karo omongane wong Banjarnegara. Omongane ngapak-ngapak. Ya pancen lumrah, panggonane bae jejeran. Sajatine, ing Wanasobo iki carabasane akèh kang béda nanging ora béda adoh. Kadhang, béda kacamatan, béda carabasane. Malah, sak kacamatan bae kadang ya carabasane wis béda.

Ing pranala ngisor ana pidhiyo contoné carabasa wong Wanasaba ning Youtube.

Iki contoné tembung-tembung lan omongane:




#Article 114: Kidung Sundha (1393 words)


Kidung Sundha iku  sawijining karya kasusastran basa Jawa Tengahan awujud tembang. Kamungkinan gedhé asalé saka Bali. Ing kidung iki dicaritaaké prabu Hayam Wuruk saka Majapait kang kersa nggolèk gandhèngan amarga kersa krama. Panjenengané banjur kersa krama karo putri Sundha kang asmane ing carita iki ora diarani. Nanging patih Gajah Mada ora seneng amarga wong Sundha dianggep kudu tundhuk marang wong Majapahit. Banjur ana prang gedhé ing Bubat, palabuhan panggonané wong-wong Sundha ndarat. Ing kadadéan iki wong-wong Sundha kalah lan putri Sundha kang atiné nlangsa banjur matèni awaké dhéwé (béla).

Sawijining ahli sastra Jawa saka Walanda, Prof. Dr. C.C. Berg, tau manemoaké pirang-pirang vèrsi Kidung Sundha. Loro ing antarané tau diwedhar lan dicithakaké.

Kidung Sundha kang mau dhisik ing dhuwur, luwih dawa lan mutu kasustrané luwih becik. Ya versi iki kang bakal diwedharaké ing artikel iki.

Ing ngisor iki, ringkesan Kidung Sundha dicaosaké. Ringkesan kabagé miturut pupuh.

Hayam Wuruk, ratu Majapahit kersa nggolèk prameswari kanggo dikrama. Banjur panjenengané dhawuh ngirim utusan-utusan manuju saubenging Nusantara (Nuswantara) kanggo nggoleki putri kang cocog. Kabèh padha nggawa bali lelukisan gambar putri-putri kang ayu-ayu. Nanging ora ana kang dikersani sang prabu. Rikala iku sang prabu mireng yèn putri Sundha misuwur banget ayuné. Banjur panjenengané dhawuh ngirim juru lukis mrana. Sawisé bali, banjur lelukisan dicaosaké marang sang Prabu. Nalika iku kabeneran uwané (pak-dhéné)  Prabu Hayam Wuruk lagi niliki kaponakané, ya iku prabu Kahuripan karo prabu Dhaha. Uwané prihatin panggalihé amarga nganti seprana, prabu Hayam Wuruk durung krama.

Nuli prabu Hayam Wuruk, katarik karo lukisané putri Sundha. Banjur prabu Hayam Wuruk dhawuh mantriné kang anama Madu, dadi duta mara menyang tanah Sundha kanggo nglamar putri Sundha.

Madu teka ing tanah Sundha sawisé numpak baita nem dina.  Banjur dhèwèké pinarak ing sang ratu Sundha lan matur alesané mara. Raja Sundha bungah panggalihé lan saguh. Panjenengané bangga yèn prabu Majapahit kang kasub iku kersa krama karo putriné. Nanging putri Sundha dhéwé ora akèh ngandikané..

Madu banjur bali ing Majapahit nggawa layang balesan ratu Sundha lan matur yèn kabèh padha bakal teka. Ora suwé manèh kabèh padha mangkat diiloni iringan akèh banget. Ana rong atus baita gedhé lan cacahé kabèh ana 2.000 baita cilik lan gedhé.

Anging yèn kabèh lagi numpak baita, katon pratandha ala. Baita kang bakal dititihi ratu Sundha, iku “jung Tatar (Mongolia/Cina) kaya akèh dienggo sawisé perang Radèn Wijaya.” (padha 1. 43a.)

Sawetara iku ing Majapahit, kabèh padha sibuk nyiyapaké katekané tamu. Mula sawisé sepuluh dina, kang akuwu utawa lurah Bubat teka lan matur yèn rombongan Sundha wis katon. Prabu Hayam Wuruk karo uwané loro banjur wis kelar mapag rombongan Sundha. Nanging patih Gajah Mada ora sarujuk. Panjenengané ngandika yèn ora sapasisirsé Ratu Agung Majapait mapag ratu Nusantara kaya ratu Sundha. Diaturi sang prabu nunggu limang wengi. Sapa ngerti ratu Sundha iku mungsuh kang amindha-mindha (nyamar).

Dadi prabu Hayam Wuruk ora sida tindak menyang Bubat, nurut aturé patih Gajah Mada. Para abdi dalem karaton lan para mantri kagèt kerungu warta iki, nanging ora ana kang wani suwala.

Banjur ing Bubat dhéwé, wong-wong wus kerungu warta isyu prakara pungkasan ing Majapait. Mula ratu Sundha ngirim duta, ya iku patih Anèpaken supaya lunga menyang Majapahit golèk warta. Panjenengané dikancani para abdi ratu telu liyané lan bala prajurit 300 cacahé. Kabèh padha njujug kapatihan. Ing kono banjur ngandika yèn ratu Sundha kersa kondur ing tanah Sundha lan rumangsa yèn prabu Hayam Wuruk mblènjani janjiné. Banjur padha padu gègèran lan horeg. Mèh waé ana perang ing kono yèn ora dipisah karo Smaranata, pandhita ing kedhaton. Banjur bali manèh wong-wong Sundha sawisé dikandhani yèn ing wanci rong dina kaputusan pungkasan prabu Hayam Wuruk bakal diwènèhaké marang wong Sundha.

Sawetara iku ratu Sundha sawisé mireng kabar iki, ora saguh atur bekti kaya déné ratu vasal. Mula sang ratu ngandika yèn luwih becik matia kaya satriya tinimbang urip nanging disoraké wong-wong Majapait. Para abdi kabèh padha saguh mbéla lan ndhèrèk sang ratu.

Banjur ratu Sundha manemoni garwané lan putriné. Kabèh dikon mulih waé nanging ora saguh. Kabèh kapéngin ngancani lan nunggoni sang ratu.

Banjur kabèh wus asiyaga. Ana duta dikirim saka kubu Majapait marang kubu Sundha nggawa layang isiné sarat-sarat. Wong Sundha sawisé maca banjur nepsu lan perang ora bisa ditulak manèh.

Wadya bala Majapait kabangun ing para prajurit ing ngarep, banjur buriné para tandha lan mantri, patih Gajah Mada, lan pungkasané prabu Hayam Wuruk lan uwané loro.

Banjur para prajurit miwiti padu ing rana. Paprangané horeg banget. Mula-mulané wong Majapait akèh kang palastra. Anging entèk-entèkané wong Sundha padha dipatèni kabèh déning wong Majapait. Anèpaken dipatèni ing Gajah Mada banjur ratu Sundha dipatèni bésané dhéwé: ratu Kahuripan lan Dhaha. Pitar iku dadi sawiji-wijiné prawira Sundha kang isih urip. Amarga dhèwèké amindha mati ing antarané mayit-mayit Sundha. Banjur bisa lolos lan gelis teka marang ing pasanggrahan ratu ayu lan putri Sundha. Kabèh dadi padha nlangsa atiné lan banjur matèni awaké dhéwé (béla).  Kabèh bojo prawira Sundha kang palastra ing rana uga nekani layon-layoné banjur abéla kabèh.

Prabu Hayam Wuruk rumangsa ora kepénak panggalihé mirsani paprangan iki. Nuli rawuh ing pasanggrahan putri Sundha. Nanging panjenengané wis lampus.  Prabu Hayam Wuruk banjur nlangsa banget manandhang sangsara. Panjenengane kersa awor karo wanita idamané.

Sawisé iku, dilaksanaake upacara sembahyangan kanggo para arwah. Ora sawatara suwé prabu Hayam Wuruk séda saking manandhang nlangsa sangsaraning panggalih.

Sawisé layoné diobong ing tumangan lan kabèh upacara wis bubar, uwané loro rembugan. Kabèh nyalahaké patih Gajah Mada. Dhèwèké kaanggep kang dadi mula pambukané malapataka iki kabèh. Mula gelis ta loroné njujug kapatihan. Gajah Mada dhéwé rumangsa yèn wanciné wis teka. Banjur dhèwèké nganggo kabèh upakarané lan nggempur tapa, yoga samadi. Sawisé iku dadi moksa (ilang) manuju ing niskala.

Nuli ratu Kahuripan lan ratu Dhaha, kang mèmper “Siwa lan Buda” kondur marang nagarané sowang-sowang amarga ora bisa manggon ing Majapait. Amarga kabèh barang ngelingaké ing kadadéan sedhih iku.

Kidung Sundha iku kudu kaanggep sawijining karya sastra. Iki dudu babad, lan dudu kronik historis kang akurat uga. Sanadyan mangkono, bisa waé carita iki dhedhasar kadadéan faktual.

Miturut garis gedhé, bisa diungkapaké yèn tèks carita kang dibèbèraké ing kéné iki gaya basané lugas lan lancar. Ora njlimet ruwet nganti peteng kaya karya sastra sajenis. Caritané bisa apik ngaworaké unsur romantis lan dramatis. Panggunan gaya basa kang urip iki, bisa nggawe para protagonis carita iki ya dadi urip. Conthoné  adegan wong-wong Sundha kang misuh-misuhi patih Gajah Mada bisa dilukisaké dadi urip, sanadyan kasar. Banjur Prabu Hayam Wuruk kang nlangsa nangisi Putri Sundha uga bisa dilukisaké apik kang nggawe para pamaca trenyuh.

Banjur kandha kang dicaritaaké ing Kidung Sundha bisa diarani logis lan masuk akal. Kabèh kang dicaritaaké iku kadadéan réalita, kajaba mbokmanawa moksané patih Gajah Mada. Bab iki uga ora padha karo sumber-sumber liyané, kaya ta kakawin Nagarakretagama, uga delengen ing ngisor iki.

Ing kéné perlu diomongaké yèn sang panulis carita iku, luwih mbélani pihak Sundha tinimbang pihak Majapait. Prakara iki lan liyané uga séjé karo sumber-sumber liyané. Kaya ta prakara sédané prabu Hayam Wuruk lan patih Gajah Mada, panulisané uga béda karo kakawin Nagarakretagama.

Terus ana prakara liya kang menarik, katoné ing kidung Sundha, asma sang ratu, praméswari lan putri Sundha ora diarani. Putri Sundha ing sumber liya kerep diarani Dyah Pitaloka.

Prakara liya kang menarik iku, sajeroning tèks, dibédaake pangertèn bab Nusantara lan tanah Sundha. Wong-wong Sundha dianggep dudu wong Nusantara, kajaba déning patih Gajah Mada. Sawetara iku kang diarani wong Nusantara: wong Palembang, wong Tumasik (Singapura), Madura, Bali, Koci (?), Wandhan (Maluku), Tanjungpura (Banjarmasin) lan Sawakung (?) (conthoné padha 1. 54 b.). Prakara iki padha karo kakawin Nagarakretagama. Ing kono tanah Sundha uga ora mau sebagai wewengkoning Majapait. Nanging ing Nagarakretagama, Madura uga ora mau.

Kabèh naskah kidung Sundha kang diterangaké ing artikel iki, sangkané saka Bali. Nanging ora cetha apa tèks iki dikarang ing Jawa utawa Bali.

Namaning panulis tèks ora dingeetèni. Titi mangsané panulisan uga ora dingertèni pasthi. Sajeroning tèks gaman sanjata geni diaran-arani, nanging bab iki ora bisa kanggo ngukuhaké umuring tèks. Amarga wong-wong Indhonésia minimal wis tepung karo sanjata geni wiwit tekaning wong Portugis ing bumi Nusantara, ya iku ing taun 1511. Mbokmanawa wong-wong Indhonésia uga wis tepung luwih lawas manèh saka bangsa Tionghoa. Awit nalika wong Portugis teka ing Maluku, kabèh padha sinungsung ing salvo (tembakan kekurmatan).

Ing ngisor iki sawetaraning cuplikan utawa fragmèn tèks ing basa Jawa Tengahan katulis. Banjur jarwané ing basa Jawa samangké uga didhokok ing ngisoré. Jarwané ditulis ing basa lugu gancaran, ora nganggo guru laguning tembang. Tèks dijupuk saka édhisi C.C. Berg (1927) lan pasang aksarané (ejaan) disesuaikan.

.




#Article 115: Alkitab (511 words)


Alkitab Nasrani utawa kacekak Alkitab yaiku kitab suciné wong Nasrani saperangan dhenominasi kaya ta Kristen Protèstan lan Katulik. Dene, Alkitab Yahudi iku bisa kalebu ing jeroning Alkitab Nasrani awujud Prajanjian Lawas. Alkitab bisa dipérang dadi rong pérangan: Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Pérangan-pérangan utama iku sinebut Prajanjian amarga Tuhan bangsa Israèl utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané Nabi Musa karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané Yesus Kristus karo kabèh umat manungsa.

Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa Ibrani, kejaba sapérangan pérangan kang ditulis ing basa Aram saka kitab Daniel déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing basa Yunani.

Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 pérangan utama ya iku Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).

Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara kanon Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep péranganing Alkitab. Ing abad kaping 3 SM, Alkitab Ibrani utawa Tanakh diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki karan Septuaginta, nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki mau buku-buku Deuterokanonika.

Tembung “Alkitab” utawa Bibel duwé sajarah kang rowa banget. Ing pasisir Fenisia, kira-kira 40 km sisih kidul Beirut, kang saiki ana ing Lebanon, kurang luwih taun 3500 SM, ana sawijining kutha perdagangan kang wigati banget. Saiki kutha iki dadi sawijining désa cilik kang miskin. Ing jaman biyèn, kurang luwih taun 1300 SM, kutha iki dikenal kanthi jeneng Gubla. Prajanjian Lawas utawa Kitab-Kitab Ibrani (Yeh 27:9) ngenal kanthi jeneng Gebal. Wong Yunani biyèn ngenal kanthi jeneng Byblos. Lan saiki, désa cilik iki jenengé Jebel.

Kutha iki biyèn jajahané Mesir lan dadi kutha pelabuhan lan kutha pedagangan papirus. Mula wong Mesir mènèhi jeneng kutha iki Gubla, tembung kang artiné “papirus” ing basa Mesir. Ing wektu iku, wong-wong Yunani tetuku ing jalur perdagangan papirus, lan kutha iki uga dadi kutha kang wigati kanggo wong-wong Yunani ing jalur perdagangan iki. Miturut ‘kuping’ wong Yunani, tembung “Gubla” dadi “Byblos”, saéngga wong Yunani nyebut “papirus”, lan uga “buku”, kanthi jeneng kutha iki.

Filo (20 SM – 50 M) lan Yosefus nyebut Prajanjian Lawas bibloi hiërai. Hieronimus, sawijining Bapak Greja kang dikongkon déning Paus Damasus kanggo ngrévisi Alkitab latin, kerep nyebut Alkitab kanthi jeneng Biblia saka basa latin kang tegesé “kitab”. Alkitab utawa kitab suci ing basa Inggris iku the Bible, lan ing basa Jerman iku die Bibel. Mula ngujuk saka sajarah kang rowa banget iki, pas yèn nganggo tembung Arab-Melayu “Alkitab” kanggo nyebut kitab suci.

Kaitung wiwit tanggal 1 Januari 2007, ana 2.436 basa lan dhialèk sing wis dienggo kanggo nerbitaké sasithik-sithiké sakitab saka Alkitab. Prekara iki sawijining rékor dhéwé, amarga durung ana buku siji-sijia liyané sing bisa olèh upaya panerjemahan sing dhuwur kaya mengkéné, malahan ing basa-basa sing namung diwaca puluhan nganti atusan wong waé.

Cacah basa kang dipigunaaké ing saindhenging donya kacathet 6.912 basa saka 39.491 basa sing naté ana.




#Article 116: Kuran (676 words)


 
Kuran, Al-Qur'an utawa Qur'an (Basa Arab: القرآن) punika kitab sucinipun agama Islam. Umat Islam pitados bilih Kuran punika pucuk lan panutuping wahyu Allah kanggé manungsa. Piwulang punika dipunwulangaken marang Muhammad kanthi lantaran Malaékat Jibril.

Manawi dipunrunut saking ngèlmu basa, Kuran punika tegesipun wewacan utawi kang diwaca bola-bali. Ukara punika saking qara'a (قر أ) ingkang tegesipun maca. Panggianing ukara punika saged dipunmangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.

Dr. Subhi Al Salih ngandharake tegesé Kuran kanthi makaten:

Déné Muhammad 'Ali ash-Shabuni ngandharake kanthi ukara:

kanthi katrangan kados ing nginggil punika, Kuran dipunbedakaken kaliyan kitab sadèrèngipun Muhammad, ya iku Kitab Torèt utawa Injil.

Ing kitab suci punika ugi wonten katrangan bilih Kuran uga gadhah dasanama utawi sebutan-sebutan sanèsipun. Ing basa Indonésia dipunwastani Sinonim utawi persamaan tembung.

Kuran ugi wonten gayutipun kaliyan kitab saderingipun (Torèt, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim).

Kuran punika sinusun saking 114 pérangan kang sinebut surat utawa surah.Saben surat dipuncacah malih dados sawatara ayat. Surat kang paling dawa inggih punika Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Sedayanipun wonten 6236 ayat. Angka punika wonten ingkang béda ing antawisipun ahli satunggal lan satunggalipun, nanging wosipun sami. Umumipun namung prakara sulaya cara ngetangipun kemawon. Surat-surat kang dawa dipunperang malih kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembag prakawis tinamtu.

Manawi dipilah saking panggènan tumurunipun, Kuran dipunpilah dados kalih: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah inggih punika surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekah, déné Madaniyah tumurun ing Madinah. Umumipun, surat Madaniyah langkung dawa tinimbang Makkiyah.

Ing pamilahan liyané, Al qur'an dipunpilah dados 30 pérangan kanthi dawaning wos ingkang sami. Pérangan-pérangan punika sinebut jus. Pamilahan punika kanggé nggampilake manawi badhé maos Kuran ing wektu satunggal wulan (30 dina).

Wonten malih pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekakeipun:

Saderengipun nyenggol utawa nyekel mushaf  Kuran, sawijining muslim supados ngresiki badanipun lan kang wigati wudhu langkung rumiyin. Perkawis punika linandhasan tradisi lan interpretasi literal saking surat Al Waaqi'ah ayat 77 dumugi 79.

Kuran tumurun kanthi dangunipun 23 taun. Mangsa punika dipilah malih dados kalih: Mekah lan Madinah.  Jaman wonten Mekah wekdalipun 13 taun, déné Madinah 10 taun, Dados genep ing 23 taun.

Miturut saking kalangan Singah, sawatawis sufi, kaliyan sawatawis ulama Sunni, Ali ingkang nata lembaran-lembaran (mus'haf) Kuran kanthi lengkap sasampunipun Muhammad séda. 
Ing kalangan Sunni, limrahipun, rerangkèn mus'haf punika karakit saé kanthi sesarengan. Sasampunipun 70 sahabat séda ing Perang Yamama, khalifah Abu Bakar mutusaken supados wonten Kuran ingakng rinakit kanthi saé. Ing jaman punika, limrahipun tiyang-tiyang sami nyimpen perthalan-perthalan Kuran, kapisah lan boten runtut. Para hafidz (tiyang ingkang apal Kuran) banjur dipunkempalaken, kalebu Zaid bin Tsabit. Tiyang-tiyang punika banjur ngumpulaken lembaran-lembaran ingkang sumebar ing sadhengah sahabat lan karakit dados satunggal.

Ing warsa 650, nalika Islam rumambah ing sakiwa tengenipun lempongan Arab, utamanipun ing Pèrsi, Levant, lan Afrika Lor; Khalifah katelu, Utsman bin Affan, mréntahaken supados wonten ana Kuran ingkang baku. Perkawis punika gegandhèngan saking pangucapan Kuran kanthi céngkok ingkang bènten kaliyan ingkang dipunucapaken ing Madinah lan Makkah. Utsman ngandharaken supados cèngkok ingkang dipun-ginakaken punika saking céngkok Suku Kurès amargi Muhammad saking suku punika. Limang hafidz damel turunan saking mushaf pisanan ing jaman Abu Bakar ingkang kasimpen déning Hafsah binti Umar. Mushaf punika banjur kondhang kanthi jejuluk Mushaf Utsmani ingkang dados lelandhesan tiyang Islam sadonya dugi dinten sapunika.

Wujud Kuran ingkang katedhak punika, ing kalangan sarjana modhèren, limrahipun dipunanggep cathethan ngendikanipun Muhammad. Déné, kanggé muslim, Kuran punika tumurun saking Allah. Punapa kémawon ingkang kapacak ing Kuran asring dados pirembugan ing antaranipun para sarjana, utamanipun gegandhèngan kaliyan sajarah Kuran ingkang dianggep saged kemawon keplesed nulis nalika dipunrangkum.

Upaya kanggé mangertosi menapa kang wonten ing Kuran tinulad ing sawatara basa lan tinafsir kanthi manéka warna cara. nanging, tapsir punika namung saderma upayaning manungsa lan boten pikantuk nggantos tèks aslinipun.

Tarjamah utawi salin basa Kuran utawi salin basa kang literal lan ora disartani interpretasi kang tebih. Salin basa punika boten dianggep taksih dèrèng bisa diwaos kanthi menapa wontenipun. Kedah tiyang tinamtu kang nguwaosi ngèlmu-ngèlmu agama lan basa arab kang bener supados mangertos saestu kandhutanipun.

Salin basa ing Basa Indonésia ing antawisipun:

Salin basa ing Basa Jawa:

Tepsir Kuran kang kondhang antawisipun:




#Article 117: Kakawin Nirarthaprakreta (233 words)


Serat Nirarthaprakreta, punika kakawin,  dados tembang mawi sekar ageng. Serat Nirarthaprakreta punika isinipun piwulang kawruh sepuh utawi uga dipunarani ngèlmu kasampurnan. 
Tembung punika uga dipunarani mistik. Kangge ngicipi isinipun, ing andhap dipuncaosaken sawatawis pethikan saking kitab punika ingkang sampun dipunjarwakaken ing basa Jawi samangké. Jarwinipun mawi basa krama.

Boten makaten watekipun tiyang lumrah, ingkang dipundèkèk ing angeng namun ingkang dados remenipun piyambak kemawon. Watekipun gething marang kapinteranipun tiyang sanès, sanjangipun, kapinteranipun piyambak boten wonten ingkang saged ngungkuli. Dosanipun piyambak ingkang ageng dipundelikaken, dipunumpet-umpetaken supados boten katingal tiyang sanès. Nanging manawi tiyang sanès ingkang lepat, sanadyan namung sakedhik kémawon, dipunuthik-uthik. Kaliyan malih, remen manahipun manawi ningali tiyang sanès ingkang saweg susah. Kaliyan mèri marang tiyang sanès ingkang papanggih kabingahan, dipunpados-padosaken supados dhawah wonten ing kasangsaran. Mojoki tiyang ingkang dedonga saha sembahyang luhur budiné, dipunowah-awèh dipundamel kapiawon. Duka sanget manawi dipuncacat, sanget bungahipun ngantos telas manawi dipunelem.

Warna-warni anggènipun nyamah marang tiyang sanès, tiyang ingkang sampun dipunarani becik manahipun, dipunnyana-nyana, boten nganggé duduga anggènipun nyacad marang tiyang ingkang nindakaken kautaman. Ungelipun kaliyan gedhag-gedhig saha angremehaken: “Tiyang ingkang madosi Allah, kaliyan dhawah wungu, mubang-mubeng manahé, inggih punika tiyang bingung, bodho, sangsalané déné dèrèng ningali ing sajatinipun.”

Iinggih punika sakedhik pethikan saking serat Nirarthaprakreta. Isinipun saged dipunarani saé sanget saha cetha gampil dipunngretosi ungel-ungelipun.

Serat Nirarthaprakreta punika dipundamel ing taun 1381 Śaka utawi 1459 taun Masèhi, wonten ing dhusun aran Kañcana, sakidulipun Surabaya. Ingkang ndamel boten dipunsumerepi.




#Article 118: Kabupatèn Bojanegara (188 words)


Kabupatèn Bojonegoro, (cara Indonésia: Bojonegoro, Carakan: , Pegon: كابوڤاتين بوجانگرا), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Bojanegara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Padangan, Kalitidu lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 2.384,02 km² utawa  hèktar.
Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Tuban ing sisih lor, Kabupatèn Lamongan ing isih wétan, Kabupatèn Nganjuk, Kabupatèn Madiun, lan Kabupatèn Ngawi ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Blora (Jawa Tengah) ing sisih kulon. Pérangan kulon Bojanegara (tapelwates karo Jawa Tengah) wujud péranganing Blok Cepu, salah siji sumber deposit lenga patra gedhé dhéwé ing Indonésia.

Bengawan Sala mili saka kidul, dadi wates alam karo Provinsi Jawa Tengah, sabanjuré ménggok mangétan, nyusuri wewengkon lor Kabupatèn Bojanegara. Pérangan lor minangka Laladan Ilèn Kali Bengawan Sala sing cukup subur kanthi tetanèn cara èkstènsif. Kawasan tetanèn lumrahé ditanduri pari ing mangsa rendheng, lan tembako ing mangsa katiga. Pérangan kidul wujud pagunungan kapur, péranganing rangkéan Pagunungan Kendheng. Pérangan kidul-kulon (wewatesan karo Jawa Tengah) wujud péranganing rangkéan Pagunungan Kapur Lor.

Kutha Bojanegara dumunung ing jalur dalan gedhé Surabaya-Cepu-Semarang. Kutha iki uga diliwati ril sepurjalur Surabaya-Semarang-Jakarta.

Kabupatèn Bojanegara ketata sajeroning 27 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:




#Article 119: Pandawa (355 words)


Pandawa lima yang terdiri atas Yudistira, Arjuna, Bima, Nakula dan Sahadewa. Memiliki saudara yang bernama Duryudana dan 99 adiknya yang merupakan anak dari Destarastra yang tak lain adalah paman mereka dan raja Hastinapura. Sewaktu kecil mereka suka bermain bersama sama tetapi, bima suka mengganggu sepupunya. Lambat laun Duryudana merasa jengkel karena menjadi korban dan gangguan dari ejekannya Bima. Suatu hari Duryudana berpikir ia bersama adiknya mustahil untuk eksis apabila sepupunya masih ada. 
	Mereka semua Pandawa lima dan sepupu sepupunya atau yang dikenal juga sebagai Kurawa tinggal bersama dalam suatu kerajaan yang beribukota di Hastinapura. Destarastra yang mencintai keponakannya secara berlebihan mengangkat Yudistira sebagai putra mahkota tetapi ia langsung menyesali perbuatannya yang terlalu terburu buru sehingga ia tidak memikirkan perasaan anaknya. Hal ini menyebabkan Duryudana iri hati dengan Yudistira, ia mencoba untuk membunuh pandawa lima beserta ibu mereka yang bernama Kunthi dengan cara menyuruh mereka berlibur ke tempat yang bernama Ekacakra. Di sana terdapat bangunan yang megah, yang telah disiapkan Duryudana untuk mereka berlibur dan akan membakar bagunan itu di tengah malam pada saat pandawa lima sedang terlelap tidur. Segala sesuatunya yang sudah direncanakan Duryudana dibocorkan oleh Widura yang merupakan paman dari pandawa lima. Sebelum itu juga Yudistira juga telah diingatkan oleh seorang petapa yang datang ke dirinya bahwa akan ada bencana yang menimpannya oleh karena itu Yudistira pun sudah berwaspada terhadap segala kemungkinan. Untuk pertama kalinya Yudistira lolos dalam perangkap Duryudana dan melarikan diri ke hutan rimba.
	Pandawa lima yang melarikan diri ke rimba mengetahui akan diadakan Sayembara di kerajaan Pancala dengan syarat, barang siapa yang dapat membidik sasaran dengan tepat boleh menikahkan putri raja Pancala yang bernama Pancali atau Drupadi. Arjuna pun mengikuti sayembara itu dan berhasil memenangkannya, tetapi Bima yang berkata kepada ibunya “lihat apa yang kami bawa ibu!” Kunthi, menjawab “Bagi saja secara rata apa yang kalian dapat.” Karena perkataan ibunya. Pancali pun bersuamikan 5 orang.
	Pamannya (Destarastra)  yang mengetahui bahwa pandawa lima ternyata belum mati pun mengundang mereka untuk kembali ke Hastinapura  dan memberikan hadiah berupa tanah dari sebagian kerjaannya, yang akhirnya pandawa lima membangun kota dari sebagian tanah yang diberikan pamannya itu hingga menjadi megah dan makmur yang diberinama  Indraprasta.




#Article 120: Kitab Kaimaman (101 words)


Kitab Kaimaman iku kitab kaping telune tanakh lan uga kitab Torèt. Ing pirang basa Éropah, kitab iki diarani Leviticus, kang dijupuk saka basa Latin: Liber Leviticus  sakai basa Yunani: (το) Λενιτικόν. Ing basa Ibrani, kitab iki diarani  wayyikra kang tegesé iku: “Mula ditimbali déning panjenengan”, tembung-tembung pratama kitab iki.

Kitab iki isiné undhang-undhang kanggo ibadat lan upacara-upacara agama bangsa Israèl ing jaman mbiyen. Uga kanggo kaperluwane para imam (kaum Levi) kang tanggung jawab karo palaksanane.

Pethikan kang misuwur dhéwé saka buku iki ya iku kang mau déning Gusti Yesus dhawuh utama kang kapindho, Cintailah sesamamu seperti kamu mencintai dirimu sendiri (19:18).




#Article 121: Kitab Andharaning Torèt (166 words)


Kitab Andharaning Torèt iku kitab kaping lima tanakh lan uga kitab Torèt. Ing basa Ibrani, diarani Devarim (tetembungan), saka ukara pamulan Eleh ha-devarim.

Ing sawatara basa ing Éropah, kitab iki diarani Deuteronomium, saka basa Latin kang njupuk saka septuaginta saka basa Yunani: Δευτερουόμιου. Sajatine bab iki siji kaluputan ing alihbasa saka asliné ing basa Ibrani saka pasal 17:18; 

Déning para panulis septuaginta ukara iki dipretalaké dadi: “nulis kanggo awaké dhéwé salinan kukum iki”. Nanging kalepatan iki ora patiya parah.

Kitab Andharaning Torèt iki kabangun saka sarèntènging khotbah-khotbah kang diucapaké déning Nabi Musa ing ngarepé bangsa Israèl nalika kabèh ana ing tanah Moab. Kabèh padha mandheg ing kono sawisé ngrampungaké lelungan dawa ngliwati ara-ara samun amba lan sadhurunge mlebu tanah Kanaan kanggo ngepèk nagara iki.

Sawetara prakara wigati saka kitab iki iku:

Amanat kitab iki Allah wis nylametaké lan maringi berkah umat pilihan-É, bangsa kang ditresnani. Dadi bangsa Israèl ora olèh nglalèkaké bab iku. Kabèh kudu tundhuk lan ngestokaké dhawuhing Gusti, supaya urip terus lan diparingi berkah.




#Article 122: Kitab Yosua (141 words)


Yosua dijupuk saka basa Ibrani: יהושׁע Yehoshua utawa Yəhôšuª‘, kang tegesé “karo pitulungan sang Yahwe. Saliyané asma nabi kang jaré nulis kitab iki kang jenengé padha, ya uga asmané Gusti Yesus ing basa Aram.

Kitab Yosua ngwedharaké kandha caritaning bangsa Israèl nalika mangrebut nagara Kanaan, dipanggedhèni déning Yosua. Ya dhèwèké iku kang nggantèni Musa mimpin umat Israèl. Kadadéan-kadadéan wigati kang dikandhaaké ing buku ini ya iku antarané: panyabrangan ing Kali Yordan, Bedhahé kutha Yerikho, perang ing Ai, lan pangukuhan anyar prajanjian antara Allah karo umat-E.

Salah sijining pethikan misuwur saka buku iki ya iku: “ Saupama kowé padha ora gelem ngabdi marang Allah, padha netepna putusan ing dina iki uga, sapa kang arep kokbektèni. Apa brahala-brahala kang biyèn disembah déning para leluhurmu ing Mésopotamia, apa brahala-brahalané wong Amori kang panggonané saiki kokenggoni. Déné aku lan kulawargaku, arep padha ngabekti marang Allah.




#Article 123: Rut (156 words)


Rut utawa Ruth (רות, basa Ibrani welas asih) iku wong wadhon saka bangsa Moab. Dhèwèké ibu Obed, mbahé èstriné Raja Dawud. Miturut Kitab Prajanjian Anyar, dhèwèké salah sijining leluhur Gusti Yesus (Injl Matius 1:5).

Caritan bab Rut kahanané dumadi nalika satengahing jaman perang kang kaya dicaritaake sajeroning kitab Hakim-Hakim. Sanadyan garwané wong Israèl wis séda, dhèwèké tetep nuduhaké kasatyané marang ibu maratuwané kang warganagara Israèl, lan tansah sembahyang marah Allah umat Israèl. Ing wusanané carita iki, Rut olèh bojo anyar, sanak saduluré garwané swargi. Liwat garwané kang énggal iki, Rut dadi mbah buyuté ratu Dawud, ratu Israèl kang gedhé dhéwé.

Kandha-kandha carita kang ana ing kitab Hakim-hakim nuduhaké angèlé kaanan amarga umat-E Allah nilaraké sang hyang Pangèran. Kitab Rut iku pawalikané, ing kitab iki dituduhaké yèn Gusti Allahé wong Israèl uga maringi berkah marang wong asing kang setya lan banjur percaya marang Gusti Allahé wong Israèl. Amarga pratingkahé Rut iki, mula dhèwèké diangkat dadi umating Allah.
  




#Article 124: Kidung Pasambat (122 words)


Kidung Pasambat (איכה ʾēḫā(h), Eikha) iku katata cacahé saka limang tembang kang manyambati kutha Yerusalem kang dibedhah para satru, wadya bala Babel ing taun 586 SM, lan sirna rusaking kretaning bumi sarta masa pambuwangan sawisé iku.

Ing basa Ibrani kitab iki diarani Ekhah, kang tegesé Kepriyé? lan sawijining mantra dienggo miwiti kidung pasambat. Sajeroning Septuaginta ing basa Yunani, kitab iki diarani threnoi (saka basa Ibrani qinoth, kang tegesé pasambatan).

Sanadyan kitab iki lumrahé nadané sedih, nanging uga katon segi kapracayan ing Gusti lan pangarepan masa ngarep kang luwih becik. Tetembangan iki kabèh digunaaké wong Yahudi sajeroning ngibadahé ing dina-dina astamiwa kaya dienggo pasa lan berkabung. Dina-dina kusus iki dianaaké saben taun kanggo mèngeti malapataka kang nibani bangsa Yahudi ing taun 586 SM.




#Article 125: Kitab Yunus (162 words)


Kitab Yunus iku buku sing séjé dhéwé karo buku-buku nabi liyané ing jero Alkitab. Amarga buku iki isiné dudu weling sang nabi, nanging nyritaaké pangalaman Nabi Yunus, nalika dhèwé nyoba sumingkir saka dhawuhing Gusti.

Ing basa Ibrani, Yunus diarani Jonah sing tegesé “mrepati”.

Gusti dhawuh Yunus nekani kutha Niniwe, kutha krajané karaton Asuriah, mungsuh Israèl. Nanging Yunus ora gelem lunga menyang kutha iku kanggo mènèhaké welinging Gusti, amarga dhèwèké percaya yèn wong-wong Niniwe mandheg olèhé tumindhak dosa, banjur Gusti ora bakal nindhakaké kersané mbesmi kutha iki.

Wusanané, sawisé pirang-pirang kadadéan sing ninggal kesan, Yunus ngèstoakŕ dhawuhing Gusti. Nanging dhèwèké ngrasa ndongkol, amarga Niniwe ora sida dibesmi.

Amanating kitab iki, ya iku yèn Gusti Allah iku Sarwa Ngampuni lan Sarwa Sayang marang wong-wong ing donya. Gusti luwih seneng ngampuni tinimbang ngrusak siji bangsa, sanadyan bangsa iku mungsuhé bangsa umat-E dhéwé.

Katonané kitab Yunus ditulis déning Yunus dhéwé. Kitab Yunus dirujuk déning Gusti Yesus sajeroning Prajanjian Anyar (Injil Matius 12:39, 40; Injil Lukas 11:29).




#Article 126: Mikha (161 words)


Katoné kitab nabi Mikha, uga ditulis déning nabi kang asmané padha. Mikha olèhé sugeng sajaman karo nabi Yesaya lan asalé saka siji désa ing Yehuda, ing karaton kidul. Dhèwèké yakin tenan yèn Yehuda bakal ngadhěpi mala pataka kaya kang diumumaké déning Amos bab karaton lor. Mikha uga ngandhani yèn Allah mesthi ya bakal ndendha bangsa Yehuda amarga kejem banget lan ora adil marang wong liya, Nanging ing kotbahing Mikha ya katon ana tandha-tandha kang luwih cetha bab pangarepan ing mangsa ngarep.

Pérangan-pérangan kang menarik digatèaké sajeroning buku iki ya iku: gambaran adem tentrem ing sawewengkoning bumi ing ngisor pimpinaning Allah (Mikha 4:1-4); banjur ana ramalan bab siji Ratu Agung kang bakal muncul saka trahing Dawud lan bakal ngasta pangayeman ing bangsa Yehuda (5:2-4); lan, ing siji padha (6:8), ana ringkesan saka apa kang bakal diomongaké déning para nabi-nabi Israèl, ya iku: Sing dituntut Allah saka awake dhéwé iku supaya tumindhak adil, tansah ngamalaké sih-tresna, lan andhap asor urip manunggal karo Gusti.




#Article 127: Kitab Maleakhi (101 words)


Kitab pungkasan Prajanjian Lawas iki ditulis déning nabi Maleakhi saka abad kaping-5 sadhurunge Masehi, sawisé Baitallah ing Yerusalem diyasa manèh. Buku iki mligi dikarepaké kanggo asung daya para imam lan rakyat supaya nganyaraké kasatyane kabèh ing janjine karo Allah.

Wis cetha yèn mrosote kauripan lan cara ngibadah umat Gusti iku kadadéan tenan. Para imam lan rakyat ngapusi Allah: Kabèh padha ora nyaosi Allah apa-apa sing kudu dicaosaké marang panjenengané lan ora urip manèh manut tatacara sing wis dhawuhané Gusti.

Anging Allah bakal rawuh manèh kanggo ngadili lan nyucèkaké umat-E. Panjenengané kersa ngirimake duta panjenengané kanggo nyiapaké dalan lan ngwartaaké Janji Gusti.




#Article 128: Layang Paulus Roma (448 words)


Layang Paulus Roma, iku pakumpulané layang rasul Paulus marang para jumuwah ing kutha Roma. Kitab iki péranganing Prajanjian Anyar lan kitab nomer ping enem serta layangé kang dawa dhéwé. Tulisan iki dipracayani minangka tulisan asli Paulus. Sajroning layang iki ana kesan menawa tugas Paulus ing kawasan wétan Kakaisaran Romawi kanggo golèk dana kanggo para jumuwah ing Yérusalèm wus rampung. Katoné layang iki kang pungkasan ditulis Paulus ing tlatah Yunani. Ana kang nganggep menawa layang iki ringkesan pepak saka sakabèhé téologi Paulus. Perkara iki déné kaanan jiwa Paulus kang luwih réflèktif nalika nulis layang iki tinimbang nalika nulis Galatia utawa layang Korintus.
Layang Paulus marang para jumuwah ing Roma iki katulis kanggo nyiyapaké wong-wong iku kang arep ditekani Paulus, saliyané iku Paulus uga arep ngalusaké sawatara aspèk pamikirané kang tibakné surasané dimangertèni luput, dadi prakara iki prioritasé rikala iku.

Panulis layang iki ya iku Paulus, kang nepungaké awaké dhéwé mawa jenengé (Paulus) ing awal layang iki (Roma 1:1) lan jatidhiriné minangka abdi Gusti Yésus Kritus. Banjur dhèwèké dipilih lan ditimbali déning Gusti Allah (apostolos) lan doning pagawéané (supaya ngabaraké Injil). Layang iki ora ditulis déning Paulus dhéwé, nanging déning sawijining sékretaris kang jenengé Tèrtius lan nyatakaké awaké dhéwé ing ayat Roma 16:22. Paulus dudu kang ngedegaké jemuwah ing Roma, dadi dhèwèké ora mangerti kaanan jemuwah iki kanthi langsung, nanging olèh informasi saka wong-wong Kristen kang teka saka Roma menyang Koritus, papané layang iki ditulis. Wis suwé Paulus kapéngin nekani wong-wong Kristen ing Roma, lan ingin nyebar kabar Injil ing kana, nanging kapénginané mesthi kalangan, kamangka nalika ing Éfèsus, Paulus wis ngrencana arep lunga mrana liwat Akhaya lan Makédonia.

Kapénginané Paulus dadi sangsaya gedhé nalika awaké ngalami wèsthi ing Yérusalèm lan krasa uripé saksat bakal sigra entèk, rikala iku awaké olèh panalika yèn Gusti Allah ngadeg ing sisihé lan nguwataké awaké dadi Paulus bisa mènèhi panyeksèn ing Roma.

Kabèh panglayaran ing Sagara Tengah praktis mandheg sawisé tanggal 11 November, déné hawa mangsa atis kang ala, lan lumrahé diwiwiti manèh wiwit tanggal 10 Maret saben tauné, dadi Layang Roma ditulis sadurungé, yakuwi ing mangsa gugur taun 57 Masèhi. Robinson yakin menawa panulisané iku ing mangsa semi (antara sasi Maret - Juni) taun 57 Masèhi. Panemu liya ngira-ngira antawa taun 53-54, utawa antara taun 53-56. atau tahun 53-56.

Rencana Paulus dhéwé owah, awit ana anceman saka wong Yahudi, dadi Paulus ora sida numpak kapal saka Korintus, nanging wusanané mlaku menyang Makédonia lan lumayar menyang Yérusalèm saka Filipi ing mangsa semi taun sawisé (58 M). Paulus lagi teka ing Roma sawisé dicekel lan diadili ing Yudéa.

Layang Paulus Roma iku sawijining layang kang magepokan karo akèh aspèk lan kasil saka komposisi kang tliti banget. Kanggo nyakepiné, layang iki bisa kabagi ing patang pérangan:




#Article 129: Linus Torvalds (118 words)


Linus Benedict Torvalds (lair ing 28 Dhésèmber 1969) inggih punika tiyang ingkang ngawiwiti pengembanganipun Linux, inggih punika kernel ipun sistem operasi, kaliyan sapunika, gadhah ndamel supados Koordinator proyek punika.

Dipun gagasi saking Minix, (kernel kaliyan sistem operasi ingkang dikembangaken déning Andrew Tanenbaum), piyambakipun ngeraos betah sistem operasi unix ingkang saged mlampah dhateng komputer ing ngriyonipun. Torvalds ndamel pengembanganipun Linux kernel ing wayah selanipun kaliyan ngagem alatipun piyambak.

Linus krama kaliyan Tove Torvalds (lair Monni) – satunggaling jawara karaté Finlandia ingkang naté menang kaping enem. Linus kapanggih piyambakipun kapisan ing taun 1993 nalika kuliah komputer. Linus ngajari para siswa nyerat e-mail. Lajeng Linus angsal e-mail isinipun panyuwunan kekencan. Sapuniki Linus kaliyan Tove pinaringan putri tiga: Patricia, Daniela, lan Celeste.




#Article 130: Buda (500 words)


Buda, saking basa Sangsekreta बुद्ध ingkang tegesipun Ingkang Wungu, Ingkang sampun dugi ing papadhang estu. Tembung punika dipunpendhet saking tembung Sansekreta: Budh, kanggé mangertosi). Tembung punika ugi gelar ingkang dipuncaosaken dhumateng tiyang ingkang sampun sadhar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun ngembang kasadharipun. Ing panganggé wekdal samangké, tembung punika asring ngarujuk dhumateng Sidharta Gotama, guru agami lan ingkang yasa ngadhegaken Agami Buda (ugi dipunanggep Buda kanggé wekdal samangké). Ing pangangé ingkang sanès, tegesipun tuladha kanggé manungsa ingkang dipunparingi kasadharan.

Agami Buda miyos ing nagari India, utawi langkung leres ing tlatah Nepal samangké. Agami punika miyos wujud satunggilipun reaksi dhumateng agami Brahmanisme. Pandhéganipun inggih punika Sidharta Gotama ingkang sami dipuntepangi minangka Buda Gotama déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buda nyebar ngantos dumugi ing nagari Tiongkok ing taun 399. Ingkang ngasta inggih punika satunggiling bhiksu ingkang namanipun Fa Hsien. Masarakat Cinten ugi angsal prabawa saking Tibet ingkang sampun dipunmodhifikasi dhumateng tradhisi lokal.

Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing abad kaping 5. Candhi Barabudhur ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa Syailendra ingkang memengkoni praja ing Jawi Tengah watawis abad kaping 8. Para panganut Buda boten nganggep manawi Sidharta Gotama punika sang hyang Buda ingkang kaping sepindhah punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali kanthi teknis, Buda, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing Dharma (ingkang gadhah kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi Kasadaran, ingkang dhateng salepasing karma ingkang saé (tujuan) dipunlestarèkaken saimbang kaliyan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.

Anggènipun anggayuh nirwana (basa Pali: nibbana) punika sami kemawon ing tigang jinising Buda, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buda sanèsipun. Tigang golongan Buda punika inggih:

Saben ilèn Buda dhedhasar Tripitaka ingkang dados rujukan utami, amargi ing salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang hyang Buda Gotama. Tiyang-tiyang ingkat manut dhumateng ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun wonten ing tigang buku, inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku ukum metafisika).

Ing ajaran Buda, hyang Buda punika sajatinipun sanès Tuhan atawi Allah. Konsep Allah ing agami Buda punika bènten kaliyan konsèp ing agami Monoteisme. Ing ngrika, jagatraya dipunciptakaken déing Allah, lan paraning tiyang gesang punika wangsul ing ngarsanipun sampéyan dalem sang hyang Gusti.

Ing agami Buda, paranipun tiyang gesang punika inggih saged dhateng ing kabuddhan (anuttara samyak sambodhi) utawi papadhang sajati ing pundi jiwa manungsa boten lair manitis malih tumimbalahir sanès kaliyan (reinkarnasi). Punika sadaya inggih miturut karmanipun piyambak-piyambak. Boten wonten déwa-dèwi ingkang saged maringi pitulung, namung usahanipun piyambak ingkang saged nggayuh Nirwana. Sang hyang Buda namung tuladha kémawon, juru pandhu, kaliyan guru kanggé sadaya jalmi ingkang kedah nglangkungi marginipun piyambak-piyambak lan ningali kaleresan kaliyan realitas sajati.

Wonten sawatawis ilèn ing agami Buda:

Tigang Mustika (Basa Sangskreta: त्रिरत्न Triratna utawi रत्नत्रय Ratna-traya, Basa Pali: तिरतन Tiratana)

Para panganut agami Buda ngriyayakaken Dinten Waisak ingkang sajatosipun gabungan pèngetan tigang prastawa:

Griya ngibadahipun tiyang Buda dipunwastani wihara. Nanging griya ngibadahipun tiyang Cinten dipunwastani klenthèng.




#Article 131: Roti (788 words)


Roti iku panganan kang digawé saka glepung trigu, banyu lan ragi. Babonané adonan diuléni lan dinengké supaya bisa ngembang. Yèn wis ngembang roti kang isih awujud adonan banjur dibakar ing oven.

Wong Jawa jaman saiki wis padha séneng roti amarga praktis lan gampang dienggo. Yèn jaman biyèn wong Walanda kang nggawa roti ing Tanah Jawa.

Roti tawar, ya iku roti kang rasané tawar utawa nétral. Roti tawar akèh jinisé. Amèh saben warung roti dodol roti tawar. Roti iki lumrahé kanggo sarapan lan diwènèhi selé utawa keju, susu lan coklat. Roti tawar uga kena dipangan nganggo margarin utawa mentéga. Saliyané dipangan langsung, roti tawar uga kena dipanggang utawa dibakar. Roti tawar uga kena dadi bahan baku jajanan kaya ta, resoles roti.

Roti iki uga diarani roti tongkat amarga dhapuré lonjong dawa mirib tongkat. Roti tongkat lumrahé digawé garlic bread utawa bruschetta utawa langsung dipangan nganggo sup.

Roti iki kalebu jinis roti Prancis. Dhapuré bunder lan kulité atos. Digawé saka adonan asem. Adaté dicawisaké kanggo panganan pambuka. Roti iki dipangan nganggo mentéga utawa dipangan nganggo sup.

Roti kang asalé saka Jerman iki dhapuré dawa kaya roti tongkat utawa baguette, nanging ora dhuwur. Roti iki digawé saka glepung rye.

Roti kang digawé saka glepung gandum iki duwé warna coklat. Roti iki duwé tèkstur kang ngétokaké kulit-kulit gandum. Roti Healt whole wheat kalebu roti kang nyéhataké amarga duwé serat kang dhuwur.

Roti iki ya iku roti tawar kaya kang lumrahé didol ing toko-toko, nanging isih wujud wujud kang gedhé durung dikethok-kethok utawa diiris-iris.

Roti tawar kang akèh didol ing toko-toko. Roti iki wis diiris-iris lan akèh sing didol ing supermarket. Roti iki bisa dipangan langsung lan bisa uga dipanggang.

Roti jinis iki padha kaya whole wheat bread, nanging wis diiris-iris. Diarani roti séhat jalaran digawé saka glepung gandum. Rasané rada kasar amarga seraté dhuwur.

Roti gandum uga kalebu roti kang akèh sing golèk. Roti gandum bisa ngundhakaké kaséhatan. Saliyané iku roti gandum duwé serat luwih akèh tinimbang roti putih biyasa. Mangan roti gandum bisa gawé wareg nganti suwé.

Roti gandum digawé saka gandum ya iku kang diarani whole wheat flour utawa whole wheat coarse tegesé glepung gandum wutuh kang nalika digiling mung dibuwang kulit kang njabané.

Ing pasaran ora kabéh roti gandum padha. Ana kang nganggo whole wheat flour namung sithik lan diwénéhi warna karamél supaya katon mirib roti gandum asli. Roti gandum kang kualitasé apik duwé ciri-ciri.

Roti gandum luwih séhat amarga ngandhut serat kang luwih akèh tinimbang roti putih. Serat pangan apik kanggo saluran pancernan, ngurangi risiko diabetes, lan kanker kolon.

Padha kaya roti putih, roti gandum bisa awet nganti 3-5 dina ing suhu ruwang. Supaya luwih awèt roti gandum bisa disimpen ing kulkas. Yèn kepéngin dipangan cukup diangetaké ing microwave supaya empuk manèh.

Roti gandum kalebu sumber ènergi kang luwih apik tinimbang sega lan mi. Yèn 100 gram sega ngandhut ènèrgi kang akèhé 178 kalori lan 100 gram mi ngandhut ènèrgi 86 kkal, nanging roti gandum kang cacahé 100 gram bisa ngandhut ènèrgi kang cacahé 248 kalori. Saliyané ngandhut ènèrgi kang akèh, serat kang ana ing roti gandum uga luwih apik saéngga bisa nahan ngelih luwih suwé. Roti gandum lan roti putih padha-padha roti kang digawé saka gandum nanging roti putih digawé saka trigu yèn roti gandum digawé saka tepung gandum.

Trigu ya iku asil panggilingan wiji gandum kang paling njero utawa endosperm, yèn glepung gandum ya iku asil panggilingan wiji gandum wutuh kang mung dibuwang kulit njabané, saéngga ngandhut serat kang luwih akèh tinimbang glepung trigu putih.

Roti gandum kang asli ya iku roti kang kagawé saka 100 persèn glepung gandum. Roti gandum kang kualitasé apik bisa dititik saka remah kang wernané peteng lan ana butiran-butiran coklat asil saka kulit ari wiji gandum. Roti gandum asli uga bisa dititèni saka kulit roti utawa crust kang luwih peteng, yèn roti putih wernané kuning rada emas.

Roti gandum ngandhut serat kang akèhé tikel enem saka roti putih. Saliyané iku, roti gandum uga ngandhut karbohidrat lan ènèrgi kang luwih sithik katimbang roti putih. Iki kang marakaké roti gandum bisa njaga bobot awak kang idhéal.

Roti buaya utawa roti baya ya iku roti kanggo seserahan ing upacara ngantèn adat Betawi. Roti baya iki dawané kurang luwih 50 cm. Roti iki digawa ngantèn lanang kanggo seserahan. Roti iki nggambaraké kasetyan pasangan ing pernikahan lan supaya bisa urip lan mati bareng tégesé tansah nyawiji.

Asal mulané roti baya iki ya iku masarakat Betawi kainspirasi kéwan baya kang mung kawin sapisan saumur-umur. Masarakat Betawi percaya mitos iki turun temurun.

Miturut masarakat Betawi roti nglambangaké ékonomi kang mapan. Tégesé saliyané duwé kasektèn, pasangan uga tansah mapan uripé, mulya lan suksès.

Roti daging ya iku roti kang isiné olahan daging. Daging kang dianggo isi bisa daging pitik, sapi, lan kebo. Ana uga kang diarani roti daging beluk




#Article 132: Korawa (172 words)


Para Korawa (utawi rikala-kala Kurawa) punika para paraga antagonis salebeting wiracarita Mahabharata. Sedaya punika para mengsah bebuyutaning para Pandhawa. Cacahipun wonten satunggal atus kaliyan sadaya punika, putranipun prabu Dertarastra ingkang wuta boten saged ningali kaliyan garwanipun, sang pramèswari, Dewi Gandari.

Korawa utawi Kaurava ing basa Sangskreta, tegesipun “tiyang saking trah Kuru”. Kuru punika leluhuripun para panguwasa ing nagari Hastina. korawa punika putra saking Destarastra kaliyan dewi gendari. cacahipun wonten satus.Sajatinipun para Pandhawa ugi saking trah Kuru, nanging namung para Korawa kémawon ingkang dipunsebat kados punika.

Ing andhap punika inggih namanipun para Korawa. Kalihipun Korawa utama inggih punika Suyodana/Duryodana kaliyan Duhsasana dipunsebat langkung riyin. Lajeng sanèsipun dipunsebat miturut urutanipun abjad Latin:

Para Korawa wusananipun tiwas sadaya ing perang Bratayuda. Sang Korawa ingkang tiwasipun pungkasan punika Suyodana. Piyambakipun pupunipun dipunpupuh mawi gadha sakemengipun déning Wrekodara ngantos tiwas.

Para Korawa cacahipun satus, nanging taksih gadhah sadhèrèk èstri kaliyan jaler. Inggih punika Yuyutsu, putra prabu Dertarastra nanging bènten ibu, ibunipun wanita wesya. Lajeng saking Dewi Gandari, wonten malih putra namanipun Duskampana kaliyan putri Duhsala (utawi Duśśala).




#Article 133: Duryodana (556 words)


Duryodana utawa Duryudana iku ratu ing Ngastina (Hastina) Ing layang Mahabharata karan Droyudhana. Dasanamane miturut padhalangan: Suyudana, Jakapitana,Jayapitana, Kurupati, Gendharisuta, Dhasthaputra, Tri Mamangsah. Duryudana iku putrane Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendhari sing tuwa dhéwé. Nalika lair ora salumrahe bayi, nanging wujud tengkelan daging, kaya tugelan daging kebo. Daging mau polah kroncalan. Déning Dewi Gendari daging ditendhang sakayange, satemah sigar dadi loro. Dewi Gendari saya duka. Sigarane daging sing sijiné diidhak-idhak, satemah ajur dadi pirang-pirang, pating kruget kaya singgat. Daging mau banjur ditutupi godhong lumbu. Daging sing gedhé dhéwé dadi bayi loro, Duryudana lan Dursasana. Déné daging sing cilik-cilik dadi adhi-adhine kang banjur karan Sata Kurawa. Tembung Sata tegesé satus (sanadyan cacahé 101), déné Kurawa iku mengku teges darah Kuru.
Duryudana sa adhi-adhine iku watake angkara murka, srei, jail-methakil, jalaran tansah diapusi lan diojok-ojoki déning bapa pamane, Patih Harya Sengkuni (Sakuni). Bedha karo Prabu Dasamuka, nata ing Ngalengka kae, sanajan padha-padha watake angkara murka, nanging yèn Dasamuka kabèh tumindhake sing angkara murka iku tukul saka prentule atine dhéwé. Déné yèn Duryudana anggoné duwé watak angkara murka amarga disetir déning Patih Sengkuni. Mula Duryudana iya banjur tansah mungsuhi marang para Pandhawa

Garwa prameswarine Prabu Duryudana sesilih Dewi Banowati, putrine Prabu Salya ing Mandaraka. Sanadyan Duryudana iku wujudé cakrak, gantheng, nanging emane bodho banget. Pikirane landhep dhengkul. Isih ketambahan watake angkara murka. Muloa ora ana putri sing seneng karo dhèwèké. Nalika arep ngrabi karo Dewi Erawati (putri pembayune Prabu Salya), direbut utawa kalah dhisik karo Raden Kakrasana (Prabu Baladewa). Arep péngin ngrabi Dewi Surtikanthi (putrine Prabu Salya sing angka loro), didhisiki Suryatmaja (Adipati Karna). Wasana bisa dhaup karo Dewi Banowati amarga pitulungane Raden Permadi (Arjuna).Satemene Banowati ora duwé rasa tresna marang Duryudana, jalaran Banowati wis luwih dhisik sesambungan tresna marang Permadi.Mula Banowati njaluk bebana: Gajah Putih, sratine putri sulisttya. Duryudana bisa miangkani bebana mau marga pitulungane Permadi. Banowati banjur njaluk bebana manèh: Patah (sing ngampingi penganten) putri ayu lan satriya bagus sing ngungkuli para priya ing Mandaraka. Kuwajibane patah iki ndandani manten putri sing ora liya sing dikarepake iya Permadi iku. Prabu Duryudana iya banjur utasan marang Patih Sengkuni ana pratapan Wukir Retawu ana ngarsane Begawan Abiyasa saperlu arep nyuwun ngampil Permadi supaya maesi temanten putri. Panembahan Abiyasa iya marengake Permadi kaboyong ana Mandaraka saperlu maesi temanten putri. Mula iya ora mokal, yèn Banowati kang banjur dadi garwane Prabu Duryudana iku satemene wis ora prawan manèh amarga diprawani Permadi. Saka anggoné bebrayan Banowati duwé anak loro lanang-wadhon, kang sesilih Raden Lesmana Mandrakumara iya Sarojakesuma lan Dewi Lesmanawati. Akèh sing mawastani yèn anak loro iki sejatine dudu anaké Duryudana, nanging ana uga kang nyebut yèn ramane Leksmanawati iku Arjuna.

Ing Bharatayudha, Duryudana dadi senopati Korawa kang pungkasan mungsuh karo Werkudara Bima. Sekawit Werkudara kang ngadhepi wektu iku bola-bali meh kasoran. Pungkasane Werkudara bisa ngerti yèn pengapesane Duryudana ana ing pupune (wentise)kang sisih kiwa. Nalika Duryudana lena kaprayitnane, wentise digitik nganggo gadha Rujakpolo déning Werkudara saéngga kuwandane Duryudana jengkelang gumebruk ing bantala. Nuli musthane dikepruk nganggo gadha lan pasuryane diungsep-ungsepake ana wadhas curi saéngga wewujudane memper jrangkong. Ana kaanan sekarat, Duryudana isih kober nguman-uman marang Werkudara lan para Pandhawa liyané. Diunek-unekake kaya mangkono iku Werkudara meh baé muntab kanepsone nanging dipenggak Prabu Kresna. Wusanane Duryudana enthek dayane lan banjur mati kanthi aniyaya ana sajeroning paprangan Baratayuda kang pungkasan, mbarengi ambruke nagara Ngastina. Mula perang iki banjur karan carita Rubuhan Duryudana Gugur.




#Article 134: Duhsasana (427 words)


Dursasana utawa Duhsasana ing basa Sansekreta ditulis Duḥṣāsana lan tegesé ‘angèl dikuwasani’.

Miturut padhalangan, Dursasana iku putrane Prabu Dhestharastra klawan Dewi Gendari kang angka loro. Rayine Prabu Duryudana cer iki kalebu paraga kondhang tur uripé kebak guyu sarta lambeyan.

Wujud wayange sarira geng aluhur ronggah-ronggah sarwa wagu. Brengose crapang naga nglangi, gudheg wok simbar jaja, wulune abang. Netra pendhul, jénggot nggandhul, lan untune gingsul.

Kasatriyane ana ing Kadipaten Banjarjungut (Banjarjunut). Garwane sesilih Dewi Salthani lan peputra siji kekasih Radèn Dursala. Pusakane wujud panah kang gedhé arane Kiai Barla.

Jeneng Dursasana iku jare Ki dhalang mengku teges panggonan kang ala. Mula watake Dursasana angkara murka, sewenang-wenang, degsiya, lan ugal-ugalan. Yèn nuju ning pasewakan dicritakake lungguhe sila tumpang, déné yèn ana paseban njaba, lungguhe ana ngarep dhéwé, cedhak karo Patih Sengkuni. Mula padhatane banjur matur nungsung pawarta luwih dhisik ketimbang para Kurawa liyané :Man..werta, man werti. Man Sengkuni ingkang putra wonten njawi nungsung warti, man Sengkunar wonten latar kula nungsung kabar, kadhospundhi dhawuh pangandhikanipun Kaka Prabu Duryudana lumantar paman Sengkuni...hoo...hoo....

Dursasana iku kalebu paraga sing banget nyujanani marang kasetyane Dewi Banowati (garwane Prabu Duryudana), sing miturut saka panemune Dursasana bathin-bathine Banowati iku tansah memuji supaya Kurawa bisa tumpes tapis tanpa sisa saéngga bisa ngunggah-unggahi Arjuna/Janaka.

Ing perang Baratayuda, Dursasana mati déning Werkudara nalika arep mlumpat kali Cingcinggoling (kali Kelawing). Dursasana kang keplayu nalika tetandhingan yudha mungsuh Werkudara nuli mlumpati kali Cingcinggoling, nanging tekan satengahe kali sikile Dursasana dijegal déning yitmane juru satang prau tambangan aran Ki Sarka kang mbiyèn wis tau diperjaya Dursasana kinarya tumbal perang. Bareng Dursasana wis kelakon keceblok ana satengahe kali, topong agemane banjur disaut déning yitmane Ki Tarka saéngga rikmane ngrembyah. déning Dyan Bratasena rikmane Dursasana disaut terus digeret ana padharatan. Tekan ing padharatan Dursasana banjur disirnakake. Kuwandhane dipotheng-poteng, bahune disempal-sempal, jangga ditigas, wadhuke disudhet nganggo Kuku Pancanaka, ususe diobrol-obrol, ludhirane dikokop déning Werkudara sarta kanggo kramas Dewi Drupadi, prameswarine Puntadewa.

Patine Dursasana sing kaya mangkono iku jalaran ngunduh wohing pakartine dhéwé. Dhek jaman Pandhawa kalah anggoné kasukan main dadu mungsuh Duryudana kang diwakili Sengkuni, Dursasana nedya gaewe wirange para Pandawa lan Drupadi. Sang Dewi nedya diblejeti agemane ana pasewakan agung praja Astina, nanging eloking kaanan, saben sandhangane Drupadi diudhari selembar déning Dursasana, isih terus ana waé lembaran sandhangane sing ana sangisore sandhangan sing arep diudhari iku, saéngga Drupadi opra sidha kawudhan. Kadadeyan mau banget gawé lara atine Pandawa lan Dewi Drupadi. Nganti Drupadi sumpah ora pati-pati gelungan manèh yèn durung kelakon kramas nganggo getihe Dursasana. Werkudara uga mèlu sumpah yèn besok tumapaking perang baratayuda bakal motheng-motheng kuwandhane Dursasana sing dianggep ngina marang para Pandawa.




#Article 135: Marco Polo (169 words)


Marco Polo (), punika satunggiling bakul lan panjlajah donya. Piyambakipun sangkanipun saking Venesia, sapunika wonten ing Italia. Marco Polo lajeng saking Éropah késah dhateng ing Cinten manglampahi Jalur Sutra, utawi jalur dharat (1271-1275). Sadhatengipun ing Beijing, rikala punika Cinten dipunkuwasani tiyang Monggolia (Tatar). Marco Polo lajeng ngabdi dhateng ratu Kublai Khan, laminipun 17 warsa. Lajeng wangsul dhateng ing Éropah. Sapunika manglangkungi segara, langkung tanah Jawi kaliyan pulo Sumatra (1292-1295).

Akeh carita kang misuwur lan aneh saka bangsa Éropah. Ing wektu iku, bangsa Barat ora ngerti donya Timur. Saperangane wong Pinter mènèhi panemu yèn ta marco Polo pancen lunga tekan Cina, nanging ora tekan kabèh panggonan kang digambarake ana bukune (kaya ta Xanadu).

Salah sijiné carita Marco Polo kang nyengsemake bangsa Indonésia ya iku caritane kang aran ’’unicorn’’ utawa jaran kang duwé sungu kang panemune dhèwèké weruh ana ing pulo Sumatra. Nanging Ilmu kawruh kang mbuktekake panemune iku dudu unicorn nanging ya iku kang diarani warak Sumatra.

Saperangane aran panggonan ing Indonésia kang ana ing buku cathetan Marco Polo, antarané:

 




#Article 136: Albert Einstein (311 words)


 

Albert Einstein (Ulm, Württemberg, Jerman, 14 Maret 1879–18 April 1955) punika saged dipunanggep ngèlmuwan fisika teoretis ingkang ageng piyambak ing abad ka-20. Piyambakipun ingkang nyiptakaken téyori relativitas kaliyan ugi kathah nyumbang ing babagan pangembangan téyori mekanika kuantum, mekanika statistik, kaliyan kosmologi. Ing warsa 1921 piyambakipun angsal panganugrahan Nobel ing Fisika kanggé wedaranipun prakawis efek fotoelektrik kaliyan pengabdenipun marang Fisika Teoretis.

Satelasipun téyori relativitas umum dipunrumusaken, Einstein dados misuwur saubenging donya. Prakawis punika boten biyasa kanggé para ngèlmuwan. Ing wayah sepuhipun, anggènipun misuwur nglangkungi sadaya ngèlmuwan ing sajarah fisika. Ing budaya populèr Einstein kaanggep sinonim kaliyan kapinteran utawi malahan kaliyan jenius. Pasuryanipun dados ingkang salah satunggaling ingkang dipuntepangi sadonya. Ing warsa 1999, Einstein Tiyang Abad Sapunika déning majalah Time. Kapopulèranipun ugi ndamel nama Einstein wiyar dipun-gunakaken ing donya iklan saha barang dagangan sanès. Wusananipun nama Albert Einstein dipundaftaraken dados merk dagang.

Kanggé miwiti, satunggiling unit fotokimia dipunwastani einstein, satunggaling unsur kimia dipunwastani einsteinium, saha satunggaling asteroid dipunwastani 2001 Einstein.

Rumus Einstein ingkang misuwur piyambak:

Einstein miyos ing Ulm, Württemberg, Jerman; kirang langkung 100 km sisih wétan Stuttgart. Bapanipun namanipun Hermann Einstein, satunggiling bakul kranjang wulu ingkang lajeng nyambut damel ing babagan elektrokimia, saha ibu namanipun Pauline. Kakalihipun émah-émah ing Stuttgart-Bad Cannstatt kaliyan taksih turunan Yahudi. Albert sekolah wonten sekolah Katholik kaliyan déning kapénginan ibunipun lajeng sinau main biolah.

Nalika yuswanipun gangsal, bapanipun nedahi kompas kanthong, kaliyan Einstein lajeng rumaos manawi wonten prakwis ing kamar suwung punika ingkang saged ngobahaken dom kompas punika. Piyambakipun lajeng medaraken manawi pangalaman punika dados salah satunggaling wanci sagesangipun ingkang berkesan piyambak.

Einstein émah-émah kaliyan Mileva Marić, tiyang èstri saking Serbia.

Amarga wonten Jerman tiyang Yahudi dipunkuya-kuya ing dasawarsa 1930-an, Einstein sakulawarga dhateng Amérikah Sarékat. Wonten ngriku piyambakipun manggèn ngantos sédanipun ing 1955. Sabibaripun Perang Donya II, Einstein dados aktif ing babagan Bedhamèn Dunia, amargi rumaos manawi gagasan-gagasanipun dipunsalah-gunakaken kanggé ndamel gaman nuklir ing Perang Donya II punika.




#Article 137: Leif Ericsson (268 words)


Leif Eriksson (basa Islandia kina: Leifr Eiríksson) punika satunggiling panjlajah, putra Erik Sang Abrit (Eiríkr rauði). Ibunipun inggih Þjoðhildr. Bapanipun ingkang miwiti kalih koloni Nurwègen, Pakuwon Kulon saha Pakuwon Wétan ing Tanah Ijem (Greenland) ingkang dipunsukani nama déning piyambakipun..

Rikala wonten ing Nurwègen, Leif mlebet agami Kristen. Lajeng nalika sampun wangsul ing Tanah Ijem, tumbas praunipun Bjarni Herjólfsson kaliyan tindhak nuwèni dharatan ingkang sampun dipunpanggihi déning Bjarni.

Saga Grænlendinga (Cariyos Tanah Ijem) awuwus manawi Leif miwiti panjlajahipun saking kiwa tengenipun warsa 1000 kanggé ngrunut rute Bjarni saking arah sabalikipun. Papan pratami ingkang dipunpanggihi kebek lèmpèngan séla radin (basa Islandia: hellur). Amargi makaten, papan punika dipunsukani nama Helluland (siti ingkang kathah séla radinipun). Mbokmenawi ingkang dipunmaksud inggih tlatah ingkang dipunwastani Kapuloan Baffin samangké.

Salajengipun, piyambakipun mamanggihi dharatan ingkang radin saha kathah kajengipun (kayu), mawi pasisir pasisir awedhi pethak ingkang dipunwastani Markland (siti kajeng). Wonten kamungkinan ingkang dipunkarepaken Labrador. Rikala apapanggih dharatan malih, Leif saha awakipun ndharat kaliyan yasa pinten-pinten griya. Sedaya remen dharatan punika: awit kathah ulam salmon ing lèpèn-lèpèn. Lajeng hawanipun eca, ing mangsa asrep boten patiya asrep lajeng ing mangsa panas boten patiya bentèr. Ing mangsa asrep sesuketan ugi taksih ijem-ijem. Sedaya lajeng manggèn wonten riku sadanguning mangsa asrep. Cariyos ingkang sami ugi nyebat satunggiling awak baita anami Tyrkir, bokmanawi tiyang Jerman, ingkang manggihaken anggur. Leif lajeng nyukani nama siti punika Vínland, ingkang tegesipun ‘Siti Anggur’. Rikala wangsul, Leif nulungi satunggiling tiyang Nurwègen, dados piyambakipun dipunwastani 'Leif ingkang Mujur' (basa Nurwègen Kina: Leifr hinn heppni).

Leif gadhah sedhèrèk jaler kalih Þorvaldur kaliyan Þorsteinn, saha èstri satunggil, Freydís. Leif émah-émah kaliyan Þórgunna, lajeng dipunparingi putra satunggal, Þorkell Leifsson.




#Article 138: Ugrasena (156 words)


Ugrasena bisa béda ing antarané sawatara kitab lan uga pedhalangan.

Ugrasena iku, salah sijining para Korawa satus. Jenengé diarani ing layang gancaran Adiparwa, kitab pratamané Mahabharata.

Ugrasena iku uga jenengé Prabu Setyajid nalika isih mudha. Raja nagara Lesanpura iku putrané Prabu Basukunti ing Mandura. Ing pedhalangan gagrag Ngayogjakarta, Ugraséna iku putra Prabu Kuntiboja.

Dhèwèké isih sak saduluran karo Basudewa, Kunti, lan Rukma.

Setyajid nduwé garwa Dewi Sini utawa Wresni. Saka bebrayan iki olèh putra-putri:

Ing pedhalangan kang njupuk lakon saka kitab Purwacarita, Setyajid mati déning Bomanarakasura nalika mbéla Samba.

Ing Mahabharata, Setyajid mati nalika Kartawarma lan Aswatama mlebu sesingidan ing kraton Astina nalika baratayuda wus rampung.

Béda manèh ing Mosalaparwa, Ugraséna mati bebarengan karo tumpesé trah Yadawa, Wresni, lan Andaka.

Ing India, Ugrasena iku raja Mathura kanthi garwa Karni. Seka jejodhoan iki olèh momongan kansa lan Devaka. Ing carita Mahabharata gagrag India, Ugrasena kalèngsèraké déning Kansa. Krishna banjur matèni kansa lan mbalèkaké Ugraséna dadi raja manèh.




#Article 139: Ludwig van Beethoven (202 words)


Ludwig van Beethoven (dipunbaptis 17 Dèsèmber 1770–26 Maret 1827) inggih punika satunggiling komposer Jerman ingkang mawiyaraken wiraga saha wawasan musik klasik. Piyambakipun dados ‘kreteg’ ingkang saged manyabrangi gaya klasik kaliyan gaya romantik.

Beethoven lair ing kutha Bonn, Jerman nalika taun 1770. Bakat ing babagan musik sampun katingal nalika alit. Serat musik kapisan dipunserat taun 1783. Nalika taksih rumaja, Beethoven késah ing Wina lan kapanggih Mozart, nanging pepanggihan punika namung sakedhap. Taun 1792 Beethoven ngambali dhateng ing Wina lan ngangsu kawruh dhumateng Haydn. Piyambakipun lajeng boten késah malih saking Wina.

Nalika yuswaipun ngancik kalih dasa taun, Beethoven ngraos manawi piyambakipun risak talinganipun lan boten saged mireng. Punika dados panggalihipun Beethoven, piyambakipun ngantos gadhah panemu manawi badhé mrajaya awakipun piyambak. Piyambakipun lajeng boten naté medal lan srawung kaliyan masarakat, nanging karyanipun panggah dipunremeni déning masarakat.

Yuswa sakawan dasa, Beethoven sampun boten saged mireng punapa-punapa malih, nanging piyambakipun panggah ngripta musik kanggé piyambakipun. Beethoven naté ngendika dhumateng saah satunggaling kritikus musik bilih musikku iki ora kanggo awakmu, nanging kanggo anak putu sapungkurmu.

Kalebet ing karyanipun inggih punika: sangang simfoni, 32 sonata piano, 16 kwartèt, 5 konsèr piano, satunggal konsèr biolah, kalih misa, opera Fidelio (1805) kaliyan musik kor. Beethoven nilar donya ing Wina taun 1827.




#Article 140: Wolfgang Amadeus Mozart (224 words)


Wolfgang Amadeus Mozart (Salzburg, 27 Januari 1756–Wina, 5 Dhésèmber 1791), punika satunggiling komposer musik saking Austria. Piyambakipun saged kaangep juru musik ingkang jénius. Saking wiwit alit sampun saged manggubah musik klasik. Karyanipun kathah sanget (kirang langkung 700 lagu).

Karya-karyanipun antawis sanès: Pawiwahan Figaro (Le nozze di Figaro) (1786), Don Giovanni (1787), kaliyan Sruling Ajaib (Die Zauberflöte) (1791). Karyanipun ingkang pungkasan, Requiem, dèrèng bibar awit sampun tilar donya. Lajeng karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr.

Mozart nilaraken warisan komposisi musik kathah sanget. Komposisi-komposisinipun sampun dipunpilah-pilah per genre (jinis) ing K.V. (Köchel-Verzeichnis, 1937). Sawijining ringkesan cekak karya Mozarts ugi naté dipunterbitaken ing 1951 mawi judhul Der kleine Köchel. Lajeng ugi wonten Verzeichnüss, punika cekakan saking Verzeichnüss aller meiner Werke (1784-1791), sawijining pratélan komposisi ingkang dipunserat déning Mozart piyambak. Lajeng ugi wonten sistèm AMV (Alte Mozart-Ausgabe) kaliyan NMA (Neue Mozart-Ausgabe) ingkang dipun-ginakaken.

Pratélan opera Mozart:

Ing warsa 1791 Mozart kadhatengan tiyang ingkang boten dipuntepangi. Piyambakipun kajeng pesen satunggiling misa Requiem. Alesan saha jati dhirinipun boten purun dipunbèbèraken. Bésok tibakipun tiyang punika Raden Franz von Walsegg-Stuppach. Priyantun punika panci gadhah kabiasaan pesen komposisi musik lajeng dipunsalin kaliyan dipunakoni piyambak.

Rikala Mozart nampi pesenan punika, Mozart sampun boten saras malih. Amargi gadhah pesenan sanès, Mozart saweg saged nyerat requiem punika rikala sangsaya sakit badanipun ngantos séda. Pungkasanipun karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr. Piyambakipun salah satunggiling siswanipun.




#Article 141: Cheng Ho (192 words)


Cheng Ho(Hanzi tradhisional:鄭和, Hanzi prasaja: 郑和
, Hanyu Pinyin: Zhèng Hé, Wade-Giles: Cheng Ho; asma asli: 马三宝 Hanyu Pinyin: Ma Sanbao; asma Arab: Haji Mahmud Shams) (1371 - 1433),, punika satunggiling panjalajah Cinten ingkang ngayahi panjlajahan antawis taun 1405 ngantos 1433.
Cheng Ho ugi naté dhateng ing tanah Jawi ngantos dumugi Afrika. Miturut cariyos-cariyos piyambakipun tiyang kedhi muslim, inggih punika tiyang ingkang dipunkebiri, tiyang kaprecadosan Kaisar Yongle saking Tiongkok (ingkang kuwaos taun 1403-1424).

Cheng Ho ngayahi èkspédhisi dhumateng sawatawis laladan ing Asia lan Afrika, antawisipun:

Amargi nganut agami Islam, para réncangipun sami sumerep manawi Cheng Ho péngin sanget minggah kaji dhateng Mekah sepertos ingkang sampun naté dipunayahi déning swargi ramanipun, nanging para arkéolog lan para ahli sajarah dèrèng gadhah bukti kiyat ngèngingi bab punika. Cheng Ho ngayahi èkspédisi paling sakedhik kaping pitu nganggé kapal armadanipun.

Cheng Ho mimpin pitu èkspédisi dhumateng panggénan ingkang kasebat déning tiyang Cinten Samudra Kilèn (Samudra Indonésia). Cheng Ho ngasta kathah bebungah lan langkung saking 30 utusan karajan rawuh ing Cinten - kalebet Raja Alagonakkara saking Sri Lanka, ingkang rawuh saperlu nyuwun pangapunten dhumateng Kaisar.

Armada iki terdiri saka 27.000 anak buah kapal an 307 (armada) kapal laut.




#Article 142: Martin Luther (105 words)


Martin Luther (1483 – 1546) , punika satunggiling filsuf ugi pastur saking Wittenberg, Sachsen, Jerman ingkang gadhah kersa ngréformasi gréja Kristen Katulik. Nanging wusananipun, boten réformasi ingkang dipunangsali, piyambakipun lajeng pecah saking gréja katulik Roma. Punika ugi kasebat skhisma alit saha wiyosanipun Gréja Protèstan.

Martin Luther misuwur déning 95 dalil-dalilipun. Miturut tradhisi piyambakipun maku dluncang ingkang isi 95 dalil-dalilipun punika ing lawang Gréja ing Wittenberg. Nanging katingalipun punika namung mitos kémawon. Isining dalil-dalilipun inggih wicanten bab réformasi ing agami Kristen kala samanten.

Piyambakipun ugi mertalaken Alkitab dhumateng basa Jerman (1521-1534).

Writings of Luther and contemporaries, translated into English

Online information on Luther and his work




#Article 143: BBC (140 words)


BBC iku cekakan saka The British Broadcasting Corporation, ya iku stasiun radio lan télévisi pamaréntah Karajan Manunggal. BBC uga nyedyaké giyaran warta ing internèt. BBC diyasa ing taun 18 Oktober 1922 lan didadèkaké perusahaan pamaréntah ing taun 1927. BBC iku stasiun radio lan télévisi sing gedhé dhéwé sadonya.
 
Layanan télévisi BBC ing Karajan Manunggal antarané wujud BBC One, BBC Two, BBC Three, BBC Four, saluran warta BBC News 24, lan loro saluran kanggo bocah cilik, CBBC sarta CBeebies. BBC One lan Two bisa ditampa kanthi transmisi analog déné sisané digital. BBC uga nglola sawijining stasiun kang mligi kanggo pulitik, ya iku BBC Parliament, kang nyuguhaké warta Parlemèn Karajan Manunggal, Parlemèn Sekotlan, Parlemèn Éropah sarta Senat Amérikah Sarékat.

Operasi BBC dilakokaké déning BBC Worldwide kalebu saluran télévisi internasionalé kaya ta BBC World, BBC Prime, BBC America, BBC Canada lan BBC Japan.




#Article 144: Uni Éropah (188 words)


Uni Éropah (basa Inggris: European Union utawi EU) punika satunggiling organisasi antar-pamarêntahan lan supra-nasional, ingkang dumados saking nagari-nagari Éropah, ingkang wiwit tanggal 1 Januari 2007 sampun gadhah 27 nagari anggota. Persatuan punika dipunadegaken kanthi rujukan Prajanjèn Uni Éropah (ingkang langkung misuwur kanthi paraban Perjanjian Maastricht) ing taun 1992. 

Badan punika gadhah 4 institusi utama: Dewan Uni Éropah, Parlemen Éropah, Pangadilan Éropah lan Komisi Éropah. Saben institusi gadhah Présidhèn piyambak, lan gadhah peran lan tanggel-waler tianmtu.

Anggota Uni Éropah inggih punika:

Negari ingkang dados anggota ing taun 2007 punika Rumeni kaliyan Bulgaria.
Kroasia ugi saged dados anggota (2013). Status Turki taksih dèrèng cetha.
Parlemen Éropah rembagan wonten Brusel (Bèlgi) kaliyan (pinten-pinten kaping satunggal taun) ing Strasbourg (Prancis).
Parlemen Éropah dipunpilih langsung déning para padunungipun.

Ing ngandhap punika tabel lan graf ingkang nedahaken GDP (PPP) per kapita lan GDP nominal per kapita kanggé Uni Éropah lan nagari anggotanipun. Data punika perkiraan taun 2005 lan grafipun saking taun 2004.

Sumber: CIA World Factbook 
All other figures, source: IMF web site (, , ).

Pada tahun 2003. Warna cyan untuk angka terbesar, hijau untuk yang terkecil.
Sumber: CIA World Factbook 2004, IMF




#Article 145: Kartini (2860 words)


Radèn Adjeng Kartini utawi langkung leres Radèn Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 utawi 28 Rabiul Akhir taun Jawi 1806-Rembang, 17 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Radèn Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Sanajan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biyasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun boten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

Radèn Adjeng Kartini punika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara ingkang dipunparingi tenger Kartini. Tanggal samangké déning bangsa Indonésia dipunpéngeti dados dinten Kartini. Kartini punika laré ingkang nomer gangsal saking Bupati Jepara. Déné pambajengipun, R.M.Sasraningrat, panengakipun R.M.Sasrabuana, panengahipun R.A.Cakradisasra, lan semendhinipun R.M.Sasrakartana. Radèn Ajeng Kartini punika pejuang émansipasi wanita Indonésia. Panjenenganipun ingkang sampun ngupadaya supados drajadipun wanita saged sami kaliyan priya.

Nalika jaman samanten, tiyang èstri boten kepareng sekolah kados déné priya. Manawi sampun ngancik yuswa rumaja lan dipunanggep patut dhaup, tiyang wadon lajeng dipunpingit. Dipunpingit tegesipun boten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan ngenani padamelanipun wong wadon saéngga saged dados garwa ingkang saé. Adat kados makaten sampun limrah lan turun-tumurun ing jaman samanten. R.A.Kartini ugi dipunpingit déning tiyang sepuhipun. Sejatosipun Kartini kepéngin uwal, boten kersa dipunpingit, nanging piyambakipun boten saged. Ing salebeting pingitan, Kartini asring ngirim layang marang kanca-kancanipun saéngga kawruhipun ugi nambah.

Sinaosa dipunpingit Kartini ugi tansah sregep sinau kanthi buku-buku ingkang dipunbektakaken kancanipun, Nyonya Abendanon.
Saksampunipun dipingit, nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini dipundhaupaken kaliyan Radèn Adipati Jayadiningrat. Sinaosa sampun dhaup, pangudinipun Kartini boten mandheg malah sansaya adreng anggènipun ngangkat drajadipun kaum wanita. Gegayuhanipun dipunsengkuyung déning garwane. Piyambakipun ngadhegake sekolah kanggé para putri ingkang kepéngin ngudi ngèlmu. Nalika tanggal 17 September 1904 antawisipun sekawan dinten saking anggènipun patutan, Ibu Kartini kapundhut ngarsaning Gusti. Nanging, sedanipun kala wau boten ateges purnaning perjuangan emansipasi wanita. Perjuangan emansipasi wanita terus dilakoni saéngga dinten samangké wanita saged ucul saking jiretan adat pingit. Wanita nduwé hak padha kaya hake priya. Wanita bisa sekolah lan ngudi ngèlmu ing pawiyatan luhur kaya déné priya.

Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara. Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.

Nami Kartini sarta Kartono punika dipun-pendhet saking tembung karta utawi karti ingkang tegesipun saé, trepti utawi mukti. Tembung punika asalipun saking basa Sangskreta kṛta ingkang tegesipun suci utawi dinamel.

Sanajan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Nanging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.

Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah njurung piyambakipun.

Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun gadhah garwa tiga.. Kanggé Kartini bab punika wujud satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa boten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipunparingi panjurung kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling yasan ingkang dinten punika dipun-ginakaken minangka Gedhung Pramuka.

Putra kapisan lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawatawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika Sekolah Kartini.
Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.

Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Présidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mèi 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.

Sasampunipun Kartini séda, Mr. J.H. Abendanon ngempalaken lan ndamel buku saking kempalan serat-serat ingkang naté dipunkintunaken déning R.A Kartini dhumateng para réncangipun ing Éropah. Abendanon wekdal punika mengku kalungguhan minangka Mantri Kabudayan, Agama, lan Karajinan Hindhia-Walandi. Buku punika lajeng dipunparingi sesirah Door Duisternis tot Licht ingkang tegesipun Rampung peteng, sumilak padhang. Buku kempalan serat Kartini punika dipunterbitaken ing taun 1911. Buku punika dipuncithak kaping gangsal, lan ing cithakan ingkang pungkasan wonten tambahan serat Kartini. Ing salebeting basa Inggris, serat-serat Kartini ugi naté dipunterjemahaken déning Agnes L. Symmers.

Terbitipun serat-serat Kartini, satunggiling pawèstri pribumi, sanget narik kawigatosan masarakat Walanda, lan pamikiran-pamikiran Kartini wiwit ngéwahi pandhangan masarakat Walanda dhumateng pawèstri pribumi ing Jawi. Pamikiran-pamikiran Kartini ingkang kasokaken ing serat-seratipun ugi dados inspirasi kanggé tokoh-tokoh kebangkitan nasional Indonésia.

Ing serat-serat Kartini kaserat pamikiran-pamikiranipun prakawis kondhisi sosial wekdal samanten, mliginipun prakawis kondhisi pawéstri pribumi. Sapérangan ageng serat-seratipun isinipun keluhan lan gugatan khususipun ingkang gegandhéngan kaliyan budaya ing Jawi ingkang dipunsawang minangka rerendheting kemajengan pawèstri. Panjenenganipun péngin wanita gadhah kabébasan nuntut ngèlmu lan sinau. Kartini nyerat gagasan lan gegayuhanipun, kados kaserat: Zelf-ontwikkeling lan Zelf-onderricht, Zelf-vertrouwen lan Zelf-werkzaamheid lan ugi Solidariteit. Sedaya punika adhedhaasar Religieusiteit, Wijsheid en Schoonheid (inggih punika Katuhanan, Kawicaksanan lan Kaéndahan), dipuntambah kaliyan Humanitarianisme (pari kamanungsan) lan Nasionalisme (tresna marang praja).

Serat-serat Kartini isinipun ugi pangajeng-ajengipun kanggé pikantuk pitulungan saking njawi. Ing wekdal pitepangan kaliyan Estelle Stella Zeehandelaar, Kartini ndungkap pepénginan supados saged kados kaum mudha Éropah. Panjenenganipun nggambaraken kasangsaran pawèstri Jawi amargi kungkungan adat, inggih punika boten saged bébas lenggah ing bangku sekolah, kedah dipunpingit, dipunpalakrami kaliyan priyantun ingkang boten kaloka, lan kedah purun dipunmadu.

Pandhangan-pandhangan kritis sanès ingkang dipundungkap Kartini ing serat-seratipun punika kritik dhumateng agamanipun. Panjenenganipun nangletaken witèkna ngapa kitab suci kedah dipunlafalaken lan dipunapalaken tanpa dipunwajibaken kanggé dipunpahami. Panjenenganipun ndungkap ugi prakawis pandhangan: donya bakal langkung tentrem manawi boten wonten agami ingkang asring dados alesan manungsa kanggé sulaya, pepisah, lan silih nyakiti. ...Agami kedah njagi kita tinimbang ndamel dosa, nanging pinten kathahipun dosa dipundamel tiyang atas nama agami punika...

Kartini ugi nangletaken prakawis agami ingkang dipundadosaken pangleresan dhumateng kaum priyantun kanggé poligami. Kanggénipun Kartini, sampun cekap kasangsaran ingkang dipunalami déning pawéstri Jawi, ingkang donyanipun namung wewates témbok griya lan sumadiya ugi kanggé dipunmadu. Ing bab awal punika.

Serat-serat Kartini kathah ndungkap prakawis alangan-alangan ingkang kedah dipunadhepi nalika gadhah gegayuhan dados pawèstri Jawi ingkang langkung majeng. Kartini gadhah rama ingkang kagolong majeng amargi sampun nyekolahaken putri-putrinipun éwadéné namung dumugi yuswa 12 taun, tetep kémawon konten kanggé dumugi ing mrika katutup.

Kartini tresna sanget dhumateng ingkang rama. Nanging nyatanipun, tresnanipun dhumateng ingkang rama kasebat ugi ing pungkasanipun dados alangan ageng kanggé mujudaken gegayuhanipun. Ingkang rama, ing serat, ugi dipundungkap bilih panjenenganipun tresna sanget dhumateng Kartini. Panjenenganipun dipunsebataken pungkasanipun ngidinaken Kartini sinau dados guru ing Batawi, éwadéné sadèrèngipun boten ngidinaken Kartini kanggé nglajengaken studi ing Walanda utawi kanggé mlebet sekolah kadhokteran ing Batawi.

Pepénginan Kartini kanggé nglajengaken studi-mliginipun ing Éropah panci dipundungkap ing serat-seratipun. Sapérangan réncang penanipun nyengkuyung lan ngupados mujudaken pepénginan Kartini wau. Lan nalika pungkasanipun Kartini mbatalaken pepénginan ingkang mèh mawujud kasebat, kadungkap wontenipun kuciwaning réncang-réncang penanipun. Niyat lan rencana kanggé sinau ing Walanda kasebat pungkasanipun malih ing Batawi kémawon sasampunipun dipunwejang déning Nyonya Abendanon bilih punika ingkang paling becik kanggé Kartini lan rayinipun Rukmini.

Salajengipun, ing tengah taun 1903 nalika Kartini yuswa kirang langkung 24 taun, niyatan kanggé nglajengaken studi dados guru ing Batawi ugi pupus. Ing satunggaling serat dhumateng Nyonya Abendanon, Kartini ndungkap boten gadhah niyat malih amargi piyambakipun sampun badhé palakrama. ...Singkat lan cekak kémawon, bilih kula boten badhé migunaaken kesempatan punika malih, amargi kula sampun badhé palakrama... Kamangka ing wekdal punika pihak dhépartemèn pangajaran Walanda sampun mbikak kasempatan kanggé Kartini lan Rukmini sinau ing Batawi.

Nalika badhé palakrama, wonten éwahan panilaian Kartini prakawis adat Jawi. Piyambakipun dados langkung tolèran. Panjenenganipun nganggep palakrama badhé mbeta kauntungan piyambak ing salebeting mujudaken gegayuhanipun ngadegaken sekolah kanggé para pawèstri bumiputra wekdal punika. Ing serat-seratipun, Kartini nyebataken bilih ingkang garwa boten namung nyengkuyung gegayuhanipun kanggé nuwuhakén ukiran Jepara lan sekolah kanggé pawèstri bumiputra kémawon, nanging ugi dipunsebataken supados Kartini saged nyerat satunggaling buku.

Wonten satunggal prakawis menarik bab Kartini ingkang arang dikemukakan dhumateng publik. Ing serat ingkang dipunkintun déning R.A.Kartini tanggal 27 Oktober 1902 dhumateng nyonya R.M.Abendanon-Mandri kados ingkang dipunamot ing buku Door Duisternis to Licht,

Pertalan serat punika mawi basa Indonésia éjaan lami kados makaten:

    Saja ada satoe Botjah-Boedha, maka itoe ada mendjadi satoe alesan mengapa saja kini tiada memakan barang berdjiwa. 
    Ketika saja masih anak-anak, saja telah dapat sakit keras, dhokter-dhokter tidak bisa menolong, mereka poetoes asah. 
    Waktoe itoe, seorang Tionghoa (seorang hoekoeman dengan siapa kita masih anak-anak soeka bersahabatan) tawarkan 
    dirinja boeat menolong saja. Saja poenja orang toea menoeroet dan saja betoel-betoel djadi semboeh. 
    
    Apa jang usada dari orang-orang terpeladjar tidak mampoe, djoestroe obat-tachajoel jang menolongnja. 
    Ia menolong saja dengan tjoema-tjoema, saja disoeroe minoem aboe dari hioswa jang dibakar sebagi sembah-bakti 
    padha satoe Tepekong Tionghoa. Lantaran minoem obat itoe saja djadi anaknja Orang Soetji itoe, Santikkong Welahan. 
    
    Pada kira-kira satoe tahoen jang laloe saja mengoenjoengi Orang Soetji itoe. Ia ada hanja satoe Patoeng Emas 
    jang ketjil dan siyang malam dilipoeti asep hio. Bilamana ada berdjangkit wabah penjakit heibat, patoeng ketjil ini 
    digotong-gotong kesana-sini dengan pake oepatjara boeat oesir pengaroeh djahat dari iblis-iblis.

Wonten ngandap punika kapacak sawatawis irah-irahan buku ingkang wigatos prakawis utawi déning Kartini. Sasampunipun serat-serat Kartini dipunterbitaken déning Abendanon, kathah pertalan saha buku-buku komentar ingkang dipunserat prakawis Kartini.

Taun 1922, déning Sekawan Sedhèrèk, Door Duisternis Tot Licht dipuncawisaken ing basa Malayu kanthi sesirah Habis Gelap Terbitlah Terang; Boeah Pikiran. Buku punika dipunterbitaken déning Balai Pustaka. Armijn Pane, salah satunggaling sastrawan pelopor Pujangga Baru, kacathet minangka salah satunggaling panerjemah serat-serat Kartini dhateng Habis Gelap Terbitlah Terang. Panjenenganipun ugi dipunsebat-sebat minangka Sekawan Sedhèrèk.

Taun 1938, buku Habis Gelap Terbitlah Terang dipunterbitaken malih ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku pertalan saking Door Duisternis Tot Licht. Buku pertalan Armijn Pane punika dipuncithak kaping sewelas. Sasanèsipun punika, serat-serat Kartini ugi naté dipunterjemahaken dhateng basa Jawi lan basa Sundha. Armijn Pane nyawisaken serat-serat Kartini ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku sadèrèngipun. Panjenenganipun milah kempalan serat-serat kasebat dados gangsal bab pembahasan. Pambagéan kasebat panjenenganipun lampahi kanggé nedahaken wontenipun tahapan utawi éwahing sikap lan pamikiran Kartini salaminipun korespondénsi. Ing buku versi énggal kasebat, Armijn Pane ugi nyiutaken cacahing serat Kartini. Namung wonten 87 serat Kartini ing Habis Gelap Terbitlah Terang. Panyebab boten dipunamotipun sadaya serat ingkang wonten ing buku acuan Door Duisternis Tot Licht, inggih punika wontenipun kamèmperan ing sapérangan serat. Alesan sanès inggih punika kanggé njagi lampahing cariyos supados kados roman. Miturut Armijn Pane, serat-serat Kartini saged dipunwaos minangka satunggaling roman kagesangan pawéstri. Pupunika ugi ingkang dados salah satunggaling panjlasan alesan serat-serat kasebat dipunwilah dados gangsal bab pambahasan.

Serat-serat Kartini ugi dipunterjemahaken déning Sulastin Sutrisno. Mula bukanipun Sulastin nerjemahaken Door Duisternis Tot Licht ing Universitas Leiden, Walanda, nalika piyambakipun nglajengaken studi ing babagan sastra taun 1972. Salah satunggaling dhosèn pambimbing ing Leiden nyuwun dhumateng Sulastin supados nerjemahaken buku kempalan serat Kartini wau. Pangangkahipun sang dhosèn inggih punika supados Sulastin saged nguwaosi basa Walandi kanthi cekap sampurna. Salajengipun, taun 1979, mios malih satunggaling buku kanthi isi pertalan Sulastin Sutrisno vérsi jangkep Door Duisternis Tot Licht.

Buku kempalan serat vérsi Sulastin Sutrisno mios kanthi sesirah Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis lan Kanggé Bangsanipun (basa Indonésia: Surat-surat Kartini, Renungan Tentang dan Untuk Bangsanya). Miturut Sulastin, sesirah pertalan kedahipun miturut vèrsi basa Walandi, inggih punika: Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis lan Kanggé Bangsa Jawi. Sulastin nganggep, sanadyan kaserat Jawi, nanging ingkang dipunkersaaken déning Kartini saleresipun inggih punika kamajengan sadaya bangsa Indonésia.

Buku pertalan Sulastin malah kepéngin nyawisaken kanthi jangkep serat-serat Kartini ingkang wonten ing Door Duisternis Tot Licht. Sasanèsipun dipunterbitaken ing Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis lan Kanggé Bangsanipun, pertalan Sulastin Sutrisno ugi dipunpiginakaken wonten ing buku Kartini, Serat-serat dhumateng Ny RM Abendanon-Mandri lan Garwanipun.

Buku ingkang terbit ing taun 2008 nanging sayektinipun disertasi saking taun 1993, punika isinipun pertalan serat-serat Kartini inggih punika Letters from Kartini, An Indonésian Feminist 1900-1904. Penerjemahipun inggih punika Joost Coté. Piyambakipun boten namung nerjemahaken serat-serat ingkang wonten ing salebeting Door Duisternis Tot Licht versi Abendanon. Joost Coté ugi nerjemahaken sadaya serat asli Kartini dhumateng Ny Abendanon-Mandri, ingkang nembé kapanggih. Wonten buku pertalan Joost Coté, saged pinanggih serat-serat ingkang kagolong sensitif lan boten wonten ing salebetipun Door Duisternis Tot Licht versi Abendanon. Miturut Joost Coté, sadaya perjuangan lan panyandhetan dhumateng Kartini sampun waktosipun dipunbikak.

Buku Letters from Kartini, An Indonésian Feminist 1900-1904 ngamot 108 serat-serat Kartini dhumateng Ny Rosa Manuela Abendanon-Mandri lan garwanipun JH Abendanon. Kalebet ugi 46 serat ingkang dipundamel déning Roekmini, Kardinah, Kartinah, lan Soematrie.

Sanèsipun wujud kempalan serat, waosan ingkang langkung munjer dhumateng pamikiran Kartini ugi naté dipunterbitaken. Salah satunggilipun inggih punika Panggil Aku Kartini Saja karya Pramoedya Ananta Toer. Buku Panggil Aku Kartini Saja katingalipun wujud kasil ngempalaken data saking sawatawis sumber déning Pramoedya.

Buku anggitan Pramoedya punika ningali Kartini saking cara ningali saking kiwa (basa Indonésia: sudut pandang ilèn kiri). Buku punika dipun-bikak mawi pamedharan prakawis Perang Dipanagara utawi Perang Jawi saha dipun-tindhesipun tiyang Jawi mawi Cultuurstelsel utawi sistém tanempeksa ingkang kawonten déning sistém kolonialisme saha imperialisme ingkang nyekupung para kaum kapitalis. Dados Kartini ing buku punika uga dados simbul perjuangan kelas sosial.

Pungkasan taun 1987, Sulastin Sutrisno maringi gambaran énggal bab Kartini langkung bukunipun Kartini Surat-surat kepada Ny RM Abendanon-Mandri dan suaminya. Gambaran sadèrèngipun langkung kathah kawangun saking kempalan serat ingkang dipunserat dhumateng Abendanon, lan dipunterbitaken minangka Door Duisternis Tot Licht. Wonten ing buku énggal punika, Kartini dipunwujudaken minangka pejuang emansipasi. Ing salebeting kempalan punika, serat-serat Kartini tansah dipunpunggel pérangan wiwitan lan pungkasan. Kamangka, pérangan punika nedahaken kamesraan Kartini dhumateng Abendanon. Kathah bab sanès ingkang dipunmunculaken malih déning Sulastin Sutrisno.

Satunggiling buku kempalan serat dhumateng Stella Zeehandelaar kalamangsa 1899-1903 dipunterbitaken kanggé mèngeti 100 taun wafatipun Kartini. Isinipun nedahaken wajah sanès saking Kartini. Koleksi serat Kartini punika dipunkempalaken déning Dr Joost Coté, lajeng dipunterjemahaken kanthi irah-irahan Aku Mau... Feminisme dan Nasionalisme. Surat-surat Kartini kepada Stella Zeehandelaar 1899-1903.

Wonten sawatawis priyantun ingkang mangu-mangu bab leres utawi botenipun serat-serat Kartini. Wonten ingkang nganggep yèn J.H. Abendanon, Mantri Kebudayaan, Agama, lan Kerajinan wekdal punika, ngrékayasa serat-serat Kartini. Kasujanan punika muncul awit buku Kartini terbit wekdal pamaréntahan kolonial Walandi nembé ngayahi pulitik etis ing Hindia Walandi, lan Abendanon kalebet ingkang gadhah kepentingan lan njurung pulitik etis. Ngantos sapriki sabagéan ageng naskah asli serat inggih dèrèng dipunsumurupi kawontenanipun. Miturut swargi Sulastin Sutrisno, tapak katurunan J.H. Abendanon inggih sesah dipunlacak déning Pamaréntah Walandi.

Panetepan tanggal klairan Kartini minangka dinten ageng (riyadi) ugi dados dhiskusi. Péhak ingkang kirang sarujuk, ngusulaken supados boten namung mahargya Dinten Kartini kémawon, nanging ugi mahargya sakantenan kaliyan Dinten Ibu wonten ing tanggal 22 Dhésèmber. Alesanipun inggih punika supados boten pilih kasih kaliyan pahlawan-pahlawan wanita Indonésia sanèsipun, amargi taksih wonten pahlawan wanita sanès ingkang boten kawon kaliyan Kartini kados ta Dewi Sartika lan sanèsipun. Miturut pamanggih punika, tlatah perjuangan Kartini namung wonten ing Jepara lan Rembang kémawon, Kartini ugi boten naté manggul sanjata nglawan panjajah. Ugi taksih wonten sawatawis alesan sanèsipun.

Éwodéné ingkang sarujuk malah mratélakaken yèn Kartini boten namung minangka tokoh émansipasi wanita ingkang ngangkat drajat kaum wanita Indonésia kémawon, nanging minangka tokoh nasional ingkang tegesipun, kanthi ide lan gagasan pembaruanipun kasebat panjenenganipun sampun berjuang kanggé kepentingan bangsanipun. Cara pikiripun ugi sampun nglingkup perjuangan nasional.

Sasanèsipun dados Pahlawan Nasional R.I., Kartini dipunpèngeti warni-warni caranipun. Piyambakipun naté diagem ing arta Rupiah Indonésia kaping kalih. Ingkang sepindhah wonten ing taun 1952 lan ingkang kaping kalih wonten ing taun 1985.

Lajeng ing mèh sadaya kitha ing Tanah Jawa lan Indonésia kanthi umum mesthi wonten margi ingkang kawastanan Jalan Kartini.

Malahan ing nagari Walandi wonten bebungah pamaréntah Walandi anami Kartini prijs. Kartini wonten ing Walandi tansah dipunugemi minangka satunggiling pejuang émansipasi ing Hindia-Walandi wiwit jaman rumiyin ngantos sapriki. Pamaréntah laladan gemeente Den Haag ing taun 2007 malah nyawisaken Kartini prijs tumrap sawenèh tiyang utawi organisasi ing Den Haag, ingkang berjuang ing babagan émansipasi ala Kartini rumiyin. Sayektinipun Kartini prijs utawi Bebungah Kartini punika sampun ditetepaken déning satunggiling komisi. Kartini prijs punika kajengipun kanggé para tokoh wanita manca ingkang saged émansipasi. Kartini prijs taun 2007 punika dipunanugrahaken dhumateng satunggiling wanita Maroko ingkang anami Rahma El Hamdaoui, ingkang berjuang mbéla émansipasi ing Schilderswijk, Den Haag.

Ing taun 1984 dipundamel filem asirah R.A. Kartini ingkang dipunsutradarani Sjumandjaja. Para paraga ing filem punika antawisipun Jenny Rachman (Kartini), Nani Widjaya, Bambang Hermanto, lan Adi Kurdi. Film ingkang dipunsutradarani tokoh wedalan Moskwa punika astamiwa amergi migunakaken tigang basa: basa Jawi, basa Walandi, saha basa Malayu/Indonésia.

Minangka salah satunggilipun pamulyan dhumateng R.A. Kartini saking pamaréntah nagari Indonésia ugi naté dipunwujudaken wujud gambar prangko. Prangko ingkang gadhah nominal aregi satunggal atus rupiah punika dipunwedalaken taun 1979, kanggé mèngeti tanggap warsa kaping satunggal atus dinten kalairan R.A. Kartini ing taun 1879. Wonten ing latar wingking prangko punika kagambaraken rupi-rupi kagiyatan wanita Indonésia, ing antawisipun wonten ing babagan kasenian (angklung) sarta panampilan ngagem busana nasional lan busana modhèren, kanggé nggambaraken kamajengan ingkang dados panggayuhipun R.A. Kartini lan para wanita sanèsipun.




#Article 146: Septuaginta (109 words)


Alkitab Pitung Puluh (Latin: Septuaginta, LXX, tegese 70) iku kitab Prajanjian Lawas gagrag basa Ellas kang digawé (alihbasa) kurang luwih rong abad sadurungé Masehi. Pretalané iku kang nggawé dening wong Yahudi gunggung 70 ing Aleksandriyah, Mesir.

Alkitab Pitung Puluh nduweni kabedan karo Alkitab Protestan sing ngeloni tulisan Masoret. Pranjanjian Lawase Protestan mau ing Alkitab Pitung Puluh kaisenan kitab-kitab deuterokanonika sing padha kaya Alkitab Katulik lan katambahan saperangan kitab liya yaiku Makabe I-IV, Tobit, Yudit, Kawicaksanan Solomon, Sirakh, Barukh (kalebu Layang Yeremiyah),  Masmur Solomon,  Book of Odes, lan Donganing Manasye. Dadi, saperangan kitab luwih dawa kaya ta Daniyel lan Ester. Ananging, kitab Yeremiyah luwih cendhak tinimbang Alkitab Protestan utawa Masoret.




#Article 147: Banyu (2629 words)


Banyu iku senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan kang dikawruhi nganti tekan saiki ing bumi, nanging ora ing planit liya. Banyu disimbolaké kanthi H2O. Cacahé banyu kang nutupi bumi ngancik 71%. Ana 1,4 triliun kilomèter kubik (330 juta mil³) ing bumi. Banyu iku siji-sijiné dat kang kanthi alami ana ing lumahing bumi sajeroning katelu wujud mau. Banyu sapérangan gedhé ana ing segara (banyu asin) lan ing lapisan-lapisan ès (ing kutub lan pucuk-pucuk gunung), nanging uga bisa ana minangka méga, udan, kali, lumahing banyu tawa, tlaga, uwap banyu, lan segara ès. Banyu sajeroning obyèk-obyèk mau obah miturut sawijiné pangitiran banyu, ya iku: liwat panguwapan, udan, lan ilènan banyu ing sadhuwuré lumahing lemah (ilèn, kalebu tuk, kali, muwara) tinuju segara.

Banyu resik wigati kanggo kauripan manungsa. Sembrana anggoné nangani banyu, bisa ndadèkaké golèk banyu dadi angèl, monopolisasi, sarta privatisasi lan malah njalari crah.

Indonésia wis duwé undhang-undhang kang ngatur sumber daya banyu wiwit taun 2004, ya iku Undhang Undhang nomer 7 taun 2004 ngenani Sumber Daya Banyu.

Saliyané ing bumi, sapérangan gedhé banyu uga diprakirakaké ana ing kutub lor lan kidul planit Mars, sarta ing mbulan Europa lan Enceladus.

Banyu iku substansi kimia kanthi rumus kimia H2O: siji molekul banyu kasusun saka rong atom hidrogen kang kaiket kanthi kovalen marang siji atom oksigèn. Banyu asifat ora duwé warna, ora ana rasané lan ora mambu ing kaanan standhar, ya iku ing tekanan 100 kPa (1 bar) lan suhu 273,15 K (0 °C). Dat kimia iki wujud sawijiné pelarut kang wigati, kang duwé kemampuan kanggo nglarutaké akèh dat kimia liyané, kaya ta garam-garam, gula, asem, sapérangan jinis gas lan akèh manéka molekul organik.

Kaanan banyu kang wanguné cuwèr wujud sawijiné kaanan kang ora umum sajeroning kaanan normal, luwih-luwih manèh kanthi nggatèkaké gegandhèngan antarané hidrida-hidrida liya kang mèmper sajeroning kolom oksigèn ing tabèl periodik, kang ngisarataké yèn banyu kuduné awangun gas, kaya déné hidrogen sulfida. Kanthi nggatèkaké tabèl periodik, katon yèn unsur-unsur kang ngupengi oksigèn ya iku nitrogen, flor, lan fosfor, sulfur lan klor. Kabèh èlemèn-èlemèn iki yèn silih iketan karo hidrogen bakal ngasilaké gas ing suhu lan tekanan normal. Alesan witékna ngapa hidrogen silih iketan karo oksigèn minangka fasa mawa kaanan cuwèr, ya iku amarga oksigèn luwih asifat èlèktronégatif tinimbang èlemèn-èlemèn liya mau (kajaba flor). Tarikan atom oksigèn marang èlèktron-èlèktron iketan adoh luwih kuwat tinimbang kang dilakokaké déning atom hidrogen, ninggal gunggung momotan positif ing keloro atom hidrogen, lan gunggung momotan négatif ing atom oksigèn. Anané momotan ing saben atom mau agawé molekul banyu duwé sapérangan momen dipol. Gaya silih tarik listrik antar molekul-molekul banyu akibat anané dipol iki agawé saben molekul silih cerak, njalari angèl kanggo dipisahaké lan kang akiré ngunggahaké titik didih banyu. Gaya silih tarik iki ingaran minangka ikatan hidrogen.

Banyu asring ingaran minangka pelarut universal amarga banyu nglarutaké akèh dat kimia. Banyu ana sajeroning kasetimbangan dhinamis antarané fase cuwèr lan padhet ing sangisoré tekanan lan suhu standhar. Sajeroning wangun ion, banyu bisa didhèskripsikaké minangka sawijiné ion hidrogen (H+) kang silih asosiasi (silih iketan) karo sawijiné ion hidroksida (OH-).

Molekul banyu bisa diurai dadi unsur-unsur asalé kanthi diilèni arus listrik. Prosès iki ingaran èlèktrolisis banyu. Ing katoda, loro molekul banyu ngalami réaksi kanthi nangkep loro èlèktron, karéduksi dadi gas H2 lan ion hidrokida (OH-). Sauntara iku ing anoda, loro molekul banyu liya kaurai dadi gas oksigèn (O2), nguwalaké 4 ion H+ sarta ngilèkaké èlèktron menyang katoda. Ion H+ lan OH- ngalami nétralisasi saéngga kawangun manèh sapérangan molekul banyu. Réaksi sakabèhé kang setara karo èlèktrolisis banyu bisa ditulisaké kaya mangkéné.

Gas hidrogen lan oksigèn kang diasilaké saka réaksi iki minangka gelembung ing èlèktroda lan bisa diklumpukaké. Prinsip iki banjur dimupangataké kanggo ngasilaké hidrogen lan hidrogen peroksida (H2O2) kang bisa digunakaké minangka bahan bakar kendharaan hidrogen.

Banyu iku pelarut kang kuwat, nglarutaké akèh jinis dat kimia. Dat-dat kang campur lan larut kanthi becik sajeroning banyu (upamané garam-garam) ingaran minangka dat-dat hidrofilik (panyeneng banyu), lan dat-dat kang ora gampang kacampur karo banyu (upamané lemak lan lenga), ingaran minangka dat-dat hidrofobik (wedi-banyu). Kalarutan sawijiné dat jorning banyu ditemtokaké déning bisa orané dat mau nandhingi kakuwatan gaya silih tarik listrik (gaya intermolekul dipol-dipol) antarané molekul-molekul banyu. Yèn sawijining dat ora bisa nandhingi gaya silih tarik antar molekul banyu, molekul-molekul dat mau ora larut lan bakal ngendhep sajeroning banyu.

Banyu nèmpèl marang pepadhané (kohesi) amarga banyu asifat polar. Banyu duwé sapérangan momotan parsial négatif (σ-) cerak atom oksigèn akibat pasangan èlèktron kang (mèh) ora digunakaké bebarengan, lan sapérangan momotan parsial positif (σ+) cerak atom oksigèn. Sajeroning banyu babagan iki dumadi amarga atom oksigèn asipat luwih èlèktronégatif dibandhingaké atom hidrogen—kang tegesé, dhèwèké (atom oksigèn) duwé luwih kakuwatan tarik marang èlèktron-èlèktron kang diduwèni bebarengan sajeroning molekul, narik èlèktron-èlèktron luwih cerak menyang arahé (uga ateges narik momotan négatif èlèktron-èlèktron mau) lan agawé laladan ing saubengé atom oksigèn mawa momotan luwih négatif ketimbang laladan-laladan ing saubengé kaloro atom hidrogen.

Banyu uga nduwèwi sipat adhési kang dhuwur disebabaké déning sipat alami angka polar-ané.

Banyu duwé tegangan lumah kang gedhé kang disebabaké déning kuwaté sipat kohèsi antar molekul-molekul banyu. Iki bisa diamati nalika sapérangan cilik banyu dipapanaké sajeroning sawijiné lumahan kang ora bisa ditelesi utawa kalarutaké (non-soluble); banyu mau bakal ngumpul minangka sawijiné tètèsan. Ing ndhuwur sawijiné lumahan gelas kang resik banget utawa mawa lumahan alus banget, banyu bisa minangka sawijiné lapisan tipis (thin filem) amarga gaya tarik molekular antarané gelas lan molekul banyu (gaya adhèsi) luwih kuwat tinimbang gaya kohèsi antar molekul air.

Sajeroning sèl-sèl biologi lan organèl-organèl, banyu silih dumuk karo mèmbran lan lumahan protéin kang asifat hidrofilik; ya iku, lumahan-lumahan kang duwé daya tarik kuwat marang banyu. Irvin Langmuir ngamati sawijining gaya tolak kang kuwat antarné lumahan-lumahan hidrofilik. Kanggo nglakokaké dhéhidrasi sawijiné lumahan hidrofilik — sajeroning teges ngeculaké lapisan kang kaiket kanthi kuwat saka hidrasi banyu — perlu dilakokaké usaha temenanan nglawan gaya-gaya iki, kang diarani gaya-gaya hidrasi. Gaya-gaya mau gedhé banget pangajiné nanging ngluruh kanthi rikat sajeroning rentang nanomèter utawa luwih cilik. Wigatiné gaya-gaya iki sajeroning biologi wis disinaoni kanthi èkstènsif déning V. Adrian Parsegian saka National Institute of Health. Gaya-gaya iki wigati mligi nalika sèl-sèl kadhéhidrasi silih dumuk langsung karo ruwang njaba kang garing utawa pangadheman ing njaba sèl (extracellular freezing).

Saka pandelengan biologi, banyu duwé sipat-sipat kang wigati kanggo anané kauripan. Banyu bisa mijilaké réaksi kang bisa gawé senyawa organik ngakokaké réplikasi. Kabèh mahluk urip kang dikawruhi duwé gegantungan marang banyu. Banyu wujud dat pelarut kang wigati kanggo mahluk urip lan wujud pérangan wigati sajeroning prosès metabolisme. Banyu uga dibutuhaké sajeroning fotosintesis lan respirasi. Fotosintesis migunakaké cahya srengéngé kanggo misahaké atom hidrogen karo oksigèn. Hidrogen bakal kanggo minangka glukosa lan oksigèn bakal diculaké menyang udara.

Lumahing banyu ing bumi dikebaki déning manéka jinis kauripan. Kabèh mahluk urip pisanan ing bumi iki asalé saka lumahing banyu. Mèh kabèh iwak urip ing njero banyu, saliyané iku, mamalia kaya ta lumba-lumba lan iwak paus uga urip ing njero banyu. Kéwan-kéwan kaya ta amfibi ngentèkaké sapérangan uripé ing njero banyu. Malah, sapérangan reptil kaya ta ula lan baya urip ing lumahing banyu cethèk lan segara. Tetuwuhan segara kaya ta alga lan suket laut dadi sumber panganan ékosistem lumahing banyu. Ing samudra, plankton dadi sumber pangan utama para iwak.

Peradaban manungsa lestari nurut sumber banyu. Mesopotamia kang diarani awal peradaban ana ing antarané kali Tigris lan Euphrates. Peradaban Mesir Kuna gumantung ing kali Nil. Punjer-punjer manungsa kang gedhé kaya ta Rotterdam, London, Montreal, Paris, New York City, Shanghai, Tokyo, Chicago, lan Hong Kong olèh kajayané sapérangan amarga gampangé aksès liwat lumahing-limahing banyu.

Awak manungsa kapérang saka 55% nganti 78% banyu, gumantung saka ukuran awak. Supaya bisa fungsi kanthi becik, awaké manungsa mbutuhaké antarané siji nganti pitung liter banyu saben dina kanggo ngèndhani dehidrasi; gunggung pesthiné gumantung marang tingkat aktivitas, suhu, kalembaban, lan sapérangan faktor liyané. Saliyané saka banyu ombèn-ombèn, manungsa éntuk cuwèran saka panganan lan ombénan liya. Sapérangan gedhé wong percaya yèn manungsa mbutuhaké 8–10 gelas (watara rong liter) saben dina, nanging asil penlitèn kang diterbitaké Universitas Pennsylvania nalika taun 2008 nuduhaké yèn konsumsi 8 gelas mau ora kabukti mbantu akèh sajeroning nyehataké awak. Malah sok-sok kanggo sapérangan wong, yèn ngombé banyu luwih akèh utawa kaluwihan saka kang kaprayogakaké bisa njalari katergantungan. Literatur médhis liyané nyaranaké konsumsi saliter banyu saben dina, kanthi tambahan yèn ulah raga utawa nalika cuaca kang panas.

Pelarut digunakaké sadina-dina kanggo ngumbahi, contoné ngumbah awak manungsa (adus), sandhangan, jogan, montor, panganan, lan kéwan. Saliyané iku, limbah rumah tangga uga digawa déning banyu liwat saluran pambuwangan. Ing nagara-nagara indhustri, sapérangan gedhé banyu kagunakaké minangka pelarut.

Banyu bisa dadi fasilitas prosès biologi kang nglarutaké limbah. Mikroorganisme kang ana ing njero banyu bisa mbantu mecah limbah dadi dat-dat kanthi tingkat polusi kang luwih asor.

Banyu wujud cuwèran singular, amarga kapasitasé kanggo minangka jaringan molekul 3 dhimènsi mawa ikatan hidrogen kang mutual. Iki disebabaké amarga saben molekul banyu duwé 4 momotan fraksional kanthi arah tetrahedron, 2 momotan positif saka kaloro atom hidrogen lan loro momotan négatif saka atom oksigèn. Akibaté, saben molekul banyu bisa minangka 4 ikatan hidrogen karo molekul ing saubengé. Minangka conto, sawijining atom hidrogen kang manggon ing antarané loro atom oksigèn, bakal minangka siji ikatan kovalen karo siji atom oksigèn lan siji ikatan hidrogen karo atom oksigèn liyané, kaya kang dumadi ing ès. Owah-owahan dhènsitas molekul banyu bakal mangaruhi kamampuané kanggo nglarutaké partikel. Amarga sipat momotan fraksional molekul, lumrahé, banyu wujud dat pelarut kang apik kanggo partikel mawa momotan utawa ion, nanging ora kanggo senyawa hidrokarbon.

Konsèp ngenani sèl minangka larutan kang kebuntel membran, pisanan disinaoni déning èlmuwan Ruslan kang jenengé Troschin nalika taun 1956. Nalika monografé, Problems of Cell Permeability, tesis Troschin nélakaké yèn partisi larutan kang dumadi antarané lingkungan intraselular lan èkstraselular ora mung ditemtokaké déning permeabilitas membran, nanging dumadi akumulasi larutan tinentu ing njero protoplasma, saéngga minangka larutan gèl kang béda karo banyu murni.

Nalika taun 1962, Ling liwat monografé, A physical theory of the living state, njlèntrèhaké yèn banyu kang kakandhut ing njero sèl ngalami polarisasi dadi lapisan-lapisan kang nylimuti lumahing protèin lan wujud pelarut kang ala kanggo ion. Ion K+ diserep déning sèl normal, sebab gugus karboksil saka protèin cenderung kanggo narik K+ tinimbang ion Na+. Téyori iki, ditepungi minangka hipotèsis induksi-asosiasi uga njlèntrèhaké ora anané kompa kation, ATPase, kang kaiket ing mèmbran sèl, lan distribusi kabèh larutan ditemtokaké déning kombinasi saka gaya silih tarik antarané saben protèin kanthi modhifikasi sipat larutan banyu sajeroning sèl. Asil saka pangukuran NMR pancèn nuduhaké mudhuné mobilitas banyu ing njero sèl nanging kanthi rikat kadifusi karo molekul banyu normal. Iki banjur ditepungi minangka modhèl two-fraction, fast-exchange.

Anané kompa kation kang diobahaké déning ATP ing mèmbran sèl, terus dadi bahan perdebatan, bebarengan karo perdebatan ngenani karakteristik cuwèran ing njero sitoplasma lan banyu normal lumrahé. Argumèntasi paling kuwat kang nentang téyori ngenani jinis banyu kang mirunggan ing njero sèl, asalé saka kalangan ahli kimiawan fisis. Para ahli mau duwé pendhapat yèn banyu ing njero sèl ora mungkin béda karo banyu normal, saéngga owah-owahan struktur lan karakter banyu intrasélular uga bakal dialami karo banyu èkstraselular. Pendhapat iki didhasaraké marang pamikiran yèn, sanajan yèn kompa kation bener ana kaiket ing mèmbran sèl, kompa mau mung nyiptakaké kasetimbangan osmotik sélular kang misahaké siji larutan saka larutan liya, nanging ora kanggo banyu. Banyu ingaran duwé kasetimbangan dhéwé kang ora bisa diwatesi déning mèmbran sèl.

Para ahli liya kang duwé pendhapat yèn banyu ing njero sèl béda banget karo banyu lumrahé. Banyu kang dadi ora bébas obah amarga prabawa lumahing ionik, ingaran minangka banyu mawa iket (), éwadéné banyu sanjaban jangkowan prabawa ion mau diarani banyu bébas ().

Banyu kaiket bisa énggal nglarutaké ion, amarga saben jinis ion bakal énggal katarik déning saben momotan fraksional molekul banyu, saéngga kation lan anion bisa ana cecedhakan tanpa kudu minangka garam. Ion luwih gampang kahidrasi déning banyu kang réaktif, padhet kanthi iketan ora kenceng, tinimbang banyu inert ora padhet kanthi daya ikat kuwat. Iki nyiptakaké zona banyu, minangka conto, kation cilik kang kahidrasi banget bakal cenderung kaakumulasi ing fase banyu kang luwih padhet, éwadéné kation kang luwih gedhé bakal cenderung kaakumulasi ing fase banyu kang luwih renggang, lan nyiptakaké partisi ion kaya sérial Hofmeister ing ngisor iki:

Interaksi antarané molekul banyu kaikat lan gugus ionik diasumsikaké dumadi ing rentang let kang cendhak, saéngga atom hidrogen kaorièntasi menyang arah anion lan nyandhet interaksi antarané populasi banyu kaiket karo banyu bébas. Orièntasi molekul banyu kaiket tansaya winates lumahing molekul polielektrolit mawa momotan négatif antarané DNA, RNA, asem hialorunat, kondroitin sulfat, lan jinis biopolimèr kanthi momotan liya. Energi elektrostatik antarané molekul biopolimer mawa momotan padha kang silih dhesek bakal nyiptakaké gaya hidrasi kang nyurung molekul banyu bébas metu saka njero sitoplasma.

Lumrahé, konsènstrasi larutan polièlèktrolit kang cukup dhuwur bakal minangka gèl. Umpamané gèl agarose utawa gèl saka asem hialuronat kang ngandhut 99,9% banyu saka total bobot gèl. Ketahané molekul banyu ing njero struktur kristal gèl wujud salah siji conto kacenderungan alami saben komponèn saka sawijining sistem kanggo campur kanthi rata. Molekul banyu bisa ucul saka gèl minangka rèspon saka tekanan udara, paningkatan suhu utawa liwat mékanisme panguwapan, nanging kanthi mudhuné rasio kandhutan banyu, daya iket ionik kang dumadi antarané molekul dat kalarut kang nahan molekul banyu bakal tansaya kuwat.

Sanajan mangkoko, panyerakan ionik kaya iki isih durung bisa njelasaké sapérangan fénoména anomali larutan kaya déné,

Fénoména anomali larutan iki dianggep dumadi ing rentang let adoh kang ana ing njaba dhomain panyerakan ionik.

Ènèrgi ing molekul banyu dadi dhuwur amarga iketan hidrogen kang diduwèni dadi ora maksimal, kaya déné nalika molekul banyu ana saceraking lumahan utawa gugus hidrokarbon. Senyawa hidrokarbon banjur diarani asifat hidrofobik sebab ora minangka iketan hidrogen karo molekul banyu. Daya iket hidrogen ing kaanan iki bakal nembus sapérangan zona banyu lan partisi ion, saéngga disebutaké yèn minangka karakter banyu ing rentang let adoh. Ing rentang iki, molekul garam kaya déné Na2SO4, sodium asetat lan sodium fosfat bakal duwé kacenderungan kanggo kaurai dadi kation Na+ lan anioné.

Sajeroning seni banyu disinaoni kanthi cara kang béda, banyu disajèkaké minangka sawijining èlemèn langsung, ora langsung utawa uga mung minangka simbul. Kanthi dijurung kamajuwan tèknologi fungsi lan pamupangatan banyu sajeroning seni wiwit owah, saka mauné geganep banyu wiwit mrambat dadi obyèk utama. Conto seni kang pungkasan iki, umpamané seni ilènan utawa tètèsan (sculpture liquid utawa droplet art).

Nalika jaman Renaisans lan sawisé iku, banyu diréprésentasikaké luwih réalistis. Akèh artis nggambaraké banyu sajeroning wangun obah-sawijining ilènan banyu utawa kali, sawijining segara kang turbulensi, utawa malah grojogan-nanging akèh uga saka artis-artik iku kang seneng karo obyèk-obyèk banyu kang anteng, meneng-tlaga, kali kang mèh ora mili, lan lumahing segara kang ora ngombak. Sajeroning saben kasus iki, banyu nemtokaké swasana (mood) kabèh karya seni mau, kaya ta umpamané sajeroning Birth of Venus (1486) karya Botticelli lan The Water Lilies (1897) karya Monet.

Selaras karo majuning tèknologi sajeroning seni, banyu wiwit njupuk papan sajeroning babagan seni liya, umpamané sajeroning fotografi. Sanajan ana banyu ora duwé teges mirunggan ing kéné lan mung duwé peran minangka èlemèn palengkap, nanging banyu bisa digunakaké sajeroning mèh kabèh cabang fotografi: wiwit saka fasion nganti landsekap. Motrèt banyu minangka èlemèn sajeroning obyèk mbutuhaké pananganan mirunggan, wiwit saka filter circular polarizer kang migunani kanggo ngilangaké réflèksi, nganti pamupangatan tèhnik long exposure, sawijining tèhnik fotografi kang ngandhalaké bukaan rana alon kanggo ngripta èfèk lembut (soft) ing lumahing banyu.

Kaéndahan tètèsan banyu kang mecah lumahing banyu kang ana ing sangisoré dilestarèkaké kanthi manéka sentuhan tèhnik lan rasa ndadèkaké sawijining karya seni kang éndah, kaya déné kang disajèkaké déning Martin Waugh sajeroning karyané Liquid Sculpture, sawijining antologi kang wis madonya.

Seni tètèsan banyu ora mandheg tekan kéné, kanthi pamupangatan tèhnik pangaturan marang tibané tètèsan banyu kang malar, tètèsan-tètèsan banyu bisa diowahi samengkono rupané saéngga tètèsan-tètèsan mau minangka sawijining kamanunggalan duwé fungsi minangka sawijining penampil (viewer) kaya déné tampilan komputer. Kanthi ngatur-atur ukuran lan gunggung tètèsan kang bakal diliwataké, bisa sawijining gambar ditampilaké déning tètèsan-tètèsan banyu kang tiba. Èmané gambar iki mung asifat sauntara, tekan titik kang dikarepaké tiba nggayuh pérangan ngisor penampil. Komersialisasi karya jinis iki uga sajeroning wangun résolusi kang luwih kasar wis akèh dilakokaké.




#Article 148: Tèh (1004 words)


Tèh (basa Cina: 茶, Chá), iku ombénan tein. Yoiku salah siji infusi kang kagawé saka godhong garing semak Camellia sinensis kanthi banyu panas. Ing basa Cina Amoy diarani Te kang tegesé tèh. Basa nasional Cina tembung tèh ya iku Cha. Yèn ing basa Inggris tèh diarani tea. Akèh wong kang seneng ngombé tèh anget utawa panas. Kadhangkala diwènèhi gula.
Teh kang kagawé saka tuwuhan tèh dipérang dadi 4 (patang) golongan: tèh ireng, tèh oolong, tèh ijo, lan tèh putih.

Istilah tèh uga dipigunakaké tumrap ombènan kang kagawé saka woh-wohan, bumbon crakèn utawa tuwuhan obat liya kang diseduh, kaya ta, tèh rosehip, camomile, krisan lan Jiaogulan. Tèh kang ora ngandhut godhong tèh ingaran tèh hèrbal.

Tèh minangka sumber alami kafein, teofilin lan antioksidan kanthi kadar lemak, karbohidrat utawa protéin amèh ngancik nol persèn. Tèh yèn diombé krasa rada pait malah dadi ciri sedhepe ngombé tèh.

Tèh kembang kanthi campuran kuncup kembang mlathi kang mau tèh mlathi utawa tèh wangi mlathi dadi tèh kang populèr ing Indonésia. Konsumsi tèh ing Indonésia watara 0,8 kilogram per kapita per taun isih adoh ing sangisoré nagara-nagara liya ing donya, sanadyan Indonésia kagolong nagara kang ngasilaké tèh paling akèh nomer lima ing donya.

Miturut carita, tèh tinemu ing Cina. Tèh ing pisanan tinemu déning Kaisar Shen Nun ing taun 2737 sadurungé Masehi. Kaisar Shen Nung misuwur ora mung dadi kaisar thok, ananing uga misuwur kanthi sesebutan The Divine Healer (Sang Penyembuh dari Ilahi). Carita nemu tèh déning Kaisar, ora sinengaja nalika godhong tèh kang ana ing kebon Kaisar Shen Nung tiba ing banyu kang lagi digodhog déning Kaisar. Nalika godhong tèh iku kena banyu panas, mambu énakè langsung nggawé Kaisar péngin nyoba ngicipi. Ora mung mambunè, nanging rasa sepet lan pait saka godhong tèh iku disenengi déning Kaisar amarga dipercaya bisa agawé segering awak. Saliyané iku, miturut panelitèné Kaisar Shen Nung, ngombé tèh bisa marèkaké saka lelara.

Akèh kang ngandharaké panemonan tèh ing Jepang kang ana gegayutané karo Daruma. Daruma ya iku wong kang nyebaraké agama Zen Buda utawa kang misuwur kanthi sesebutan Father of Zen Buda ing Jepang taun 600 Masehi. Kacarita, Daruma lagi nyinaoni agama Buda kanthi tapa lan ora turu utawa merem sasuwéné 7 taun (ana kang ngandharakè 9 taun). Ana carita liya kang nyritakaké Daruma tapa kanthi lungguh nganti ing pungkasané sikilé Daruma lumpuh. Ana carita kang luwih sangar nyritakaké yèn Daruma sengaja nyuwèk kelopak mripaté karebèn ora turu nalika tapa. Klopak mripaté iku tiba ing lemah. Lan miturut lègenda, keajaiban kadadéan nalika klopak mripat iku tiba, thukul tuwuhan tèh kang kaping pisanan ing Jepang. Wiwit iku, Daruma misuwur kanthi mripaté kang gedhé minangka icon utawa pratandha lan didadèkaké golèkan kang misuwur ing Jepang.

Ing taun 780 Masehi, kang pisanan cendekiawan kang jenengé Lu Yu ngumpulaké lan nulis buku kang ngrembug babagan temuan tèh lan mumpangate ing sajeroning literatur tèh, ya iku Ch’a Cing utawa The Classic of Tea. Buku iku nyritakaké yèn tèh minangka ombèn-ombèn kang bisa nggawé wong luwih semangat, bisa nglerem ati, mbuka pikiran lan nggawé ora ngantuk, nggawé ènthènging awak lan nyegeraké awak, sarta bisa ngunggahaké kamampuan pikiré wong.

Ing jaman Wangsa Han, Tang, Soon lan Yuan, komodhitas tèh wiwit diwanuhaké ing njaba Cina liwat ijolan kabudayan ing Asia Tengah liwat bawana Éropah sinambi adol kain sutra (sinebut Jalur Sutra). East India Company utawa Perusahaan Hindia Timur Karajan Manunggal kang dianakaké déning Ratu Elizabeth I tanggal 31 Dhésèmber 1600 kang duwé ancas ya iku monopoli padagangan ing Hindia Wétan. Ing taun 1669, East India Company ngéntukaké lisènsi kanthi nekakaké tèh saka Cina menyang Inggris nganggo kapal Elizabeth I. Monopoli padagangan tèh dikuwasani nganti taun 1833. Ing taun 1773 East India Company éntuk dodolan tèh langsung saka Cina menyang Amérika kanthi ngliwati jalur padagangan lan perpajakan kang ngrugikaké èksportir Éropah lan importir Amérika. Kamangka nggawé ngamuk warga Boston, kanthi ngguwang sakabèhing pethi kang isiné tèh ing laut. Kadadéan iku misuwur kanthi sesebutan Boston Tea Party kang ngakibataké révolusi Amérika marang panjajahan bangsa Inggris.

Tèh kanthi cara umum ngandhut dat kang akèh, ya iku pelifenol kang duwé mupangat minangka antioksidan lan bisa nyegah radhikal bébas sajeroning awak kang diakibataké saka lingkungan lan panganan kang didhahar. Tèh uga ngandhut vitamin B kang akèhé kaping sepuluhé yèn dibandhingaké janganan ijo. Vitamin C duwé mupangat minangka kakebalan awak utawa imunitas. Vitamin C kang ana ing sajeroning tèh bisa luwih akèh tinimbang vitamin C kang ana ing woh jeruk. Vitamin A duwé mupangat kanggo kasarasan mripat. Vitamin E duwé mupangat bisa nggawé jantung dadi séhat lan nggawé kulit dadi alus, ya iku akèhé kira-kira 100-200 UI. Kang pungkasan, tèh duwé kandhutan cathecin ya iku dat asipat multifungsi. Dat iki duwé mupangat minangka antiradhang, anti panggandhaan sèl, lan ngedhunaké kadhar kolesterol. Miturut Noni Soraya, godhong tèh ireng unggulan ngandhut senyawa bioaktif polyfenol kang ing njeroné ngandhut flavonoid, tannin, kafein lan asem fenalat. Tèh ireng uga ngandhut vitamin B1, B2, C, E lan K sarta mineral fluor, mangan, kalsium, potassium lan kalium. Senyawa katekin kang ana ing sajeroning senyawa flavonoid ngandhut: Epikatekin (EC), Epikatekin Galat (ECG), Epigalo Katekin (EGC), Epigalo Katekin Galat (EGCG) lan Quercetin.

Tèh dadi ombèn-ombèn kang disenengi wong akèh ing donya kanggo dikonsumsi. Tèh bisa dikonsumsi ing kabèh jinis ombèn-ombèn ing donya-kaya ta dicampur karo kopi, coklat, soft drink, lan alkohol. Para konsumèn tèh paling akèh saka nagara Asia kulon ya iku nagara India lan Sri Lanka. Saking akèhé kang seneng ngonsumsi tèh, nganti ana budaya ngombé tèh kaya ing Gongfu tea ceremony kang ana ing nagara Cina. Ing nagara Jepang ana budaya ngombé tèh kanthi cara kang unik, ya iku sadurungé cangkir diisi tèh, cangkir iku direndhem ing banyu panas supaya nalika tèh dijog ing cangkir, angeté bisa awèt. Ing Amérika 80% wong seneng ngombé tèh kanthi cara diwènèhi ès.

Taun 2003, prodhuksi tèh donya ya iku 3.21 milyar ton. Ing taun 2008, prodhuksi tèh donya punjul 4.73 milyar ton. Nagara kang paling akèh mrodhuksi tèh ya iku Cina, India, Kenya, Sri Lanka, lan Turki. Miturut tabèl prodhuksi tèh (ing ton), kabèh nagara kang ngasilaké tèh mundhak terus. Data iku éntuk saka FAO nalika Januari 2010.




#Article 149: Masjid (154 words)


Masjid (utawi ing Basa Jawi tataran ngoko: Masjid lan ugi kadhang kapocapaken Mejid) punika, papan kanggé ngibadah tiyang Muslim. Sanèsipun masjid ugi wonten langgar kaliyan langgar ingkang mèmper Masjid, namung langkung alit. Ing tanah Jawi kathah masjid ingkang arsitèkturipun taksih mèmper Meru.

Tembung masjid utawi masjid punika kapendhet saking basa Arab masjid ingkang tegesipun papan pasujudan. Tembung punika saking tembung kriya sajada (oyot s-j-d ingkang tegesipun sujud utawi jèngkèng). Tembung masjid utawi sajada dipunserap saking basa Aram. Tembung m-s-g-d sampun wonten ing abad ka-5 SM lan sasampunipun uga kapanggih wonten prasasti-prasasti Nabatea lan tegesipun ugi papan pasujudan.

Wonten ing ajaran Islam kasebataken manawi masjid ingkang nomer satunggal punika Ka'bah ingkang dipundamel déning Nabi Ibrahim. Wangunan masjid kados ingkang kasebat punika dipunwiwiti wonten ing Madinah nalika jaman Muhammad ingkang kasebat Masjid Quba.

Masjid ingkang kawentar wonten ing Indonésia inggih punika Masjid Istiqlal ingkang dipunrakit déning Friedrich Silaban ingkang dunungipun wonten ing caket Silang Monas, Jakarta.




#Article 150: Mahabharata (105 words)


Mahabharata (basa Sansekreta: Mahābhārata), iku karya sastra kuna sing ujaré ditulis déning bagawan Abyasa utawa Vyasa saka India. Buku iku kabangun saka wolulas kitab, mula diarani Astadasaparwa (asta = 8, dasa = 10, parwa = kitab).

Cekaking wuwus, Mahabharata nyritakaké pasulayan para Pandhawa karo sedulur nak-dhèrèké, para Korawa, prakara nagara Astina. Wusanané dadi perang Bharatayuddha (Brantayuda) ing tegal Kurusétra sajeroning 18 dina.

Mahābhārata minangka carita èpik sing kapérang dadi wolulas kitab utawa kerep ingaran Astadasaparwa. Reroncèning kitab nyaritakaké urutan prastawa sajeroning carita Mahābhārata, ya iku wiwit carita para leluhur Pandhawa lan Kurawa (Yayati, Yadu, Puru, Kuru, Duswanta, Sakuntala, Bharata) nganti carita ditampané Pandhawa ing swarga.




#Article 151: Tata Surya (5390 words)


Tata Surya ana ing galaksi Bimasekti iku golongan bandha langit kang kawangun saka sawijining lintang kang diarani Srengéngé lan kabèh objèk kang kraket déning gaya gravitasiné. Objèk-objèk mau kalebu wolung planit kang wis kauninga kanthi orbit awujud elips, limang planit cilik, 173 satelit alami kang wis kaidhèntifikasi, lan mayuta-yuta bandha langit (meteor, asteroid, komet) liyané.

Tata Surya kawangun saka Srengéngé, patang planit pérangan njero, sabuk asteroid, patang planit pérangan njaba, lan ing pérangan paling njaba ya iku Sabuk Kuiper lan piringan kasebar. Awan Oort diprakirakaké ana ing laladan paling adoh kang leté watara kaping sèwu ing njaba pérangan kang paling njaba.

Adhedhasar leté saka Srengéngé, wolung planit Tata Surya ya iku Merkurius utawa Buda (57,9 yuta km), Venus utawa Sukra (108 yuta km), Bumi (150 yuta km), Mars utawa Anggara (228 yuta km), Yupiter utawa Wrehaspati (779 yuta km), Saturnus utawa Saniscara (1.430 yuta km), Uranus (2.880 yuta km), lan Neptunus (4.500 yuta km). Wiwit madyaning 2008, ana limang objèk akasa kang kaklasifikasikaké minangka planit cilik. Orbit planit-planit cilik, kajaba Ceres, ana luwih adoh saka Neptunus. Limang planit cilik mau ya iku Ceres (415 yuta km ing sabuk asteroid; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kalima), Pluto (5.906 yuta km.; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kasanga), Haumea (6.450 yuta km), Makemake (6.850 yuta km), lan Eris (10.100 yuta km).

Enem saka wolung planit lan telu saka limang planit cilik iku diubengi déning satelit alami. Saben planit pérangan njaba diubengi déning cincin planit kang kawangun saka awu lan partikel liyané.

Akèh hipotèsis ngenani asal usul Tata Surya wis ditélakaké para ahli, sapérangan ing antarané ya iku:

Hipotesis nébula pisanan ditélakaké déning Emanuel Swedenborg (1688-1772) taun 1734 lan disampurnakaké déning Immanuel Kant (1724-1804) nalika taun 1775. Hipotesis sarupa uga dikembangaké déning Pierre Marquis de Laplace kanthi indepènden nalika taun 1796. Hipotesis iki, kang luwih ditepungi kanthi Hipotesis Nebula Kant-Laplace, nyebutaké yèn ing taap awal, Tata Surya isih wujud kabut raseksa. Kabut iki kawangun saka lebu, ès, lan gas kang diarani nébula, lan unsur gas kang sapérangan gedhé hidrogen. Gaya gravitasi kang diduwèni njalari kabut iku nyusut lan mubeng kanthi arah tinentu, suhu kabut saya panas, lan akiré dadi lintang raseksa (srengéngé). Srengéngé raseksa terus nyusut lan mubeng tansaya rikat, lan cincin-cincin gas lan ès kalontar menyang saubengé Srengéngé. Akibat gaya gravitasi, gas-gas mau saya padhet sairing karo pamudhunan suhuné lan minangka planit njero lan planit njaba. Laplace duwé pendhapat yèn orbit awangun mèh mbunder saka planit-planit wujud konsekuènsi saka pambentukané.

Hipotesis planètisimal pisanan ditélakaké déning Thomas C. Chamberlin lan Forest R. Moulton nalika taun 1900. Hipotesis planètisimal nélakaké yèn Tata Surya awaké dhéwé kawangun akibat anané lintang liya kang liwat cukup cerak karo Srengéngé, nalika mangsa awal pambentukan Srengéngé. Kacerakan mau njalari dumadiné tonjolan ing lumahing Srengéngé, lan bebarengan prosès internal Srengéngé, narik matèri bola-bali saka Srengéngé. Èfèk gravitasi lintang ngakibataké kawanguné loro lengen spiral kang ndawa saka Srengéngé. Sauntara sapérangan gedhé matèri katarik manèh, sapérangan liya bakal tetep ing orbit, saya adhem lan saya padhet, lan dadi bandha-bandha kanthi ukuran cilik kang diarani planètisimal lan sapérangan kang gedhé minangka protoplanèt. Objèk-objèk mau silih tabrakan lan minangka planit lan rembulan, sauntara sisa-sisa matèri liyané dadi komèt lan astéroid.

Hipotesis pasang surut lintang pisanan ditélakaké déning James Jeans nalika taun 1917. Planit dianggep kawangun amarga nyeraké lintang liya menyang Srengéngé. Kaanan kang mèh silih tabrakan njalari katariké sapérangan gedhé matèri saka Srengéngé lan lintang liya mau déning gaya pasang surut kekaroné, kang banjur kakondhènsasi dadi planit. Nanging astronom Harold Jeffreys taun 1929 mbantah yèn tabrakan kang kaya mangkono iku mèh ora mungkin dumadi. Mangkono uga astronom Henry Norris Russell nélakaké kaabotané marang hipotèsis mau.

Hipotesis kondhènsasi awalé ditélakaké déning astronom Walanda kang jenengé G.P. Kuiper (1905-1973) nalika taun 1950. Hipotesis kondhènsasi njelasaké yèn Tata Surya kawangun saka bal kabut raseksa kang mubeng minangka cakram raseksa.

Hipotesis lintang kembar awalé ditélakaké déning Fred Hoyle (1915-2001) nalika taun 1956. Hipotesis nélakaké yèn biyèné Tata Surya awaké dhéwé wujud loro lintang kang mèh padha ukurané lan silih cerak kang salah sijiné njeblug ninggal serpihan-serpihan cilik. Serpihan iku kaprangkep déning gravitasi lintang kang ora njeblug lan wiwit ngupengi lintang iku.

Lima planit paling cerak menyang Srengéngé saliyané Bumi (Merkurius, Venus, Mars, Yupiter lan Saturnus) wis ditepungi wiwit jaman biyèn amarga kabèh bisa dideleng kanthi mata langsung. Akèh bangsa ing donya iki duwé jeneng dhéwé kanggo saben planit.

Perkembangan èlmu pengetauan lan tèknologi pangamatan ing limang abad kapungkur nggawa manungsa kanggo mahami bandha-bandha langit kabébas saka slubung mitologi. Galileo Galilei (1564-1642) kanthi teleskop refraktoré bisa ndadèkaké mata manungsa luwih tajem sajeroning ngamati bandha langit kang ora bisa diamati lumantar mata langsung.

Amarga teleskop Galileo bisa ngamati luwih tajem, dhèwèké bisa ndeleng manéka owah-owahan wangun kekatonan Venus, kaya déné Venus Sabit utawa Venus Purnama minangka akibat owah-owahan posisi Venus tumrap Srengéngé. Panalaran Venus ngiteri Srengéngé saya nguwataké téyori heliosentris, ya iku yèn Srengéngé iku punjer alam samesta, dudu Bumi, kang sadurungé digagas déning Nicolaus Copernicus (1473-1543). Susunan heliosentris ya iku Srengéngé dikupengi déning Merkurius tekan Saturnus.

Teleskop Galileo terus disampurnakaké déning èlmuwan liya kaya déné Christian Huygens (1629-1695) kang nemu Titan, satelit Saturnus, kang ana mèh kaping 2 let orbit Bumi-Yupiter.

Perkembangan teleskop uga diimbangi uga déning perkembangan pangétungan obah bandha-bandha langit lan gegandhèngan siji karo liyané lumantar Johannes Kepler (1571-1630) kanthi Hukum Kepler. Lan puncaké, Sir Isaac Newton (1642-1727) kanthi ukum gravitasi. Kanthi loro téyori pangétungan iki kang mungkinaké panggolèkan lan pangétungan bandha-bandha langit sabanjuré.

Nalika taun 1781, William Herschel (1738-1822) nemu Uranus. Pangétungan tliti orbit Uranus nyimpulaké yèn planit iki ana kang ngganggu. Neptunus tinemu nalika sasi Agustus 1846. Panemon Neptunus pranyata ora cukup njelasaké gangguan orbit Uranus. Pluto banjur tinemu taun 1930.

Nalika Pluto tinemu, Pluto mung dikawruhi minangka siji-sijiné objèk ngangkasa kang ana sawisé Neptunus. Banjur nalika taun 1978, Charon, satelit kang ngupengi Pluto tinemu, sadurungé sempat dikira minangka planit kang sabeneré amarga ukurané ora béda adoh karo Pluto.

Para astronom banjur nemu watara 1.000 objèk cilik liyané kang papané ngliwati Neptunus (diarani objèk trans-Neptunus), kang uga ngupengi Srengéngé. Ing kana mungkin ana watara 100.000 objèk sakrupa kang ditepungi minangka Objèk Sabuk Kuiper (Sabuk Kuiper ya iku péranganing objèk-objèk trans-Neptunus). Welasan bandha langit kalebu sajeroning Objèk Sabuk Kuiper ing antarané Quaoar (1.250 km ing sasi Juni 2002), Huya (750 km ing sasi Maret 2000), Sedna (1.800 km ing sasi Maret 2004), Orcus, Vesta, Pallas, Hygiea, Varuna, lan Haumea (planit cilik)| (1.500 km ing sasi Mèi 2004).

Panemon  cukup njalari héboh amarga Objèk Sabuk Kuiper iki dikawruhi uga nduwé satelit ing sasi Januari 2005 sanadyan kanthi ukuran luwih cilik saka Pluto. Lan puncaké ya iku panemon UB 313 (2.700 km ing sasi Oktober 2003) kang dijenengi déning panemuné Xena. Saliyané luwih gedhé saka Pluto, objèk iki uga nduwé satelit.

Komponèn utama sistem Tata Surya ya iku srengéngé, sawijining lintang dhèrèt utama kelas G2 kang ngandhut 99,86 persèn massa saka sistem lan ndhominasi kabèh kanthi gaya gravitasiné. Yupiter lan Saturnus, loro komponèn gedhé dhéwé kang ngideri Srengéngé, nyakup kira-kira 90 persèn massa saluwihé.

Mèh kabèh objèk-objèk gedhé kang ngorbit Srengéngé ana ing babagan édharan bumi, kang lumrahé dijenengi èkliptika. Kabèh planit manggon cedhak banget karo èkliptika, sauntara komèt lan objèk-objèk sabuk Kuiper lumrahé duwé béda pojokan kang gedhé banget dibandhingaké èkliptika.

Planit-planit lan objèk-objèk Tata Surya uga ngorbit ngupengi Srengéngé lawan arah jarum jam yèn dideleng saka ndhuwur kutub lor Srengéngé, kajaba Komèt Halley.

Hukum Gerakan Planit Kepler njabaraké yèn orbit saka objèk-objèk Tata Surya saubengé Srengéngé obah kanthi wangun èlips kanthi Srengéngé minangka salah siji titik fokusé. Objèk kang leté luwih cerak saka Srengéngé (sumbu sèmi-mayor-é luwih cilik) duwé taun wektu kang luwih cendhak. Ing orbit èlips, let antarané objèk karo Srengéngé manéka variasi sakdawané taun. Let paling cerak antarané objèk karo Srengéngé dijenengi perihelion, sauntara let paling adoh saka Srengéngé dijenengi aphelion. Kabèh objèk Tata Surya obah paling rikat ing titik perihelion lan paling alon ing titik aphelion. Orbit planit-planit bisa diarani mèh awangun bunderan, éwadéné komèt, asteroid lan objèk sabuk Kuiper akèh-akèhé orbité awangun èlips.

Kanggo nggampangaké réprèsentasi, akèh-akèhé diagram Tata Surya nuduhaké let antarané orbit kang padha siji lan sijiné. Ing kasunyatané, kanthi sapérangan pangecualian, tansaya adoh panggonan sawijining planit utawa sabuk saka Srengéngé, saya gedhé let antarané objèk iku karo jalur ideran orbit sadurungé. Minangka conto, Venus manggon watara 0,33 ékan astronomi (SA) punjul Merkurius, éwadéné Saturnus iku 4,3 SA saka Yupiter, lan Neptunus manggon 10,5 SA saka Uranus. Sapérangan upaya wis dicoba kanggo nemtokaké korélasi let antar orbit iki (ukum Titus-Bode), nanging nganti saiki ora ana siji téyori waé wis ditampa.

Mèh kabèh planit-planit ing Tata Surya uga nduwé sistem sékundhèr. Akèh-akèhé iku bandha pangorbit alami kang diarani satelit. Sapérangan bandha iki nduwé ukuran luwih gedhé saka planit. Mèh kabèh satelit alami kang gedhé dhéwé manggon ing orbit sinkron, kanthi sasisih satelit ngadhep merang arah planit indhuké kanthi permanèn. Papat planit gedhé dhéwé uga nduwé cincin kang isi partikel-partikel cilik kang ngorbit kanthi bebarengan.

Sacara informal, Tata Surya bisa dibagi dadi telu laladan. Tata Surya pérangan njero nyakup papat planit kabumian lan sabuk asteroid utama. Ing laladan kang luwih adoh, Tata Surya pérangan njaba, ana papat gas planit raseksa. Wiwit tinemu Sabuk Kuiper, pérangan paling njaba Tata Surya dianggep wewengkon béda dhéwé kang ngambah kabèh objèk ngliwati Neptunus.

Sacara dinamis lan fisik, objèk kang ngorbit srengéngé bisa diklasifikasikaké sajeroning telung golongan: planit, planit cilik, lan bandha cilik Tata Surya. Planit iku sawijining badan kang ngideri Srengéngé lan duwé massa cukup gedhé kanggo minangka buletan dhiri lan wis ngresiki orbité kanthi nginkorporasikaé kabèh objèk-objèk cilik ing saubengé. Kanthi définisi iki, Tata Surya duwé wolu planit: Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Yupiter, Saturnus, lan Neptunus. Pluto wis diuwalaké status planèté amarga ora bisa ngresiki orbité saka objèk-objèk Sabuk Kuiper.

Planit cilik iku bandha akasa dudu satelit kang ngupengi Srengéngé, duwé massa kang cukup kanggo bisa minangka buletan dhiri nanging durung bisa ngresiki laladan saubengé. Miturut définisi iki, Tata Surya duwé lima planit cilik: Ceres, Pluto, Haumea, Makemake, lan Eris. Objèk liya kang mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik ya iku: Sedna, Orcus, lan Quaoar. Planit cilik kang nduwé orbit ing laladan trans-Neptunus lumrahé ingaran plutoid. Sisa objèk-objèk liya sabanjuré kang ngiteri Srengéngé ya iku bandha cilik Tata Surya.

Èlmuwan ahli planit migunakaké istilah gas, ès, lan watu kanggo ndhèskripsikaké kelas dat kang ana ing njero Tata Surya. Watu kanggo njenengi bahan mawa titik lebur dhuwur (luwih gedhé saka 500 K), minangka conto silikat. Bahan batuan iki umum banget ana ing Tata Surya pérangan njero, wujud komponèn pambentuk utama mèh kabèh planit kabumian lan asteroid. Gas iku bahan-bahan mawa titik lebur asor kaya déné atom hidrogen, hélium, lan gas mulia, bahan-bahan iki ndhominasi wewengkon tengah Tata Surya, kang didhominasi déning Yupiter lan Saturnus. Éwadéné ès, kaya déné banyu, metana, amonia lan karbon dioksida, duwé titik lebur watara atusan drajat kelvin. Bahan iki arupakan komponèn utama saka sapérangan gedhé satelit planit raseksa. Dhèwèké uga wujud komponèn utama Uranus lan Neptunus (kang asring ingaran ès raseksa), sarta manéka bandha cilik kang ana ing sacedhaké orbit Neptunus.

Istilah volatiles nyakup kabèh bahan mawa titik umub asor (kurang saka atusan kelvin), kang kalebu gas lan ès; gumantung ing suhuné, 'volatiles' bisa tinemu minangka ès, cuwèran, utawa gas ing manéka pérangan Tata Surya.

Ing zona planit njero, Srengéngé iku punjer Tata Surya lan panggonané paling cedhak karo planit Merkurius (let saka Srengéngé 57,9 × 106 km, utawa 0,39 SA), Venus (108,2 × 106 km, 0,72 SA), Bumi (149,6 × 106 km, 1 SA) lan Mars (227,9 × 106 km, 1,52 SA). Ukuran dhiamèteré antara 4.878 km lan 12.756 km, kanthi massa jinis antara 3,95 g/cm3 lan 5,52 g/cm3.

Ing antarané Mars lan Yupiter ana laladan kang ingaran sabuk asteroid, kumpulan batuan métal lan mineral. Akèh-akèhé asteroid-asteroid iki mung duwé dhiamèter sapérangan kilomèter (pirsani: Pratélan asteroid), lan sapérangan duwé dhiamèter 100 km utawa luwih. Ceres, péranganing kumpulan asteroid iki, ukurané watara 960 km lan dikategorikaké minangka planit cilik. Orbit asteroid-asteroid iki èliptis banget, malah sapérangan nyimpangi Merkurius (Icarus) lan Uranus (Chiron).

Ing zona planit njaba, ana planit gas raseksa Yupiter (778,3 × 106 km, 5,2 SA), Uranus (2,875 × 109 km, 19,2 SA) lan Neptunus (4,504 × 109 km, 30,1 SA) kanthi massa jinis antara 0,7 g/cm3 lan 1,66 g/cm3.

Let rata-rata antarané planit-planit karo Srengéngé bisa diprakirakaké kanthi migunakaké baris matématis Titus-Bode. Régularitas let antarané jalur ideran orbit-orbit iki kamungkinan wujud èfèk résonansi sisa saka awal kawanguné Tata Surya. Anèhé, planit Neptunus ora mijil ing baris matématis Titus-Bode, kang gawé para pangamat spékulasi yèn Neptunus wujud asil tabrakan kosmis.

Srengéngé iku lintang indhuk Tata Surya lan wujud komponèn utama sistem Tata Surya iki. Lintang iki ukurané 332.830 massa bumi. Massa kang gedhé iki njalari kapadhetan inti kang cukup gedhé kanggo bisa njurung kasinambungan fusi nuklir lan nyemburaké sapérangan ènèrgi kang dahsyat. Akèh-akèhé ènèrgi iki dipancaraké menyang njaban akasa sajeroning wangun radhiasi èlètromagnètik, kalebu spèktrum optik.

Srengéngé dikategorikaké sajeroning lintang cilik kuning (jinis G V) kang ukurané tengahan, nanging jeneng iki bisa njalari kasalahpahaman, amarga dibandhingaké karo lintang-lintang kang ana ing njero galaksi Bimasekti, Srengéngé kalebu cukup gedhé lan cemerlang. Lintang diklasifikasikaké mawa dhiagram Hertzsprung-Russell, ya iku sawijining grafik kang nggambaraké gegandhèngan pangaji luminositas sawijining lintang marang suhu lumahané. Lumrahé, lintang kang luwih panas bakal luwih cemerlang. Lintang-lintang kang nuruti pola iki diarani ana ing dhèrèt utama, lan Srengéngé panggoné persis ing tengah dhèrèt iki. Nanging, lintang-lintang kang luwih cemerlang lan luwih panas saka Srengéngé iku langka, éwadéné lintang-lintang kang luwih redhup lan adhem iku umum.

Dipercaya yèn posisi Srengéngé ing dhèrèt utama kanthi umum wujud pucuk urip saka sawijining lintang, amarga durung entèké hidrogen kang kasimpen kanggo fusi nuklir. Saiki Srengéngé tuwuh tansaya padhang jingglang. Ing awal uripé, tingkat kacemerlangané iku watara 70 persèn saka kacermelangan saiki.

Srengéngé kanthi métalisitas dikategorikaké minangka lintang populasi I. Lintang kategori iki kawangun luwih akir ing tingkat évolusi alam semesta, saéngga ngandhut luwih akèh unsur kang luwih abot tinimbang hidrogen lan hélium (metal sajeroning sebutan astronomi) dibandhingaké karo lintang populasi II. Unsur-unsur kang luwih abot tinimbang hidrogen lan hélium kawangun ing njero inti lintang purba kang banjur njeblug. Lintang-lintang génerasi pisanan perlu cures luwih dhisik sadurungé alam semesta bisa dikebaki déning unsur-unsur kang luwih abot iki.

Lintang-lintang tuwa dhéwé ngandhut metal sithik banget, éwadéné lintang anyar nduwé kandhungan métal kang luwih dhuwur. Tingkat métalitas kang dhuwur iki diprakirakaké duwé prabawa wigati ing pambentukan sistem Tata Surya, amarga kawanguné planit iku asil panggumpelan métal.

Saliyané cahya, Srengéngé uga kanthi kasinambungan mancaraké semburan partikel kanthi momotan (plasma) kang ditepungi minangka angin surya. Semburan partikel iki nyebar metu kira-kira ing karikatan 1,5 yuta kilomèter per jam, nyiptakaké atmosfèr tipis (heliosfer) kang ngrambah Tata Surya paling ora adohé 100 SA (deleng uga heliopause). Kabèh iki ingaran médhium antarplanèt.

Lésus géomagnètis ing lumahing Srengéngé, kaya déné semburan Srengéngé (solar flares) lan uncalan massa korona (coronal mass ejection) njalari gangguan ing heliosfer, nyiptakaké cuaca ruwang akasa. Struktur gedhé dhéwé saka heliosfer dijenengi lembar ilènan heliosfer (heliospheric current sheet), sawijining spiral kang dumadi amarga obah rotasi magnètis Srengéngé tumrap médhium antarplanèt. Médhan magnèt bumi nyegah atmosfèr bumi interaksi karo angin surya. Venus lan Mars kang ora duwé médhan magnèt, atmosfèré entèk kakikis menyang njaba akasa. Interaksi antarané angin surya lan médhan magnèt bumi njalari dumadiné aurora, kang bisa dideleng cedhak kutub magnètik bumi.

Heliosfer uga duwé peran ngreksa Tata Surya saka sinar kosmik kang asalé saka njaban Tata Surya. Médhan magnèt planit-planit nambah peran pangreksan sabanjuré. Dhènsitas sinar kosmik ing médhium antarlintang lan kekuwatan médhan magnèt Srengéngé ngalami owah-owahan ing skala wektu kang dawa banget, saéngga drajat radhiasi kosmis ing njero Tata Surya dhéwé iku manéka variasi, sanajan ora dikawruhi sepira gedhéné.

Médhium antarplanèt uga wujud papan anané paling ora loro laladan mèmper piringan kang isiné lebu kosmis. Sing pisanan, méga lebu zodhiak, ana ing Tata Surya pérangan njero lan wujud jalaran cahya zodhiak. Iki kamungkinan kawangun saka tabrakan sajeroning sabuk astéroid kang disebabaké déning interaksi karo planit-planit. Laladan kaloro mbentang antarané 10 SA nganti watara 40 SA, lan mungkin disebabaké déning tabrakan kang mèmper nanging dumadi ing njero Sabuk Kuiper.

Tata Surya pérangan njero iku jeneng umum kang nyakup planit kabumian lan asteroid. Mliginé kagawé saka silikat lan logam, objèk saka Tata Surya pérangan njero nglingkup cerak karo Srengéngé, radhius saka kabèh laladan iki luwih cendhak saka let antarané Yupiter lan Saturnus.

Papat planit pérangan njero utawa planit kabumian (terrestrial planit) duwé komposisi batuan kang padhet, mèh ora duwé utawa ora duwé satelit lan ora duwé sistem cincin. Komposisi planit-planit iki mligi ya iku mineral kanthi titik lèlèh dhuwur, kaya déné silikat kang intip lan slubung, lan logam kaya déné wesi lan nikel kang intiné. Telu saka papat planit iki (Venus, Bumi lan Mars) duwé atmosfèr, kabèh duwé kawah météor lan sipat-sipat lumahan tèktonis kaya déné gunung geni lan lembah pecahan. Planit kang panggonané ing antarané Srengéngé lan Bumi (Merkurius lan Venus) diarani uga minangka planit infèrior.

Asteroid kanthi umum iku objèk Tata Surya kang kapérang saka batuan lan mineral logam beku.

Sabuk asteroid utama ana ing antarané orbit Mars lan Yupiter, leté watara 2,3 lan 3,3 SA saka Srengéngé, dinuga wujud sisa saka bahan formasi Tata Surya kang gagal nggumpel amarga prabawa gravitasi Yupiter.

Gradhasi ukuran asteroid iku atusan kilomèter tekan mikroskopis. Kabèh asteroid, kajaba Ceres kang gedhé dhéwé, diklasifikasikaké minangka bandha cilik Tata Surya. Sapérangan asteroid kaya déné Vesta lan Hygiea mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik yèn kabukti wis ngancik kasetimbangan hidrostatik.

Sabuk asteroid kapérang saka maèwu-èwu, mungkin yutan objèk kanthi dhiamèter sakilometer. Sanajan mangkono, massa total saka sabuk utama iki ora punjul saprasèwu massa bumi. Sabuk utama ora rapet, kapal ruwang akasa kanthi rutin mbrobos laladan iki tanpa ngalami kacilakan. Asteroid kang dhiamèteré watara 10 lan 10−4 m ingaran météorid.

Ceres (2,77 SA) iku bandha gedhé dhéwé ing sabuk asteroid lan diklasifikasikaké minangka planit cilik. Dhiamèteré iku kurang sithik saka 1000 km, cukup gedhé kanggo duwé gravitasi dhéwé kanggo nggumpel minangka bunderan. Ceres dianggep planit nalika tinemu ing abad ka 19, nanging di-réklasifikasi dadi asteroid nalika taun 1850an sawisé observasi luwih lanjut nemu sapérangan asteroid manèh. Ceres diréklasifikasi lanjut nalika taun 2006 minangka planit cilik.

Asteroid ing sabuk utama dibagi dadi golongan lan kulawarga asteroid dhedhasar sipat-sipat orbité. Satelit asteroid iku asteroid kang ngiteri asteroid kang luwih gedhé. Satelit-satelit iki ora gampang dibédakaké saka satelit-satelit planit, sok-sok mèh padha gedhéné karo pasangané. Sabuk asteroid uga duwé komèt sabuk utama kang mungkin wujud sumber banyu bumi.

Asteroid-asteroid Trojan ana ing titik L4 atau L5 Yupiter (laladan gravitasi stabil kang ana ing ngarep lan mburi sawijining orbit planit), sebutan trojan asring dipigunakaké kanggo objèk-objèk cilik ing Titik Langrange saka sawijining planit utawa satelit. Golongan Asteroid Hilda ana ing orbit résonansi 2:3 saka Yupiter, kang tegesé golongan iki ngiteri Srengéngé kaping telu kanggo saben loro ideran Yupiter.

Pérangan njero Tata Surya uga dikebaki déning asteroid alasan, kang akèh ngethok orbit-orbit planit-planit pérangan njero.

Ing pérangan njaba Tata Surya ana gas-gas raseksa karo satelit-satelité kang mawa ukuran planit. Akèh komèt kanthi périodha cendhak kalebu sapérangan Centaur, uga duwé orbit ing laladan iki. Badan-badan padhet ing laladan iki ngandhut gunggung volatil (conto: banyu, amonia, métan, kang asring ingaran es sajeroning pangistilahan èlmu kaplanètan) kang luwih dhuwur dibandhingaké planit batuan ing pérangan njero Tata Surya.

Kapapat planit njaba, kang ingaran uga planit raseksa gas (gas giant), utawa planit jovian, kanthi kasluruhan nyakup 99 persèn massa kang ngorbit Srengéngé. Yupiter lan Saturnus sapérangan gedhé ngandhut hidrogen lan hélium; Uranus lan Neptunus duwé proporsi ès kang luwih gedhé. Para astronom ngusulaké yèn kaloroné dikategorikaké dhéwé minangka raseksa ès. Kapapat raseksa gas iki kabèh duwé cincin, sanajan mung sistem cincin Saturnus kang bisa dideleng kanthi gampang saka bumi.

Komèt iku badan Tata Surya cilik, lumrahé mung mawa ukuran sapérangan kilomèter, lan kagawé saka ès volatil. Badan-badan iki duwé èksèntrisitas orbit dhuwur, kanthi umum perihelion-é ana ing planit-planit pérangan njero lan panggonan aphelion-é luwih adoh saka Pluto. Nalika sawijining komèt ngleboni Tata Surya pérangan njero, ceraké let saka Srengéngé njalari lumahan èsé ngalami sumblimasi lan ionisasi, kang ngasilaké koma, buntut gas lan lebu dawa, kang asring bisa dideleng kanthi mata langsung.

Komèt mawa périodha cendhak, duwé kalangsungan orbit kurang saka rongatus taun. Éwadéné komèt mawa périodha panjang, duwé orbit kang lumaku èwonan taun. Komèt mawa périodha cendhak dipercaya asalé saka Sabuk Kuiper, éwadéné komèt mawa périodha dawa, kaya déné Hale-bopp, asalé saka Awan Oort. Akèh golongan komèt, kaya déné Kreutz Sungrazers, kawangun saka pecahan sawijining indhuk tunggal. Sapérangan komèt mawa orbit hiperbolik mungkin asalé saka njaba Tata Surya, nanging nemtokaké jalur orbité kanthi mesthi iku angèl banget. Komèt tuwa kang bahan volatilesé wis entèk amarga panas Srengéngé asring dikategorikaké minangka asteroid.

Centaur iku bandha-bandha ès mèmper komèt kang poros semi-majoré luwih gedhé saka Yupiter (5,5 SA) lan luwih cilik saka Neptunus (30 SA). Centaur gedhé dhéwé kang dikawruhi ya iku, 10199 Chariklo, kanthi dhiamèter 250 km. Centaur temonan pisanan, 2060 Chiron, uga diklasifikasikaké minangka komèt (95P) amarga duwé koma padha kaya déné komèt yèn nyedhaki Srengéngé. Sapérangan astronom nglasifikasikaké Centaurs minangka objèk sabuk Kuiper sebaran-menyang-njero (inward-scattered Kuiper belt objects), sairing karo sebaran metu kang manggon ing piringan kasebar (outward-scattered residents of the scattered disc).

Laladan kang ana adoh ngliwati Neptunus, utawa laladan trans-Neptunus, sapérangan gedhé durung dièksplorasi. Miturut praduga laladan iki sapérangan gedhé kapérang saka donya-donya cilik (kang gedhé dhéwé duwé dhiamèter sapralima bumi lan massané adoh luwih cilik saka rembulan) lan mligi ngandhut watu lan ès. Laladan iki uga ditepungi minangka laladan njaba Tata Surya, sanajan manéka wong migunakaké istilah iki kanggo laladan kang ana ngluwihi sabuk asteroid.

Sabuk Kuiper iku sawijining cincin raseksa mèmper karo sabuk asteroid, nanging komposisi mligi iku ès. Sabuk iki manggon ana ing antarané 30 lan 50 SA, lan kapérang saka bandha cilik Tata Surya. Sanajan mangkono, sapérangan objèk Kuiper kang gedhé dhéwé, kaya déné Quaoar, Varuna, lan Orcus, mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik. Para èlmuwan mrakirakaké ana watara 100.000 objèk Sabuk Kuiper kanthi dhiamèter punjul 50 km, nanging diprakirakaké massa total Sabuk Kuiper mung saprasepuluh massa bumi. Akèh objèk Kuiper duwé satelit gandha lan akèh-akèhé duwé orbit ing njaba babagan èliptika.

Sabuk Kuiper kanthi kasar bisa dibagi dadi sabuk klasik lan résonansi. Résonansi iku orbit kang agandhèng marang Neptunus (conto: loro orbit kanggo saben telu orbit Neptunus utawa siji kanggo saben loro). Résonansi kang pisanan awalé ing Neptunus dhéwé. Sabuk klasik kapérang saka objèk kang ora duwé résonansi karo Neptunus, lan manggon watara 39,4 SA tekan 47,7 SA. Anggota dari sabuk klasik diklasifikasikan sebagai cubewanos, setelah anggota jinis pertamanya ditemukan (15760) 1992QB1 

Pluto (rata-rata 39 SA), sawijining planit cilik, iku objèk gedhé dhéwé kang dikawruhi ing Sabuk Kuiper. Nalika tinemu ing taun 1930, bandha iki dianggep planit kang kasanga, dhéfinisi iki diganti nalika taun 2006 kanthi diangkaté dhéfinisi formal planit. Pluto duwé kamiringan orbit cukup èksèntrik (17 drajat saka babagan èkliptika) lan leté 29,7 SA saka Srengéngé ing titik perihelion (padha leté karo orbit Neptunus) tekan 49,5 SA ing titik aphelion.

Ora cetha apa Charon, satelit Pluto kang gedhé dhéwé, bakal terus diklasifikasikaké minangka satelit utawa dadi sawijining planit cilik uga. Pluto lan Charon, kaloroné ngiteri titik barycenter gravitasi ing ndhuwur lumahané, kang gawé Pluto-Charon sawijining sistem gandha. Loro satelit kang adoh luwih cilik Nix lan Hydra uga ngiteri Pluto lan Charon. Pluto ana ing sabuk résonan lan duwé 3:2 résonansi karo Neptunus, kang tegesé Pluto ngiteri Srengéngé kaping loro kanggo saben telung ideran Neptunus. Objèk sabuk Kuiper kang orbité duwé résonansi kang padha ingaran plutino.

Haumea (rata-rata 43,34 SA) lan Makemake (rata-rata 45,79 SA) iku loro objèk gedhé dhéwé kang dikawruhi ing njero sabuk Kuiper klasik. Haumea iku sawijining objèk kanthi wangun endhog lan duwé satelit loro. Makemake iku objèk paling kinclong ing sabuk Kuiper sawisé Pluto. Ing awalé dijenengi  lan , nalika taun 2008 dijenengi lan status minangka planit cilik. Orbit kaloroné duwé inklinasi adoh luwih mbujur saka Pluto (28° lan 29°)  lan béda kaya déné Pluto, kaloroné ora diprabawai déning Neptunus, minangka péranganing golongan Objèk Sabuk Kuiper klasik.

Piringan kasebar (scattered disc) silih potong karo sabuk Kuiper lan nyebar metu adoh luwih wiyar. Laladan iki dinuga wujud sumber komèt mawa périodha cendèk. Objèk piringan kasebar dinuga kaoncataké menyang orbit kang ora tinentu amarga prabawa gravitasi saka obahan migrasi awal Neptunus. Akèh-akèhé objèk piringan kasebar (scattered disc objects, utawa SDO) duwé perihelion ing njero sabuk Kuiper lan aphelion adohé mèh 150 SA saka Srengéngé. Orbit OPT uga duwé inklinasi dhuwur ing babagan èkliptika lan asring mèh kanthi pojok siku-siku. Sapérangan astronom nggolongaké piringan kasebar mung minangka péranganing sabuk Kuiper lan njuluki piringan kasebar minangka objèk sabuk Kuiper kasebar (scattered Kuiper belt objects).

Eris (rata-rata 68 SA) iku objèk piringan kasebar gedhé dhéwé kang dikawruhi lan njalari wiwitané dhebat babagan dhéfinisi planit, amarga Eris mung 5%luwih gedhé saka Pluto lan duwé prakiran dhiamèter watara 2.400 km. Eris iku planit cilik gedhé dhéwé kang dikawruhi lan duwé satelit siji, Dysnomia. Kayadéné Pluto, orbité duwé èksèntrisitas dhuwur, kanthi titik perihelion 38,2 SA (mèmper let Pluto menyang Srengéngé) lan titik aphelion 97,6 SA kanthi babagan èkliptika mbujur banget.

Titik papan Tata Surya pungkasan lan ruwang antar lintang wiwit ora persis kadhéfinisi. Watesan-watesan njaba iki dumadi saka loro gaya tekan kang kapisah: angin surya lan gravitasi Srengéngé. Watesan paling adoh prabawa angin surya kira-kira leté kaping papat let Pluto lan Srengéngé. Heliopause iki ingaran minangka titik awal médhium antar lintang. Nanging Bal Roche Srengéngé, let èfèktif prabawa gravitasi Srengéngé, diprakirakaké nyakup watara kaping sèwu luwih adoh.

Heliopause dibagi dadi rong pérangan kapisah. Méga angin kang obah ing karikatan 400 km/dhetik nganti nabrak plasma saka médhium ruwang antarlintang. Tabrakan iki dumadi ing benturan tèrminasi kang kira kira ana ing 80-100 SA saka Srengéngé ing laladan lawan angin lan watara 200 SA saka Srengéngé ing laladan saarah jurusan angin. Banjur angin saya alon dramatis, saya mampet lan owah dadi kenceng, minangka struktur oval kang ditepungi minangka heliosheath, kanthi kelakuan mèmper kaya déné buntut komèt, saya ngulur metu adohé 40 SA ing pérangan arah lawan angin lan matikel-tikel luwih adoh ing sisih liyané. Voyager 1 lan Voyager 2 dilapuraké wis nembus benturan terminasi iki lan ngleboni heliosheath, ing let 94 lan 84 SA saka Srengéngé. Watesan njaba saka heliosfer, heliopause, iku titik papan angin surya mandheg lan ruwang antar lintang kawiwitan.

Wujud saka pucuk njaba heliosfer kamungkinan diprabawai saka dhinamika fluida saka interaksi médhium antarlintang lan uga médhan magnèt Srengéngé kang ngarah ing sisih kidul (saéngga mènèhi wujud bujel ing hemisfer lor kanthi let 9 SA, lan luwih adoh tinimbang hemisfer kidul. Saluwihé saka heliopause, ing let watara 230 SA, ana benturan busur, jaluran ombak plasma kang ditinggalaké Srengéngé sairing iderané mubeng ing Bimasekti.

Tekan saiki durung ana kapal njaba akasa kang ngliwati heliopause, saéngga oraa mungkin ngawruhi kondhisi ruwang antarlintang lokal kanthi mesthi. Diarepaké satelit NASA voyager bakal nembus heliopause ing watara dhékade ngarep lan ngirim manèh data tingkat radhiasi lan angin surya. Kanggo iku, sawijining tim kang dibiyayani NASA wis ngembangaké konsèp Vision Mission kang bakal kusus ngirimaké satelit panjajak menyang heliosfer.

Sacara hipotèsa, Méga Oort iku sawijining massa mawa ukuran raseksa kang kapérang saka matrilyun-trilyun objèk ès, dipracaya wujud sumber komèt mawa périodha dawa. Méga iki nylubungi srengéngé ing let watara 50.000 SA (watara 1 taun cahya) tekan adohé 100.000 SA (1,87 taun cahya). Laladan iki dipracaya ngandhut komèt kang luwar saka pérangan njero Tata Surya amarga interaksi karo planit-planit pérangan njaba. Objèk Méga Oort obah alon banget lan bisa digoncangaké déning kaanan-kaanan langka kaya déné tabrakan, èfèk gravitasi saka liwaté lintang, utawa gaya pasang galaksi, gaya pasang kang disurung Bimasekti.

Akèh prakara saka Tata Suryané awaké dhéwé kang isih durung dikawruhi. Médhan gravitasi Srengéngé diprakirakaké ndhominasi gaya gravitasi lintang-lintang saubengé nganti adohé rong taun cahya (125.000 SA). Prakiran ngisor radhius Méga Oort, ing sisih liya, ora luwih gedhé saka 50.000 SA. Sanajan Sedna wis tinemu, laladan antarané Sabuk Kuiper lan Méga Oort, sawijining laladan kang duwé radhius puluhan èwu SA, bisa ditélakaké durung dipetakaké. Saliyané iku, uga ana studi kang lagi lumaku, kang nyinaoni laladan antarané Merkurius lan Srengéngé. Objèk-objèk anyar mungkin isih bakal tinemu ing laladan kang durung dipetakaké.

Pabandhingan sapérangan ukuran wigati planit-planit:

Tata Surya ana ing galaksi Bimasekti, sawijining galaksi spiral kang dhiamèteré watara 100.000 taun cahya lan duwé watara 200 milyar lintang. Srengéngé manggon ing salah siji lengen spiral galaksi kang ingaran Lengen Orion. Panggonan Srengéngé leté watara 25.000 lan 28.000 taun cahya saka punjer galaksi, kanthi karikatan orbit ngupengi punjer galaksi watara 2.200 kilomèter per dhetik.

Saben révolusiné duwé jangka 225-250 yuta taun. Wektu révolusi iki ditepungi minangka taun galaksi Tata Surya. Apex Srengéngé, arah jalur Srengéngé ing ruwang semesta, cerak panggonané karo rasi lintang Herkules kaarah ing posisi akir lintang Vega.

Panggonan Tata Surya ing njero galaksi duwé peran wigati sajeroning évolusi kauripan ing Bumi. Wangun orbit bumi iku mèmper bunderan kanthi karikatan mèh padha karo lengen spiral galaksi, mula bumi arang banget mbrobos jalur lengen. Lengen spiral galaksi duwé konsèntrasi supernova dhuwur kang duwé potènsi bebaya gedhé banget tumrap kauripan ing Bumi. Kaanan iki mènèhi Bumi jangka stabilitas kang dawa kang mungkinaké évolusi kauripan.

Tata Surya manggon adoh saka laladan padhet lintang ing punjer galaksi. Ing laladan punjer, tarikan gravitasi lintang-lintang kang silih cerak bisa nggoyang bandha-bandha ing Méga Oort lan nembakaké komèt-komèt menyang pérangan njero Tata Surya. Iki bisa ngasilaké potènsi tabrakan kang ngrusak kauripan ing Bumi.

Intènsitas radhiasi saka punjer galaksi uga mangaruhi perkembangan wujud urip tingkat dhuwur. Sanajan mangkoko, para èlmuwan duwé hipotèsa yèn ing lokasi Tata Surya saiki iki supernova wis mangaruhi kauripan ing Bumi ing 35.000 taun pungkasan kanthi nguncalaké pecahan-pecahan inti lintang menyang Srengéngé sajeroning wujud lebu radhiasi utawa bahan kang luwih gedhé liyané, kaya déné manéka bandha mèmper komèt.
 

Lingkungan galaksi paling cedhak saka Tata Surya iku sawijining papan kang diarani Méga Antarlintang Lokal (Local Interstellar Cloud, utawa Local Fluff), ya iku wewengkon kanthi méga kandel kang ditepungi kanthi aran Gelembung Lokal (Local Bubble), kang ana ing tengah-tengah wewengkon kang arang. Gelembung Lokal iki wanguné gronggongan mèmper jam gesik kang ana ing médhium antarlintang, lan mawa ukuran watara 300 taun cahya. Gelembung iki kebak sebaran plasma kanthi suhu dhuwur kang mungkin asalé saka sapérangan supernova kang durung suwé dumadi.

Ing sajeroning let sepuluh taun cahya (95 triliun km) saka Srengéngé, gunggung lintang rélatif sithik. Lintang kang paling cerak ya iku sistem kembar telu Alpha Centauri, kang leté 4,4 taun cahya. Alpha Centauri A lan B wujud lintang gandha mèmper karo Srengéngé, éwadéné Centauri C iku cilik abang (ingaran uga Proxima Centauri) kang ngideri kembaran gandha pisanan ing let 0,2 taun cahya.

Lintang-lintang paling cerak sabanjuré ya iku sawijining cilik abang kang dijenengi Lintang Barnard (5,9 taun cahya), Wolf 359 (7,8 taun cahya) lan Lalande 21185 (8,3 taun cahya). Lintang gedhé dhéwé sajeroning let sepuluh taun cahya ya iku Sirius, sawijining lintang kinclong dikategoriaké 'urutan utama' kira-kira duwé massa kaping loroné massa Srengéngé, lan dikupengi déning sawijining cilik putih kanthi jeneng Sirius B. Kaloroné leté 8,6 taun cahya. Sisa sistem saluwihé kang ana ing njero let 10 taun cahya iku sistem lintang gandha cilik abang Luyten 726-8 (8,7 taun cahya) lan sawijining cilik abang kanthi jeneng Ross 154 (9,7 taun cahya).

Lintang tunggal paling cerak kang mèmper Srengéngé ya iku Tau Ceti, kang ana ing 11,9 taun cahya. Lintang iki kira-kira ukurané 80% bobot Srengéngé, nanging kakinclongané (luminositas) mung 60%. Planit njaba Tata Surya paling cerak saka Srengéngé, kang dikawruhi tekan saiki ya iku ing lintang Epsilon Eridani, sawijining lintang kang luwih pudhar sithik lan luwih abang dibandhingaké Srengéngé. Panggoné watara 10,5 taun cahya. Planit lintang iki kang wis dipesthèkaké, kanthi jeneng Epsilon Eridani b, kurang luwih ukurané kaping 1,5 massa Yupiter lan ngupengi indhuk lintangé kanthi let 6,9 taun cahya.

Kapitalisasi istilah iki manéka. Persatuan Astronomi Internasional, badan kang ngurusi masalah panengeran astronomis, nyebutaké yèn  (Tata Surya). Nanging, istilah iki uga asring ditemoni sajeroning wangun huruf cilik (tata surya)

Delengen Pratélan satelit kanggo kabèh satelit alami saka wolu planit lan lima planit cilik.

Massa Tata Surya ora kalebu Srengéngé, Yupiter, lan Saturnus, bisa diétung kanthi nambahaké kabèh massa objèk gedhé dhéwé kang diétung lan migunakaké pangétungan kasar kanggo massa méga Oort (watara kaping 3 massa Bumi),, sabuk Kuiper (watara kaping 0,1 massa Bumi) lan sabuk asteroid (watara kaping 0,0005 massa Bumi) kanthi total massa kaping ~37 massa Bumi, utawa 8,1 persèn massa ing orbit ing saubengé Srengéngé. Yèn dikurangi nganggo massa Uranus lan Neptunus (kaloroné kaping ~31 massa Bumi), sisané kaping ~6 massa Bumi wujud 1,3 persèn saka massa sakabèhané.

Astronom ngukur let ing njero Tata Surya kanthi ékan astronomi (SA). Siji SA leté watara let rata-rata Srengéngé lan Bumi, utawa 149.598.000 km. Pluto leté watara 38 SA saka Srengéngé, Yupiter 5,2 SA. Siji taun cahya iku 63.240 SA..




#Article 152: Biologi (628 words)


Biologi, basa Yunani bio (gesang) + logos (ngèlmu)) punika, ngèlmunipun sadaya prakawis ingkang gesang. Ugi saged dipunwastani ngèlmunipun kagesangan. Ing jaman rumiyin ngantos taun 1970-nan, dipun-ginakaken istilah èlmu hayat (dipunpendhet saking basa Arab, ingkang tegesipun èlmu kagesangan).

Umumipun pokok bahasan/subyèk Biologi dipunpérang dados 3 pérangan:

Zoologi lan Botani punika èlmu bab Flora  Fauna
Obyek kajian biologi punika sajatosipun wiyar sanget lan nyakup sadaya makluk gesang. Pramila, dipuntepangi warni-warni cawang biologi ingkang migatosaken sawenèh golongan organisme, kados ta botani, zoologi, lan mikrobiologi. Werni-warni aspek kagesangan ugi dipunkaji. Titikanipun fisik dipunsinaoni wonten ing èlmu anatomi, déné fungsinipun dipunsinaoni wonten ing èlmu fisiologi; Prilaku dipunsinaoni wonten ing etologi, inggih ing mangsa sapunika punapa ing mangsa rumiyin (dipunsinaoni wonten ing biologi evolusioner lan paleobiologi); Kadospundi makluk gesang kacipta dipunsinaoni wonten ing évolusi; Interaksi sesami makluk lan kaliyan alam saubengipun, dipunsinaoni wonten ing èlmu ékologi; Mekanisme pawarisan sipat ingkang migunani tumrap upaya njagi kalangsungan gesang satunggiling jinis makluk gesang dipunsinaoni ing èlmu genetika.enten kang jenengipun mirza

Wekdal punika malah sampun ngrembaka pasinaon bab aspek biologi ingkang nyinaoni kamungkinan evolusi makluk gesang ing mangsa ngajeng, ugi kamungkinan wontenipun makluk gesang ing planit-planit sanèsipun bumi, inggih punika astrobiologi. Sementawis punika, tuwuhing tèknologi saged nyinaoni tataran molekul panyusun organisme, wonten salebeting èlmu biologi molekular sarta biokimia, ingkang kathah dipundhukung déning tuwuhing teknik komputasi ing salebeting babagan bioinformatika.

Èlmu biologi mawiyar ing abad kaping 19, kanthi èlmuwan ingkang manggihi manawi organisme gadhah karakteristik pokok. Biologi sapunika dados subyèk wulangan ing sekolah lan universitas ing saindhenging donya, langkung saking jutaan makalah dipundamel saben taun ing susunan wiyar jurnal biologi lan kadhokteran.

Èlmu biologi dipunrintis déning Aristoteles, èlmuwan kebangsaan Yunani. Ing tèrminologi Aristoteles, filosofi alam punika cabang filosofi ingkang nliti fénoména alam, lan njangkep babagan ingkang sapunika dipunsebat minangka fisika, biologi, lan èlmu pengetauan alam sanèsipun.

Aristoteles nglampahi panlitèn sajarah alam ing pulo Lesbos. Asil panlitènipun, kalebet Sajarah Kéwan, Generasi Kéwan, lan Pérangan Kéwan, isinipun sapérangan observasi lan interpretasi, lan ugi wonten mitos lan kaluputan. Pérangan ingkang wigati inggih punika prekawis kagesangan laut. Panjenenganipun misahaken mamalia laut saking iwak, lan mangertosi bilih hiu lan pari punika péranganing grup ingkang panjenenganipun sebat Selachē (selachians). 

Istilah biologi ing pangertèn modhèren katingalipun dipuntepangaken kanthi kapisah déning Gottfried Reinhold Treviranus (Biologie oder Philosophie der lebenden Natur, 1802) lan Jean-Baptiste Lamarck (Hydrogéologie, 1802). Nanging, istilah biologi sajatosipun sampun dipun-ginakaken ing taun 1800 déning Karl Friedrich Burdach. Malah, sadèrèngipun, istilah punika ugi sampun muncul ing sirahan buku Michael Christoph Hanov jilid kaping 3 ingkang terbit taun 1766, inggih punika .

Pirsani artikel utami Pratélan Cabang-cabang Biologi

Sapunika, biologi njangkep babagan akademik ingkang wiyar sanget, gegandhèngan kaliyan babagan-babagan sains sanèsipun, lan asring ditingali minangka èlmu ingkang mandhiri. Nanging, pancabangan biologi mesthi miturut tigang dhimènsi ingkang silih tegak lurus: kaanekaragaman (dhedhasar golongan organisme), organisasi kagesangan (taraf kajian saking sistem kagesangan), lan interaksi (gegandhèngan antarunit kagesangan sarta antawisipun unit kagesangan kaliyan lingkunganipun).

Makluk gesang utawi organisme manéka warna sanget ragamipun. Taksonomi nyinaoni pripun organisme saged dipunklompokaken dhedhasar kamèmperan lan bènten ingkang dipungadhahi. Salajengipun, kathah golongan punika dipunsinaoni sadaya gatra kagesanganipun, saéngga dipunkenal èlmu biologi tetuwuhan (botani), biologi kéwan (zoologi), biologi gegremet (entomologi), lan salajengipun.

Kagesangan dumadi ing hirarki ingkang kaorganisasi. Hirarki organisme, saking ingkang paling alit dumugi ingkang paling ageng ingkang dipunsinaoni ing biologi, inggih punika:

Kajian-kajian subindividu njangkep biologi sel, anatomi lan cabang-cabangipun (sitologi, histologi lan organologi), lan fisiologi. Pambagéyan langkung rinci ugi mungel dumados. Upaminipun, anatomi saged dipunkhususaken ing saben organ utawi sistem (limrahipun dumadi ing èlmu kadhokteran): pulmonologi, kardiologi, neurologi, lan sapiturutipun).

Tingkat supraindividu dipunsinaoni ing ékologi, ingkang ugi gadhah pangkhususan piyambak, kados ékofisiologi utawi fisiologi lingkungan, fenologi, sarta èlmu prilaku.

Gegandhèngan antarunit kagesangan ugi antawisipun unit kagesangan lan lingkunganipun dumados ing sadaya tingkat organisasi.

Sasanèsipun nyinaoni kagesangan kanthi sapérangan tataran ing nginggil, biologi ugi nyinaoni prakawis-prakawis ing ngandhap kanthi cabang èlmunipun piyambak-piyambak, inggih punika:




#Article 153: Dina (230 words)


 
Dina (ngoko) utawi dinten (krama) punika unit wekdal. Dangunipun inggih 24 jam utawi 1.440 menit utawi 86.400 dhetik.

Ing Jawi, wonten manéka warna dinten. Manawi ningali ing prasasti jaman kina, wonten tigang (3) jinisipun dinten.

Saptawara punika kados dinten kang limrah dipunangge sapunika, inggih punika wonten pitung (7-sapta) dinten:

Pancawara punika ugi asring dipunwastani pasaran utawi peken kanthi pétungan gangsal (5) dinten. Ing salebeting sistem pananggalan Jawi lan Bali, wonten kalih jinis siklus wekdal: siklus minggon lan siklus pasaran. Ing salebeting siklus minggon, satunggal minggu dipunpérang dados pitung dinten, kados déné ingkang dipuntepangi sadinten-dinten inggih punika dinten Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, Setu, lan Ngaat utawi Minggu. Ing salebeting siklus pasaran, satunggal pasar utawi peken dumados saking gangsal dinten pasaran inggih punika: Pahing, Pon, Wagé, Kliwon, Legi1/umanis2.

Miturut kalèndher Jawi, saben dinten lan tanggal ing sistem kalèndher Masèhi tansah gadhah kalih warni nama dinten. Tuladhanipun: tanggal 1 Januari 2001 punika dinten Senèn-Pahing, salajengipun tanggal 2 Januari 2001 dinten Selasa-Pon, lanjeng dipunterasaken dinten Rebo-Wagé, dipunsusul dinten Kemis-Kliwon, Jemuwah-Legi, Setu-Pahing, Ngaat-Pon, Senèn-Wagé, Selasa-Kliwon, lan salajengipun. Kombinasi kalih jinis dinten punika ngantos sapriki taksih dipunanggé ing panerbitan tanggalan utawi layang kabar abasa Jawi, kados Koran Kedaulatan Rakyat ingkang kababar ing kitha Yogyakarta.

Sadwara punika nganggé pétungan enem dinten. Para ahli arkéologi nduga bilih sadwara punika asli saking Jawi. Sapunika, pétangan punika boten dianggé malih ing Jawi. Ing Bali, pétungan dinten punika taksih dipunanggé.




#Article 154: Juru Kotbah (111 words)


Kitab Juru Kotbah iku péranganing Alkitab Prajanjian Lawas. Judhul iki asalé saka basa Ibrani: Qoheleth. Dhasar tembung iki : Qahal, sing tegesé pasamuan utawa pasemon.

Sang Qoheleth iku harafiahé siji wong sing seneng kutbah ing siji pasamuan. Ing basa Inggris, kitab iki diarani (Ecclesiastes) saka basa Yunani sajeroning kitab Septuaginta: Εκκλησιαστής. Tembung iki asalé saka tembung Yunani: Εκκλησία (Greja/jemuwah). Tegesé ya padha waé, wong sing kutbah ing pasamuan.

Isi kitab Juru Kotbah iku pangidhepan lan gagasan siji wong sing diarani 'Sang Pamikir'. Dadi isi kitab iki asifat falsafi. Dhèwèké mikir saresepé yèn uriping manungsa ing donya iku cekak. Tur akèh pacoban, barang-barang ora adil karo prakara-prakara liya sing ora gampang dimangertèni.




#Article 155: I Timotius (160 words)


Layang Paulus marang Timotius I

Timotius iku wong Kristen kang isih enom ing Asia Cilik, kang wis dadi kanca lan pambiyantu Paulus ing panggawéyané Paulus. Bapané Timotius iku wong Yunani lan ibuné Yahudi. Ing Layang Paulus Sing Sepisanan Marang Timotius, diterangaké telung prakara kang ana gandhèng cènèngé siji lan sijiné.

Sing sepisanan ya iku pepènget marang Timotius marang piwulang-piwulang ala kang ana ing umat. Piwulang-piwulang iku wujud campuran paham Yahudi lan paham non-Yahudi dhedhasar kapercayan marang jagad raya wis ala, lan kaslametan mung bisa diantuki yèn wong duwé pengetauan ngenani wewadi tartemtu, lan netepi angger-angger kaya ta umpamané angger-angger bojoné mung siji, pantang mangan panganan tartemtu lan sapituruté.

Sing angka loro, ya iku pituduh-pituduh marang Timotius ngenani pangurusan umat lan ngenani ibadat. Dijelasaké marang Timotius sipat-sipat wong kang éntuk dadi panilik lan pambiyantu umat. Pungkasané Timotius diwulang ngenani kepriyé panjenengané bisa dadi murid Dalem Yesus Kristus kang becik lan ngenani tanggel waleré marang saben golongan wong kang dadi anggota umat.




#Article 156: II Timotius (121 words)


Layang Paulus Sing Kapindho Marang Timotius sapérangan gedhé isiné ular-ular pribadi marang Timotius minangka kanca sapanggawéan lan pambiyantu kang isih enom. Inti saka piweling mau ya iku supaya Timotius tabah. Panjenengané diweling lan disengkuyung supaya terus setya nyebaraké pawarta ngenani Gusti Yesus Kristus sarta netepi Prajanjian Lawas lan piwulang ngenani Injil saka Allah; uga supaya Timotius tetep tugas minangka guru lan panyebar Injil saka Allah, sanadyan ngadhepi kasangsaran lan tetentangan. 
Timotius mirunggan dipèngetaké supaya ora mèlu cawé-cawé ing padudon kang bodho lan ora duwé pangaji. Padudon kaya mangkono iku ora ngasilaké apa-apa, kajaba ngrusak pikiran wong kang ngrungokaké.

Marang kabèh iku Timotius dièlikaké supaya njupuk conto saka uripéPaulus—ya iku kapercayané marang Kristus, sabaré, tresnané, katabahané lan kasangsaran kang dialami ing panganiayan.




#Article 157: Amos (104 words)


Amos, kang asalé saka Tekoa, sisih kidul wétan Betlehem, iku nabi pisan sajeroning  Alkitab kang wewekas lan wejangan-wejangané dicathet cukup rinci. Amos iku wong Yehuda angin kutbah marang wong-wong Israèl ing karaton lor sakiwa-tengené tengahing abad kaping-8 SM.

Kala iku wong urip makmur, ngibadah kaanggep wigati, lan nagara Israèl katonané tentrem anyem. Anging tibaké kang makmur namung wong-wong sugih waé kang kerep nindhes wong cilik. Ngibadah dilakokaké tanpa ati kang lila legawa. Mula Amos ngramal yèn Allah kersa ndendha bangsa Israèl. Amos celathu yèn  kadilan iku mili kaya banyu. Dhèwèké celathu, Mbokmenawa Gusti bakal melas marang wong-wong kang isih sisa saka bangsa Israèl (5:15).




#Article 158: I Yohanes (107 words)


Layang Yohanes kang kapisan ditulis amarga nduwé rong alesan: 

Ajaran-ajaran kang luput iku didhasaraké marang kapercayan yèn apa waé kang sesinggungan karo donya, ngasialké kang jahat; dadi, Yesus Putra Dalem, ora mungel wis dadi manungsa. Guru-guru kang miwulangaké piwulang-piwulang kang luput iku nuturaké yèn dislametaké ateges diuwalaké saka urusan-urusan kauripan ing donya iki; guru-guru iku uga miwulangaké yèn kaslametan ora ana gandhèngané karo prakara-prakara ngenani kasusilan utawa tresna marang pepadha.

Tetentangan karo piwulang-piwulang iku, panulis layang iki nelakaké kanthi cetha yèn Yesus Kristus wus dadi manungsa sajati temenan. Panjenengané nelakaké uga yèn kabèh wong kang percaya marang Yesus sarta nresnani Gusti kudu uga tresna tinresnan marang pepadha.




#Article 159: Basa Bali (464 words)


Basa Bali iku basa Austronesia saka cabang Sundik, utawa luwih spesifik saka anak cabang Bali-Sasak. Basa iki mligi dicaturaké ing pulo Bali, pulo Lombok sisih kulon lan uga ing pulo Jawa. Ing Lombok basa Bali dicaturaké akèhé cedhaké Mataram, ing Jawa mligi ing kabupatèn  Banyuwangi. Kajaba iku, basa Using, dhialek basa Jawa kas Banyuwangi, uga nyerep akèh tetembungan saka basa Bali. Conthoné tembung osing kang tegesé “ora”, dijupuk saka  basa Bali tusing. Basa Bali dicaturaké déning kurang luwih 4 yuta jiwa.

Basa Bali nduwé 6 fonem vokal lan 18 fonem konsonan. Fonem vokal utawa swara iku /a/, /i/, /u/, /ĕ/, /é/ dan /o/. Banjur fonem konsonan iku /k/, /g/, /ng/, /c/, /j/, /ñ/, /t/, /d/, /n/, /p/, /b/, /m/, /r/, /y/, /w/, /l/, /s/ lan /h/.

Sawijining ciri kas lan kang wis dadi basa Bali astamiwa iku fonem èksplosif tanpa nyuwara /t/ dipocapaké [t] ing pérangan mburi, nanging ing wiwitan lan tengah diucapaké kanthi [ʈ] (t retrofleks).

Aksara swara (huruf vokal) /a/ ing pérangan mburi tinarbuka diucapaké kanthi [ĕ]. Upamané tembung Kuta, sawijining pasisir kondhang ing Bali, diucapaké [k'uʈĕ].

Kaya déné basa Austronesia liyané, basa Bali iku luwih migunakaké tembung-tembung dwi silabik lan wujudé KVKVK. Nanging ing ng-reduplikasi sawijining gatra (sukukata) monosilabik wujudé KVK, mula ing basa Bali iki lumrahé dadi KVKKVK, béda karo basa Malayu lan Jawa:

Basa Bali ing kulawarga basa Austronésia kerep dikira paling cedhak karo basa Jawa. Nanging prekara ini ora mangkono. Basa Bali paling cedhak mawa basa Sasak lan pirang basa ing pulo Sumbawa sisih kulon. Kamèmperané karo basa Jawa namung amarga prabawa kosakata basa Jawa amarga aktivitas kolonisasi Jawa ing jaman mbiyèn, mligi ing abad angka 14 Masèhi. Bali ditaklukaké déning Gajah Mada ing taun 1343 Masèhi. Malahan ing kulawarga basa Austronesia, kanthi fonologis basa Bali luwih mèmper basa Malayu tinimbang basa Jawa. Nanging fonem /r/ ing posisi pungkasan basa Malayu, kerep dadi /h/ ing basa Bali. Bab iki bisa kabukti karo pratélan perbandingan kosakata dhasar basa Malayu, Bali, Jawa Kuna lan Jawa Anyar:

Basa Bali akèh kena prabawa basa Jawa, mligi basa Jawa Kuna lan liwat basa Jawa iki, uga basa Sangskreta. Kamèmperan karo basa Jawa mligi katon saka tingkat-tingkat basa kang ana ing basa Bali kang mèmper karo basa Jawa. Mira ora ngéramaké yèn basa Bali alus kang ingaran basa Bali Alus Mider mèmper karo basa Jawa Krama. Akèh tembung-tembung Bali alus kang dijupuk saka basa Jawa:

Ing ndhuwur wis dipaparaké kosakata kang mèmper karo basa Malayu lan basa Jawa. Saiki kosakata kas Bali dipaparaké:

Béda karo akèh bebrayan ing donua, nanging isih mèmper karo bebrayan panutur basa Austronesia liyané, wong Bali nalika nemtokaké arah orientasiné ora ing arah mata angin kang mesthi nanging ing papan kawasan géografis, ing kasus Bali iki ing papan gunung lan laut. Pramila arah mata angin bisa owah selaras karo papané:




#Article 160: Kèju (412 words)


Kèju saking basa Portugis: queijo punika panganan ingkang kadamel saking susu. Wondéné susu ingkang kanggé asringipun inggih susu sapi. Sabèntenipun saged ugi nganggé susu méndha, keledhe, kapal kaliyan unta.

Kèju anggènipun ndamel saking susu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha boten bosok.
Kèju gadhah sadaya kadungan wonten susu inggih kados ta:protein, vitamin, mineral, kalsium, vitamin B12, zink, lan fosfor nanging uga lemak lan kolesterol ingkang saged damel penyebab masalah keséhatan saumpami dipunkonsumsi kekathahen.
Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, nanging keju dugaane asalé saka Timur Tengah. Sanajan ora ana kapesthen saka ngendi keju kui, nanging miturut legenda keju tinemu sepisanan pangembara saka arab.

Keju wis digawé awit jaman prasajarah sanajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawé. Masarakat prasajarah wiwit ninggal gaya hidup nomaden lan malih dadi peternak wedhus, domba utawa sapi. Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengéngé langsung mulane susu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasané énak. Kawiwitan saka iku manungsa nemu keju krim asem (sour cream cheese).
Salah sawijining legenda nyaritakake yèn ana pemburu sing matèni sapi, banjur mbukak wetengé lan nemu sapérangan warna putih sing énak. Anane enzim rennet ing jero weteng sapi njalari susu dadi kenthel, saéngga dadi apa sing mau keju saiki. Carita liyané nyebutake yèn keju iku asalé saka Timur Tengah déning pengembara saka arab. Pengembara iku numpak jaran lan gawa susu ing pelanane. Sawetara suwé susu iku wis malih dadi banyusing pucet lan gumpalan-gumpalan putih. Amarga pelana sing kanggo nyimpen susu digawé saka weteng kéwan (sapi, domba,lan wedhus) sing ngandung rennet, dadi campuran saka rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika mlaku bisa ngubah susu dadi keju lan saka iku wong-wong wiwit migunakaké enzim saka weteng kéwan kanggo gawé keju.

Mitologi Yunani Kuno nyebutake yèn Aristaeus iku panemu keju.Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yèn Cyclops gawé keju saka susu domba lan wedhus. Keju saka susu wedhus iku komoditas sing cukup wigati ing Yunani, lan masarakat Yunani percaya yèn keju bisa nggawé perwira luwih kuwat lan bisa ngrangsang nepsu birahi. Hippocrates migunakaké keju gawé nambani radang lan keju uga digawé sesaji kanggo déwa-déwa.
Kebudayaan Romawi iku sing banjur ndadèkaké keju akèh jinisé kaya saiki. Bangsa Romawi iku kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab prosès gawé lan nyimpene keju, bangsa Romawi mangerteni akibat tèhnik gawé kang béda iku njalari rasa lan karakter keju uga dadi  béda . Bangsa Romawi nggawa keju lan seni gawéne nalika ngalahake Gaul, bangsa Perancis lan Inggris, sing banjur disambut apik.




#Article 161: Jeanne d'Arc (151 words)


Jeanne d'Arc (Domrémy, Lorraine, Prancis, 6 Januari 1412 - Rouen, Normandia, 30 Mèi 1431), (ing basa Inggris: Joan of Arc) punika satunggiling pahlawan nagari Prancis kaliyan ugi satunggiling tiyang suci ing agami Katulik (santa).

Wonten Prancis piyambakipun nama parabipun la Pucelle ingkang tegesipun, si rara utawi si prawan.

Jeanne d'Arc lair mawi nama Jehanne Darc, kaliyan asalipun saking kulawargi tani rikala wayah Perang 100 Taun, satunggiling perang antawis Inggris saha Perancis. Kala punika Inggris kuwasa wonten Bourgondia, satunggiling laladan ing Prancis lor.

Jeanne d'Arc rikala samanten taksih satunggiling laré umur 17 taun, ingkang méndha dados jaler. Anging piyambakipun saged mimpin wadya bala Prancis kaliyan ngalahaken tiyang Inggris. Kabar manawi satunggiling laré wadon umur 17 taun saged ngalahaken bala Inggris lajeng ndongkrak moral Prancis.

Pungkasanipun tiyang Inggris saged nangkep piyambakipun kaliyan lajeng dipundendha ukuman pejah. Piyambakipun dipuntedhah bidngaah kaliyan nganggé sandhangan tiyang jaler. Lajeng piyambakipun dipunobong gesang-gesang. Awunipun dipunbucal dhateng lèpèn Seine.




#Article 162: Prasasti Ngadoman (103 words)


Prasasti Ngadoman dipunpanggih wonten désa Ngadoman, celak Salatiga, Jawa Tengah. Prasasti punika wigati, awit ageng kamungkinanipun, punika satunggiling antawis aksara Kawi kaliyan aksara Buda.

Hong Sri Saraswati, redi Damalung (Merbabu) ingkang agung tur suci. Sira punika kagesangan ing bawana ingkang anyakran, manitis dados manungsa, papaning toya... awit Sang Hyang Widi... déning Bathara Surya, Bathara Canda ingkang menyuluhi ala-ayuning Déwa kaliyan manungsa. Ugi sira ingkang mriksani ingkang gadhah manah, mirengaken sadaya ingkang bakal lepat saking punapa-punapa ila-ilanipun. Sedaya sami pitadhos wicanten sejati. Manawi wonten... tanpa ndarbèni para abdi, saged boten mawa satunggiling tiyang wadon, pitung... tanpa èstri sajatinipun. Ing warsa Saka 1371 (1449/1450 Masehi).




#Article 163: Bathara Guru (580 words)


Bathara Guru iku ratuning para déwa kang ngratoni tribawana (triloka), ya iku jagad luhur, jagad madya, lan jagad andhap. Tegesé jagad luhur ya iku papan keraméyané para sukma (ruh) lan para déwa, jagad madya papan karameyane badhan wadhag (para manungsa), jagad andhap papan karaméyané para jin, sétan, dhedemit, brekasakan, lan sapanunggalané. Kanthi mangkono, Bathara Guru kalebu gedhé panguwasané, wenang mangrèh makluk kang wujud badhan alus apa déné badhan wadhag.

Kahyangané Bathara Guru aran Jonggringsaloka. Mapan ing sapucuking Gunung Tenggur. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane padunungane para déwa. Tembunge liya: Surapada, Suraloka, Kahyangan, kadewatan, kadhang ditembungaké kaswargan.

Tebahane Suralaya iya jonggringsaloka iku jembar banget. Pérangan-perangane ana kang diarani: Uttarasegara (kahyangane Bathara wisnu), Argadahana/Duksinageni (Kahyangané Bathara Brama), Bendharata/Indraloka (kahyangane bathara Indra), Suwelagringging (kahyangané bathara Sambu), Ekacakra (kahyangan sang Hyang Surya), Argadumilah (kahyangané Bathara Yamadipati),Cakrakembang (kahyangané Bathara Kamajaya),Sebaluri (kahyangané Bathara Antag/Sang Hyang Puguh, Tejamaya (kahyangané bathara Ismaya),Selomangumpeng (kahyangané Bathara Kala), lan isih akèh manèh.

Garwané Bathara Guru ana loro, ya iku :

Bathara Guru utawa Bathara Manikmaya iku isih saduluran karo Bathara Tejamaya lan Bathara Ismaya.

Bathara guru iku putrané Sang Hyang Tunggal lan Dèwi Wirandi, putrine Prabu yuyut, ratu jim ing nagara Keling. Miturut carita pedhalangan, Bathara Guru dumadi saka antiga (endhog). Critané mangkéné:

Dewi Wirandi (garwane Sang Hyang Tunggal) kang mapan ing kahyangan Alang-alang Kumitir, babaran wujud endhog mawa cahya. Endhog mau bakal dipecah déning Sang Hyang Tunggal, nanging nalika arep dibanting, endhog mau mumbul mabur dhuwur. Sang Hyang Tunggal gagé mbujung aburé endhog.

Kacarita mlesaté endhog mawa cahya tumuju ing kahyangan Ondar-Andhir Bawana, kahyangané Sang Hyang Wenang (ramane sang Hyang Tunggal). Déning Sang Hyang Wenang, endhog mau dicandhak banjur dimantrani satemah dadi bayi cacah telu, kabèh bagus rupané. kang dumadi saka kulite endhog diparingi tetenger Sang Hyang Antaga (ing tembé dadi Togog), putihané endhog dadi Sanghyang Ismaya (tembé mburi dadi Semar Badranaya), lan kuningané diparingi tetenger Bathara Manikmaya (Bathara Guru).

Dasanamané Bathara Guru miturut padhalangan ya iku : Sang Hyang Manikmaya, Sang hyang Pramesthi, Sang Hyang jagad Nata, Sang Hyang Girinata, sang Hyang Caturbuja (tegesé bahuné cacah papat, Sang Hyang Nilakantha ( amarga duwé cacat belang biru ing tenggaké), Sang Hyang Lengis (duwé cacat apus ampéyané kang sisih kiwa), Sang Hyang Radduwakdha/Randhuwandha (awit cacat duwé siyung), Sang Hyang Hutipati, Sang Hyang Samba (amarga bagus citrané), Sang Hyang Jagad Pratingkah, Sang Hyang Lauthawalhujwa, Sang Hyang Trinetra (awit gadhah netra telu kang sajuga mapan ana larapane,lan  Sang Hyang Syiwa.

Mula bukané Bathara Guru darbé tangan lan bahu papat iku mengkéné. Bathara guru nggarwa Dewi Uma. Nalika arep dipondhong ing tilam sari, Uma lumayu awit dhèwèké isin duwé cacat bagapuru (ora duwé pawadhonan alias bunthet). Dewi Uma banjur dipotha-potha. Saka kumrangsaning panggalih, Bathara Guru nyuwun pitulung marang ingkang éyang Sang Hyang Wenang supaya bisaa tangane tambah loro manèh. Panuwune dikabulake, satemah tangane Bathara Guru imbuh dadi papat, kinarya ngadhangi playuné Dewi Uma. Suwéning-suwé Dewi uma pasrah, nuli kapondhong ing tilamsari. Nalika Bathara Guru arep nandhukake asmara,priksa yèn Dewi Uma ora duwé pawadhonan, banjur disranani kanthi digepyok nganggo godhong kluwih kang wis dimantrani. Sanalika Dewi Uma darbe pawadhonan kaya salumrahé wanodya, lan wasana bisa darbé turun cacah enem.

Titihané Bathara guru awujud lembu wadon aran Lembu andhini/Nandhini. Sanadyan wujudé lembu (sapi, nanging digdaya. Duk ing nguni dadi sesembahané para makluk kang dumunung ing sakidul wetané Gunung Tengguru.
Patihe Bathara guru bebisik Sang Hyang Kanekaputra iya Bathara Narada. Pusakané Bathara Guru aran cis Kalaminta (cis Jaludara) lan cis Trisula. Kejaba iku, Bathara Guru darbe aji Kawrastawam (kawaspadan cipta), aji Pangabaran, lan aji Kemayan.




#Article 164: Brebes (119 words)


Brebes iku jeneng daerah kang ana paling kulone Jawa Tengah, cedhak karo kutha Cirebon, Jawa Barat.

Kabupaten Brebes kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang dhaerah pantura lan berbatesan langsung karo propinsi Jawa Kulon, kota Brebes kuwe ibukota kabupatene. Kota-kota gedhe liyane antarane: Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Prupuk, Bumiayu, Salem lsp. Luas wilayah Kabupaten iki ± 166.117 hektar utawa 1.657,73 km², jumlah penduduk ± 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk ± 953,20 jiwa/km².
Pemerintahan ning kabupaten Brebes dilaksanakake dening Pemerintah Daerah lan Dewan Perwakilan Rakyat Daerah ( DPRD )  miturut asas Desentralisali, yaiku seserahan wewenang  marang Pemerintah saking pemerintah kanggo Daerah Otonom  UU No. 22 Tahun 1999 

Bahasan ana kana nganggo basa dialek tegalan karo sunda




#Article 165: Kabupatèn Magelang (325 words)


Kabupatèn Magelang (Jawa: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦒꦼꦭꦁ) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing loré provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, kanthi kacamatan Mungkid minangka kutha krajané. Jembar wewengkon kabupatèn iki udakara 1.085,73 km².
Magelang iku dunungé ana ing dataran Kedu, antarané gunung Merbabu lan gunung Sumbing ing Jawa Tengah, Indonésia. Miturut struktur pamaréntahané, Magelang kapérang dadi 2, ya iku kabupatèn Magelang lan kuthamadya Magelang.

Magelang dumunung ing tengah-tengahé Pulau Jawa lan ana ing persimpangan poros utama Yogyakarta-Semarang, Yogyakarta-Wonosobo, lan Semarang-Kebumèn-Cilacap. Magelang adohe kira-kira 65 kilomèter saka Semarang lan 42 kilomèter saka Yogyakarta. Dumunung ing antarané 110o 01 51 lan 110o 26 58 Bujur Timur lan antarané 7o 19 13 lan 7 42 16 Lintang Selatan. Kabupatèn Magelang duwé amba 18,13 kilomèter pasagi utawa 108.573 Ha, kira-kira 3,34% saka ambané Proponsi Jawa Tengah. Cacahe warga ya iku 124.627 jiwa kapérang ing 17 kalurahan lan telu kacamatan. Magelang diubengi gunung-gunung lan bukit kaya ta Sindoro, Sumbing, Perahu, Telomoyo, Merbabu, Merapi, Andong, lan Menoreh. Ing Sajeroning kutha Magelang ana bukit cilik kang arane Gunung Tidar dumunung ing jantung kutha kanthi dhuwuré kira-kira 500 mèter sadhuwure segara. Magelang duwé iklim sejuk kanthi témperatur watara 25-27 drajat celcius.

Miturut penggunaannya, ambané sawah ing Kabupatèn Magelang surut ya iku dadi 37.323 Ha utawa kira-kira 34,29% saka sakabehing ambané Kabupatèn Magelang. Kamangka, ambané lahan kering mundhak, ya iku dadi 71.341 Ha utawa 65,71 %. Saka ambané sawah kang 37.323 Ha; 23,28% berpengairan sedherhana; 22,19% minangka sawah tadah udan, 17,79% minangka sawah kang berpengairan teknis; lan 14,54% minangka sawah berpengairan setengah teknis. Lahan garing kang dinggo tegalan, kebon kira-kira 50,81% saka sakabehing amba lahan garing. Prosentase mau minangka angka gedhé dhéwé yèn dibandhingake karo prosentase penggunaan lahan garing kang liya.

Kabupatèn Magelang ketata saking 21 kacamatan, lan 372 kalurahan utawa désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Magelang ya iku:

Yèn ing pariwisata, tlatah iki kondhang amarga tinggalan candhi-candhi jaman Jawa Kuna ing tangane Wangsa Syailendra. Prasasti-prasasti uga nudhuhake yèn tlatah kéné mbiyèn kawentar. Tinggalan kang kondhang ya iku Candhi:




#Article 166: Kabupatèn Pekalongan (148 words)


Kabupatèn Pekalongan iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pantura, kutha Kajen iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.085,73 km² utawa  hèktar. Kabupatèn Pekalongan dumunung ing jalur Pantura (Pasisir Utara Jawa).

Kabupatèn Pekalongan resmi diadegaké miturut Undang-Undang Nomor 13 Taun 1950 ngenani pamaréntah Laladan Kabupatèn ing Provinsi Jawa Tengah, titiwanci: Dina Selasa Pon tanggal: 8 Agustus 1950 sing dikukuhaké ing Yogyakarta, déning Pemangku Jabatan Sementara Présidhèn Républik Indonésia Mantri Dalam Negeri SOESANTO TIRTOPRODJO lan Mantri Kehakiman A.G.PRINGGO DIGDO.

Miturut Undang-Undang mau pamaréntah Laladan Kabupatèn Pekalongan diwangun bebarengan karo 28 laladan liya, antarané: Semarang, Kendhal, Demak, Grobogan, Pekalongan, Pemalang, Tegal, Brebes, Pati, Kudus, Djepara, Rembang, Blora, Banjumas, Tjilatjap, Purbalingga, Banjarnegara, Magelang, Temanggung, Wonosobo, Purworejo, Kebumèn, Boyolali, Sragen, Sukoharjo, Karanganyar lan Wanagiri.

Kabupatèn iki wewatesan:

Kabupatèn Pekalongan ketata saking 19 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Pekalongan ya iku:

Wiyata Dasar Menengah 




#Article 167: Purbalingga (309 words)


Kutha Purbalingga iku Kutha krajan Kabupatèn Purbalingga, Jawa Tengah.

Wong Purbalingga nganggo basa Jawa Banyumasan ing caturan saben dinané, béda karo lumrahé warga Jawa Tengah ana ing kutha Semarang, Jogja lan Sala. Purbalingga kasohor amarga Jenderal Soedirman lair ing kéné.

Owabong utawa Objek Wisata Air Bojongsari iku dumunung ana ing Désa Bojongsari, awujud papan pariwisata kang wujudé bèji, nanging ora mung bèji waé,ana wahana liyané ya iku wahana Gokart, biyoskup 4 diménsi, bèji banyu panas, kolam terapi iwak lan outbond.

Bumi Perkemahan Munjulluhur racaké dinggo kanggo acara perkemahan bocah pramuka lan kanggo acara outbond bocah sekolah, papané pas kanggo kemah lan outbond kanthi hawa kang adem seger.

Goa lawa iku dumunung ana ing Désa Siwarak, Kacamatan Karangreja, Kabupatèn Purbalingga. Diarani guwa Lawa amarga ana ing guwa iku akèh kéwan sing arane lawa, mula banjur diarani guwa Lawa.

Monumen Jenderal Soedirman ana ing désa Bantarbarang kacamatan Rembang. Ing monumen iki ana replika omahé Jenderal Soedirman, patung Jenderal Soedirman lan ana pabukon. Monumen iki diyasa kanggo tanda déné Jenderal Soedirman lair ing tlatah kacamatan Rembang.

Taman Reptil iku isiné manéka warna jinis reptil, ana kang esih urip lan ana kang diawetake.

Ing musiyum wayang Purbalingga, wayang sing paling kaloka iku wayang suket kang asliné saka kacamatan Rembang tepate désa Bantarbarang

Curug ceheng iki ana ning Baturraden isiné air terjun ana sing anget ngambi panas.

Pakaryan ing Purbalingga ya iku tani, dagang, pns, karyawan. Nanging mayoritas penduduk Purbalingga makarya dadi tani. Kejaba iku saiki perékonomian ing Purbalingga ugi disokong saka pabrik-pabrik kang dumunung ana ing Purbalingga, ya iku pabrik rambut palsu (wig), idep palsu, rokok, lan ugi pabrik kayu lapis (triplek). Nanging cacahé kang paling akèh ya iku pabrik rambut palsu lan idep palsu. Ameh kabèh penduduk Purbalingga padha makarya ing pabrik rambut palsu iku. Luwih-luwih sing amung lulusan saka SD lan SMP. Amarga kanggo makarya ing pabrik iku syarate ora angèl.




#Article 168: Kutha Magelang (525 words)


Kutha Magelang (Jawa: ꦏꦸꦛꦩꦒꦼꦭꦁ) iku kutha ing Jawa Tengah Indonésia, pernahé ing tengah-tengah provinsi Jawa Tengah Indonésia. Leté saka kutha Semarang 76 km lan saka kutha Yogyakarta 42 km. Jembar wewengkon kutha iki ± 18,12 km² utawa  hèktar.

Dina dadi Kutha Magelang dikukuhaké miturut Peraturan Laladan Kutha Magelang Nomer 6 Taun 1989, sing wosé tanggal 11 April 907 Masehi minangka dina daadi. Panetepan iki minangka tindak lanjut saka seminar lan dhiskusi sing diayahi déning Panitia Dina Dadi Kutha Magelang bebarengan karo Universitas Tidar Magelang, dibantu nimpuna sajarah lan arkéologi Universitas Gadjah Mada, Drs.MM. Soekarto Kartoatmodjo, dipirantèni manéka panelitèn ing Museum Nasional lan Museum Radya Pustaangka Surakarta.
Kutha Magelang miwiti sajarahé minangka désa perdikan Mantyasih, sing wektu iki kaloka minangka Kampung Meteseh ing Kalurahan Magelang. Mantyasih dhéwé duwé makna duwé iman sajeroning Cinta Kasih.  Ing kampung Meteseh wektu iki ana sawijining lumpang watu sing diyakini minangka papan upacara panetepan Sima utawa Perdikan. 
Kanggo nelusuri sajarah Kutha Magelang, sumber prasasti sing dipigunakaké ya iku Prasasti Poh, Prasasti Gilikan lan Prasasti Matyasih. Kateluné wujud parsasti sing ditulis ing lempengan tembaga.
Parsasti POH lan Mantyasih ditulis jaman Mataram Hindhu wektu pamaréntahan Raja  Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), sajeroning prasasti iki ingaran-sebut anané Désa Mantyasih lan jeneng Désa Glangglang. Mantyasih iki sing sabanuré owah dadi Meteseh, déné Glangglang owah dadi Magelang.
Prasasti Mantyasih isi antarané, panyebutan jeneng Raja Rake Watukura Dyah Balitung, sarta panyebutan angka 829 Çaka wulan Çaitra tanggal 11 Paro-Gelap Paringkelan Tungle, Pasaran Umanis dina Senais Sçara utawa Sabtu, utawa dina Setu Legi tanggal 11 April 907. Sajeroning Prasasti iki ingaran uga Désa Mantyasih sing dikukuhaké déning Sri Maharaja Rake Watukura Dyah Balitung minangka Désa Perdikan utawa laladan bébas pajeg sing dipanggedhèni déning punggawa patih. Uga ingaran-sebut Gunung SUSUNDARA lan WUKIR SUMBING sing saiki kaloka minangka Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing.
Sabanjuré Magelang tuwuh dadi kutha lan dadi Kutha krajan Karesidhènan Kedhu lan uga naté dadi Kutha krajan Kabupatèn Magelang. Sawisé mangsa kamardikan kutha iki dadi kuthapraja lan sabanjuré dadi kuthamadya lan ing era reformasi, sairing karo anané otonomi marang laladan, sebutan kuthamadya diganti dadi kutha.
Nalika Inggris nguasani Magelang ing abad ka 18, kutha iki didadèkaké punjer pamaréntahan setingkat Kabupatèn lan diangkat Mas Ngabehi Danukromo minangka Bupati pisanan. Bupati iki sing sabanjuré ngrintis madegé Kutha Magelang kantho yasa Alun-alun, yasan papan panggonan Bupati sarta sawijining masjid. Sajeroning perkembangan sabanjuré dipilih Magelang minangka Kutha krajan Karesidhènan Kedhu ing taun 1818.
Sawisé pamaréntah Inggris ditaklukaké déning Walanda, kalungguhan Magelang tansaya kuwat. Déning pamaréntah Walanda, kutha iki didadèkaké punjer lalu lintas perékonomian. Kajaba iku amarga dunungé sing strategis, hawané sing seger sarta pemandangané sing éndah Magelang banjur didadèkaké Kutha Militer: Pamaréntah Walanda terus njangkepi sarana lan prasarana kutha. Menara air ombèn diyasa ing tengah-tengah kutha taun 1918, perusahaan listrik wiwit operasi taun 1927, lan dalan-djalan arteri banjur diaspal.

Kutha Magelang anané ing: 70° lintang kidul lan 110° bujur wétan. Kutha iki diubengi déning gunung-gunung lan bukit ya iku: gunung Sindara, gunung Sumbing, gunung Perahu, gunung Telamaya, gunung Merbabu, gunung Merapi, gunung Andhong lan pagunungan Menorèh. Ing kutha Magelang uga ana bukit ya iku: bukit Tidar.

Kutha Magelang katata sajeroning 3 kacamatan lan  kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing Kutha Magelang ya iku:




#Article 169: Kutha Pekalongan (105 words)


Kutha Pekalongan iku kutha ing Jawa Tengah, pernahé ing pantura. Jembar wewengkon kutha iki ± 17,55 km² utawa 4.486 hèktar.

Kutha Pekalongan ketata saking 4 kacamatan, 46 kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Pekalongan ya iku:

Jinis-jinis kesenian ing Pekalongan meh padha karo laladan Jawa Tengah liyané sing lumrahé kayatha sintren, simtudorror lan liyané. Ing Pekalongan uga ana upacara adat kas Pekalongan ya iku krapyakan utawa lopisan.

Akeh carita-carita rakyat, legenda uga mitos sing urip lan dipercaya dadi pérangan sajarah masarakat Pekalongan antarané legenda Ratu Segara Lor utawa Dewi Lanjar utawa Dewi Rara Kuning uga legenda Joko Bau, Peperangan 3 dina lan liyané.

Jawa Tengah




#Article 170: Kutha Semarang (237 words)


Kutha Semarang (Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) iku kutha krajan Provinsi Jawa Tengah uga kutha gedhé dhéwé ing provinsi iki. Ing Indonésia Kutha Semarang dadi kutha nomer lima kanthi Padunung kang wis tekan 2.067.254 cacah jiwa, mung kalah karo Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan. Kutha iki dumunung watara 466 km sisih wétan Jakarta, utawa 312 km sisih kuloné Surabaya lan 624 km sisih kidul-kuloné kutha Banjarmasin (via udara). Semarang wewatesan ing sisih lor karo Segara Jawa, ing sisih wétan karo Kabupatèn Demak, ing sisih kidul karo Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon karo Kabupatèn Kendhal.

Laladan dataran cendhèk ing kutha Semarang ciut banget, ya iku mung watara 4 kilomèter saka garis pasisir. Dhataran cendhèk iki kaloka kanthi sebutan kutha ngisor. Kawasan kutha ngisor kerep kebanjiran lan ing sawatara kawasan, banjir iki disebabaké lubèran banyu segara (rob).
Ing sisih kidul wujud dhataran dhuwur, sing kaloka kanthi sebutan kutha dhuwur, ing antarané kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung pati lan Banyumanik.

Kutha Semarang ketata saking 16 kacamatan, 177 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Semarang ya iku:

Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:

Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki. Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang. Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”. Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.




#Article 171: Singa (132 words)


Singa (Sansekreta: Siṃha) punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Ing basa Latin singa dipunwastani Panthera leo. Singa gesangipun wonten kelompok. Biasanipun kasusun saking satunggal singa jaler mawi kathah singa èstri. Kelompok puniki banjur njagi teritoriumipun. Abotipun kirang langkung antawis 180 ngantos 250 kilogram. Umuripun antawis 10 ngantos 15 taun ing alas. Nanging manawi dipunopèni saged ngantos 20 taun.

Kala rumiyin, singa gesang ing saubenging tlatah Afrika, Wétan Tengah kaliyan tanah Hindhustan. Nanging sapunika habitatipun namung wonten ing sapérangan alit Afrika kaliyan Indhia.

Singa punika dipunanggep sato ingkang megah piyambak kaliyan ugi asring dipunanggep ingkang ngratoni sato-kéwan sanèsipun. Dados asring dipunwastani Raja Singa ing cariyos-cariyos.

Singa ugi asring dipundamel pralambang wonten ing sakathing nagari, pralambang wonten ing horoskop, lan sapanunggalanipun.

Singa ugi kathah dipunanggé nama kitha. Ing andhap punika conthonipun:




#Article 172: Gedhang (2721 words)


Gedhang  kalebu tuwuhan woh-wohan kang asalé saka tlatah Asia Kidul-Wétan kalebu Indonésia.
Gedhang banjur ditandur uga ing Afrika utawa Madagaskar, Amérika Kidul lan Amérika Tengah. Ing
Jawa Barat, gedhang diarani Cau, lan ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan, yèn ngoko jenengé gedhang lan yèn krama jenengé pisang.

Gedhang bisa diklasifikasèkakè dadi papat, ya iku:

typica, diarani uga M. paradisiaca normalis, Kaya ta pisang nangka, tanduk lan kêpok.

Gedhang duwé akèh gizi kanggo keséhatan. Gedhang yèn mateng rasané lêgi. Lumrahé kandhutané gizi ing saben woh gedhang mateng ya iku 99 kalori, protéin 1,2 gram, lêmak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, sêrat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, bêsi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg lan banyu 72 gram. Gêdhang bisa gawé séhat, mulané gedhang bisa dipangan saben dina kanggo buah.
Gedhang salah sawijiné woh-wohan kang akèh sêrat. Gedhang ngandhut lemak mung sithik lan gampang dicérna. Karbohidrat ing gedhang kurang luwih ana 23-35%, lêmak 0,2% lan nduwé bahan nabati liyané, Gêdhang uga bébas kolésterol. Gedhang 100 gram duwé 120 kalori, gêdhang uga duwé kalium, magnésium, sélénium, bêsi lan vitamin. Gedhang uga bébas natrium. Gedhang ngandhut vitamin B-6 kanggo kaséhatan méntal lan kaséhatan. Kurang vitamin B-6 bisa nggawé wong gampang kesel, gampang nesu lan angèl turu. Gedhang uga bisa nglancaraké buang air besar lan nyêgah kankêr usus besar, amarga gedhang akèh seraté. Saben gedhang nduwé 467 mg kalium.

Banana (Inggris), Tsiu, Cha (Cina), Pisyanga, Kila (India); Pisang (Indonesia), Klue (Thailand), Pyaw, Nget (Burma); Gedang (Jawa), Cau (Sunda), Biu (Bali), Puti (Lampung); Wusak lambi, lutu (Gorontalo), Kulo (Ambon), Uki (Timor).

Gedhang kalêbu woh-wohan kang duwé gizi kang apik.
Gedhang uga dadi sumber vitamin A, minêral, lan karbohidrat. Gedhang bisa disogatké dadi ing méja makan utawa méja tamu, digawé salé gêdhang, pure gedhang, lan glêpung gedhang.Kulit gêdhang bisa minangka nggawé cuka kanthi prosès férméntasi alkohol lan asem cuka. Godhong gêdhang kanggo mbungkus jajanan tradhisonal Indonésia. Wit gêdhang bisa digawé sêrat klambi, kêrtas.
Yén wis dikêthok-kêthok cilik, wit lan godhong gêdhang uga kêna kanggo pakan kéwan ruminansia kaya ta wedhus lan wedhus gémbèl. Lumrahé kanggo makani kéwan, yèn pas mangsa katiga kang arang ana sukêt.
Kanthi cara tradhisional banyu saka oyot gêdhang kepok uga kena minangka obat diséntri lan pêndarahan usus bêsar, lan banyu saka dêbogé kanggo obat lara kêncing lan pênawar racun.

Pisang utawa gedhang apik dikonsumsi ibu-ibu kang lagi ngandhut, amarga gedhang nduwé asem folat kang bisa dadi nutrisi janin. Nutrisi iki disesep janin nggunakaké rahim. Nanging konsumsi gedhang kanggo ibu kang lagi ngandhut perlu diatur amarga gedhang duwé kurang luwih 85-100 kalori. Kalori iki cacahé kakéyan yèn kanggo janin.

Gedhang kang dicampur karo susu éncér utawa dicemplungaké ing sagelas susu, bisa kanggo obat lelara usus. Kajaba iku uga bisa kanggo tamba pasién kang nduwé lelara weteng lan cholik, gunané kanggo nétralaké lambung.

Ora mung woh gedhang nanging godhong gedhang uga duwé manfaat kanggo obat kulit kang kebakar geni utawa nglonyom, mlocot. Carané mung diosét-osét utawa diolèskè ing kulit kang kebakar, awit campuran abu saka godhong gedhang kang ditambah lega klapa bisa gawé kulit krasa anyep lan bisa marékaké.

Para warga Gorontalo ing Sulawèsi Utara nduwé panemu yèn gedhang goroho utawa gedhang kas laladan Gorontalo bisa dadi makanan pokok utawa mung kanggo cemilan lan buah kanggo wong kang nduwé lelara gula utawa diabetes melitus. Carané ya iku gedhang goroho sing durung mateng dikukus banjur dicampur karo klapa nom kang diparut.

Gedhang uga kena kanggo nambani jerawat. Carané gedhang digawé bubur kanthi dialusaké banjur dicampur susu lan madu. Sawisé iku banjur ditémplékna ing rai kaya yèn nganggo maskêr kanthi teratur kurang luwih 30-40 menit lan sawisé iku banjur raup karo banyu anget lan bilas nganggo banyu anyep utawa banyu ès. Cara ngéné iki mau ditlaténi kurang luwih nganti 2 minggu, saéngga kulit saya alus, jerawat padha mari lan kulit rai katon luwih resik.

Pendarahan rahim, Ngrapetaké vagina, Sariawan usus, Ambeien, Cacar air, Kuping lan gorokan aboh/bêngkak, Diséntri, Amandêl, Kankêr wêtêng, lara kuning (lévêr), Pêndarahan usus bêsar, Diare.

Gêdhang bisa urip saênggon-ênggon.
Pusat produksi gêdhang ing Jawa Barat ya iku ing Cianjur, Sukabumi lan tlatah Cirêbon.
Indonésia kalêbu nagara tropis kang ékspor gêdhang olahan ing Jêpang, Hongkong, Cina, Singapura, Arab, Australia, Bêlanda, Amérika Sêrikat, lan Pêrancis. Ékspor kang paling dhuwur ya iku nalika taun 1997 ing nagara Cina.

Supaya tuwuhan gedhang bisa urip subur, gedhang kudu ditandur ing iklim tropis basah, lembab, lan panas.
Ing iklim iki geehang bisa urip subur lan ngrêmbaka. Nanging gedhang uga isih bisa urip ing laladan sub tropis.
Yèn banyuné arang-arang, gedhang uga isih bisa urip amarga wit gêdhang uga akèh banyuné sênajan.
Nanging banyu ing sajeroning wit gêdhang ora bisa dijagakké.

Angin kanthi kecêpatan tinggi kaya angin kumbang bisa ngrusak godhong gêdhang lan duwé dampak ing thukulé tuwuhan.

Curah hujan kang pas supaya gedhang bisa urip ya iku 1.520-3.800 mm/taun kanthi 2 wulan garing. Variasi curah hujan kudu kaimbangi karo kadar banyu ing lêmah supaya ora kebaceken. Amarga yèn kebaceken gedhang bisa mati.

Gedhang bisa urip ing lemah kang subur utawa akèh humus, lêmah kang ana kapuré utawa diarani tanah berat.
Gêdhang mbutuhaké nutrisi kang akèh kanggo urip mulané saliyané ditandur ing lemah kang subur kudu diwénéhi rabuk sajeroning nandur. Yèn nandur gêdhang banyuné ora kêna nganti garing uga ora kêna kebaceken, dadi kudu pas.

Gedhang kudu disirami kanthi inténsif. Dhuwuré banyu kang kesimpen ing lemah, ing laladan kang têlês ya iku 50–200 cm, lan ing laladan kang setengah têlês, kurang luwih 100–200 cm, yèn ing laladan kang garing ya iku 50-150 cm. Lêmah kang kena érosi ora bisa ngasilaké gedhang kang apik. Lêmah kang dienggo nandur gedhang kudu lêmah kang gampang kanggo mbrebes banyu. Gêdhang ora bisa urip ing lêmah kang duwé kadar garam 0,07%.

Gedhang duwé adhaptasi kang apik ing bab dhuwuré tlatah kanggo nandur lan kadar banyu. Ing Indonésia lumrahé gedhang bisa urip ing tlatah dataran cendhèk nganti pagunungan kang dhuwuré 2.000 m dpl. Gêdhang ambon, nangka, lan tanduk, bisa urip subur ing panggonan kang dhuwuré 1.000 m dpl saka laut.

Gedhang akèh-akéhé diténgkaraké kanthi cara végétatif utawa kanthi cara alami nganggo tunas utawa thukulan anakan gêdhang.

Dhuwure anakan gêdhang kang bisa ditandur utawa dadi bibit ya iku 1-1,5 m kanthi ambané umbi kurang luwih 15–20 cm. Anakan dijupuk saka wit gêdhang kang ngasilaké woh kang apik lan séhat. Dhuwuré bibit bakal dadi cikal-bakalé woh gêdhang ya iku cacahé sisir gêdhang saben tandan. Bibit anakan gêdhang jinisé ana loro, ya iku anakan nom lan tuwa. Anakan tuwa luwih apik yèn dienggo bibit, amarga wis nduwé bakal kembang lan cadangan makanan ing bonggolé. Bibit kang dhapuré mirib tombak kang lincip, kanthi godhong kang isih duwé bêntuk mirib pêdhang, lan godhongé durung ngrembaka, luwih apik tinimbang bibit kang wis ngrêmbaka godhongéé.

Bibit gêdhang bisa ditandur dhéwé lan bisa uga tuku. Bibit gedhang ditandur kanthi jarak 2 x 2 m. Anakan gêdhang kang thukul lumrahé diwatesi, ya iku mung 7-9, supaya ora kakéyan anakan gêdhang kang thukul lumrahé anakan gedhang dikethok utawa dipaténi.

Bibit gêdhang kudu diolah sadurungé ditandur, ancasé kanggo ncegah hama utawa lelara.

Cara nggawé bibit bisa nganggo wiji, anakan, lan oyot,nanging nggawé bibit gêdhang kang nganggo bibit jarang dilakokaké.

Pisang serat utawa gedhang serat ya iku wit gedhang kang ora dijupuk wohé nanging seraté. Ing abad 16, Pigatotta nêrangaké yèn para panduduk ing laladan Cebu, Filipina, manfaatké serat gedhang manila kanggo bahan nggawé pakaian. Mulané gedhang iki jenengé musa tékstilitas.

Wit gedhang kagolong wit kang sêmu amarga kasusun saka upih-upih kang padha nutup-nutupi ing sajeroning susunan wit gedhang. Gedhang jinis iki dhuwuré bisa tekan 7 métér lan wernané ijo. Kembangé gêdhang dhapuré kaya woh jorong kang kulité kandel, nanging kêmbang gedhang iki kena dipangan. Wiji gedhang kluthuk dhapuré bunder, ireng, cilik, lan atos kaya klentheng wijiné randu. Gedhang kluthuk bisa diarani gedhang manila, amarga asalé saka manila.Kajaba iku uga ditandur ing India, Guatêmala, lan Honduras. Gêdhang kluthuk uga dikembangaké ing Indonésia. Tuwuhan iki urip ing panggonan 500 méter saka lumah air laut. Lêmah kang cocog ya iku lemah lêmpung kang gêmbur lan subur utawa akèh humus. Gedhang iku tuwuhan tropika kang urip ing hawa panas lan rada lêmbab. Tuwuhan iki uga gampang ambruk yèn kena angin gedhé lan gampang mati amarga kebacekken.

Gedhang siyap dipanén yèn kuncup kembang wis metu, tegesé wis siyap dikethok lan dijupuk seraté. Serat saka gedhang iku sêrat kang kuwat lan bisa tahan banyu tawar utawa banyu asin. sêrat gêdhang jinis iki bisa kanggo nggawé tali kapal laut, tali tambang, tali kanggo mancing.
Kajaba iku uga bisa dipintal lan digawé anyaman bandulan utawa ayunan lan sandal.

Gedhang hias kalêbu gêdhang kang ora dijupuk wohe. Tuwuhan iki pancèn apik yèn ditandur ing ngarêp omah utawa ing taman kanggo rerenggan. Carané nandur gêdhang iki ya iku kanthi nggunakaké anakané. Gedhang hias kapérang dadi loro ya iku gedhang kipas lan gedhang-gedhangan. Diarani gedhang kipas amarga dhapuré mirib kipas. Gedhang kipas uga diarani gedhang madagaskar amarga ana sing ngarani gedhang iki asalé saka madagaskar. Gedhang-gedhangan utawa pisang-pisangan duwé wit kang semu. Wit iki ukurané cilik-cilik lan thukul ngrêmbaka éndah. Lumrahé ditandur ing ngarêp omah amarga ukurané cilik.

Gedhang buah iki akèh didol ing pasar utawa toko buah, lan ing warung-warung. Gêdhang buah kapérang dadi papat. Sêpisan gêdhang kang bisa langsung dipangan yèn mateng, dadi ora usah nggodhog. Contonê gêdhang kepok, gedhang susu, gedhang iko, gedhang émas, gedhang raja, gedhang byar, gedhang pipit, gedhang putri, lan gedhang ambon.

Ana uga gedhang kang bisa dipangan kanthi diolah utawa dimasak dhisik, kaya ta gedhang tanduk, gedhang olo, gedhang kapas, gedhang bangkahulu.
Kajaba iku ana gêdhang kang bisa dipangan langsung utawa dimasak dhisik. Tuladhané ya iku gedhang kepok lan gedhang raja. Ana uga gedhang kang dipangan nalika isih mentah, kaya ta gedhang klutuk utawa gedhang watu, carané gedhang kluthuk digawé rujak nalika isih enom. Rujak gedhang kluthuk rasané sepet.

Kang diarani gedhang komersial ya iku gêdhang kang akèh didol ing pasar tradhisional apa déné ing supermarkét. Gêdhang jinis iki akèh disênêngi masarakat amarga rasané énak lan dagingé êmpuk yèn wis maténg.

Ing Filipina gêdhang barangan uga diarani gêdhang lakatan. Ing Malaysia gedhang iki diarani gedhang berangan. Gedhang iki racaké dadi gedhang méja, ya iku gedhang kanggo cuci mulut yèn bubar mangan, tegesé gêdhang kanggo buah. Gêdhang iki aboté saben tundhun kurang luwih 12-20 kg. Lumrahé saben tundhun ana 8-12 sisir, lan saben sisir ana isiné 12-20 gêdhang. Dawa gedhange 12–18 cm lan dhiamétéré 3–4 cm. Yèn wis mateng wernané kuning rada abang lan trotol-terotol coklat. Werna daging buahé rada orén, déné rasané legi lan ambuné wangi.

Sabên tundhun, gêdhang raja ana 6 sisir lan sabên sisir ana 15 gedhang. Aboté sakgedhang kurang luwih 92 g lan dawané 12–18 cm kanthi dhiamétér 3,2 cm. Dhapuré mlengkung lan pucuké bunder. Dagingé nduwé warna kuning rada abang. Gedhang iki kalebu gedhang tanpa wiji. Gêdhang iki téksturé kasar, rasané lêgi. Gedhang raja ngembang yèn wis 14 sasi sawisé ditandur. Gedhang iki mateng sawisé 164 dina, diétung saka metuné kembang gedhang.

Gedhang iki uga diarani gedhang buah kang ukurane cilik, dawane 10–15 cm lan dhiameter 3–4 cm. Saben tundhun abote 10–14 kg, lan ana 5-9 sisir. Saben sisir ana 12-16 gedhang. Yèn mateng warna kulite kuning rada coklat lan ana-trotol-trotol coklat rada ireng. Kulite tipis, wernane daginge putih, rasané legi lan ambune wangi.

Gedhang iki kalebu gedhang olahan kang warna kulite kuning cerah lan daging buahe putih. Gedhang iki rasané legi lan ambune wangi. Saben tundhun ana 5-8 sisir lan saben sisir kira-kira abote 1620 g. Abote saben gedhang 120 g lan dawane 18 cm kanthi dhiameter 3 cm. Gedhang iki rasané énak yèn digodhog utawa digoreng.

Saben tundhun kaisi 13 sisir. Wujud gedhange lurus lan pucuke bunder, abote 80 gram, dawane 7,8 cm, dhiametere 7,8 cm lan kandel kulite 0,2 cm. Werna daginge putih rada kuning lan ora ana wijine. Gedhang iki ngembang kurang luwih umur 17 bulan lan woh mateng limang sasi sawisé ngembang.

Tundhun gedhang iki dawane 43 cm lan saben tundhun ana 6 sisir. Saben sisir ana 10-13 uler gedhang, saben gedhang dawane 12 cm lan dhiametere 3,4 cm kanthi ukuran 100 gram saben gedhang. Dhapuré buah lurus lan kandele kulite 0,3 cm. Daging buahe wernane kuning rada abang lan ora nduwé wiji. Gedhang iki ngembang yèn umuré wis 17 sasi lan bakal mateng limang wulan sawisé ngembang.

Saben tundhun kang dawane 32 cm iki ana 16 sisir lan saben sisir ana 15 uler gedhang. Gedhang iki wujudé lurus, dawane 8 cm, dhiametere 3,1 cm lan abote 40 gram kanthi kandel kulit 0,3 cm. Daginge kuning tanpa wiji. Gedhang iki ngembang yèn umuré wis 14 sasi lan bakal mateng sawisé 5 wulan.

Saben tundhun kang dawane 22,5 cm duwé 4 sisir gedhang. Saben sisir ana 15 uler lan dawane 11 cm, dhiameter 3,2 cm,abote 60 gram lan kandele kulit 0.3 cm. Dhapuré lusus lan pucuke bunder, daging buah gedhang iki wernane kuning rada putih lan ora nduwé wiji. Gedhang iki ngembang yèn umuré wis 14 sasi lan bakal mateng sawisé 5 wulan.

Gedhang iki yèn mateng wernane ijo, rasané kecut legi. Gedhang iki lumrahé diolah utawa dimasak. Abote saben tundhun kira-kira 11–14 kg kang isisne 6-8 sisir, saben sisir ana 14-24 ulir gedhang. Saben gedhang dawane kira-kira 24–28 cm kanthi dhiameter 3,5–4 cm.

Gedhang iki warna kulité kuning trotol-trotol ireng. Dagingé nduwé warna putih rada kuning lan rasané legi lan ambuné kurang wangi. Saben tundhun aboté 17,5 kg, lan cacahé sisir sabên tundhun ana 7 sisir lan sabên sisir ana 15 ulir gêdhang. Dawané kurang luwih 6 cm lan kulité kandêl. Gedhang kapas lumrahé kanggo gedhang olahan.

Warnané kulit gedhang kidang ya iku abang rada orén lan ungu, dagingé wernané putih. Rasané legi lan ambuné wangi. Gedhang iki lumrahé dipangan kanggo buah. Saben tundhuné ana 5-7 sisir lan saben sisir ana 12-13 ulir gedhang. Abote sabén sisir ya iku 1.150 gr lan saben uler kira-kira 120 gr. Dawané kira-kira 13 cm lan dhiamétéré 12 cm.

Gedhang iki mirib gedhang mas, bedane ing pucuke gedhang. Gedhang lampung pucuke lincip lan gedhang mas pucuke tumpul utawa bunder. Saben tundhun isiné 6-8 sisir lan saben sisir ana 18-20 gedhang. Abote gedhang saben sisir 940 gram, abote saben gedhang kira-kira 50 gr. Dawane 9 cm lan dhiametere 10,5 cm.
Kulit gedhang wernane kuning lan daginge nduwé warna putih rada abang. Gedhang lampung rasané legi lan ambune wangi. Gedhang lampung racaké kanggo buah utawa pencuci mulut. Gedhang iki gampang rontok saka sisire.

Gedhang iki akèh ditandur ing Maluku. Dhapuré unik kanthi tundhun kang madhep mendhuwur. Amarga tundhuné kang madhêp mendhuwur mula diarani gêdhang tongkat langit. Kulité wernané abang oren lan dagingé putih rada kuning. Gêdhang iki mujarab kanggo nambani pênyakit kuning. Aboté saben sisir kira-kira 1.200 gram lan aboté saben gedhang 150 gram. Dawanè 20 cm lan dhimetere 13 cm.

Gedhang iki dawané 15 cm lan dhiamétere 3,7 cm. Saben saktundhun ana 18 sisir lan saben sisir ana 11 ulir. Wujud buahé lurus lan pucuké bunder. Daging buahé wèrnané putih rada kuning,kulité kandel, kurang luwih 0,3 cm. Saben gedhang rata-rata abote 67,5 gram. Gedhang awak bakal mateng sawisé 5 sasi ngembang.

Gedhang kang mateng dioncéki lan diiris, banjur digaringké lan diawétké. Gedhang kang isih ijo dikumbah karo banyu umup, dioncéki, diiris, dipépé, dialuské lan diayak nganti dadi glepung. Glepung iki bisa kanggo gawé bubur lan roti.
Glepung gedhang bisa kanggo nambani pênyakit kang kasebabaké gastrointéstinal (radang usus/lambung, kaya ta diaré, diséntri, gangguan pencernaan.

Jantung utawa tuntut gedhang bisa dimasak kari, saliyané iku uga bisa digawé glepung kang bisa dadi asem semut ya iku asem kang bisa nêtralké asem. Gunané kanggo ngurangi rasa panas ing njero wêtêng lan marékaké tatu.

Tunas gedhang kang isih nom lan isih nutup bisa dipangan mentah utawa dimasak dhisik. Tunas gedhang uga bisa dimasak lodèh kanggo sayur utawa lawuh.

Daging buah gedhang kang isih mentah bisa dipanggang lan dadi pengganti kopi, nanging ora kabéh kopi bisa dadi pêngganti kopi. Kajaba iku awu utawa bubuk gedhang bisa kanggo uyah. Gedhang raja kang mentah bisa dialusaké kanggo nutup kano kang bocor. Pulut gêdhang bisa kanggo nambani cokotan ula utawa kalajêngking, sari godhong lan gedebog bisa kanggo nangkal candu lan ovérdosis arsèènic.
Gedhang kalebu buah kang gampang bosok amarga kadar banyuné kang akèh.
Supaya awét gêdhang bisa diolah dadi jajanan. Gedhang kang isih mentah bisa diolah dadi gaplék, glepung, pati, sirup glukosa, tapé, lan keripik. Gedhang kang matêng bisa diolah dadi salé, sêlai, dodol, sari buah, anggur, pure, saos, nectar, pisang goréng, pisang epe, pisang rebus, kolak, getuk, ledre, pisang panggang kèju, gedhang gorèng, gedhang krispi,lan kolak.




#Article 173: Antropologi (289 words)


Antropologi () iku tegesé ngèlmu sing nitèni patindhakané wong urip karo adat-istiadaté sarta tradhisiné. Èlmu iki duwé asal-usul sajeroning èlmu alam, humaniora, lan èlmu sosial. Istilah  saka basa Yunani anthrōpos (), manungsa, lan  (-λογία), wacana utawa studi, lan pisanan dipigunakaké taun 1501 déning filsuf Jerman Magnus Hundt.

Kawigatèn dhasar Antropologi ya iku Apa sing ndhéfinisikaké Homo sapiens?, Sapa nenek moyang Homo sapiens modhèren?, Apa ciri-ciri fisik manungsa?, Kepriyé patindakané manungsa?, Ngapa ana variasi lan prabédan antarané golongan-golongan sing béda saka manungsa?, Kepriyé mangsa kapungkur évolusi saka Homo sapiens diprabawai organisasi sosial lan budaya? lan sapanunggalé.

Ing Amérikah Sarékat, antropologi kontèmporer racaké dipérang dadi papat sub-babagan: antropologi budaya (uga diarani antropologi sosial, arkéologi, antropologi linguistik, lan antropologi fisik (utawa biologi). Panyerakan papat-babagan antropologi disajèkaké ing akèh buku tèks kasarjanan sarta program antropologi (tuladhané ing Michigan, Berkeley, Penn). Ing universitas-univrsitas sing ana ing Inggris, lan akèh ing Éropah, sub-babagan iki asring dipapanaké ing départemèn kapisah lan dideleng minangka disiplin èlmu sing béda.

Sub-babagan sosial lan budaya wisbanget diprabawai déning téyori strukturalis lan pasca-modhèren, uga minangka pagèsèran menyang arah masarakat modhèren (ajang luwih mirunggan sajeroning komit para sosiolog). Sakwéné taun 1970an lan 1980an ana pagèsèran epistemologis adoh saka tradhisi positifisme sing sapérangan gedhé digenahaké disiplin. Sakwéné pagèsèran iki, pitakonan-pitakonan suwé ngenani sipat lan prodhuksi kawruh muncul ngisi papan utama sajeroning antropologi budaya lan sosial. Béda karo, arkéologi, antropologi biologi, lan antropologi lingustik sapérangan gedhé isih positivis. Amarga pabédan ing epistemologi, antropologi minangka disiplin duwé kekurangan kamanunggalan suwéné sapérangan dasawarsa akir-akir iki. Masalah iki uga wis njalari départemèn nyimpang, minangka conto nalika taun akademik 1998–9 ing Univèrsitas Stanford, ing ngendi para èlmuwan lan non-èlmuwan kapérang dadi rong départemèn: èlmu antropologi lan antropologi budaya  sosial; départemèn iki banjur digabung manèh nalika taun akademik 2008–9.




#Article 174: Radhio (314 words)


Radhio ya iku piranti kanggo ngirim swara. Radhio iku tèknologi sing bisa ngirim sinyal liwat modhulasi gelombang élèktromagnètik. Gelombang iki ngliwati angin (udara) lan uga vakum akasa, gelombang iki ora perlu wahana pangangkutan. Gelombang radhio iku wujud saka radhiasi élèktromagnètik.

Nalika durung ana télévisi giyaran radhio disenengi wong banget lan uga misuwur banget.

Ing taun 1874, radhio tinemu déning Guglielmo Marconi ing Bologna, Italia. Penemu radhio iki éntuk pendhidhikan pribadi saka salah sawijiné guruné. Taun 1894, nalika umuré ngancik rong puluh taun, Marconi maca percobaan-percobaan kang ditindakake déning Heinrich Hertz. Percobaan-percobaan iki kanthi gamblang nudhuhake anané gelombang èlèktromagnètik kang ora bisa dideleng nganggo mripat, obah ngliwati angin kathi swara kang rikat.
Marconi banjur duwé ide manawa gelombang iki bisa dimanfaatke kanggo ngirim tandha-tandha kang ngliwati jarak adoh tanpa ngliwati kawat kang nyediakake perkembangan komunikasi kang ora bisa ditindakake déning telegram. Tuladhané kanthi cara iki warta-warta bisa dikirim menyang kapal ing tengah di segara.

Ing taun 1895, mung setaun nyambut gawé, Marconi kasil gawé piranti kang dibutuhake. Taun 1896 dhèwèké meragakake pirantine mau ing Inggris lan éntuk hak paten kanggo pangréka iki. Marconi banjur ngadegaké perusahaan lan Marconi kawiwitan dikirim taun 1898. Taun sabanjuré dhèwèké sanggup ngirim warta tanpa lumantar kawat kang nyebtrang ing selat Inggis. Sanajan patene ana wis ana ing dhèwèké ing taun 1900, Marconi nerusaké gawé lan matenake panyempurnan-panyempurnan kanthi dhasar panemuné dhéwé. Ing taun 1901 dhèwèké kasil ngirimake warta radhio kanthi ngliwati Samudera Atlantik, saka Inggris menyang Newfoundland.

Makna wigati saka panemuné anyare mau kanthi dramatis digambarake ing taun 1909 nalika kapal S.S. Republic rusak akibat tabrakan lan kelep ing dhasar laut. Warta radhio pancèn migunani kanggo kabèh penumpang ing prastawa iku kajaba wong enem kang ora bisa katulungan. Ing taun kang padha, Marconi kasih éntuk Bebungah Nobel kanggo panemuné lan ing taun candhaké dhèwèké kasil ngirim wrta radhio saka Irlandia tekan Argèntina, ya iku kanthi jarak kang punjul 6000 mil.




#Article 175: Asia Kidul-wétan (250 words)


Asia Kidul-Wétan punika satunggiling tlatah ing jagad-wano (bawana) Asia. Tlatah punika papan watesipun budaya Asia Kidul utawi Indhia kaliyan budaya Asia Wétan utawi Cinten. Kirang langkung sepalih wewengkon tlatah Asia Kidul-Wétan, punika laladan kapulowan.
Asia Kidul-Wétan wewatesan karo Républik Rakyat Cina ing sisih lor, Samudra Pasifik ing wétan, Samudra Hindia ing kidul, lan Samudra Hindia, Lempongan Benggala, lan anak bawana India ing kulon.

Lajeng nagari Timor Wétan ugi asring kagolong ing Asia Kidul-Wétan. Kaliyan ugi nagari Taiwan rikala-kala ugi kagolongaken tlatah punika.

Jeneng Asia Kidul-Wétan pisanan digunakaké nalika abad angka 20. Sadurungé papan iki dikenal kanthi jeneng India Buri (yèn dibandhingaké karo benuwa India). Asia Kidul-Wétan cacahé ana sewelas nagara, ana sing mapan ing daratan (Benuwa Asia) kang diarani Asia Kidul-Wétan Daratan (Indocina) lan ana sing kalebu Asia Kidul-Wétan Maritim, saliyané iku uga asring sinebut Kepulowan Kidul (Nan Yang, Cina lan Vietnam), Kepulowan Melayu (Malay Archipelago menurut A.R. Wallace), Malayunesia (Logan), Indonésia (Logan lan Adolf Bastian), Hindia Wétan (Oost-Indie, Walanda), Malaysia, Insulinde (déning wong Hindia Walanda ing abad angka 20), utawa Nuswantara (déning masarakat Indonésia).

Agama kang dinut déning warga kang manggon ing Asia Kidul-wétan béda-béda lan nyebar ing ndi waé. Nagara Thailand, Myanmar, Laos, Viètnam lan Kamboja wargané akèh kang nganut Agama Buda. Déné Agama Islam akèh dinut warga nagara Indonésia, Malaysia, lan Brunei kanthi Indonésia dadi nagara kang wargane paling akèh nganut agama Islam. Agama Kristen akèh dinut ingè Filipina. Ing Singapura, agama kang dinut déning wargané kang akèh-akèhé wong Tionghoa ya iku agama Buda, Taoisme, lan Konfusianisme.




#Article 176: 30 Fèbruari (249 words)


Ing kalèndher Grégorius, Fèbruari isinipun 28 utawi 29 dinten. Nanging ping tiga salebeting sajarah dumados kadadosan ing pundi ing sapérangan nagari, wulan kasebat ndarbèni 30 dinten.

Donya Swèdhen (ingkang kalebet Finlan nalika samanten) gadhah rencana kanggé nggentos saking kalendhèr Julius dhateng kalèndher Grégorius milai taun 1700 kanthi mbisadinten wuntu salaminipun 40 taun ngajeng. Mila, 1700 sanès taun wuntu ing Swèdhen, nanging taun 1704 lan 1708 punika taun wuntu ing sajawining rencana. Pupunika njalari kalèndher Swèdhen dados satunggal dinten langkung rikat tinimbang kalèndher Julius nanging taksih 10 dinten sawingkingipun kalèndher Grégorius. Kabingungan saya kirang nalika taun 1712, kalih dinten wuntu dipuntambahaken, njalari taun kasebat ndarbèni tanggal 30 Fèbruari. Dinten kasebat sami kaliyan 29 Fèbruari ing kalèndher Julius lan 11 Maret ing kalèndher Grégorius. Panggentosan Swèdhen dhateng kalèndher Grégorius pungkasanipun dipunlampahi taun 1753.

Taun 1929 Uni Sovyèt nepangaken kalèndher révolusionèr Sovyèt ing pundi saben wulan ndarbèni 30 dinten lan tirahan 5 utawi 6 dinten boten wujud péranganing wulan punapa kémawon lan dados dinten préi. Mila, taun-taun 1930 lan 1931 ndarbèni 30 Fèbruari nanging panggentosan kasebat dipunbatalaken ing taun 1932 saéngga tumut kalèdher biyasa malih.

Sacrobosco, satunggaling cendekiawan abad kaping 13 ngeklaim manawi ing kalèndher Julius wulan Fèbruari ndarbèni 30 dinten ing taun-taun wuntu wiwit 44 SM dumugi 8 M nalika Kaisar Augustus nyekak Fèbruari supados wulan Agustus ingkang dipunnamèkaken miturut namanipun ndarbèni panjang ingkang sami kaliyan wulan Juli (ingkang dipunamèkaken miturut pangrumiyinipun Kaisar Julius). Éwadéné makaten boten wonten bukti sajarah ngenani prakawis punika lan kamungelan ageng punika namung satunggiling mitos lami.




#Article 177: Gethuk gorèng (111 words)


Gethuk gorèng punika salah satunggaling jajanan ingkang dipundamel saking bahan ketéla pohung lan dipunbumboni nganggé gendhis klapa. Gethuk gorèng misuwur saking tlatah Sokaraja

Sejatosipun jinis dhaharan punika dipunpanggihi boten sengaja déning Pak Sanpirngad satunggiling panyadé sekul (ing warsa 1918) wonten tlatah Sokaraja. Rikala samanten gethuk ingkang dipunsadé boten pajeng, dados piyambakipun pados akal supados taksih saged dipunkonsumsi. Lajeng gethuk ingkang boten telas dipunsadé dipungorèng kaliyan dipunsadé malih.

Jabulipun dharan modhèl énggal punika dipunremeni para tiyang ingkang tumbas.

Kala samanten gethuk gorèng saged dipunpanggihi sairinging margi ing Sokaraja. Gethuk ingkang dipungorèng ugi sanès gethuk ingkang boten pajeng malih, nanging pancèn sengaja dipundamel kanggé dipungorèng. Raosipun gethuk gorèng Sokaraja punika manis saha gurih.




#Article 178: Gethuk (146 words)


Gethuk iku panganan jajanan (kudhapan) kang mligi digawé saka ketéla pohung (singkong). Gethuk iku panganan kang gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.

Gethuk ana kang digawé saka téla. Rasané uga bisa warna-warna. Ana kang rasa kèju, coklat, vanila, stroberi. Sak liyané iki ana uga gethuk lapis, tegesé gethuk kang rasané warna-warna lan didadèkaké siji. Umpamané gethuk lapis rasa coklat, vanila lan strobèri. Téla kang dipilih kuduné téla kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkrèken.

Gethuk racaké disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng.
Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang dienggo pacitan manawa lagi ana tamu.

Bédané gemblong karo gethuk yaiku, gemblong iku panganan saka pohung, lan gethuk saka téla. nanging ana ing daerah Jepara gemblong iku panganan kang asalé saka ketan utawa diarani Jadah
Carané gawé iya améh padha, kang bedakake yaiku




#Article 179: Dewi Sartika (125 words)


 

Dewi Sartika (Bandhung, 4 Dhésèmber 1884 - Tasikmalaya, 11 September 1947), punika tokoh Sundha ing widhang pandhidhikan kaliyan kabangkitan kaum èstri. Dipunakeni satunggiling Pahlawan Nasional déning Pamaréntah RI taun 1966.

Dewi Sartika miyos saking kulawargi ménak  (Priyantun) Sundha, Nyi Radèn Rajapermas kaliyan Radèn Somanagara. Sanadyan nglanggar tradhisi kala punika, tiyang sepuhipun nyekolahaken Dewi Sartika wonten ing satunggiling sekolah Walandi. Sasampunipun bapanipun séda, lajeng Dewi Sartika dipunopèni déning pakdhénipun (kangmas ibunipun) ingkang gadhah pangkat patih ing Cicalengka. Saking pakdhénipun, Dewi Sartika pikantuk pendhidhikan prakawis kabudayan Sundha, wondéné wawasan kabudayan Kilèn piyambakipun pikantuk saking nyonyah sémahipun satunggiling Asistèn Résidhèn.

Ing 16 Januari 1904, Dewi Sartika mbikak Sakola Istri (Sekolah Wanita) ingkang kapisan saubengipun Hindia-Walandi. Siswanipun angkatan pratama wonten 20 jalmi. Kala punika sadaya nganggé pendhapa kabupatèn Bandhung.




#Article 180: Filsafat (207 words)


Tembung falsafah utawi filsafat ing basa Jawi punika dipunpendhet saking basa Arab فلسة. Tembung Arab punika kapendhet saking basa Yunani; Φιλοσοφία philosophia. Ing basa Yunani, tembung punika inggih kalebet tembung majemuk saking tembung-tembung (philia = pamitran, kasih) kaliyan (sophia = kawicaksanan). Dados tegesipun inggih punika tiyang ingkang remen kawicaksanan utawi “ngèlmu”.

Tembung filosofi ingkang kapendhet saking basa Walandi uga dipuntepangi ing Tanah Jawi. Wujud pungkasan punika langkung mèmper wujud aslinipun. Ing basa Jawi basa Jawi satunggiling tiyang ingkang sinau babagan falsafah dipunwastani filsuf.

Filsafat punika seni pitaken raga, usaha manungsa kanggé nggayuh pangertosan babagan pagesangan kanthi ngginakaken cipta, rasa, lan karsa. Dhéfinisi tembung filsafat ugi saged dipunwastani satunggiling probléma falsafi falsafati. Nanging saged wicanten, manawi falsafah punika kinten-kintenipun inggih pasinaon tegesipun, saha panrapan kapitadhosan manungsa ing pérangan langkung dhasar kaliyan umum piyambak. Pasinaon punika dipunlampahi boten mawi eksperimen-eksperimen, nanging mawi mangutarakan prakawis mawi cara ingkang presis kaliyan awèh solusi. Lajeng nyukani argumèntasi ingkang leres kanggé solusi punika saha pungkasanipun prosès-prosès wau sadaya dipunlebetaken ing salebeting dhialèktika. Dhialèktika punika cekakipun inggih satunggiling wujud dialog.

Logika punika ugi ngèlmu pérangan ingkang ugi dipuntliti matématika kaliyan filsafat. Bab punika dados nuduhaken manawi filasafat punika satunggiling ngèlmu ingkang saged dipunwastani ugi gadhah sisih-sisih eksakta, boten kados punapa ingkang dipunraos tiyang kathah.




#Article 181: Aristotélès (367 words)


Aristoteles (Basa Yunani: ‘Aριστοτέλης Aristotélēs), (384 SM – 322 SM) iku filsuf Yunani, murid saka Plato lan guruné Alexander Agung. Aristoteles nulis warna-warna subyek kang béda-béda, kalebu fisika, metafisika, puisi, logika, retorika, pulitik, pamaréntahan, ètnis, biologi lan zoologi. Bebarengan karo Socrates lan Plato, Aristoteles dianggep salah siji saka telu filsuf kang paling duwé prabawa marang pemikiran Kulon.

Aristoteles lair ing Stagira, kutha ing wewengkon Chalcidice, Thracia, Yunani (biyèn kalebu wewengkon Makedonia tengah) taun 384 SM. Bapaké ya iku tabib pribadi Raja Amyntas saka Makedonia. Ing umur 17 taun, Aristoteles gabung dadi murid Plato, sabanjuré mundhak dadi guru ing Akademi Plato ing Atena lawasé 20 taun. Aristoteles ninggal akademi mau sawisé Plato séda, lan dadi guruné Alexander saka Makedonia. Wektu Alexander kuwasa ing taun 336 SM, Aristoteles bali menyang Atena. Kanthi panyengkuyung lan bantuan saka Alexander. Aristoteles banjur ngadegaké akademiné dhéwé kang dijenengi Lyceum, kang kabawah nganti taun 323 SM.

Filsafat Aristoteles tuwuh ngrembaka wektu Aristoteles mimpin Lyceum, kang nyakup enem karya tulisé kang mbahas bab logika, kang dianggep karya-karyané kang paling wigati, saliyané kontribusiné ing babagan metafisika, fisika, etika, pulitik, kadhokteran lan ngèlmu alam.

Ing babagan ngèlmu alam, Aristoteles mingka wong pisanan kang ngumpulaké lan nglasifikasèkaké spésies-spésies biologi kanthi sistematis. Karyané iki nggambaraké kecenderungané marang analisa kritis, lan panelusuran marang hukum alam lan kaseimbangan alam. Plato nyatakaké téyori bab wangun-wangun idéal barang, déné Aristoteles njelasaké yèn materi ora bakal tanpa wangun amarga ana (eksis). Sabanjuré Aristoteles nyatakaké yèn wangun materi kang sampurna, murni utawa wangun pungkasan, ya iku apa kang dinyatakaké minangka theos, ya iku kang sajeroning pangertèn Basa Yunani saiki tegesé dianggep Tuhan.

Logika Aristoteles ya iku sawijining sistem mikir deduktif (deductive reasoning), kang malahan nganti saiki isih dianggep dhasar saka saben wulangan bab logika formal. Sanajan mangkono, sajeroning panelitèn ilmiah Aristoteles sadar uga wigatiné observasi, eksperimen lan berpikir induktif (inductive thinking).

Di babagan pulitik, Aristoteles percaya yèn wangun pulitik kang idéal ya iku gabungan saka wangun dhémokrasi lan monarki.

Amarga ambané lingkup karya-karya Aristoteles, bisa dianggep kontribusi Aristoteles sajeroning skala ensiklopedis, amarga kontribusiné nyakup babagan-babagan kang manéka warna kaya déné fisika, astronomi, biologi, psikologi, metafisika (umpamané studi bab prisip-prinsip wiwitan lan ide-ide dhasar ngenani alam), logika formal, etika, pulitik, lan malah téyori retorika lan puisi.




#Article 182: Manga (sato) (130 words)


Manga (miturut analogi basa Inggris: tigon saka tiger lan lion) iku sato kéwan campuran sakan macan lanang karo singa wadon. Manga ora pati akèk kaya kéwan campuran suwaliké yakuwi singa lanang karo macan wadon sing diarani Sican (singa-macan), sajeroning basa Inggris: liger (lion-tiger). Manga dianggep ora bisa dadi ing alam jembar, amarga singa lan macan duwé kabiasaan lan habitat sing béda banget.

Manga bisa ngatonake karakter kaloro wong tuwané: bisa duwé tutul saka ibuné lan lorèng saka bapaké. Wulu manga lanang manawa luwih cendhek tinimbang wulu singa. Ukuran manga luwih cilik tinimbang singa utawa macan, rata-rata boboté watara 150 kilograms, utawa 350 lbs, saéngga luwih katon kaya kucing ingon-ingon.

Manga akèh-akèhé mandhul, nanging ana siji manga sing jenengé Noelle ing  kawin karo macan lan ngasilaké katurunan sing diarani ma-manga (ti-tigon).




#Article 183: Sican (231 words)


Sican (analogi basa Inggris liger saking lion kalih tiger) punika campuran saking singa jaler kalih macan(sima) èstri. Dados punika taksih anggota jinis Panthera. Rupinipun kados singa ageng mawi garis-garis macan ingkang kasebar. Kados macan anging boten kados singa, sican remen nglangi.

Silangan antawis macan jaler kalih singa èstri dipunwastani manga (basa Inggris: tigon).

Sican ingkang dipunmangèrteni punika wonten amargi dipun'damel' manungsa, inggih sengaja punapa boten. Caranipun inggih ndèkèk singa kaliyan macan ing satunggiling papan ingkang katutup. Ing alam, singa kaliyan macan boten manggèn ing papan kang sami-kalih spésies punika sapunika namung gesang bareng wonten wana Gir ing Indhia, sanadyan sadaya naté gesang bebarengan wonten Pèrsi, Cinten kaliyan ugi Beringia. Anging sanadyana gesang bebarengan, boten wonten laporan manawi kakalihipun naté silang.

Sican badanipun langkung ageng tinimbang macan utawi singa sanèsipun. Para nimpuna nggagas manawi singa èstri kaliyan sima jaler nurunaken gèn ingkang njabel patuwuhan ing para katurunanipun. Dados turunan saking singa jaler kaliyan sima èstri, sican boten gadhah gèn punika dados saged tumuwuh langkung ageng tinimbang kakalihipun. 

Sican ingkang fotonipun wonten inggil punika samangké papanipun ing Sierra Safari Zoo lan namanipun Hobbs. Piyambakipun larénipun satunggaling singa Afrika lan sima Bengali. Miturut anggota staf, sicanipun ungelipun kados singa lan saged nglangi kados sima. Lajeng awratipun 450 kilogram, kinten-kinten kaping kalihipun felidae ingkang ageng piyambak, sima Sibéria.

Sican jaler punika mandhul. Ingkang èstri limrahipun subur lan saged dipunsilang kaliyan sima lan ngasilaken katurunan si-sican.




#Article 184: Afrika (1416 words)


Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya. Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, ya iku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya.
Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, ya iku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé. Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika ya iku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.

Tembung Afrika asal saka basa Latin, Africa terra — Tanah Afri (wujud jamak saka Afer) — kanggo nuduhaké pérangan lor bawana mau, wektu iki minangka péranganing nagara Tunisia, papan panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembung Afer manawa saka basa Fenisia, afar tegesé awu; utawa saka suku Bani Ifran, sing manggon ing pérangan lor bawana iki cedhak Kartago; utawa saka basa Yunani aphrike sing tegesé tanpa adhem; utawa saka basa Latin aprica sing tegesé cerah.

Afrika iku dadi padunungan manungsa sing paling wiwitan, saka bawana iki manungsa sabanjuré nyebar menyang bawana-bawana liya. Werna-warna fosil saka spesiés manungsa purba kang wujudé esih kaya kethèk uga akèh tinemu, kaya ta Australopithecus afarensis (dinuga kira-kira saka 3,9–3,0 yuta taun SM), Paranthropus boisei (k. 2,3–1,4 yuta taun SM), lan Homo ergaster (k. 1,9 yuta–600.000 taun SM). Sawijining fosil kerangka manungsa purba sing misuwur diarani Lucy, saiki disimpen ana ing musiyum nasional Addis Ababa, Etiopia. Manungsa sing modhèren kanthi anatomi wiwit kapisanan wujud fosil ing Afrika saka 195.000 taun kapungkur, nanging panelitian biologi molekulèr nemu tandha-tandha prakiran wektu pamisahan nènèk moyang sakabèhé populasi manungsa modhèren ya iku 200.000 taun kapungkur.

Paternakan kéwan diprakirakaké wis diwiwiti taun 6000 SM ing Afrika Lor. Ing taun 4000 SM, iklim Sahara molai dadi garing lan banjur rikat banget dadi ara-ara. Akibaté wewengkon sing bisa kanggo panggonan wong tani dadi sithik, amarga iku nggarai mingrasi menyang Afrika Kulon kang wewengkoné nduwé iklim luwih tropis.

Wiwit kira-kira taun 3300 SM, wiwit tinemu cathetan sajarah ing Afrika Lor, ya iku saka paninggalan peradaban Pirngon ing Mesir Kuna. Salah sawijining peradaban paling kuna lan suwé umuré ing donya, kakuwaosan Mesir Kuna iku ngadeg lan nyebaraké warna-warna prabawa ing wewengkon-wewengkon liyané nganti tekan taun 343 SM. Wong Fenisia saka Tirus (saiki ing Libanon) uga nuwuhaké punjer peradaban sing indepènden ing Kartago kang dumunung ana ing pasisir lor-wétan Afrika. Ing taun 332 SM, Alexander Agung yasa kutha Alexandria ing Mesir, kang sabanjuré dadi kutha krajan sing mégah lan minangka panggonan panguwasa Ptolemeus Mesir.

Perkembangan agama Kristen ing Afrika wis molai saka abad angka 1, ya iku wiwit diadegaké Gréja Ortodoks Alexandria déning Santo Markus sang Panginjil watara taun 43. Agama Kristen sumebar ing pirang-pirang tlatah saka Palestina nganti Mesir, uga ngliwati wates kidulé wewengkon Romawi menyang Nubia lan abad angka 6 uga wis teka ing Ethiopia. Ing mangsa awal abad angka 7 nganti abad angka 8, agama Islam sumebar ana ing tlatah Afrika Sub-Sahara, mligi ngliwati jalur dagang lan migrasi.

Afrika iku wewengkon kebak alas kang lembab, padhang pasir kang garing, lan alas tropis. Afrika ugi bawana kang kebak bukit kang dhuwur lan ing pucukipun diubengi salju, sabana, lan udan kabut angin.

Afrika iku bawana gedhé dhéwé saka telu bawana ing belahan kidul Bumi lan sing gedhé dhéwé kaloro sawisé Asia. Jembaré kurang luwih 30.244.050 km2 (11.677.240 mil2) kalebu kapuloan ing saubengé, nyakup 20,3% saka total dharatan ing bumi lan didunungi punjul 800 yuta manungsa, utawa watara sapropitu populasi manungsa ing donya.

Kapisah saka Éropah déning Segara Tengah, Afrika nyawiji karo Asia ing pucuk lor-wétan liwat Terusan Suez sing ambané 130 km. Ujung Sinai sing diduwèni déning Mesir kerep dianggep kanthi geopolitis minangka péranganing Afrika. Saka ujung paling lor, Tanjung Spartel ing Maroko, ing 37°21′ lintang lor, tekan ujung paling kidul, Tanjung Agulhas ing Afrika Kidul, 34°51′15″ lintang kidul, kabentang wewengkon sing leté 8.000 km; saka ujung paling kulon, Tanjung Verde, 17°33′22″ bujur kulon, nganti ujung paling wétan, Ras Hafun ing Somalia, 51°27′52″ bujur wétan, leté watara 7.400 km. Dawaning garis pasisir 26.000 km (minangka perbandingan, Éropah, sing duwé jembar 9.700.000 km² duwé garis pasisir 32.000 km).

Lumrahe wewengkon Afrika awujud lemah kang garing. Kualitas lemah kang kurang apik lan gampang rusak. Akèh lemah kang kurang subur amarga ngandhut  akèh laterit, ya iku jenise watu kang gawé warna abang lemah.

Ana pratandha cetha saka tambahé jaringan antarané organisasi lan nagara Afrika. Contoné, ing perang sipil ing Républik Dhémokratis Kongo (biyèn Zaire), tinimbang nagara non-Afrika sugih kang ngintervénsi, nagara-nagara Afrika tetanggan dadi mèlu (deleng uga Perang Kongo Kapindho). Wiwit konfliké wiwit ing taun 1998, kira-kira kurban jiwa wis tekan 5 yuta.

Uni Afrika (AU) iku sawijining fédherasi 54-anggota dumadi saka kabèh nagara Afrika kajaba Maroko. Panunggalan iku kawangun, kanthi Addis Ababa, Étiopia, minangka kantor punjer, tanggal 26 Juni 2001. Panunggalan iku resmi diadegaké ing 9 Juli 2002 minangka penerus Organisasi Afrika Bersatu (Organisation of African Unity, OAU). Ing Juli 2004, Parlemèn Pan-Afrika (Pan-African Parliament, PAP) Uni Afrika dipindhah menyang Midrand, ing Afrika Kidul, nanging Komisi Afrika ing Hak Manungsa lan Bangsa tetep ing Addis Ababa. Ana aturan kang isih berlaku kanggo desentralisasi institusi Federasi Afrika kang supaya padha dibagi déning kabèh nagara.

Uni Afrika, aja bingung karo Komisi AU, wis kawangun déning Undhang-Undhang Konstitutif Uni Afrika, kang yakuwi kanggo ndandani Komunitas Ékonomi Afrika, sawijining persemakmuran keklumpukan, menyang nagara sing ing pengakuan internasionalé dikukuhaké. Uni Afrika nduwé pemerintah parlementer, ya iku African Union Government, dumadi saka organ lègislatif, kahakiman, lan èksekutif. Iku dipanggedhèni déning Présidhèn lan Kepala Negara Uni Afrika, sing uga Présidhèn Parlemèn Pan-Afrika. Wong dadi Présidhèn AU amarga kapilih déning PAP, lan salajengipun éntuk panjurung mayoritas ing PAP. Kakuwasan lan otoritas saka Présidhèn Parlemèn Afrika asalé saka Undhang-Undhang Konstitutif lan Protokol Parlemèn Pan-Afrika, sarta warisan saka panguwasa présidhèn ditetapaké déning prajanjèn Afrika lan prajanjèn internasional, kalebu sing subordinating Sekretaris Jenderal ing Sekretariat OAU (Komisi AU) kanggo PAP. Pamarentah AU kasusun saka otoritas kabèh-uni (fédheral), regional, nagara, lan kotamadya, uga atusan institusi, sing bebarengan ngatur urusane dina-dina ing institusi.

Hubungan pulitik kaya ta Uni Afrika ngewéhi pangarep-arep kanggo ko-operasi lan tentrem luwih antarané akèh nagara ing bawana iki. Penyalahgunaan hak manungsa ekstensif isih dumadi ing sawatara péranganing Afrika, asring wonten ing kelalaian saka nagara. Akeh pelanggaran kelakon kanggo alasan pulitik, asring minangka efek sisih perang sipil. Negara ing kana pelanggaran hak manungsa utama wis dilapurké akir-akir iki kalebu Républik Dhémokratis Kongo, Sierra Leone, Liberia, Sudan, Zimbabwe, lan Panté Gadhing.

Sapérangan gedhé nagara ing Afrika iku tilas nagara jajahan, kajaba Afrika Kidul, Etiopia lan Liberia. Républik Dhémokrasi Kongo minangka tilas jajahan Bèlgi. Mesir, Sudan, Uganda, Kenya, Djibouti, Sierra Leone, Ghana, Nigeria, Zambia, Zimbabwe lan Botswana tilas jajahan Karajan Manunggal. Maroko, Aljazair, Mauritania, Mali, Senegal, Guinea, Pasisir Gadhing, Burkina Faso, Benin, Niger, Chad, Républik Afrika Tengah, Gabon, Kongo lan Madagaskar tilas jajahan Prancis. Togo, Kamerun, Burundi, Rwanda, Tanzania lan Namibia tilas jajahan Jerman. Libya, Eritrea, Somalia tilas jajahan Italia. Guinea Bissau, Angola, Malawi, lan Mozambik ya iku tilas jajahan Portugal. Sarta Sahara Kulon sing tilas jajahan Spanyol. Saproteloné ya iku 15 saka 47 nagara kakurung déning dharatan.

Afrika lor kapérang saka nagara Aljazair, Maroko, Tunisia, Libia, Mesir, lan Sudan. Ing kabèh nagara iki, sapérangan akèh padununge ya iku wong-wong Arab lan agamané Islam. Basa kang utawa ing wewengkon iki ya iku basa Arab lan Prancis. 
Awit 5000 taun kapungkur, ing sadawané wewengkon lor Afrika wis ana masarakat kang duwé kabudayan kang luhur. Kaya ta Mesir Kuno, salah sijiné masarakat kang ngembangaké kabudayan kang luhur.
Wewengkon Afrika Lor dadi laladan kang ngasilaké pangan, kaya ta: Kurma, Zaitun, lan Anggur, ditandhur bareng karo sayur-sayuran lan pari. Wewengkon kang ditukuli suket dianggo kanggo ngingu wedhus, lan raja-kaya liyané. Saka paternakan iki diasilake wol lan kulit mentah.

Wewengkon sisih kulon Afrika kapérang saka nagara Mali, Burkina Faso, Niger, Pasisir Gading, Guinea, Senegal, Mauritania, Benin, Togo, Kamerun, Guinea Bissau, Sao Tome lan Principe, Guiena Ekuatorial, Sahara Kulon, Liberia, Sierra Leone, Gambia, Ghana, lan Nigeria. 
Wewengkon kulon iki dadi wewengkon kapisan kang ditekani wong Éropah. Bangsa Portugis miwiti njajah ing taun 1400-an.

Wewengkon iki kapérang saka nagara Etiopia, Somalia, Djibouti, Rwanda, Burundi, Uganda, Kenya, lan Tanzania. Laladan iki awujud wewengkon gisik pasisir kang rata, munggah marang plato kang dhuwur, kang kapedhot déning tlaga lan gunung-gunung kang dhuwur. Ing Afrika Wétan akèh ditemoni masarakat keturunan kang  béda-béda, duwé basa kang béda uga. Nanging sapérangan akèh nganggo basa Swahili.




#Article 185: Paus (173 words)


Paus (saking basa Latin: papa, bapak; saking basa Yunani: pappas / πάππας, bapak) punika pamimpin saking Gréja Kristen, mliginipun Gréja Katulik Roma utawi Katulik Ortodoks. Panjenenganipun punika biskop kitha Roma. Jawatan Paus punika nglajengaken jawatan Santo Petrus.

Paus punika dipunpilih ing satunggiling konklaf utawi pamilihan Paus.

Pemimpin agami ing gréja Katulik lan kepala nagarané kuta vatikan komunitas beriman 
Iseng ngkui Suksesi Apostolik nganggep Biskop Roma dadi peneruse St.petrus

biskop kang lawas kang ngawé tahta Keuskupan Roma digelar Wakil petrus 
menene paus dikehi gelar kang luwih mulio ya iku Wakil kristus gelar iki di gawé pertama kali iku dig awe Sinode Romawi ing taun 495 gawé nyebut  Sri paus Gelasius I. 
Tekan sumber sumber iseng ana Marselinus (wafat304) iku Biskop Roma pertama senggawé gelar Paus, ing abad 11 skak marine Skisma Timur-Barat VII nyatakno istilah “Paus” di khusoson gawé Biskop Roma. Seng njabat Paus saiki  (kang ke 265) ya iku Paus Benediktus XVI, kang kepilih tanggal 19 April 2005 ing konklav kepausan ngantikno paus Yohanes Paulus II kang séda ing tanggal 2 april 2005




#Article 186: Walanda (142 words)


Walanda utawa Nèderlan (saka tembung Walanda: Nederland), kang tegesé Tanah Ngisor) iku salah siji nagara ing lor-kulon Éropah. Iring wétané nagara iki wewatesan Jerman, iring kidulé wewatesan Bèlgi, lan iring kuloné wewatesan Segara Lor. Walanda iku péranganing Karajan Walanda. Karajan Walanda (Koninkrijk der Nederlanden) iku Walanda tambah nagara Aruba, Curaçao, Sint Maarten lan gemeente kusus  Saba, Sint Eustatius lan Bonaire.

Tembung Walanda sajeroning basa Jawa dijupuk saka basa Portugis, Holanda- olanda- Walanda.

Walanda iku nagara kang tau njajah pérangan gedhéné Nusantara (saiki Indonésia) suwéné telung setengah abad lan mentas waé gelem ngakoni kedaulatan Indonésia ing tanggal 27 Dhésèmber 1949 ing prastawa kang kaloka kanthi Konferensi Meja Bundar ing kutha Den Haag.

Walanda dipérang dadi 12 kawasan administrasi kang dijenengaké provinsi (provincies).

Saben laladan kapérang dadi geminte-geminte (gemeenten). Ana sawatara pulo ing Karibia kang ana ing ngisor pamaréntahan Walanda: Antillen Walanda lan Aruba.




#Article 187: Wilhelmus van Nassouwe (600 words)


Wilhelmus iku Lagu kabangsan Walanda. Lagu iki kasusun saka 15 pada sing padha-padha nggawé sawijining akrostikhon: ing vèrsi lawas, aksara-aksara pisan saka 15 pada iki kabèh mbentuk jeneng Willem van Nassov.

Lumrahé mung pada sing kapisan sing dilagokaké.

Wilhelmus dadi lagu kabangsan Walanda wiwit 10 Mei 1932. Mbiyèn ing Hindhia=Walanda (Indonesia) uga tau ana alihbasa lagu iki ing basa Melayu sing kerep dilagokaké.

Alihbasa nyusul

Wilhelmus van Nassouwe
ben ik, van Duitsen bloed,
den vaderland getrouwe
blijf ik tot in den dood.
Een Prinse van Oranje
ben ik, vrij onverveerd,
den Koning van Hispanje
heb ik altijd geëerd.

In Godes vrees te leven
heb ik altijd betracht,
daarom ben ik verdreven,
om land, om luid gebracht.
Maar God zal mij regeren
als een goed instrument,
dat ik zal wederkeren
in mijnen regiment.

Lijdt u, mijn onderzaten
die oprecht zijt van aard,
God zal u niet verlaten, 
al zijt gij nu bezwaard.
Die vroom begeert te leven,
bidt God nacht ende dag,
dat Hij mij kracht zal geven,
dat ik u helpen mag.

Lijf en goed al te samen
heb ik u niet verschoond,
mijn broeders hoog van namen
hebben 't u ook vertoond:
Graaf Adolf is gebleven
in Friesland in den slag,
zijn ziel in 't eeuwig leven
verwacht den jongsten dag.

Edel en hooggeboren,
van keizerlijken stam,
een vorst des rijks verkoren,
als een vroom christenman,
voor Godes woord geprezen,
heb ik, vrij onversaagd,
als een held zonder vreden
mijn edel bloed gewaagd.

Mijn schild ende betrouwen
zijt Gij, o God mijn Heer,
op U zo wil ik bouwen,
Verlaat mij nimmermeer.
Dat ik doch vroom mag blijven,
uw dienaar t'aller stond,
de tirannie verdrijven
die mij mijn hart doorwondt.

Van al die mij bezwaren
en mijn vervolgers zijn,
mijn God, wil doch bewaren
den trouwen dienaar dijn,
dat zij mij niet verrassen
in hunnen bozen moed,
hun handen niet en wassen
in mijn onschuldig bloed.

Als David moeste vluchten
voor Sauel den tiran,
zo heb ik moeten zuchten
als menig edelman.
Maar God heeft hem verheven,
verlost uit alder nood,
een koninkrijk gegeven
in Israël zeer groot.

Na 't zuur zal ik ontvangen
van God mijn Heer dat zoet,
daarna zo doet verlangen
mijn vorstelijk gemoed:
dat is, dat ik mag sterven
met eren in dat veld,
een eeuwig rijk verwerven
als een getrouwen held.

Niet doet mij meer erbarmen
in mijnen wederspoed
dan dat men ziet verarmen
des Konings landen goed.
Dat u de Spanjaards krenken,
o edel Neerland zoet,
als ik daaraan gedenke,
mijn edel hart dat bloedt.

Als een prins opgezeten
met mijner heires-kracht,
van den tiran vermeten
heb ik den slag verwacht,
die, bij Maastricht begraven,
bevreesde mijn geweld;
mijn ruiters zag men draven
zeer moedig door dat veld.

Zo het den wil des Heren
op dien tijd had geweest,
had ik geern willen keren
van u dit zwaar tempeest.
Maar de Heer van hierboven,
die alle ding regeert,
die men altijd moet loven,
en heeft het niet begeerd.

Zeer christlijk was gedreven
mijn prinselijk gemoed,
standvastig is gebleven
mijn hart in tegenspoed.
Den Heer heb ik gebeden
uit mijnes harten grond,
dat Hij mijn zaak wil redden,
mijn onschuld maken kond.

Oorlof, mijn arme schapen
die zijt in groten nood,
uw herder zal niet slapen,
al zijt gij nu verstrooid.
Tot God wilt u begeven,
zijn heilzaam woord neemt aan,
als vrome christen leven,-
't zal hier haast zijn gedaan.

Voor God wil ik belijden
en zijner groten macht,
dat ik tot genen tijden
den Koning heb veracht,
dan dat ik God den Heere,
der hoogsten Majesteit,
heb moeten obediëren
in der gerechtigheid.




#Article 188: Malaysia (790 words)


Malaysia punika satunggalipun nagari ingkang dumunung ing Asia Kidul Wétan, dipunjumenengaken ing taun 1963. Malaysia gadhah padunung saking manéka warni suku lan budaya. Malaysia dados salah satunggalipun nagari persemakmuran karajan Inggris. Malaysia awujud nagari fédherasi ingkang kapérang dados 13 wewengkon praja lan 3 pasekutonan.
Kutha krajan nagari Malaysia inggih punika Kuala Lumpur, bilih Putrajaya dados punjering pamaréntahan pasekutonan. Gunggungipun padunung Malaysia langkung saking 27 yuta tiyang. Negari Malaysia dipunpisahaken ing kalih wewengkon Malaysia sisih kilèn lan Malaysia sisih wétan, dipunpisahaken déning Kapuloan Natuna, wewengkon Indonésia ing Laut Cina Kidul.

Malaysia ingkang sisih kilèn asring sinebat Semenajung Malaya. Wewengkon Malaysia ingkang sisih wétan lan dados wewengkon ingkang paling wiyar kapérang dados kalih laladan pamaréntahan (satingkat provinsi), inggih punika Sarawak lan Sabah. Malaysia dipunlangkungi gugusan pagunungan ingkang panjang ing Malaysia ujung. Wewengkon Malaysia sisih kilèn kalebet wewengkon ingkang kathah padunungipun tinimbang sisih wétan. Malaysia sisih kilèn ugi dados punjering pamaréntahan. Malaysia sisih wétan taksih awujud laladan ingkang taksih dipunkupengi alas bawera. Kirang langkung 15 % padunung Malaysia gesang ing wewengkon punika.
Malaysia wewatesan kaliyan Thailand, Indonésia, Singapura, Brunei, lan Filipina.

Malaysia punika dados nagari perintis ASEAN lan ugi ndhèrèk ing manéka organisasi internasional, kados PBB. Amargi Malaysia naté dipunjajah Inggris, Malaysia ugi dados anggota Nagara-Nagara Persemakmuran. Malaysia ugi dados anggota D-8.

Satunggalipun golongan tiyang Malayu kapanggih ing ujung Malayu kinten-kinten 2000 SM. Tiyang-tiyang kalawau gesang ing guwa ing désa-désa. Awit abad angka 8 ngantos abad ka 13 ujung Malayu dipunkuwaosi Karajan Sriwijaya saking Indonésia. Sasampunipun punika karajan Hindhu saking Jawa, Majapahit dados panguwaos ing wewengkon Ujung Malayu. Ing taun 1400-an Malaysia sampun tepang kaliyan agami Islam ingkang dipunsebar sumarambah déning tiyang-tiyang saking Arab. Agami Islam sumebar kanthi saé ing Malaysia saéngga ndadosaken Malaysia minangka nagari Islam.

Taun 1511, Portugis dhateng ing Malaysia, salajengipun kinten-kinten wonten 4 nagari saking Éropah ingkang nguwaosi wewengkon Malaysia punika. Malaysia dipunkuwaosi Walanda ing taun 1641, lan ing taun 1786 Inggris nguwaosi laladan Penang. Ing abad kaping 19 nagara inggris saged nguwoasi sadaya wewengkon Malaysia. Ing kawitanipun taun 1900, Inggris saged kasil nguwaosi wewengkon Sarawak lan Sabah.

Malaysia minangka nagara pasekutonan sajatosipun dèrèng naté wonten sadèrèngipun taun 1963. Saderengipun punika, wujudipun pakempalan koloni ingkang dipunjumenengaken déning Karajan Manunggal ing pungkasaning abad kaping 18, lan Malaysia taksih awujud manéka karajan utawi praja-praja ingkang kapisah-pisah. Pakempalan wewengkon jajahan kalawau dipunsebat Malaya Karajan Manunggal ngantos dipunbibaraken ing taun 1946, nalika pakempalan punika dipundadosaken manunggal dados Uni Malaya. Amargi kathahipun tantangan, pakempalan kalawau dipun-gantos malih dades Federasi Malaya nalika taun 1948 lan salajengipun angsal kamardikan tanggal 31 Agustus 1957.

Nalika tanggal 16 September 1963 jumbuh kaliyan prosès dhékolonisasi, Singapura, Sarawak, Borneo Ler utawi sapunika dipunmangertosi kanthi nama Sabah gantos dados praja saking fédherasi damelan énggal ingkang namanipun Malaysia kalebet kaliyan Federasi Malaya.

Tanggal 9 Agustus 1965 Singapura dipunwedalaken saking fédherasi Malaysia lan dados nagari mardika kanthi nama Républik Singapura.

Nalika prosès mujudaken pamaréntahan fédherasi ingkang énggal, wonten pasulayan saking Filipina lan Konfrontasi Indonésia-Malaysia

Malaysia kalebet nagari ingkang caket kaliyan garis ekuator ingkang gadhah témperatur ingkang inggil. Saben dintenipun asring kraos benter, lan adhem ing wayah dalunipun. Ing wewengkon pagunungan, temperaturipun langkung adhem.

Malaysia dados nagari prodhusèn tin paling ageng sadonya. Prodhuksi tin punika saged narik tiyang kathah minangka dados adamelanipun. Malaysia ugi ngasilaken Bauksit, ingkang dipundamel dados Alumunium. Kinten-kinten 40% prodhuksi karèt donya dipunasilaken ing Malaysia. Prodhuksi karèt punika ndadosaken sapérangan kathah tiyang Malaysia nyambut damel ing indhustri karèt. Malaysia ugi dados prodhusèn wigati kopra. Sapérangan jinis kayu ingkang wonten ing Malaysia kados kayu teak, eboni, lan kayu sandal. Lisah (lenga) dipunwedalaken ing Sarawak.

Basa resmi ing Malaysia inggih punika Basa Malayu. Basa punika dipunserat nganggé seratan Arab. Basa Inggris dipunangge ing pamaréntahan. Ing Malaysia ugi wonten Basa Cina lan Basa India Kidul ingkang sinebat basa Tamil.

Sapérangan ageng padunung Malaysia punika agamanipun Islam, agami punika dipunbekta dhateng Malaysia atusan taun kapungkur déning tiyang Arab. Padunung ingkang asalipun saking India agaminipun Hindhu lan tiyang saking Cina agaminipun Konghucu utawi Buda. Sapérangan alit padunung  Malaysia agaminipun Kristen.

Cara gesang modhèren padunung Malaysia saged kapanggih ing kutha-kutha ageng, nanging ing désa-désa tiyang Malaysia taksih gesang kanthi cara tradhisional.

Langkung saking sepalih padunung Malaysia nyambut damel ing babagan tetanèn. Kathah tiyang tani ingkang nyambut damel kaliyan kaluwarganipun. Saking babagan tetanèn punika Malaysia ngasilaken manéka jinis asil kados beras, kacang, uwoh-uwohan, lan sayuran. Prodhuksi uwos punika ugi saged dipunimpor dhateng nagari sanès. Negari Malaysia ngasilaken manéka warni barang asil padamelan kagunan kreatif, kados tenun, sarung, bathik, lan sanèsipun.

Negari Malaysia kalebet nagari monarki konstitusional. Malaysia dipunpandhegani ratu ingkang asring sinebat yang dipertuan agong ingkang dipunpilih gangsal taun sapisan. Minangka dados pangarsaning praja, yang dipertuan agong gadhah hak kanggé milih mahamantri lan sadaya mantri ing kabinèt-ipun.
Kepala nagara Malaysia inggih punika Yang di-Pertuan Agong lan pemarentahanipun dipunpimpin Mahamantri. Modhèl pamaréntahan Malaysia mirib kados déné sistem parlementer Westminster.




#Article 189: Karl Marx (129 words)


Karl Heinrich Marx (Trier, Jerman, 5 Mèi 1818 – London, 14 Maret 1883) punika satunggiling filsuf, pulitikus kaliyan nimpuna sosiologi Prusia. Sanadyan Marx kathah nyerat artikel amargi piyambakipun ugi wartawan kaliyan kathah nyerat buku filsafat, piyambakipun misuwur déning analisa sejarahipun kaliyan téyori pajoangan kelas (class struggle). Téorinipun dipunringkes ing dalilipun mewani, Kawigatosan kaum kapitalis kaliyan buruh bènten. Karya-karyanipun mbentuk dhasar paham kuminisme kaliyan sosialisme.

Karl Marx miyos ing kulawargi Yahudi modhèren, progresif ing Trier, (sapunika ing Jerman). Bapanipun Herschel, turun-tumurun rabbi, ugi satunggiling pangacara; sedhèrèk Herschel, Samuel punika satunggiling rabbi ketua ing Trier. Amargi kans maju kanggé tiyang Yahudi radi angèl ing awal abad kaping 19 ing Prusia, kaliyan ugi boten patiya ta'at, mila Herschel nggantos namanipun dados Heinrich kaliyan mlebet agami resmi Prusia, Lutheranisme. Kulawargi Marx liberal sanget.




#Article 190: Pradnyaparamita (219 words)


Pradnyaparamita (saking Sangskreta prajñ#257;p#257;ramit#257;; basa Tionghoa (Aksara Hanzi. 般若波羅蜜多, Pinyin. b#257;n ru#242; b#333; lu#243; m#236; du#333;, Jepang hannya-haramita)), punika salah satunggiling aspèk sipat saking bodhisattwa ingkang dipunwastani paramita.

Tegesipun punika inggih “kasampurnan ing kawicaksanan” kaliyan ugi salah satunggiling saking enem utawi sedasa sipat transédéntal manungsa.

Anging sutra-sutra Prajñāparamitā punika inggih satunggiling jinis sastra Buda aliran Mahayana ingkang wonten gandhèng-cènèngipun kaiyan Kasampurnan Kawicaksanan. Tembung Prajñāparamitā boten naté ngrujuk ing salah satunggiling tèks kusus anging ing khazanah tèks.

Sutra ingkang awal piyambak ing jinis puniki inggih As#803;t#803;as#257;hasrik#257; Prajñ#257;p#257;ramit#257; S#363;tra utawi Kasampurnan Kawicaksanan ing 8.000 baris, ingkang kinten-kinten dipunserat ing 100 SM.  Langkung kathah bahan lajeng dipunserat ing kalih abad salajengipun. Kajawi sutra punika piyambak, wonten ringkesan ing padha Ratnagun#803;asam#775;caya G#257;th#257;, ingkang bokmanawi langkung lawas malih, awit boten dipunserat mawi basa Sansekreta baku. Sutra 8.000 baris punika satunggaling sutra Mahayana ingkang langkung lawas.

Ing abad-abad salajengipun (abad kaping 2 – abad kaping 4), sutra-sutra punika dipuntambah-tambah dados langkung ageng. Wonten vèrsi-vèrsi mawi 10.000, 18.000, 25.000 kaliyan 100.000 baris, ingkang dipuntepangi dados Kasampurnan Kawicaksanan Ageng.

Anging amargi ke-agengan kaliyan kirang praktis lajeng sutra-sutra punika dipunringkes. Vèrsi-vèrsi ringkes punika dipunwastani Sutra Jantung (Prajñ#257;p#257;ramit#257; Hr#803;daya S#363;tra) kaliyan Sutra Inten (Prajñ#257;p#257;ramit#257; Vajracchedik#257; S#363;tra). Kakalihipun inggih populèr sanget kaliyan gadhah panagruh ingkang kiyat marang évolusi aliran Mahayana. Vèrsi-vèrsi Tantrik saking Prajnaparamita; wiwit kaserat saking abad kaping 6.




#Article 191: Wikipédia (1252 words)


Wikipédia (pangucapan: Wi·ki·pæ·di·a utawi Wi·ki·pi·di·a) punika proyèk ensiklopedia multibasa salebetipun jaringan ingkang bébas lan terbuka, ingkang dipunlampahaken déning Wikimedia Foundation, satunggiling organisasi nirlaba ingkang basisipun ing Amérikah Sarékat. Nami Wikipédia asalipun saking gabungan tembung wiki lan encyclopedia. Wikipédia dipunrilis nalika taun 2001 déning Jimmy Wales lan Larry Sanger, lan sapunika minangka karya réferènsi paling ageng, rikat ngrembaka, lan populèr ing internet. Proyèk Wikipédia gadhah don kanggé maringaken èlmu pangertosan manungsa ugi ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sadaya basa ing saubengipun donya. Sedaya tiyang saged tumut nyumbang.

Wiwit resmi dipunluncuraken nalika tanggal 15 Januari 2001, Wikipédia basa Inggris sampun ngalami tuwuhing artikel ingkang ngéramaken. Tanggal 21 Januari 2003, gunggung artikel ingkang dipungadhahi sampun ngantos 100.000 artikel, lajeng nalika tanggal 01 Maret 2006, sampun gadhah 1.000.000 artikel. Angka punika tambah teras dados 2.000.000 artikel nalika tanggal 09 September 2007 lan nembus angka 3.000.000 artikel nalika tanggal 17 Agustus 2009.

Dumugi wulan September 2010, proyèk Wikipédia ingkang sampun gadhah gunggung artikel langkung saking 1.000.000 namung wonten 3 basa, inggih punika basa Inggris, basa Jerman ingkang sampun nembus angka punika nalika tanggal 27 Dhésèmber 2009 lan basa Prancis ingkang sampun nglampahi nalika tanggal 21 September 2010.

Éwadéné Wikipédia basa Indonésia, sepindhah gadhah artikel nalika tanggal 30 Mèi 2003. Angka punika dados 1.000 artikel nalika tanggal 16 Maret 2004, lajeng nembus angka 10.000 artikel nalika tanggal 31 Mèi 2005. Gunggung 100.000 artikel dipungayuh nalika tanggal 21 Fèbruari 2009. Nalika tanggal 9 Fèbruari 2011, Wikipédia basa Indonésia sampun gadhah langkung saking 153.000 artikel.

Sauntawis Wikipédia basa Jawi, artikel sepindhahipun kacathet tanggal 8 Maret 2004, nggayuh 1.000 artikel tanggal 7 Mèi 2005, lan 10.000 artikel tanggal 3 Mèi 2001. Nalika tanggal 12 Fèbruari 2011, Wikipédia basa Jawi sampun gadhah langkung saking 32.000 artikel.

Wikipédia dipunlampahaken kanthi nganggé piranti alus MediaWiki déning server-server kagunganipun Yayasan Wikimedia. Dumugi tanggal 13 Mèi 2006 Wikipédia lan proyèk-proyèk Wikimedia sanèsipun dipunlampahaken déning 175 server ingkang papanipun ing 4 lokasi ingkang bènten inggih punika ing Tampa-Florida-Amérikah Sarékat, Paris-Prancis, Amsterdam-Walandi, sarta ing lokasi Yahoo!.

Princèn server miturut lokasinipun inggih punika:




#Article 192: Hak cipta (437 words)


Hak cipta iku nyawisaké pangagem hak kanggo mbatesi panikelan ora sah saka èksprèsi asli (upamané literatur, filem, musik, gegambaran, piranti alus (software), topeng, lan liya-liyané.

Hak cipta iku béda akèh karo wujud liya saka properti intelektual, upamané patèn kang mènèhi hak monopoli kanggo invensi. Hak cipta iku dudu hak monopoli nanging kanggo nyegah wong liya kanggo tumindak kang nerak hak mau.

Ing Indonésia, prakara hak cipta ginaris ing Undhang-Undhang Hak Cipta, ya iku Undhang-Undhang Nomor 28 Tahun 2014.

Konsèp hak cipta ing Indonésia iku tumurun saka konsèp copyright ing basa Inggris. Kawitané, copyright kacipta selaras karo tinemu mesin cithakan. Sadurungé mesin Guttenberg iku, prosès kanggo nyalin sawijining karya tulisan mbutuhaké tenaga lan béya kang mèh padha gedhéné karo ragad gawé asliné. Mula saka iku, para penerbit kang njaluk supaya ana paugeran kang mayungi karya cithakan bisa dikopi, ketimbang para pengarangé.

kawitané, hak monopoli mau diwènèhaké langsung marang penerbit kanggo ngedol barang cithakané. Hak kanggo pengarang (penganggit) lagi ana sawisé kabiwarakaké angger-angger copyright ing taun 1710 kanthi Statute of Anne ing Inggris. Angger-angger mau uga ngayomi para konsumèn bisa mardika sawisé prosès dol-tinuku. Paugeran iki uga ngatur hak `´ksklusif kang nyekel copyright, ya iku salawasé 28 taun. Sawisé masa mau, karya iku dadi duwéke umum.

Konvensi Berne ing taun 1886 kang pisanan ngatur prakara copyright ing antarané nagara-nagara kang duwé daulat. Ing konvènsi iki, copyright kawènèhaké otomatis kanggo karya kréatif lan panganggit ora kudu ndaftaraké. Salebaré sawijining karya kacithak utawa kasimpen ing sawijining medhia, si panganggit otomatis olèh hak èksklusif copyright karyané iku lan uga kanggo karya derivatif nganti si pengarang kanthi blak-blakan mratélakaké sewaliké utawa nganti copyright mau kadalu warsa.

Taun 1958, Mahamantri Djuanda mratélakaké Indonésia metu saka Konvensi Berne supaya para intelektual Indonésia bisa olèh paédah saka karyané, cipta lan karsa bangsa manca, tanpa kudu mbayar royalti.

Taun 1994, Pamarèntah Indonésia ngratifikasi Organisasi Perdagangan Dunia (World Trade Organization – WTO), kang sinertanan Prajanjèn Trade Related Aspects of Intellectual Propertyrights - TRIPs (Prakara-prakara kang magepokan karo wisaya HKI). Prakara iki kalakokaké amarga Hak kekayaan intelektual wus dadi piranti ing jagad dol-tinuku ing antarané nagara-nagara maju. Ing Indonésia, paugeran prakara hak kekayaan intelektual iki kawujudaké liwat Undhang-Undhang Nomer 7 Taun 1994.

Ing Indonésia, jangka wektu pangayoman hak cipta iku katata kaya mangkéné:

lumaku salawasé urip pangripta lan terus lumaku nganti 50 (sèket) tauh sawisé pangriptané tilar donya. Yèn kang duwé wong 2 (loro) utawa luwih, hak cipta lumaku salawasé urip pangriptané paling pungkasan tilar donya lan katerusaké 50 (sèket) taun sabubaré.

lumaku salawasé 50 (sèket) taun sawisé kababar pisanan;

Upama hak cipta mau duwèké utawa dicekel sawijining badan hukum, hak cipta lumaku lawasé 50 (sèket) taun sawisé kabiwarakaké.




#Article 193: Madu (573 words)


Madu (basa Sansekreta: madhu), ya iku cuwèran legi kentel kang digawé tawonTawon. Saka sarining kembang-kembang sing uga diarani néktar. Néktar iki bisa diowahi déning tawon-tawon dadi madu sawisé ditambahi énzim-énzim. Madu akèh banget mupangaté. Kajaba kena kanggo ombènan, uga kena kanggo tetamba. Yèn kanggo tetamba kudu milih madu Asli.

Kanggo niténi madu iku asli apa palsu, carané gampang:

Tawon lumrahé nggawé omah ing wit-wit kang nggrembuyeng. Madu rasané legi lan nyéhataké, amarga madu asalé saka kembang-kembang kang alami sing dipangan tawon.

Tawon kang nagsilaké madu kang paling éféktif ya iku Tawon alas utawa Apis Dorsata. Tawon iki kalebu tawon madu Asia kang paling apik maduné. Tawon iki nggawé omah mung siji sisiran kang nggantung ing pang wit, ing langit-langit kang bukaan lan ing tebing jurang. Apis dorsata durung bisa dibudidayakake ing papan kang tertutup. Sisiran sarang ukurane 2 x 2 m lan tawon iki bisa ngasilaké sarang nganti 20 kg saben sarang.

Apis doesara iki awaké gedhé yèn dibandingaké spesiés tawon madu liyané. Tawon iki urip ing tlatah sub-tropis lan tropis Asia kaya ta Indonésia, Filipina, Indi, Népal lan ora tinemu ing saliyané tlatah Asia. Ing Indonesia tawon alas bisa tinemu ing Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan NTB utawa NTT. Tawon iki arang tinemu ing Pulo Jawa.

Ing Indonésia tawon iki nduwé dasanama kaya ta manye/muanyi (Kalimantan Barat-tlaga Sentarum), tawon gong (Jawa), tawon odeng (Sunda), labah gadang, labah gantuang, labah kabau, labah jawi (Sumatera Barat), harinuan (Tapanuli),lan ing basa Inggris diarani giant hone bee.

Madu asli utawa kang diarani madu asli ya iku cuwèran nektar kembang kang diisep tawon madu lan dilebokaké ing kantong madu ing njero awaké tawon. Néktar kembang kang wis diisep mau banjur diolah ing awak tawon kanthi dicampur karo enzim tartamtu banjur ditokaké ing panggonan kanggo nyimpen madu ya iku ing tholo utawa sarang tawon.

Komposisi madu murni nduwéni gizi kang lengkap. Nanging komposisiné uga gumantung karo sumber néktar kang diisep tawon. Madu murni ngandhut Vitamin-Mineral, Protéin, Zat hidrat arang, Hormon, Antibiotik lan trace Elemen.Vitamin A,kabèh jinis vitamin B kompléks, beta caroten, Vitamin C,D,E dan K.Mineral kang wujud uyah: Mg, S, Fe, Ca, Cl, K, Y, Na, Cu, lan Mn. Madu murni ngandhut énzim aktif kang ora bisa diprodhuksi manungsa. Enzim iki kanggo reaksi kimia biologis lan sistem metabolisme ing awak. Enzim ing madu kalebu enzim kang paling apik saka kabéh panganan.

Madu dimanfaatké kanggo kaséhatan lan kanggo nambani lelara. Ora mung wong Timur kang nggunakaké madu nanging wong Barat uga nggunakaké madu kanggo tamba.

Campuran madu lan kayu legi uga dipercaya bisa nambani warna-warna lelara. Madu pancen diasilaké méh kabéh nagara ing dunya.
Ayurverdic (nambani lelara kanthi metode ayurveda) lan pangobatan Yunani wis nggunakaké madu kanggo obad wiwit pirang-pirang abad kapungkur.

Para ilmuwan uga wis njléntréhaké yèn madu bisa dadi obat kang éféktif kanggo kabéh lelara. Madu bisa dadi obat kang ora ana éfék sampingé. Sanajan rasané legi, madu uga apik kanggo wong kang nandang diabétes.

Madu yèn dicampur kayu legi bisa kanggo obat kang mujarab. Miturut Weekly World News madu bisa nambani lelara kaya ta Arthritis (radang sendi),  ing rambut, infeksi kandung kemih, lara untu, pilek, mandhul, lara weteng, kembung, lara jantung, njaga kekebalan awak, gangguan pencernaan, influenza,ncegah penuaan, jerawat, inféksi kulit, keselen, obesitas, bau nafas

Saliyané kena kanggo obat, madu uga bisa kanggo perawatan kecantikan.

Informasi saka laman Times of India madu nduwéni akèh kagunan.

Wektuné kurang luwih 10 nganti 15 menit sadurungé rai diraupi nganggo banyu anget. Iki ndadèkaké kulit rai dadi lentur lan katon seger.




#Article 194: Gula (546 words)


Gula (ngoko) utawa gendhis (krama) iku ing basa Latin diarani sacharose / sucrose. Gula iku bahan sing dienggo nggawé legi utawa ngawètaké panganan. Gula iku lumrahé ana telung warna:

Gula rafinasi iki mèh padha kaya gula pethak nanging mbebayani tumrap kaséhatan. Gula rafinasi iki regané luwih murah tinimbang gula pethak biyasa. Gula rafinansi iki ora layak dikonsumsi. Supaya bisa dikonsumsi, gula rafinasi kudu diolah manèh amarga gula iki rupané rada coklat lan ana uga kang rupané ireng, lan gulané alus banget. Yén gula iki langsung dicampur ing tèh utawa kopi bisa ngganggu kaséhatan amarga gula iki maragaké kanker. Gula rafinansi iki lumrahé gula kang diimpor saka manca nagara.

Gula bit bisa dikembangaké ing Indonésia, awit nagara Indonésia kalebu nagara tropis. Umur tuwuhan saka gula bit nganti panén kurang luwih 4,5 nganti 11 sasi. Tuwuhan gula bit ora mbutuhaké akèh banyu. Tuwuhan iki luwih ngirit banyu kira-kira 30 persén tinimbang tuwuhan tebu.
Tuwuhan gula bit bisa urip ing warna-warna jinis lemah, malah bisa uga urip ing lemah kang kandhutan uyah tanahé akèh banget. PH kang cocog kanggo urip tuwuhan bit rata-rata pH  5,5.

Bit (Beta vulgaris)kalebu famili Chenopodiaceae. Varietas tuwuhan iki kang paling misuwur ya iku beetroot utawa garden beet kang rupané abang utawa ungu. Varietas saka budidaya bit liyané ya iku sayuran kang wujud godhong kang diarani chard lan spinach beet. Saliyané iku ana sayuran kang ana oyoté kang diarani gula bit.

Tuwuhan bit wernané abang rada wungu. Tuwuhan bit ngandhut serat kang akèh lan uga ngandhut zat besi. Kanggoné para vegetarian utawa vegan bisa ngonsumsi bit supaya ora kurang zat besine. Zat besi lumrahé tinemu ing daging kang seger.

Amarga kandhutan bit ngandhut serat kang akèh ing oyot lan godhongé, bangsa Romawi Kumo nggunakaké dadi obat sembelit.
Bit uga bisa dadi pewarna abang kang alami. Pewarna saka bit bisa kanggo nggawé kuwé pepe utawa lapis sagu. Nalika sepisanan nggawé Red Velvet Cake dadi simbul kuwé Amérika pérangan Selatan isih nggunakaké jus bit dudu pewarna abang gawéan.
Gula iku olèhé ana kudu karo prosès kimia.
Gula bit kang dikasilaké wernané putih. Gula iki bisa digunakaké ing kulawarga utawa ing pabrik utawa indhustri kanggo nggawé ombénan. Kaya gula kang isih mentah, gula kang isih ngandhut jus diolah lan duwé produk samping kang diarani molase bit.' 'Molase bit bisa dadi pakan ratu-kaya lan dikirim ing pabrik fermentasi tuwuhan kaya ta pabrik penyulingan alkohol.

Gula jawa uga diarani gula abang utawa gula arén. Gula jawa iki cara nggawéné luwih alami saéngga zat-zat kang ana ing gula iki ora nganggu kaséhatan apa manéh ngrusak awak. Gula jawa uga ora mbutuhaké prosés penyulingan kang bola-bali lan ora nggunakaké tambahan bahan kimia kanggo gawé murni.
Gula jawa duwé aji indèks glikemik luwih cendhèk saéngga ora nggawé gula darah mundhak. Kanthi alasan iku mau, gula jawa uga kena digunakaké wong kang lara diabétes amarga nutrisi kang ana ing gula iki luwih akèh.

Saliyané kandhutan gula kang luwih sithik, gula iki uga ngandhut senyawa-senyawa liyané kang akèh manfaaté kaya ta thiamine,riboflavin, asem askorbat, protéin lan uga vitamin C.

Gula tebu uga diarani gula pasir. Diarani gula tebu amarga bahané digawé saka tebu. Diarani gula pasir amarga dhapuré butiran cilik-cilik mirib pasir.
Gula tebu bisa kanggo campuran yèn nggawé wédang tèh utawa wédang kopi. Saliyané iku gula tebu uga bisa kanggo masak lan nggawé sirup.




#Article 195: Wirataparwa (175 words)


Wirataparwa utawi langkung leres Wirathaparwa (Sansekreta: Vira#7789;aparva) nyariyoskaen kisah para Pandhawa nalika kedah ndelik laminipun satunggal taun sasampunipun dipunbucal rolas taun ing wana utawi alas. Cariyos pambucalan punika wonten ing Wanaparwa.

Nihan ta para Pandhawa ndhelik ing praja Wirata. Anging manawi dipunkonangi, kedah dipunbucal rolas taun malih. Wonten mriku sang Yudisthira nyamar mindha dados tiyang brahmana anami Kangka. Sang Wrekodara mindha dados satunggiling juru masak kaliyan juru gulat anami Balawa. Lajeng sang Arjuna mindha dados tiyang wandhu ingkang ngajar jogèd saha nyanyi. Sang Nakula dados laré angon kapal (jaran) kaliyan sang Sadewa dados laré angon lembu. Lajeng Dèwi Dropadi dados juru rias ing kedhaton anami Sairindi.

Ndan sang patih Wiratha, sang Kicaka kasmaran kasengseng ing Sairindi, piyambakipun kersa ngepèk dados sèmahipun. Anging dipuntampik, tetep meksa. Mila sang Balawa mejahi piyambakipun. Prakawis punika mèh kémawon mbongkar samaranipun sadaya.

Lajeng praja Wiratha dipunbedhah déning para musuh Pandhawa, inggih punika para Korawa saking Ngastina. Para Pandhawa lajeng perang sami nglawan, mbéla Wiratha. Sasampunipun perang bibar, sadaya sami konangan kedhokipun. Anging amargi sampun ndelik satunggal taun dados boten punapa-punapa.




#Article 196: Bhismaparwa (161 words)


Miturut para pandhita, Bhismaparwa punika pérangan Mahabharata ingkang wigati piyambak amargi wonten kitab Bhagawad Gita ing lebetipun.

Ing Bhismaparwa dipuncariyosaken kados pundi kalih pasukan, pasukan Korawa kaliyan pasukan Pandhawa sami adhep-adhepan sadhèrèngipun perang Bratayuda (Bharatayuddha) wiwit. Lajeng sang Arjuna kaliyan kusiripun, sang Kresna ngadeg wonten puncaking wukir. Arjuna saged mriksani para bala tantra Korawa kaliyan para Korawa, sedhèrèkipun piyambak. Lajeng piyambakipun dados sedhih amargi kedah perang nglawan sadaya. Sanadyana sadaya tiyang awon, Arjuna kèlingan kados pundi rikala alit sami dolanan kaliyan sami anggènipun sinau. Lajeng sapunika adhep-adhepan kados satru. Lajeng Kresna maringi sang Arjuna satunggiling wejangan. Wejanganipun punika dipunwastani Bhagawad Gita, tegesipun Gita sang bagawan utawi nyanyian tiyang suci.

Kitab Bhismaparwa ing wusananipun inggih wonten kakalahanipun sang Bhisma, uwak para Pandhawa kaliyan Korawa. Bhisma punika gadhah aji menwi saged séda sawanci-wanci. Anging piyambakipun milih tetep tilem ing pasaréyan jemparingipun (saratalpa) ngantos Bharatayuddha bibar. Bhisma kènging kathah sanget jemparing ngantos dhawah, anging sliranipun boten kènging dhawah wonten siti, namung pucuk-pucuk jemparingipun kémawon.




#Article 197: Kakawin Ramayana (1100 words)


Kakawin Rāmāyaṇa punika kakawin ingkang isinipun wiracarita Ramayana. Kakawin punika dipunserat mawi basa Jawa Kina, dipunidhep para nimpuna dipundamel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 M, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870. Kakawin punika dipunwastani adikakawin amargi kaanggep ingkang kapisan, panjang piyambak kaliyan saking saénipun basanipun saking mangsa Hindhu-Jawi.

Sekar rupa kakawin punika salah satunggiling vèrsi Indhia ingkang kathah prakawis cariyos sang Rama kaliyan sang Sita, wiracarita agung ingkang vèrsi pratamanipun sanjangipun para pandhita dipunanggit déning Walmiki ing basa Sansekreta.

Prabu Dasaratha saking nagari Ngayodya patutan sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nyuwun pambiyantu Sri Paduka Dasarata mbébasaken pratapanipun saking para raseksa. Lajeng Rama saha Laksamana tindak.

Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sadaya raksasa lajeng tumuju nagari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dèwi Sinta. sayembara ingkang kasebat inggih punika menthang gendéwa ingkang rumiyin sareng kaliyan wiyosanipun Dewi Sinta. Boten wonten ingkang kuwawi menthang gendéwa kajawi Rama pramila saking punika Rama lajeng dhaup kaliayan Dewi Sinta sasampunipun Dewi Sinta dipunboyong kondur dhateng Ayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun putra pammbajeng. Nanging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama ngendika manawi sri paduka naté ngandika manawi Barata ingkang bakal dados raja. Sanadyan kanthi awrat ing penggaih, raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji makaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos boten patut dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Nanging Laksmana boten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngakèn Rahwana supados nyulik Sinta.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, boten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana boten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta kapireng déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana manawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sadaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

ksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sadaya raksasa lajeng nuju nagari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sinta. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sinta. Boten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang manawi sri paduka naté ngandika manawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji makaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos boten patut dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana boten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rahwana nyulik Sinta kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, boten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana boten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana manawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sadaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Déning para nimpuna saha sastrawan, kakawin Ramayana dipunanggep sekar ingkang sanget saé ing basa Jawi Kina kados sampun dipunsebat ing inggil. Ing andhap punika sauntawis cuplikan saking seratan kakawin saha jarwanipun ing basa Jawi samangké.

I.5

XI.7

XVI.31 (Bhramara Wilasita)

Kakawin Ramayana sasampunipun dipuntliti déning para nimpuna tetéla détailipun boten mèmper vèrsi-vèrsi Ramayana ing Nusantara sanèsipun, kados Hikayat Seri Rama ing basa Melayu, Serat Rama Keling ing basa Jawi Énggal kaliyan uga relief-relief Ramayana ingkang wonten candhi Prambanan.

Pranyata pérangan ageng kakawin Ramayana punika dhedhasar satunggiling karya sastra mawi sekar ing basa Sansekreta saking Indhia ingkang gadhah judhul Rāvaṇavadha utawi langkung dipuntepangi mawi nama Bhaṭṭikāvya saking abad kaping 6 ngantos 7.

Ing sastra Jawi Énggal, kakawin Ramayana dipungubah malih déning kyai Yasadipura dados Serat Rama Kawi.




#Article 198: Simon Petrus (338 words)


Simon Petrus miyos ing Betsaida, Galilea. Ing sajarah Kristen, panjenengané lan Andreas punika salah satunggal saking kalih welas rasul kapisan Yesus. Sadèrèngipun dados rasul, panjenengané makarya dados warigaluh.

Yesus nggantos asma Simon, dados Kéfas utawi Petrus, ateges watu karang ingkang dados tandha Petrus punika pamimpin murid Yesus lan landhesan gréja ingkang badhé dipundegaken Yesus ing inggilipun.

Petrus ingkang nomer satunggal miwiti ngakèni imanipun bilih Yesus punika Kristus lan putra Allah ing Kaisarea lan penjenengané nyeksèkaken transfigurasi Yesus ing nginggil redi.

Sawijining kadadosan ingkang lekat kalih Petrus inggih punika tindakanipun nyangkal kaping tiga tumrap Yesus ingkang dipunparingi tandha kaping tiga pitik jago kluruk sadèrèngipun guru punika dipunsalib.

Petrus taksih dèrèng kathah makarya sasampunipun kaminggahan Yesus dumugi ing Swarga. Petrus lan murid-murid sanèsipun taksih dedalem wonten ing lebet kutha Yerusalem, Kempal kanggé semèdi lan sembayang sesarengan kaliyan kirang langkung satus kalih dasa tiyang, ngantos dumugi dinten Pentakosta. Ing dinten Pentakosta punika Roh Suci disiramaken kados ilat-ilat geni. Sasampunipun kadadosan punika Petrus maringi kutbah ingkang pungkasanipun njalari tigangewu tiyang nyuwun dipunbaptis.

Ing tembé wingking Petrus lumampah lan dedalem ing Roma. Roma ing wekdal punika dados pusat sadaya Kamaharajan Romawi. Ing mrika, Petrus nobataken kathah tiyang. Ing wekdal panganiaya kejem tumrap tiyang-tiyang Kristen dipunwiwiti, jemaat ing mrika nyuwun dhumateng Petrus supados ninggalaken Roma lan nylametaken dhiri. 	

Kocap miturut tradhisi, Petrus pancèn saweg sajeroning lampah ninggalaken Roma ing wanci panjenengané papagan kaliyan Yesus ing tengah margi. Petrus tanglet dhumateng Gusti, “Gusti, badhé dhateng pundi Gusti tindak?” (mawi basa Latin: Quo Vadis?). Yesus njawab, “Aku teka kanggo disalibaké kaping pindho.” Sasampunipun kadadosan punika Petrus mbalik lan wangsul tumuju Roma. Panjenengané mangertos manawi kadadosan ingkang dipuntingali punika ateges panjenengané kedah sengsara lan séda kanggé Yesus.

Ing wekdal rumiyin dèrèng mau paus, nanging Petrus sampun dados kepala Konsili Para Rasul ing Yerusalem taun 50.

Sasanèsipun khotbah, Petrus ugi nyerat surat-surat ingkang sapunika wonten ing tunggaling Prajanjéyan Enggal.

Petrus séda kanthi cara dipunsalibaken kuwalik ing Roma ing mangsa pamaréntahan Kaisar Nero. Petrus dipunsarèaken ing papan ingkang sapunika persis wonten ngandhap altar utami Basilika Santo Petrus ing Vatikan.




#Article 199: Paus Anakletus (481 words)


Paus Anakletus I utawi Kletus ingkang séda kirang langkung taun 88 punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (76-88).

Kala rumiyin, nama Anakletus kaliyan Kletus naté dipunbèntenaken. Kalih asma kasebat dipunanggep minangka kalih tiyang ingkang bènten, Nanging, selaras kaliyan pratélan resmi Paus ingkang dipunwedalaken Takhta Suci Vatikan sarta pratélan ingkang dipunterbitaken déning Santo Ireneus, Paus Anakletus lan Kletus punika tiyang ingkang sami.

Nalika njawat, panjenenganipun mérang Roma dados 25 paroki, yasa kapel ing redi Ostian kanggé ngurmati Santo Paulus lan kapel ing sainggiling pasaréanipun Santo Petrus ing Vatikan.

Anakletus séda minangka martir ing wekdal panganiayan Kaisar Domitianus. Miturut Buku Para Paus (Liber Pontificalis), panjenenganipun dipunsaréaken ing sacelaking pasaréyanipun Santo Petrus.

Paus Anaclètus I, ya iku Paus Romawi ketélu (setelah St Peter lan St Linus). Dhèwèké uga uga kedaftar koyok Paus Cletus lan masa kepausane pernah kliru dikanggo ngdadi Cletus lan Anacletus.

The 14 Fèbruari 1961 Instruksi Kongregasi Ritus ing aplikasi kanggo kalender lokal instructum proprio Paus Yohanes XXIII kang motu Rubricarum teko 25 Juli 1960 ngpancetake yèn dino raya 'Saint Anacletus', apa pun kang lemah lan ning apa pun kelas iku dirayakake, ditransfer sampek 26 April, ing ngisor jeneng tengen, 'Saint Cletus' The Martirologi Romawi nyebutake. Paus kang bercantholan gor ing ngisor jeneng Cletus. The Pontificio Annuario nge'iake keloro bentuk, koyok alternatif. Eusebius, Saint Irenaeus, Saint Augustine lan Optatus kabèh ngdudingake yèn keloro jeneng ngacu ing individu kang padha. Ing sisih liyo, Catalogue Liberia lan Pontificalis Liber apik ngnyatakake yèn Anacletus lan Cletus ya iku loro wong kang berbedo.

Jeneng Cletus ning wong kang wis karan Yunani Kuno berarti, lan Anacletus berarti wong kang wis diceluk balik. Ugo Anencletus (Yunani: Ανέγκλητος) berarti kecela.

St Cletus / Anacletus kanthi tradhisional dikatakake wis ngdadi Romawi, lan wis ngdadi paus selama loro belas taun. The Annuario Pontificio ngnyatakake: Selama loro abad pertama, tanggal awal lan akir Paus ndak pasti. Iki nge'iake taun-taun 80-92 koyok pamaréntahan Paus Cletus / Anacletus. Sumber-sumber liyo nge'iake taun 77-88.

Tradisi ngatakake yèn Paus iki dikanggo Roma ngdadi loro puluh limo paroki. Kliru siji cathetan urip beberapa tentang kepausan iku nyebutake dhèwèké koyok wis ditahbiskan jumlah pasti para imam.

Dhèwèké dimakamake ing samping pendahulune, Saint Linus, ing Basilika Santo Petrus, ing wadhah kang sekarang Vatikan. Jenengne (koyok Cletus) kalebu ning Kanon Romawi Misa

Kalender Tridentin ngnduwéi ing tanggal 26 April dino raya Saint Cletus, dihormati berpadha-padha karo Saint Marcellinus, lan ing 13 Juli dino raya Saint Anacletus. Ing taun 1960, Paus Yohanes XXIII, sambil ngjogo pista 26 April, kang nyebutake suci ing ngisor jeneng kang dike'iake nengne ning Kanon Misa, dibutek yèn tanggal 13 Juli. Penggunaan iki, kalender 1960 kang kalebu ning edisi 1962 teko Misale Romawi, terus dike'i wewenang ing ngisor kondisi kang didudingake ning proprio motu Summorum Pontificum, namung pista wis dibutek teko Kalender Romawi Umum sejak taun 1969. Sanajan dino kemodarane ndak diketaui,. Saint Cletus terus kecantum ning Martirologi Romawi antarané wong-wong kudus 26 April.




#Article 200: Paus Clemens I (408 words)


Paus Klèméns I uga dikenal koyok Saint Clement teko Roma (ning boso Latin, Clemens Romanus), kedaftar teko tanggal awal koyok Biskop Roma . Dèwèkè ya iku Bapa Apostolik pertama Gréja.

Beberapa rincian sing diketaui tentang keuripan Clement. Nurut Tertullian, Clement ditahbiskan olèh Saint Peter, lan dhèwèké diketaui wis ngdadi anggota kekemuka teko gréja ing Roma ing abad ing-1 akir. Pratélan gréja mula-mula-mula nempatkan dhèwèké koyok sing keloro utawo ketelu biskop Roma setelah Saint Peter. The Liber Pontificalis nyajiake pratélan sing nggawe Paus Linus keloro ing garis biskop Roma, karo Petrus koyok pertama, namung ing saat sing padha dhèwèké ngnyatakake yèn Peter ditahbiskan loro biskop, Linus lan Paus Cletus, kanggo layanan imam masarakat, mbudakake dewene dewe, duduk kanggo dungo lan khotbah, lan yèn iku ya iku kanggo Clement yèn dhèwèké ngpercayakake Gréja kanthi keseluruhan, ngduding dhèwèké koyok penggantine. Tertullian uga nggawe Clement penterus langsung teko Peter. Lan sawatara ning kliru siji karyané Jerome nge'iake Clement koyok biskop kepapat Roma setelah Petrus (duduk ning arti penterus kepapat Petrus, namung kepapat ning seri sing kalebu Petrus), dhèwèké ngimbuhake yèn sapérangan gedhé wong Latin berpikir Clement sing keloro setelah rasul Clement diletakake setelah Linus lan Cletus / Anacletus ing awal (c. 180) akun, ya iku Irenaeus,  sing dimeloki olèh Eusebius teko Kaisarea. Arti teko laporan awal ndak jelas, ngeling kurangne bukti kanggo keuskupan monarki ing Roma ing ngono awal kencan.

Gor asli tulisan sing iseh onok Clement ya iku suratne ing jemaat ing Korintus (1 Clement), ning nanggapi sengketa ing ngendi imam ketentu teko jemaat Korintus wis dipecat. Dhèwèké negasake otoritas penatua koyok pengkuasa gréja, karo alasan yèn Rasul wis ngduding koyok  Hal iku dimocoake ing gréja, berpadha karo surat-surat liyone, beberapa ing antarané bar ngono ngdadi Kristen canon,. lan merupakan kliru siji dhokumèn ketuwek sing iseh onok ing njobo Kristen Perjanjian Anyar. Iki pekerjoan wigati ya iku sing pertama kanggo negasake otoritas kerasulan ulama.

Sebuah surat keloro,  Clement, disebabake Clement sanajan beasiswa keanyar ngdudingake kanggo ngdadi homili olèh pentulis liyo.  Ning Sastra Clementine legendaris, Clement ya iku perantara nglalui sopo rasul ngwulangake gréja. Nurut tradisi ndak lewih awal teko abad ing-4, Clement dipenjarakake ing ngisor Trajan Kaisar namung pancet ngpimpin pelayanan antarané sepadha tahanan. Dhèwèké bar ngono dieksekusi karo coro diikat ing jangkar lan diuncalake ing segoro.

Clement diakui koyok wong suci ing gréja Kristen. Dhèwèké diperelingi ing tanggal 23 November ing Gréja Katolik Roma, Komuni Anglikan, lan Gréja Lutheran. Ing Wétan Kristen Ortodoks pestane disimpen ing 24 utawo 25 November.




#Article 201: Paus Aleksander I (127 words)


Paus Santo Aleksander I (???-115) punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun 106 dumugi 115. Miturut Liber Pontificalis, Aleksander punika rakyat Roma ingkang gesang ing wekdal pamréntahan Kaisar Trayanus.

Dokumen resmi Vatikan Annuario Pontificio 2003 nelaaken bilih Aleksander I njabat wiwit taun 108 utawi 109 dumugi 116 utawi 119. Kathahingkang nelaaken bilih piyambakipun punika satunggaling martir, nanging mboten wonten bukti sajarah ingkang nyengkuyung kesimpulan wau.

Ing mangsa kepausanipun, piyambakipun maringi kathah pengaruh ing tembung-tembung Liturgi, kados Qui pridia quam pateretur (Ing dinten sadèrèngipun Gusti sangsara) ing Puji Panuwun Agung ing riyaya Ekaristi. Piyambakipun ingkang sepisanan ngesahaken dipunwontenaken pamberkatan griya.

Eusebius, ing Ecclesiastical History IV, IV, 1, nelaaken bilih Aleksander séda ing taun kaping tiga saking mangsa pamréntahan Kaisar Hadrian, sasampunipun ngasta biskop Roma sedasa taun.




#Article 202: Paus Sixtus I (373 words)


Paus Sixtus I  punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (115-125).
 
Paus Siktus I ya iku Biskop Roma tèko sékitar 114 utawo 119-124 utawo 128 CE, nggantiake Paus Alexander I lan digantiake olèh Telesphorus Paus. Ning dhokumèn ketuwek, Xystus ya iku ejaan sing kanggo telu pertama paus teko jeneng iku. Paus Sixtus Aku uga Paus keenem setelah Peter.

Takhta Suci Annuario Pontificio (2012) ngidentifikasi dewene koyok seorang Romawi sing ngperintah teko 117 utawo 119-126 utawo 128. Nurut katalog Liberia teko Paus, dhèwèké ngpimpin Gréja ing masa pamaréntahan Hadrian seorang Negro consulatu et Aproniani usque Vero III et Ambibulo, ya iku 117-126.

Eusebius ngnyatakake ning Chronicon yèn Sixtus aku Paus 114-124, sementara iku Historia Ecclesiastica, nggunakaké  katalog sing berbedo teko paus, nglaim kekuasaane 114-128. Kabèh pihak berwenang setuju yèn dhèwèké ngperintah sakiwa-tengené sepuluh taun.

Sixtus I dikreditake koyok wis dilembagakake beberapa tradisi Katolik Romawi liturgi lan administrasi, namung sejarawan percaya yèn iki dicantolake karone olèh pentulis bar ngono sing tertarik nguat klaim kepausan kanggo supremasi kuna. Koyok keakehan pendahulune, Sixtus aku diyakini dimakamake ing cedek makam Santo Petrus ing Bukit Vatikan, sanajan onok perbedoan tradisi ngeneki ing ngendi tubuhne kegletak dino.

Dhèwèké ya iku seorang Romawi olèh kelahiran, lan jeneng bopone ya iku Pastor. Nurut Pontificalis Liber (ed. Duchesne, I.128), dhèwèké ngliwati telu tata coro koyok berikut: yèn ndak onok namung sakral mantri diperolehake kanggo nyentuh pembuluh suci; yèn biskop sing wis diceluk ing Takhta Suci arep, setelah mereka balik, ndak arep ditompo olèh keuskupan mereka kejobo nge'iake surat Apostolik;  yèn setelah Pendahuluan ning Misa imam kudu nglafalake Sanctus karo wong-wong.

Ngeneki tanggal Sixtus I, sesuai karo katalog Liberia teko Paus, dhèwèké ngpimpin Gréja ing masa pamaréntahan Hadrian a consulatu Negro et Aproniani usque Vero III et Ambibulo, ya iku 117-126. Para sejarawan Eusebius gréja abad ing-4, piyé, ngnyatakake ning Chronicon yèn Sixtus aku ya iku Paus 114-124, sementara iku Historia Ecclesiastica, karo nggunakaké  pratélan sing berbedo, nglaim yèn aturan Sixtus 'yoiku 114-128.

Alban Butler (Lives of the Saints, 6 April) ngnyatakake yèn X Clement nge'iake beberapa pentinggalan ing Kardinal de Retz, sing nempatkan mereka ing Biara St Michael ing Lorraine. The Xystus sing diperelingi ing Canon Katolik Misa ya iku Xystus II, ndak Xystus I.

Pestane dirayakake ing tanggal 6 April.




#Article 203: Paus Telesphorus (286 words)


Paus Telesphorus  punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (125-136).

Paus Tèlèsphorus ya iku Paus teko 126 utawo 127 sampèk 136 utawo 137 utawo 138, selama pamaréntahan Kaisar Romawi Hadrian lan Antoninus Pius. Dhèwèké kemedosan Yunani lan lair ing Terranova da Sibari , Calabria, Italia.

Telesphorus kanthi tradhisional diperhitungake koyok biskop Romawi kepitu berturut-turut setelah Saint Peter. The Liber Pontificalis nyebutake yèn dhèwèké wis pertapa suatu (utawo pertapa) biksu sebelum asumsi kantor. Nurut kesaksian Irenaeus (Against Heresies III.3.3), dhèwèké ngderita mulia modar syahid. Sanajan paus awal kang paling karan martir olèh sumber koyok Ponificalis Liber, Telesphorus ya iku kang pertama ing sopo Ireneaus, nulis adoh sebelumne, nge'iake gelar iki.

Eusebius (Sajarah Gréja iv.7, iv.14) nempatkan awal kepausane ing taun keloro belas teko pamaréntahan Kaisar Hadrian (128-129) lan nge'iake tanggal kemodarane koyok taun pertama pamaréntahan Antoninus Pius (138-139) .

Ning Martirologi Romawi pestane dirayakake ing tanggal 2 Januari, Gréja Yunani ngrayakake iku ing 22 Fèbruari.

Tradisi Misa Natal tengah bengi, karaméan Paskah ing dino Minggu, kang ngjogo teko pitu minggu-Prapaskah sebelum Paskah lan nyanyian Gloria racaké dicantolake karo Paus nya, namung beberapa sejarawan ngraguake yèn atribusi kesebut akurat.

Sebuah fragmen surat teko Irenaeus ing Paus Victor I selama kontroversi Paskah ing akir abad ing-2, uga diawetake olèh Eusebius, bersaksi Telesphorus iku ya iku kliru siji teko para biskop Romawi kang selalu ngrayakake Paskah ing dino Minggu, duduk ing dino-dino liyo ning seminggu nurut perhitungan Paskah Yahudi. Ndak koyok Victor, piyé, Telesphorus pancet ning persekuthuan karo komunitas-komunitas kang ndak ngmeloki pakulinan iki.

Para Karmelit nghormati Telesphorus koyok santo pelindung order sejak beberapa sumber nggambaraké dhèwèké koyok seorang pertapa kang tinggal ing Gunung Karmel.

Kuto Saint-Telesphore, ing pérangan kulon doyo teko Kanada Quebec provinsi, dijenengi nurut jenengne.




#Article 204: Paus Hyginus (253 words)


Paus Hyginus punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (136-140).

Paus Higinus ya iku biskop Roma téko sèkitar 136 utawo 138 ngdadi sèkitar 140 utawo 142. Tradisi ngatakake yèn selama kepausan dhèwèké nentuake prerogatif berkoyok ulama lan ngdefinisiake aji teko hirarki gerejawi.. Namung, para sarjana modern cenderung ngraguake klaim iki lan nglihat pamaréntahan gréja Roma selama periode iki koyok iseh lewih utawo kurang kolektif.

Nurut Pontificalis Liber, Hyginus ya iku seorang Yunani lair ing Athena. Ngnyatakake sumber lewih lanjut yèn dhèwèké sebelumne ya iku seorang filsuf, mungkin dideweake ing kepadhaan jenengne karo loro pentulis Latin.

Irenaeus ngatakake yèn Valentinus Gnostik teko ing Roma ning waktu Hyginus iki, sing kesisa ing kono sampai Anicetus ngdadi Paus (Against Heresies, III, iii). Cerdo, seorang Gnostik lan pendahulu Marcion, uga tinggal ing Roma ing masa pamaréntahan Hyginus, karo ngakui kekliruan lan recanting dhèwèké berhasil ngperoleh ditompo balik ing ning pangkuan Gréja, namung akhirne dhèwèké ceblok balik ing ning wulangan sesat lan diusir teko Gréja. Berapa akèh teko peristiwa iki terjadi ing masa Hyginus ndak diketaui.

The Liber Pontificalis uga ngceritakake yèn Paus iki diselenggarakake hirarki lan ngdeweake urutan prioritas gerejawi (Hic clerum composuit et distribuit gradus). Iki pengamatan umum berulang uga ning biografi Paus Hormisdas, ndak ngnduwéi aji sajarah, lan nurut Duchesne, pentulis mungkin ngacu ing perintah sing lewih cendek teko ulama.

Sumber-sumber kuna ndak berisi informasi ngeneki nya wis modar koyok martir. Ing kemodarane dhèwèké dimakamake ing Bukit Vatikan, cedek makam Santo Petrus. Pestane dirayakake ing tanggal 11 Januari.

Telu surat dicantolake karone slamet.




#Article 205: Paus Anisetus (250 words)


Paus Anisetus  punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (155-166).

Paus Anicétus ya iku Paus teko Gréja Katolik tèko sèkitar 150 sampai sakiwa-tengené 167 (pratélan Vatikan ngutip 150-167 utawo 153-168). Jenengne Yunani kanggo Gak Kekalahake. Dhèwèké ya iku seorang Suriah teko kuto Emesa (modern-dino Homs).

Nurut Irenaeus, iku selama kepausane nya yèn Polikarpus tuwek teko Smyrna, seorang murid Yohanes Penginjil, ngunjungi Roma kanggo ngngomongake karaméan Paskah karo Anicetus. Polycarp lan Gréja-Nya Smirna ngrayakake penysaliban ing dino kang kepapat belas wulan Nisan, kang bertepatan karo Pesach (utawo Paskah) keucul teko dino minggu setelah tanggal iki ceblok, sementara Gréja Roma ngrayakake Paskah ing dino Minggu-dino kerjo Yesus 'ketangian. Keloro ndak setuju ing tanggal kang padha, namung Anicetus ngakui ing St Polikarpus lan Jemaat Smirna keisoan kanggo nahanake tanggal kang mereka kebiasa. Kontroversi ya iku kanggo tumbuh dipanasake ning abad-abad berikutne.

Para sejarawan Kristen Hegesippus uga ngunjungi Roma selama 'Anicetus kepausane. Kunjungan iki sok karan koyok tondo pentingne awal Romawi See.

St Anicetus ya iku Biskop Roma pertama kang ngutuk wulangan sesat karo nglarang Montanisme. Dhèwèké uga aktif nentang Gnostik lan Marcionisme. Nurut Liber Pontificalis, Anicetus ngpedhotake yèn imam ndak dipamitake kanggo ngnduwéi rambut dawa (mungkin amarga Gnostik ngmongkoi rambut dowo).

Nurut legenda, St Anicetus kemartiran ing masa pamaréntahan Kaisar Verus Co-Lucius Romawi, namung ndak onok alasan historis kanggo akun iki [3] 16, 17 lan 20 April kabèh karan-sebut koyok tanggal kemodarane,. Namung 20 April saat iki dirayakake koyok dino raya nya Sebelum 1970, tanggal kang dipilih ya iku 17 April.




#Article 206: Paus Leo I (174 words)


Paus Leo I punika satunggiling aristokrat Romawi Kuna ingkang ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun 440-461. Panjenenganipun punika Paus pisanan ingkang dipunanugrahi gelar Agung, saéngga dipuntepangi minangka Paus Leo Agung. Panjenenganipun dipunkawruhi sampun damel Attila yakin kanggé tindak dhumateng gapura Roma salaminipun kampanye militèr 452. Nalika taun 452, nalika Italia Lèr dipunserang déning Atilla, Leo nempuh let 320 km kanthi migunakaken turangga kanggé ngadhepi Atilla lan mbujuk supados narik wadyabalanipun. Prastawa puniki dipuntepangi minangka pangladosan paling ageng Leo Agung I.

Leo tilar donya nalika tanggal 10 November 461 lan panjenenganipun dados imam sepisanan ingkang dipunsarèkaken salebetipun gréja Santo Petrus. Panjenenganipun uga wujud satunggiling téolog lan wujud figur pamimpin séntralisasi salebetipun pangorganisasian Gréja Katulik Roma. Sasanèsipun puniku, Paus Leo ugi dipuntepangi amargi padhebatanipun kaliyan Eutykhes. Salebetipun ngadhepi Eutykhes, Leo boten rawuh kanggé tumut salebetipun Konsili Efesus 449, nanging panjenenganipun ngintunaken satunggiling pranyatan ingkang dipunamot salebetipun Tomus. Tomus puniki dipunbeta déning délegasi Leo kanggé dipunwaosaken ing salebetipun konsili minangka wangun kutukan dhumateng Eutykhes. Dékrit salebetipun Tomus puniki ugi dipundhukung penuh déning Kaisar Valentinus III.




#Article 207: Paus Agapitus I (114 words)


Paus Agapetus I punika, ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma wiwit taun 535 dumugi 22 April 536.

Agapitus miyos ing Roma, tanggal wiyosanipun boten dipunkawruhi. Putra saking Gordianus, satunggiling pandhita Roma ingkang dipunpejahi nalika karusuhan ing dinten-dinten Paus Symmakus (498-514). Nami bapanipun mungkin sesambetan kulawarga kaliyan kalih Paus sanèsipun: Feliks III (483-492) lan Gregorius I (590-604). Gregorius punika katurunan saking Felix. Bapanipun Gregorius, Gordianus, nyepeng peran Regionarius ing Gréja Katulik Roma. Boten wonten informasi langkung lebet prakawis posisinipun.

Agapitus sesarengan kaliyan Kasiodorus madegaken pabukon gréjawi ing Roma mertalaken saking basa Yunani lan Latin, lan mitulungi Kasiodorus salebetipun proyèk pamertalan Filosofi Yunani dhumateng basa Latin.

Panjenenganipun dipunlantik saking dékan Agung dados Paus nalika taun 535.




#Article 208: Paus Bonifatius III (212 words)


Paus Bonifasius III (???-12 November 607) punika, ngasta jawatan Paus Gréja Katulik Roma wiwit 19 Fèbruari 607 dumugi 12 November 607.

Penahbisanipun dados Paus mbetahaken wekdal mèh satunggal taun sasampunipun Paus ingkang ngasta sadèrèngipun inggih punika Paus Sabinianus séda, amargi sapérangan isu kados kaabsahan pamilihanipun. Bonifasius kukuh nelaaken bilih pamilihanipun punika resik lan jujur, lan malah piyambakipun nolak lenggah ing tahta kapausan ngantos mangertos kaleresan kasunyatanipun. Perkawis punika nambah kapitadosan dhumateng Bonifasius nalika panjenenganipun ing pungkasanipun dipuntahbisaken dados Paus.

Bonifasius ngedalaken dekrit éwah-éwahan signifikan ing tata cara pamilihan Paus:

Éwah-éwahan punika nedahaken sikap serius Bonifasius ingkang péngin supados pamilihan Paus betul-betul murni.

Tumindakipun salajengipun nggambaraken kacelakanipun kaliyan Kaisar Phocas. Panjenenganipun nyuwun lan pikantuk satunggiling dekrit saking Phocas ingkang nelaaken malih bilih Tahta Rasul Petrus ingkang Binerkahan punika Kepala saking Samudaya Gréja. Dekrit punika mesthèaken bilih gelar Biskop Universal (Biskop Semesta) dipundarbèni kanthi eksklusif déning Biskop Roma. Dekrit punika ugi kanthi efektif ngendhegaken upados Patriark Cyriacus saking Konstantinopel ingkang ugi kepéngin dhumateng gelar Biskop Universal kanggé piyambakipun. Sanajan sapérangan ahli nganggep prekawis punika dados bukti bilih Bonifasius ngedegaken Gréja Katulik Roma, nanging dekrit punika leresipun namung nelaaken malih sawangan Kaisar Yustinus I rumiyin ingkang sampun maringi pengakuan dhumateng kautamèn Biskop Roma.

Bonifasius III dipunsaréaken ing Basilika Santo Petrus, Roma, tanggal 12 November 607.




#Article 209: Paus Adeodatus (100 words)


Paus Adeodatus II (???-676) punika ngasta jabatan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (672-676). Sekedhik sanget ingkang dipunmangertos prakawis piyambakipun. Cathetan ingkang wonten kathaipun nedahaken bilih Adeodatus dipunkenal amargi kamirahan lan kasaénanipun, khususipun tumrap kaum papa lan kaum pendhatang.

Adeodatus II punika setunggaling biarawan saking Biara Santo Erasmus ing Bukit Celio. Piyambakipun aktif ngleresaken disiplin monastik lan ngadhepi tantangan saking paham monotelisme.

Piyambakipun sampun sepuh nalika kapilih dados Paus lan éwadéné piyambakipun njabat laminipun sekawan taun, boten wonten kemajengan ageng salaminipun mangsa pontifikatipun.

Piyambakipun kadhang sinebut Adeodatus kémawon (tanpa nomer) amargi Paus Adeodatus I kadhang ugi kakenal kanthi Paus Deusdedit.




#Article 210: Paus kapilih Stephanus (186 words)


Stephanus punika satunggiling pastur Roma kapilih minangka Paus ing wulan Maret 752 kanggé nggantosaken Paus Zacharias; panjenenganipun tilar donya amargi stroke sapérangan dinten salajengipun, sadèrèngipun dipuntahbisaken  biskop. Panjenenganipun punika satunggiling presbiter kardinal, kanthi titulus San Crisogono (sami  titulus kaliyan Kardinal Frederick saking Lorraine, ing tembé wingking Paus Stephanus IX), ingkang kapilih déning Paus Zacharias taun 745.

Buku taunan Kapausan nglebetaken Stephanus punika salebetipun pratélan Paus minangka Paus Stephanus II dumugi Konsili Vatikan II (1962–65)ingkang nélakaken bilih panjenenganipun punika sanès satunggiling paus, lan maringaken sesebatan kepausan Stephanus ingkang dipunlajengaken panomeran dhobel kanggé nggambaraken éwah-éwahan punika. Déning panggentosipun, ingkang ugi dipunsebat Stephanus (752–757), ing awalipun dipunsebat minangka Stephanus III nanging sapunika kadhaptar minangka Stephanus II.

Saking taun 752 dumugi taun 942, pitu paus mréntah kanthi nama Stephanus. Awalipun, sadaya paus punika boten dipunbèntenaken amargi panomeran regnal boten dipuntrepaken dhumateng paus dumugi abad angka 10. Sedaya paus punika dipunparingi nama Stephanus II dumugi VIII sasampunipun tilar donya. Paus salajengipun ingkang mundhut nama Stephanus ing taun 1057, sasampunipun panomeran dados kabiyasaan, dipunsebat minangka Stephanus IX salami gesangipun lan panjenenganipun napakastani sadaya dhokumènipun kanthi Stephanus Nonus Papa utawi Paus Stephanus IX.




#Article 211: Paus Benediktus IV (111 words)


Paus Benediktus IV (???-903) punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (900-903).

Benediktus IV punika putra saking Mammalus, pendunung asli Roma. Sejarawan abad kaping 10, Frodoard, ingkang maringi jejuluk Benediktus ingkang Agung, ngalembana wiyosanipun ingkang mulya lan kamirahanipun tumrap masarakat umum.

Benediktus IV ngiyataken pentahbisan ingkang dipunlampahi déning Paus Formosus, ingkang jenazahipun dipunkedhuk malih déning Paus Stefanus VI lan ngadili piyambakipun ing Konsli Cadaver taun 897. Ing taun 901, sasampunipun Kaisar-Kaisar Carolingian sampun boten wonten, Benediktus tumut dhumateng conto Paus Leo III lan paring makutha dhumateng Louis saking Provence dados Kaisar Romawi Suci. Ing mangsa kepausanipun, piyambakipun ugi ngekskomunikasi Baldwin II saking Flanders amargi mrajaya Fulk, Biskop Agung Rheims.




#Article 212: Paus Benediktus IX (639 words)


Paus Benediktus IX (Roma, ±1012 – 1055, 1065, atau 1085), miyos kanthi asma Theophylactus, punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma  wiwit taun 1032 dumugi taun 1044, ngasta malih ing taun 1045, lan pungkasanipun wiwit taun 1047 dumugi taun 1048. Panjenenganipun satunggal-satunggaling ingkang ngasta kalungguhan Paus tigang periode ingkang pedhot-pedhot. Panjenenganipun ugi dados Paus paling anem. Theophylactus punika putra saking Alberic III, Count Tusculum, ugi ponakanipun Paus Benediktus VIII (1012-1024) lan Paus Yohanes XIX (1024-1032). Ramanipun pikantuk kursi Kepausan kanggé piyambakipun lan masrahaken dhumateng putranipun punika ing wulan Oktober 1032 .

Miturut Ensiklopedia Katulik lan sumber-sumber sanèsipun, Benediktus IX yuswanipun kirang langkung 18-20 taun nalika minggah dados Paus, éwadéné sapérangan sumber sanèsipun ngeklaim 11 utawi 12 taun. Sapenuhipun boten cocog ngasta kalungguhan paus, kadosipun panjenenganipun gesang wonten kondisi kebak kegalauan; sanajan ing prakawis téologi lan aktivitas kagrejawan limrah panjenenganipun sapenuhipun ortodoks. Santo Petrus Damianus nggambaraken panjenenganipun punika bingah-bingah ing sakinggiling katunasusilan lan sétan saking nraka ing wangun imam ing Liber Gomorrhianus, satunggaling panliten prakawis skandal korupsi lan seks Paus ingkang nudhuh Benediktus IX dhumateng pakulinan homoseksualitas dan kebinatangannya.

Benediktus IX énggal dipunpeksa medal saking Roma taun 1036, lan mbetahaken panyengkuyung saking Kaisar Konrad II (1024-1039) supados saged dados Paus malih.

Ing wulan September 1044,  panjenenganipun dipunpeksa medal malih saking kutha punika lan dipungantosaken déning Paus Silvester III (1045), ingkang kadhang kaanggep dados satunggaling tiyang ingkang Anti-Paus, éwadéné kanthi umum abdikasi/pangandhapan tahta Benediktus (ingkang dipungantosaken sapérangan arta) dipunanggep sah.

Benediktus IX salajengipun meksa mlebet malih ing wulan April 1045 lan meksa medal rivalipun. Dumados perdebatan prakawis menapa Silvester kanthi sah sarujuk dhumateng abdikasinipun kanthi sesidheman. Lan kanthi makaten boten cetha sinten Paus ingkang sah salaminipun mangsa kasebat dumugi mangsa Paus Clemens II (ing pundi Silvester kanthi nyata nampi pangandhapan tahtanipun). Éwadéné makaten, mangsa kepausan kekalih Benediktus ugi asring dipunanggep sah 
.

Benediktus IX salajengipun ngunduraken dhiri ing wulan Mèi 1045, kamungkinan ageng amargi badhé palakrama. Panjenenganipun nyadé kantoripun dhumateng satunggaling imam John Gratian, wali baptisipun (kamungkinan reginipun langkung saking 650 kg emas). Gratian lajeng dados Paus Gregorius VI (1045-1046) ing wulan Mèi 1045. Éwadéné makaten, manawi Silvester dèrèng naté kanthi resmi ngunduraken dhiri, Benediktus utawi Gregorius sajatosipun sanès Paus ingkang sah salaminipun periode wau. Benediktus IX lajeng kadosipun keduwung dhumateng sadéan punika lan nyobi malih ngendhegaken Gregorius VI. Silvester III ugi muncul malih kanggé nglaim hakipun dhumateng tahta wau.

Benediktus IX saged ngrebat Roma lan minggah tahta malih dumugi Juli 1046 éwadéné Gregorius VI kadhung dipunakeni dados Paus ingkang sah. Kaisar Romawi Henry III (1039-1056) ngintervensi lan ing Konsili Sutri wulan Dhésèmber 1046, Benediktus IX lan Silvester III dipunjabel saking kantoripun lan Gregorius VI dipunanjuraken ngunduraken dhiri ingkang salajengipun dipunturuti déning Gregorius VI. Silvester nampi penjabelan puniki déné Benediktus IX boten ngrawuhi konsili wau. Biskop Jerman Suidger dipunangkat dados Paus Clemens II (1046-1047), ingkang dipuntolak déning Benediktus IX éwadéné parebatan tahtanipun dhumateng Gregorius VI uga boten kabantahaken.

Sasampunipun Clemens II séda wulan Oktober 1047, Paus Benediktus IX ngrampas Pura Lateran ing wulan November 1047 nanging dipunusir medal wulan Juli 1048. Salaminipun periode puniki panjenenganipun kanthi umum dipunakeni dados Paus ing periode kaping tiga kepausanipun.

Ing taun 1048, Poppo saking Brixen pungkasanipun kanthi permanen saged meksa panjenenganipun medal lan kepilih dados Paus Damasus II. Benediktus IX nolak muncul kanggé nampi tuduhan ing simoni taun 1049 lan pungkasanipun dipunekskomunikasiaken. Benediktus IX kanthi universal dipunanggep sarujuk dhumateng abdikasinipun saking mangsa jabatanipun ingkang kaping tiga, lan Damasus II kanthi universal dipunakeni dados Paus ingkang sah.

Pungkasaning gesangipun Benediktus IX boten saged dipunmangertos kanthi cetha. Panjenenganipun mungkin ing pungkasanipun nyerah lan ngunduraken dhiri saking kapausan, séda kirang langkung taun 1065 ing Biara Grottaferrata. Sumber-sumber sanès nelaaken bilih panjenenganipun séda taun 1085. Paus Leo IX (1049-1054) kamungkinan sampun njabel larangan kanggé panjenenganipun. Lapuran sanès nelaaken bilih kamungkinan panjenenganipun tetep nglajengaken pados panyengkuyung kanggé wangsul dhumateng kepausan nanging séda ing wulan Januari 1055 utawi 1056.

Cathetan suku




#Article 213: Paus Aleksander II (302 words)


Paus Alexander II (kemodar 21 April 1073), lair Anselmo da Baggio,  ya iku Paus tèko 1061 kanggo 1073. 
Déwéké lair ing Alus. Koyok Anselm, biskop Lucca, dhèwèké wis ngdadi sebuah energetik pérangan karo Hildebrand Sovana ning pekerjoan kanggo nindas simony lan ngpeksoake clerical celibacy. pilihan papal 1061, kang ngendi Hildebrand wis kesusun ing conformity karo papal ngpedhotake 1059 (lihat Pope Nicholas II), ya iku ndak onok sanctioned demi kerojoan pengadilan Berjerman. Bener kanggo pelatihan amati ning kang kedahulu pilihan-pilihan papal, pengadilan Jerman dicalonake calon kang liyo, Cadalus, biskop Parma, sopokah keproklamasi Pope ing dewan teko Basel dibawah jeneng teko Honorius II. Dhèwèké berbaris kanggo Roma lan kanggo beberapa waktu kebolah posisi saingane. ing dowo, arep namung, Honorius ditinggalake demi Jerman pengadilan lan kepecat olèh sebuah dewan ngdemek ing Mantua ; Alexander posisi II kesisa ndak ketantang 

Ing 1065, Alexander ngelingi Landulf VI Benevento yèn percakapan teko Yahudi-yahudi duduk kanggo diperoleh olèh pekso. Ugo ing kepadhaan taun, Alexander ngceluk kanggo sebuah perang salib terhadap Tambatan-tambatan ning Spanyol 

Ing 1066, dhèwèké nghibur sebuah embassy teko legitimasi Duke Normandy Guillaume II, Guillaume le B â tard, (setelah penyserbuan penuh suksesne Inggris dhèwèké teko kanggo ditau koyok William pentaklukake) kang ngendi wis dikirimake kanggo ngperoleh berkatne kanggo Manungso maupun pentaklukan Inggris. dhèwèké Iki nge'i ing mereka, o. ing mereka sebuah ali-ali papal, Standar St. Pembinatang inguan, lan sebuah papal edict kanggo sekarang kanggo keInggrisan clergy berkata iku William dike'iake papal mberkati kanggo pennyangane kanggo tahta. keramahan-keramahan Iki ya iku bersifat piranti musik dining kemanutan teko keInggrisan gréja lan wong berikut iku Pertempuran peBuru-buru. 
Alexander II oversaw pentindasan teko  Alleluia  selama Gréja Latin 's karaméan kenyiih. Iki dimeloki ing dino iki, lan ing upacara Tridentine  Alleluia  ya iku uga keilang selama mangsa Ketekoan. 
Alexander II dimeloki olèh persijiane Hildebrand, kang ngambil judhul teko Gregory VII.

Cathetan suku




#Article 214: Paus Urbanus II (258 words)


Paus Urbanus II iku Paus Gréja Katulik Roma antarané taun (1088-1099). Paus Urbanus II lair taun 1042 ing Lagery (cedhak kutha Châtillon-sur-Marne) ing Prancis. Paus Urbanus II duwé jeneng asli Odo De Lagery (utawa: Otto/ Odo). Dhèwèké asalé saka bangsawan Prancis lan duwé dhasar ngèlmu kang apik. Nalika isih enom dhèwèké dadi pandhita ing kutha Rheims, banjur munggah pangkat sithik mbaka sithik dadi Bishop, lan dadi Paus taun 1088. Paus Urbanus II ya iku Paus kang ngajak wong Kristen perang ngrebut tanah suci saka wong Islam, kang dadi Perang Salib. Dhèwèké iku Paus Gréja Katulik Roma awit Maret 1088 tekan 29 Juli 1099.

Kepausan Paus Urbanus II ditandhani kanthi anané gègèr antarané raja Jérman, Henry IV — ngenani kebijakan déning Paus Gregorius VIII kang ora ngasilaké apa-apa. Paus Urbanus II ora péngin ngrampungaké prekara iku, nanging dhèwèké ora péngin ndadèkaké siji krajan Kristen. Nalika Kaisar Alexis saka Konstantinopel njaluk tulung Paus kanggo ngadhepi wong-wong Turki, Paus Urbanus duwé idhe supaya kabèh nyengkuyung kanggo perang mungsuh muslim Turki.

Nalika taun 1095 Urbanus nganakake Konsili Clermont. Ing kono dhèwèké ngandharake kutbah kang isiné: Sumebar carita kang nggegirisi... ana golongan kang dilaknat Allah... nyerang tlatahe wong Kristen lan merangi warga sakiwa tengene migunakaké pedhang, njarah, lan ngobong. Dhèwèké muni: Pisahke tlatah iku saka bangsa kang jahat lan dadekake nggonmu.

Deus vult! Deus vult! (Gusti ngersakake), suwarane para umat. Tembung iku dadi unen-unen para bala Perang Salib.

Nalika yaun 1095 ana pertemuan agung kang dianakake ing Clermont, Prancis. Kanthi nggege mangsa, pidhatone Paus Urbanus II marang wong kristen kaya ing ngisor iki:




#Article 215: Paus Innosensius III (132 words)


Paus Innosensius III punika, ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (1198-1216).

Innosensius III, kanthi nama wiyosan Lotario de' Conti di Segni (Gavignano, Italia, ±1161 – Perugia, Italia, 16 Juni 1216), punika Paus Gréja Katulik Roma wiwit tanggal 8 Januari 1198 dumugi 16 Juni 1216.

Panjenenganipun punika tipikal tiyang ingkang awrat kanggé kompromi sarta gadhah pepénginan ingkang ageng salebetipun nyiptakaken kadhisiplinan ing Gréja. Paus Innosentius boten ajrih kanggé meksa Raja John saking Inggris kanggé tangat tumut pepénginanipun lan nglampahaken Interdict, pamogokan para rohaniwan ingkang dipunlarang nylenggarakaken sadaya upacara lan namung sapérangan upacara tinentu kémawon para rohaniwan kasebat dipunidinaken ngleksanakaken, ing saindhenging Inggris. Dumados éwah-éwahan ingkang ageng sanget ing salebetipun administrasi Gréja sarta kalibat ugi dhumateng manéka urusan pulitik. Piyambakipun dipunjuluki “wakil Petrus”, nanging Innosensius nuntut hakipun kanggé dipuntélakaken minangka ”wakil Kristus”.




#Article 216: Paus Alexander VIII (288 words)


Pietro Ottoboni ya iku kelahiran sebuah kemuliaan Venetian karo kemasyuran, lan ya iku bocah teko Marco Ottoboni, chancellor teko Republik Venice. awal wulangan-pelajarane digawé karo nondoi kehebatan ing Keumuman Padua, dingendi, ing 1627, dhèwèké ngiso seorang or. ing canon lan sipil hukum 
Ambassador Louis XIV teko Perancis (1643–1715) ganti ing procuring pilihane ing 6 Oktober 1689, koyok penysukses kanggo Pope XI Ndak berkliru (1676–89); sanajan ngono, setelah wulan-wulan teko perundingan akhirne VIII Alexander ngutuk pengumumuman gawé ing 1682 demi Perancis clergy ngeneki kemerdekaan-kemerdekaan teko Gallican gréja 
Alexander VIII ya iku meh sebuah octogenarian ketika pilih ing kepausan, lan keurip namung enem belas wulan, selama sing ngendi waktu sedikit teko kepentingan ya iku lakukan. Louis XIV, situasi bersifat pulitik keberhentian ya iku sekarang kritikan, keuntung demi dispositions penuh damai teko keanyaran pope, kepulih Avignon ing dhèwèké, lan renounced si suwi-kecaci-maki kebeneran seneng kanggo Perancis Embassy.
Amal-amal ning sebuah timbangan sing gedhé lan ndak kelarangan nepotism exhausted papal berharta, mbalekake pulisi-pulisi teko pendahulune. Diantara pencalonan-pencalonan sing berkeanekaragaman, nya 22-taun-keponakan laki-laki-laki sing suwi Pietro digawé cardinal, keponakan laki-laki-laki Marco digawé Duc Fiano, lan Gréja keponakan laki-laki-laki Antonio digawé umum. Metu teko belas kasihan kanggo kemiskinan teko impoverished Pernyataan-pernyataan Papal, dhèwèké nggolèk kanggo nulong mereka karo ngurangi pajak-pajak. Namung iki dhonyo dermawan padha ngpimpin dhèwèké kanggo nganugerahake ing rélasi-relasine mereka sing-ya iku hasrat ing accumulate ; ing nduwur jeneng mereka sing wis ditindas Paus Inosensus IX
Ing 1690 dhèwèké ngutuk doctrines teko ngono-keceluk bersifat filsafat dosa, wulang ing Jesuit sekolah-sekolah. taun Iku dhèwèké uga canonised St. John terhadap Tuhan.

Alexander VIII modar ing 1 Febuari 1691. kuburane ing St. Pembinatang inguan 's didesoin olèh Hitung Arrigo ing San Martino lan sculpted (1691–1725) olèh Angelo de ' Rossi lan Giuseppe Bertosi.

Cathetan suku




#Article 217: Paus Pius XII (280 words)


Paus Pius XII (Latin: Pius PP. XII), nama lair Eugenio Maria Giuseppe Giovanni Pacelli () punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma wiwit tanggal 2 Maret 1939 dumugi 9 Oktober 1958. Panjenenganipun ngasta kalungguhan minangka paus ka-260.

Sadèrèngipun kapilih minangka Sri Paus, Pacelli punika satunggiling sekretaris Sacra Congregatio pro Negotiis Ecclesiasticis Extraordinariis, Nuncio Apostolik, lan Sekretariat Negara Tahta Suci. Tugasipun inggih punika damel prajanjian-prajanjian kaliyan nagari-nagari Éropah lan Amérika Latin, kalebet Reichskonkordat kaliyan tokoh Jerman ingkang misuwur. Wekdal kapamimpinanipun ing salebetipun Gréja Katulik Roma salaminipun Perang Donya II dados topik kontrovèrsi sajarah ingkang kelampahan dumugi dinten punika.

Sasampunipun mangsa perang, Pius XII mbiyantu upados-upados pambangunan malih Éropah sarta nganjuraken katentreman lan parukunan malih, ingkang njangkep pamaringan kawicaksanan-kawicaksanan ingkang lunak dhumateng nagari-nagari ingkang risak amargi perang lan pamanunggalan Éropah. Gréja ingkang ngrembaka subur ing Kilèn nglampahi panindhesan awrat lan déportasi massal ing Wétan. Awit panentanganipun, sarta cawé-cawénipun salebetipun pilihan umum Italia taun 1948, panjenenganipun misuwur minangka lawan Kuminisme ingkang gigih. Panjenenganipun napakastani tigang ndasa concordat lan prajanjian diplomatik.

Pius XII punika salah satunggil saking kalih paus (sesarengan Paus Pius IX) ingkang migunakaken infalibilitas kapausan ex cathedra kanggé njelasaken dogma Pangangkatan Badan Bundha Maria dhumateng Swarga, kados déné ingkang dipunnyatakaken salebetipun konstitusi apostolik Munificentissimus Deus. Magisteriumipun ngambah mèh 1.000 pidhato lan giyaran radio. Panjenenganipun nerbitaken sekawan ndasa satunggal layang ènsiklik, kalebet ing antawisipun Mystici Corporis Christi Gréja minangka Badan Kristus, Mediator Dei prakawis réformasi liturgi, lan Humani Generis Redemptionem prakawis sipat Gréja dhumateng téologi lan évolusi. Panjenenganipun mbisak kamayoritasan tiyang Italia salebetipun Kolegium para Kardhinal lumantar Konsistorium Agung-ipun nalika taun 1946. Prosès kanonisasinipun sampun dumugi ing tahap ingkang patut dipunmulyakaken nalika tanggal 2 September 2000 nalika mangsa kapemimpinan Paus Yohanes Paulus II.




#Article 218: Hokusai (234 words)


Katsushika Hokusai (葛飾北斎) (1760-1849) punika satunggiling seniman, juru lukis, juru patung kaliyan juru ukiyo-e Jepang rikala jaman Edo, ingkang lair ing Edo (sapunika Tokyo).

Pengarang buku gambar 13 jilid mawi sesirah Manga Hokusai (dipunwiwiti ing 1814) kaliyan cithakan blok 36 Pemandhangan Gunung Fuji (kirang langkung taun 1823-1829), ingkang ugi kalebet Ombak Ageng ing Lepas Pasisir Kanagawa, Hokusai dipunanggep salah satunggiling tokoh wigati ing babagan ukiyo-e, utawi gambar donya ngambang (pagesangan sadinten-dinte).

Hokusai ugi misuwur déning karya gambar erotisipun mawi gaya shunga. Fukujusô karyanipun, punika rangkéyan 12 gambar ingkang muji kagengan slira kaliyan adreng, mawi dipunanggep salah satunggiling saking tigang karya shunga ingkang saé piyambak. Karyanipun dados inspirasi wigati kanggé aliran impresionis Éropah kados Claude Monet.

Katsushika Hokusai punika langkung dipunajèni ing kabudayan Wétan tinimbang ing Jepang piyambak. Kathah karya pelukis Jepang ingkang dipunimpor dhateng Éropah ing abad kaping 19 saha dipunkolèksi artis-artis kados ta Claude Monet, Edgar Degas, kaliyan Henri de Toulouse-Lautrec, ingkang karya-karyanipun nedhahaken prabawa Jepang.

Hokusai gadhah karier panjang, anging karyanipun ingkang langkung wigati dipundamel nalika sampun langkung 60 taun. Karyanipun ingkang misuwur piyambak punika inggih séri ukiyo-e 36 Pemandhangan Redi Fuji(富嶽三十六景 Fugaku Sanjūrokkei), ingkang dipundamel antawis taun 1826 kaliyan 1833.

Magnum Opusipun utawi karyanipun ingkang saé piyambak inggih Manga Hokusai inggih punika kasusun saking 15 jilid (北斎漫画), satunggiling buku ingkang kebak sketsa-sketsa invèntif saha dipuntrebitaken wiwit 1814. Gaya karikaturipun asring dipunanggep perintis manga modhèren.

Pinten ukiyo-e saking 36 Pemandhangan Redi Fuji:




#Article 219: Sinta (246 words)


Sinta (Sanskerta: सीता; Sītā, uga dieja Shinta) utawa Dèwi Sinta, iku garwané Sri Rama lan péranganing wiracarita Ramayana. Rama krama karo Sinta sawisé menang swayambara bisa mbenggang gandéwa.

Sinta iku ya tau diculik déning Rahwana, Ratu ing Alengka. Nanging dhèwèké bisa diuwalaké manèh déning pitulungé Anoman, kethèk putih.

Ing basa Sansekerta, tembung Sita duwé teges kerut. Tembung kerut iku tembung kang duwé rasa kang puitis nalika jaman India Kuna, kang nuduhake aruming kasuburan. Jeneng Sita ing Ramayana iku saka tembung Dewi Sita, kang wis disebutake ing Rigweda minangka dewi bumi kang mberkahi sawah lan tetuwuhan pari lan liya-liyané.

Kaya paraga kang misuwur ing legenda Hindhu liyané, Sita uga misuwur kanthi pirang-pirang paraga, kaya ta, minangka putri Raja Janaka, dhèwèké jejuluk Janaki; minangka putri Mithila, dhèwèké jejuluk Maithili; minangka garwane Rama, dhèwèké jejuluk Ramaa. Amarga saka Karajan Wideha, dhèwèké uga dikenal kanthi jeneng Waidehi.

Ramayana nyaritakaké yèn Sita ora putrine Janaka. Sawijining dina Karajan Wideha lagi kena musibah, para wargane akèh kang kaluwen. Janaka minangka raja nganakake upacara utawa yadnya ing sawahkanthi cara ngluku. Banjur mata lukune nerak pethi kang isiné bayi wédok. Bayi iku dijupuk lan didadèkaké anak angkat titipan Pertiwi, dewi bumi lan kasuburan.

Sita dirumati ing Mithila, kutha krajan Wideha déning Janaka lan Sunayana, permaisurine. Sawisé gedhé, Janaka nganakake sayembara kanggo ngentuke jodhone Sita. Sayembarane iku awujud menthangake gendewa kang abot warisane Déwa Siwa. Sayembara iki dimenangkan déning Rama, pangeran saka Karajan Kosala. Sawisé nikah Sita mèlu Rama urip ing Ayodhya, kutha krajan Kosala.




#Article 220: Vereenigde Oostindische Compagnie (296 words)


VOC cekakan saka Vereenigde Oostindische Compagnie iku firma Walanda kang diadegaké tanggal 20 Maret 1602. Tembung Walanda Vereenigde Oost-Indische Compagnie iku tegesé Sarékat Dagang Hindhia-Wétan. Firma dagang iki diarani Wétan amarga uga ana VWC utawa sarékat dagang kulon. Firma iki kang kapisan ngetokaké saham.
VOC nduwé cabang-cabang,kang cacahé 6 (Kamers) ing Amsterdam, Midlleburg (mirunggan Zealand), Enkhuizen, Delfi, Hoorn, lan Rotterdam. Delegasi sakaruang iki ngumpul minangka Heeren XVII (XVII Tuan-Tuan).Kamers nyumbang wakil ing pitulas padha karo proporsi modale kang dibayarke;wakil Amsterdam cacahé wolu.
Ana ing Indonésia,VOC nduwé sebutan populèr Kompeni utawa Kumpeni. Istilah iki dijupuk saka tembung Compagnie ing jeroné jeneng dawa perusahaan iku ing basa Walanda. Nanging rakyat Nuswantara luwih ngerti yèn Kompeni iku wadya Walanda amarga sok gawé rakyat cilaka saka kabèh penindasan kang dilakokake.

Ancasé kang pokok VOC diadegaké ya iku kababar saka perundingan 15 Januari 1602 ya iku kanggo “nimbulake bencana marang para musuh lan kanggo keamanan tanah air”. Sing dimaksud musuh nalika iku ya iku Portugal lan Spanyol kang nalika wayah Juni 1580 nganti Dhésèmber 1640 ngabung dadi siji kakuwatan kang arep ngrebut dominasi perdagangan ing Asia. Kanggo sawatara waktu, kanthi VOC bangsa Walanda isih nganakake gayutan apik karo masarakat Nusantara.

Sanadyan sejatiné VOC iku organisasi kang ngurusi adol-tinuku, nanging duwé kaistiméwaan amarga éntuk panjurung saka nagara lan diwènèhi fasilitas-fasilitas kang istiméwa. Tuladhané waé VOC éntuk nduwé wadya,éntuk nganakake negosiasi marang nagara liya, kaya déné nagara njroning nagara. Hak-hak istimewa kang kapacak ana ing Oktrooi (Piagam/Charta) tanggal 20 Maret 1602 kalebu ing jeroné ya iku :

Ana ing tengah-tengah abad 18,VOC ndadak dibubaraké déning pamaréntah Walanda. Bubare VOC jalaran alesan ing ngisor iki :

Nganggo alesan ing dhuwur mau tanggal 31 Dhésèmber 1799 dalah 136,7 juta gulden lan pasugihan kang diditinggal wujud kantor dagang, gudang, bètèng, kapal sarta laladan kekuasaan ing Indonésia.




#Article 221: Adam Malik (336 words)


Adam Malik Batubara (Pematang Siantar 1917-Bandhung 1984) iku mantan Mantri Indonésia ing pirang Dhépartemèn, antarané dhèwèké tau dadi Mantri Luar Negeri, Adam Malik biyasa diceluk si kancil lair saka pasangan Haji Abdul Malik karo Salamah Lubis. saka cilik dicaritakke Agus Salim iku duwé kesenengan nonton tivi acara koboi, maca, lan fotografi, bisa lulus saka HIS bapakke ngongkon mimpin toko'murah' ning sisih toko Deli lajeng ning sela-sela sibuk dhèwèké seneng banget anggoné maca kanggo nambah ngèlmu kawruh dhèwèké. Pas umuré isih welasan taun, Adam Malik tau dikunjara pulisi Dinas Intel Pulitik Sipirok 1934 lan dihukum 2 sasi kunjara amarga nglanggar larangan kumpul. Adam Malik pas umuré 17 taun wis dadi ketua Partindo ing Pematang Siantar (1934=1935) meluk aktif njuangke kamardekan bangsane. Kanggo bakti iku Adam Malik maju lan mbakti marang bangsa ning jakarta. Pas umuré 20 taun, Adam Malik bareng karǐo Soemanang, Sipahutar, Armin Pane, Abdul Hakim, dan Pandu Kartawiguna, melopori ngadegke kantor berita Antara taun 1937 papan panggone kantore Jl. Pinangsia 38 Jakarta Kota. Nganggo modal sak méja tulis tuwa, mesin ketik tuwa, lan mesin roneo tuwa, dhèwèké nyuplai wara-wara menyang kabar nasional nanging dhèwèké kerep uga nulis menyang koran Pelita Andalas dan Majalah Partindo.
Pas gantian rezim pamaréntah orde lama, posisis Adam Malik sing sebrangan karo golongan kiwa malah nguntungke. Iki bisa disebat trio anyar Soeharto-Sultan-Malik.

Adam Malik, wakil présidhèn nomer loro iku desebut dadi agen CIA (Central Intelligence Agency/dinas rahasia AS) kira-kira ingaran uga dadi punggawa paling dhuwur sing dijupuk CIA ing Indonésia, mlebune Adam Malik dadi agen CIA ingaran saka wartawan New Work Times, Tim Weiner, lan ing bukune Legacy of Ashes, History of the CIA (diartike dadi mbongkar gagale CIA. Mc Avoy ngaku sampun ngeklaim Adam Malik, Adam Malik ora ngerti yèn wis direkrut, punika bisa waé kedaden.

prèstasi kang bisa dibanggakke saka Adam Malik kurang luwih nggawa manèh Irian Barat menyang pangkon RI nglewati urun rembug ning New Work Agreement ing warsa 1962 lan tokoh panggagas ASEAN 9 Agustus pas isih njabat dadi Mantri Luar nagari, njabat 11 taun kurang luwih.




#Article 222: Bacharuddin Jusuf Habibie (492 words)


Bacharuddin Jusuf Habibie () iku Présidhèn Républik Indonésia kang angka telu. Habibie nggantèni Soeharto kang mundur saka kalungguhan présidhèn ing tanggal 21 Mèi 1998. Kalungguhané iku diganti déning Abdurrahman Wahid (Gus Dur) kang kapilih minangka présidhèn ing tanggal 20 Oktober 1999 déning MPR asil Pemilu 1999. Kanthi mengku kalungguhan sajeroning 2 sasi lan 7 dina minangka wakil présidhèn, lan 1 taun lan 5 sasi minangka présidhèn, Habibie dadi Wakil Présidhèn lan uga Présidhèn Indonésia kanthi mangsa kalungguhan paling sedhéla. 

Habibie iku anak angka papat saka pasangan Alwi Abdul Jalil Habibie lan R.A. Tuti Marini Puspowardojo. Alwi Abdul Jalil Habibie lair tanggal 17 Agustus 1908 ing Gorontalo lan R.A. Tuti Marini Puspowardojo lair ing Yogyakarta 10 November 1911. Habibie duwé sadulur cacahé pitu.

B.J. Habibie dhaup karo Hasri Ainun Besari tanggal 12 Mèi 1962, lan duwé anak loro, yaiku Ilham Akbar dan Thareq Kemal.

Habibie tau sekolah ing SMAK Dago. Dhèwèké sabanjuré nerusaké ing jurusan tèknik mesin ing Institut Teknologi Bandung taun 1954. Taun 1955-1965 nerusaké ing tèhnik penerbangan, mirunggan konstruksi motor mabur, ing RWTH Aachen, Jerman, Habibie olèh gelar diplom ingineur taun 1960 lan gelar dhoktor ingineur taun 1965 kanthi summa cum laude.

Habibie wis tau kerja ing Messerschmitt-Bölkow-Blohm, perusahaan ing babagan montor mabur, punjeré mapan ing Hamburg, Jerman, lan kasil tekan pucuking pagawéyané minangka wakil présidhèn babagan téknologi. Taun 1973, Habibie mbalik ing Indonésia jalaran panyuwuné présidhèn Soeharto.

Banjur Habibie dadi Mantri Nagara Riset lan Teknologi awit taun 1978 tekan Maret 1998. Sadurungé dadi Présidhèn (21 Mèi 1998-20 Oktober 1999), B.J. Habibie iku Wakil Présidhèn (14 Maret 1998-21 Mèi 1998) ing Kabinèt Pembangunan VII nalika jaman Présidhèn Soeharto.

Habibie dadi ketuwa umum ICMI (Ikatan Cendekiawan Muslim Indonésia), nalika dadi mantri.

Habibie marisi kahanan kang semrawut sawisé Soeharto mundur saka Présidhèn amarga kaanan ing orde baru. Bubar iku akèh rerusuh ing laladan-laladan sa Indonésia. Bubar Habibbie dadi présidhèn, dhèwèké mbentuk kabinèt anyar. Salah siji kewajibané ya iku kudu ngolèhaké sengkuyungan Dana Moneter Internasional lan paguyuban nagara-nagara dhonor kanggo ndandani khaanan ékonomi nagara. Habibie uga ngeculaké tahanan pulitik lan mènèhi kalonggaran marang organisasi masarakat.

Nalika dadi présidhèn Habibie kasil nggawé dhasaran kanggo nagara Indonésia, kaya ta UU Anti Monopoli utawa UU Persaingan Sehat, UU Parté Pulitik lan UU otonomi laladan. Saka anané UU otonomi laladan kahanan disintergrasi saka jaman orde baru bisa ilang tekan jamane Susilo Bambang Yudhoyono, yèn ora ana UU otonomi laladan Indonésia bakalan padha kaya Uni Soviet lan Yugoslavia.

Jumenengé Habibie dadi présidhèn akèh gonjang-ganjing ing sawaliké kedadéan iku. Golongan kang nyengkuyung Habibie nganggep yèn dilantiké Habibie dadi présidhèn wis manut aturan. Aturan iku kapacak ing pasal 8 UUD 1945 kang nyebutaké

bila Presiden mangkat, berhenti, atau tidak dapat melakukan kewajibannya dalam masa jabatannya, ia diganti oleh Wakil Presiden sampai habis waktunya

Nanging, golongan kang ora sarujuk manawa Habibie dilantik nganggep prakara iku ora pas. Lelakon iku nerak pasal 9 UUD 1945 kang uniné

sebelum presiden memangku jabatan maka presiden harus mengucapkan sumpah atau janji di depan MPR atau DPR.




#Article 223: Mohammad Hatta (649 words)


Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta () inggih punika salah sawijining pejuang, nagarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia. Mohammad Hatta inggih dados wakil présidhèn kang kapisan wonten ing Indonésia. Mohammad Hatta gadhah asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih punika Bung Hatta, nanging sajatosipun rumiyin asma alitipun inggih punika Mohammad Athar. Bung Hatta punika misuwur dados Bapak Koperasi, lan namanipun dipun-ginakaken dados nama papan anggegana (papan anggegana) internasional wonten ing Jakarta.

Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902. Bung Hatta punika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).

Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta. Putra sapisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga namanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).

Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mantri Nagara Pemberdayaan Perempuan sajeroning Kabinet Indonésia Bersatu pimpinan Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.

Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih punika sapisan HIS (sekolah dhasar basa Walanda kanggé putra-putra pribumi). Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)). dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ngèlmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.

Wiwit saking sekolah menengah pertama punika panjenenganipun sampun sregep ndhèrèk organisasi, sanèsipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang tangat nglampahi ajaran agama Islam. Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kagiyatan kaliyan Jong Sumatranen Bond. Panjenenganipun nalika samanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonésia.

Nalika Bung Hatta ndhèrèk organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet. Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Walanda mundhut ékonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).

Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, obahan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonésia).

Ing mangsa punika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944). Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penaséhat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ékonomi. Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonésia (1945).

Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonésia. Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya dipun-gantos kaliyan Ketuhanan Yang Maha Esa.

Manawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak nagarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kanggé rakyatipun, lajeng Indonésia ngadhahi Bung Hatta. Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun. Menapa tiyangipun mungsuh manawi kanca. Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih punika boten saged makarya sesarengan malih babagan pulitik. Panjenenganipun lengser saking kalungguhan Wakil Présidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Présidhèn Soekarno.

Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa). Pahargiyan punika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka babagan perlindungan uga penegakkan HAM. Mengeti dinten HAM punika dhumawah surya kaping 10 Dhésèmber ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta. Badan Penelitian lan Pengembangan HAM punika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sadaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kanggé kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.

Bung Hatta ugi dados Gelar Dhoktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonésia (1975).

Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Républik saking Présidhèn Soeharto (15 Agustus 1972).

Bung Hatta tilar donya surya kaping 14 Maret 1980 ing Jakarta. Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Tanah Kusir, Jakarta.




#Article 224: Muhammad Jusuf Kalla (148 words)


Muhammad Jusuf Kalla (lair Watampone, Sulawesi Kidul 15 Mèi 1942) iku Wakil Présidhèn Indonésia ing taun 2004-2009 lan 2014-2019. Dhèwèké iku wong Makassar sing uga dadi pangusaha kanthi gendéra Kalla Group, sing duwé manéka jaringan bisnis warna-warna.

M. Jusuf Kalla dadi mantri ing jaman Abdurrahman Wahid (Présidhèn RI angka 4), nanging dilèrènaké amarga dinuga KKN.

Jusuf Kalla diangkat manèh dadi Mantri Koordinator Kesejahteraan Rakyat ing andhahané Megawati Soekarnoputri (Présidhèn RI angka 5). Jusuf Kalla mundur saka dadi mantri amarga sedya nyalon dadi wakil présidhèn, bebarengan karo calon présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.

Kanthi kamenangan sing diranggèh Susilo Bambang Yudhoyono dadi Présidhèn RI angka 6, kanthi mangkono M. Jusuf Kalla uga nyekel panguwasa dadi Wakil Présidhèn RI angka 10. Reruntungan karo Susilo Bambang Yudhoyono, kaloroné dadi  Présidhèn dan Wakil Présidhèn RI pisanan sing dipilih langsung déning rakyat.

Dhèwèké uga dadi ketua umum Parté Golkar nggantèkaké Akbar Tanjung wiwit  Dhésèmber 2004.




#Article 225: G.A.G.Ph. Baron van der Capellen (105 words)


Mr. Godert Alexander Gerard Philip Baron van der Capellen (Utrecht, 15 Dhésèmber 1778 – De Bilt, Utrecht, 10 April 1848) iku Panguwasa Hindhia-Walanda sing kapisan maréntah ing Hindhia sawisé dikuwasani déning Inggris pirang taun suwéné. Ing Konggrès Wina, marang Walanda diwèhaké balik Hindhia-Walanda.

Van der Capellen, maréntah antara tanggal 19 Agustus 1816 – 1 Januari 1826. Dhèwèké iku Gubernur-Jendral sing kaping 41.

Van der Capellen nalik maréntah gawéyané akèh. Dhèwèké ngendhegaké pambayaran séwa lemah ing tlatah Negara Agung Mataram II, dadi dhèwèké kudu ngadhepi pambrontakan Pangeran Dipanagara ing Perang Dipanagara antara taun 1825 – 1830.

Saliyané iku monopoli dagang bumbon crakèn ing Maluku sapérangan dibusak.




#Article 226: Asosiasi Bangsa Bangsa Asia Kidul Wétan (175 words)


Asosisasi Bangsa-Bangsa Asia Kidul Wétan utawi dipuncekak ASEAN punika jarwi saking istilah Basa Inggris: Association of Southeast-Asian Nation. ASEAN dipunadegaken ing tanggal 8 Agustus 1967 ing Bangkok mawi Dhéklarasi Bangkok. Ancasing ASEAN punika ngiyataken kerja sama régional. Negari anggota ASEAN ngawontenaken rapat umum saben sasi November.
ASEAN nyakup wewengkon dharatan ingkang wiyaripun 4.46 yuta km² utawi watawis 3% saking total jembaripun dharatan ing Bumi, lan gadhah populasi watawis 600 yuta orang utawi 8.8% total populasi donya. Jembar tlatah seganten ASEAN tikel tiga saking jembaripun wewengkon dharatan. Ing taun 2010, kombinasi nominal GDP ASEAN sampun tuwuh ngantos 1,8 Triliun Dolar AS. Manawi ASEAN sampun dados entitas tunggal, ASEAN lajeng gadhah ékonomi paling ageng kasanga sasampunipun Amérikah Sarékat, Cina, Jepang, Jerman, Prancis, Brasil, Inggris, lan Italia.

Prinsip-prinsip utama ASEAN inggih punika:

ASEAN sapunika gadhah anggota sadaya nagari ing Asia Kidul-Wétan inggihpunika:

Salebeting taun 2003. Sian kanggé aji paling ageng, ijem kanggé paling alit, ing antawisipun blok ingkang dipunbandhingaken.
Sumber: CIA World Factbook 2004, IMF WEO Database

Tabel PDB miturut PPP, dipunwedalaken déning IMF ing wulan September 2004.




#Article 227: Iwak (186 words)


Iwak (Basa krama: ulam lan Kawi: mina) iku sawijining kéwan kang urip ing banyu. Iwak ambegan mawa angsang lan kalebu kéwan getih anyep (poikilotermik).
 Iwak kalebu klompok vèrtebrata kang paling anéka warna, kanthi gunggung spésies punjul 27,000 ing saindhenging donya. Sacara taksonomi, iwak kagolong klompok paraphyletic kang gayutan kakrabatané isih dadi pasulayan; racaké iwak dipérang dadi iwak tanpa wang (kelas Agnatha, 75 spésies kalebu lamprey lan iwak hag), iwak mawa balung enom (kelas Chondrichthyes, 800 spésies kalebu iwak yu lan iwak epé), lan sisané kagolong iwak mawa balung atos (kelas Osteichthyes). 
Iwak duwé warna-warna ukuran, wiwit saka iwak geger lintang kang ukurané 14 mèter (45 ft) nganti stout infantfish kang mung ukuran 7 mm (kira-kira 1/4 inci). Ana sawetara kéwan banyu kang kerep dianggep iwak, kaya déné iwak lodan, iwak sotong lan iwak dhuyung, kang sabeneré ora kagolong iwak.

Iwak iku kalebu parafiletik: iki tegesé, saben kelas kang ngamot kabèh iwak bakal nyakup uga tetrapoda kang dudu iwak. Saka dhasar iki, panglompokan kaya Kelas Pisces, kaya déné ing mangsa kapungkur, ora layak dipigunakaké manèh.

Ing ngisor iki unit-unit kang nyaakup kabèh vertebrata kang biyasa karan iwak:




#Article 228: Lélé (213 words)


Iwak lélé, iku sajinising iwak loh. Lélé awake dawa lan lunyu.

Ing bumi Nusantara, iwak lélé nduwé akèh jeneng-jeneng tlatah, ing antarané: ikan kalang (Sumatra Kulon), ikan maut (Gayo lan Acèh), ikan pintet (Kalimantan Kidul), ikan keling (Makassar), ikan cepi (Sulawesi Kidul), utawa ikan keli (Malaysia).

Banjur ing nagara liya diarani mali (Afrika), plamond (Thailand), gura magura (Srilangka), ナマズ (Jepang) dan 鲇形目 (Cina). Ing basa Inggris uga diarani catfish, siluroid, mudfish lan walking catfish.

Iwak lélé ora tau tinemu ing banyu payo utawa banyu asin, kejaba iwak lélé segara. Habitaté ana ing kali sing iliné alon, rawa, tlaga, wadhuk, lan sawah sing kekum banyu. Malahan iwak lélé bisa urip ing banyu sing reged, contoné ing pacerèn, got-got lan selokan pambuwangan.

Iwak lélé asifat nocturnal, ya iku aktif obah golèk pangan yèn bengi. Yèn awan, iwak lélé namun meneng waé lan ndelik ing papan sing peteng-peteng. Ing ngalam iwak lélé mijah ing mangsa rendheng.

Lélé dikembangbiakaké ing Indonésia kanggo konsumsi lan uga kanggo njaga kwalitèt banyu sing kacemar. Kerep lélé didokok ing papan sing reged-reged amarga bisa ngilangi reregedan. Anging lélé sing didokok ing papan sing reged-reged, kudu diberok dhisik sadurungé siyap dikonsumsi manungsa. Diberok iku tegesé diresiki nganggo banyu mili.

Sok-sokan lélé uga didokok ing sesawahan kanggo mangan ama-ama sing ana ing kono.




#Article 229: Vladimir Putin (162 words)


Vladimir Vladimirovich Putin (Влади́мир Влади́мирович Пу́тин) punika Présidhèn Rusia wiwit taun 2000 ngantos taun 2008. Lajeng ing taun 2012 Putin kapilih malih dados présidhèn. Piyambakipun lair ing Leningrad ing tanggal 7 Oktober 1952. Sadèrèngipun dados Présidhèn Rusia, Putin naté nyambut damel kanggé KGB lajeng FSB, dines intelijèn Rusia. Piyambakipun ugi naté dados pangacara. Piyambakipun ugi anggota Gréja Ortodoks Rusia. Vladimir Putin punika émah-émah saha gadhah kalih putra.

Vladimir Vladimirovich Putin lair ing tanggal 7 Oktober 1952 ing St Petersburg kang nalika mangsa iku misuwur kanthi sebatan nama Leningrad. Panjenengané dadi  anak tunggal amarga kaloro saduluré tilar donya ing mangsa isih cilik, kapisanan nalika lair lan yang kaloro dipteri. Vladimir ngakoni pamaréntahan Kuminis, Panjenengané  uga baptis lan di dasarake kapercayan Greja Ortodoks. Ing mangsa enom panjenengané, asring diparapi Putka. Bapak, Vladimir Spiridonovich Putin, njabat dadai karyawan borongan ing sawijining pabrik lan tilar donya ing sasi Agustus 1999. Lan biyung Maria Ivanovna Putina, tilar donya 6 sasi sadurungé

Putin baud dhateng ing basa Jerman.




#Article 230: Basa Inggris (253 words)


Basa Inggris iku basa Jermanik Kulon, sing asalé saka Inggris. Basa ini sawijining kombinasi saka pirang basa lokal sing ditrapaké déning wong-wong Nurwègen, Dhénemarken, Saxon lan Angel saka abad kaping 6 nganti 10. Banjur ing taun 1066, Inggris dibedhah déning William the Conqueror, sang panakluk saka Normandia, Prancis Lor. Mula sabanjuré basa Inggris kena prabawa intènsif basa Latin lan basa Prancis. Saka kabèh kosakata basa Inggris modhèren, diperkirakaké kurangluwih 50 % asalé saka basa Prancis lan Latin.

Perkembangan basa Inggris lumrahé dibagi dadi telung mangsa:

Basa Inggris kagolong kulawarga basa Jermanik, lan mligi saka cabang Jermanik Wétan. Kerabaté sing paling cedhak iku basa Frisia. Saliyané iku basa Walanda (lan uga basa Jerman ngisor liyané) uga isih cedhak. Basa Jerman (Basa Jerman dhuwur) rada luwih adoh manèh.

Anging saka kabèh basa Jermanik, basa Inggris iku basa sing liya dhéwé tatabasa lan kosakatané.

Basa Inggris iku basa pratama ing Amérikah Sarékat, Australia, Bahama, Barbados, Bermuda, Karajan Manunggal, Guyana, Jamaika, Niu Selan, Antigua, Saint Kitts dan Nevis lan Trinidad lan Tobago.

Saliyané iku basa Inggris uga salah sijining Basa resmi ing akèh nagara liyané ing donya. Antara liya ing Afrika Kidul, Belize, Kanada, Filipina, Hong Kong, Irlandia, Singapura lan sabanjuré

Ing donya basa Inggris iku basa kaping loro sing pratama disinaoni. Basa Inggris bisa nyebar amarga déning prabawa pulitik lan imperialisme Inggris banjur Karajan Manunggal ing donya. Salah sijining paribasa Inggris jaman mbiyèn bab karajan Inggris sing diarani Kakaisaran Karajan Manunggal (British Empire) iku ya papan sing “Srengéngéné ora tau sumurup” (“where the sun never sets”).




#Article 231: Géografi (128 words)


.
Géografi iku asal katané saka basa Yunani ya iku gê utawa Bumi lan graphein utawa nulis/njelasaké. Géografi iku èlmu bab enggon utawa lokasi ing planit bumi sing dikaitké karo wangun-wangun fisik ing lumah bumi lan manungsa. Lokasi lan wangun-wangun fisik lumah bumi iku gampang dipirsani saka peta, mulané akèh duwé pamahaman (ciut) yèn géografi iku padha karo èlmu peta kamangka peta iku mung salah siji prangkat ing géografi.

Wangun-wangun fisik lumah bumi sing dikaitké karo èlmu-èlmu géologi, géodesi, oceanografi lan atmosfer iku dadi salah siji cabang èlmu géografi ya iku ngèlmu bumi.

Géografi dikenal dadi èlmu iku wiwit abad kaping 18, dhasaré ya iku saka cathetan-cathetan lan pangalaman-pangalaman para panjlajah bumi. Banjur èlmu iku ngrembaka lan kenceng gandhèng cènèngé karo èlmu-èlmu géologi, botani, ékonomi, sosiologi lan demografi.




#Article 232: Indhi (671 words)


Républik Indhi utawa Républik India iku nagara ing Asia Kidul. Jeneng-jeneng liyané nagara iki iku Bharat utawa Bharata lan Jambudwipa. Tembung pungkasan iki tegesé Pulo Jambu lan dijenengaké mangkono amarga mèmper woh jambu. India iku nagara ing Asia kang kang ndunungi paling akèh kaloro ing donya, kanthi populasi punjul sak milyar jiwa, lan minangka nagara gedhé dhéwé kapitu miturut ukuran wewengkon géografis. Cacahing kang ndunungi India tuwuh ngrembaka wiwit tengahan 1980-an. Ékonomi India iku gedhé dhéwé kapapat ing donya miturut angka PDBné, diukur saka segi paritas daya beli (PPP), lan salah siji kang tuwuhing ékonomi paling rikat ing donya. India, nagara kanthi sistem dhémokrasi liberal gedhé dhéwé sadonya, uga wis muncul minangka kakuwatan regional kang wigati, duwé kakuwatan militèr gedhé dhéwé lan kamampuan nuklir.

Dumunung ing Asia Kidul kanthi garis pasisir dawané 7.000 km, lan péranganing anak bawana India, India iku péranganing rute dedagangan wigati. India wewatesan karo Pakistan, Républik Rakyat Cina, Myanmar. Banglades, Nepal, Bhutan, lan Afganistan. Sri Lanka, Maladewa, lan Indonésia iku nagara kapulon kang wewatesan.

India minangka dunungé peradaban kuna kaya Budaya Lembah Indus lan minangka papan kalahiran saka papat agama utama donya: Hindhu, Buda, Jainisme, lan Sikhisme. Nagara iki minangka péranganing Karajan Manunggal sadurungé mardika ing taun 1947.

India duwé ékonomi kang dumunung ana ing urutan angka 10 sajeroning konversi mata uang lan angka 4 gedhé dhéwé sajeroning PPP. India duwé rékor ékonomi kanthi angka tuwuh paling rikat watara 8% ing taun 2003. Amarga populasiné kang akèh banget, mula pametu per kapita India miturut PPP mung AS$3.262, dumunung ana ing urutan angka 125 déning Bank Donya. Cadhangan valuta asing India watara AS$143 milyar. Mumbai minangka kutha krajan finansial nagara iki lan uga minangka panggonané Reserve Bank of India lan Bombay Stock Exchange. Sanajan seprapat saka kang ndunungi India isih urip ing sangisoré garis kamiskinan, cacahing kelas menengah kang gedhé wis muncul amarga cepeté tuwuhing indhustri teknologi informasi.

Ékonomi India biyèn akèh gumantung marang tetanèn, nanging saiki mung nyumbang kurang saka 25% PDB. Industri wigati liyané kalebu tambang, lenga, pengasahan berlian, filem, tekstil, teknologi informasi, lan kerajinan tangan. Akèh-akèhé laladan indhustri India dumunung ing kutha-kutha utama. Taun-taun pungkasan iki, India wis muncul minangka salah siji juru main gedhé dhéwé sajeroning babagan prangkat lunak lan business process outsourcing, kanthi pametu watara AS$17,2 milyar ing 2004-2005. Lan ana uga akèh indhustri skala cilik kang nyadiakaké lapangan makarya kang stabil kanggo kang ndunungi kutha cilik lan padésan.

Sanajan India mung nampa watara telung yuta tamu asing saben taun, pariwisata tetep wigati lan isih dadi sumber pametu nasional kang durung ngembang. Pariwisata nyumbang 5,3 persèn saka PDB India. Partner dagang utama India kalebu Amérikah Sarékat, Jepang, Républik Rakyat Cina lan Uni Emirat Arab.

Ekspor utama India kalebu produk tetanèn, tekstil, batu mulia lan perhiasan, jasa prangkat lunak lan teknologi, hasil tèhnik, kimia, lan asil kulit déné komoditas imporé ya iku lenga mentah, mesin, watu aji, rabuk, kimia. Ing taun 2004, total ekspor India gunggung AS$69,18 milyar déné impor watara AS$89,33 milyar.

Kabèh praja-praja India ing lor lan lor-wétan diwangun déning Banjaran Himalaya. Wewengkon liyané dumadi saka hamparan Indo-Gangetik kang subur. Ing sisih kulon kang wewatesan karo Pakistan kidul-wétan ana Ara-ara Thar. Ujung India ing kidul mèh kabèh minangka péranganing hamparan Dekan (Deccan). Ing kaloro sisih hamparan iki ana rong banjaran pasisir kang awujud pabukitan, Ghats Kulon lan Ghats Wétan.

India duwé kali gedhé kaya déné Kali Gangga, Brahmaputra, Yamuna, Godavari, lan Krishna. Kali-kali mau kang njalari subur hamparan-hamparan ing sisih lor India saéngga cocog kanggo tetanèn.

Cuaca India warna-warna, saka cuaca tropis ing kidul nganti cuaca menengah ing sisih lor. Sapérangan tlatah India kang dumunung ing pagunungan Himalaya duwé cuaca tundra.

India dibagi dadi 28 praja (kang banjur dibagi dadi dhistrik), enem Wewengkon Panunggalan (Union Territory) lan Wewengkon Ibu Kutha Nasional (National Capital Territory) Delhi. Nagara-praja duwé pamaréntah kang dilantik dhéwé, sauntara wewengkon-wewengkon Panunggalan dipréntah sawijining pangurus kang dilantik pamaréntah panunggalan (union government), sanadyan sapérangan ing antarané duwé pamaréntah kang dilantik.

Kesenian India misuwur kanthi filem-filem Bollywood, kang filem kang kas saka India ya iku nganggo tembang-tembang lan jogèd ing saknjerone filem.




#Article 233: Asramawasikaparwa (132 words)


Asramawasikaparwa utawi ing vèrsi Jawa Kina dipunwastani Asramawasanaparwa punika serat utawi buku kaping 15 Mahabharata. Inggih punika cariyosipun kados makaten: Satelasipun perang Bharatayuddha, sang Drestarastra dipunangkat jumeneng dados ratu gangsalwelas taun laminipun ing Ngastina. Karepipun nulung piyambakipun amargi para putra kaliyan kulawarginipun sampun boten wonten sadaya. Para Pandhawa taksih padha tangat saha bekti mumulèni marang piyambakipun supados boten émut para putranipun. Ananging sang Wrekodara mesthi rumaos anyel amargi kémutan sang Duryodana ingkang riyin tumindhak ala.

Lajeng nalika boten wonten sinten-sintena, sang Drestarastra dipunlèh-lèhaken lepat-lepatanipun. Ing wusana sang Drestarastra boten tahan manèh lan pamit kaliyan Yudisthira kersa tilar nagari kaliyan manggèn wonten wana. Piyambakipun lajeng dipunteraken para sesepuh: Arya Widura, Dèwi Gandhari saha Dèwi Kunthi. Nalika yasa tapa, Pandhawa naté niliki, anging boten dangu satelasipun sang Drestarastra lajeng séda, dipunsusul déning para pendhèrèkipun.




#Article 234: Gamelan Jawa (164 words)


Gamelan Jawa iku jinis utawa corak gamelan kang urip ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sapérangan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka laladan liya, yèn musik gamelan Jawa|Jawa lumrahé nduwé nada luwih lembut|lembut lan nganggo laya luwih alon, béda karo musik gamelan Bali kang layane luwih rikat, uga gamelan Sundha kang rasa musiké nglaras banget (mendayu-dayu) lan didhominasi swara suling.

Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada péntatonis. Gamelan Jawa iku duwé 2 laras ya iku:

Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa rikat-rendheté laku kang wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan kang saben-saben ketata saka 4 nada (gatra).
Saben-saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, kang nuntun swara ya iku rebab, kang nuntun irama diarani kendhang. Arané juru main kang nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayagautawa wiyoga, kang nembang priya arane wira-swara, kang wanita arané pesindèn utawa swarawati.




#Article 235: Kresna (1052 words)


Kresna  iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu, awujud priya kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Sajeroning seni lukis lan reca, lumrahé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu sajeroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna iku putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Lumrahé, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Déwa Wisnu kawolu antarané sepuluh awatara Wisnu. Sajeroning sawatara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan, lan sajeroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal. Sajeroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné sajeroning wiracarita Mahabharata Kresna misuwur minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané iku Kresna misuwur uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kutbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.

Prabu Sri Bathara Kresna iku sawijining paraga wayang ing Wiracarita Mahabarata. Nalika isih timur, asmané Raden Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Raden Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing Negara Dwarawati iki sawijining turuning trah Yadawa. Miturut pedhalangan Kresna iku anaké Prabu Basudèwa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dèwi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmané Radèn Kakrasana iya Prabu Baladewa, déné rayine asmané Dèwi Bratajaya iya Wara Sumbadra.

Garwa-garwané ya iku Dewi Jembawati, putrine Resi Jembawan ing Pertapan Gandamadana, peputra Radèn Samba Wisnubrata lan Raden Gunadewa, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Radèn Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dèwi Titisari lan Radèn Saranadewa (arang dikocapake) lan Dewi Setyaboma, atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing nagara Lésanpura, peputra Radèn Setyaka. Dèwi Pratiwi (Pertiwi) putriné Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Radèn Setija utawa Prabu Boma Narakasura, lan Dèwi Siti Sundari.
Miturut padhalangan, Kresna bisa jumeneng nata ing Dwarawati amarga dadi jagone para déwa ing Kahyangan Suralaya kang bisa ngasorake yudhane loro yaksendra (Raja Raseksa) kang ngganggu gawé amarga arep nglamar Widadari kang aran Bathari Wilutama karo para déwa nanging ora ditampa ya iku, Prabu Yudhakalakresna, Raja Negara Dwarakawestri lan Prabu Kunjarakrena, Raja Negara Dwarawatiparwa. Banjur sawisé Raden Narayana jumeneng nata, Negara Dwarakawestri lan Negara Dwarawatiparwa nyawiji lan diganti jeneng dadya Negara Dwarawati (tegesé Negara kang Sugih Lawang). Ing carita liya, ratu Dwarawati sing dikalahake Narayana iku jejuluke Prabu Narasingamurti lan senopatine aran Radèn Singamulangjaya kang uga banjur dikalahake déning Raden Setyaki. Prabu Narasingamurti banjur manitis ana anggane Prabu Kresna, déné Singamulangjaya manunggal sajiwa karo Raden Setyaki. Carita iki bisa ditemoni ing lakon wayang Bedahe Dwarawati.

Dasanamane miturut padhalangan:

Wonten ing Perang Baratayudha, Kresna dadi duta utawa utusan makili para Pandhawa menyang nagara Astina nanting karepe Prabu Duryudana pembarepé Kurawa supaya maringké separo nagara Astina uga nagara Amarta karo para Pandhawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Déné nalika Raden Arjuna arep tandhing lawan Adipati Karna, Kresna mènèhi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo seduluré dhéwé.

Gaman kang diduweni Prabu Kresna

Narayana sakadang nalika isih timur dititipake marang Ki Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi ing Pedukuhan Widarakandhang. Iki kanggo nyingidake supaya aja nganti konganan déning Raden Kangsadewa, putrane kuwalon Prabu Basudewa saka Dewi Maerah kang jumeneng adipati ing Kadipaten Sengkapura kang kepéngin nguwasani nagara Mandura.
Ya nalika ana ing Pedukuhan Widarakandang iki, Raden Narayana meguru marang Begawan Padmanaba ing Pertapan Girikestuba. Déning Sang Begawan pinaringan pusaka cacah loro aran Senjata Cakra Baskara, Kembang Wijayakusuma lan Kaca Paesan kang bisa kanggo ngawuningani kaanan sing bakal dumadi. Kejaba iku uga pinaringan panah Kesawa iya aji Brahalasewu kang dayane manawa Prabu Kresna lagi duka banjur astane nyenggol bedhore Kesawa bisa triwikrama dadi brahala sagunung anakan sesilih Ditya Brahalasewu. Sabanjure Sang Begawan Padmanaba iya banjur nyawiji ana anggane Narayana.

Prabu Kresna iku kawentar kadidené titising déwa Bathara Wisnu, déwa kang andhum kabahagyan lan keadilan. Mula ya wicaksana, waskitha, pinter, sekti mandraguna, sidik ing paningal lan yèn duka bisa malih buta brahala.
Prabu Kresna banget tresnané marang adhine ipe, ya iku Arjuna. Kresna lan Arjuna iku nganti kerep diibaratake kaya godhong suruh lumah lan kurepe, nadyan béda wujudé nanging yèn digigit padha rasané.
Ratu Dwarawati iki uga kondhang kadidene salah sijiné paraga sing pinter (lihai) lan ahli strategi perang sing mumpuni. Nalika dumadine perang Baratayuda, Kresna dadi botohe para Pandhawa.

Ngarepe dumadine perang, tau minangka duta. Budhale menyang Astina nitih Kretane Kyai Jaladara dikusiri rayine, Raden Setyaki. Ing Tegal Kurusetra lakuné ditungka déwa cacah papat, ya iku Sang Hyang Narada, Sang Hyang Kanwa, Sang Hyang Janaka lan Ramaparasu kang ngersakake nyeksèni anggoné padha pirembugan.

Sawisé Prabu Kresna tekan Astina, maune ditampa kanthi becik déning Prabu Duryudana sakadhang. Prabu Duryudana ya wis saguh mbalekake nagara Astina sigar semangka lan nagara Amarta sakwutuhe marang para Pandhawa. Nanging nalika para déwa mau wis padha kondhur makayangan, Duryudana njabel kesaguhane. Layang prajanjen kang wis ditapak astani narendra kekarone disebit-sebit. Lan oran mung iku waé, ratu Astina iku uga banjur paring sasmita marang Patih Sengkuni lan Pandhita Durna supaya dhawuh marang para Kurawa amrih ngrangket lan nyirnakake Prabu Kresna. Kurawa klakon nglarak Prabu Kresna menyang alun-alun nedya disirnakake. Mesthi waé Prabu Kresna banjur duka yayah sinipi, banjur triwikrama malih dadi brahala kang gedhene sagunung anakan. Para Kurawa bubar mawut katrajang pangamuke Ditya Balasrewu. Miturut carita padhalangan gagrak Yogyakarta sing kalumrah kae, pangamuka Balasrewu uiku tundhone nggawa kurban Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendari (bapa lan ibune para Kurawa) sedha sarimbit amarga kebrukan Baluwarti (beteng kedhaton)kang juruguk amarga pangamuke Balasrewu. Jugrugane beteng kang ngebruki Prabu Dhestarastra lan Gendari iku kinarya liwat playune para Kurawa kang dibujung brahala. Iki ateges, Prabu Dhstharastra lan Dewi Gendari padha waé diidhak-idhak déning para putrane dhéwé, amarga anggoné ora bisa ndhidik (nggulawentah) lan mulang-muruk bab kautaman marang para anak-anaké.

Ana ing Perang Baratayudha Jayabinangun, Prabu Kresna ngusiri Arjuna nalika perang-tandhing lumawan Adipati Karna kanthi Kretane Prabu Kresna ya iku Kreta Kyai Jaladara. Arjuna unggul yudhane, Adipati Karna palastra ketaman jemparing Pasopati.

Ing pakeliran, yèn Prabu Baladewa kondhang kadidene ratu sing pakulitane putih mulus alias bule tekan balung sungsum, Prabu Kresna iki pakulitane ireng. Cocok karo asmané, tembung kresna werdine pancen ireng. Ireng tekan getih, balung lan sumsume.
Pungkasané carita, Kresna sirna saragane utawa muksa amarga kena putulahe sepata turuning bangsa Yadawa kang kudu tumpes.




#Article 236: Kutha Surabaya (395 words)


Kutha Surabaya iku kutha krajané Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkoné watara 274,06 km². Kutha iki kutha gedhé urut loro sawisé Jakarta. Nanging, yèn Jakarta dipérang miturut wewengkon administratif ya iku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon, lan Kapuloan Seribu, Surabaya ora. Mula, ngélingi tunggalé wewengkon administratif, Surabaya bisa ingaran kutha sing gedhé dhéwé sa-Indonésia. Surabaya uga minangka papané kumpul para sudagar saka bang tengah lan wétan Indonésia. Présidhèn Indonésia kapisan, ya iku Soekarno, miyos ing kutha iki.

Jeneng Surabaya wiwit ana nalika jamané Majapahit. Jeneng Surabaya mawujud saka rong tembung, ya iku sura lan baya. Tembung rékan iku sajatiné kanggo nandhani prastawa héroik sing naté kadadéan ing Ujung Galuh, ya iku prastawa perang antarané wadya Radèn Wijaya lumawan wadya saka Tar-Tar nalika tanggal 31 Mèi 1293. Tanggal kadadéan iku banjur dadi tanggal lairé Kutha Surabaya.

Purwakané Surabaya iku awujud padésan ing pinggir kali. Jeneng-jeneng désa sing isih dienggo tekan sapréné kaya ta Kaliasin, Kaliwaron, Kalidami, Ketabangkali, Kalikepiting, Darmakali, lan sapituruté nandhani yèn Surabaya iku papan kang akèh mumpangataké kali.

Amarga dumunung ing pinggiré segara, Surabaya uga dadi papan patemoné wong ing alas Jawa karo wong njaba. Nalika taun 1612, Surabaya dadi salah siji punjeré dagang ing Nusantara. Akèh prau kang labuh ing Kali Mas banjur tumuju njeron Surabaya.

Kutha Surabaya uga ana gegayutané karo révolusi kamardikan Indonésia. Wiwit jamané jajahan Walanda uga Jepang, arèk Surabaya perang kanggo mersudi kamardikané Indonésia. Prastawa mau kadadéan nganti tekan tanggal 10 Novèmber 1945 nalika arèk-arèk Surabaya kasil nguwasani Hotèl Oranye (saiki Hotèl Majapahit) kang nalika iku dadi simbulé kolonialisme. Awit saka iku, tekan sapréné tanggal 10 Novèmber dianakaké upacara kanggo mèngeti Dina Pahlawan. Ora mung iku, tetabetané masa panjajahan uga isih katon ing Kutha Surabaya awujud yasan-yasan kolonial.

Kutha Surabaya mapan ing 07° 21' Ujur Kidul lan 112° 36'-112° 54' Alang Wétan

Dhuwuré lumrahé Kutha Surabaya ya iku 3-6 mèter saka lumahing segara, kajaba laladan ing sisih kidul sing awujud gumuk, ya iku tlatah Lidah  Gayungan sing dhuwuré 25-50 mèter saka lumahing segara.

Kutha Surabaya wewatesan karo Selat Madura ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Sidaharja ing sisih kidul, lan Kabupatèn Gresik ing sisih kulon.

Jembaré wewengkon kutha iki ana 33.306,30 Ha, sing kapérang dadi 31 kacamatan lan 160 désa utawa kalurahan.

Kutha Surabaya dumadi saka 31 kacamatan. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Surabaya ya iku:

Surabaya Punjer

Surabaya Wétan

Surabaya Lor

Surabaya Kidul

Surabaya Kulon




#Article 237: Wara-wara (198 words)


Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh wujud pangumuman marang wong akèh. Wara-wara racaké dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kaanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.

WARA-WARA

assalamu'alikum wr.wb

Siswa kelas VII, VIII, lan IX kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas VII, VIII, lan IX supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kanggé lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.

Awit saking punika, benjing

dinten: selasa,

surya : 27 november 2012

para siswa supados mbekta pirantos kanggé gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipunleksanakaken kanthi saestu.

wirosari,25 november 2012

Para siswa kang tansah daktresnani,

	Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 65 Republik Indonesia, OSIS SMK bina patria 1 sukoharjo  badhé dherek-dherek ngrameaken.

	Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhé kalaksanaaken benjing:

		dinten	: Setu-Minggu

		surya	: 15-16 juni 2010
		tabuh	: 08.00 dumugi paripurna

		papan	: SMK BINA PATRIA 1 SUKOHARJO

	Pramila, para siswa ingkang badhé dherek lomba supados pratélan ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Danu setiawan utawi Sdr. Danang
	Mekaten wara-wara punika, sageda dipunleksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.

						      Sukoharjo, 2 Agustus 2010
								

                                                            Ketua OSIS,

							    ttd




#Article 238: Aksara Cinten (186 words)


Aksara Cinten utawi ugi karanan aksara Kan (漢字) (Aksara Jawa: ꦲꦱ꧀ꦱꦫꦕꦶꦤ ꧈ ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦏꦤ꧀ ) punika rupa-rupi kaserat basa Cinten, kaliyan ugi, minangka langkung sakedhik; basa Jepang saha basa Korya (namung ing Korya Kidul). Aksara punika ugi kaaranan aksara Kan amargi aksara punika kabakênakên wonten ing jaman rajawangsa Kan (Ind: Dinasti Han). Aksara Cinten sampun ical saking basa Viyetnam — ing pundi dipunenggé ngantos abad kaping 20 — kaliyan ing Korya Lor, ingkang sampun kagantos Han'gül.

Aksara Cinten iku kaaranan hànzì ing basa Mandharin, kanji ing basa Jepang, hanja utawi hanmun ing basa Korya, kaliyan hán tư (ugi kanggé ing seratan chu nom) ing basa Viyetnam.

Aksara Cintên punika arupa gambar kaya ta srêngenge 日, wit 木, toya 水, bêngawan 川, satokewan keyong sagara 貝, lan sapanunglanipun. Aksara Cinten ugi wontên ingkang arupa citakara utawi gambaraning pikir kadosta inggil 上, andhap 下, lan sapanunggalane. Ingkang kapungkas, aksara Cinten wonten arupa gathukan teges kalihan swanten. Dados, aksara ingkang satunggal kagem maringi teges lan aksara satunggalipun maringi swanten kadosta aksara 語 (Jepang: Go) atêgês basa, dumadi saking aksara 言 ateges omong lan aksara 吾 kagem pituduh swanten 'Go, ご'.




#Article 239: Mangkunagara IV (199 words)


Sri Paduka Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV  (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧔꧇)​ utawi dipuncekak K.G.P.A.A. Mangkunagara IV punika miyos ing taun 1810 saha kaparingan asma Radèn Mas Sudira. Ingkang rama asma K.P.H. Hadiwijaya déné ingkang ibu putri K.G.P.A.A. Mangkunagara II. Dados manawi katingal saking garis pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun K.G.P.A.A. Mangkunagara II. Mangkunagara IV séda taun 1872.

Wiwit taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun. Rikala dumugi yuswa 14 taun mlebet dados kadèt ing Légiun Mangkunagaran. Wekdal samanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran Surakarta inggih punika Mangkunagara III, ingkang kaleres nak-dhèrèkipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara II.

Sareng kaangkat dados Pangéran salin asma dados K.P.H. Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi, patutan 14 lajeng séda. Boten antawis lami Mangkunagara III séda ing taun 1839, lan kagentosan déning K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng dados Mangkunagara IV. Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng dhaup kaliyan R. Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.

Sadangunipun ngantos keprabon panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun Balapan saha rèl sepur Sala – Semarang, lan sasanèsipun. Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42, antawisipun Serat Wedhatama. Mangkunagara IV séda taun 1872 lan kasarèkaken ing Astana Giri Layu.




#Article 240: Generalitat de Catalunya (661 words)


Generalitat de Catalunya iku sawijining pranata otonomi sing ana ing Katalonia, saiki dhaérahé utawa tlatah otonom nagara tunggal Spanyol. Pranata iki asalé saka Abad Tengahan.

Berenguer de Cruïlles 1359-1362
Romeu Sescomes 1363-1364
Ramon Gener 1364-1365
Bernat Vallès 1365
Bernat Vallès 1365-1367
Romeu Sescomes 1375-1376
Joan I d'Empúries 1376
Guillem de Guimerà 1376-1377
Galceran de Besora 1377-1378
Ramon Gener 1379-1380
Felip d'Anglesola 1380
Pere de Santamans 1381-1383
Arnau Descolomer 1384-1389
Miquel de Santjoan 1389-1396
Alfons de Tous 1396-1413
Marc de Vilalba 1413-1416
Andreu Bertran 1416-1419
Joan Desgarrigues 1419-1422
Dalmau de Cartellà 1422-1425
Felip de Malla 1425-1428
Domènec Ram 1428-1431
Marc de Vilalba 1431-1434
Pere de Palou 1434-1437
Pere de Darnius 1437-1440
Antoni d'Avinyó i de Moles 1440-1443
Jaume de Cardona i de Gandia 1443-1446
Pero Ximénez de Urrea 1446-1449
Bertran Samasó 1449-1452
Bernat Guillem Samasó 1452-1455
Nicolau Pujades 1455-1458
Antoni Pere Ferrer 1458-1461
Manuel de Montsuar 1461-1464
Francesc Colom 1464-1467
Ponç Andreu de Vilar1467-1470
Miquel Samsó 1470-1473
Joan Maurici de Ribes 1473-1476
Miquel Delgado 1476-1478
Pere Joan Llobera 1478-1479
Berenguer de Sos 1479-1482
Pere de Cardona 1482-1485
Ponç Andreu de Vilar 1485-1488
Juan Payo Coello 1488-1491
Joan de Peralta 1491-1494
Francí Vicenç 1494-1497
Pedro de Mendoza 1497-1500
Alfons d'Aragó 1500-1503
Ferrer Nicolau de Gualbes i Desvalls 1503-1504
Gonzalo Fernández de Heredia 1504-1506
Lluís Desplà i d'Oms 1506-1509
Jordi Sanç 1509-1512
Joan d'Aragó 1512-1514
Jaume Fiella 1514-1515
Esteve de Garret 1515-1518
Bernat de Corbera 1518-1521
Joan Margarit i de Requesens 1521-1524
Lluís de Cardona i Enríquez 1524-1527
Francesc de Solsona 1527-1530
Francesc Oliver de Boteller 1530-1533
Dionís de Carcassona 1533-1536
Joan Pasqual 1536-1539
Jeroni de Requesens i Roís de Liori 1539-1542
Miquel Puig 1542-1545
Jaume Caçador 1545-1548
Miquel d'Oms i de Sentmenat 1548-1551
Onofre de Copons i de Vilafranca 1551-1552
Miquel de Ferrer i de Marimon 1552
Joan de Tormo 1552-1553
Miquel de Tormo 1553-1554
Francesc Jeroni Benet Franc 1554-1557
Pere Àngel Ferrer i Despuig 1557-1559
Ferran de Lloances i Peres 1559-1560
Miquel d'Oms i de Sentmenat 1560-1563
Onofre Gomis 1563-1566
Francesc Giginta 1566-1569
Benet de Tocco 1569-1572
Jaume Cerveró 1572-1575
Pere Oliver de Boteller i de Riquer 1575-1578
Benet de Tocco 1578-1581
Rafael d'Oms 1581-1584
Jaume Beuló 1584
Pere Oliver de Boteller i de Riquer 1584-1587
Martí Joan de Calders 1587
Francesc Oliver de Boteller 1587-1588
Jaume Caçador i Claret 1590-1593
Miquel d'Agullana 1593-1596
Francesc Oliver de Boteller 1596-1598
Francesc Oliveres 1598-1599
Jaume Cordelles i Oms 1599-1602
Bernat de Cardona i de Queralt 1602-1605
Pere Pau Caçador i d'Aguilar-Dusai 1605-1608
Onofre d'Alentorn i de Botella 1608-1611
Francesc de Sentjust i de Castre 1611-1614
Ramon d'Olmera i d'Alemany 1614-1616
Miquel d'Aimeric 1616-1617
Lluís de Tena 1617-1620
Benet Fontanella 1620-1623
Pere de Magarola i Fontanet 1623-1626
Francesc Morillo 1626-1629
Pere Antoni Serra 1629-1632
Esteve Salacruz 1632
García Gil de Manrique y Maldonado 1632-1635
Miquel d'Alentorn i de Salbà 1635-1638
Pau Claris i Casademunt 1638-1641
Josep Soler 1641
Bernat de Cardona i de Raset 1641-1644
Gispert d'Amat i Desbosc de Sant Vicenç 1644-1647
Andreu Pont 1647-1650
Pau del Rosso 1650-1654
Francesc Pijoan 1654-1656
Joan Jeroni Besora 1656-1659
Pau d'Àger 1659-1662
Jaume de Copons i de Tamarit 1662-1665
Josep de Magarola i de Grau 1665-1668
Joan Pagès i Vallgornera 1668-1671
Josep de Camporrells i de Sabater 1671-1674
Esteve Mercadal i Dou 1674-1677
Alfonso de Sotomayor 1677-1680
Josep Sastre i Prats 1680-1683
Baltasar de Muntaner i de Sacosta 1683-1686
Antoni de Saiol i de Quarteroni 1686-1689
Benet Ignasi de Salazar 1689-1692
Antoni de Planella i de Cruïlles 1692-1695
Rafael de Pinyana i Galvany 1695-1698
Climent de Solanell i de Foix 1698-1701
Josep Antoni Valls i Pandutxo 1701
Antoni de Planella i de Cruïlles 1701-1704
Francesc de Valls i Freixa 1704-1705
Josep Grau 1706-1707
Manuel de Copons i d'Esquerrer 1707-1710
Francesc Antoni de Solanell i de Montellà 1710-1713
Josep de Vilamala 1713-1714
Francesc Macià i Llussà (ERC) 1932-1933
Lluís Companys i Jover (ERC) 1933-1940
Josep Irla i Bosch (ERC) 1940-1954
Josep Tarradellas i Joan (ERC) 1954-1980
Jordi Pujol i Soley (CiU) 1980-2003
Pasqual Maragall i Mira (PSC) 2003




#Article 241: Kulawarga basa Austronésia (112 words)


Kulawarga basa Austronésia iku warna-warna basa sing dicaturake ing Asia Kidul-Wétan, Madagaskar, lan Oséania. Basa Jawa uga kagolong kulawarga basa Austronésia.

Akèh-akèhé, basa-basa Austronésia ora nduwé cathetan sajarah dawa sing tinulis. Mula, para ahli rekaya gawé gegambaran mula bukaning wujud lam paramasastra sing kawiyak nganti Proto-Austronésia. Prasasti tuwa dhéwé ana ing basa Cham, ya iku Prasasti Dong Yèn Chau. Prasasti iki udakara ditulis ing abad ke-4 Masehi.

Rumpun basa iki diucapaké déning udakara 386 yuta manungsa, jalari dadi basa nomer lima sing paling akèh diujaraké, saburiné Indo-Éropah,  Sino-Tibet, Niger-Kongo, lan Afroasiatik. Basa ing kulawarga basa Austronèsian sing gunggung pangucapé paling akèh languages ya iku Melayu (Indonésia, Malaysia), Jawa, lan basa Pilipna (Tagalog).




#Article 242: Isaac Newton (102 words)


Sir Isaac Newton (Woolsthorpe, Lincolnshire, 4 Januari 1643-Kensington, London, 31 Maret 1727 (miturut Kalendher Grégorius)) iku siji ahli fisika lan matematika Inggris. Dhèwèké misuwur déning karyané ing hukum-hukum optika, gravitasi lan kalkulus diferensial.

Saka taun 1670 nganti 1672, Newton ngajar ing babagan optika. Rikala periode iki, Newton nginvestigasi refraksi cahya, nunjukna manawa kaca prisma bisa ngebagi-bagi cahya putih dadi pirang-pirang spektrum warna, lensa lan prisma kaloroné bisa nggabungna bali cahya-cahya mau dadi cahya putih.

Short Chronicle, The System of the World, Optical Lectures, Universal Arithmetic, The Chronology of Ancient Kingdoms, Amended lan De mundi systemate diterbitaké mawi cara anumreta ing taun 1728.




#Article 243: Ramayana (238 words)


Ramayana (basa Sangskreta: Rāmāyaṇa utawa lelakuné sang Rama), iku salah siji saka rong wiracarita saka tanah India kang misuwur sanget. Wiracarita sijiné iku Mahabharata.

Carita iki nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang kaculik déning Rahwana.

Kitab iki dianggep buku fiksi tuwa dhéwé sadonya yèn kitab Weda ora mlebu pètungan. Kitab iku ditulis déning Walmiki kang kira-kira ing taun 300 SM. Carita iki banjur nyebar lan akèh banget variasiné kang ana ing njero India dhéwé utawa ing donya.

Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana tuwa dhéwé tinemu iku Kakawin Ramayana. Carita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi irah-irahan ing sawatara panggonan. Carita iki katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi iku, uga kagelar sendratari Ramayana ing platarané.

Sawetara iku, ing tanah Mlayu carita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing Thailand dadi Ramakien. Sawetara ahli uga nemu yèn Ramayana sumebar uga ing suku Indian, Amérika. Ana uga kang tinemu ing Siberia.

Kang paling béda ya iku ing Sri LankaSri Lanka. Ing tlatah iki Ravana dadi wong kang becik lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka. Ravana iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah iki.

Kejaba vèrsi Sri Lanka, lumrahé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh Sita. Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi déning para wanara lan kasil ngrebut Sita.

Wiracarita Ramayana ana pitu kitab kang asring sinebut Saptakanda. Urutan kitab nuduhaké carita kang kadadéan ing sajeroné Wiracarita Ramayana.




#Article 244: Osama bin Laden (238 words)


Osama bin Laden (lair ing Jeddah, 28 Juni 1957-tilar donya ing 1 Mèi 2011, Abbottabad, Pakistan) iku tokoh saka Saudi Arabia. Osama lair kanthi asma jangkep Usamah Bin Muhammad bin Awwad Bin Ladin. Osama lair saking palakramanipun ingkang rama kaliyan Alia Ghanem.

Osama dados mahasiswa wonten ing Universitas King Abdul Aziz Jeddah. Salah satunggal ara-araipun inggih punika Sheikh Abdullah Azzam.
Abdullah Azzam punika ingkang salajengipun konangan minangka tokoh baku ingkang ndamel memobilisasi panjurung bangsa Arab kanggé kaum Mujahidin ingkang perang klawan pendudukan Uni Soviét marang Afganistan. Osama bin Laden saged ngrampungaken pandhidhikanipun lan dipunwisuda sarjana taun 1979 babagan Ékonomi lan Manajemén.

 Osama dipunanggep ingkang ndhalangi prastawa 11 Septémber 2001 déning pamaréntah Amérikah Sarékat. Wonten ingkang nganggep Osama wirawan (pahlawan) nanging uga kathah ingkang nganggep Osama téroris. Osama punika lare kaping 17 saking 52 sadulur. Bapakipun inggih punikau Mohammad bin laden ya iku wong tani saking yaman ingkang pindah wonten ing Arab Saudi amargi wonten perang donya kaping kalih. Osama bin laden miwiti yasa jaringan komunikasinipun taun 1979 nalika wonten Afganistan nggabung wonten ing milisi perang kaum pejuang Afgan ingang dipunkenal kaliyan kaum mujahidin.
Wonten ing Arab Saudi osama miwiti usaha énggal wonten ing babagan pembangunan.
Nalika remaja Osama gabung kaliyan obahan konservatif baru.
Wonten ing obahan Konservatif baru osama mlebet dateng dinas kepulisian ingkang tugasipun negaken ukum-ukum syariah.

Saksampunipun Osama pejah sapunika kathah calon sinten ingkang ngantosi osama wonten ing Al-Qaeda. Nama-nama ingkang dipunsebat badhé dados gantosipun Osama:




#Article 245: Isaac Asimov (557 words)


Isaac Asimov (shtetl Petrovichi ing Smolensk Oblast, RSFSR (Rusia), kurang luwih ing 2 Januari 1920 – 6 April 1992) iku ahli biokimia Amérikah Sarékat kalairan Rusia, sing uga siji panulis sing suksès banget lan prodhuktif banget. Dhèwèké misuwur banget amarga karya fiksi ilmiah lan buku sains kanggo wong awam. Karya Asimov sing misuwur dhéwé iku Séri Dhasar (Foundation Series), sing digabung dadi rong séri liyané, Séri Karajan Galaksi (Galactic Empire Series) lan Séri Robot (Robot Series).

Asimov uga misuwur déning hukumé: Three Rules of Robotics.

Asimov dilahiraké kurang luwih ing tanggal 2 Januari 1920 (iki tanggal kelairané kanggo kaperlon resmi, awit tanggal kelairané sing tenan ora dingertèni) ing shtetl Petrovichi, Smolensk Oblast, Rusia. Wong tuwané ya iku pasangan Anna Rachel Berman Asimov lan Judah Asimov, siji kulawarga Yahudi sing nyambut gawé ing siji penggilingan. Banjur kabèh padha pindhah menyang Amérikah Sarékat nalika dhèwèké umuré telung taun. Isaac Asimov tumuwuh ing Brooklyn, New York, dhèwèké bisa sinau maca nalika umuré limang taun. Wong tuwané nduwé toko permèn lan ngarepaké supaya kabèh anggota kulawargané bakal nyambut gawé ing kono. Asimov wiwit ndeleng lan maca kalawarta-kalawarta fiksi èlmiah ing toko iku. Nalika Asimov remaja, dhèwèké wiwit nulis ceritané dhéwé lan banjur ngedol ing kalawarta-kalawarta fiksi.

Asimov banjur kuliyah lan lulus saka Universitas Columbia ing taun 1939 lan olèh gelar dhoktor (Ph.D.) ing babagan kimia nalika ing taun 1948. Dhèwèké banjur nggabung karo fakultas Universitas Boston, ing endi dhèwèké dadi pegawé honorèr, dudu pengajar. Universitas Boston banjur mandheg ngwèhi gaji ing taun 1958, nalika gajiné saka kasil tulisané ngluwihi gajiné olèhé ngajar. Banjur Asimov diangkat dadi profèsor enom lan pangkaté diunggahaké dadi profèsor penuh ing taun 1979. Wiwit taun 1965, tulisan-tulisan pribadiné wis diarsip ing Kapustakan Pèngetan Mugar (Mugar Memorial Library) ing universitas iku. Banjur ing taun 1985, dhèwèké dadi Présidhèn Asosiasi Humanisme Amérika lan fungsi iki tetep dijabat nganti patiné ing taun 1992; sing ngganti banjur kanca lan uga koléga penulis Kurt Vonnegut, Jr.

Asimov omah-omah karo Gertrude Blugerman ing tanggal 26 Juli 1942 lan pinaringan rong putra: David (1951) lan Robyn (1955). Banjur sawisé pisah rada suwé, Asimov pegatan ing taun 1973. Banjur Asimov kawin manèh karo Janet O. Jeppson ing pungkasané taun iku.

Asimov tilar donya ing tanggal 6 April 1992. Dhèwèké nilar bojo enomé lan anaké loro. Sepuluh taun sawisé tilar donya, Janet nulis biografi Asimov sing ajudhul It's Been a Good Life, yèn olèhé tilar donya iku disebabaké déning lelara AIDS; Asimov ketularan virus HIV saka siji transfusi getih nalika kudu operasi bypass jantung ing taun 1983. Panyebab patié sing sajati iku gagal jantung lan ginjel sing diakibataké déning AIDS. Janet celathu yèn para dhokter awèh saran supaya Asimov ngrahsyakaké lelara. Nanging para dhokter iki padha maido lan wicara yèn Janet sing sajatiné péngin ngrahsyakaké.

Isaac Asimov iku humanis lan rasionalis. Dhèwèké ora nantang kapracayané wong liya sing murni, nanging ora seneng karo takhayul utawa kapracayan sing ora ana buktiné. Asimov wedi numpak montor mabur lan nalika urip namung ping loro naté numpak montor mabur. Banjur Asimov uga siji wong sing ngidhep kelainan klaustrofil (seneng marang bilik sing cilik lan katutup).

Asimov iku pendhukung setya Parté Dhémokrat AS. Bab panggunan tenaga nuklir, Asimov setuju, anggeré namung kanggo panggunan sipil waé. Saliyané iku ing karya-karya panulisané, dhèwèké uga kerep nyinggung masalah-masalah krisis lingkungan urip, kaya ta pemanasan global lan rusaké lapisan ozon (contoné Our Angry Earth (1991)).




#Article 246: Statistika (1345 words)


Statistika iku èlmu kang nyinaoni cara gawé rencana, ngumpulaké, nganalisis, gawé interpretasi, lan présentasi data. Cekaké, statistika iku èlmu kang magepokan karo data. Istilah 'statistika' (basa Inggris: statistics) béda karo 'statistik' (statistic). Statistika minangka èlmu kang magepokan karo data, déné statistik iku data, informasi, utawa asil panerapan algoritma statistika ing sawijining data. Saka kumpulan data, statistika bisa dipigunakaké kanggo nyimpulaké utawa ndèskripsi data; bab iki diarani statistika dhèskriptif. Sapérangan gedhé konsèp dhasar statistika duwé asumsi téyori probabilitas. Sawetara istilah statistika antarané: populasi, sampel, unit sampel, lan probabilitas.

Statistika akèh dicakaké sajeroning manéka disiplin èlmu, ya iku èlmu-èlmu alam (umpamané astronomi lan biologi lan uga èlmu-èlmu sosial (kalebu sosiologi lan psikologi), lan ing babagan bisnis, ékonomi, lan indhustri. Statistika uga dipigunakaké sajeroning pamaréntahan kanggo manéka tujuan; sènsus kang ndunungi minangka salah siji prosedhur kang paling misuwur. Aplikasi statistika liyané kang saiki populèr ya iku prosedhur jajag panemu utawa polling (umpamané diayahi sadurungé pilihan umum), sarta jajag rikat (pétungan rikat asil pemilu) utawa quick count. Ing babagan komputasi, statistika bisa uga dicakaké sajeroning pangenalan pola utawa kacerdhasan gawéan.

Panggunaan istilah statistika ngoyot saka istilah istilah sajeroning basa latin modhèren statisticum collegium (dewan nagara) lan basa Italia statista (nagarawan utawa pulitikus).

Gottfried Achenwall (1749) migunakaké Statistik sajeroning basa Jerman kanggo kang sepisanan minangka jeneng saka kagiyatan analisis data kanagaraan, kanthi makna èlmu ngenani nagara (state). Ing wiwitan abad kaping-19 wis ana pergeseran makna dadi èlmu ngenani pangumpulan lan klasifikasi data. Sir John Sinclair ngenalaké jeneng (Statistics) lan pangertèn iki sajeroning basa Inggris. Mula, statistika kanthi prinsip wiwitané mung ngurus data kang dianggo lembaga-lembaga administratif lan pamaréntahan. Pangumpulan data terus lumaku, mligi liwat sènsus kang diayahi kanthi lumintu kanggo mènèhi informasi kapadunungan kang owah saben wektu.

Ing abad kaping-19 lan wiwitan abad kaping-20 statistika wiwit akèh migunakaké babagan-babagan sajeroning matématika, mligi peluang. Cawang statistika kang saiki wis akèh dipigunakaké kanggo njurung métodhe èlmiah, statistika inferènsi, dikembangaké ing paruh kapindho abad kaping-19 lan wiwitan abad kaping-20 déning Ronald Fisher (kang masang dhasar statistika inferensi), Karl Pearson (métodhe régrèsi linear), lan William Sealey Gosset (nliti problem sampel ukuran cilik). Panggunaan statistika ing mangsa saiki wis nyentuh kabèh babagan èlmu, wiwit saka astronomi nganti linguistika. Babagan-babagan ékonomi, biologi lan cabang-cabang terapané, sarta psikologi akèh diprebawani déning statistika sajeroning metodologiné. Akibaté banjur lair èlmu-èlmu gabungan kaya ékonomètrika, biomètrika (utawa biostatistika), lan psikomètrika.

Sanajan nda pihak kang nganggep statistika minangka cawang saka matématika, nanging sapérangan pihak liyané nganggep statistika minangka babagan kang akèh kagandhèng karo matématika ndeleng saka sajarah lan aplikasiné. Ing Indonésia, kajian statistika sapérangan gedhé mlebu sajeroning fakultas matématika lan èlmu alam, ana ing dhépartemen kang madeg dhéwé utawa kagabung karo matématika.

Sajeroning aplikasi statistika ing permasalahan sains, indhustri, utawa sosial, diwiwiti kanthi nyinaoni populasi. Makna populasi sajeroning statistika bisa ateges populasi barang urip, barang mati, utawa barang abstrak. Populasi uga bisa wujud pangukuran sawijining prosès ing sajeroning wektu kang béda-béda, ya iku misuwur kanthi istilah dhèrèt wektu.

Ngayahi pendataan (pangumpulan data) kabèh populasi dijenengaké sènsus. Sawiji sènsus wis mesthi mbutuhaké wektu lan biaya kang dhuwur. Mula, sajeroning statistika kerep diayahi panjupukan sampel (sampling), ya iku sapérangan cilik saka populasi, kang bisa makili kabèh populasi. Analisis data saka sampel sabanjuré dipigunakaké gawé generalisasi kabèh populasi.

Yèn sampel kang dijupuk cukup representatif, inferensial (panjupukan kaputusan) lan simpulan kang digawé saka sampel bisa dipigunakaké kanggo nggambaraké populasi kanthi sakabèhané. Métodhe statistika ngenani cara njupuk sampel kang tepat dijenengaké tèhnik sampling.

Analisis statistik akèh migunakaké probabilitas minangka konsèp dhasaré. Bab iki katon saka akèhé nganggo uji statistika kang njupuk dhasar ing sebaran peluang. Déné matématika statistika minangka cawang saka matématika terapan kang migunakaké téyori probabilitas lan analisis matématika kanggo ngantukaké dhasar-dhasar téyori statistika.

Ana rong jinis statistika, ya iku statistika dhèskriptif lan statistika inferensial. Statistika dhèskriptif magepokan karo dhèskripsi data, umpamané saka ngitung rata-rata lan varians saka data mentah; migunakaké tabel-tabel utawa grafik saéngga data mentah luwih gampang “diwaca” lan luwih duwé makna. Déné statistika inferensial punjul iku, umpamané ngayahi pangujian hipotèsis, ngayahi prédhiksi observasi mangsa ngarep, utawa gawé modhèl régrèsi.

Ana rong jinis utama panelitèn: èksperimen lan survei. Kaloroné padha-padha nyinaoni prabawa owah-owahan ing peubah penjelas lan perilaku pangowah rèspon akibat owah-owahan mau. Béda kaloroné dumunung ing cara kajiané.

Sawiji èksperimèn nglibataké pangukuran marang sistem kang dikaji, mènèhi perlakuan marang sistem, lan banjur ngayahi pangukuran (manèh) kanthi cara kang padha marang sistem kang wis diperlakukan kanggo meruhi apa perlakuan ngowahi aji pangukuran apa ora. Bisa uga perlakuan diayahi kanthi simultan lan prabawané diukur ing sajeroning wektu kang uga bebarengan. Métodhe statistika kang gegandhèngan karo lumakuné sawijining èksperimèn disinaoni sajeroning rancangan pacoban (désain èksperimèn).

Sajeroning survey,, ora diayahi manipulasi tmarang sistem kang dikaji. Data dikumpulaké lan gayutan (korélasi) antara manéka peubah diselidhiki kanggo mènèhi gambaran marang objèk panelitèn. Tèknik-tèhnik survai disinaoni sajeroning métodhe survei.

Panelitèn jinis eksperimen akèh diayahi ing èlmu-èlmu rekayasa, umpamané tèhnik, èlmu pangan, agronomi, farmasi, pemasaran (marketing), lan psikologi èksperimèn.

Panelitèn jinis observasi paling kerep diayahi ing babagan èlmu-èlmu sosial utawa magepokan karo perilaku sadina-dina, umpamané ékonomi, psikologi lan pédagogi, kadhokteran masarakat, lan indhustri.

Ana papat jinis pangukuran utawa skala pangukuran kang dipigunakaké sajeroning statistika, ya iku: nominal, ordinal, interval, lan rasio. Kapapat skala pangukuran mau duwé tingkat panggunaan kang béda sajeroning riset statistik.

Interpretasi marang informasi statistik kerep nglibataké anané null hypothesis kanthi asumsi apa kang diusulaké minangka jalaran ‘’’ora’’’ duwé prabawa marang variabel kang diukur.

Minangka ilustrasi kang prasaja ya iku kaanan kang diadhepi para juri ing sawijining pangadilan. Null hypothesis, H0, negasaké yèn wong kang kadakwa ora salah, déné hypothesis alternatif, H1, nyatakaké yèn wong kang kadakwa iku salah. Dakwan ana amarga kasujanan ananékasalahan. H0 (status quo) ana ing posisi lelawanan karo H1 lan bakal dianggep bener kajaba H1 dijurung déning bukti-bukti kang nyata (beyond a reasonable doubt). Sanajan mangkono, kagagalan nulak H0 (failure to reject H0) ing prakara iki ora ateges ora salah, nanging mung anané bukti-bukti ora cukup. Mula para juri ora perlu nampa H0 nanging gagal nulak (fails to reject) H0. Sauntara sawenèh wong ora bisa mbuktèkaké sawijining null hypothesis nanging bisa nguji cedhak orané saka kasunyatan nganggo uji kakuwatan, kang nguji kasalahan jinis loro (type II errors).

Kanthi nganggo null hypothesis tinemu anané loro wangun kasalahan (errorr):

Studi statistika mung njupuk sapérangan saka populasi amarga saka iku asilé ora makili kanthi wutuh saka populasi sakabèhané. Èstimasi kang diantukaké saka sampel mung kira-kira (approximate) saka aji populasi. Confidence intervals  agawé para statistikawan bisa nyatakaké sepira cedhaké asil ngira-ira saka sampel bisa cocog karo aji kang sabeneré ing populasi. Kerep dinyatakaké minangka expressed as 95% confidence interval. Sacara formal, sawijining pratélan 95% confidence interval tumrap sawjining aji iku rentangan (range), yèn sampling lan analisis dibolan-balèni ana ing kondhisi kang padha (yielding a different dataset), interval bakal kalebu aji kang sakbeneré 95 % saka kabèh pangujèn. Bab iki ora ateges yèn probabilitas aji sakbeneré ana ing confidence interval 95%. Saka perspèktif frequentist, klaim mau ora nalar, amarga aji sabeneré iku dudu sawijining  random variable .

Statistika arang mènèhi sawijining jawaban prasaja jinis ya utawa ora. Interpretasi kerep tiba marang tataran signifikansi statistik (level of statistical significance) kang dicakaké marang angka lan kerep tegesé probabilitas saka aji kang kanthi akurat nulak null hypothesis (kadhangkala ingaran minangka p-value).

Signifikansi statistik ora mesthi ateges yèn asilé signifikan sajeroning kaanan nyata. Tuladha, sajeroning pasinaon ngenani usada manawa nuduhaké yèn sawijining obat duwé signifikansi statistik nanging mung duwé èfèk nguntungaké sethithik, amarga saka iku obat mau kaya-kaya ora bakal mbantu pasien kanthi nyata.

Sawetara pangujian lan prosedur kang akèh dipigunakaké sajeroning panelitèn antarané:

Sawetara èlmu kang migunakaké statistika terapan saéngga duwé tèrminologi kang mligi. Disiplin èlmu mau antarané:

Statistika mènèhi piranti analisis data tumrap manéka babagan èlmu. Kagunané warna-warna: nyinaoni keragaman akibat pangukuran, ngendhalèkaké prosès, ngrumusaké informasi saka data, lan mbiyantu panjupukan kaputusan dhedhasar data. Statistika, amarga sipaté kang objèktif, kerep dadi siji-sijiné piranti kang bisa diandelaké kanggo kaperluan-kaperluan ing ndhuwur.

Pétungan statistika modhèren akèh diayahi déning komputer, lan malah sawatara pétungan mung bisa diayahi déning komputer mawa karikatan dhuwur, umpamané jaringan saraf tiron. Révolusi komputer wis nggawa implikasi perkembangan statistika ing mangsa ngarep, kanthi panekanan anyar marang statistika èksperimèntal lan èmpirik.

Lindley, D. Making Decisions. John Wiley. Second Edition 1985. ISBN 0-471-90808-8




#Article 247: Bangkok (921 words)


Bangkok (basa Thailand: กรุงเทพฯ, กรุงเทพมหานคร, utawa Krung Thep, Krung Thep Maha Nakhon)() iku kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé ing Thailand. Kutha iki dumunung ing gisik kulon Kali Chao Phraya, cedhak Lempongan Thailand.

Bangkok iku kutha kanthi perkembangan paling pesat, kanthi ékonomi kang dinamis lan kemasyarakatan kang progresif ing Asia Kidul-wétan. Kutha iki isih ngembang dadi punjer regional kang bisa nyaingi Singapura lan Hong Kong, nanging isih duwé masalah sajeroning sèktor infrastruktur lan sosial minangka akibat perkembangané kang pesat. Bangkok wis suwé dadi gerbang mlebu tumrap penanam modal manca kang péngin golèk pasar anyar ing Asia. Kutha iki uga kacathet minangka salah siji kutha ing donya kanthi laju penambahan konstruksi gedhong pencakar langit paling rikat. Sugih situs-situs budaya agawé Bangkok minangka salah siji tujuwan wisata paling populèr ing donya.

Provinsi Bangkok wewatesan karo enem provinsi liya: Nonthaburi, Pathum Thani, Chachoengsao, Samut Prakan, Samut Sakhon lan Nakhon Pathom.

Kutha Bangkok () biyèn wujud sawijining punjer dagang cilik lan palabuhan ing gisik Kulon kali Chao Phraya nglayani Krajan Ayuthhaya, perintis Thailand modhèren kang jaya wiwit taun 1350 nganti 1767. Ana kaprecayan yèn jeneng Bangkok asal saka Bang Makok, Bang sebutan sajeroning basa Thailand pérangan Tengah kanggo kutha utawa désa kang berlokasi ing tepian kali, lan Makok (มะกอก) iku jeneng sajeroning basa Thailand tumrap Spondias pinnata, Spondias mombin utawa Elaeocarpus hygrophilus (tuwuhan kang ngasilaké woh kaya woh olive), utawa Bang Koh, Koh tegesé pulo, tegesé sawijining wewengkon kang kaukir déning kali-kali lan kanal-kanal.

Sawisé runtuh Ayutthaya déning Krajan Burma ing taun 1767, ratu anyar, Raja Taksin ngadegaké kutha krajan anyar, Thonburi, ing wewengkon kang saiki minangka péranganing kutha Bangkok. Nalika mangsa pamaréntahan Taksin rampung ing taun 1782, Raja Buda Yodfa Chulaloke yasa manèh kutha krajan ing sisih wétan kali lan maringi jeneng resmi upacara (ceremonial name) Krung Thep Mahanakhon Amon Rattanakosin Mahinthara Yuthaya Mahadilok Phop Noppharat Ratchathani Burirom Udomratchaniwet Mahasathan Amon Piman Awatan Sathit Sakkathattiya Witsanukam Prasit lan banjur dicekak dadi jeneng resmi saiki, Krung Thep Maha Nakhon. Nanging, kutha anyar mau uga mèlu nampa jeneng Bangkok, kang terus dipigunakaké déning wong-wong manca kanggo nunjuk marang kabèh wewengkon kutha lan dadi jeneng resmi sajeroning Basa Inggris, déné sajeroning Basa Thailand jeneng Bangkok tetep mung nuduhaké kutha tuwa ing pinggir kulon kali. Kutha mau wiwit wektu iku wis dimodhèrnaké lan ngalami akèh owah-owahan, kalebu pangenalan transportasi lan infrastruktur ing mangsa pamaréntahan Raja Mongkut lan Raja Chulalongkorn, lan banjur dadi punjer perékonomian Thailand.

Jeneng pepak resmi Kutha Bangkok (jeneng pemberian) kang diparingaké déning Raja Buda Yodfa Chulaloke, lan banjur diralat déning Raja Mongkut, iku Krung Thep Mahanakhon Amon Rattanakosin Mahinthara Yuthaya Mahadilok Phop Noppharat Ratchathani Burirom Udomratchaniwet Mahasathan Amon Piman Awatan Sathit Sakkathattiya Witsanukam Prasit (กรุงเทพมหานคร อมรรัตนโกสินทร์ มหินทรายุธยามหาดิลกภพ นพรัตน์ราชธานี บุรีรมย์อุดมราชนิเวศน์มหาสถาน อมรพิมานอวตารสถิต สักกะทัตติยะวิษณุกรรมประสิทธิ์, ). Jeneng iki dumadi saka kombinasi rong basa kuna India, Pali lan Sansekerta. Sawisé romanisasi basa iki, jeneng mau pranyata kuduné ditulis Krung-dēvamahānagara amararatanakosindra mahindrayudhyā mahātilakabhava navaratanarājadhānī purīrāmasya utamarājanivēsana mahāsthāna amaravimāna avatārasthitya shakrasdattiya vishnukarmaprasiddhi, kang tegesé Kutha malaékat, kutha gedhé, kutha inten abadi, kutha Déwa Indra kang ora goyah, kutha krajan agung donya kang dikaruniai sanga watu permata aji, kutha kabagjan, kanthi Pura Krajan kang gedhé banget kang mèmper swarga ing ngendi pamaréntahan iku minangka reinkarnasi déwa-déwa, sawijining kutha kang diparingaké déning Indra lan diyasa déning Wisnu.

Sekolah-sekolah lokal miwulangaké jeneng pepak kutha iki, sanadyan mung sethithik kang bisa njelasaké tegesé amarga akèh tembung kuna lan saiki wis ora dianggo manèh sajeroning basa lésan, uga ora diweruhi déning wong biyasa. Akèh-akèhé wong Thailand kang éling jeneng dawa kutha iki saka panggunaan jeneng mau sajeroning sawijining lagu populèr Krung Thep Mahanakhon (1989) déning Asanee-Wasan Chotikul lan kerep disebutaké sinambi nembangaké lagu iki bebarengan.

Jeneng pepak Bangkok wis kadhaptar sajeroning Guinness Book of Records minangka jeneng panggonan paling dawa ing donya.

Laladan administratif mirunggan Bangkok nyakup wewengkon kang jembaré 1.586,7 km², saéngga dadi provinsi gedhé dhéwé ka 68 ing Thailand. Sapérangan gedhé wewengkon mau dianggep péranganing kutha Bangkok, ndadèkaké Bangkok minangka salah siji kutha gedhé dhéwé ing donya.  Kali Chao Phraya, kang mbentang dawané 372 km, iku fitur géografis utama ing Bangkok. Lembah Kali Chao Phraya, wewengkon-wewengkon ing saubengé Bangkok, lan provinsi-provinsi paling cedhak madeg ing sadhuwuring lahan dhataran cendhèk lan delta-delta kali kang tumuju menyang Tanjung Bangkok watara 30 km ing sisih kidul punjer kutha. Kondhisi iki kang njalari anané sebutan “Venice saka Wétan” tumrap kutha Bangkok amarga akèh kanal-kanal lan saluran-saluran banyu kang mérang wewengkon kutha Bangkok dadi tanah cilik-cilik kang kapisah-pisah. Biyèn, kanal-kanal mau minangka tapel wates antara dhistrik siji karo dhistrik kang liyané.

Nanging, sairing karo tuwuhing kutha ing tengahan abad ka 20, pembagéan laladan dhedhasar kanal-kanal mau ditinggalaké lan sistem tapel wates anyar kang béda dicakaké.
Bangkok dumunung watara rong mèter ing sadhuwuring lumahé segara, kang njalari masalah banjir ing mangsa rendheng (monsoon). Kerep kadadéan sawisé udan deres, banyu kali lan kanal-kanal lubèr lan njalari banjir gedhé. Pamaréntahan Metropolitan Bangkok (BMA) saiki wis masang penghalang ing sadawaning kanal kanggo nyegah lubèran banyu saka kanal-kanal mau.

Bangkok duwé iklim monsoon tropis dhedhasar sistem klasifikasi iklim Koppen. Suhu rata-rata ing Bangkok wujud kang paling dhuwur ing donya . Suhu rata-rata ing Bangkok iku watara 2 °C luwih dhuwur tinimbang kang disebutaké ing Papan Anggegana Don Muang sajeroning période taun 1960-1990. Suhu paling panas ya iku 40.8 °C lan suhu paling adhem 9.9 °C. Suhu paling adhem kacathet kadadéan ing sasi Januari 1924, Januari 1955, Januari 1974 lan Dhésèmber 1999. Ing sasi Dhésèmber 1999, suhu ing wanci awani mung nganti 22.3 °C. Udan badai (hailstorms) arang ana ing Bangkok, mung kacathet kadadéan sapisan sajeroning 50 taun pungkasan.

Bangkok duwé sawatara kutha kembar ya iku:




#Article 248: Kopi (740 words)


Kopi iku ombenan kang digawé saka wiji kopi kang diobong utawa digorèng. Lumrahé wijiné iki saka tuwuhan coffea arabica utawa coffea canephora (robusta). Kopi kang asalé saka Jawa uga misuwur banget saindenging jagat. Kopi wujud sumber utama kafein.

Saiki kopi dadi komodhitas angka loro kang paling akèh didagangaké sawisé lenga bumi. Total 6,7 yuta ton kopi diprodhuksi watara taun 1998-2000 waé. Diprakirakaké ing taun 2010, Prodhuksi kopi ing donya bakal tekan 7 yuta ton per taun (saka ).

Sajarah kopi bisa dingertèni tilasé saka watara abad kaping 9, ing dhataran dhuwur Ethiopia. Saka kana banjur nyebar menyang Mesir lan Yaman, lan banjur ing abad limalas saya mawiyar menyang Pèrsi, Mesir, Turki, lan Afrika lor.

Wiwitané kopi rada ora ditampa déning sapérangan wong. Ing taun 1511, amarga èfèk rangsangan kang njalari, dipenging panggunaané déning para imam konservatif lan otodhoks ing majelis kaagamaan ing Makkah. Nanging amarga popularitas ombèn iki, mila larangan mau ing taun 1524 diilangaké jalaran titah Sultan Selim I saka Kasultanan Utsmaniyah Turki. Ing Kairo, Mesir, larangan kang padha uga disahaké ing taun 1532, ing ngendi warung kopi lan gudhang kopi ditutup.

Saka donya Muslim, kopi nyebar dhateng Éropah, lan ombenan iki dadi populèr suwéné abad kaping 17. Wong Walanda kang sepisanan ngimpor kopi kanthi skala gedhé dhateng Éropah, lan ing sawijining wektu nylundhupaké wijiné ing taun 1690, amarga tuwuhan utawa wiji mentahé ora diidinaké metu kawasan Arab. Iki banjur diterusaké kanthi pananduran kopi ing Jawa déning wong Walanda.

Nalika kopi tekan kawasan koloni Amérikah, kawitané ora kasil kaya ing Éropah, amarga dianggep kurang bisa nggantèkaké alkohol. Nanging, sawisé Perang Révolusi, panyuwunan marang kopi mundhak cukup dhuwur, nganti para panyalur kudu mbukak parsedyan cadhangan lan ngundhakaké regané kanthi dramatis; sapérangan prakara iki amarga didhasari déning mudhuné pasedyan tèh déning para pedhagang Inggris. Minat wong Amérika marang kopi tuwuh ing wiwitan abad kaping 19, nyusul dumadiné perang ing taun 1812, ing ngendi aksès impor tèh kapedhot sauntara, lan uga amarga ningkaté tèknologi panggawéan minuman, mila posisi kopi minangka komodhitas saben dina ing Amérikah saya kuwat.

Jinis Kopi antarané:

Kopi luwak minangka kopi kang didol regane paling larang ing donya. Prosès gawé lan rasané kang unik banget dadi alesan utama larange rega kopi jinis iii. Jan-jane kopi iki isih kalebu jinis kopi arabika. Wiji kopi iki banjur dipangan déning luwak utawa kéwan jinis musang. Nanging, ora kabèh péranganing wiji kopi iki bisa kacerna déning kéwan iki. Pérangan jero wiji iki bakalan metu bebarengan karo teleke. Amarga suwéné ing sajeroning saluran pencernaan luwak, wiji kopi iki wis ngalami fermentasi singkat kang klakon déning baktèri alami ing sajeroning kang bisa mènèhi cita rasa tambahan kang unik.

Omben-ombenan kopi saiki akèh maceme, ya iku:

Kandutan kafein sajeroning kopi duwé efek kang warna-warna ing saben-saben wong. Akèh wong kang bakalan ngalami efeknya kanthi cara langsung, déné wong liya ora ngrasakake babar pisan. Kaya mangkene ana gegayutane karo sipat genetika kang diduwèni saben-saben wong kang ana gegayutane karo kamampuan metabolisme awak sajeroning ncerna kafein. Metabolisme kafein kedaden kanthi direwangi enzim sitokrom P450 1A2 (CYP1A2). Ana 2 jinis enzim, ya iku CYP1A2-1 lan CYP1A2-1. kang duwé enzim CYP1A2-1 bisa mematabolisme kafein kanthi rikat lan efisien mula efek saka kafein bisa dirasa kanthi nyata. Enzim CYP1A2-2 duwé laju metabolisme kafein kang alon mula akèh-akèhé wong kanthi jinis iki ora ngrasakake efek kasarasan saka kafein lan malahan cenderung ndadèkaké efek kang négatif.

Akeh isu kang ngrembaka ngenani efek négatif nginum kopi kanggo awak, kaya déné ngunggahna risiko kena kanker, diabetes melitus jinis 2, insomnia, lelara jantung, lan kelangan konsèntrasi. Kandutan kafein sajeroning kopi jebule bisa neken thukulé sèl kanker  kanthi cara bertahap. Kajaba iku, kafein bisa mudhunake risiko kena diabetes melitus jinis 2 kanthi njaga sensitivitas awak marang insulin. Kafein sajeroning kopi uga wis kabukti bisa ncegah lelara serangan jantung. Ngonsumsi kopi uga bisa nggawé awak tetep kajaga lan ngunggahake konsèntrasi sanajan ora signifikan. Ing babagan ulah raga, kopi akèh dikonsumsi déning para atlet sadurungé tandhing amarga senyawa aktif sajeroning kopi bisa ngunggahake metabolisme ènergi, mligi kanggo mecahake glikogen (gula cadangan sajeroning awak).

Saliyané kafein, kopi uga duwé kandhutan senyawa antioksidan kang cacahé rada akèh. Anane antioksidan bisa ncegah efek pangrusakan déning senyawa radikal bébas, kaya déné kanker, diabetes, lan penurunan respon imun. Tuladhané senyawa antioksidan kang ana ing sajeroning kopi ya iku polifenol, flavonoid, proantosianidin, kumarin, asem klorogenat, lan tokoferol. Kanthi digodhog, aktivitas antioksidan iki bisa diunggahaké.

Rezeki Fortune minangka cara sing efektif sing mbantu ora mung prédhiksi mangsa ngarep, nanging uga ngerti sebab-sebab prekara sing isih ana.




#Article 249: Jagung (142 words)


Jagung iku panganan dhasar kang wigati nomer loro sajagat sawisé gandum lan sadurungé beras. Ing tanah Jawa lan sakiteré mligi wong Madura kang dhemen mangan jagung.

Jagung bisa thukul ing tlatah garing mulané disenengi wong Madura. Jagung sajatiné asalé saka jagat bawana Amérika. Para nimpuna ngira-ngira yèn jagung wis ditandur manungsa kurang luwih 6.500 - 12.000 taun kapungkur.

Jagung bisa digawé panganan warna-warna, kaya ta marning, brondong, lepet jagung lan bakwan jagung. Yèn digawé glepung jenengé maizéna, kena kanggo gawé jenang, nyamikan, kué putri ayu lan liya-liyané. Wit jagung (kang diarani tebon) bisa kanggo pakan sapi lan rajakaya liyané.

Jagung kalebu bahan pangan kang nanduré gampang lan akèh paédahé. Mangsa katiga utawa rendheng bisa nandur jagung. Yén katiga kudu gelem nyirami. Rabuké cukup rabuk kandhang lan uréa.

Indonesia ing taun 2012 lan 2013 mapani peringkat kaping 8 produsen jagung (pipilan garing) donya. 




#Article 250: Berlin Kulon (197 words)


Berlin Kulon iku jenengé tlatah kulon kutha Berlin saka taun 1949 nganti 1990. Tlatah iki kasusun saka sèktor sekuthu Amérikah Sarékat, Britania Raya lan Prancis kang diputusaké ing taun 1945. Sektor Uni Sovyèt dadi Berlin Wétan.

Berlin Kulon iku kabèh mbiyèn diubengi sèktor-sèktor Sovyet, dadi sawijining enklave. Para sekuthu kulon diwèhi jaminan koridor udara, anging ora diwèhi jalur dharat, dadi dienggo balesan réformasi monetèr lan pulitik ing pérangan kulon, wong-wong Sovyet bisa medhot gayutan dharat lan ngisolasi Berlin Kulon. Mula banjur wong-wong sekuthu dibawahi Amérikah Sarékat mènèhi pitulung liwat gayutan udara. Delengen artikel Blokade Berlin kanggo informasi luwih akèh manèh.

Ing tanggal 13 Agustus 1961 pamarènntah Jerman Wétan yasa Tembok Berlin kanggo ngisolasi wong Berlin Kulon saka Jerman Wétan. Sawisé iku kang ndunungi Berlin Kulon namung bisa lunga saka Berlin Kulon menyang Jerman Kulon.

Ing tanggal 26 Juni 1963, Présidhèn John F. Kennedy mara menyang Berlin Kulon lan mènèhi pidhatoné kang misuwur mawi ukarané Ich bin ein Berliner.

Ing tanggal 9 November 1989 témbok Berlin dibuka manèh.

Berlin Kulon mangandhung 'kacamatan-kacamatan':

Ing Sektor Amérika

Ing Sektor Inggris

Ing Sektor Prancis

Ing tanggal 3 Oktober 1990 Jerman Kulon lan Wétan dadi siji manèh lan Berlin Kulon dadi sajarah.




#Article 251: Kairo (351 words)


Kairo, ing basa Arab: القاهرة, lan dialihaksarakaké kaya al-Qāhirah, iku kutha krajan Mesir.

Tlatah Kairo Raya kang ndunungi kurang luwih 16 yuta jiwa.. Kairo iku kutha metropolitan kang paling akèh kang ndunungi nomer 16 ing donya, lan paling akèh nomer siji ing Afrika.   Kutha iki siji-sijiné kutha Afrika kang nduwé sistim metro.  Déning warga lokal, kutha iki diarani Misr utawa Masr, jeneng nagara iki.

Kutha Kairo tinemu taun 969 minangka tlatah Kalifah Fatimid, lan kutha krajan ékonomi lan administratif kang sabeneré ya iku kutha ing sacedhaké: Fustat.  Sawisé Fustat ambruk ing taun 1168/1169, kanggo nyegah supaya ora karebut déning para Satriya Perang Salib Kristen Éropah (Crusaders), kutha krajan administratif Mesir banjur dialihaké menyang Kairo nagnti saiki.

Al-Fostat, tinemu taun 751 cedhak kutha-kutha Mesir liyané, kalebu kutha krajan lawas Memphis, Heliopolis, Giza lan bètèng Byzantine ing Babylon-ing-Mesir. Fustat sajatiné diyasa minangka kutha anyar kanggo garnisun militèr wadyabala Arab lan minangka lokasi punjer kang paling cedhak saka Arabia kang bisa diaksèd liwat Kali Nil. Fustat dadi punjer regional Islam sajeroning kalamangsa Umayyad lan panggonan pungkasan pemimpin Umayyad, Marwan II, ngadhepi kaum Abbasid. Sabanjuré, sajeroning jaman Fatimid, Al-Qahira (Kairo) ing sa-lor-é Fustat, kanthi resmi didadèkaké kutha krajan ing taun 969.  Atusan taun, Kairo tuwuh lan nyerep kutha-kutha lokal liyané kaya déné Fustat, nanging taun 969 dianggep taun madeg minangka kutha modhèren.

Ing taun 1250[, para wadya batur tukon Mamluks nguwasani Mesir lan mimpin saka kutha krajan Kairo nganti taun 1517, ya iku nalika dikalahaké déning Ottoman.  Wadya Napoleon saka Prancis tau nguwasani Mesir sedhéla, ya iku taun 1798 nganti 1801, sawisé iku perwira Ottoman, Muhammad Ali ndadèkaké Kairo kutha krajan Kraton swatantra wiwit taun 1805 nganti 1882. Kutha iki sabanjuré tiba ing panguwasané Inggris nganti Mesir mardika ing taun 1922.

Kairo dumunung ing gisik lan pulo (dhèlta) Kali Nil ing Mesir sisih lor, sakidulé titik pamisahan Kali Nil ninggal tlatah ara-ara lan pecah dadi loro.

Pérangan kutha lawas dumunung ing sisih wétan kali. Saka kana, kutha iki nyebar mangulon, ngubengi tlatah tetanèn ing gisiking Kali Nil. Tlatah sisih kulon iki, diyasa niru kutha Paris déning Ismail Agung ing tengahan abad angka 19, ditandhani anané




#Article 252: Jakarta (187 words)


Jakarta utawa Daerah Khusus Ibukota Jakarta (cara Jawi: Laladan Mligi Kitha Krajan Jakarta), dipuncekak DKI Jakarta, punika kitha krajan nagari Républik Indonésia lan kitha ing pulo Jawi ingkang paling ageng. Jakarta gadhah kang ndunungi cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawi Jabotabek cacahipun kang ndunungi langkung saking 17 yuta.

Jakarta ugi naté dipunwastani Sundha Kelapa, Jayakarta, Jacatra, Batavia lan Batawi. Sanèsipun kitha, Jakarta punika ugi satunggaling provinsi Indonésia.

Dasar ukum tumrap DKI Jakarta inggih punika Undhang-Undhang Républik Indonésia Nomer 29 taun 2007, prakawis Pamaréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibu kitha Nagara Kesatuan Républik IndonésiaNKRI. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 taun 1999 prakawis Pamaréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta sarta UU Nomer 11 taun 1990 prakawis Susunan Pamaréntahan Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten angka anggé malih.

Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggaling gubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung gadhah pamérangan ing sangandhapipun wujud kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang tegesipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhah DPRD Provinsi lan boten gadhah DPRD Kabupatèn/Kitha.




#Article 253: Hong Kong (219 words)


Hong Kong (Mandarin: 香港 ; Pinyin: Xiānggǎng; resminé Laladan Administratif Khusus Hong Kong)iku Laladan Administratif Astamiwa Républik Rakyat Cina. Ing China ana loro Laladan Administratif Astamiwa. Sing sijiné ya iku Makau. Hong Kong diserahaké ing RRC déning Britania Raya ing tanggal 1 Juli 1997. Hong Kong sing ndunungi 6,8 yuta jiwa.

Sadurungé diserahaké, Hong Kong isih koloni Britania Raya. Manut kebijakan Siji Nagara Loro Sistem gawéané Deng Xiaoping, Hong Kong dadi laladan otonomi saka pamaréntahan RRC ing babagan hukum, valuta, béya cuké, imigrasi, aturan dalan kang tetep lumaku ing jalur kiwa. Urusan kang dadi wewenang Beijing iku pertahanan nasional lan diplomasi. Otonomi iki dilakokaké ing Hong Kong suwéné 50 taun diitung saka taun 1997.

Hong Kong iku cacahé ana 3 pérangan:

Ambané laladan Hong Kong kurang luwih 1.104 km2 kanthi populasi tujuh yuta wong, dadi Hong Kong kagolong laladan kang padhet ing donya. Warga Hong Kong iku 95 persèn saka ètnis Cina lan 5 persèn wargané saka ètnis liya. Etnis Cina kang urip ing Hong Kong akèh saka kutha Guangzhou lan Taishan provinsi Guangdong.

Hong Kong dadi koloni karajan Inggris sabubaré Perang Candhu I (1839-1842). Wiwitané mung pulo Hong Kong, banjur diambaké tekan Ujung Kowloon nalika taun 1860, lan ing taun 1898 tekan New Territories. 

Ing ngisor iki papan panggonan kang bisa digunakaké dadi papan wisata ing Hong Kong.




#Article 254: Istanbul (181 words)


Istanbul (basa Turki: İstanbul) iku kutha kang gedhé dhéwé ing Turki. Nganti taun 1930 kutha iki luwih umum dikenal déning wong barat kanthi jeneng Yunani-né ya iku Konstantinopel; sawatara ana kang ngarani Stambul, mligi ing abad kaping 19. Luwih adoh sadurungé, kutha iki uga naté dikenal minangka Bizantium utawa Byzantion.
Kutha iki kang ndunungi 11 yuta jiwa.

Kanthi populasiné kang kurang luwih 11 nganti 15 yuta, Istanbul dadi kutha kang paling padhet kang ndunungi Turki lan ngrupaaké salah siji kutha gedhé dhéwé ing Éropah. Kutha iki uga dadi kutha krajan administratif
Provinsi Istanbul.

Didhegaké déning kaisar Romawi Konstantin ing koloni Yunani kuna kang arané Bizantium, lan dijenengaké Konstantinopel kanggo ngurmati kaisar, kutha iki dadi kutha krajan wétan kamaharajan Romawi lan sabanjuré dadi kutha krajan kamaharajan Romawi Wétan. Sawisé runtuh Konstantinopel ana ing taun 1453 kutha iki dadi pérangan lan dadi kutha krajan Kamaharajan Ottoman. Sadurungé perebutan mau, bangsa Turki ngarani kutha iki kanthi jeneng İstanbul, nanging kanthi resmi migunakaké jeneng Qustantaniyyeh (قسطنطنيه), kang surasané Kota Konstantin djroning basa Arab. Mung, ana ing tanggal 28 Maret 1930 kutha iki dijenengaké Istanbul manèh.




#Article 255: Yérusalem (377 words)


Yérusalem (basa Ibrani: יְרוּשָׁלַיִם Yerushalayim; basa Arab: القدس al-Quds; iku kutha kuna ing Wétan Tengah kang wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi, Kristen, lan Islam.

Kutha iki saiki kanthi de facto kutha krajané Israèl. Nanging wong Palestina uga nuntut pérangan wétan kutha iki kang arep didadekaké kutha krajan nagarané ing masa ngarep.

Wiwit taun 2008 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat, sadurungé iku Uri Lupolianski, siji tokoh Yahudi Harédi utawa Yahudi Ultra Ortodoks.

Tembung Semitik tumrap jeneng  Yerusalem kang akèh disetujoni ya iku S-L-M kang jrdoning basa Arab utawa Ibrani tegesé damai, kerukunan utawa kasampurnan. Sawijining kutha kang karan Rušalimum utawa  Urušalimum muncul sajeroning cathetan Mesir kuna minangka siji rujukan pisanan tumrap Yerusalem. Wangun Mesir mau dikira-kira kaudhunaké saka jeneng lokal kang ana ing surat-surat Amarna, e.g: sajeroning EA 287 (ana sawatara wangun) Urusalim.
Wangun Yerushalayim (pelafalan Ibrani) pisanan muncul ing kitab Yosua. Wangun iki wujud sawiji portmanteau saka yerusha (pusaka) lan jeneng asli Shalem kang dudu wujud evolusi fonetik prasaja saka wangun iki sajeroning surat Amarna. Sapérangan kalangan yakin anaé gayutan tembung iki karo tembung Shalim, déwa pemurah saka mitologi Ugarit kang dadi personifikasi wektu wengi. Lumrahé panambang -im nuduhaké wangun jamak sajeroning tata basa Ibrani lan -ayim wangun gandha saéngga nuwuhaké anggepan yèn jeneng mau tegesé fakta kutha mau dumunung ing rong bukit. Sanajan mangkono, lafal tembung pungkasan -ayim mung muncul sajeroning perkembangan pungkasan, lan ora ana ing mangsa Septuaginta. Sajeroning basa Yunani lan Latin tembung iki ditulis Hierosolyma. Sajeroning basa Arab, Yerusalem karan Ursalim al-Quds utawa luwih populèr minangka al-Quds (Kudus). Zion wiwitané dianggep dadi péranganing kutha, nanging sabanjuré dadi tandha kutha kanthi sakabèhané. Ing periode kakuwasan Raja Daud, kutha iki dikenal minangka Ir Daud (Kutha Daud)..

Bukti-bukti keramik nuduhaké anané aktivitas ing Ofel, kang wektu iki dikenal kanthi jeneng Yerusalem ing Zaman Tembaga watara milenium angka 4 SM, kanthi bukti siji pemukiman tetep sajeroning awal Zaman Perunggu watara 3000–2800 SM. Teks Kebencian (watara abad ke-9 SM), ngrujuk marang kutha kang karan Roshlamem utawa Rosh-ramen lan surat Amarna (watara abad angka 14 SM) manawa dadi kang sepisanan nyebut kutha mau. Sawetara ahli arkéologi, kalebu Kathleen Kenyon, yakin Yerusalem minangka siji kutha kang diyasa masarakat Semitik Kulon karo pamukiman kang tumata watara 2600 SM. Miturut tradhisi Yahudi, kutha iki diyasa Shem lan Eber, leluhur Abraham.




#Article 256: Jerman (142 words)


Jerman, Jérman, utawi Dhitslan (basa Jerman: Deutschland) iku nagara gedhé ing Éropah. Kutha krajané Berlin. Sing ndunungi ana kurang luwih 82.521.653 jiwa. Nagara iki minangka nagara kanthi posisi ékonomi lan pulitik kang wigati ing Éropah lan kanthi winates ing tataran donya. Jerman dikenal ing babagan panguwasan tèknologi maju, mligi sajeroning indhustri tetunggangan montor lan piranti presisi.

Nagara kanthi sajarah kang dawa iki wewatesan langsung karo sangang nagara. Ing sisih kulon wewatesan karo Walanda, Belgi, Luksemburg, lan Prancis. Ing sisih kidul wewatesan karo Switserlan lan Ostenrik. Ing sisih wétan wewatesan karo Cékia lan Polen. Ing sisih lor wewatesan karo Denmark.

Sacara administrasi, Jerman iku nagara fédherasi (Bund) kanthi 13 praja (Bundesland) lan telu kutha satingkat praja (Bundesstadt). Nagara-praja modhèren kang ana saiki (pirsani pratélan praja) diwangun wiwit pungkasan Perang Donya II. Sadurungé, pamérangan isih mèlu garis kadarbéan feodalistik, minangka paninggalan jaman Kesésaran Jerman.




#Article 257: Hamburg (101 words)


Sawijining pelabuhan paling sibuk ing Jerman, Hamburg ya iku kutha kanthi pendunung paling padhet nomer loro ing kana sawisé Berlin. 
Hamburg ngadeg taun 825. Kanthi wiyar 755 km2 ing kali Elbe, kutha iki duwé sipat budaya wiyar, dijurung réputasi artisé kaya ta Felix Mendelssohn lan Johannes Brahms sarta sutradara lan juru main Gustaf Grudgens saka Deutsche Schauspielhaus. Sawijining indhustri panerbitan sing kuwat wis ngrembaka ing kéné wiwit abad kaping 17. Karakter fisik kutha iki dikuwati sistem kanal sing ngliwati. Hamburg uga nduwé telaga, taman, lan musiyum sing apik kalebu Kunsthalle (1868), Musiyum Seni lan Karajinan (1877), Musiyum Etnologi lan Prasajarah (1878).




#Article 258: Rheinland-Pfalz (127 words)


Rhineland-Pfalz iku saka 16 Bundesländer Jerman. Praja iki duwé jembar wewengkon 19.846 km² lan 3,88 yuta sing ndunungi. Kutha krajané ya iku Mainz.

Praja fédheral Rheinland-Pfalz diresmèkaké tanggal 30 Agustus 1946 lan diwangun saka pérangan Bayern (Rheinpfalz), pérangan kidul Provinsi Prussia Rheinland (kalebu Distrik Birkenfeld sing biyèné kalebu Oldenburg), péranganing Provinsi Prussia Nassau (pirsani Hessen-Nassau), lan sapérangan saka Hesse-Darmstadt (Rheinhessen ing gisik kulon Kali Rhine); praja anyar iki kanthi sah diresmèkaké liwat referendum tanggal 18 Mèi 1947.

Rheinland-Pfalz dipérang dadi 24 distrik, sing kapérang manèh sajeroning telung wewengkon administratif: Koblenz, Trier lan Rheinhessen-Pfalz.

Pratélan distrik-distrik ing Rheinland-Pfalz:

Saben distrik dumadi saka sawatara kotamadya, sing bisa dipérang dadi kutha, désa, utawa golongan padésan sing karan Verbandsgemeinde.

Saliyané iku, ana uga 12 kutha sing ora kalebu distrik ngendi waé:




#Article 259: Fisika (1342 words)


Fisika punika ngèlmu ingkang nyinaoni sadaya barang ingkang wonten gandhènganipun kaliyan fénoména ngalam. Anggènipun nyinaoni nganggé pitulung ngèlmu matématika.

Téyori fisika kathah dipunnyataaken ing notasi matématis, lan matématika ingkang kagunaaken limrahipun langkung rumit tinimbang matématika ingkang kagunaaken ing babagan ngèlmu sanèsipun. Bèntenipun fisika lan matématika inggih punika fisika wonten gandhènganipun kalih jagad matérial, manawi matématika gandhèngapipun kalih pola-pola abstrak ingkang boten mesthi wonten gandhènganipun kalih jagad matérial. Nanging, bèntenipun punika boten mesthi cetha. Wonten kathah wewengkon penlitén ingkang gandhèngan antawisipun fisika lan matématika, inggih punika fisika matématis, ingkang ngembangaken struktur matématis kanggé téyori-téyori fisika.

Istilah fisika punika saking basa Yunani: φυσικός (physikos), alamiah, lan φύσις (physis), alam. Fisikawan punika ngèlmu ingkang nyinaoni pratingkah lan sipat matéri ing babagan ingkang kathah macemipun, saking partikel submikroskopis ingkang minangka sadaya matéri (fisika partikel) ngantos pratingkah matéri jagad raya ingkang dados satunggal kesatuan kosmos.

Sapérangan sipat ingkang dipunsinaoni ing fisika punika sipat ingkang wonten ing sadaya sistem matéri ingkang ana, kados kukum kekekalan ènergi. Sifat kados makaten sok diarani kukum fisika. Fisika sok diarani “ngèlmu wigati dhasar”, amargi sadaya ngèlmu alam sanèsipun (biologi, kimia, géologi, lan sanès-sanèsipun) nyinaoni jinis sistem matéri tartemtu ingkang manut kukum fisika. Contonipun, kimia punika ngèlmu prakawis molekul lan zat kimia ingkang dipunbentuk. Sifat satunggaling zat kimia dipuntemtokaken déning sipat molekul ingkang minangka, ingkang saged dipunjelasaken déning ngèlmu fisika kados mekanika kuantum, termodinamika, lan elektromagnetika.

Budaya panlitén fisika bènten kaliyan ngèlmu sanèsipun amargi wontenipun pamisahan téyori lan èkspèrimèn. Kawit abad kalih dasa, kathah fisikawan piyambakkan ngususaken dhiri nliti ing fisika téorètis utawi fisika èkspèrimèntal kémawon, lan ing abad kalih dasa, sakedhik kémawon ingkang kasil ing kekalih babagan punika. Sawalikipun, méh sadaya téorètis ing biologi lan kimia ugi dados èkspèrimèntalis ingkang suksès.

Gampangipun, téoris ngupados ngembangaken téyori ingkang saged njelasaken hasil èkspèrimèn ingkang sampun dipuncobi lan saged nginten-inten hasil èkspèrimèn ingkang badhé dhateng. Ing wekdal ingkang sami, èkspèrimèntalis nyusun lan ngleksanani èkspèrimèn kanggé nguji prakiraan téoretis. Téyori lan èkspèrimèn saged dipunkembangaken piyambak-piyambak, nanging kekalihipun sesambetan. Kemajengan ing fisika limrahipun medal ing wekdal èkspèrimèntalis ndamel panemuan ingkang boten saged dipunjelasaken téyori ingkang sampun wonten, saéngga kedah dipunrumusaken téyori-téyori énggal. Tanpa èkspèrimèn, panlitén téorètis asring lumaku ing arah ingkang lepat; salah satunggaling conto inggih punika téyori-M, téyori populér ing fisika ènèrgi-tinggi, amargi èkspèrimèn kanggé nguji dèrèng naté dipunsusun.

Fisika punika mbahas warna-warna sistem, nanging wonten sapérangan sistem ingkang dipungunaaken kanthi keseluruhan ing fisika, boten namung ing satunggal babagan kémawon. Saben téyori punika dipupitados leres wontenipun, ing wewengkon kesahihan tartemtu. Cotonipun, téyori mekanika klasik saged njelasaken owahan bandha kanthi tepat, nanging bandha punika kedah langkung ageng tinimbang atom lan lumaku kanthi kecepatan ingkang langkung alon tinimbang kecepatan cahya. Téyori-téyori punika taksih terus dipuntliti; contonipun, aspèk ngeramaken saking mekanika klasik ingkang kaloka kanthi sebutan téyori chaos kapanggih ing abad kalih dasa, tigang abad sasampunipun dipunrumusaken déning Issac Newton. Nanging, namung sakedhik fisikawan ingkang nganggep téyori-téyori dhasar punika nyimpang. Pramila, téyori-téyori punika dipungunaaken kanggé dhasar panlitén tumuju topik ingkang langkung mirunggan, lan sadaya pelaku fisika, punapa kémawon spèsialisasinipun, dipunajeng-ajeng mahami téyori-téyori wau.

Risèt utama ing fisika dipunpérang dados sapérangan babagan ingkang nyinaoni aspèk ingkang bènten saking donya matéri. Fisika bandha kondensi, dipunprakiraaken dados babagan fisika paling ageng, nyinaoni properti bandha ageng, kados bandha padhet lan cuwéran ingkang kita panggihi saben dinten, ingkang asalipun saking properti lan interaksi mutual saking atom. Babagan fisika atomik, molekul, lan optik adhep-adhepan kaliyan individual atom lan molekul, lan cara mereka nyerep lan medalaken cahya. Babagan fisika partikel, ugi kasebat “Fisika ènergi-tinggi”, nyinaoni properti partikel super alit ingkang langkung alit tinimbang atom, kalebet ugi partikel dhasar ingkang minangka bandha sanèsipun. Pungkasanipun, babagan Astrofisika nerapaken kukum fisika kanggé njelasaken fénoména astronomi, kisaranipun saking Srengéngé lan obyèk sanèsipun ing tata surya dugi jagad raya kanthi kaseluruhan.

Wonten kathah aréa risèt ingkang nyampuraken fisika kaliyan babagan sanèsipun. Contonipun, babagan biofisika ingkang ngususaken ing perananipun prinsip fisika ing sistem biologi, lan babagan kimia kuantum ingkang nyinaoni pripun téyori kuantum mékanik mènèhi paningkatan dhateng sipat kimia saking atom lan molekul. Sapérangan dipun data ing ngisor mriki:

Akustik – Astronomi – Biofisika – Fisika penghitungan – Elektronik – Teknik – Geofisika – Ilmu material – Fisika matematika – Fisika medis – Kimia Fisika – Dinamika kendaraan

Fusi dingin – Téyori gravitasi dinamik – Luminiferous aether – Energi orgone – Téyori wujud tetap

Artikel utama: Sajarah fisika. Ugi pirsani Fisikawan kaloka lan Pangaji-aji Nobel ing Fisika.

Kawit jaman purba, tiyang sampun nyobi supados mangertos sipat saking bandha: kenapa obyek ingkang boten dipuntopang tiba tumuju lemah, kenapa material ingkang bènten gadhah properti ingkang bènten, lan salajengipun. Sanèsipun inggih punika sipat saking jagad raya, kados wujud Bumi lan sipat saking obyek celestial kados Srengéngé lan Mbulan.

Sapérangan téyori dipunusulaken lan kathah ingkang lepat. Téyori punika kathah gandhènganipun saking istilah filosofi, lan boten naté dipunpesthèkaken kanthi èkspèrimèn sistematik kados ingkag populér sapunika. Wonten pangecualian lan anakronisme: contonipun, pamikir Yunani Archimedes nurunaken kathah dhèskrispi kuantitatif ingkang leres saking mékanik lan hidrostatik.

Ing awal abad kaping 17, Galileo mbikak panggunaan èkspèrimèn kanggé mesthèkaken kaleresan téyori fisika, ingkang dados kunci saking métodhe sains. Galileo ndamel formulasi lan kasil ngetés sapérangan hasil saking dinamika mékanik, mliginipun Hukum Inert. Ing taun 1687, Isaac Newton nerbitaken Filosofi Natural Prinsip Matematika, mènèhi wedharan ingkang cetha lan téyori fisika ingkang suksès: Hukum Gerak Newton, ingkang wujud sumber saking mekanika klasik; lan Hukum Gravitasi Newton, ingkang njelasaken gaya dhasar gravitasi. Kekalih téyori punika cocog ing èkspèrimèn. Prisipipun uji nglebetaken sapérangan téyori ing dinamika fluid. Mékanika klasik dipunkembangaken ageng-agengan déning Joseph-Louis de Lagrange, William Rowan Hamilton, lan sanèsipun, ingkang nyiptaaken formula, prinsip, lan hasil énggal. Hukum Gravitasi miwiti babagan astrofisika, ingkang nggambaraken fénoména astronomi nggunaaken téyori fisika.

Kawit abad kaping 18 lan salajengipun, termodinamika dipunkembangaken déning Robert Boyle, Thomas Young, lan kathah sanèsipun. Ing taun 1733, Daniel Bernoulli nggunaaken argumen statistika wonten ing mékanika klasik kanggé nurunaken hasil termodinamika, miwiti babagan mekanika statistik. Ing taun 1798, Benjamin Thompson nedahaken konversi makarya mekanika tumuju ing panas, lan ing taun 1847 James Joule nyataaken kukum konservasi ènergi, wonten ing wujud panas ugi ing ènergi mekanika.

Sifat listrik lan magnetisme dipunsinaoni déning Michael Faraday, George Ohm, lan sanèsipun. Ing taun 1855, James Clerk Maxwell nunggalaken kalih fénoména punika dados téyori elektromagnetisme, dipunjelasaken kanthi persamaan Maxwell. Perkiraan saking téyori kasebat: cahya inggih punika gelombang èlèktromagnètik.

Risèt fisika ngalami kemajengan konstan/tetep ing kathah babagan, lan taksih badhé tetep makaten tebih ing mangsa ngajeng.

Ing fisika bandha kondensasi, prakawis téorètis boten kapecahaken paling ageng inggih punika wedharan superkonduktivitas suhu-tinggi. Kathah upados dipuntindaaken kanggé ndamel spintronik lan komputer kuantum saged kagunaaken.

Ing fisika partikel, potongan kapisan saking bukti èkspèrimèn kanggé fisika ing njawi Modhèl Standar sampun wiwit ngasilaken. Ingkang paling kaloka inggih punika panunjukkan manawi neutrino gadhah massa boten-nol. Hasil èkspèrimèn punika kadosipun sampun ngrampungaken prakawis solar neutrino ingkang sampun dangu wonten ing fisika srengéngé. Fisika neutrino ageng dados arena risèt èkspèrimèn lan téyori ingkang aktif. Ing sapérangan taun ngajeng, pamercepet partikel badhé wiwit nliti skala ènergi ing jangkauan TeV. Wonten mriku, para èkspèrimèntalis gadhah pengajeng-ajeng saged manggihi bukti kanggé Higgs boson lan partikel supersimetri.

Para téoris ugi nyobi nunggalaken mekanika kuantum lan relativitas umum dados téyori gravitasi kuantum, punika program ingkang sampun lumaku laminipun setengah abad, lan taksih dèrèng ngasilaken woh. Kandhidhat inggil salajengipun inggih punika Téyori-M, téyori superstring, lan gravitasi kuantum loop.

Kathah fénoména astronomikal lan kosmologikal dèrèng njelasaken kanthi muasaken, kalebet kawontenan sinar kosmik ènergi ultratinggi, asimetri baryon, pemercepetan alam semesta lan percepatan ubengan anomali galaksi.

Éwadéné kathah kemajengan sampun dipundamel ing ènergi-tinggi, kuantum, lan fisika astronimikal, kathah fénoména sadinten-dinten sanèsipun, nyangkut sistem kompleks, chaos, utawi turbulens taksih dipunmangertos sakedhik kéwamon. Prakawis rumit ingkang kadosipun saged dipunpecahaken déning aplikasi pandai saking dinamika lan mekanika, kados pambentukan tumpukan pasir, “node” ing toya “trickling”, téyori katastrof, utawi pangurutan-piyambak ing kolèksi heterogen ingkang bergetar taksih boten kapecahaken. Fénoména rumit punika sampun nampi kawigatosan ingkang nambah kathah wiwit taun 1970-an kanggé sapérangan alasan, boten sanès amargi kirangipun métodhe matématika modhèren lan komputer ingkang saged ngetang sistem kompleks supados saged dipundamelaken modhél kanthi cara énggal. Gandhèngan antar disiplin saking fisika komplèks ugi sampun mundhak, kados ing wulangan turbulens ing aerodinamika utawi pangamatan pola pambentukan ing sistem biologi. Ing taun 1932, Horrace Lamb ngramalaken:




#Article 260: Géologi (159 words)


Géologi iku ngèlmu sing nyinaoni kabèh aspèk sing ana gandhèngané kaliyan bumi. Géologi mula bisa dipadhakaké karo ngèlmu bumi.
Géologi iku asal tembunge saking basa Yunani γη- (ge-, bumi) lan λογος (logos, kata/alasan)). Ilmu géologi iki mbahas bab fisik bumi sekabehe molai saking komposisine, struktur, sipat-sipat fisik, sajarah, nganti prosès pembentukane.

Tembung géologi dienggo pertama-tama déning Jean-André Deluc taun 1778 bar iku didadeke istilah baku déning Horace-Bénédict de Saussure taun 1779.

Saking ngèlmu iki wis bisa ditentoke umur Bumi sing yèn dietung kira-kira wis sakiwa-tengené 4.5 milyar (4.5x109) taun. Saking ngèlmu iki uga wong dadi paham yèn kulit bumi iku kesusun saking pecahan-pecahan lempeng tektonik sing bergerak terus ana ing nduwur mantel bumi. Saking ngèlmu iki uga bisa ditemoke sumber daya alam ing jero bumi antarané: lenga bumi, batu bara, uga sing wujudé metal upamané: wesi, tembaga, lan uranium. Uga ana sing wujudé mineral upamané: asbestos, perlit, mika, fosfat, zeolit, tanah liat, pumis, kuarsa, silika, wlirang, klorin, lan helium.




#Article 261: Kimia (170 words)


Kimia (basa Arab: كيمياء utawa basa Griki: χημεία khemeia) iku ngèlmu kang manyinaoni sifating dat-dat dhasar matéri kang ana ing jagat. Ngèlmu iki nyinaoni sipat dhasar, pangowahan lan interaksi atom-atom, ya iku dat-dat dhasar matéri.

Olèhé manyinaoni ngèlmu iki, papané ana ing laboratorium.

Babagan-babagan mirunggan ngèlmu kimia iku antarané:

Artikel utama bab: Atom.

Atom iku ékan matèri kang cilik bangét kang ketata saking:

Artikel utama bab: Unsur kimia.

Unsur Kimia iku kelompok atom kang duwé jumlah proton kang pada ing jero inti atom utawa nuklèus/inti. Jumlah iku diarani nomer atom unsur. Kanggo conto: kabèh atom kang duwè proton 6 iji ing intiné iku mesthi atom saka unsur kimia karbon, utawa kabèh atom kang duwé proton 92 iji ing inti/nukleuse mesthi atom unsur uranium.

Tampilan unsur-unsur iku paling pas tur gampang dipahami ana ing tabel périodik. Ing tabel périodik iku unsur kimia ditata miturut lambang unsur lan nomer atomé.

Cabang-cabang utama ngèlmu kimia iku antarané:

Saliyané iku uga ana cabang-cabang mirunggan kang mbahas kaitan ngèlmu kimia iki kaliyan ngèlmu liyané contoné:




#Article 262: Aljazair (391 words)


Républik Démokratik Rakyat Aljazair sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya. Aljazair bakal dadi nagara Afrika gedhé dhéwé sawisé wewengkon Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.

Aljazair wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Segara Tengah ing sisih lor. Aljazair jembaré ana 2.400.000 km2, lan sing ndunungi kira-kira ana 35,7 yuta. Kutha krajané ya iku Aljir.

Aljazair minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Aljazair iku uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.

Tembung Al-jazā’ir (الجزائر) sajeroning basa Arab tegesé pulo-pulo, asliné iku cekakan saka Jazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé pulo-pulo kaum Bani Mazghana. Istilah sepisanan dipigunakaké déning géografer jaman pertengahan kaya ta Muhammad al-Idrisi.

Ing jaman klasik, laladan Aljazair lor uga diarani Numidia, kang biyèn wates wewengkoné uga kalebu Tunisia kulon lan Maroko wétan.

Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana antarané 19° lan 37° lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9° bujur kulon lan 12° bujur wétan. Lumrahé laladan pasisir Aljazair wujud pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.

Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقار‎ jibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka laladan dhataran dhuwur ing tengahé ara-ara Sahara, ing wewengkon Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan iku kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka kutha krajan Aljir. Tamanrasset ya iku kutha kang ana ing kana.

Kutha-kutha mligi Aljazair ya iku Aljir, Oran, Constantine, Tizi Ouzou, lan Annaba.

Aljazair iku dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Dhémokrasi 2010 saka kalawarti internasional The Economist. Laporan Freedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérikah Sarékat mènèhi Aljazair peringkat ora bébas.

Présidhèn minangka kepala nagara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taunan. Sajatiné biyèn mangsa kalungguhan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.
Padunung Aljazair duwé hak pilih ing umur 18 taun.

Parlemèn Aljazair iku wujud sistem rong kamar (bikameral).

Aljazair duwé cacah sing ndunungi 34.895.000 (prakiran Januari 2010), ya iku 99% minangka ètnis Arab utawa Berber. Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha-kutha liya. Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropah ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara iku saka Prancis.




#Article 263: Ostrali (287 words)


Ostrali iku salah sawiji nagara gedhé ing kidul. Kutha krajané ya iku Canberra. Sing ndunungi kira-kira ana 20 yuta. Ostrali gadhah nagara tanggané antarané ing sisih lor Indonésia, Timor Wétan, lan Papua Nugini, ing sisih lor-wétan Solomon Islands, Vanuatu, lan Kaledonianyar lan ing sisih kidul-wétan Selandianyar.

Dharatan Ostrali wis didunungi manungsa punjul 42,000 taun déning Padunung asli. Sawisé ditekani kanthi sporadis déning para warigaluh saka lor lan sabanjuré tinemu déning wong Éropah ya iku panjelajah Walanda ing taun 1606, saparo tlatah pérangan wétan sabanjuré di akoni déning Karajan Inggris ing taun 1770 lan wiwitané kanggo nampung wong ukuman penal transportation minangka péranganing koloni New South Wales, wiwit tanggal 26 Januari 1788.

Nalika cacahing kang ndunungi tansaya akèh, tlatah anyar wiwit dibukak ing abad angka 19, ya iku lima laladan otonom koloni Inggris.

Ing tangal 1 Januari 1901, enem koloni gabung dadi fédherasi, lan Persemakmuran Ostrali banjur kawangun. Wiwit dadi fédherasi, Ostrali nganut sistem pulitik dhémokrasi liberal lan tetep sajeroning Kasaraharjan utawa Commonwealth realm. Kutha krajané ya iku Canberra, dumunung ing Australian Capital Territory (ACT). Sing ndunungi ana 21 yuta jiwa, lan akèh-akèhé ngumpul ing kutha-kutha Sydney, Melbourne, Brisbane, Perth, lan Adelaide.

 Australis, kang tegesé sisih kidul. Legenda bab tlatah kang ora dingertèni ing kidul (terra australis incognita) saka jaman Rum iku wis ana ing ngèlmu géografi abad tengahan, nanging durung dhedhasar saka kawruh nyata bab bawana iki.

Kasaraharjan Ostrali iku nagara kang nganut sistem dhémokrasi konstitusional dhedhasar pamérangan kakuwasan fédheral. Wangun pamaréntahan kang dianggo ya iku Monarki Konstitusional kanthi pamaréntahan sistem parlementer. Ratu Elizabeth II iku minangka Ratu Ostrali, sawijining peran kang béda karo posisiné minangka panguasa (monarch) ing  Commonwealth realm liyané. Ratu diwakili déning Gubernur Jendral ing tataran fédheral lan déning Gubernur ing tataran praja.

 tags--




#Article 264: Arab Saudi (154 words)


Arab Saudi utawa Saudi Arabia utawa Karajan Arab Saudi iku nagara ing Asia. Kutha krajané ya iku: Riyadh. Sing ndunungi kira-kira ana 25 yuta.
Arab Saudi iku nagara Arab kang dumunung ing Jazirah Arab. Nduwèni iklim ara-ara lan wewengkoné sapérangan dumadi saka segara wedhi lan segara wedhi utawa ara-ara pasir kang paling jembar ya iku Rub Al Khali. Wong Arab nyebut tembung segara wedhi nganggo tembung sahara.

Nagara Arab Saudi iki wewatesan langsung (searah pandom jam saka arah lora) karo Yordania, Irak, Kuwait, Lempongan Pèrsi, Uni Emirat Arab, Oman, Yaman, lan Segara Abang.

Jeneng Saudi asal saka tembung Bani Saud minangka kulawarga karajan lan pendhiriné. Arab Saudi misuwur minangka Nagara kelairan Muhammad sarta tuwuh lan ngrembakané agama Islam, saéngga ing gendérané ana loro kalimat syahadat kang tegesé Ora ana tuhan (kang haq) kanggo disembah saliyané Allah lan Muhammad iku utusané.

Wewengkon Arab Saudi kapérang dadi 13 provinsi utawa manatiq (jamak saka mantiqah) ya iku:




#Article 265: Dangdut (118 words)


Musik Dangdut asalé saka laladan Deli. Banjur akèh kena prabawa musik saka India nganti musik Kulon. Jaman saiki kena prabawa kroncong lan gendhingan dadi musik campursari.
Sajeroning evolusi tumuju wujud kontemporer kang bisa kalebu uga ana prabawané unsur-unsur musik India (kang utama saka panggangoan tabla) lan Arab (ana cengkok lan harmonisasi). Pangobahan arus pulitik Indonésia ing pungkadan taun  1960-an kabukak mlebuné prabawa musik kulon kang kuwat kalebu mligi ana ing piranti gitar listrik uga tumuju ana ing pangadolan ana ing pasar.Wiwit taun 1970-an dangdut bisa misuwur uga bisa digolongake musik kang trep ing wujud musik kontemporer.Minangka musik populer, dangdut uga kabukak tumuju prabawané wujud musik liyané, kaya ta  prabawané kroncong, langgam, degung, gambus, rock, pop, uga house music.




#Article 266: Banggaladésa (354 words)


Banggaladésa utawa Bangladèsh iku nagara ing bawana Asia. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 147.365.352 jiwa lan jembaré nagara ana 144.000 km2. Nagara iki dunungé ana ing tlatah Asia Kidul sing wewatesan karo India ing sisih kulon, lor lan wétan, Myanmar ing sisih kidul-wétan, lan Lempongan Benggala ing sisih kidul. Bangladesh, bebarengan karo Benggala Kulon ing India, mbentuk kawasan etno-linguistik Banggala. Bangladesh (বাংলাদেশ) kanthi lèterlek tegesé Nagara Banggala. Kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé ing Bangladesh ya iku Dhaka.

Tapel wates Bangladesh dikukuhaké liwat pamisahan India ing taun 1947. Nagara iki wiwitané minangka swiwi wétan saka Pakistan (Pakistan Wétan) sing kapisah saka swiwi kulon 1.600 kilomèter adohé. Diskriminasi pulitik, basa, lan ékonomi nuwuhaké perpecahan antara kaloro sayap, sing pungkasané njeblugaké perang kamardikan taun 1971 lan madegé nagara Bangladesh.

Bangladesh kapérang dadi pitung divisi (bibhag) sing dijenengi miturut jeneng kutha krajané: Barisal (বরিশাল), Chittagong (চট্টগ্রাম), Dhaka (ঢাকা), Khulna (খুলনা), Rajshahi (রাজশাহী), Sylhet (সিলেট), dan Rangpur (রংপুর).

Divisi kapérang manèh dadi dhistrik (zila). Ana watara 64 dhistrik ing Bangladesh. Saben dhistrik kapérang dadi upazila (sub dhistrik) utawa thana (stasiun pulisi). Saben stasiun pulisi, kajaba sing ana ing laladan metropolitan, dipérang manèh dadi sawatara kesatuan. Kesatuan-kesatuan iki dumadi saka akèh désa-désa. Ing wewengkon metropolitan, stasiun pulisi kapérang dadi ward, sing dipérang manèh dadi mahallas. Ora ana pejabat kapilih ing tingkat divisi, dhistrik utawa upazila, lan pamaréntahan mung dumadi saka pejabat pamaréntah. Pamilihan langsung sing milih ketua lan sawatara anggota dianakaké ing saben kesatuan (utawa ward).
Dhaka iku minangka kutha krajana lan kutha gedhé dhéwé ing Bangladesh. Kutha utama liyané ya iku Chittagong, Khulna, Rajshahi, Sylhet, Barisal, Bogra, Comilla, Mymensingh lan Rangpur. Ing kutha-kutha mau dianakaké pamilihan walikutha, lan ing munisipalitas liyané milih ketua. Walikutha lan ketua duwé mangsa kalungguhan limang taun.

Bangladesh dumunung ing Delta Kali Gangga-Kali Brahmaputra. Delta iki kadhapur déning patemon Kali Gangga (jeneng saenggon Padma utawa Pôdda), Brahmaputra (Jamuna utawa Jomuna), Meghna, lan anak-anak kali sing mili saka Himalaya. Tanah aluvial sing dienepaké déning kali-kali iku nyiptakaké dharatan sing subur.

Sapérangan gedhé Bangladesh dumunung ana ing 12 mèter sangisoré lumahing segara, lan diprecaya watara 50% lemah bakal banjir yèn lumahing segara mundhak nganti 1 m.




#Article 267: Bélarus (160 words)


Bélarus, Républik Bélarus iku nagara ing jagad Éropah Wétan. Wewengkoné wewatesan karo Polen ing sisih kulon, Latvia lan Lituania ing sisih narasunya, Ruslan ing sisih lor lan wétan, lan Ukraina ing sisih kidul. Tlatahé diubengi dharat lan ora duwé wewengkon pasisir utawa segara. Mula kuwi Bélarus dadi nagara kapit-dharatan paling amba ing Éropah. Kutha krajané ya iku Minsk, nalika kuthagung liyané ya iku Brest, Hrodna, Homyel, Mahilyow, lan Vitsebsk. Ketuk abad angka 20 manéka krajan ing manéka kala tau bawahi tlatahé Bélarus kala iki, kaya ta Krajan Polatsk déning abad angka 11 ketuk angka 14, Kadipatèn Lituania, Kasaraharjan Polen-Lituania, lan Kamaharajan Ruslan.

Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 9,49 yuta jiwa lan punjul 70%-é dumunung ing daérah kutha. Luwih saka 80% sing ndunungi gotrah Bélarusan, nalika gotrah sarwa-kurang sing akèh ya iku Ruslanan, Polenan, lan Ukrainan.

Dèning abad angka 16-angka 18 Bélarus kalebu ing bawah Kasaraharjan Polen-Lituania. Sadurungé taun 1992, Belarus dadi péranganing Uni Sovyet. Wiwit taun 1991 Républik Bélarus mardika.




#Article 268: Bèlgi (136 words)


Bèlgi iku nagara ing jagad Éropah. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 10 yuta. Kutha krajané iku Brusel. Nagara iki ing sisih lor wewatesan karo Walanda, ing sisih wétan karo Jerman lan ing sisih kidul karo Perancis lan Luksemburg. Déné ing sisih kulon Bèlgi wewatesan karo Segara Lor, ing sebrangé Britania Raya.

Bèlgi dipanggoni déning sawatara bangsa ya iku:

Aspek-aspek basa lan budaya iki akèh mènèhi warna sajarah Bèlgi. Puluhan taun suwéné, bebrayan Flandria didiskriminasi déning bebrayan Walonia, sanajan cacahé luwih akèh. Nembé ing abad angka 20, sithik mbaka sithik situasi dadi luwih apik, nganti saiki ékonominé tansaya apik.

Konstitusi nagari iki direvisi tanggal 14 Juli 1993 kanggo nyiptakaké nagara fédheral kang unik, dhedhasar telung tataran:

Konflik antarané komunitas mau dirampungké déning Pengadilan Arbitrasi. Pengaturan iku minangka kompromi antara budaya-budaya kang béda-béda nanging urip bebarengan sarana damai.




#Article 269: Bosni lan Hérzégowina (226 words)


Républik Bosni lan Hérzégowina iku nagara ing Balkan ing jagad Éropah. Pêdununge cacahé kira-kira ana 4,5 yuta lan jembar wewengkon 51.129 km². Kutha krajané ya iku Sarayevo. Jeneng asli nagara iki ya iku Bosna i Hercegovina, sajeroning aksara Latin lan Босна и Херцеговина  sajeroning aksara Kirilik kang têgêse Bosni lan Hérzégowina; nanging racaké, dicekak dadi Bosnia, BiH utawa БиХ.

Nagara iki didunungi déning telung kêlompok gotrah utama, ya iku: Bosnian, Sêrbian lan Kroasiyan. Warga Bosnia kanthi umum diarani Bosnian. Pamaréntahan nagara iki dilakokake kanthi mêncar lan nagara Bosni satênane dumadi saka persekuthuan rong wewengkon utama, ya iku, Sakuthu Bosni lan Hérzégowina lan Républik Sêrbiyan.

Diwatesi déning Kroasia ing sisih lor, kulon lan kidul, Sêrbiya ing sisih wétan, lan Giri Cêmêng ing sisih kidul, Bosni lan Hérzégowina minangka siji nagara kang dikubengi déning dharatan kajaba pasisir pasisir Segara Adriyatik kang dawane 20 km ing kutha Neyum. Tlatah pedhalaman nagara iki kebak pagunungan uga kali kang akèh-akéhe ora bisa dilayari.

Bosni-Hérzégowina diperang dadi Sakuthu Bosni lan Hérzégowina lan Républik Srpska.

Sakuthu Bosni-Hérzégowina diperang dadi 10 kanton:

Bosni-Hérzégowina minangka siji wewengkon tapél wates antarané kabudayan Kulon lan Wétan. Ing abad tengahan, wewengkon mau dadi ajang pasulayan lan parebutan antara Romawi Kulon kang Katulik lan Romawi Wétan kang Ortodok. Ing tengah pasulayan mau, uga mélu siji golongan Kristen lepat kang diarani Bogomil. Sekte iki mligi duwé pambekti masarakat ningrat Bosni.




#Article 270: Botswana (304 words)


Botswana , resminé Républik Botswana (basa Tswana: Lefatshe la Botswana), iku sawijining nagara sing kakurung dharatan dumunung ing Afrika Kidul. Wargane nyebut dhèwèké minangka Batswana (tunggal: Motswana). Biyèn protèktorat Britania Bechuanaland, Botswana ngadopsi jeneng anyaré sawisé mardika ing Persemakmuran tanggal 30 September 1966. Wiwit iku, Botswana nganut kuwat tradisi démokrasi perwakilan stabil, karo rékor konsistèn pilihan umum démokratis kang ora pedhot.

Botswana iku topografiné rata, karo nganti 70 persèn saka wilayahé ya iku Gurun Kalahari. Negara iki wewatesan karo Afrika Kidul ing sisih kidul lan kidul-wétan, Namibia ing sisih kulon lan lor, lan Zimbabwé ing sisih lor-wétan. Wewatesané karo Zambia ing sisih lor cedhaké Kazungula wis dikukuhaké kanthi ora apik nanging paling dawa sawatara atus mèter.

Negara ukuran sedhengan mung liwat 2 yuta wong, Botswana iku salah siji nagara paling arang sing ndunungi ing donya. Watara 10 persèn sing ndunungi urip ing kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé, Gaborone. Biyèné siji nagara paling miskin ing donya—PDB per kapitané kira-kira US$70 saben taun ing pungkasan taun 1960-an—Botswana wis wiwit ngrubah awaké dhéwé dadi salah siji ékonomi paling rikat tuwuh ing donya. Ékonomi didominasi déning pertambangan, sapi, lan pariwisata. Botswana nduwé PDB (paritas daya tuku) per kapita watara $18.825 per taun , salah siji saka paling dhuwur ing Afrika. Pendhapatan nasional brutoné kang dhuwur (miturut sapérangan prakiraan gedhé dhéwé kaping papat ing Afrika) mènèhi nagara iki standar urip kang andhap asor lan Indhèks Pangembanging Manungsa paling dhuwur ing Afrika Sub-Sahara bawana. lan gunggung infèksi anyar ing bocah uga wis mudhun. Éwadéné suksès ing program kanggo nggawé pangobatan kasedhiya kanggo wong sing kainfèksi, lan kanggo ngajari pendhuduk umum bab carané kanggo mungkasi panyebaran HIV AIDS, gunggung wong kang duwé AIDS munggah saka 290.000 ing taun 2005 dadi 320.000 ing 2013. Sanadyan alasan iki kanggo pangarep-arep, Botswana tingkat katelu paling dhuwur tingkat prévalènsi HIV AIDS, kacarita ing 2014.




#Article 271: Kanjeng Rama (205 words)


Donga Kanjeng Rama utawi ing Basa Indonésia Bapa Kami (sok ugi ditepangi mawi kalih tetembungan wiwitan ing Latin Pater Noster, kaliyan ing basa Yunani mawi Πάτερ ἡμῶν), punika donga ingkang wigati piyambak ing agami Kristen.

Miturut Prajanjéan Énggal, donga punika dipunparingaken déning Gusti Yésus marang para rasulipun kanggé paugeran dedonga.

Donga punika dipendhet saking kitab Injil Matius (6:9-13), ingkang mijil minangka péranganing Kotbah ing Bukit. Satunggiling donga ingkang mèmper ugi wonten ing kitab Injil Lukas 11:2-4.

Doksologi (Awit Paduka punika ingkang ngerèh samukawis, ingkang gadhah pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing salamilaminipun. Amin.) mungel boten wonten ing vèrsi asli donga punika, nanging dipuntambah dhateng Injil amargi panggunaanipun ing liturgi gréja awal. Mila doksologi dipunbisak ing kathah pertalan modèrn.

Éwadéné Yesus kamungelan ageng miwulangaken donga punika ing basa Aram, tèks-tèks awal ageng mungelipun wonten ing basa Yunani. Amargi basa Latin wujud basa ingkang resmi dipunagem ing agama Kristen Kilèn, mila vèrsi ing basa Latin utawi Pater Noster, wujud satunggiling pertalan wigatos saking donga ing basa Yunani punika.

Ing basa Koinē ingkang dipunterjemahaken dhateng basa-basa sanèsipun:

gadhah pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing salamilaminipun. Amin').

(pertalan misionaris di Tanjungpinang Riau sarta di Melaka, disesuaikan ejaan umum)

Miturut vèrsi taun 1928 Book of Common Prayer ingkang misuwur piyambak:




#Article 272: Monumèn Basa Afrikaans (121 words)


Monumèn Basa Afrikaans (basa Afrikaans: Afrikaanse Taalmonument) iku mbokmanawa siji-sijining monumen ing donya sing digawé kanggo ngangenangaké sawijining basa. Monumen iki papané ana sadhuwuring wukir ndhuwuré Sekolah Guru ing Paarl, Western Cape Province, Republik Afrika Kidul. Monumèn iki bubar digawé ing taun 1975, lan ngangenang satus taun enggoné basa Afrikaans diakoni dadi basa sing séjé saka basa Walanda.

Monumèn iki pérangané séjé-séjé sing tumpang-tindhih awujud konkaf lan konveks, sing nglambangaké basa-basa lan budaya sing tau mènèhi prabawa ing basa Afrikaans saliyané pakembangan pulitik ing Afrika Kidul dhéwé.

Ing sawijining prasasti gedhé ing gapura, ana rong kutipan saka pujangga wigati basa Afrikaans:

Ukara DIT IS ONS ERNS (kurang luwih awaké dhéwé bener-bener sérius [prakara iki]), ditatahaké ing dalan sing manuju monumèn iki.




#Article 273: Abad ping 3 (253 words)


Pratélan Taun-Taun Abad kaping 3 Masehi:

Abad kaping-3 iku kalamangsa wiwit 201 nganti 300 miturut Kalèndher Julian.

Ing abad iki, Kakaisaran Romawi ngalami krisis, nandhani wiwitaning jaman Late Antiquity. Ing Pèrsi, kakaisaran Parthian digantèkaké déning Kakaisaran Sassanid.

Ing India, Kakaisaran Kushan diganti déning Kakaisaran Gupta. Cina pinuju ana ing jaman Telung krajan. Xiongnu agawé nagara Tiefu ing sangisoré Liu Qubei. Koréa dipanggedhèni déning Telung krajan Koréa. Jepang mlebu jaman Kofun.

Ing Afrika Sub-Sahara, Èkspansi Bantu ngrambah Afrika Kidul.

Sajeroning millennium pisanan ing sajarah Amérika Lor (Amérika pre-Columbian), Budaya Adena saka tlatah lembah Kali Ohio nulak ngakoni Budaya Hopewell. Kabudayan Maya miwiti éra klasik.

Sawisé sédané Commodus ing abad sadurungé, kakaisaran Romawi ngalami perang sadulur. Sawosé perang bubar, Septimius Severus madeg dadi kaisar, miwiti wangsa Severan. Ora kaya kaisar sadurungé, kanthi kabuka Severus migunakaké wadya kanggo njurung kakuwasaané, lan dibayar kanthi apik, lan sabanjuré dadi rejim monarki militèr. Sistem iki runtuh ing taun 230an, munculaké kaanan anarki militèr ing sajeroning mangsa sèket taun utawa krisis ing abad iki, marga ora kurang saka rongpuluh kaisar ganti gumanti, akèh-akèhé mung mengku kalungguhan sajeroning sawatara sasi marga dipatèni utawa tiwas sajeroning paprangan, lan kakaisaran mèh ambruk déning kisruh pulitik, lan uga déning ancaman kakaisaran Pèrsi saka sisih wétan. Ing sangisoré panguwasa Sassanid sing anyar, Pèrsi tuwuh dadi saingan, lan Romawi kudu nganakaké réformasi kanthi drastis kanggo ngadhepi konfrontasi. Réformasi iki kawujud ing pungkasan abad ya iku sajeroning jaman Diocletian, ing antarané mérang kakaisaran dadi loro ya iku tlatah wétan lan kulon, sing saben tlatah duwé panguwasa dhéwé-dhéwé.




#Article 274: Jean-Jacques Rousseau (376 words)


Jean Jacques Rousseau (28 Juni 1712 – 2 Juli, 1778) ya iku filsuf saka Prancis utawa Swiss. Dhèwèké uga panulis lan priyayi pelopor Era Papadhangan. Idhé-idhé politiké awèh prabawa ing Revolusi Prancis.

Ukarané sing misuwur dhéwé iku, Kontrak Sosial: Manungsa iku lair bébas, nanging ing endi-endi dhèwèké dibanda ranté.

Wiwit cilik Rousseau seneng dhéwéan, amarga ibuné wis tilar donya lan bapaké kang sibuk ngopèni pabrik arlojiné. Taun 1722 nganti 1724 dhèwèké manggon ana asrama ing Bossey, nalika bali ana Genève dhèwèké banjur dikongkon magang marang majikan kang galak lan kasar. Amarga kedadéyan kuwi, Jean Jacques malih dadi bocah kang isinan lan seneng ngapusi. Ing taun 1728 dhèwèké ora kuwat banjur lunga. 

Rousseau lair saka kulawarga protèstan, ananging nalika wis gedhé dhèwèké malih dadi katulik supaya éntuk bantuwan. Ana ing Kutha Annecy, dhèwèké éntuk bantuwan saka Madame de Warons kang luwih asring diundang Maman (ibu) déning Rousseau. Raja Sardaigne mènèhi bantuwan marang Madame de Warons kanggo nulungi uwong-uwong kang lagi waé mlebu Katulik. 

Ananging nalika Rousseau bali ana Genève, dhèwèkè malih nganut agama protèstan meneh. Ing kana dhèwèké ora disenengi wong akèh kalebu pamrentahé le Grand Conseil amarga wis kebacut duwèni tumindak kang ala. Dhèwèké uga prang surat lan karya mungsuh Voltaire. Pungkasané Rousseau lunga menyang Kutha Paris. 

Taun 1756-1757 Rousseau ana ing Kutha Paris, nèng kana dhèwèké ngasilaké manéka karya. Ananging anggoné kekancan karo Dideot pedhot amarga dhèwèké dianggep lunga ninggalaké kuwajiban. 

Taun 1732-178 dhèwèké dadi guru, pangowah gendhing. Ing taun 1742 dhèwèké wiwit nulis ing Ensiklopédhi bareng karo kancané, Diderot.

Karyané Rousseau kang olèh pangaji saka Académie de Dijon ing taun 1750 yaiku Discours sur les Sciences et les Arts, risalah bab sains lan seni. Karya kasebut kasil nggawe dhèwèké suskes. Ing kana diandharaké yèn manungsa kuwi sejatiné apik, amung amarga kahanan kang ndadèkaké manungsa kuwi ala. Dhèwèké kalebu wong kang nulak èwah gingsiring jaman, lan luwih seneng dadi wong kang prasaja. Miturut Rousseau, sains lan seni-budaya wis ngerusak adat-istiadat. Kesenian cerak gayutané karo korupsi, amarga seneng marang gebyaring donya. 

Saliyané kuwi uga ana karya kanthi irah-irahan Discours sur l'origine de l'inégalite kang ngandharaké bab kesenjangan sosial. Dhèwèké duwé panemu yèn manungsa kuwi wiwit lair wis dititahaké déning Gusti dadi wong apik, ananing kahanan politik lan masarakat kang gawé manungsa owah lan nyebabaké kesenjangan sosial.   




#Article 275: Asmaaulhusna (227 words)


Asmaaulhusna (Arab أسماء الله الحسنى alihaksara: Asma’ Allah al-Ḥusná), ing agama Islam, tegesé sangang puluh sanga (99) asmaning Allah kang becik dhéwé. Wiwit mbiyèn para ngulama wis akèh mbahas lan nafsiraké asmaaulhusna iki. Sanadyan metu akèh pamikiran kang séjé-séjé prakara cacah asma iki, ana kang ngarani 132, 200, malahan 1.000 asma, nanging miturut kabèh, kang wigati dhéwé iku hakikat Dat Allah kang kudu dingertèni déning wong-wong Islam.

Asmaaulhusna iku tegesé asma-asma Allah kang becik lan agung miturut sipat-sipat Allah. Asma-asma Allah kang Agung lan mulya iku sawijining Katunggalan kang manunggal ing kaagungan lan kahébatan Allah, kang mangripta lan ngopèni saisining jagat raya.

Para ngulama nduwé panemu yèn kabeneran iku ana konsistènsi marang kabeneran liyané. Kanthi cara iki, wong muslim ora bakal gampang nulis “Allah iku …” amarga ora ana kang bisa nandhingi Allah. Pirembugan sabanjuré iku amung olah pikir manungsa kang winates. Kabèh tembung kang rumaket ing Allah kudu dingertèni bèdané karo panggoné tembung kang lumrah digunakaké.

Para ngulama nandhesaké yèn Allah iku Pangripta lan Panguwasa alam kang fana. Samubarang kabeneran iku tuhu amung ana (lan gumantung) marang Panjenengané. Kanthi mangkono, Allah iku Maha Tan Ginapé, nanging uga Allah iku Maha Cedhak. Allah Maha Kuwasa, nanging uga Allah iku Maha Mirah lan Maha Asih. Sipat-sipat Allah kang kajarwaaké kanthi Asmaul Husna ya iku jeneng-jeneng kang becik.

Ing ngisor iki katedhak dalil ing Kuran lan Kadis prakawis asmaaulhusna:




#Article 276: Indhiya Nèderlan (246 words)


Tembung Indhiya Nèderlan iku digawé kanggo mbédakaké saka Indhiya Inggris. 'Indhiya Nèderlan' tegesé pérangan Indhiya kang kalebu wewengkon jajahané Nèderlan utawa Walanda. 'Indhiya Inggris' iku pérangan Indhiya kang kalebu jajahan Inggris. 'Indhiya Nèderlan' biyèn kira-kira watese padha karo Républik Indonésia saiki, yèn 'Indhiya Inggris' ora liya nagara India saiki.

Indhiya Nèderlan (, ) minangka siji wewengkon koloni Walanda kang diaku kanthi de jure lan de facto. Kepala nagara Indhiya Nèderlan ya iku Ratu utawa Raja Walanda karo siji Gubernur-Jendral minangka perwakilané kang duwé kuwasa.

Indhiya Nèderlan uga minangka wewengkon kang tinulis ing Undang-undang Karajan Walanda taun 1814 minangka wewengkon berdaulat Karajan Walanda, diamandemén taun 1848, 1872, lan 1922 miturut perkembangan wewengkon Indhiya Nèderlan.

Indhiya Nèderlan biyene minangka jajahan Walanda, saiki sinebut Indonésia. Jajahan Walanda kawiwitan saka properti Vereenigde Oostindische Compagnie (utawa VOC) kang duwé Jawa lan Maluku  lan sapérangan laladan liyané wiwit abad kaping 17. Sawisé VOC dibubaraké taun 1798, kabèh properti VOC dadi duwéke pamaréntah Républik Batavia.

Ing abad kaping 19 mung  pulo Jawa kang sekabehane diduwèni Walanda. Ing taun candhaké laladan liya Nusantara ditaklukake utawa “dipasifikasikake” (didamaiake). Indhiya Nèderlan ya iku koloni Éropah kang paling diregani kang kalebu ing kekuasaane Imperium Walanda. Pangwasanan koloni iki nyumbang marang sangsaya kuwate  prabawa ékonomi global Walanda, mligi ing dagang rempah lan komoditas pakebonan liyané, ing abad kaping 19 nganti wiwitan abad kaping 20. Pucaké ing taun 1942, Hindhia Walandaya iku sekabehing laladan Indonésia saikine. Saliyané iku, kutha Melaka, Taiwan, Sri Lanka tau diduwèni VOC lan pamaréntah Walanda.




#Article 277: Kabupatèn Nganjuk (100 words)


kabupatèn Nganjuk (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ڠَنْجُكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Nganjuk iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:---, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.182,64 km2 utawa---hèktar.

Tembung Nganjuk iku tegesé Anjuk Ladhang anjuk: kemenangan, menangé perang majapahit klawan kadiri, ladhang: panggonan, dadi nganjuk iku duwé teges panggonan énthuk kemenangan amarga nganjuk iku anginé banter uga dijuluki kutha bayu/angin.

kabupatèn Nganjuk ketata saking 20 kacamatan,---kalurahan lan---désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Produk unggulan saking kabupatèn iki antarané: Anyaman pandan/Mendong, gerabah lan keramik, logam/perhiasan, marmer, mebel (furniture), onyx, pande wesi, topeng, ukir kayu lan liyané.

Jawa Wétan




#Article 278: Pranatacara (265 words)


Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan makaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Anggenipun dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkan dipunwastani 4W, kang isinupun: Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.

Pranata cara kapérang pirang-pirang penganggone ya iku:

Sarat Pranatacara

Jejibahaning pranatacara limrahipun inggih prasaja, inggih punika ngaturaken acara satunggal baka satunggal ing acara menapa kemawon. Acara sapisan punika, dhumateng Bapak... sumangga. Lajeng ngaso. Acara kaping kalih punika... dhumateng Ibu... sumangga. Lajeng ngaso. Makaten salajengipun namung ngaturaken acara satunggal baka satunggal. Nalika para tamu ngunjuk pranatacara inggih ngemum, nalika para tamu dhahar, pranatacara inggih dherek nedha. Ingkang baku acara sampun saged lumampah.
Béda kaliyan pranata adicara, kajawi nindakaken ingkang kados katindakaken pranatacara, pranata adicara saged ngisi acara damel regeng ngregenging swasana. Upaminipun nalika para tamu nembé ngunjuk, pranata adicara nyandra para tamu, nyandra sasana pawiwahan, nyandra tarub. nalika para tamu nembé dhahar, pranata adicara nyandra temanten. Gampilipun pranata adicara saged akarya regenging swasana, boten sepa,sepi,samun. Pranata adicara boten badhé katelasan wicara sarta prakawis ingkang kawedhar (materi/bahan) kanggé ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi punika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres.




#Article 279: Johannes Jacobus Ras (1440 words)


Prof. Dr. Johannes Jacobus (Hans) Ras (Rotterdam, 1 April 1926 ndash; Warmond, 22 Oktober 2003) inggih punika salah satunggaling profésor emeritus basa lan sastra Jawa wonten ing Universitas Leiden. Panjenenganipun makarya minangka profésor wiwit taun 1985 dumugi taun 1992. Kajawi punika, Ras ugi ngasta Kepala Kantor Perwakilan KITLV ingkang sepindhah wonten ing Jakarta.

Ras miyos taun 1926 wonten ing Rotterdam. Ras punika putra ingkang kaping tiga saking kulawarga ingkang gadhah sekawan putra.  Bapanipun medamel bakul kuwé-kuwé lan panganan legi-legi, ingkang ngladosi kitha Rotterdam lan sapunjeripun. Bapanipun piyambak ingkang ngasta dhirèktur wonten ing Firma Ras, lan sadaya putra kedah ngabiyantu wonten ing firma punika.
Sajatosipun sadaya putra dipunsekolahaken dhateng Mulo, kados déné limrahipun laré biyasa.  Nanging, sasampunipun putra pambajeng pratingkahipun aéng-aéng lan ndableg, pramila piyambakipun lajeng dipunsekolahaken wonten ing HBS, saéngga sadaya putra ugi lajeng tumut dipunsekolahaken wonten ing HBS.

Ujian ingkang pungkasan sekolah madyanipun Ras dipunwiwiti nalika Perang Donya II. Piyambakipun ndhelik rikala sedhèrèk-sedhèrèkipun dipunpeksa nyambut damel rodi déning pamaréntah Nazi (Jerman: Arbeitseinsatz).  Nalika samanten piyambakipun wiwit kasengsem dhateng studhi basa; utamanipun basa Jawa lan basa Arab.  Namung ing jaman samanten boten saged kuliyah basa wonten ing satunggiling universitas manawi boten mawi ijasah HBS.

Taun 1946 Ras miwiti studhi Indologie, wondéné kaanan wonten ing Indonésia ngatingalaken manawi boten wonten dinten ngajeng (ing tembé) dhumateng para padamel bangsa Walandi. Pramila piyambakipun lajeng pindhah jurusan kuliyah dhateng jurusan ékonomi.  Ras lajeng bidhal dhateng Prancis.  Wonten ing Prancis ras pikantuk padamelan wonten ing salah satunggaling proyèk pambangunan.  Wonten ing papan punika kawruhipun babagan basa Arab ingkang naté dipunsinaoni nalika studhi Indologie pratéla wigatos sanget, amargi kathah sanget buruh-buruh ingkang asalipun saking Afrika Lor.  Ras, ingkang dhasaripun remen lelana, nglajengaken panglelananipun dumugi Libya, Mesir lan Aden.

Sabibaripun wangsul dhateng nagara Walandi, Ras lajeng nglampahi wajib militèr. Nalika yuswanipun 24 taun, Ras nglamar padamelan dhateng satunggaling kantor dagang Internatio-Müller wonten ing kitha Rotterdam. Ras lajeng dipunkintun dhateng Indonésia lan dipunbenung wonten ing Jakarta.  Sawetawis wekdal salajengipun, Ras dipunpindhah dhateng Banjarmasin lan dipunpasrahi tugas supados numbasi karèt rakyat wonten ing mriku. Prekawis punika pranyata kadadosan nalika gayutan antawisipun Indonésia lan Walanda saweg genting, inggih punika salah satunggaling pakaryan ingkang mbebayani. Sarékat-sarékat buruh lokal ingkang gadhah paham kiwa utawi Marxis boten purun nampi modal saking kolonialis.  Sauntawis karyawan dipundalaken saking padamelanipun lan lajeng sami nyambat tiyang pinter utawi dhukun supados nyanthèt dalemipun Ras. Wekasanipun Ras ngraos bilih piyambakipun boten saged makarya wonten ing Indonésia manawi kahananipun tetep kados makaten.

Pranyata pakaryanipun wonten ing Kalimantan malah ugi ngagengaken raos kesengsemipun Ras tumrap Indonésia.  Mahaguru sastra Indonésia nalika samanten, profésor G.W.J. Drewes lajeng paring pepènget dhateng Ras kapurih nglampahi ujian alih basa Indonésia.  Pungkasanipun taun 1959 Ras saged mentas lan pikantuk ijasah, saéngga saged nglajengaken studhinipun dhateng universitas Leiden.

Rikala ujian punika, Ras kepanggih lan pitepangan kaliyan Widjiati Soemoatmodjo. Widjiati nalika samanten medamel wonten ing KBRI Den Haag, lajeng taun 1960 Widjiati dipunpindhahaken dhateng Brusel.  Prakawis punika ndamel Ras asring wira-wiri tindakan saking Leiden dumugi Brusel nitih scooter.  Malah naté Ras nemahi kacilakan awrat ingkang nyababaken gegar utek. Wondéné kadadéan punika boten ngalang-ngalangi krentegipun.

Sawetawis punika Ras bregas nglampahi studhinipun, kalebet ugi studhi basa Arab lan basa Sansekreta ingkang wajib dipunayahi. Wonten ing témbok-témbok kamar pondhokanipun wonten ing Leiden, dipuntèmplèki sakathahing pratélan tembung lan ukara ingkang kedah dipunapalaken. Ras ngapalaken sadaya punika dipunsambi nyukur bréngos nalika wanci enjang.

Taun 1961, Ras saged mentas ujian dhoktoralipun (S2) mawi prédhikat cum laude.  Piyambakipun lajeng krama kaliyan Widjiati lan sesarengan bidhal dhateng Kuala Lumpur.  Wonten ing mrika Ras – kepara sadèrèngipun lulus – sampun dipunangkat minangka lecturer (dhosèn) wonten ing University of Malaya. Profésor Roolvink, ingkang mbénjingipun kajibah minangka mahaguru wonten ing Universitas Leiden, nalika punika ngasta Head of Department.  Ras nalika wonten ing Kuala Lumpur, ngupadosaken nyerat dhisertasinipun prakawis  Hikayat Banjar (sajarah Banjarmasin kanthi basa Melayu) kajawi nglampahi pakaryanipun memulang.

Ras saha Widjiati sigra pinaringan putra lan sasampunipun kontrak ingkang jangkanipun tigang taun jangkep, lajeng wangsul malih dhateng Leiden. Wonten ing Leiden Ras dipunangkat minangka asistèn dhosèn jurusan “Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oséania”.

Lajeng ing taun 1966 kulawarga Ras pinaringan putri, lan taun 1968 Ras promosi pikantuk gelar S3. Ras pikantuk prédhikat cum laude. Dhisertasinipun inggih punika babagan édhisi tèks Hikayat Banjar, ingkang antawisipun momot prakawis sajarah Suku Banjar wonten ing Banjarmasin. Boten dangu sasampunipun promosi, Ras lajeng bidhal dhateng Jakarta saperlu cecawis mbikak kantor KITLV.

Sanadyan kathah kapanggih alangan prakawis pulitik lan birokrasi, Ras saged mrantasi sadaya kanthi saé. Amargi pakaryanipun punika, pramila satunggaling dhasar makarya sama ilmiah ingkang kiyat saged dipunyasa lan taksih lestari dumugi wekdal punika.

Sasampunipun wangsul dhateng Leiden taun 1971, Hans Ras tetep ngasta wonten ing jurusan Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Piyambakipun sangsaya nggeluti sastra Jawa lajeng dados asistènipun profésor Uhlenbeck. Ras ugi lajeng ngayahi kuliyah-kuliyahé prof. Uhlenbeck. Sasampunipun Uhlenbeck pènsiun lan kajibah minangka profésor emeritus, Ras ingkang nglajengaken ngasta. Taun 1985 Ras dipunangkat minangka mahaguru Sastra lan Budaya Jawa.

Kanggé bahan kuliyah, Ras nyerat satunggaling kitab tatabasa Jawa lan kitab sekar sumawur tèks-tèks Jawa modhèren.  Wondéné ingkang wigatos piyambak dhumateng pangrembakanipun kawruh sastra Jawa inggih punika studhi-studhinipun ingkang jembar lan jero. Utamanipun wonten kalih aspèk budaya Jawa ingkang dipungatèkaken déning Ras: wayang lan sajarahipun.  Pramila Ras ugi naté damel alih basa salah satunggaling lampahan wayang dhumateng basa Walanda. Lampahan ingkang dupun pretal punika ater-ateripun Subadra Larung utawi Sembadra Larung. Alihbasaipun dhateng basa Walandi dipunwastani De schending van Soebadra.  Kajawi punika Ras ugi nyerat studhi-studhi prakawis karya panulisan, struktur, fungsi lan kabenerané tèks-tèks sajarah saking Tanah Jawa, utamanipun Babad Tanah Jawi.

Sauntawis makalah wigati Ras dipunjilid nalika taun 1992 wonten ing kitabipun The Shadow of the Ivory Tree.  Rikala taun-taun pungkasan sugengipun, Ras ngupadosaken satunggaling édhisi tèks anyar Serat Pararaton, satunggaling tèks sajarah ingkang mawi basa Jawa Tengahan. Tèks punika bilih dipunpriksani saking sudhut pandhang filologis lan sajarah kasusastran, minangka salah satunggaling tèks Jawa Kuna ingkang angèl. Sadèrèngipun tèks punika sampun naté dipunsunting lan dipunterbitaken kaliyan J.L.A. Brandes rikala taun 1898 lan I Gusti Putu Phalgunadi rikala taun 1996.  Wondéné èdhisi tèks Brandes taksih kirang maremaken lan èdhisi Phalgunadi miturut kawruh filologi dèrèng saged dipuntampi.

Mbok bilih sampun kersanipun Gusti dèrèng dipunkeparengaken, kaanan kaséhatanipun Ras sangsaya mandhap saéngga karyanipun ingkang pungkasan punika boten saged dipunrampungaken.

Ras manggèni papan ingkang mulya wonten ing babagan studhi Indonésia miturut tradhisi Leiden. Publikasi-publikasinipun misuwur amargi panalitèn-panalitèn fakta-faktanipun ingkang tansah jero sanget. Ras migunakaké sumber-sumber ingkang asring wujudipun seratan naskah manuskrip (tulisan tangan).  Sedaya punika dipunroncé kalawan kawruh sainsipun ingkang jembar, kritis, saha kabregasanipun.

Ras saged dipunwastani satunggaling dhosèn ingkang antusias, nalika mucal nyengsemaken sanget lan imajinatif. Ras punika satunggaling performer. Mbokbilih punika amargi Ras panci bènten kaliyan réncang-réncang sajawatipun rikala samanten. Ras ugi kasengsem dhumateng manéka warna seni rakyat budaya Jawi.

Sanadyan Ras satunggaling ngèlmuwan modhèl tempo doeloe lan radi njaga jarak kaliyan para mahasiswa, Ras panci ugi ngupadosaken amrih para siswanipun karaos celak dhateng babagan kuliyahipun. Mila punika Ras asring ngawontenaken kuliyah ingkang wujudipun séminar saha préséntasi makalah lan dhiskusi. Rikala samanten, kabiyasan kados makaten taksih dèrèng limrah.  Kajawi punika Ras kala-kala ngawontenaken préséntasi kanggé para siswa wonten ing dalemipun.

Ras ugi nyebaraken raos tresna dhumateng budaya lan wong Jawa, ing babagan sains lan babagan sanèsipun. Ras ugi kasengsem dhumateng para priyantun wonten ing nagara Walandi ingkang nresnani budaya Indonésia, utamanipun budaya Jawa.  Contonipun Rien Baartmans. Rien Baartmans inggih punika satunggaling juru main bonékah utawi saged dipunwastani kanthi tembung istilah dhalang saking Haarlem, ingkang boten namung ngawontenaken pagelaran bonékah Walanda, nanging ugi saged nggelar lelampahan wayang kanthi saé saha éndah. Rien utamanipun misuwur wonten ing antaranipun laré-laré Walandi amargi pagelaran Wayang Kancilipun.

Conto sanèsipun inggih punika Ger van Wengen ingkang rikala samanten nyambut damel wonten ing Musiyum Antropologi lan tansah ngupados saéngga sains sageda populèr. Dhata ingkang dipunsukaaken kaliyan Hans Ras migunani sanget dhumateng Ger, kados ta buku De schending van Soebadra.  Nanging wangsulipun, Ras ugi kathah ngangsu kawruh saking Ger.

Rikala taun 1992, Hans Ras wiwit pénsiun kanthi yuswa 66 taun. Sajatosipun Ras kirang sreg pénsiun. Ras kangen kaliyan pakaryanipun lan kasarasanipun wiwit suda. Kirang langkung nyarengi milénium énggal, Ras pinaringan wayah lan kawastanan éyang. Wondéné lelara Parkinsonipun saya ndadra. Ing taun 2002 Ras dipunopname wonten ing griya sakit amargi wonten keluhan radhang paru-paru. Pramila Ras boten saged lenggah wonten ing dalemipun malih lan wiwit wulan Agustus 2002, pramila Ras mapan wonten ing satunggaling panti wreda ing Warmond ingkang boten bakal dipuntilar salajengipun. Ras séda tanggal 22 Oktober 2003, wonten ing sisihipun Widjiati ingkang boten naté sayah paring rerumat.

Sasampunipun Ras kajibah minangka profésor éméritus ing taun 1992, studhi sastra Jawa wonten ing Leiden sangsaya ngrembaka miturut dalan ingkang sampun dipunlangkungi utawi malah ingkang dipunbabad déning Ras. 

Hans Ras mesthinipun badhé karenan dhumateng kesederhanaan, kaéndahan saha kawicaksanan salah satunggalipun kretabasa Jawi “Urip iku mung mampir ngombé”.




#Article 280: Wong Jawa (258 words)


Wong Jawa (Jawa ngoko: wong Jawa/ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ, krama: tiyang Jawi‌/ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ) iku bebrayan utawa golongan ètnis kang asalé saka Pulo Jawa pérangan tengah lan wétan. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka Pulo Jawa lan mligi ing Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Wong Jawa, mligi ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon kang mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa kang migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané wong Jawa baku, ana uga subsuku Using lan Tengger.

Wong Jawa sapérangan gedhé migunakaké basa Jawa kanggo wicara sadina-dina. Sajeroning sawijining polling kang dianakaké kalawarta Tempo ing wiwitan dasawarsa 1990-an, kurang luwih mung 12% wong Jawa kang migunakaké basa Indonésia kanggo sadina-dina, watara 18% migunakaké basa Jawa lan Indonésia kanthi campur lan saluwihé nganggo basa Jawa.

Basa Jawa duwé aturan kang mbédakaké cara migunakaké tetembungan miturut tataran dhedhasar gegayutan antara pawicara lan sapa kang diajak wicara. Aturan iki kaloka minangka undha-usuk basa. Aspèk bebasan iki duwé prabawa sosial kang kuwat sajeroning budaya Jawa, lan anané kasadaran bab status sosial ing masarakat.

Wong Jawa misuwur duwé budaya kagunan mligi diprabawai déning agama Hindhu-Buda, ya iku pamentasan wayang. Repertoar carita wayang utawa lakon sapérangan gedhé dhedhasar wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Nanging ana uga prabawa saka agama Islam lan Donya Kulon.

Wong Jawa duwé stereotipe minangka sukubangsa kang sopan lan alus.Pirsani Nanging uga misuwur minangka sukubangsa kang katutup lan ora gelem blaka suta. 

Pratélan tokoh Jawa:




#Article 281: Kabupatèn Pacitan (274 words)


Pacitan (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ڤَچِتَنْ), ya iku kabupatèn kang ana ing Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Kutha krajané ya iku kutha Pacitan. Geographical coordinates kutha Pacitan ana: 8° 12' 0 lintang kidul, 111° 7' 0 bujur wétan. Kabupatèn iki duwé jembar wewengkon sakiwa-tengené 1.389,87 km², pendhuduke kacacah kurang luwih 728.049 jiwa (2015).

Wewengkon Pacitan duwé aji wigati sanjerone sajarah arkéologi amarga ana kana pernah ditemokne fosil-fosil manungsa purba. Saliyané guwa Guwa Tabuhan kang wis luwih dhisik misuwur, Guwa Luweng Jaran kang durung  suwé  ditemokne ini lan diperkiraake kang paling jembar ana Asia kidul wétan. Secara administratif Pacitan dipara dadi 12 Kacamatan, ya iku:

Wates wewengkon Kabupatèn Pacitan ing sisih wétan ya iku Kabupatèn Trenggalèk, sisih Lor ana Kabupatèn Panaraga, sisih kulon anan Kabupatèn Wanagiri lan ing sisih kidul ana Samudra Hindia

Secara géografis kabèh laladan kang sapérangan gedhé pagunungan kapur ora cocog kanggo tetanèn tuwuhan pari.

Kaanan géografis Pacitan kang sapérangan gedhé akèh gumuk-gumuk tandhus kang ora cocog kanggo tetanèn tuwuhan pari, mulané iku gaplèk utawa téla dadi pilihan saka jaman biyèn.
Gaplek ya iku oyot wit tela pohung kang digaringaké sabanjuré dibebak lan diadang dadi sega thiwul. Mula saka iku, manawa thiwul dadi ciri pambéda saka kutha Pacitan pancèn ora salah. Sega thiwul dadi panganan pokok kanggo masarakat kang urip ana pérangan pagunungan kidul kaya ta Gunungkidul,Wonosari,lan Trenggalèk. Nanging kanthi sangsaya apiké perékonomian saiki padha ninggal gaplèk kanggo panganan sadina-dina lan masarakat saiki luwih milih sega putih.

Sanajan kanthi lumrahé basa jawa iku padha waé,nanging Basa jawa ana Pacitan duwé keunikan amarga ana ukara-ukara kang akèh ora bisa ditemoni ana laladan liyané.Sapérangan ukara-ukara mau saiki wis kechathet ana ing basa Jawa dhialèk Pacitan




#Article 282: Basa ngoko (603 words)


Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Ater-ater lan panambang ngoko ana dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -(n)é, lan -(k)aké. 

Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro: basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya. 

Basa ngoko minangka dhasaring basa Jawa. Duk nguni, sandhuwuring basa ngoko ana basa madya, déné basa krama ana ing dhuwur dhéwé. Saiki, sandhuwuring basa ngoko langsung basa krama.

Basa ngoko kang lawas kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya. Ana uga kang mérang basa ngoko dadi basa ngoko lugu lan basa ngoko andhap. Basa ngoko andhap banjur kapérang manèh dadi basa ngoko antya-basa lan basa ngoko basa-antya.

Cathetan: mungguh ing conto, tembung krama dikandelaké, déné tembung krama inggil digarisi sor.

Basa ngoko lugu (utawa mung basa ngoko, uga diarani basa Jawa dwipa) iku basa ngoko kang mung nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Madyama purusané nganggo tembung kowé, déné utama purusané nganggo tembung aku. Panganggoning basa ngoko lugu padatané ing guneming bocah marang bocah, wong tuwa marang wong nom tanpa ngajèni, bandara marang abdiné. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko lugu.

Basa ngoko antya-basa iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama inggil. Madyama purusa kang kaanggo iku tembung sliramu utawa sariramu, déné utama purusané nganggo tembung aku. Panganggoning basa ngoko antya-basa padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur lan priyayi marang priyayi kang wis raket banget. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko antya-basa. 

Basa ngoko basa-antya iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama saha tembung krama inggil. Madyama purusa kang kaanggo iku tembung panjenengan utawa panjenenganmu, déné utama purusané nganggo tembung aku. Ana sawatara tembung ngoko kang ora kena dikramakaké supaya dumadi basa ngoko basa-antya, ya iku: ana, endi, ora, arep, aku, iki, iku, utawa, isih, apa, aja, iya, amarga, enggon, kana, kéné, kono, karo, kapan, kepriyé, kang, durung, dudu, saiki, saprana, sapréné, saprono, samana, saméné, samono, sing, wis, lagi, pira, dhèk, jaré, mau, manèh, menawa, menyang, marang, mung, mengko, mangkana, mengkéné, mengkono, baé, lan nganti. Panganggoning basa ngoko basa-antya padatané ing guneming wong tuwa marang wong nom kang pangkat luwih dhuwur. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko basa-antya.

Basa ngoko kang anyar kapérang loro: ngoko lugu lan ngoko alus.

Basa ngoko lugu iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Basa ngoko lugu iki padha karo basa ngoko lugu kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko lugu.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn kowé duwé dhuwit, bok aku disilihi sangu. Arep njaluk Paman, dhèwèké lagi ora duwé dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging jaréné Paman, wis kadhung ditukokaké obat. Bibi lara tangané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung ngoko.

Basa ngoko alus iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko sarta kaworan tembung krama inggil lan tembung krama andhap. Basa ngoko alus iki padha karo basa ngoko antya-basa kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko alus.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn panjenengan kagungan dhuwit, bok aku diparingi sangu. Arep nyuwun Paman, panjenengané lagi ora kagungan dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging pangandikané Paman, wis kadhung dipundhutaké obat. Bibi gerah astané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?

Conto ing dhuwur nganggo tembung ngoko lan tembung krama inggil (panjenengan, kagungan, paring, nyuwun, pangandika, pundhut, gerah, lan asta).




#Article 283: Bernard Arps (639 words)


Prof. Dr. Bernard (Ben) Arps (Leiden, 30 Mèi 1961) iku nimpuna Sastra lan basa Jawa sing misuwur banget. Panjenengané mligi dadi misuwur déning dhisertasiné sing ajudul Tembang in Two Traditions (1992). Spésialisasiné bab médhia modhèren`, musik lan pamentasan kagunan Jawa. Ben Arps iku wis omah-omah lan pinaringan patang putra; loro lanang lan loro wadon.

Ben Arps miyos ing Leiden, Walanda. Nanging bapané miyos ing Indhiya Nèderlan. Kajaba iku éyang buyuté, sing asmané ya Bernard Arps, sawijining palukis sing misuwur lan pinter. Para leluhuré Ben Arps asalé saka Schleswig-Holstein, Jerman. Ing Leiden Ben Arps sakolah VWO (sajinising SMA tingkat dhuwur) ing Christelijke Lyceum Dr. W.A. Visser ’t Hoofd. Ben Arps mélu ujian ing taun 1979, jurusané jurusan eksakta.

Sawisé iku dhèwèké ndaftar ing Universitas Leiden ing jurusan Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Ben Arps miwiti studhiné nyinaoni basa-basa Nusantara. Ing taun 1982 dhèwèké bisa lulus cum laude kanggo ujian S1-né.

Sawisé lulus S1, Ben Arps mangkat menyang Surakarta, Jawa Tengah lan nerusaké sinau ing Akademi Kagunan Karawitan Indonésia (ASKI). Ben Arps nyinaoni kagunan wayang sataun suwéné lan bisa dadi dhalang.

Mangsané nalika Ben Arps ing Tanah Jawa uga mangsa sing mulya. Rikala iku Ben Arps omah-omah karo Djumilah, sawijining wanita Jawa.

Sawisé manggon ing Tanah Jawa, Ben Arps bali menyang Leiden. Ing kana Ben Arps nerusaké studhiné lan saiki nyinaoni basa lan sastra Jawa. Ing taun 1986 Ben Arps bisa lulus cum laude kanggo ujian S2-né. Tésis dhoktoralé iku bab sastra Kawi miring utawa pupuh tembang Sekar Ageng sing digunakaé ing Surakarta.

Sawisé iku Ben Arps bisa nyambut gawé saparo wektu dadi dhosèn basa Indonésia ing universitas Leiden. Sawisé nyambut gawé sataun Ben Arps miwiti dhisertasiné. Nanging saliyané iku Ben Arps olèh pagawéan ing The School of Oriental and African Studies ing University of London. Ing kana Ben Arps uga bisa ngajar basa Indonésia.

Nalika ing London, Ben Arps aktif banget. Ing taun 1991 Ben Arps lan Annabel Teh Gallop nulis buku Golden Letter / Surat Emas. Buku iki sajatiné katalog manuskrip-manuskrip Indonésia sing nalika iku dipamèraké dadi pérangan paméran jalan. Saben manuskrip diwènèhi dhèskripsi jangkep lan yèn prelu alihaksara lan alihbasa Inggris utawa Indonésia.

Kajaba iku nalika ing London Ben Arps uga nyinaoni manuskrip-manuskrip Jawa péranganing kolèksi tartamtu sing wayah samana disinggahaké ing India Office Library.

Ing taun 1992 Ben Arps promosi lan lulus ujian S3 ing Universitas Leiden. Judhul dhisèrtasiné ya iku Tembang in Two Traditions. Studhiné iki, kaya wis dibahas ing dhuwur, nyinanoni prakara transmisi pamentasan tembang macapat ing rong papan; ya iku ing Ngayogyakarta lan Banyuwangi. Ngayogyakarta iku punjer kabudayan Jawa ing Jawa Tengah lan Banyuwangi iku laladan pinggiran. Studhiné Ben Arps iki astamiwa amarga bisa ndokok tradhisi kuna tembang Jawa ing konteks modhèren.

Kanggo nglakoni studhi iki, Ben Arps kudu nganakaké panalitèn lapangan. Banjur ing buku iki Ben Arps ngwedaraké téyori lan praktèk nembang macapatan Jawa. Sadhawaning sajarah, ing Tanah Jawa lan laladan-laladan mancanagara, akèh pupuh tembang digawé. Nanging jaman saiki sing akèh dhéwé digunakaké utawa dienggo cacahé ana sewelas.

Ing buku iki banjur prakara-prakara iki kawedar:

Ing taun 1992 Prof. Dr. Ras saka jurusan Sastra Jawa pénsiun lan dadi Profésor Éméritus. Ben Arps banjur kapilih dadi sing nerusaké, kamangka Ben Arps isih timur banget.

Ben Arps iku kapala pérangan Basa lan Sastra Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Fungsi iki wis dijabat ing taun 1995 lan saka 1999-2000.

Kajaba iku Ben Arps uga sawijining Fellow-in-Residence ing Netherlands Institute for Advanced Study in the Humanities and Social Sciences ing taun 2001-2002. Ben Arps ya uga sawijining Visiting Fellow ing Australian National University ing Faculty of Asian Studies and Humanities Research Centre ing taun 2005. Banjur ing taun akadémis 2006-2007, Ben Arps bakal dadi Mahaguru Tamu Walanda ing University of Michigan, Ann Arbor.

Amarga Ben Arps sibuk banget lan akèh pagawéyané, mula tugas-tugas dhosèné akèh sing dilakoni déning asistèné. Asistèné iku lumrahé para promovendi sing pinter-pinter.




#Article 284: Salak (482 words)


Salak iku uwit lan woh saka tuwuhan sing éwoning palma kanthi woh sing bisa dipangan. Uwit lan woh iki uga misuwur minangka sala (Min., Mak., Bug., dan Thai). Sajeroning basa Inggris diarani salak utawa snake fruit, sauntara jeneng ngèlmiahé ya iku Salacca zalacca.
Wohé kang bunder padha karo endhog nanging rada lancip ing sisih dhuwur, kulité coklat tuwa. Woh iki uga ingaran snake fruit amarga kulité mèmper sisik ula. Rasané sepet nanging saiki wis dibudidayakaké jinis unggulan.

Saliyané dadi laladan wisata kang éndah, Bali uga dadi sentral produksi salak ing Indonésia.
Salak kang asalé saka Bali iki jenengé salak Bali. Salak Bali daging buahé kandel lan wernané putih rada kuning. Tekstur salak Bali renyah. Wijiné uga cilik-cilik, cacahé 1-2 saben woh. Ukuran salak Bali rada cilik.
Salak Bali duwé sipat kas kleistogami. Tegesé, pembuahan salak Bali bisa kadadéan kanthi otomatis, or mrelokaké manungsa. Wit salak Bali dhuwuré kurang luwih lima nganti pitung mèter.

Woh salak bisa dipanén sawisé mateng lan umuré kira-kira enem wulan sawisé kembang mekar. Salak kang siyap panèn titikané sisiké jarang, warna kulité abang semu ireng utawa kuning tuwa lan wulu-wuluné wis ilang. Pucuké salak lancip lan empuk yèn dipenyèt.

Salak Bali akèh tinemu ing Sibetan lan Karangasem.

lan liyané

Saiki nandur salak wis tansaya maju. Olèhé nandur ora ndadak ndhedher kenthos. Carané luwih gampang lan rikat ya iku kanthi nyangkok nganggo pring utawa botol plastik lan saben dina kudu sregep nyirami. Manawa wis metu oyodé dikethok banjur ditandur.

Sadurungé ditandur lemahé didhudhuk dhisik banjur diwènèhi rabuk. Dientèni nganti sawatara wektu lagi cangkokan salak mau ditandur. Yèn wis metu ketheker digolèkaké kembang salak lanang sing banjur digepyokaké ing ketheker lan iki sing diarani kawin silang tumrap salak. Wiwit kembang, géyol nganti dadi salak mateng umuré sesasi.

Tuwuhan salak bisa urip ing laladan-laladan ing Indonésia. Tuladhané ing DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, D.I.Yogyakarta, Jawa Wétan, Sumatra Lor, Sulawesi Utara, Sulawesi Kidul,
Maluku, Bali, NTB lan Kalimantan Barat.

Salak bisa urip ing lemah kang subur, gembur, lan lembab.

Derajat keasaman lemah utawa pH kang cocog kanggo nandur salak ya iku 4,5-7,5.
Wit salak bakal mati yèn lemah kang dianggo urip ngandhut banyu kang luwih-luwih. Wit salak bakal mati amarga kebacékén.
Nanging salak mbutuhaké lemah kang lembab kanggo urip.
Wit salak bisa urip ing laladan kang dhuwuré 100–500 m dpl.

Woh salak bisa dipangan langsung tanpa olahan apa-apa. Salak bisa kanggo buah sawisé mangan. Nanging yèn salak arep dipangan langsung, kudu ngenténi salak mateng. Salak yèn durung mateng rasané sepet. Salak uga bisa digawé manisan kang rasané legi uga bisa digawé asinan kang rasané rada asin. Saiki manisan salak bisa digawé saka salak sakulité, dadi tanpa diocéki. Wit salak ora bisa kanggo bahan yasan lan kayu bakar. Woh salak lumrahé disuguhaké dadi buah méja. Woh salak kang didol lumrahé isih wujud tandan utawa wis diprothéli dadi pethilan sawiji-wiji. Salak kang dipanén ing wulan kang kaping 4 utawa 5 lumrahé digawé manisan.




#Article 285: Antaséna (183 words)


Antaséna utawa uga sinebut Anantaséna.
Teges tembung ananta ya iku tanpa wates déné sena ya iku njaga, nguwasani, kang mimpin.

Ing pedhalangan gagrag Jogjakarta, Antaséna iku anak ragilé Bima/Werkodara. Ibuné Dèwi Urangayu, putriné Hyang Mintuna (déwaning iwak ing banyu tawa) ing Kisiknarmada (muarané Gangga karo Serayu). Wiwit lair urip bareng karo ibu lan éyangé. Ing gagrag Surakarta, Antaséna iku asma liyané Antareja (anak pembarepe Werkudara).

Ing wayang, Antaséna iku kasatriyané ing Selamirah iya Randhugumbala. Garwané sesilih Dèwi Jenakawati, putriné Janaka/Arjuna.
Satriya iki uga raket karo wuragilé Arjuna, Wisanggeni.

Antaséna ora naté gelem nganggo basa krama, jujur, prasaja, lan kendel. Gandhèng ibuné urang, awaké kebak sisik kang ora mempan déning gaman. Kadigdayané ana ing sungut mawa upas kang mapan ana sangisoré irung karan sungut upas warayang lan pengantèn lan nduwé aji-aji Cupu Maduséna sing bisa nguripaké wong kang mati ing njaba takdiré.

Nalika Perang Baratayudha arep diwiwiti, Antaséna ngadhep Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang sabda yèn Antaséna kepengin Pandhawa menang, satriya iki kudu ora mèlu perang. Antaséna nyaguhi kekarepané déwa. Sanghyang Wenang njaluk supaya Antaséna ndeleng netrané. Suwé-suwé awaké Antaséna dadi cilik lan banjur muksa.




#Article 286: Yasa Kali Serayu (106 words)


Lakon Wayang Yasa Kali Serayu

Sawijining dina, Korawa lan Pandhawa padha padu. Déning Bisma, padudon iku supaya disalurake liwat sayembara gawé kali. Kurawa lan Pandhawa banjur digawa menyang Kuru Janggala, ing kéné sayembara iku diwiwiti. Kurawa ndhuduk ing sisih kulon, Pandhawa ing sisih wétan. Loro-lorone mburu supaya bisa luwih rikat nembus Kali Gangga. Nanging Kurawa kalah amarga kaline malah ketemu karo kali sing digawé Pandhawa.

Pandhawa menang amarga dibiyantu déning Begawan Mintuna. Ing kéné uga Bima ketemu karo Dewi Urangayu lan banjur dadi garwane.

Déning Resi Bisma, kali sing digawé Pandhawa diwènèhi jeneng Bengawan Serayu, lan sing digawé Kurawa dijenengi Kali Kelawing (uga asring karan Cingcinggoling).




#Article 287: Wisanggeni (151 words)


Wisanggeni iku anaké Arjuna karo Dèwi Dresanala. Putri iki salah sijining widadari anugerahing déwa amarga Arjuna bisa ngalahaké Prabu Niwatakawaca, buta kang ngobrak-abrik kahyangan. Nalika iku, Niwatakawaca sedya ndhaup Dèwi Supraba.

Rikala lair, Wisanggeni arep dipatèni simbahé, Bathara Brama. Bathara Guru nganggep lairé Wisanggeni nyalahi kodrat. Nanging Wisanggeni wis dikodratké sekti lan tinitisan Sanghyang Wenang. Seka prakara iki, Wisanggeni uga asring sinebut déwa kang pungkasan.

Satriya setengah déwa setengah manungsa iki dimomong Bathara Baruna (déwa kang nguwasani samudra) lan Hyang Antaboga (raja ula kang urip ing dhasar bumi). Dhèwèké bisa mabur, ambles bumi, lan urip ing laut.

Dhèwèké urip ing Kahyangan Daksinapati bareng ibuné. Sektiné ngluwihi liyané. Wisanggeni raket karo Antaséna. Loro-loroné uga ora mèlu Bharatayuddha. Ing lakon Wisanggeni Racut, dhèwèké muksa bareng karo Antaséna dadi tumbal bèn Pandhawa menang.

Kaya déné Antaséna, Wisanggeni uga ora seneng nganggo basa krama. Béda karo Antaséna kang lugu, Wisanggeni lantip lan ngerti sadurungé winarah.




#Article 288: Bima (paraga Mahabharata) (326 words)


Bima (basa Sangskerta: भीम, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.

Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima kang isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang kang gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima kang pecah, nanging malah watuné kang ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan kang mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.

Miturut carita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké kawujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Ngastina, nanging sawisé ditundhung déning Kurawa, Bima lan sadulur-seduluré dibuak lan pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

Bojone telu (gagrag Jogjakarta), ya iku:

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prajurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.

Bima uga kalebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, ya iku Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga kalebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).

Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang ya iku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu saka kupingé lan ngandhani Bima prakara filsafat urip.

Ing pungkasan carita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.




#Article 289: Bathara Bayu (692 words)


Bathara Bayu iku, putrané Bathara Guru (Sang Hyang Manikmaya) kang nomer papat, saka Dewi Umayi. Bathara Bayu uga sinebut Hyang Pawana iya Sang Hyang Maruta. Pawana utawa Maruta iku tegesé angin utawa kekuwatan. Kahyangané ing Panglawung iya Puserbawana. Garwané bebisik Dewi Sumi, putrine Bathara Soma. Putrané papat: Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sudarma, lan Bathara Bismakara.
Dewaning angin iki kalebu golonganing warga Bayu. Kang kalebu warga Bayu kabèh ana wolu, ya iku Bathara Bayu, Anoman/Senggana, Werkudara (Bima). Wil Jajahwreka (bayuning buta), Liman Setubandha (bayune Gajah), Sarpa Naga Kuwara (bayune naga/ula), Mahambira (bayune Garudha), lan Begawan Maenaka (bayune Gunung).
Bathara Bayu, Werkudara lan anoman duwé kuku (Pancanaka) lan kabèh ngagem kampuh poleng bang bintulaji minangka tandha bisa mangreh lakuning angin.
Werkudara ing tata laire putrane Prabu Pandhu Dewanata, ratu Astina, saluguné putrané Bathara bayu, mulané sinebut Bayusuta. Bathara Bayu nganti peputra Werkudara amarga katarik mantram panggendaming déwa aran Adityahredaya (yèn ing pedhalangan aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa lawanan) kang winateg Dewi Kunti kanthi mangesti déwa kang sarirane gedhé dhuwur.
Pandhita Durna (Drona) iki iya isih trah Bathara Bayu. Sarasilahe : Bathara Bayu peputra Bathara Sumarma, Bathara Sumarma peputra Bathara Tantra, Bathara Tantra peputra Bathara Guritna, Bathara Guritna peputra Bathara Sumbawa, Bathara Sumbawa peputra Resi Mintasaba, Resi Mintasaba peputra Resi Kuntabasuki ing Atasangin. Resi mau banjur peputra Resi (Prabu) Baratwaja sing banjur nurunaké Bambang Kumbayana iya Pandhita Durna.

Bathara Bayu tau tumurun ing marcapada jumeneng ratu ing nagara Medhanggora, jejuluk Prabu Bima. Patihé asma Suksena.
Bathara Bayu wujudé gagah gedhé dhuwur, kekuwatane linuwih. Watake kendhel, prasaja lan meneng. Yèn pinuju pisowanan lenggahe ing mburi dhéwé, nutup simpingan sisih kiwa, lan tangane malangkerik. Jumbuh karo wujudé, yèn ngendhika swarane gedhé glereng-glereng, laras nem ageng kedhal sereng lan anteb.

Pungkasané carita wayang sing digelar sewengi natas, miturut pakem padhalangan dipungkasi nganggo Bathara Bayu, kang diarani tayungan.
Wayang mau dijogetakke minangka tandha menang perang. Sadhurungé tayungan, luwih dhisik perang brubuh, mawa gendhing sampak. Ratu kang mau ing jejer sabrangan sawadyabalane teka ing nagara mau ing jejer kawitan, yèn ora tumuju ing Amarta iya Dwarawati nedya ngrebut kabegjan. Satemah dadi perang amuk-amukan. Wusanane ratu sabrang sawadyabalane sirna, tumpes tapis. Manawa ratuné iku malihané satriya, déwa, putri, raseksa utawa yitmané Dasamuka, banjur badhar salin wujud kang sejatiné. Kang mungkasi perang brubuh yèn ing jamané Pandhawa mesthi Werkudara. Yèn jamana carita Ramayana iya mesthi Anoman, déné yèn carita para déwa iya Bathara Bayu. Anoman lan Werkudara sinebut Bayusuta iya Bayusiwi, kang tegesé anak angin, karepé angin cilik, ya iku napas utawa ambegan. Tandangé Anoman lan Werkudara ing perang brubuh nggambaraké napas kang ngukut sakabèhé pancadriya nalikané manungsa sakaratul maut. Kumpulé para ratu utawa satriya kang dadi balungané lelakon, ngendhikakaké maremeing panggalih déné wis bisa mbrasta reretu, satemah kaanan bali tentrem, amarga wis kalis saka sawernané rubedha.

Sawisé tayungan lan kumpuling kadhang, banjur tancep kayon, ya iku gunungan wayang ditancepaké ing satengahing kelir, kang ateges pagelaran wayang wis rampung. gegambaraning urip, wong iku wis mati. Kayon ngono gegambaraning kayon, saka tembung kayun, tegesé urip. Sawisé rampungan kabèh, wayang dilebokaké ing kotak. Kaya manungsa yèn wis mati uga mlebu kubur. Angger anginé (Bathara Bayu,Werkudara, Anoman) wis lunga, tegesé manungsa bali ing ngrasané Sang Hyang Widhi Wasa.

Bathara Bayu inggih punika putra Sang Hyang Jagad Nata, raja para déwa kalihan garwanipun Dèwi Umayi. Bathara Bayu nguwaosi angin, minangka jangkeping déwa 30. Tandha-tandha minangka panguwaos bayu utawa angin nganggé kampuh polèng, kuku pancanaka, pupuk jarot asem.

Pinten-pinten tokoh ingkang kagolong tunggal Bayu kadosta Begawan Anoman, Radèn Werkudara, Wil Jaya Wreksa, Begawan Mainaka, Liman Situbanda utawi Gajah Séna.

Bathara Bayu kagolong ringgit gagahan kanthi watak luruh, muka tumungkul, nétra telengan, grana bentulan, saha tutuk salitan, bréngos ketel, jénggot jambang ketel, ngagem makutha uncit rerenggan puridha. Jamang sungsun uncit motif bludiran, sumping pandhan binethot, utah-utah walik, lan ugi ngagem rembing. Pupuk jarot asem sarta rambut ngoré odhol gembelan. Awak gagahan kanthi ulur-ulur naga mamangsa, ngagem praba minangka pralambang keagungan. Tali praba motif bludiran, suku jangkahan kanthi setunggal pasang, uncal kencana, dodot polèng bang bintlu, ngagem gelang candra kirana, kelat bahu lan ugi ngagem keroncong. Tokoh ringgit Bathara Bayu  punika dipuntampilaken muka cemeng, awak gemblèng utawi brongsong.

Wayang Kulit Gagrag Ngayogyakarta. Ki Drs. Sunarto, M. Hum.




#Article 290: Antareja (535 words)


Antareja iku putra pembarepé Raden Werkudara Bima patutan saka Dewi Nagagini, putriné Sang Hyang Anantaboga, déwaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala.

Lumrahé carita-carita pedhalangan ngandhakaké yèn putrané Raden Werkudara iku ana telu, ya iku Antareja, Gathutkaca, lan Antaséna. Raden Antareja kasatriyané (papan dunungé) ana ing Jangkarbumi. Garwané asma Dewi Ganggi, atmajané Prabu Gangga Pranawa, ratu taksaka ing Tawingnarmada. Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku arané Danurwendha, nanging yèn miturut padhalangan Yogyakarta arané Raden Puspadentha. Ing pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan (putra Arjuna).

Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yèn perang menangan. Mauné ana ngarepé mungsuh, amarga ambles bumi bisa mak bedunuk metu ing samburiné mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasektèn liyané, ing rananggana kalis ing pati. Matiya sadina ping pitu, yèn isih kambon lemah, bali urip manèh. Gandheng eyangé iku déwaning ula, mula Antareja uga ndarbéni upas (basa Indonesia: bisa) cacah telu, yakui upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Kasiyaté upas bisa kanggo nambani wong lara, kanggo matèni mungsuh lan nguripaké wong mati sing durung tekan mangsané. Kasekten liyané, Antareja ora tedhas ing saliré gegaman amarga ing sajeroning kulit sajabaning dagingé nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungané Sang Hyang Antaboga. Mula yèn Antareja nuju nesu, sarirané katon ana sisiké emas. Ing wayang gagrag Jawa Timuran, yèn nesu malah rainé malih dadi ula, lan awaké metu sisiké.

Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagoné para déwa, mungsuh ratu ula Prabu Nagabagindha lan patihé aran Rupatala saka nagara jangkarbumi. Iku gara-gara ratu ula iku péngin mengku widadari Bathari Superti sing wis kagarwa Hyang Antaboga lan peputra loro Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala.
Kekarepané Prabu Nagabagindha mua mesthi waé ditolak marang para déwa, saéngga nuwuhaké peperangan ing Repatkepanasan. Para déwa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga. Anggoné perang nganti suwé banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka pamrayogané Bathara Naradha, déwa ngajokaké jago anyar, yakui bayi putrané Dewi Nagagini sing nembé dilairaké. Sadurungé diajokaké ana paprangan, bayi dilumuri iduné Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja iku banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak lan dicokot déning ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah gedhé-tambah gedhé. Nagabagindha lan patih Rupatala akhiré malah tiwas ing tangané satriya putrané Werkudara iku. Sukmané Prabu Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggané Antareja, ndadèkaké saya sektiné satriya iki. Déning Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja. Lan nagara Jangkarbumi banjur kaparingaké marang Raden Antareja minangka kasatriyané, uga kalilan asmané nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Radèn Nagabagindha utawa Raden Rupatala.

Antareja pancèn kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepaké sikil waé, mungsuhé bisa mati. Kasektèn iki kang gawé Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora susah mèlu Bharatayuddha jalaran yèn nganti mèlu perang ora wurung para Kurawa bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurungé perang gedhé iku diwiwiti, Antareja kudu disingkiraké luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakané dhéwé. Ya mesthi waé Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasané Antareja urip ing jagad marcapada.

Ing pedhalangan gagrag Surakarta, Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta, Antareja béda karo Antasena.




#Article 291: Bathara Antaboga (562 words)


Bathara Antaboga iku wujudé naga lan urip ing pusat bumi kang sinebut Saptapratala. Déwa iki naté nulungi Pandhawa. Amarga lakon iki, putriné kang ayu, Dewi Nagagini, dadi garwané Bima.

Bathara Antaboga uga sinebut Sang Hyang Anantoboga. Ana ing layang Mahabharata sinebut Nagasesa. Tembung Anta mengku teges entèk-entèkaning (pungkasaning), lan tembung boga tegesé pangan. Déné tembung Ananta tegesé ora ana watesé. Saka werdiné tembung-tembung mau, nggambaraké yèn Sang Hyang Anantaboga iku titah kang kinasihan déning ratuning para déwa, awit gedhéning lelabuhané. Mula patut lamun Sang Hyang Anantaboga diwenangaké mangan apa waé, déwa-déwa liyané orang wenang menggak kekarepané.

Kahyangané Sang Hyang Anantaboga ing Saptapratala, lapising bumi kang kaping pitu. Sanadyan dunungé ana sajeroning bumi, kahyangan Saptapratala iku èndahé ora kalah karo kahyangan Jonggringsaloka.

Sara silahé Sang Hyang Anantaboga miturut padhalangan: Sang Hyang (SH) Wenang peputra putri asmané Dèwi Sayati. Sabanjuré Dèwi Sayati kagarwa ratu jim wujud ula naga jenengé Anantawasesa, peputra loro wujudé naga, SH Anantadewa lan SH Anantaswara.

SH Anantadewa patutan siji wujud ula asmané SH Anantanaga. SH Anantaswara uga patutan siji wujudé manungsa, asmané Dèwi Wasu. Sabanjuré SH Anantanaga didhaupaké klawan Dèwi Wasu, peputra SH.Anantaboga iya Antaboga.

Garwané SH Antaboga asmané Dèwi Superti iya Sarmananastiti, putriné SH Ismaya. Putrané SH Anantaboga ana loro, ya iku Dèwi Nagagini (kang banjur kagarwa déning satriya Panenggak Pandhawa, Bratasena) lan Bambang Nagatatmala. Déné putrané kang ora kacathet ing sarasilah ana loro, ya iku Dèwi Sinta Basundari lan Dèwi Basuwati iya Dèwi Landhep. Putri loro mau mung kocap ing lakon Watugunung.

Ing padhalangan, wujudé Anantaboga ana loro:

Sanajan wujudé ula sabongkoting wit tal, nanging kadigdayané SH Anantaboga ngédap-édabi. Yèn tindak saka kahyangan mung cukup sedhakep karo ngeremaké nétrané, ngerti-ngerti wis tekan papan kang dituju. Bisa salin warna wujud manungsa lumrah.
Yèn duka pethité diobat-abitaké, bisa ngoregaké jagad. Luwih-luwih yèn saawak diobahaké, bumi bakal ketaman lindhu gedhé. Lemah-lemah padha nela, prabawa angin lesus kang nggegirisi. Ana ing padhalangan kang mangkono iku sinebut gara-gara.

SH Anantaboga dadi ratuning para ula sajagad. Kabèh ula gedhé cilik, padha suyud marang dhèwèké. Déning Bathara Guru, SH Anantaboga kadhawuhan nyangga bumi, mula kahyangané ing dhasaring bumi (Saptapratala). (Cathetan: Ing ngèlmu géologi, bokmanawa SH Anantaboga iku kang diarani lapisan Astenosfer).

Iluné (banyu ing tutuké) mawa wisa. Yèn kanggo ngedusi wong awaké bakal dadi atos ora tedhas tapak palu pandhé sisaning gurindha, prasasat ditumbak lakak-lakak yèn disudhuk mung manthuk-manthuk. Wayang sakothak mung ana siji kang dilumuri ileré SH Anantaboga, ya iku Radèn Antareja, putrané Dèwi Nagagini patut kalayan Wrekudara.

SH Anantaboga darbé upas kemanden warna telu kang sinebut upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Upas telu mau dayané banget nggegirisi. Sing sapa ketaman upas mau bakal lebur tanpa dadi, ora kena kinukup kuwandané. Aja manèh wujuding jalma manungsa, lagi tepaké baé kang disembur, kang duwé tepak bakala palastra. Prasasat disemburaké gunung bisa jugruk, disemburaké segara bisa asat.

Plungsungané kang kaparingan aran Nagakawaca, yèn diagem awaké SH Anantaboga ora tedhas lan tumama ditamani saliré gegaman gawéyané empu ing marcapada utawa empu kahyangan. Upas Anta, upas Warayang lan plungsungan Nagakawaca iku ing tembéné kaparingaké marang Radèn Antareja. Plungsungané mau ditrapaké ing anggané Antareja, mapan ing sajeroning kulit sajabaning daging. Mula Radèn Antareja yèn nuju duka, awaké katon ana sisiké emas.

Ing lakon Balé Sigala-gala, SH Anantaboga manjalma dadi garangan putih, kang nuntun Radèn Bratasena kang ngrakut ibuné lan kadhangé papat, tumuju ing Kahyangan Saptapratala. Sabanjuré Radèn Bratasena didhaupaké klawan Dèwi Nagagini, kang tembéné peputra Radèn Antareja.




#Article 292: Sastra Jawa Modern (133 words)


Sastra Jawa Modern wiwit metu nalika jaman Walanda wis suwé ing tanah Jawa. Yèn diétung wektuné, kira-kira nalika abad sangawelas Masehi.

Wong-wong Walanda mau ngeguhke supaya para pujangga Jawa nulis carita kaya déné kang ana ing prosa wong bulé. Ora kaya carita-carita Jawa sadurungé, caritané ora ngenani wayang utawa lelakon kang wis kepungkur dadi lakon gethok tular.

Pisanané, basa kang digunakaké nganggo basa krama. Nalika wiwitan Balai Pustaka, sastra Jawa luwih akèh tinimbang sastra Melayu. Sastra Jawa modern wiwit kondhang nalika basa ngoko wiwit dienggo. Jaman iku, majalah Panjebar Semangat kang dipandhégani déning dr Soetomo nganggo basa ngoko supaya akèh kang bisa maca.

Sastra Jawa ngédab-édabé nalika ing antarané 1950-1960-an kang akèh dicithak novèl-novèl picisan (asring uga sinebut novèl panglipur wuyung). Jeneng kaya Any Asmara, Esmiet, Suparto Brata, lan miwiti dadi wong kondhang.




#Article 293: Wayang purwa (365 words)


Wayang Purwa iku sajinising wayang saka Jawa. Para ahli ngira yèn ukara purwa dijupuk saka parwa, utawa péranganing kitab-kitab kakawin kaya ta Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Yèn ing versi asliné, kitab loro iki ora ana sesambungané. Ing Jawa, ana sesambungan antarané rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhéwé.

Ing tangan para pujangga Jawa, wiracarita loro iku diowahi lan ditambahi manèh. Ing padhalangan, dhalang nduwé kuwasa improvisasi carita-carita cilik, kang banjur kondhang dadi ‘’carita carangan’’.

Wayang purwa ngalami owahan kang akèh nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam iki nyoba ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana kang asliné saka India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang iki banjur dientha-entha karebèn ora kaya manungsa. Jimat Kalimasada duwèké  Puntadewa  saka tambahané para wali uga. Semono uga paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata kang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah sijiné Wali Sanga.

Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyoba ngrungkebi pulitik lan panguwasa. Nanging amarga saka iku banjur pujangga-pujangga kraton olèh kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura II, utawa Ranggawarsita nyoba nguripaké manèh kasusastran kang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana iku.

Yèn dideleng kanthi prasaja, lakon wayang kapérang dadi loro: pakem lan carangan.

Lakon pakem dijupuk saka carita-carita kang ana ing kitab-kitab kuna, kaya ta: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antarané carita-carita pakem iku antarané:

Lakon carangan iku njupuké saka carita pakem kang dikantheni tambahan carita liyané. Saka carita carangan iki banjur akèh gagrag-gagrag kang tansah béda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akèh. Nanging ana kalané  gawé bingung, amarga bisa baé lakoné padha nanging caritané dadi béda. Carita-carita carangan iku antarané:

Sawetara lakon ing dhuwur kanthi format MP3 bisa kaundhuh ing situs internèt.

Lakon sempalan iku lakon kang wis dadi lakon gubahan, béda karo asliné amarga disaluyokaké déning gagrag anyar kaya lakon-lakon Wayang mbeling utawa lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarita. 

Lakon BANJARAN iku jinising lakon wayang purwa sinng nyaritakaké 
éning Alm Ki Nartosabdo.  
Sebadyan lakon iku dawa lan ginelar sewengi natas, nanging ora nara, Jejer III, perang brubuh nganti tancep kayon.
Sawetara lakon Banjaran kanthi format MP3 uga bisa diundhuh lan dipirengake ing internèt. 




#Article 294: Orgasme (251 words)


Orgasme (saka tembung basa Yunani ὀργασμός orgasmos sing tegesé kabagyan, abuh; uga klimaksing sèks) ya iku uculing kabagyan sèksual sing katumpuk sing ujug-ujug nalika siklus réspon sèksual, sing ngasilaké ing kontraksi otot sing ritmis ing panggul sing dadi ciri khas kanggo kepénaking sèks. Iki dialami déning wong lanang lan wong wadhon, orgasme iku dikuwasani déning sistem saraf otonomis utawa sistem saraf paksa. Orgasme iku asringé dikaitaké karo tumindak-tumindak kepaksa, kalebu kejèling otot ing sawenèh area ing awak manungsa, sènsasi euforia sing umum lan, asringé, owahing awak lan vokalisasi. Période sawisé orgasmé (uga dimudhengi minangka période refractori) ya iku kerepé sawiji pengalaman sing nglegakaké uwong, digaètaké karo uculing neurohormones oxytosin lan prolaktin uga endorphins (utawa morphine éndogén).

Orgasmé manungsa lumrahé diasilaké saka timulasi sèks fisik ing penis kanggo wong lanan (lumrahé mbarengi éjakulasi), lan ing clitoris kanggo wong wedhok. Stimulasi sèks bisa dilakukaké dhéwé-dhéwé (kanthi masturbasi) utawa kanthi karo partner sèks (penetratif sèks, non-penetratif sèks, utawa skagiyatan sèksual liyané).

Èfèk-èfèk kaséhatan sing ngepungi orgasmé manungsa iku warna-warna. Ana akèh réspon-réspon psikologis kagiyatan sèksual, kalebu sawiji kaanan lega sing kagawé déning prolaktin, uga owah-owah ing jero sistem saraf pusat kaya ta a temporary mudhing kagiyatan metabolik sing sedéla ing pérangan gedhéné cerebral cortex kamangka ora ana owahan utawa mundhaké kagiyatan metabolik ing area-area limbik (i.e., ngewatesi) ing jero utek manungsa. Uga ana akèh dhisfungsi sèksual, kaya ta anorgasmia. Èfèk iku mau njalari panemu-panemu kultural marang orgasme, kaya ta kapitayan tmenawa orgasme lan kerep orané utawa konsistèn apa orané wigati utawa ora ana sangkut pauté kanggo maremé wong ing sawiji ubungan sèksualé, lan téyori-téyori bab fungsi-fungsi biologis lan evolutionèré orgasme.

Orgasme ing kéwan uwis disinaoni kanthi ora pati signifikan tinimbangé orgasmené manungsa, nanging panlitèn bab subyèk iki mau isih tetep ana.




#Article 295: Sujarah Jagad Raya (709 words)


Manut téyori Big Bang (Jeblugan Gedhé), dadi punjering dumadiné jagad semesta iki.

Téyori Big Bang ya iku téyori sing bisa ditampa kanthi ilmiah kanggo nerangaké dumadiné jagad alam samesta. Téyori iki uniné ya iku: Alam semesta kacipta udakara 15.000.000.000 taun kapungkur, ya iku kadadéan njeblugé atom prima utawa atom awal (Primeval Atom). Jeblugan iku gedhé banget lan dahsyat sing njalari muncraté kabèh isi (Materi lan ènergi) atom prima iku ing sadéngah arah.

NKanthi dhasar téyori Big Bang iku, para ahli saiki wis padha khasil ngreka ulang dumadiné alam semesta saka wektu lan wektu. Diwiwiti saka kadadéan Big Bang nganti tekan saiki malah bisa dikira kepriyé wujud alam semesta iku ing abad-abad samengko, contoné nèk Galaksi Bimasakti (Milkyway) panggonané awaké dhéwé lan galaksi tangga paling cedhak ya iku Galaksi Andromeda iku padha nyedhaki lan samengko bisa tabrakan.

Gambar Big Bang 1 ---- Gambar Big Bang 2

Sawisé jeblugan gedhé (big Bang) mau, banjur ana prahara alam semesta (cosmic cataclysm)'. Alam semesta dikebaki bal-bal geni sing panas lan padhet. Seka bal-bal geni ini banjur mawujud partikel-partikel dhasar lan mot-motan ènèrgi. Saka mot-motan ènergi mau banjur mawujud daya tenaga ing alam semesta.

Daya kakuwatan alam sing dikira pisanan kawujud ya iku daya gravitasi, banjur daya nuklir sarta daya èlèktromagnètis.

Partikel-partikel dhasar ya iku èlèktron, foton, neutron, lan liya-liyané padha tubrukan kanggo sabanjuré agawé proton lan neutron. Sawasé mangsa iku sapérangan gedhé ènergi isih awujud radhiasi (pletikan-pletikan cahya saka bal-bal geni).

Alam semesta sansaya melar lan alon-alon wiwit adhem. Ing mangsa iki, inti atom hidrogén, hèlium, lan litium wiwit mawujud. Sabanjuré, alam semesta wiwit mlebu ing mangsa nalika suhu sing atis banget saéngga partikel-partikel èlèktron sing ngemot partikel-partikel èlèktron bisa sesambungan lan nyawiji karo inti-inti atom hidrogén lan hèlium sing pamotan postif lan banjur dadi atom-atom sing nétral.

Amarga alam semesta sansaya gedhé, padheté kalong lan suhuné sansaya adhem.

Prosès pangembangan alam semesta terus kaladuk kanthi banter banget. Daya gravitasi  agawé tingkat kepdhaetan gas-gas sing kawujudaké amarga Big Bang. Saéngga, kacipta gumpalan-gumpalan awan gas. Nalika gumpalan gas mau sansaya padhet, intiné gumpalan gas mau uga tambah padhet matikel-tikel kanthi suhu sing uga terus tambah panas nganti titi wanciné murub lan dadi cikal bakalé bintang. Nalika kabèh kantong-kantong gas uga ing prosès sing kaya mangkono mula grombola bintang-bintan enom iki ngumpul dadi gugusan bintang (galaksi). Kabèh prosès mau, saka Big-Bang nganti dumadiné galaksi lumaku milyaran taun.

Kaya déné dumadiné bintang-bintang liya, bintangé Bumi, ya iku Srengéngé uga dumadi saka gumpalan utawa kantong pedhut gas. Gumpalan mau wujudé kaya piring lan kumléyang mubeng-mubeng. Ing pérangan tengah wiwit padhet lan tambah panas nganti murub dadi bintang. Sauntara materi sisa ing saubengé padha tubrukan, nyawiji, lan dadi prongkolan sing banjur dadi planit, bulan-bulan, lan as†éroid. Bumi, sing saka prongkolan cilik materi mau, dadi planit nomer telu. Kanthi suhu sing rada adhem, planit iki bisa kanggo urip makluk urip.

Téyori Big Bang iki dipratélakaké déning Georges Lemaitre ing taun 1927. Dhèwèké iku pandhita kang uga ahli matematika saka Bèlgi.

Mataun-taun kapungkur, Edwin Hubble neteapaké téyori yèn: Galaksi-galaksi ing alam s emesta iki kaboh obah ngadohi punjering alam semesta kanthi rikat banget utawa bisa kapratélakaké yèn alam semesta iki ngrembaka ing sadéngah arah. Apa sing dipratélakaké Hubble iki nguwataké téyori Big Bang-é Lemaitre.

Téyori Big Bang uga nduga yèn jeblugan Big Bang wis ninggal wekas cahya radhiasi (background radiation) lan ing taun 1964, Arzo Penzias lan Robert Wilson kasil nemu radhiasi pisanan iki, presis kaya sing diprakirakaké ing téyori Big Bang.

Sawusé Big Bang nganti 300.000 taun sabubaré, wujud matèri isih wujud gas. Seka grumbulan-grumbulan gas iki banjur mawujud bintang-bintang kang gedhé nanging uripé cekak amarga banjur njeblug (supernova). Sawisé jeblugan mau, gas-gas nggumpal manèh, dadi padhet, banjur murub lan mawujud bintang-bintang manèh sing luwih cilik, njeblug manèh, ngono mau wola-wali nganti mawujud materi-materi abot ing inti bintang-bintang sing njeblug. Materi-materi padhet iku sing banjur nggawé samubarang ing alam semesta kaya saiki iki, saka bintang, planit, nganti raga manungsa.

Dadi, materi-materi padhet digawé ing njero inti bintang liwat prosès fusi nuklir (paleburan/manunggaling materi nuklir) lan diwiwiti saka materi-materi ènthèng kaya ta hidrogen lan helium. Déné materi-materi sing luwih abot kaya déné karbon, oksigèn, nitrogen lan uga wesi kagawé ing njero inti bintang amarga pancèn suhu lan tekanané luwih murakabi. Materi-materi iki kontal ing njaba akasa nalika lintang-lintang iku njeblug.




#Article 296: Wibisana (406 words)


Gunawan Wibisana iya Raden Kunta Wibisana iku putrané Dèwi Sukesi lan Begawan Wisrawa kang wuragil. Déné urutané: Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna, Dèwi Sarpakenaka, lan Wibisana.

Wujudé wayang, satriya bagus. Wataké utama, awit panjanmana (panjalmané) Wisnu Anjali utawa Wisnu Kawicaksanan, ya iku kerabaté Bathara Wisnu kang nyangkul jejibahan rumeksa katentremaning jagad, sarana manjalma ana ragané pandhita. Mula sing sapa kapanjalman Wisnu Anjali, wataké suci lair batin, adoh saka laku dur angkara.

Kasatriyané ana ing Singgelapura iya Kunthara.awan Wibisana. Ing gagrag asliné, jenengé Vibishana.

Garwané Wibisana, widodari kahyangan kang sesilih Dèwi Triwati. Peputra loro, ya iku: 

Wibisana satriya luhur ing budi. Panggalihé jujur lan adil. Marang para kadang, Wibisana kaduk tresna. Awit saking tresnané marang kadang, Wibisana tansah rumeksa marang Dasamuka, murih bisa widada jumeneng nata ing Alengka. Mula saben ana klèruné tumindak Dasamuka, Wibisana ora wigih-wigih ngèlingaké, luwih-luwih yèn kadangé wreda nganti ninggal kautaman lan keadilan

Nalika Dasamuka ndhusta Dèwi Sinta garwané Radèn Rama Reghawa (wektu iku isih mantèn anyar lan durung jumeneng nata), ora ndadèkaké panujuning penggalihé Wibisana, awit tumindak iku ora opasisirs mungguhing ratu gung binathara, lan bisa dadi dhadhakané perang kang mahanani rusaking para kawula lan nagara. Mula wola-wali Wibisana tansah ngaturi pamrayoga supaya Rekyan Sinta dikonduraké ana astané Rama Reghawa. Manawa Dasamuka rumangsa lingsem utawa rumangsa ewuh-aya arep mbalèkaké dhéwé, Wibisana saguh minangka duta kanggo ngunduraké garwané Rama mau. Nanging kabèh aturé Wibisana sing akèh-akèh mau babar pisan ora dipaèlu déning Dasamuka. malah aturé iku ndadèkaké dukané Prabu Dasamuka. Wibisana dilok-lokaé sakatoké. Disengguh dadi satriya sing wedi ing getih. Amarga Dasamuka rumangsa yèn bakal bisa ngembari kridhané Rama Reghawa sawadyabalané. Wusanané, Wibisa banjur dikepruk kecohan nganti ora ènget purwa duksina. Dasamuka nuli paring dhawuh karo buta prajineman supaya anggané Wibisana dibuwang ana tepining samodra.

Ringkesé carita, Wibisana kang nglumpruk tanpa daya iku ditulungi lan diusadani déning Anoman iya Senggana kang nalika iku nuju dadi duta ana Alengka. Wibisana banjur didhèrèkaké suwita ana ngarsané Prabu Rama ing nagari Pancawati. Pasuwitané ditampa kanthi becik, Kanthi mangkono Wibisana banjur mbalik tingal ngiloni Rama nglawan Dasamuka. Amarga Prastawa iki, Wibisana uga banjur sinebut Arya Balik.
Sajeroning dumadi  perang Giriantara (perangé Alengka mungsuh nagara Pancawati), akèh iguh pratikel lan bantuwané Wibisana marang Prabu Rama sawadyabalané, nganti akiré Alengka klakon bedhah lan Dasamuka pralaya.

Sawisé Dasamuka sirna, Alengka banjur kawengku déning Wibisana didadèkaké siji karo kasatriyan Singgelapura. Anggoné jumeneng nata, Wibisana ora suwé. Dhèwèké banjur madeg pandhita. Kalenggahan nata diparingaké marang putrané Denthawilukrama kang sawisé jumeneng nata jejuluk Prabu Bisawarna.




#Article 297: GFDL (269 words)


Lisensi Dokumentasi Bebas GPL (GNU FDL) kang nganggo basa Inggris ya iku kang ngiket kanthi hukum. Terjemahan edisi basa Jawa iki dikarepaké bisa mbiantu pinuturan Basa Jawa luwih paham bab Lisensi Dokumentasi Bebas GPL (GNU FDL).'

Versi 1.2, November 2002

Hak Cipta (C) 2000,2001,2002 Free Software Foundation, Inc.

Sapa waé bébas nyalin lan nagkaraké salinan utuh lisensi dhokumèn iki, nanging ora kena ngowahi.

Tujuan lisensi iki sapisan, kanggo nggawé manual, buku pedoman, utawa dhokumèn bébas fungsional lan migunani, minangka jaminan bahwa sapa baé kanthi bébas bisa lan éntuk nyalin lan nyebaraké, kang wis nganggo owah-owahan utawa uga kang isih asli, kanthi komersil utawa non komersil. Kaping pindone, lisensi iki kanggo nglindhungi penulis lan penerbit saka owah-owahan tulisan kang kurang bertanggungjawab.

Hak Cipta (c)  TAHUN, JENENG JENENGAN.
Ijin nggawe salinan, distribusi lan/utawa perobahan dhokumèn iki
dilindungi Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU, Versi 1.2
utawa versi paling anyar terbitan Free Software Foundation;
tanpa : bagian sing berbeda, teks sampul ngarep lan teks sampul mburi.
Salinan Lisensi iki sebagai bagian Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU.

Saumpama ana bagian sing beda, teks sampul ngarep lan teks sampul mburi, ganti tulisan With...texts. karo tulisan :

    with the Invariant Sections being LIST THEIR TITLES, with the
    Front-Cover Texts being LIST, and with the Back-Cover Texts being LIST.

If you have Invariant Sections without Cover Texts, or some other combination of the three, merge those two alternatives to suit the situation.

If your document contains nontrivial examples of program code, we recommend releasing these examples in parallel under your choice of free software license, such as the GNU General Public License, to permit their use in free software.




#Article 298: Burisrawa (684 words)


Miturut layang Mahabharata, Burisrawa iku saluguné putrané Prabu Sommadatta ing nagara Baliha. Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa iku putrané Prabu Salya (Salyapati), ratu ing Mandaraka klawan Endang Pujawati iya Setyawati sing angka papat. Déné urutané mangkéné:

Raden Burisrawa iku praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan Bagaspati, kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula Burisrawa yasa papan mau tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine. Burisrawa sinebut uga satriya ing Madyapura. Sanajan kalebu satriya nanging tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.

Jumbuh klawan wujudé sing setengah yaksa kanthi rambut gimbal diudhal-udhal, Burisrawa seneng nguja kesenengané, golèk menangé dhéwé, dhemen gawé gendra. Nanging bawané anak ratu apa manèh kecaket karo Prabu Baladéwa lan adipati Karna, ora ana wong sing wani nyaruwé marang kabèh tumindaké Burisrawa.

Burisrawa kayungyun banget marang Dèwi Wara Sumbadra wiwit nalika Wara Sumbadra isih kenya nganti tumekané dadi garwané Arjuna lan malah kepara wis peputra Abimanyu barang, gandrungé Burisrawa marang Sang Dèwi ora tau mendha.
Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang Setyaki, amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing Dwarawati, Burisrawa tau diajar Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.

Ing lakon Sembadra Larung, Burisrawa dicaritakaké minta sraya marang Bathari Durga ing pasétran Gandamayin iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.

Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas Winangsraya. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman Maduganda, taman keputrén ing kasatriyan Madukara. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggal taman, mlebu ing tengah alas.

Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu Kresna, Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana Bengawan Gangga (Swilugangga), kanthi rineksa Gathutkaca saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké Antareja kang jumedhul saka Saptapratala nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja iku kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya amarga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, ya iku Raden Bratasena iya Werkudara.

Ing lakon Kresna Duta, Burisrawa marani Setyaki sing lungguh ngedangkrang sila tumpang ing dhuwur kréta Jaladara. Setyaki ditawani ombèn-ombèn utawa inuman tuak waragan. Karepé mono yèn Setyaki gelem ngombé terus mendem, Burisrawa nedya males ukum. Setyaki bakal genti diajar ana alun-alun Astina. Nanging Setyaki ora gelem mèlu ngombé, kanthi pawadan wedi yèn ketagihan.
Amarga Burisrawa pijer nawani inuman tuak waragan, Setyaki jéngkél. Gendul isi inuman tuak disaut banjur dikeprukaké ing sirahé Burisrawa. Burisrawa nesu banget, satemah dadi bandayuda. Lagi ramé-raméné adu jotos, dumadakan wadyabala srayané Prabu Duryudana ngebyuk nedya ngranjab Setyaki. Setyaki lumajar nggendring mlebu kedhaton, nusul ingkang raka Sang Prabu Kresna kang lagi pirembugan parang Prabu Duryudana dalah para sesepuh Astina.
Amarga Prabu Kresna anggoné dadi duta ora klakon ngeluk panggalihé Prabu Duryudana kang atos lan wangkot iku, satemah bakal dadi perang gedhé sinebut perang Baratayuda Jayabinangun.
Dina kang kaping patbelas, Burisrawa maju ing paprangan, ditandhingi Setyaki. Nalika iku Mahasénapati Kurawa isih diasta Pandhita Durna.
Bawané kalah gedhé dhuwur, kalah sentosa, Setyaki bisa dipikut déning Burisrawa. Setyaki banjur dibanting sakayangé, nuli kinakahan. Setyaki ora bisa bangga manèh. Burisrawa banjur ngunus candrasa.
Nalika candrasa arep ditamakaké ing anggané Setyaki, dumadakan bahu-tangané sing tengen Burisrawa timpal alias tugel thel ketaman jemparing Nagabandha. Panah Nagabandha iku panahé Setyaki. Déné sing namani panah mau Arjuna awit saka iguh pertikelé Prabu Kresna. Rumangsa uwal saka kakahané Burisrawa, Setyaki gagé ngadeg nyat, terus nyadhak candrasa duwèké Burisrawa banjur ditamakaké ana janggané Burisrawa saéngga tigas pancing, mustakané gumlundhung ing bantala. Burisrawa sirna margalayu ana paprangan Tegal Kurusetra. Mula lakon patiné Burisrawa iku uga banjur karan lakon Timpalan.




#Article 299: Wayang gedhog (109 words)


Ing basa Jawa kuna, gedhog tegesé jaran. Gedhogan tegesé kandhang jaran. Nanging ana uga kang maknani gedhog saka thuthukane dhalang ing wadhah wayang sing munine dhog dhog dhog. Banjur apa sesambungane karo jaran?

Wayang gedhog asring nganggo lakon Carita Panji. Ing lakon iki pangeran-pangeranne nganggo jeneng Kudha, kaya ta Kudha Wanengpati. Ing jaman Kasultanan Demak, ana wayang gedhog kang nganggo lakon wayang purwa. Ana uga kang nganggo carita kethoprak, kaya ta Damarwulan.

Wangune wayang gedhog kaya wayang kulit. Wayang iki digawé saka kulit kanthi tatahan satriya sabrangan. Bedane manèh, ing kéné mung ana patang macem praupan. Rupa kaya raseksa lan wanara ora ana. Praba lan topong uga ora ana.




#Article 300: Nakula (570 words)


Nakula iku paraga Mahabharata. Nakula tegesé ‘’bisa nguwasabi awake dhéwé’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tuwuhan kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing usada amarga tinitisan Batara Aswi, dewane tabib. Satriya iki salah sijiné Pandhawa lan nduwé kembaran kang jenenge Sadewa. Béda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair saka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair saka wetengé kang suwek déning keris.

Raden Nakula iku satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula tegesé ‘’bisa nguwasabi awake dhéwé’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula iku arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tuwuhan kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan usada amraga satriya sakloron iku titise déwa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib.
Satriya sakembaran iku kalebu sadulur nunggal rama seje ibu yèn karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima mau kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, sanadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.

Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya mèlu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha palastra. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjuré nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina.
Nalika mireng yèn kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni baé. Mesthi baé Prabu Salya ora mentala matèni perunane iku. Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta amarga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang, ya iku Pinten lan tangsen iku. Mung amarga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar iku nadyan dudu putrane dhéwé tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anaké dhéwé.

Sajeroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa iku ketimbang marang mantune. Lan saliyané trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane amarga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yèn babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.

Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus Kalimasada.
Kasatriyane Nakula iku ing Bumiretawu, déné Sadewa ing Sawojajar. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Déné Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu.
Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicaritakake yèn akhire sawisé klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati.
Yèn pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.




#Article 301: Sadéwa (189 words)


Sadéwa utawa Sahadéwa (Sangskreta Sahadeva) iku paraga wiracarita Mahabharata. Nalika cilik jenengé Tangsen. Dhèwèké salah sawijining Pandhawa. Tangsen iki jenengé wit-witan kang godhongé bisa digawé obat. Kaya déné sadulur kembaré, Nakula. Satriya kang manggon ing Sawojajar iki kondhang amarga lantip ing prekara usada. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama lan ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, déwané tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadéwa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta.
Ing sawatara carita wayang, Sadéwa lantip ing sasmita. Upama Kresna ora ana, Sadéwa kang sulih golèk upaya. Nalika mboyong Dèwi Srengginiwati saka Gisiksamodra, Sadéwa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sajatining lanang, sajatining wadon.” Jejodhoan iki nurunké putra Widapaksa utawa Sidapaksa.

Ing lakon liyané, Sudamala, Sadéwa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali manèh dadi ayu. Ing gagrag India, Sahadéva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadéva kang bisa ngalahaké lan matèni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing carita padhalangan, Sangkuni dipatèni Bima.

Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadéwa éntuk aji Purnamajadi saka Ditya Sapulebu. Aji iki bisa gawé wong sing nduwé éling apa waé kang wis kalakon lan ngerti apa kang kedadèn




#Article 302: Arsitèktur (161 words)


Arsitéktur ya iku gabungan ing antarané ngèlmu lan seni kanggo ngrancang yasan. Makna sing luwih amba ya iku kabèh gabungan ngèlmu lan seni kanggo ngrancang prakara-prakara sing sipaté pembangunan skala cilik nganti gedhé, contoné rancangan tata kutha, Lansekap, perabotan lan uba rampene.

Rancangan arsitèktur kudune nggateake fungsi, kakuwatan, Estetika, lan kalebu uga sisih psikologis sing arep diyasa.

Nanging wonten ing perkembangan gagrag énggal pengertian arsitèktur tumuwuh kanggé nyipta wontenipun ruang. Ruang ingkang fungsional kanggé madhai sawatawis aktivitas utawi kagiyatan mliginipun kagiyatan manungsa.
Pranoto utawi kaidah arsitèktur wonten ing terapanipun boten sami satunggal laladan kaliyan laladan lintu, upaminipun arsitèktur Jawi jegregipun (penampilan) munjer dateng arsitèktur karaton, anangin arsitèktur Bali munjer (beroreintasi) dateng Agami Hindhu nganggé pranoto ingkang kasebat Asta Kosala Kosali.
Arsitektur Jawi (dalem) kapara dados tigang pérangan inggih punika: Pendopo (ruang publik), pringgitan (ruang semi publik) lan sentong (ruang privat). Arsitektur Bali bagi ruang dados sangang pérangan, saking nisthaning nistha ngantos utamaning utama. Tigang pérangan ageng inggih punika nistha, madya, utama.




#Article 303: Yudhisthira (1025 words)


Jeneng Yudhistira, ing carita Jawa, asline dianggo déning raja jim ing alas Mertani utawa Wanamarta. Ing lakon Babad Alas Wanamarta, Para Pandhawa kasil ngalahake para jim ing alas iku. Prabu Jim Yudhistira manjing ana ing ragane Raden Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo déning Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Ngamarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani/Wanamarta.

Ing Kitab Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhéwé. Dhèwèké lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegesé punjering kaluhuran. Yudhistira dhéwé tegesé raja prajurit. Ing Kitab Mahabharata, Pandhawa duwé garwa kang padha, ya iku Dewi Drupadi (poliandri). Nanging ing Pedhalangan Jawa, Drupadi iku garwane Puntadewa. Seka jejodhoan iki duwé putra ya iku Raden Pancawala.

Ing Pedhalangan, Raden Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi Talibrata.
Dasanamane Yudhistira ya iku:

Miturut Kitab Mahabarata, salugune Raden Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasané karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yèn miturut pedhalangan mateg Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal tanpa Lawan).

Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula déning para pujangga kita banjur diowahi, dijumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isiné yane peputra ora karo bojone dhéwé iku kalebu tumindak sing nistha. Mulane ing carita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu Pandudewanata, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, déné Bathara Dharma iku dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane Raden Puntadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Raden Darmakusuma.

Ing pedhalangan pusakane kang asring dipocapake dhalang ya iku Jimat Pustaka Jamus Kalimasada Ana uga Song-Song/Payung Kyai Tunggul Naga lan Tombak Kyai Karawelang, lan Kalung Robyong (tilarane Prabu Jim Yudhistira, Nalendra Negara Wanamarta/Mertani) kang dayane manawa Puntadewa duka lan astane nganti nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi Brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kang pakulitane putih kang apraceka Déwa Amral iya Déwa Mambang.

Garwa Prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing nagara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Raden Pancawala.

Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku tegesé Raja Prajurit. Nanging ing carita Pedhalangan Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang Titah Ludira Seta utawa wong kang getihe putih. Kang mangkono mau kagawa saka watake sing sabar, jujur, salawasé urip ora gelem goroh/ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yèn dijaluk wong liya diwènèhake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.

Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing nagara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggoné ndudah kudu permati. Awit akèh bab-babe sing rasané angèl ditrapake ing sajeroning penguripane wong sawantah.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi para Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane nagara. Satemah para Pandhawa sakadang diukum kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwéné 12 taun lan setaun nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing sawijining nagara tanpa konangan karo Para Kurawa, manawa konangan bakal mbaleni ukuman. Nalika nglakoni ukuman, Para Pandhawa nglakoni dadi wong buwangan ing Alas Kamyaka, lan sawisé nglakoni sasuwéné 12 taun, Puntadewa sakadang nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing Nagara Wirata. Puntadewa dadi Juru Sapon Pasar Wirata kang Aran Tanda Dwija Kangka.

Ing lakon Baratayudha Jayabiangun, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing jujur, ora gelem ngapusi. nalika Pandita Durna madeg senopati agung, kabèh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapa baé Pandita Durna iku gurune Para Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang gurune ?

Untung Prabu Sri Bathara Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandita Durna iku putra Nagara Pancala, Raden Dhesthajumena. Prabu Kresna mung dhawuh marang Raden Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengapit Prabu Premeya salah sijiné para Kurawa kang aran Gajah Hestitama.

Sawisé gajah kelakon mati dikepruk Gada Rujakpolo, kabèh wadyabala Pandhawa Manggalayudha banjur kadhawuhan alok yèn Hesthitama mati. Pamirenge Pandita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, Pandita Durna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para Punakawan, marang Raden Werkudara, Raden Arjuna, Raden Nakula, lan Raden Sadewa, lan sapituture. Kabèh anggoné mangsuli padha gelem goroh yèn Raden Aswatama pancen mati.

Pandhita Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkono mau mesthi baé Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?

Dibisiki karo Prabu Kresna yèn kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golèk cara liya, supaya anggoné matur marang Durna nalika ngucapake tembung Hesti sing lirih banget baé, déné anggoné ngucapake tembung tamasing cukup seru.

Tenan, diucapake déning Prabu Puntadewa ngono iku. Saka pangrungune Pandita Durna, Raden Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhesthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Raden Palgunadi kang péngin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandita Durna ditigas janggane, satemah palastra ing Tegal Kurusetra.

Sabubare Perang Baratayudha Jayabinangun, Pandhawa menang perang ngasorake Para Kurawa, Prabu Puntadewa anggelar boyongan tumuju Nagara Astina lan jumeneng nata jejuluk Prabu Kalimataya, sasuwéné ngenteni Waris Astina. Yaiku Raden Parikesit, putune Arjuna saka putrane Raden Abimanyu patutan karo Dewi Utari.

Sabubare Keprabon (Tahta) Astina diparingke putune Raden Parikesit kang dijumenengke nata Jejuluk Prabu Kresnadipayana utawa Prabu Paripurna. Puntadewa sakkadang Pandhawa uga Garwane Dewi Drupadi, nglakoni Laku Tapa tumuju Muksane kanthi munggah Gunung Mahameru.

Puntadewa munggah swarga bareng karo sadulur-seduluré. Puntadewa bareng karo asune kang tansah mbuntuti nalika munggah Gunung Mahameru muksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyané, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, sabar ngadepi pacoban, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing kaswargan, Puntadewa ora trima amarga sadulur-seduluré padha mlebu neraka utawa Kawah Candradimuka. Dhèwèké njaluk supaya mèlu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah énak-énak ana Kaswargan. Jebul iku mung sawatara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawatara banjur mlebu swarga. Déné Kurawa bisa ngrasaake endahing swarga amarga ana sawatara kabecikan, nanging ora akèh. Sawisé Kurawa ngrasakake swarga banjur dilebokake ana ing neraka.




#Article 304: Gathotkaca (700 words)


Gathotkaca utawa Gathutkaca iku paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Wrekudara.

Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan Satriya Pringgodani lan Alap-alap Pringgodani iku, nalika isih jabang bayi jenengé Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca iku putrané Radén Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dèwi Arimbi, putrané Prabu Tremboko, ratu buta ing nagara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani déning Dèwi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem ngepèk bojo Arimbi.

Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi topeng aran topeng waja kang mapan ana sajeroning kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.

Tembung gathotkaca tegesé kumpuling kasantosan.
Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Nanging wusanané puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Sanadyan mangkono, bab iku uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbé Senjata KuntaWijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen Pusaka manjing Wrangka.

Lairé Gathotkaca ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing nagara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk pintasrayan menyang nagara Ngamarta (Amarta). Tekan nagara Ngamarta bayi Gathotkaca (Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané. 

Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajeroning kawah Candradimuka wus ora wujud bayi manèh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut:satriya babaran kahyangan
Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh ya iku Kotang Antakusuma, Caping Basunanda, lan Tlumpah Padhakacerma.

Nalika maju ana paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.

Ing Perang Baratayuda Gathotkaca palastra amarga kena panah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna. Panah kang diuculké iku sajatiné ora tekan amarga Gathotkaca aburé wis ana sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas amarga ditempiling déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca palastra ana madyaning paprangan. Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganti ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon Suluhan amarga dumadiné perang ing wayah bengi.

Dasanamané Gathotkaca iku miturut padhalangan ya iku: 

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. 
Garwané raja enom iku ana telu, ya iku:

Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Jogèd iki nggambarké nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Gathotkaca kondhang sektiné. Aji-ajiné:

Para pamané kang dadi aji-ajiné, mauné ngraman ing Pringgondani nanging bisa ditumpes déning Gathotkaca. Ana salah sijining pamané kang mbela Gathotkaca, ya iku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipatèni Gathotkaca amarga ngomong sanyatané ngenani Abimanyu. Carita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Ing Bharatayudha, Gathotkaca bisa matèni Dursala, anaké Dursasana. Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipatèni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-ariné, sarung Senjata Kunta kéri ana ing awaké Gathotkaca, mlebu ing wudel. Gathotkaca mati déning Adipati Karna kang dibiyantu déning Kalabendana. Pamané iki wis janji ora arep munggah swarga tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Carita Gathotkaca Gugur kalebu carita sing miris lan kebak adegan perang kang apik.




#Article 305: Arimbi (179 words)


Arimbi utawa Hidimbi iku putriné raja raseksa Prabu Kala Trembaka (Arimbaka) ing Pringgondani. Dewi Arimbi duwé pitu sadulur, ya iku: Arimba|Arimbi, Arya Prabakesa|Arya Prabakesa, Brajadenta|Brajadenta, Brajamusti|Brajamusti, Brajalamatan|Brajalamatan, Brajawikalpa|Brajawikalpa lan KalabendanaKalabendana.

Raja Arimbaka iki mati déning Pandhu. Anak mbarepé, Arimba arep males marang Pandhawa nalika babat alas Wanamarta/Mretani. Niaté Arimba iki ora disarujuki déning Arimbi. Arimbi kepranan marang satriya Pandhawa, Bima. Kanthi dibiyantu déning Arimbi, Bima bisa mungkasi Arimba kanthi gampang. Arimbi banjur dadi garwané Bima lan peputra Gathotkaca. Ing vèrsi India, Arimbi sinebut Hidimbi.
Dewi Arimbi dadi ratu nagara Pringgandani, nggantèkaké kalungguhan kangmasé Prabu Arimba sing tiwas sajeroning paprangan nglawan Bima. Nanging amarga luwih kerep manggon ing Kesatrian Jodipati mèlu garwané, kakuwasan nagara Pringgandani diwakilaké marang adiné ya iku Brajadenta nganti Gathotkaca diwasa lan diangkat dadi raja nagara Pringgandani kanthi gelar Prabu Kacanagara.

Dewi Arimbi duwé kasektèn bisa malih rupa saka wujudé raseksi dadi putri jatmika.

Arimbi duwé sipat lan watek: jujur, setya, bekti lan tresna marang putrané. Arimbi palastra ing Perang Baratayuda melu obong nututi putrané Gathotkaca sing palastra amarga kena panah Kunta duwèké Adipati Karna, Adipati Ngawangga.




#Article 306: Salya (510 words)


Prabu Salya iya Salyapati iku ratu ing Mandaraka utawa Madras. Nalika isih enom jenengé Radèn Narasoma, dhèwèké iku putra pambayuné Prabu Mandrapati iya Mandradipa. Sasedulur ana loro, ya iku Salya (Narasoma) lan Dèwi Dèwi Madrim (ibuné Nakula-Sadewa). Prameswariné Prabu Salya sesilih Endang Pujawati iya Dèwi Setyawati, atmajané pandhita yaksa peparab Begawan Bagaspati ing pertapan Argabelah. Prabu Salya kalebu salah sijiné ratu kang digdaya, jalaran kasinungan aji Candhabirawa peparingé bapa marasepuhé ya iku Begawan Bagaspati. Dayané aji Candhabirawa iki yèn kawateg saka anggané Prabu Salya bisa metu buta bajang kang dhemen ngokop ludirané mungsuh. Sekawit buta bajang iku mung siji, nanging yèn buta bajang iku dipatèni banjur malih dadi loro, buta loro dipatèni bisa malih dadi papat, wolu, nem-belas, telungpuluh loro, suwidak papat saéngga suwé-suwé ing paprangan kebak buta. Mesthi waé mungsuhé Salya iya banjur mati dipangan buta. Carita tresnané marang Dèwi Pujawati uga asring dadi tuladha tresna éndah.

Nalika isih enom, jenengé Narasoma. Nara artiné manungsa, soma artiné rembulan. Rupané pancèn nggantheng. Sawijining dina dhèwèké kepranan marang sawijining wanita, Dèwi Pujawati. Tresna nyawiji kanthi becik lan ora keplok sisih. Nanging, Narasoma rumangsa isin amarga Pujawati iku anaké raseksa, Bagaspati. Bagaspati kang wis dadi begawan ngerti dhèwèké kudu mati. Narasoma matèni maratuwané iku. Getih kang metu saka tatuné wernané putih, kang nandhakaké yèn Bagaspati wong jujur lan apik. Bagaspati ngetokaké sepata yèn mengko Narasoma bakal mati déning wong kang getihé putih. Nanging Bagaspati uga mènèhi aji-aji Candhabirawa utawa Candrabirawa.

Sawisé dadi raja ing Mandaraka/Madras nggentosi kalenggahané ingkang rama Prabu Mandrapati, Narasoma ganti jeneng dadi Prabu Salya. Déné Pujawati uga dijenengi Setyawati. Prabu Salya lan Endang Pujawati pancèn silih setya. Salya janji ora bakal nresnani wanita liya. Seka jejodhoan iki gadhah anak lima:

Ing Bharatayudha, dhèwèké mbélani Kurawa, nanging sajatiné dhèwèké luwih tresna marang Pandhawa.Ing lakon Karno Tandhing, Prabu salya kelakon ngusiri kréta perangé Adipati Karna kang perang tandhing lumawan Arjuna. Salya kang sadurungé wis rumangsa diéwak-éwakaké déning anak mantuné iku, gawé paéka. Nalika Karna menthang langkaping senjata pamungkas Kyai Kuntawijayadanu iya Kunta Wijayacapa, krétané digenjot sarosané karo Salya, saéngga pangembating jemparing ora bisa ngenani janggané Arjuna. Kamangka yèn ora dipaéka, mesthi guluné Arjuna bisa tugel temenan. Jemparingé Adipati Karna mung mbodholaké rikmané Arjuna kang banjur dienggoni topong. Kekaroné nutugaké anggoné perang tandhing lan nalika Arjuna nggenti nglepasaké senjata pamungkasé aran panah Kyai Pasopati, jemparing iku ngenani janggané Karna saéngga palastra ing Palagan
Prabu Salya dhéwé akiré uga maju dadi senopatiné para Kurawa. Kasektèné gawé prajurit Pandhawa kocar-kacir. Kresna dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya golèk sisik melik piyé carané ngalahaké Salya. Prabu Salya ngaku yèn dhèwèké bakal kalah déning wong kang getihé putih. Yudhistira, kang getihé putih, maju. Aji Candhabirawa ora kuwat ngadhepi mungsuh wong kang getihé putih, mula banjur ilang musna bali marang mula bukané. Sabanjuré Salya tumekaning pati amarga disawat Jamus Kalimasada kang tinacepan Bramasta. Sekawit kacarita Puntadewa ora mentala, nanging ndilalah tangané kepanjingan yitmané Begawan Bagaspati saéngga astané kemlawé nyawat Prabu Salya nganggo pusaka Jamus kalimasada iku. Bareng wuninga yèn Prabu Salya palastra ana paprangan Dèwi Pujawati uga banjur mèlu béla pati. Kraton Mandaraka akiré diwènèhaké marang Nakula.




#Article 307: Sajarah (111 words)


Sajarah iku sejatine rekaman kedadéan-kedadéan nyata ing taun kapungkur. Sajarah iku béda tegesé karo istilah babad. Babad tegesé luwih amba, antarané maca aji-aji luhur, kepahlawanan, kejayaan, kegetiran, duka lan lara, pengkhianatan, sajarah, silsilah, epos, legenda, kabèh iku dadi siji.

Kedadéan-kedadéan sing duwé aji kang istimewa ing sajarah manungsa antarané Revolusi Industri, Perang Donya I, Perang Donya II, lan liya-liyané.

Pembagèyan sajarah iku gumantung saka sudhut pandang utawa cara arep mawas sajarah iku, ning lumrahé bisa dimawas saka kurun wektu utawa jaman saka tilas-tilas utawa piranti sing dianggo manungsa jaman iku.

Sajarah uga bisa dimawas saka sudhut pandang ngèlmu-ngèlmu tartamtu tuladhané:

Sajarah uga bisa dimawas saka sudhut pandang wewengkon utawa kawasan tuladhané:




#Article 308: Polen (316 words)


Républik Polen utawa Républik Polandia (Polen: Polska, Rzeczpospolita Polska) iku nagara republik ing Éropah Wétan kang bebatesan karo Jerman ing sisih kulon, Cékia lan Slowak ing sisih kidul, Ruslan (Oblast Kaliningrad) lan Litowen ing sisih wétan uga Belarus sarta Ukraina ing sisih kidul-wétan.

Polen iku nagara ing Éropah-Wétan kang wis diadegaké kurang luwih sèwu taun ing taun 966. Ing taun 1025 Polen dadi karaton lan ing taun 1569 manunggal karo Litowen dadi Kasaraharjan Polen-Litowen. Nanging taun 1795 kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwé nagara mardika nganti taun 1918, sawisé Perang Donya I.

Polen miturut administratif dipérang dadi 16 provinsi ('angka voyevod-an') utawa województwo ing basa Polen. Saben provinsi dicacah manèh dadi pirang powiat (padha karo kabupatèn, terus saben powiat dibagi dadi sawatara gmina (kurang luwih ukarané antara kecamatan utawa kalurahan)).

Provinsi Polen (ing basa Polen):

Sukubangsa kang manggon ing Polen iku mayoritasé bebrayan Polen kang kalebu bangsa Slav. Nanging uga ana bebrayan Bélarus, mligi ing saidenging Białystok, bebrayan Jerman, mligi saindenging Opole. Banjur uga ana sithik wong Ukraina cedhak Przemyśl. Sadurungé Perang Donya II, uga ana komunitas Yahudi kang gedhé ing Polen. Nanging komunitas Yahudi disirnakaké nganti mèh entèk déning wong Nazi Jerman.

Wong Polen lumrahé agama Katulik, Paus Yokanan Paulus II asalé ya saka Polen. Nanging uga ana kang nganut agama Kristen Ortodhoks, mligi wong Bélarus. Panganut agama Yahudi wis mèh ora ana manèh namung kurang luwih 12.000 jiwa waé. Panganut agama Islam uga ana. Saliyané para migran anyar, uga ana wong Polen keturunan bangsa Tatar kang wis atusan taun manggon ing kéné kaya wong Yahudi. Cacahé umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buda uga ana nanging cacahé panganuté ora patiya akèh; namung kira-kira 5.000 jiwa waé.

Polen iku nagara kang datar lan péranganing lemah ngisor Éropah lor. Nanging ing sisih kidul ana pagunungan Beskida lan Karpatia.

Kali kang paling dawa ing Polen iku kali Wisla kang mili ngliwati kutha Warsawa.




#Article 309: Katowice (115 words)


Katowice iku salah siji kutha gedhé ing nagara Polen. Jeneng kutha iki ing Basa Jerman ialah Kattowitz.

Kota Katowice iki anané ing sisih kidul Polen tegesé ing wewengkon bersejarah Silesia cedhek kali Kłodnica kaliyan kali Rawa. Kota iki duwé status kutha kawit taun 1865.

Antara taun 1954 nganti 1956 kutha Katowice karan juga Stalin City (pol. Stalinogród). Jeneng Stalin city iki dianugrahaken saking penguasa kuminis polandia jaman iku.

Mbiyen kutha Katowice suwé banget dikuasai Jerman, iku nganti taun 1918. Ing kutha iku ana papan anggegana ukuran biyasa sing jenenge Airport Muchowiec.

Wangunan-yasan ing kutha iki ialah kombinasi antara yasan sing nganggo arsitèktur tuwa kaliyan arsitèktur modern.

Katowice ialah kutha tambang, khususé tambang batubara kalih metalurgi.




#Article 310: Sangkuni (188 words)


Sangkuni (: शकुनि ; śakuni) uga karan Harya Suman iku paraga kang duwé sipat antagonis ing carita Wiratacertita Ramayana. Dhèwèké putrané Prabu Keswara, dadi isih seduluran karo Dewi Gendari/Gandari. Ing Mahabharata versi Indhia, Sangkuni karan Shakuni lan dadi raja ing Gandaradésa. Wayang siji iki kondhang licik. Dhèwèké dadi punjering rusak-rusakan ing Astina.

Ing pedhalangan, Sengkuni nduwé bojo Dewi Sukesti lan peputra telu:

Nalika isih enom, Arya Sangkuni iku gagah lan gantheng. Sawijining dina, dhèwèké krungu kabar yèn ana sayembara ngrebutaké Dewi Kunti. Tekan panggonané, jebul wis bubaran. Kunti wis diboyong déning Pandhu. Sangkuni nesu lan ngajak gelut Pandhu. Sangkuni kalah lan masrahaké adhiné, Dewi Gendari. Gendari banjur dipèk bojo karo Destrarasta. Pandhu mung sawatara wektu dadi raja amarga mati.

Amarga serik, Gendari lan Sangkuni gawé reka daya supaya Pandhawa lunga lan ngrebut Astina. Nalika ana pahargyan ing Krukmandhala, Sangkuni naté ngganggu Kunti saéngga kembené mlorot. Kunti nesu lan sumpah ora arep nganggo kemben nganti bisa kebenan nganggo kulité Sangkuni. Amarga polahé Sangkuni, Pandhawa bisa dibuwang saka kraton.

Ing Bharatayudha, Sangkuni bisa dipatèni Bima. Pengapesané ana ing silit. Kaya kang dadi penjaluké ibuné, Sangkuni dikuliti lan diaturké marang Kunti.




#Article 311: Kakawin Nagarakretagama (301 words)


Kakawin Nagarakretagama utawa Kakawin Nāgarakṛtâgama kalebu kakawin Jawa Kuna kang paling kondhang, dianggit déning Mpu Prapanca. Akèh para ahli nyoba golèk sisik melik ngenani kaanan jaman Majapahit saka kitab iki.

Kakawin iki ngemot kaanan ing Majapahit jaman rajané Hayam Wuruk. Raja iki, kanthi mahapatih Gajah Mada, nelukaké nagara-nagara liya kang banjur misuwur kanthi sebutan Nusantara.

Ora kaya kakawin kang umum ing jaman iku, Mpu Prapanca nulis kaya déné warta jurnalistik. Prapanca ngetutaké raja kliling nagara, wiwit saka Blambangan nganti Singosari. Patiné Gajah Mada uga ditulis ing kéné. Seka gambaran ing tulisané, para ahli bisa ngréka kepriyé kaanan Majapahit nalika iku.

Amarga kakawin iki nyritakaké kaanan kang diliwati lan akèh-akèhé liwat désa-désa, Prapanca nyebut kitab iki Desawarnana. Sawetara iku, Nagarakretagama dienggo amarga isiné ngenani nagara lan pranatane.

Prapanca, nalika nulis kakawin iki, ngaku yèn isih sinau basa sastra. Ana cathetan kang mernahake yèn tulisan iki digawé 1287 Saka (1365 Masehi). Dinuga, Prapanca iku putrane Mpu Nadendra kang nyekel Dharmadyaksa ring Kasogatan, utawa kang nngendhaleni urusan agama Buda.

Naskah iki tinemu J.L.A. ČBrandes ing kraton Lombok. Nalika iku Brandes, kang ahli sastra Jawa, mèlu prejurit Walanda kang nggempur Lombok ing taun 1894. Kraton diobong lan Brandes nggawa lunga naskah-naskah lontar kang ana ing bale pustaka (pabukon). Kabèh naskah saka Lombok iku banjur disimpen ing Universitas Leiden. Ing kana diwènèhi nomer sandhi  L Or 5.023. Jaman Ratu Juliana teka menyang Indonésia ing taun 1973, naskah iki wenehke. Saiki disimpen ing Perpustakaan Nasional RI lan diwènèhi sandhi NB 9.

Naskah Nagarakretagama disimpen ing Leiden lan diwènèhi nomer sandhi L Or 5.023. Banjur karo lawatan sang Ratu Juliana, menyang Indonésia ing taun 1973, naskah iki diwènèhaké marang Républik Indonésia. Konon naskah iki banjur disimpen déning Ibu Tien Soeharto ing dalemé, nanging iki ora bener. Naskah iki disimpen ing Perpustakaan Nasional RI lan diwènèhi kodhe NB 9.




#Article 312: Bathara Kamajaya (912 words)


Bathara Kamajaya utawa Bathara Asmara iku déwa kang nguwasani rasa tresna lan karukunan sarta gadhah jejibahan nurunaké kanugrahan (wahyu) marang para titah manungsa ing marcapada. Déné déwa kang nguwasani rasa asmara iku bebisiké Bathara Asmara, putrané Bathara Guru klawan Bathari Umarakti.

Kahyangan Bathara Kamajaya  ana ing Cakrakembang. Garwané asma Dèwi Ratih, putra putriné Bathara Soma. Bathara Kamajaya lan Dèwi Kamaratih kondhang rukuné, ora tau congkrah (padudon) padha bisané anggoné ngemong, padha tresnané, saéngga dadi lambang karukunané salaki rabi (basa Indonésia: suami-istri).
Bathara Kamajaya tansah gegandhéngan runtang-runtung karo Bathari Kamaratih manuksma ing manungsa njaga tresna.

Miturut pedhalangan,  Kamajaya iku putrané Hyang Ismaya lan Dèwi Sanggani. Sasedulur kabèh ana sepuluh kanthi urut-urutané: Sang Hyang Bongkokan, Sang Hyang Siwahoya, Wrahaspati, Yamadipati, Bathara Surya, Candra, Kuwera, Temboro, Kamajaya lan Sarmanawati iya Dharmastuti.

Wujudé Bathara Kamajaya iku yèn wayang gagrak Surakarta kaya Raden Janaka (Arjuna), rikmané digelung sapit urang, ngagem busana kadéwatan lan sepatu, déné wayang gagrak Ngayogyakarta pasuryané tumungkul/luruh kaya Arjuna nanging ngagem kethu oncit (kethu keyongan) ya iku tutup mustaka kang wujudé ubel-ubelan kain.
Bathara Kamajaya pasuryané bagus, jagad ora ana kang timbang. Yèn ing marcapada kang bagusé tanpa tandhing iku Arjuna, nanging yèn ing kahyangan iya Bathara Kamajaya.

Kamajaya banget tresnané marang Arjuna. Dhèwèké tansah rumeksa kawidadané Arjuna lan tansah sumadiya pangurbanan kanggo mbèlani Arjuna.

Ing lakon carangan, Resi Cekel Indralaya, Kamajaya rumeksa kawidadané Wara Sumbadra, kang wektu iku Sumbadra kondur ana Dwarawati, awit ditinggal mertapa Arjuna. Arjuna mertapa madhepok (dedunung) ing padhepokan Banjarmelathi. Ya amarga wus sawatara sasi Arjuna ora bali, Burisrawa kang tansah gandrung-gandrung kari Sumbadra iku tumuju ing taman Banoncinawi nedya ngglandhang Sumbadra. Nanging kekarepané Burisrawa iku ora kasembadan jalaran dialang-alangi Kamajaya.

Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa padha ngupadi murcané Arjuna kang wektu iku dadi ratu ana Kahyangan Tinjomaya jejuluk Prabu Karitin iya Kathili, Kamajaya tumurun ing marcapada salin dadi pandhita mudha peparap Begawan Partadewa kang jejibahané ngunduraké barisané para Kurawa kang nedya ngrebut dhampar nagara Amarta. Kanthi dibantu para putra-putra Pandhawa (Gathotkaca, Antareja, Antasena, Abimanyu, Setyaki, lan sapituruté) Begawan Partadewa bisa nundhung Kurawa saka Amarta.

Ing pakeliran dicaritakaké manawa para déwa iku bisa lara, nanging ora bisa tumeka pati. Jalaran wis padha ngunjuk tirta amreta. Nanging miturut layang Kakawin Smaradahana anggitané Mpu Dharmaja, Bathara Kamajaya iku bisa tumekaning pati kobar déning geni kang metu saka netrané Bathara Guru kang angka telu. Carita iki dadi sebab Kamajaya uga sinebut Anangga ing India. Anangga nduwé arti tanpa raga/awak. Wiwit kedadeyan iki, Kamajaya lan Kamaratih kudu manuksa ing manungsa supaya bisa bebarengan.

Déné caritané mangkéné: nalika Bathara Guru pinuju mbangunaké tapa ing Gunung Mahameru, Kahyangan Suralaya katekan kraman ratu asirah liman (basa Indonésia: gajah) jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Prabu Nilarudraka ngirid wadyabala sagelar sepapan sedyané nelukaké kahyangan temahan dadi perang ramé ana Repat Kepanansan (alun-aluné kahyangan). Nanging para déwa padha kasoran kabèh. Panemuné Bathara Narada (pepatih ing Kahyangan Suralaya), amung Bathara Guru piyambak kang bisa nyirnakaké Prabu Nilarudraka. 
Bathara panyarikan (Srita) matur yèn sadurungé tindak mertapa, Bathara Guru weling wanti-wanti, para déwa ora dikeparengaké nusul. Semono uga Dèwi Uma kang wektu iku nembé nggarbini sepuh.

Rèhné kepojok ing kaanan, wasana Bathara Narada matah Bathara Kamajaya supaya mbadharaké tapané Bathara Guru. tekan pertapané Bathara Guru, Kamajaya ngaturi supaya mudhar anggoné tapabrata, sarta ngaturi uninga yèn kahyangan kunggahan mungsuh ratu buta asirah liman ingkang wus ngepung kahyangan. Nanging Bathara Guru mung meneng waé, tetep sila mbedhekes tangan sedhakep, pandhuluné lurus, kaya-kaya ora ngawuningani praptané Bathara Kamajaya.

Bathara Kamajaya jengkel, sigra nglepasaké jemparing kang jenengé Kiai Cakrakembang, Sanalika anggané Bathara Guru kurugan sawernané kembang kang nuju ambabar gandha amrik arum mangambar-ambar. Parandéné meksa durung bisa dijugaraké semadiné Bathara Guru. Bathara Kamajaya nuli nglepasaké senjata pamungkas kang aran jemparing kadhéwatan Pancawisaya, ya iku panah langen asmara.
Ketaman Pancawisaya mau sanalika Bathara Guru kaget gragapan. Nafsu asmarané mungkat tan kena sinayudhan (dikendhaleni). Rasa péngin saresmi karo garwané ora bisa diduwa manèh.

Bathara Guru tumuli éling manawa kabèh mau ana kang njalari, ora liya déwa bagus kang ana ngarepé. Bathara Guru duka banget. Sanalika ing palarapané mijil nètrané. Ya nètra kang ana tengah-tengahing bathuk iku kang winastan nètra kang angka telu. Mula Bathara Guru uga bebisik Sang Hyang Trinétra (priksanana ing tokoh Bathara Guru).
Saka nètra kateluné mau mijil dahana mangalad-alad, ngobong Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya sirna dadi awu.

Dèwi Ratih bareng midhanget kakungé séda énggal-énggal tindak menyang papan dununging sédané. Dèwi Ratih bela pati obong.

Nadyan wis dadi awu, wong jenengé déwa, miturut dhalang kondhang, Ki Narto Sabdo (swargi), bisa waluya (urip) manèh. Mula Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih iya banjur bisa tetep muncul manèh ana ing lakon wayang Parta Krama, nadyan jamané wis ngliwati pirang-pirang jaman.

Ing lakon mau malah Ki Lurah Semar Badranaya kang ora liya ramané Kamajaya nganti Premadi (Arjuna) menyang Cakrakembang sowan Kamajaya saperlu nyuwun ngampil sranané (pitukoné) pinangantèn putri awujud Kayu Klepu Dewandaru, pasrening kaswargan, lan kembar mayang minangka abon-abon pawiwahan anggoné arep dhaup karo Dèwi Wara Sumbadra. Panyuwuné iku dikeparengaké saéngga Permadi klakon dhaup karo Wara Sumbadra.

Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih  banget ditresnani déning wong-wong ing tanah Jawa, mula ora mokal yèn jaman biyèn ana kapitayan, yèn ana wong kang ngandhut (basa Indonésia: hamil) kang sepisanan, kudu dianani slametan ngandhut pitung sasi kang diarani tingkepan utawa mitoni, awit slametan mau diadani ing wulan kapitu (ngandhut pitung sasi) utawa nalika kandhutan umur wolung sasi. Ing sajeroning slametan mau mbutuhaké sarat kang awujud cengkir gadhing cacahé loro, digambari Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih. Pamrihé mbesuk manawa anaké lair lanang supaya bagusé kaya Kamajaya lan yèn lairé wadon ayuné kaya Bathari Ratih.




#Article 313: Pucung (140 words)


Pucung, saka Kamus Bahasa Jawa Kuna P.J Zoetmulder kaca 868 duwé loro arti. Sepisan tegesé botol, wadhah gelas. Pucung (amucung) teges sing kapindho ya iku mengunjungi utawa memasuki dengan diam-diam. Pucung iku uga jeneng kéwan cilik.

Nanging Pucung uga nduwé watak liya. Pucung iku jenengé wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawé rasa seger kang ngélingaké marang prakara kang lucu kaya déné isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kaya ta parikan utawa bedhèkan.

Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait).

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegesé kas nyantosani
Setya budya pangekesing dur angkara

Sekar pucung, dadi tamba ati bingung
Panglipuring rasa
Murih yuwana basuki
Marga-marga maweh berkahing Bathara

Semar iku, sugih tangis sugih guyu
Uga sugih utang
Nanging uga sugih dhuwit
Wis kaloka Kyai Semar sugih reka

gud akmj




#Article 314: Muhammad (294 words)


Muhammad (Arab: ), ing sawatara basa sinebut Mohammad, Mohammed, utawa Mahomet. Ing basa Arab, Muhammad iku tegesé wong kang patut pinuji. Sadurungé, durung ana manungsa kang nganggo jeneng iki. Amarga pinercaya dadi rasul pungkasan, mula uga sinebut Rasulullah (Rasul Allah). Muhammad iku dipercaya nggawa ajaran agama Islam lan dadi panutané para muslim (wong kang milih Islam dadi agamané). Manut sajarah, Muhammad lair ing taun 570 Masèhi ing Mekah ingkang nama ramanipun Abdullah lan séda ing titi mangsa 8 Juni 632 Masèhi ing Madinah.

Muslim percaya yèn ajaran kang digawa Muhammad iku kang nyempurnaaké kabèh ajaran agama kang naté ana ing donya iki.

Para panulis sirah (biografi) Muhammad lumrahé sarujuk yèn Muhammad bin Abdullah iku lair ing Taun Gajah, ya iku taun 570 Masèhi.Diarani taun gajah kèrana nalika Muhammad lair iku ana kedadian yèn ka'bah arèp di ancurke karo tèntara gajah séng di pimpin karo rajané ya iku ratu Abrahah, nanging kèdadian kui ora sida amèrga gusti Allah ngutus manuk séng jènèngè Ababil supaya mudun saka langit karo gawa watu kèrikil séng di jikuk saka nèraka supayané dibalangké maréng tèntara gajah mau. Muhammad miyos ing kutha Mekah, sisih kidul Jazirah Arab. Nalika iku, Arab isih kalebu panggonan kang durung maju, adoh saka punjer niaga, seni, utama ngèlmu. Ramané, Abdullah, tilar donya ing marganing niaga nalika ing Yatsrib kamangka Muhammad isih anèng sajeroning kandhungan. Ingkang rama marisaké unta lima, domba, lan batur tukon wadon kang jenengé Ummu Aiman kang samengko nggulawentah Nabi.

Ing umur enem taun, ibuné - Aminah binti Wahab - ngajak menyang Yatsrib (Madinah) tilik sadulur karo nyekar ing saréyan ingkang rama. Nalika pas mulih, ingkang ibu dhawah gerah. Sawetara dina sabanjuré, Aminah tilar donya ing Abwa' kang panggonané ora adoh saka  Yatsrib. Aminah dikubur ing kana. Sawisé ditinggal ibu,Muhammad dijaga simbah, Abdul Muththalib.




#Article 315: René Descartes (135 words)


René Descartes (La Haye, Prancis, 31 Maret 1596 – Stockholm, Swèdhen, 11 Fèbruari 1650), uga kondhang mau Cartesius. Filsuf lan matematikawan Perancis iki kang nganggit buku Discours de la méthode (1637). Buku iki metu

Saka buku iki kawentar pocapan Cogito Ergo Sum kang racaké kasalin ing Inggris dadi I think, therefore I am. Utawa kira-kira ing Basa Jawa, Aku mikir mula aku ana. Akèh kang nganggep, ukara iki kang dadi penandha filsafat moderen, mligi ing jagad sisih kulon. Seka tulisané, Descartes ngajap supaya nganggo pikiran.

Dhèwèké kasil mulati wong Éropah nuju donya anyar kang banjur dadi titi wanci ilange jaman peteng ing Éropah. Jaman Pepadhang (Renaisance) banjur teka lan nggawa revolusi ing Inggris lan Perancis.

Descartes pancen kondhang ing jagad filsafat, nanging dhèwèké uga kawentar ing Matematika. Ing ngèlmu iki, dhèwèké nggawe Sistem Koordinat Kartesius.




#Article 316: Wayang kulit (492 words)


Wayang Kulit iku pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana kang wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Lumrahé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Carita Menak lan Babad Tanah Jawa, carita agama (Kristen, Buda), perjuwangan, lan manéka warna carita liyané.

Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang iku ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan carita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonésia njaga (preserve) warisan iku.

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara.  Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi déning wong Jawa Tengah lan sapérangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, kang gedhé dhéwé ya iku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang olèh owah-owahan. Campursari lan dhagelan  mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara télévisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawatara jam waé.

Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané ya iku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Wayang kulit lumrahé digawé saka bahan kulit kebo kang wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran kang banjur ditatah nganggo piranti wujud wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana kang lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané kang duwé fungsi béda-béda.

Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi.  Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang mau.

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antarané:

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarané dhalang siji lan liyané. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa ya iku:

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Déwa Amral/Déwa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.

Wayang dhudahan ya iku wayang kang ora mèlu disimping nanging mung disimpen ana sajeroning kothak. Biasane wayang dhudahan iku kalebu wayang kang kerap dilakokake déning Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan:




#Article 317: Omah ngibadah (259 words)


Omah ngibadah utawa papan ngibadah iku panggonan suci kanggo nindakaké ritual ngibadah agama. Panggonan sing dianggep suci iki wis ana wiwit jaman prasajarah. Istilah kabuyutan utawa mandala ing tlatah Sundha iku wis ana wiwit jaman kraton Tarumanagara lan dilanjutaken ing kraton Kendan uga kraton Galuh.

Budaya iki dilanjut wektu agama Hindhu lan Buda mlebu ing Nusantara terus uga agama Kristen lan Islam.

Masjid iku omah ngibadah kanggo umat penganut agama Islam. Ing laladan-laladan tinentu jeneng omah ngibadah iki nganggo jeneng liya ning nduwé fungsi padha, ana Langgar uga ana Mushalla. Tembung Masjid iku saka basa Arab ya iku Masjad sing tegesé panggonan kanggo sujud. Omah-omah ing Indonésia umum nduwé ruwang mirunggan sing biyasa kanggi ngibadah utawa kadhang ana siji ruwang tinentu sing kerep kanggo njalanake ngibadah ing omah.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Masjid

Greja iku omah ngibadah kanggo umat Katholik lan Protèstan. Yasan Greja sing paling megah ing Indonésia ya iku Greja Katedral ing lapangan Banteng, Jakarta uga Greja Immanuel ing gambir Jakarta Pusat.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Greja

Pura iku omah ngibadah kanggo umat Hindhu. Umat Hindhu ing Indonésia cacahé akèh ing pulo Bali.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Pura

Wiyara utawa Wiyara iku omah ngibadah kanggo umat Buda. Sedurung jaman reformasi makna omah ngibadah iki dicampuraduk karo Klenthèng, iku amarga ana masalah-masalah politis sing diskriminatif, ning saiki masalah diskriminatif iku wis dihapus.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Wiyara

Klenthèng iku omah ngibadah kanggo umat Kong Hu Cu utawa Konfusianisme. Yasan Klenthèng lumrahé nganggo ornamen-ornamen Cinten lan didominasi warna abang.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Klenthèng




#Article 318: Pratélaning dina gedhé (427 words)


Masing-masing agama lan uga kepercayaan umum nduwé dina-dina tinentu kang dianggep istimewa lan umum ingaran dina riyaya utawa lebaran. Peringatan kanggo dina-dina istimewa iku biyasa dibarengi karaméan-karaméan uga ritual-ritual ngibadah kang rada béda karo racaké.

Ing Indonésia, karaméan dina-dina istimewa agama iki malah nglairaké budaya-budaya tinentu kang kadhang adoh kaitane karo aji-aji agama iku, contoné mudik lebaran. Implikasi liya, yèn pirang-pirang karaméan kang wektune rada bebarengan, upamané Idul Fitri karo Natal, malah bisa nimbulke prabawa luas ing sèktor-sèktor liya upamané, ékonomi, angkudan lan liyané.

Dina riyaya Idul Fitri uga biyasa ingaran lebaran iku sejatine kanggo bersyukur sebab wis bisa ngerampungke pasa ing wulan Ramelan, mulane diraya'ake ing dina kapisan wulan ngarepe (Syawal). Ing Indonésia ana budaya migrasi kang dadi tandha karaméan lebaran iki ya iku mudik kampung utawa mudik lebaran. Wong kang meranto ing kutha-kutha utawa laladan liya padha bali ing laladan asalé utawa kampung halaman kanggo bisa kumpul karo kabèh sadulur uga mligi wong tuwane.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Fitri

Ing agama Islam uga ana dina riyaya liya kang uga wigati ya iku Idul Adha utawa biyasa ingaran lebaran haji. Ing tlatah Jawa iki umum diarani Bada Ageng, malah ing laladan-laladan tinentu, dina riyaya kaji iki diraya'ake luwih meriah katandhing Idul Fitri.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Adha

Dina riyaya Natal iku dadi dina riyaya utama umat agama Kristen lan Protèstan. Natal iku kanggo memperingati kelairan Tuhan Yesus lan mesthi dipèngeti ing tanggal 25 Dhésèmber saben taun. Santa Claus utawa Sinterklas iku dadi salah siji ciri dina riyaya iki. Saliyané iku uga anané wit Natal.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Natal

Dina riyaya Paskah iku diraya'ake umat Kristen kanggo memperingati séda lan kebangkitan Yesus saka kematian.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Paskah

Dina riyaya Galungan iku diraya'ake umat agama Hindhu ing Indonésia mligi kang ing pulo Bali. Dina riyaya iki diraya'ake ing dina Rebo Kliwon.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Galungan

Dina riyaya Nyepi diraya'ake umat Hindhu Bali pas ing taun anyar Saka. Iki dina riyaya pensucian ya iku pensucian Déwa-Déwa ing segara. Ing dina iki umat Hindhu Bali njalanke ritual pemujaan suci kanggo Déwa-Déwa.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Nyepi

Dina riyaya Waisak ing agama Buda iku diraya'ake ing wulan Mèi pas wektu padhang wulan utawa purnama sidhi. Dina riyaya iki kanggo memperingati kelairan uga wafate Sidharta Gotama uga kanggo peringatan wektu Sidharta Gotama berhasil dadi Buda.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Waisak

Dina riyaya Imlek iku dina riyaya kanggo peringatan taun anyar Imlek lan diraya'ake suku Tionghoa. Ucapan salam Gongxi facai iku dicaturaké ing dina riyaya iki, uga umum ana budaya bingkisan angpao.

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Imlek




#Article 319: Télévisi (334 words)


Télévisi utawa TV ya iku médhium tèlèkomunikasi medium kanggo nyaluraké swara karo gambar-gambar kang obah ing monokrom / sak warna (ireng-putih), utawa ing warna-warni, lan ing dhiménsi loro utawa dhiménsi telu. TV bisa ngrujuk marang saprangkat télévisi, sawiji acara télévisi, utawa médhiumé transmisi télévisi. télévisi iku sawiji média massa, kanggo klangenan, pangajaran, pawarta, lan pangiklanan.

Télévisi uwis sadhiya ing akir taun 1920an awujud èkspèrimèn kang isih kasar. Sawisé Perang Donya II, wujud panyiaran TV ireng-putih kang uwis luwih apik dadi kaloka ing Amérikah Sarékat lan Karajan Manunggal, lan prangkat-prankat télévisi dadi barang wajib ing omah-omah, padagangan, lan institusi-institusi. Nalika ing taun 1950an,télévisi iku medhium utama kanggo mangaribawani opini publik. Ing tengah-tengahing taun 1960an, Panyiaran warna kawanuhaké ing Amérikah Sarékat lan akèh-akèhé nagara-nagara kang uwis maju. Sadhiyaning médhia panyimpenan kaya ta tép VHS (1976), DVD-DVD (1997), lan blu-ray discs HD (2006) ngolèhaké para pamiyarsa bisa nonton acara-wujud acara kang uwis direkam sadurungé ing omahé dhéwé-dhéwé, kaya ta filem-filem. Ing akhiré dékade kapisaning taun 2000an, kawentarané panyiaran-panyiaran télévisi digital mundhak kanthi gedhé. Pangembangan liyané ya iku pindhé saka standard-definition television / SDTV (TV dhèfinisi standard) (576i, kang garis-garis interlaced résolusiné 576 lan 480i) dadi high-definition television / HDTV (TV dhèfinisi tingkat dhuwur), kang nyedhiani resolusi kang luwih dhuwur banget. HDTV bisa kasiaraké ing sawerna format kaya ta: 1080p, 1080i lan 720p. Awit taun 2010, pangrékaning smart television (télévisi pinter), Internet television (télévisi nganggo internét) mundhakaké sadhiyaning acara-acara télévisi lan filem-filem nganggo Internèt  kanthi leladèn-leladèn kaya ta Netflix, iPlayer, Hulu, Roku lan Chromecast.

Ing taun 2013, 79% somah ing sadonya dhuwé prangkat télévisi. Panggantining layar saka cathode ray tube (CRT) kang lemu, setrumé gedhé dadi téknologi alternatif kang wujudé ringkes lan lètèr, ora butuh setrum kang gedhé, kaya ta plasma displays (layar plasma), LCD ( fluorescent-backlit lan LED), lan OLED display iku revolusi piranti kasar kang kawiwitan kanthi parèkaning monitor-monitor komputer ing akir taun 1990an. Akèh-akèhé prangkat TV kang didol ing taun 2000an saiki uwis kang layar lètèr, racaké LED. Pabrik-pabrik kang gedhé mbiwarakaké prangkat-prangkat kaya CRT, DLP, plasma, lan fluorescent-backlit LCD ora bakal digawé manèh ing tengah-tengah taun 2010an. Pabrik-pabrik iku mau uga uwis mbiwarakaké manawa bakal mundhakaké produksi prangkat-prangkat smart télévision ing tengah-tengahing taun 2010an. Smart TVs kang uwis gabung karo internét lan gunané Web 2.0 dadi format paling lumrahé télévisi ing akir taun 2010an.




#Article 320: Linux (244 words)


Linux utawa GNU/Linux iku sistem operasi kang gratis lan dipandhegani déning Linus Torvalds. Linux kaanggit saka Minix kang isih sabangsa karo Unix.

Linux dadi kembang lambé ing jagad komputer amarga nganggo Sistem Tinarbuka lan ora mbayar. Sistem iki dikembangaké déning wong-wong kang sengkut ing ndonyaning komputer. Linux bisa digunakaké ing akèh prangkat atos (hardware), wiwit saka komputer kanthi basis 0386 nganti uba rampé èlèktronik cilik kaya déné Personal Digital Assistant (PDA).

Linux dhéwé mlaku ing kernel kang dadi intiné prosès komputer. Ana akèh pamakètan program ing Linux. Perkara ini njalari akèh banget distribusi Linux (distro).

Kernel Linux, pisanané ditulis déning mahasiswa Finlandia, Linus Torvals, saka Helsinki. Dhèwèké kepéngin gawé kernel Minix kang bisa gampang diothak-athik. Minix iku proyèk pangajaran kang kaya sistem UNIX kang gratis. Vèrsi 0.01 diluncurké ing internèt nalika September 1991 ing sawijining milis.

Dolanané Torvalds iki banjur éntuk kawigatèn saka sukarélawan ing donya. Metuné Linux kagandhèng karo semangat sistem tinarbuka GNU Project kang digawa Richard M. Stalman.

Tux, sawijining Penguin, dadi logo lan maskot Linux. Linux banjur tinulis dadi merek dhagang kang diduwèni Torvalds (SN: 1916230), kang diupakara déning Linux Mark Institute.

Distribusi Linux utawa distro iku sistem pamakètan program-program kang mlaku ing Linux. Manéka warna distro iki digawé diselarasaké karo ancasané kaperluané. Sawetara distro kaya Debian, Red Hat, lan SUSE dadi populèr amarga gampang dienggo. Déné Distro kang tuwa dhéwé dhéwé ya iku Slackware. Salah sijiné distro kang dirumat déning wong Indonésia ya iku BlankOn.

Sawetara distro Linux kang ana:




#Article 321: Rahwana (925 words)


Rahwana (Dewanagari: रावण, IAST  utawa ; kadhangkala dialihaksara dadi Raavana lan Ravan utawa Revana, sajroning padhalangan luwih kawentar kanthi sesebutan Prabu Dasamuka) iku salah sijiné paraga ing wiracarita Ramayana. Prabu DasamukaDasamuka iya Rahwana iku putrané mbarep Resi Wisrawa lan Dèwi Sukesi, putriné Prabu Sumali, nata ing AlengkaAlengka.

Nalika lairé, ing jagad ana ngalamat ala warna-warna, kaya ta: udan getih, cahyané BagaswaraBagaswara katon surem kucem, ing akasa akèh clérét taun pating sliwer tiba ing bantalabantalan, butabuta, silumansiluman, jinjin, setan, peri pahrayangan padha ngaton lan jejogetan.

Lairé Dasamuka saka guwa garba ora kaya salumrahé bayi. Sepisanan Sang Dèwi Sukesi nglairaké sirah bayi cacahé sepuluh kang rupané medéni banget. Pakulitané biru, netrané abang angatirah, siyungé mingis-mingis. Sabanjuré Dèwi Sukesi nglairaké lengen bayi cacahé rong puluh, nuli disusul pérangan awak liyané.

Déning Resi Wisrawa, jabang bayi kang mustakané (sirahé) cacah sepuluh, bahu lan tangané cacah rong puluh iku banjur kaparingan asma kang salaras karo kahanané, yaiku Dasamuka (,arai sepuluh), uga sinebut Dasawardana, Dasanana, Dasawaktra, Dasasya, Sasasira, Dasagriwa (,agulu sepuluh) lan Wingsatibahu.

Wiwit cilik Dasamuka digegala déning ingkang éyang Prabu Sumali, supaya seneng ulah kasutapan lan prihatin, saéngga ing tembé dadi wong sing digdaya sekti mandraguna tanpa tandhing, darbé kaluwihan ngungkuli sapa baé. Wiwit cilik tekané diwasa Dasamuka lan adhi-adhiné padha urip ing pertapan, lan mertapa tanpa mangan lan ngombé ing pucuking gunung Gohkarna lawasé seket taun. Saben limang taun, sirahé dipothol siji, dilebokaké ing geni sesaji.

Bareng wis ganep seket warsa, Dasamuka karawuhan bathara Syiwa (Bathara Guru). Dasamuka kaparengaké darbé panuwun, lan panuwuné mau bakal diudanèni. Dasamuka nyuwun aji jaya kawijayan kang linuwih, jagad ora ana sing bisa nandhingi. Aja nganti bisa mati mungsuh manungsa, naga, garudha, buta/raseksa, apsara, widadara apa déné déwa. Kabèh makluk urip ing saindhengé jagad kudu bisa dikuwasani kanthi gampang. Bathara Guru ngabulaké panyuwuné Dasamuka, amung welingé yèn ana kethèk putih, Dasamuka ora dikeparengaké ngina, apamanèh gawé cintrakané. Awit amung kethèk putih iku kang bisa ngasoraké yudané Dasamuka.

Sapurnané mertapa, Dasamuka tumuli kasengkakaké ngaluhur jumeneng nata ing Alengka, nglintir kepraboné ingkang éyang, Prabu Sumali. Sawisé jumeneng ratu, Dasamuka nedya ngénggar-énggar panggalihé ing Gunung Kelasa. Lagi waé arep munggah gunung dumadakan ketemu déwa wujud wanara séta, bebisik Bathara Nandiswara. Nandiswara ngalang-alangi Dasamuka supaya aja mbacut, awit ing puncaké gunung iku lagi dienggo lelangen Bathara Sangkara (Sang Hyang Syiwa) ora kersa dicedhaki sapa waé. Dasamuka ora mreduli, malah nandukaké pangina marang Sang Nandiswara, amarga priksa wujudé kethèk kang lucu. Nandhiswara duka lan ndhawahaké upata (sot) yèn ing tembé nagarané Dasamuka bakal dirusak déning titah awujud kethèk putih.
Sabanjuré Dasamuka ngongasaké kasektené. Tangané loro dijojohaké ing sukuning Gunung Kelasa disangga nedya diumbulaké.

Tumindaké Dasamuka gawé kageté Bathara Sangkara kang tumuli nindhihaké jempol samparané kiwa ing puncaking gunung Kelasa, satemah gunung ora obah. Tangané Dasamuka loro pisan kejepit Gunung Kelasa, ora bisa dilolos, malah obah waé ora bisa. Jalaran kelaran banget, Dasamuka mbengok sora. Swarané ngumandhang ing akasa, agawé girisé tribawana. Suwé-suwé Bathara Sangkara tuwuh welasé, panindhihé dikendhoni, saéngga Dasamuka bisa nglolos tangané. Bathara Sangkara nuli paring asma anyar marang Dasamuka: Rawana. saka tembung Rawa kang tegesé arané swara sora nggegirisi. Dudu Rahwana kaya kang asring dikocapaké para dhalang, kang asring dikérata basa dadi tembung Rah tegesé getih, lan wana tegesé alas, kang tegesé Dasamuka iku kadadéan saka getih ing alas. Kuwi salah kaprah. Sing bener Rawana tanpa aksara h, dudu Rahwana.

Dasamuka duwé adhi cacah telu, ya iku Kumbakarna (wujud buta sagunung anakan), Dèwi Sarpakenaka (wujud raseksi), lan Wibisana (wujud satriya bagus). Karo Prabu Danaraja (Danapati), Dasamuka kaprenah kadang séjé ibu nunggal rama. Ibuné Prabu Danaraja asmané Dèwi Lokati, putrané Prabu Lokawana ratu Lokapala.

Prameswariné Prabu Dasamuka widodari asmané Dèwi Jogèd, peputra kakung siji asma Indrajit iya Meganandha. Karo garwa liyané, Prabu Dasamuka apeputra Trisirah, Trikaya, Trimuka, Trinetra, Triweneh, Dewantaka, Dewantumut, Narantaka, Sagsadewa, lan Pratalamaryam iya Bukbis.
Trikaya lan Trimuka iku putra kembare Dasamuka patutan saka Dewi Wisandi. Sedulur kembar iki dicaritakake duwé kasekten kang bisa urip manèh yèn dilangkahi kunarpane karo kembarane. Déning Kapi Anoman sadulur kembar iki disirnakake kanthi mbenthusake/ngadu sirahé, saéngga kalorone mati bareng.

Gegamané Prabu Dasamuka manéka warna, nanging kang kerep mau lan adhakan digunakaké ya iku Candrasa,wujudé klewang cilik (cendhak), jemparing Kalabardhani, lan pedhang Menthawa.

Aji-ajiné aran Pancasunya (Pancasona) peparingé Resi Subali. Dayané aji Pancasunya, yèn Dasamuka ngemasi ing sajabaning pepesthen, bisa waluya jati manèh. Amarga darbé aji Pancasunya, watak-wantuné Dasamuka sangsaya angkara murka lan adigang adigung adiguna. Akèh para ratu, para ratu sakiwa tengené nagara Alengka kang ditelukaké sarana linawan bandayuda, kaya ta nagara Lokapala, Maespati, Ayodya, Mantili, lan sapituruté. Kejaba iku uga akèh para pandhita kang padha dipaténi jalaran ora sarujuk karo tumindaké Dasamuka sing ndusta Dèwi Sinta, garwané Prabu Rama ing Pancawati.

Ing perang Giriantara, ya iku perang antarané nagara Alengka (utawa Lanka, vèrsi Indhia) lumawan Pancawati dadi ramé amarga Prabu Rama dibiyantu déning para wanara. Pungkasané Dasamuka iya Rahwanaa bisa disirnakaké déning Prabu Ramawijaya srana ditamani senjata pamungkas wujud jemparing paringané déwa aran Kiai Guhyawijaya. Dadi dudu jemparing Kiai Guwawijaya sing asring sok dikocapaké Ki Dhalang kaé. Kuwi salah kaprah, jalaran tembung Guhyawijaya iku mengku teges, Guhya tegesé gaib,déné wijaya tegesé kemenangan, dadi cethané Guhyawijaya iku tegesé kemenangan kang sinandhi/gaib).

Prabu Rama anggoné ngasoraké Dasamuka iku sajatiné mung kinarya lantaran tumrap Bathara Wisnu anggoné bakal mbrasta tumindha dur angkara murka kang tumanduk ana anggané Prabu Dasamuka.

Bareng Dasamuka ketaman Guhyawijaya ora bisa obah amarga pusaka iku tumanem ana puseré Dasamuka nganti tembus tekan gigir lan bedhoré jemparing tumancep ing watu kemlasa. Bareng Dasamuka wis ora bisa obah owah manèh, uli ragané ditableg gunung Pangungrungan (Somawana) déning Anoman saéngga Dasamuka pralaya. Sapurnané perang brubuh iku, Alengka banjur diwènèhké marang Wibisana.




#Article 322: Musiyum Wayang (114 words)


Musiyum Wayang iku sawijining musiyum kang mamèrake manéka warna wayang lan bonéka. Barang-barang iku ana sing saka Indonésia lan manca nagara. Musiyum Wayang dumunung ing Kawasan Kota Tua Batavia. Saliyané Musiyum Wayang,ing kono uga ana musiyum Fatahillah, Musiyum Bank Indonésia, Musiyum Bank Mandiri lan Musiyum Keramik. Musiyum kang manggon ing Jalan Pintu Besar Utara Nomor 27, Jakarta Kulon iku maune De Oude Hollandsche Kerk (Gréja Suwe Walanda).Musiyum Wayang resmi digunaake 13 Agustus 1975.

Nganti saiki, musiyum iki nyimpen punjul 4.000 wayang, saka wayang kulit, wayang golèk, wayang kardus, wayang suket, wayang janur, topeng, bonéka, lan gamelan.

Ing kutha Ngayogyakarta uga ana musiyum wayang kang aran Musiyum Wayang Kekayon, mapan ing dalan Yogya-Wanasari km. 7.




#Article 323: Sléndro (321 words)


Sléndro utawa saléndro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada nduwé béda interval swara kang cilik.

Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawatara ahli kang golèk sesambungané sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.

Ing Bali, sléndro minangka kaanan kang sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.

Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang

Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.

Lumrahé ditulis sléndro sanga.  Ana kalané uga karan barang miring. Pathet iki dhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.




#Article 324: Bagong (201 words)


Bagong iku dicipta saka wewayangané Semar. Mula saka iku, prejengané ora béda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.

Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga karan gombak.

Yèn dideleng saka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing donya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya jaluk diwènèhi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang tegesé kanca kang nyeksèni, paling ora punakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong saka wewayangané Semar.

Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.

Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan kulawargané. Ing Jawa Tengah, Bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing Tlatah Banyumas, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, Cepot, Lupit utawa Astrajingga




#Article 325: Sastra Banyumasan (173 words)


Ing tlatah Banyumasan ngrembaka Basa Jawa kanthi cara tutur Banyumasan. Akèh pawongan kang duwé panemu yèn Basa Banyumasan iku luwih tuwa tinimbang basa Jawa kang sumrambah saiki. Ora kaya basa Jawa ing tlatah liyané, ing kéné pangucapan vokal lan konsonan kaya ing basa Jawa Kuna. Huruf-huruf mau diwaca wantah kaya déné maca tulisan Basa Indonesia.

Umpamane, tiba diucap tiba ora tibò kaya ing tlatah Jawa liyané. Jeruk diucap jeruk ora jerok. Mula saka iku, pangucapane dianggep cedhak marang basa Jawa Kuna. Seka kosa-kata, ana sawatara basa Kawi kang isih ana. Umpamane, inyong (Banyumas) karo ingong (Kawi). Rika karo rika

Tembung rika iki uga isih tinemu ing Basa Using ing tlatah Banyuwangi. Sawetara tembung ing basa osing uga akèh tinemu sing padha karo basa Kawi.

Sastra ing basa Banyumasan naté ditulis déning Ahmad Tohari. Ing koran Suara Merdeka, pujangga saka tlatah Banyumas iki nyalin basa novèl anggitane dhéwé, Ronggeng Dukuh Paruk, kanthi basa Banyumasan. Carita iku tinulis dadi carita sambung.

Ing sawatara Majalah Basa Jawa, rata-rata ana rubrik kanggo basa Banyumasan iki.

 of Wikipedia




#Article 326: Bégalan (143 words)


Bégalan inggih punika seni tutur tradhisional ingkang dipun-ginakaken kanggé sarana upacara penganténan, ubarampénipun kados ta pirantos dhapur, antawisipun inggih punika ilir, ian, cething, kukusan, saringan ampas, tampah, sorokan, cénthong, siwur, irus, kendhil lan wangkring. Pirantos punika gadhah teges ingkang ngewrat falsafah jawa lan migunani kanggé para pinangantén. Kesenian begalan punika kesenian tradhisional ingkang awujud drama, amargi ngemot unsur dialog, ulah raga, jogèd, iringan. Seni bégalan dipunparagani kalih tiyang, ingkang satunggal dados tiyang pambégal ingkang kawastanan Rékaguna lan ingkang satunggal malih dados tiyang ingkang dipunbégal kawastanan Gunaréka. Seni bégalan punika dipuniringi gendhing. Bégalan minangka kombinasi antawisipun seni jogèd lan seni tutur.
Busana ingkang dipun-ginakaken déning paraga limrahipun ngagem busana Jawa. Prekawis-prekawis ingkang kedah dipun-gantos inggih punika:

Jogèd Bégalan adhedhasaripun minangka jogèd rakyat ingkang migunakaken pirantos-pirantos ingkang gadhah teges simbolis ingkang migunani kanggé pagesangan wonten ing bebrayan. Guneman kanthi gaya jenaka gadhah ancas kanggé panglipur.




#Article 327: Buncis (101 words)


Buncis (asalé saka basa Walanda, boontjes, Phaseolus vulgaris L.) ya iku tuwuhan polong-polongan sing bisa dipangan.. Woh, wiji, lan godhongé bisa digawé jangan. Buncis ngandhut protèin kang akèh. Dipercaya asalé saka Amérika Tengah lan Amérika Latin.

Tuwuhan buncis iku tuwuhan mrambat, dhuwuré nganti 2-3 mèter, bisa urip apik ing papan kang dhuwuré watara 1.000-1.500 m dpl. Pang buncis wernané ijo, jejeg, bunder, empuk lan mrambat. Godhongé iku godhong majemuk, dhapuré lonjong, dawané watara 8–13 cm lan ambané 5–9 cm, ana rambuté lan mucuk, bongkoté mbunder, pinggiré rata, rangka godhongé nyirip, gagang pesagi, duwé anak godhong cacahé telu, wernané dudu ijo tuwa.




#Article 328: Sintren (482 words)


Sintren inggih punika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi. Sintren punika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih punika tegesipun “dhèwèkè” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon wonten ing kesenian punika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah satunggaling kasenian. Nanging sapunika dados sebatan kanggé kesenian jogèd punika. Sintren saking tembung sesantrian ingkang tegesipun niru santri do0lanan lais, debus, rudat, utawi ubrug ngginakaken ngèlmu ghaib.
Sintren iku kagunan tradhisional kang ana ing pasisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penariné wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalané dipandhégani déning sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing pagelaran ebeg, para pemaine padha mendem (intrance). Banjur, salah sijiné paraga mau ditindhih lesung lan dileboaké ing kurungan. Ing njero kurungan iku, wong mau dandan kaya déné wanita lan njogèt kaya déné sing liyané. Ing sawatara kadadéan, paraga mau nglakokaké thole-thole, ya iku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.

Ana carita rakyat kang dadi landhesane sintren iki, ya iku Sulasih lan Sulandana (Sulandono).

Sulandana iku putrane Ki Baureksa karo Dewi Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka Désa Kalisalak. Emane, Ki Baureksa ora sarujuk. Sulandana ora trima, dhèwèké lunga tapa (semèdhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).

Ewa semana, kekaroné isih tansah sapatemon ing alam gaib. Patemon iku linantaran déning Dewi Rantamsari. Ibune Sulandana mau nglebokaké roh widodari ing awake Sulasih. Sawisé iku, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang lagi tapa mau supaya teka.

Mula saka iku, ing pagelaran sintren ana pawang kang nyoba nglebokkaké roh widodari. Syaraté, sing nari sintren mau kudu wanita kang isih suci. Yèn ora suci, roh widodari ora gelem manjing.

Sepisan, pawang nyekel tangan lorone calon penari sintren, banjur didelehake ing dhuwuré kemenyan kanthi angucap mantra, banjur calon penari sintren dataleni sakujur awake.

Kaping pindho ya iku calon pengantin sintren dilokake ing kurungan pitik. Busana sintren lan kelengkapan pacak uga mèlu dilokake ana kurungan. Sawisé wektune wis ngancik, kurungan dibukak, lan penari sintren wis bubar macak kanthi awak tinalen. Banjur sintren ditutupi kurungan manèh.

Kaping telu, sawisé ana tandha-tandha sintren wis dadi (lumrahé kurungan obah dhéwé) kurungan dibukak, banjur taline sintren diuculi lan siyap nari. Saliyané nari, sintren uga bisa akrobat ing dhuwuré kurungan.

Panggénan kanggé ‘’’Sintrèn’’’ inggih punika papan panggènan wonten ing njawi. Tegesipun mangké boten wonten wates antawisipun penari kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang nyengkuyung ‘’’Sintrèn’’’ punika. Supados langkung “komunikatif” nalika acara balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa kaliyan Penari ‘’’Sintrèn’’’ punika katingal nyawiji wonten ing pertunjukan punika. Pamirsa mangké dados ndhèrèk nari sasampunipun Balangan.

Pertunjukan Sintrèn rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi ing dalu wulan purnama lan langkung utami nalika malem kliwon. Amargi Sintrèn punika dipunpitados wonten gegayutanipun kaliyan roh alus ingkang njelma kaliyan penari Sintrèn. Nanging sapunika pertunjukan sintrèn saged dipunadani kapan kemawon, saged siyang menapa dalu lan boten kedah nalika wulan purnama.




#Article 329: Barzanji (114 words)


Barzanji utawa Perjanjen iku sejatine salawatan sing diiringi seni musik kanthi nafas Islam sing nganggo saperangkat piranti tabuh sing ingaran terbang utawa trebang. Ing kéné, lagu-lagune dijupuk saka kitab Barzanji. Ing tanah Jawa, Barzanji iki asring dienggo ing sadengah upacara, upamané kelairan bayi utawa ngantenan.

Kitab iki isiné sajarah Muhammad, kang nyakup silsilah keturunan, jaman cilik, pemudha, nganti diangkat dadi rasul. Kitab iki ngunggulake Muhammad supaya dadi tuladha kanggo sapa waé.

Kitab Barzanji dijupuk saka jeneng pujanggane, ya iku Syekh Ja'far al-Barzanji bin Husin bin Abdul Karim. Asline, kitab iki jenenge 'Iqd al-Jawahir (Kalung Berlian). Syeh Barzanji lair ing Madinah taun 1690 lan séda taun 19766. Dhèwèké asliné keturunan saka panggonan ing Kurdistan, Barzinj.




#Article 330: Wayang Kulit Gagrag Banyumasan (104 words)


Wayang Kulit Gagrag Banyumasan, ya iku pagelaran wayang kanthi napas Banyumasan. Ing tlatah iki ana 2 (rong) gagrag, ya iku gagrak kidul gunung lan gagrag lor gunung. Wayang kulit gagrag Banyumasan iki kenthel karakyatane ing pagelaran.

Lumrahé critane ora béda adoh karo panggonan liyané ing tanah Jawa. Bedane kang paling ketara ya iku ing paraga Bawor. Bawor iki kaya Bagong. Awake lemu, cendhek, lan lucu. Yèn cara Gagrag Wetanan (Sala, Yogya) Bagong iku putra ragile Semar saka pérangan Punakawan, Yèn cara Gagrag Banyumasan, Bawor iku pembarep saka pérangan Punakawan.

Dhalang-dhalang kang nggelar gagrag iki antarané: Ki Sugito Purbacarito, Ki Sugino Siswacarito, lan Ki Suwarjono.




#Article 331: Lambang Kabupatèn Banyumas (545 words)


Lambang Kabupatèn Banyumas dikukuhaké mawa Dudutan Mantri Dalam Negeri Républik Indonésia tanggal 20 Juni 1970.

Ing ngisor iki katrangan pérangan-pérangan, susunan lambang, teges, wujud lan corak lambang diwèhaké.

Wujudé bunder, ing njeroné ana gambaré saka ndhuwur nèng ngisor, nglambangaké sawijiné tékad wong Banyumas kanggo nglakoni pangudiné kang suci, ya iku mélu nèng njeroné Révolusi Bangsa Indonésia kanggo minangka masarakat kang adil makmur dhedhasar Pancasila.

Warnané klawu, mburiné biru nèng dhuwur, ijo nèng ngisor.
Jeneng SELAMET,  		nuduhna gegayuhan masarakat Banyumas ben terus slamet donya akherat
GUNUNG SELAMET, 	gung sinawang, dhuwur sumlangit, nggambarna teguhing jiwa manungsa lan kususe masarakat Banyumas. Ing gunung ana alas rungkut, kang kudu dijaga ben tetep ijo royo royo, ngelingi gunané alas kanggo laladan (hasta amarga) kang duwé sipat:-klimatologis, hidrologis, orologis, ekonomis, strategis, estetis, sanitair.

Kali iki papané nglintang mawa warna kuning emas telung lapis kang diwatesi karo glombang ireng kang cacahé papat.

Jeneng Serayu iki reflèksi pangarepan praja ing kabupatèn Banyumas kususé lan ing Indonésia lumrahé supaya nityasa rahayu utawa slamet Banyu Kali Serayu akèh banget gunané kanggo tani lan usaha prodhuksi sarta usa-usaha kaharjan liyané praja kabupatèn Banyumas lan saidengé. Dilukis telung lapis glombang karepé yèn kali iki mili ing telung tlatah eks kawedanan ya iku Banyumas, Sokaraja lan Jatilawang.

Awerna coklat lan manggar awerna kuning emas kang tandhané ana 10 woh krambil kang isih enom (bluluk) awerna putih/kuning lan kabèh papané ing pérangan kiwa ngisor.
Wewengkon Kabupatèn Banyumas wujud pangasil gula krambil kang dadi salah sawijining sumber usaha utawa pangasilan lan kamakmuran rakyat.

Awoh sepuluh iji krambil enom (bluluk) ditegesaké dasa sila Bandung.

Kanthi tangkèné kang awoh limang iji cengkèh warna coklat/kuning emas kang ana ing wilahan ngisor sisih tengen. 
Wewengkon Kabupatèn Banyumas uga wujud pangasil cengkèh kang cukup gedhé lan dadi sumber pangasilan lan kamakmuran kang cukup wigati kanggo rakyat banyumas.

Ana gambar gadha rujak polo awerna ireng kang rosé ana lima, pinggiran lukisan-lukisan sajeroning wates rosé wernané kuning.

Gadha iki nglambangaké sanjata Radèn Wrekudara lan nduwé teges sipat satriya, jiwa pejuang kang gagah wani lan kuwat kang didarbèni déning wong Banyumas kang ngélingaké para pejuang lan para tokoh kabupatèn Banyumas.

Sifat jujur lan blaka kang didarbèni wong Banyumas mèmper sipat Radèn Wrekudara ing carita pawayangan.

Pohon beringin yang mempunyai sulur enam buah dan rimbunan daun berupa tiga lapisan gelombang yang merupakan rerangkèn 24 busur berupa dengan susunan dari dalam keluar 4,6 dan 14 yang keseluruhannya berwarna putih dan terletak di tengah sebagai bayangan (di belakang gada rujak polo) tersebut.
Bermakna pengayoman, keadilan dan kebenaran yang diusahakan dan menjadi gegayuhan orang atau masarakat Kabupatèn Banyumas.
Bersulur enam utas menunjukkan enam laladan ex Kawedanan dan 24 wewengkon Kacamatan yang diayomi dalam lingkup wewengkon Kabupatèn Banyumas yang semua terdiri dari 3 laladan ex Kawedanan sebagai dilambangkan di dalamnya daun merimbun yang terdiri 3 lapisan.

Ing lambang ana tulisan candra sangkala Rarasing rasa wiwaraning praja. Sangkalan iki nduwé teges 6-6-9-1 lan yèn diwalik dadi taun 1966. Saliyané iku sangkalan iki bisa dingèrténi kaya déné rasa kang sarasi saka praja iku lawang gapura kanggo ngleboni tlatah utawa nagara kang diimpèkaké.

Ukara iki tinulis mawa aksara Latin awerna emas sadhuwuring dhasar wujud pita kaya déné bayangan awerna ireng mawa plisir kuning emas. Jeneng laladan DAERAH KABUPATEN BANYUMAS ditulis mawa aksara Latin awerna kuning emas sadhuwuring dhasar kang wujudé pita abang plisir warna kuning emas.




#Article 332: Baritan (173 words)


Baritan, ya iku salah sawijiné upacara adat Jawa. Ana ing tlatah Kacamatan Ajibarang baritan wujud upacara slametan sawernaning kéwan ingon-ingon kang diadani ing wulan sura kanthi nggelar kesenian lengger.

Manawa ing kabupatèn Kulon Praga, mligi tlatah sisih lor, (Kacamatan Kalibawang, Kacamatan Samigaluh, Kacamatan Nanggulan) lan sak kiwa tengené, baritan ya iku sawijiné upacara slametan kang diadani ing dina Selasa Kliwon sadurungé mangsa tandur pari. Baritan cekakané tembung saka nyebar uritan.

Purwakané upacara iki kanthi jiarah kubur ing pasaréan ing dina Senèn Wagé, banjur njupuk banyu saka sumber-sumber kang ana ing désa. Dina Selasa Kliwon dadi pucuking adicara, para warga padha kumpul anèng sawah kanthi nggawa manéka warna panganan lan sawernaning kéwan ingon-ingon, kéwan-kéwan mau lumrahé padha dikalungi kupat, banjur sesepuh mandhégani ndedonga nyuwun marang Gusti Kang Kuwasa supaya anggoné tetanèn bisa subur lan ngasilaké panén kang ngrembaka, kéwan ingon-ingon bisa anak-pianak, warga tentrem lan aman. Sak rampungé banyu saka sumber mau rampung didongani nuli dicuraké ana ing kalèn kang ngoncori sawahing warga, lan para warga kang padha mèlu kendhuri banjur kembul bujana bebarengan.




#Article 333: Sadranan (139 words)


Sadranan, kaya déné Suran mèh kabèh masarakat Banyumas ngenal Sadranan, ya iku prosèsi reresik kuburan kang diterusaké kendurèn. Sadranan iku sawijining wangun upacara ngenang arwah leluhur kanthi cara ngresiki pasaréané sadurungé pangleksanan pasa ing wulan Ramelan.

Ing daerah sakiwa-tengené Gunung Merapi lan Merbabu, sadranan dianakaké gedhé-gedhéan. Iki malah ngungguli lebaran. Limrahipun ing wedhal punika sedaya kerabat lan sadulur sami datang téng omah omah lan ngresakaken dedaharan ingkang dicépakaken déning séng duwé omah.

Ing désa Kenthèng kacamatan Susukan kabupatèn Semarang, Sadranan dianakaken setahun kaping kalih. Sadranan ing sasi ruwah dianakake sedoyo masarakat désa nganggé tradisi agama Islam. Ing sasi Sura, sadranan dianakake malih nganggé tradisi agama Buda. Iku ingkang dipunsebut Patidana utawa mbagi kabecikan ingkang sampun ditindakake marang sanak kulawarga ingkang sampun séda. Ugi kanggé sedaya makluk supaya ngraosaken seneng kalih kabecikan ingkang dipundhamel marang sanak kulawarga ingkang taksih gesang.




#Article 334: Kabupatèn Banyumas (107 words)


Kabupatèn Banyumas (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ بَڽُمَسْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah sing pernahé ing sisih kidul Gunung Slamet, Kutha Purwokerto iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Wangon, Ajibarang, Banyumas, Sokaraja, Patikraja, Tambak lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1,329.02 Km²
Cacahe Penduduk: 1,578,129 jiwa.

Sisi wétan berbatesan kalih Kabupatèn Purbalingga, Kabupatèn Banjarnegara lan Kabupatèn Kebumèn, sisih kidul berbatesan kalih Kabupatèn Cilacap, sisih kulon berbatesan kalih Kabupatèn Cilacap, Kabupatèn Brebes lan sisih lor berbatesan kalih Kabupatèn Tegal lan Kabupatèn Pemalang.

Jarak Kabupatèn Banyumas kaliyan kutha-kutha sakiteré ing wewengkon Banyumasan ya iku:

Kabupatèn Banyumas ketata saking 27 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Banyumas ya iku:




#Article 335: Wayang Révolusi (146 words)


Wayang Révolusi iku wayang kang njupuk carita jaman kamardhikan Indonésia. Jaman mbiyen, wayang iki kanggo awèh panyuluhan marang warga apa pentinge urip tanpa dijajah. Saiki, wayang iki wis arang digelar manèh.

Wayang iki wiwitane digawé déning Raden Mas Sayid saka Pura Mangkunagaran, Surakarta. Nalika  Konggres Pemuda ing Madiun, Jawa Wétan, 1947, para aktivis kamardhikan sarujuk supaya nganggo wayang kanggo sesuluh. Pisanane, wayang-wayang iku nganggo kertas karton kang ditempeli gambar-gambar tokoh nasional saka guntingan, kaya ta Soekarno lan Mohammad Hatta. Gandheng iki uga magepokan kalawan Walanda, mula ana uga wayang-wayang saka bangsa Walanda. Wayang iki banjur digawé kaya déné wayang lumrahe, ya iku nganggo kulit kéwan.

Ing taun 1960, saperangkat wayang mau dituku déning Museum voor Volkenkunde, Rotterdam, Walanda. Wayang-wayang mau bisa mulih manèh ing Indonésia taun 1995. Wayang-wayang mau saiki dadi koleksine Museum Wayang ing Jakarta. Museum iki uga nggawé salinan sawatara wayang kang naté ana.




#Article 336: Kabupatèn Brebes (524 words)


Kabupatèn Brebes (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ برٚبٚسْ), punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten ing tlatah Jawa Tengah, Indonésia. Kabupatèn punika dumunung ing laladan pantura saha wewatesan langsung kaliyan provinsi Jawa Kulon, caket kaliyan kutha Cirebon. Jembar wewengkon kabupatèn punika ngantos 1,902.37 km².
Kutha krajanipun inggih punika Kacamatan Brebes, kacamatan-kacamatan sanèsipun antawisipun Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Bumiayu, Salem, lan sanèsipun.
Brebes punika kabupatèn ingkang gunggunge penduduk ingkang kathah piyambak se-Jawa Tengah, lan paling luas ing Jawa Tengah kaping 2 sawisé Kabupatèn Cilacap.
Masarakat Kabupatèn Brebes mliginipun nganggé dhialèk Tegalan kaliyan basa Sundha.

Wonten ing kisah asal-usulipun, aran Brebes punika dipunpendhet saking tembung mbrembes. Tlatah Brebes ingkang kathah toya saha asring ngendeng toya, sarta taksih rawa-rawa. Andadosaken toya kathah ingkang merembes. Mula lair tembung mrembes, kang ngalami owahan (verbastering) dados Brebes.

Uga wonten kisah sanès ingkang nyariosaken Babad Brebes ingkang dipunpendhet saking cariyos mlebetipun agami Islam wonten ing tlatah Brebes (dhialèk lokal: Berbes) meski dialang-alangi, ing pamulaan wontenipun Brebes, mula iku wonten tembung Berbes ingkang katerusan dados Brebes.
Seminar panyusunan sajarah Brebes (Seminar Perumusan Nama Brebes) ditindhakakén wonten ing Gedung DPRD Kabupatèn Brebes tanggal 1 November 1984.

Pamaréntahan wonten ing kabupatèn Brebes dilaksanakaken déning Pamaréntah Laladan kaliyan Dewan Perwakilan Rakyat Laladan (DPRD) miturut asas desentralisali, ya iku seserahan wewenang saking pamaréntah punjer kanggo Laladan Otonom ing UU No. 22 Tahun 1999.

DPRD Kabupatèn Brebes kasil Pemilihan Umum Legislatif 2009, wonten 10 parté pulitik ingkang dherek pamilihan, inggih punika:

Wujud kaliyan motif lambang Kabupatèn Brebes wonten tegesipun. Godhong lambang laladan ingkang minangka dhasar segi gangsal nglambangakén dhasar nagara falsafah nagara ya iku Pancasila, warna biru nunjukaké wontenipun tlatah Brebes punika wonten ing laladan pasisir lan pagunungan. Pucuk segi gangsal nujukaken pucuk gunung, nanging lengkung-lengkungipun nedahaken gelombang segara. Lintang kang duwé gangsal sudut warna kuning emas ngelambangaken manawi masarakat Brebes punika makluk ingkang berKetuhananan Kang Maha Kuwaos. Bundhering tigan kaliyan gambar brambang nglambangaké tigan asin sarta brambang kasil spesifik laladan. Oyot gangsal ingkang warnanipun cemeng, pucuking brambang kang murub boten mati cacahé gangsal nglambangaké kauripan ingkang dhémokrasi, (lègislatif, èksekutif, yudhikatif) ingkang kalaksanan kanthi dinamis minangka Dhémokrasi Pancasila. Pitulas gabah, wolung kapas, patangpuluh mata rantai nglambangaken titimangsa Proklamasi Kamardikan bangsa Indonésia 17 Agustus 1945.

Pita putih ingkang garisipun cemeng, ngabungaké gabah kaliyan kapas. Wonten ing tengahipun kaserat sesanti laladan Brebes inggih punika Mangesthi Wicara Ebahing Praja. Tegesipun sedayanipun sesanti inggih punika rakyat kaliyan Pamarentah Laladan Kabupatèn Brebes gadhah tekad (Mangesthi) yasa laladan kanggé mujudaken kasejahteraan bareng-bareng (Wicara), yasa (Ebahing) nagara (Praja) kaliyan bangsa. Uga wonten tegesipun surya sengkala Mangesthi Wicara Ebahing Praja, inggih punika Mangesthi gadhah watak 8, Wicara duwé watak 7, Ebah(ing) duwé watak 6, lan Praja duwé watak 1. Sakabehé Mangesti Wicara Ebahing Praja duwé makna taun Surya utawi Masehi 1678, taun punika pamaréntahan Brebes miyos, ingkang titi mangsané 18 Januari 1678 dipuntandhani kaliyan dilantiké bupati Brebes ingkang kapisan inggih punika Radèn Arya Suralaya.

Makna warna-warna sing kagawé inggih punika pethak gadhah teges kejujuran, kesucian, kuning emas tegesipun kesatuan, keagungan, kemuliaan, kebijaksanaan, abrit tegesipun keberanian, ijem tegesé kemakmuran, kerukunan, cemeng tegesipun keteguhan, keabdian, kaliyan warna biru tegesipun kedamaian, kesetiaan.

Ing wewengkon Kabupatèn Brebes, ana 17 kacamatan lan 1.112 dhusun:

Asma-namanipun Bupati Brebes saking taun 1678-2012, inggih punika:



#Article 337: Kabupatèn Pemalang (300 words)


Kabupatèn Pemalang iku kabupatèn kang ana ing Provinsi Jawa Tengah. Jarake kira-kira 135 km mengulon saka Semarang. Kabupatèn iki wewatesan karo Segara Jawa ing sisih lor, Kabupatèn Pekalongan ing sisih wétan, Kabupatèn Purbalingga ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Tegal ing sisih kulon.

Anané Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan Rijkloff van Goens lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka Mataram nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.

Pemalang lan Kendhal ing mangsa sadurungé abad XVII iku laladan sing luwih wigati tinimbang Tegal, Pekalongan lan Semarang. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan Wiradésa dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.

Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, ya iku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan Demak, Cirebon lan Mataram.

Kabupatèn Pemalang wewatesan:

Kabupatèn Pemalang dibagi dadi 14 kacamatan, lan dibagi manèh dadi pirang-pirang désa lan kalurahan. Pusat pemerintahané ing Kacamatan Pemalang.

Kejaba Pemalang, kutha-kutha kacamatan liyané sing cukup signifikan perkembanganané ya iku Comal, Petarukan, Ulujami, Randudongkal lan Moga.

Kacamatan ing Kabupatèn Pemalang ya iku:

Kabupatèn Pemalang akèhé saka suku Jawa. Ing sisih kulon lan kidul, pendunungé ngomongé nganggo basa Jawa dhialèk Tegal lan Banyumas, ing sisih wétan kaya ing Petarukan, Comal, Ulujami, Ampelgading lan Bodeh nganggo basa Jawa dhialèk Pekalongan.

Panganan kas saka Pemalang ya iku grombyang, lonthong dhekem, kamir, lan apem Comal.




#Article 338: Kabupatèn Purbalingga (336 words)


Kabupatèn Purbalingga iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih kulon, kutha Purbalingga iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 777,65 km² utawa hèktar.

Kyai Arsantaka sing nalika isih timur asesilih Kyai Arsakusuma iku putra Bupati Onje II. Sawisé dngancik diwasa kyai Arsakusuma ninggal Kadipaten Onje nglakoni lelana menyang wétan lan saktekané désa Masaran (Saiki ing Kacamatan Bawang, Kabupatèn Banjarnegara) diangkat anak déning Kyai Wanakusuma sing isih anak keturunan Kyai Ageng Giring saka Mataram.
Ing taun 1740 – 1760, Kyai Arsantaka dadi demang ing Kademangan Pagendolan (saiki kalebu wewengkon désa Masaran), sawijining wewengkon sing isih ana ing sangisoring pamaréntahan Karanglewas (saiki kalebu kacamatan Kutasari, Purbalingga) sing dipanggedhèni déning Tumenggung Dipayuda I.
Amarga jasa Kyai Arsantaka marang Kadipaten Banyumas sajeroning perang Jenar, mula Adipati banyumas R. Tumenggung YudaNagara ngangkat putra Kyai Arsantaka sing aran Kyai Arsayuda dadi mantu. Sabanjuré Kyai Arsayuda dadi Tumenggung Karangwelas kanthi gelar Radèn Tumenggung Dipayuda III. Sabanjuré, punjer pamaréntahan dipiindah saka Karanglewas menyang désa Purbalingga kanthi yasa pendhapa Kabupatèn lan alun-alun.
Jeneng Purbalingga iki bisa dideleng ing carita-carita babad, ya iku Babad Onje, Babad Purbalingga, Babad Banyumas lan Babad Jambukarang. Saliyané papat babad mau, bisa diurut saka arsip-arsip paninggalan Pamaréntah Hindia Walanda sing kasimpen ing koleksi Aarsip Nasional Républik Indonésia.
Miturut sumber-sumber mau, mula liwat Peraturan laladan (perda) No. 15 Taun 1996 tanggal 19 Novèmber 1996, dikukuhaké dina dadi Kabupatèn Purbalingga ya iku 18 Dhésèmber 1830 utawa 3 Rajab 1246 Hijriyah utawa 3 Rajab 1758 Je.

Kabupatèn Purbalingga dumunung ing posisi 101°11’ – 109°35’ Bujur Wétan, lan 7°10’ – 7°29’ Lintang Kidul.
Wates administratipe ya iku:

Purbalingga dumunung ing cekungan sing diapit sawatara rerangkèn pagunungan. Ing sisih lor minangka rerangkèn pagunungan (Gunung Slamet lan Dataran Tinggi Dieng). Sisih kidul wujud Depresi Serayu, sing diilèni loro kali gedhé ya iku Kali Serayu lan anak kaliné, Kali Pekacangan. Kutha krajan Kabupatèn Purbalingga dumunung ing sisih kulon wewengkon kabupatèn, watara 21 km sisih wétan Purwakerta.

Kabupatèn Purbalingga katata sajeroning 18 kacamatan, kalurahan lan désa.

Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Purbalingga ya iku: 




#Article 339: Kabupatèn Banjarnegara (213 words)


Kabupatèn Banjarnegara (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ بَنْجَرْنٚݢَرَ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Tengah, Indonésia, pernahé ing wewengkon Tengah, kutha Banjarnegara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Khuta Mandiraja, Purwanagara, Wanadadi, Klampok, Karangkobar, Wanayasa lan liya-liyané. Wiyaripun wewengkon kabupatèn iki ± 1,064,52 km² utawa 106.970,997 ha lan 3,10 % saking wiyaripun Provinsi Jawa Tengah, Indonésia.

Amarga lelabuhané marang Pamaréntah Mataram sajeroning Perang Diponegoro, R. Tumenggung Dipayudha IV banjur diusulaké déning Pakubuwono VII dadi Bupati Banjar ing tanggal 22 Agustus 1831 (sadurungé status Bupati Banjar wis dibusak). Wektu semana kutha krajan kabupatèn dumunung ing Banjarmangu. Mudalé Kali Serayu dianggep kendala transportasi karo kutha krajan Kasunanan Surakarta, saéngga kutha krajan kabupatèn wusanané dipindhah menyang lokasi sing anyar ing sisih kidul kali, kanthi jeneng Banjarnegara (Banjar: sawah; Nagara: kutha).

Tumenggung Dipayudha mengku kalungguhan minangka bupati nganti taun 1846, lan pengganti Bupati Banjarnegara sabanjuré ya iku:

Miturut Astronomis, Kabupatèn Banjarnegara wonten ing sawatawis 7° 12'-7° 31' Lintang Selatan lan 109° 29'-109° 45'50 Bujur Timur.Wonten ing iring lèr kabupatèn punika jejeran kaliyan Kabupatèn Pekalongan lan Kabupatèn Batang, Kabupatèn Wonosobo wonteng ing iring wétan, Kabupatèn Kebumèn wonten ing iring kidul lan wonmten ing iring kilèn wonten Kabupatèn Banyumas lan Kabupatèn Purbalingga.

Kabupatèn Banjarnegara ketata saking 20 Kacamatan, 5 Kalurahan lan 273 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Banjarnegara ya iku:

Jawa Tengah




#Article 340: Kabupatèn Kebumèn (254 words)


Kabupatèn Kebumèn (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚبُمَينْ), inggih punika salah satunggaling Kabupatèn wonten ing Jawa Tengah. Papanipun wonten ing sisih kidul Pulo Jawa. Ambanipun wewengkon Kabupatèn Kebumèn punika kirang langkung 1.581,11 km².

Jeneng Kabupatèn Kebumèn inggih punika asalipun saking Kabumian ingkang ateges papan panggènipun Kyai Bumi sasampunipun dipundadosaken papan inggatan Pangeran Bumidirja utawi Pangeran Mangkubumi wanci 26 Juni 1677, nalika Sunan Amangkurat 1 taksih dados panguwasa. Kebumèn punika naté kaserat wonten ing petha sajarah nasional dumados salah satunggaling tonggak patriotik wonten ing panyerbuan prajurit Mataram ing jaman Sultan Agung tumuju beteng pertahanan Walanda wonten ing Batavia. Wekdal punika jeneng kebumen taksih Panjer. 
Salah sawijining wayahipun Pangeran Senapati inggih punika Bagus Bodronolo ingkang dipunlairaken wonten ing Dusun Karanglo, Panjer. Andhedhasar panyuwunipun Ki Suwarno, utusanipun Mataram ingkang gadhah tugas dumados punggawa ingkang ngawontenaken logistik utawa bahan pangan, saged ngumpulake bahan pangan saking laladan punika kanthi dalan tumbas.Kasagedanipun damel lumbung pari ingkang ageng ateges kanggé prajurit Mataram, kanggé pangaji-aji Sultan Agung, Ki Suwarno salajengipun dipunangkat dumados Bupati Panjer, lan Bagus Bodronolo ndhèrèk dipunkintun wonten ing Bativia dumados prajurit pengawal pangan.

Miturutipun géografis, Kabupatèn Kebumèn wonten ing 7°27'-7°50' Lintang Selatan dan 109°22'-109°50' Bujur Timur. Sisih kidul Kabupatèn Kebumèn inggih punika dataran cendhèk. Sisih lor punika awujud pagunungan, ingkang bagianipun saking rerangkènipun Pegunungan Serayu. Ing Kidulipun Gombong, wonten rerangkèn pagunungan kapur, ingkang ambujur dumugi Laut Kidul. Ing laladan punika wonten guwa ingkang gadhah stalagtit lan stalagmit.

Kabupatèn Kebumèn ketata saking 26 kacamatan, 11 kalurahan lan 449 désa. Punjer pamaréntahanipun wonten ing Kacamatan Kebumèn. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kebumèn, inggih punika:




#Article 341: Kalkulus (1004 words)


Kalkulus (basa Latin: calculus, tegesé watu cilik, kanggo ngétung) iku cabang èlmu matématika kang nyakup limit, turunan, integral, lan dhèrèt ora kakira étungané. Kalkulus iku èlmu ngenani owah-owahan, kaya déné géometri iku èlmu ngenani wangun lan aljabar iku èlmu ngenani panggarapkan kanggo mecahaké pepadhan sarta aplikasiné. Kalkulus dikembangké saka aljabar lan geometri. Kalkulus mligi nyinaoni kang ana gayutané karo laju utawa tingkat pagerakan, misalé percepatan, kurva, lan kamiringan. Kalkulus duwé aplikasi kang wiyar sajeroning babagan-babagan sains, ékonomi, lan tèhnik; sarta bisa mecahaké manéka masalah kang ora bisa dipecahaké mawa aljabar èlemèntèr.

Dhasar kalkulus ya iku turunan, integral, lan limit. Salah siji tujuan utama perkembangan kalkulus ya iku kanggo pamecahan masalah garis singgung.

Kalkulus duwé rong cabang utama, kalkulus diferensial lan kalkulus integral kang silih gegandhèngan liwat téoréma dhasar kalkulus. Pelajaran kalkulus iku lawang gerbang nuju wulangan matématika liyané kang luwih dhuwur, kang mirunggan nyinaoni fungsi lan limit, kang kanthi umum dijenengi analisis matématika.

Perkembangan kalkulus mligi dijurung déning Archimedes, Leibniz, Newton, Barrow, Descartes, de Fermat, Huygens, lan Wallis.

Sajarah perkembangan kalkulus bisa dideleng ing sapérangan périodhe jaman, ya iku jaman kuna, jaman patengahan, lan jaman modhèren. Ing périodhe jaman kuna, sapérangan pamikiran ngenani kalkulus integral wis mijil, nanging ora dikembangaké kanthi becik lan sistematis. Pangétungan volume lan wiyar kang wujud fungsi utama saka kalkulus integral bisa ditlusuri manèh ing Papirus Moskwa Mesir (c. 1800 SM). Ing papirus mau, wong Mesir wis bisa ngétung volume piramida kapancung. Archimedes ngembangaké pamikiran iki luwih adoh lan ngripta heuristik kang mèmper kalkulus integral.

Nalika jaman patengahan, matématikawan India, Aryabhata, migunakaké konsèp cilik ora kaétung nalika taun 499 lan ngèksprèsikaké masalah astronomi sajeroning wangun pepadhan diferensial dhasar. Pepadhan iki banjur ngeteraké Bhāskara II ing abad angka 12 kanggo ngembangaké wangun awal turunan kang makili owah-owahan kang cilik banget ora kaétung lan njelasaké wangun awal saka Téoréma Rolle. Watara taun 1000, matématikawan Irak Ibn al-Haytham (Alhazen) dadi wong pisanan kang ngedhunaké rumus pangétungan asil gunggung pangkat papat, lan kanthi migunakaké indhuksi matématika, panjenengané ngembangaké siji métodhe kanggo ngedhunaké rumus umum saka asil pangkat integral kang wigati banget marang perkembangan kalkulus integral. Nalika abad angka 12, siji wong Pèrsi Sharaf al-Din al-Tusi nemu turunan saka fungsi kubik, siji asil kang wigati sajeroning kalkulus diferensial. Nalika abad angka 14, Madhava, bebarengan karo matématikawan-astronom saka madahab astronomi lan matématika Kerala, njelasaké kasus mirunggan saka dhèrèt Taylor, kang ditulisaké sajeroning tèks Yuktibhasa.

Ing jaman modhèren, panemon indhepèndhen dumadi nalika awal abad angka 17 ing Jepang déning matématikawan kaya déné Seki Kowa. Ing Éropah, sapérangan matématikawan kaya déné John Wallis lan Isaac Barrow mènèhaké terobosan sajeroning kalkulus. James Gregory mbuktèkaké siji kasus mirunggan saka téoréma dhasar kalkulus nalika taun 1668.

Leibniz lan Newton nyurung pamikiran-pamikiran iki bebarengan minangka siji kamanunggalan lan kaloro èlmuwan mau dianggep panemu kalkulus kanthi kapisah ing sajeroning wektu kang mèh bebarengan. Newton ngaplikasikaké kalkulus kanthi umum menyang babagan fisika sauntara Leibniz ngembangaké notasi-notasi kalkulus kang akèh dipigunakaké saiki.

Nalika Newton lan Leibniz mublikasikaké asilé kanggo sepisanané, mijil kontrovèrsi ing antarané matématikawan ngenani endi kang luwih patut kanggo nampa bebungah marang kerjané. Newton ngedhunaké asil kerjané luwih dhisik, nanging Leibniz kang pisanan mublikasikaké. Newton nutuh Leibniz nyolong pamikirané saka cathetan-cathetan kang ora dipublikasikaké, kang asring disilihaké Newton marang sapérangan anggota saka Royal Society.

Pamriksan kanthi princi nuduhaké yèn kaloroné nyambut gawé kanthi kapisah, kanthi Leibniz miwiti saka integral lan Newton saka turunan. Saiki, Newton lan Leibniz diwènèhi bebungah sajeroning ngembangaké kalkulus kanthi kapisah. Leibniz kang mènèhi jeneng marang èlmu cabang matématika iki minangka kalkulus, sauntara Newton njenengi The science of fluxions.

Wiwit wektu iku, akèh matématikawan kang mènèhaké kontribusi marang pangembangan luwih lanjut saka kalkulus.

Kalkulus dadi topik kang umum banget ing SMA lan universitas jaman modhèren. Matématikawan saindhenging donya terus mènèhaké kontribusi marang perkembangan kalkulus.

Sanajan sapérangan konsèp kalkulus wis dikembangaké luwih dhisik ing Mesir, Yunani, Tiongkok, India, Iraq, Pèrsi, lan Jepang, panggunaaan kalkulus modhèren diwiwiti ing Éropah nalika abad angka 17 wektu Isaac Newton lan Gottfried Wilhelm Leibniz ngembangaké prinsip dhasar kalkulus. Asil kerjané banjur mènèhi prabawa kang kuwat marang perkembangan fisika.

Aplikasi kalkulus diferensial ngambah pangétungan karikatan lan percepatan, kamiringan siji kurva, lan optimalisasi. Aplikasi saka kalkulus integral ngambah pangétungan wiyar, volume, dawa busur, punjer massa, makarya, lan tekanan. Aplikasi luwih adoh ngambah dhèrèt pangkat lan dhèrèt Fourier.

Kalkulus uga kanggo éntuk pamahaman kang luwih rinci ngenani ruwang, wektu, lan obah (obah). Sakwéné maabad-abad, para matématikawan lan filsuf ngupaya mecahaké paradhoks kang ngambah pambagian wilangan karo nol utawa uga gunggung saka dhèrèt ora kaétung. Sawijining filsuf Yunani kuna mènèhaké sapérangan conto misuwur kaya déné paradhoks Zeno. Kalkulus mènèhaké solusi, mligi ing babagan limit lan dhèrèt ora kaétung, kang banjur kasil mecahaké paradhoks mau.

Kalkulus lumrahé dikembangaké kanthi manipulasi sapérangan kuantitas kang cilik banget. Objèk iki, kang bisa dilakokaké minangka angka, iku cilik banget. Sawijining wilangan dx kang ciliké ora kakira étungané bisa luwih gedhé tinimbang 0, nanging luwih cilik tinimbang wilangan apa waé ing dhèrèt 1, ½, ⅓,... lan wilangan réal positif apa waé. Saben pangepingan karo cilik ora kakira étungané (infinitesimal) tetepa cilik ora kakira étungané, mawa tembung liya cilik ora kakira étungané ora nyukupi properti Archimedes. Saka pandelengan iki, kalkulus iku sakumpulan tèhnik kanggo manipulasi cilik ora kakira étungané.

Nalika abad angka 19, konsèp cilik ora kakira étungané iki ditinggalaké amarga ora cukup tliti, suwaliké konsèp iki digantèkaké déning konsèp limit. Limit njelasaké pangaji siji fungsi ing pangaji input tinentu kanthi asil saka pangaji input paling cerak. Saka pandelengan iki, kalkulus iku sakumpulan tèhnik manipulasi limit-limit tinentu. Sacara tliti, dhéfinisi limit siji fungsi ya iku:

Diwènèhaké fungsi f(x) kang kadhéfinisikaké ing interval ing saubengé p, kajaba mungkin ing p iku dhéwé. Awaké dhéwé nelakaké yèn limit f(x) nalika x nyeraki p iku L, lan nulisaké:

yèn, kanggo saben wilangan ε  0, ana wilangan δ  0 kang silih korèspondhèn karo dhèwèké samengkono rupané kanggo saben x:

Turunan saka siji fungsi makili owah-owahan kang cilik banget saka fungsi mau marang variabelé. Prosès nemu turunan saka siji fungsi diarani pandiferensialan utawa uga diferensiasi.

Sacara matématis, turunan fungsi ƒ(x) marang variabel x iku ƒ′ kang pangajiné ing titik x ya iku:



#Article 342: Ngèlmu étung (296 words)


Ngèlmu étung utawa Aritmatika iku saka basa Yunani αριθμός sing tegesé wilangan/angka. Sajeroning basa Arab sok diarani karan jeneng ngèlmu al-Hisab. Dadi pangertèn dhasar ngèlmu étung ya iku èlmu wilangan utawa angka sing dhasaré saka wilangan-wilangan bulat 0, 1, -1, 2, - 2,..., lan seterusé, liwat operasi dhasar pètungan:

Ngèlmu étung kanthi wilangan desimal, kang ora bisa ilang ana saka carita menangé bangsa Arab sawisé nguwasani Alexandria ing taun 641 M.Sajeroning nguwasani Alexandria bangsa Arab tetep nganggokake lan ngembangaké ngèlmu étung (aritmatika) Yunani lan mumpangaté Yunani bisa ngawa ana ing Éropah Kulon sawisé nguwasani Spanyol ing taun 747 M. Ing mangsa iku praja-praja kulon isih taun-tahunan ing masa péteng kang sok diarani the dark age. Bangsa Arab akèh diprabawai karo nagara-nagara saubengé kaya ta prabawa ing ngèlmu éetung ana ing ilmuwan Hindhu  lan  India ya iku  Brahmagupta (598-660 M) lan Arya-Bhata (475-550 M). Saka prabawa Yunani lan India mau, lan bangsa Arab duwé warisan ya iku simbol saka 1 (siji) nganti 9 (songo)kang mumpangaté biisa kanggo ètung-ètungan ana ing sajeroning urip sadina-dina. Sajeroning para ilmuwan muslim nguwasani ngèlmu étung (aritmatika)ngalamipangowahan kang akèh, kaya ta kanggo ngitung jumlah kang akèh tuladha:sak yuta, sak milyar lan sapituruté. Ilmuwan Islam ngusahake lan nyipta wilangan kang bisa mumpangati kanggo ngitung wilangan cacahan kang akèh.Lan metu wilangan 0 (nol) utawa sifr kanggo mumpangate tandha wilangan desimal kalipatan sepuloh, sewu lan sapituruté. Kang nemu wilangan 0 (nol) jénengngè Abu Abdullah Muhammad bin Musa al-Khwarizmi (780-850M) ya iku ilmuwan saka umat muslim kalahiran saka Khwarizm Kheva, kuta kang ana ing kidul kali Oxus Uzbekistan sajeroning ana ing karyané kanthi judhul Al-Maqala fi Hisab al-Jabr wa al-Muqabalah Sajeroning siji sistem kang ana wilangan desimal anyaré kang dipirantèni karan simbol o (nol). Ngèlmu étung, sabanjuré duwé panggonan kang jembar ing para filsuf utawi ilmuwan muslim.




#Article 343: Prancis (1197 words)


Républik Prancis utawa Parangakik (basa Prancis: République française, Walanda: Frankrijk) iku nagara gedhé ing Éropah. Kutha krajané Paris. Saliyané ing dharatan Éropah, wewengkoné uga nyakup sawatara pulo lan wewengkon ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Segara Tengah nganti Selat Inggris lan Segara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wewengkon iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone (Sang Segienem).

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgi, Luxemburg, Jerman, Switserlan, Itali, Monako, Andorra, lan Spanyol. Prancis lan Inggris digayutaké déning Trowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wewengkon metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Républik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot sajeroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen (Dheklarasi hak manungsa lan warga). Minangka telu nagara gedhé ing Uni Éropah bebarengan karo Karajan Manunggal lan Jerman, Prancis minangka salah siji pangadeg Uni Éropah lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pangadeg Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super rikat TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Switserlan. Jeneng Prancis marisi jeneng sawijining karajan Jermanik kang wewengkoné tau nyakup laladan iki sawisé runtuh Kasésaran Ngerum, ya iku karajan Franka.

Tapel wates Prancis modhèren padha karo Galia kuna, kang dipanggoni déning Galia Kelt. Galia dikuwasani Ngerum déning Yulius Sésar ing abad angka 1 SM, lan Galia migunakaké Basa Ngerum (Latin, ing ngendi tuwuhing basa Prancis) lan budaya Ngerum. Kristen mlebu ing abad angka 2 lan 3 M, lan dikukuhaké ing abad angka 4 lan 5 saéngga St. Jerome nulis yèn Galia siji-sijiné wewengkon kang bébas saka kapitayan nyimpang.

Ing abad angka 4 M, pertahanan sisih wétan Galia ing sadawaning Rhine diajuraké déning suku Jermanik, mligi saka Frank, ya saka bab iki asalé jeneng kuna Francie. Jeneng modhèren France asal saka jeneng domain feodal Raja Capetia Prancis ing saubengé Paris. Frank ya iku suku pisanan antarané panguwasa Jermanik ing Éropah sawisé keruntuhan Kesésaran Ngerum lan pindhah agama dadi Kristen Katulik saka kapitayan Arianisme (Raja Clovis pindhah agama ing taun 498); saéngga Prancis olèh jejuluk Gréja paling anom (La fille ainée de l’Église), lan Prancis ngowahi jejuluk iku dadi Karajan Prancis Paling Kristen.

Madeg minangka entitas kapisah diwiwiti kanthi Perjanjian Verdun (843), kanthi pamérangan Kesésaran Karoling Charlemagne dadi Francia Wétan, Francia Tengah lan Francia Kulon. Francia Kulon ya iku wewengkon kang dikuwasani Prancis modhèren lan awal saka Prancis modhèren.

Dinasti Karoling mimpin Prancis nganti 987, nalika Hugh Capet, Duke of France lan Bangsawan Paris, diangkat dadi Raja Prancis. Keturunané, Capetia Langsung, Dinasti Valois lan Dinasti Bourbon, nyawijèkaké nagara liwat manéka perang lan pewarisan wangsa. Monarki iki nggayuh kejayaan sajeroning abad angka 17 lan kakuwasan Louis XIV saka Prancis. Wektu semana Prancis duwé gunggung kang ndunungi gedhé dhéwé ing Éropah (pirsani Dhémografi Prancis) lan duwé prabawa gedhé marang pulitik, ékonomi, lan budaya Éropah. Prancis dadi, lan dikukuhaké sajeroning sawatara wektu, basa umum ing urusan jaban rangkah. Akèh Pencerahan kadadéan ing lingkaran intelektual Prancis, lan akèh panemuan ilmiah asal saka èlmuwan Prancis ing abad angka 18. Saliyané iku, Prancis duwé manéka jajahan ing Amérika, Afrika lan Asia.

Karajan mréntah Prancis nganti Revolusi Prancis, taun 1789, Louis XVI lan garwané, Marie Antoinette, dièksekusi (taun 1793), bebarengan karo èwon warga sipil Prancis liyané. Sawisé manéka skéma pamaréntahan, Napoleon Bonaparte ngrebut pamaréntahan Républik taun 1799, lan dadi Konsul Pisanan, lan banjur dadi Kaisar, apa kang sekarang kaloka minangka Kamaharajan Pisanan (1804–1814). Sajeroning sawetara perang, pasukané nguwasani sapérangan gedhé bawana Éropah, lan anggota kulawarga Bonaparte dipitaya dadi ratu ing kraton-kraton kang anyar iku.

Sawisé kekalahan pungkasan Napoleon taun 1815 ing Perang Waterloo, monarki Prancis diwangun manèh, nanging kanthi watesan konstitusional anyar. Taun 1830, sawijining pambrontakan warga sipil meksa pambentukan Monarki Juli konstitusional, kang lumaku nganti 1848. Républik Kapindho kang berusia pendek iki berakhir taun 1852 nalika Louis-Napoléon Bonaparte memproklamirkan Kamaharajan Kapindho. Louis-Napoléon mundur sawisé kekalahan dalam perang Prancis-Prusia taun 1870 lan rezimnya digantikan déning Républik Ketiga.

Prancis duwé jajahan kolonial, sajeroning manéka bentuk, wiwit awal abad angka 17 nganti 1960-an. Ing abad kaping 19 lan 20, imperium kolonial seberang segara globalé gedhé dhéwé kapindho ing donya sawisé Imperium Karajan Manunggal. Ing pucuké, antara 1919 lan 1939, imperium kolonial Prancis kapindho mbentang nganti 12.347.000 kilomèter pasagi (4.767.000 sq mi). Kalebu Prancis Metropolitan, total wewengkon dharatan ing sangisoré kadhaulatan Prancis nggayuh 12.898.000 kilomèter pasagi (4.980.000 sq mi) taun 1920-an lan 1930-an, kang nyakup 8.6% saka total dharatan donya.

Sanadyan menang sajeroning Perang Donya I lan Perang Donya II, Prancis ngalami akèh kurban lan rugi material (lan sanadyan mung sapérangan cilik teritoriné dikuwasani sajeroning Perang Donya I, teritori metropolitané dikuwasani kabèh déning Jerman sajeroning perang kapindho). Taun 1930-an ditandhani déning manéka reformasi sosial kang diwanuhaké déning pamaréntah Front Populer. Républik Kapapat diwangun sawisé Perang Donya II lan, saliyané tuwuhing ékonomi kang spektakulèr (les Trente Glorieuses), nagara iki ngupaya nglola status pulitiké minangka nagara bangsa dominan. Prancis ngupaya njaga imperium kolonialé, nanging banjur nuwuhaké masalah. Usaha 1936 kanggo ngrebut manèh kontrol Indocina Prancis ngakibataké Perang Indocina Pisanan, kang wusanané Prancis kalah ing Pertempuran Dien Bien Phu taun 1954. Sawetara sasi sabanjuré, Prancis ngadhepi konflik anyar, lan luwih gedhé ing Aljazair.

Debat ngenani bab mungkin utawa orané njaga kontrol marang Aljazair, kang banjur ‘omah tumrap sak yuta’ penetap Éropah, ngajuraké nagara lan arep ngobaraké perang sipil. Taun 1958, Républik Kapapat kang lemah lan ora stabil owah dadi Républik Kalima, kang duwé kakuwasan Présidhèn luwih dikuwataké. Pemimpin pisanané, Charles de Gaulle ngupaya nyawijèkaké nagara lan mungkasi perang. Perang Aljazair lan perang sipil Prancis-Prancis kang lumaku ing kutha krajan Aljir, rampung kanthi négosiasi damai taun 1962 kang ngasilaké kamardikan Aljazair.

Ing sawatara dekadé pungkasan, rekonsiliasi lan kerjasama Prancis karo Jerman wis mbuktèkaké sentral marang pulitik lan integrasi ékonomi Uni Éropah, kalebu perkenalan euro sasi Januari 1999. Prancis wis mapan ing garis ngarep nagara anggota Uni Éropah kang nyoba manfaataké kasempatan persatuan kauangan kanggo minangka sawijining badan pulitik, pertahanan, lan keamanan Uni Éropah kang luwih nyawiji lan mampu. Elektorat Prancis milih nentang ratifikasi Perjanjian Konstitusional Éropah sasi Mèi 2005, nanging Perjanjian Lisboa diratifikasi déning Parlemèn padha Fèbruari 2008.

Padunung Prancis cacahé kurang luwih 62 yuta jiwa. Prancis iku nagara paling padhet angka 19 ing donya. Kutha gedhé dhéwé ing Prancis ya iku Paris, Marseille, Lyon, Lille, Toulouse, Bordeaux, Nice, Strasbourg, Nantes lan Rennes.

Taun 2003, tuwuhing kang ndunungi Prancis (ora kalebu imigrasi) nyumbang amèh kabèh tuwuhing kang ndunungi Uni Éropah. Taun 2004, tuwuhing kang ndunungi ya iku 0.68% lan ing  taun 2005 gunggung kelairan lan fertilitas terus nambah.

Wewengkon utama Prancis dumunung ing dharatan Éropah Kulon lan ditambah manèh karo sawatara teritori ing Amérika Lor, Karibia, Amérika Kidul, Samudra Hindia pérangan kidul, Samudra Pasifik, lan Antartika. Teritori mau nduwé wangun pamaréntahan saka tataran département d'outre-mer nganti Pays d'outre-mer.
Sacara géografis Prancis kapérang dadi 26 région; 21 ing antarané dumunung ing Prancis Dharatan, 1 ing pulo Korsika, lan 4 ing jaba bawana Éropah. Région kapérang manèh dadi département(96 département ing Prancis dharatan). Département kapérang dadi 329 arrondissement, lan arrondissement kapérang dadi 3,879 canton, banjur kapérang manèh dadi 36,569 komunitas.

Région ing Prancis dharatan lan sebrang segara, antarané ya iku: 

Pamaréntah Prancis




#Article 344: Paris (532 words)


Paris ya iku kutha krajan Prancis lan uga minangka kutha krajan région Île-de-France, kang laladané nyakup kutha Paris sarta laladan pinggirané.
Kutha iki sing ndunungi 2.144.700 jiwa (2005). Éwadéné laladan metropolitan Paris utawa Paris Raya duwèni sing ndunungi 11.174.743 jiwa (1999). Paris minangka kutha paling padhet ing Uni Éropah lan kutha metropolitan gedhé dhéwé kaloro ing Éropah (sawisé Moskwa, setara karo London), lan uga kutha metropolitan mawa sing ndunungi paling akèh angka 20 ing donya.

Laladan Paris Metropolitan Raya, kanthi total PDB kang luwih dhuwur tinimbang Brasil utawa Rusia ing taun 2003, iku punjer kauangan lan bisnis gedhé dhéwé ing Éropah (kalebu London), nampung punjul 30% populasi pegawé kantoran, lan uga punjul 40% saka kantor pusat perusahaan-perusahaan Prancis, kanthi distrik bisnis gedhé dhéwé ing Éropah (La Défense) lan pasar bursa gedhé dhéwé kaloro ing Éropah (Euronext).

Misuwur minangka 'Kutha abyor déning cahya lampu' (la Ville Lumière), Paris dadi jujugan plesiran kawentar wiwit jaman biyèn. Kutha iki dikenal bab arsitèktur wangunané kang éndah, pangaturan kutha lan dalan-dalan gedhéné, lan uga kolèksi musiyum-muséumé. Dibangun ing pinggir kali Seine, kutha iki dipérang dadi rong pérangan: Pinggir Tengen mangalor lan Pinggir Kiwa yang luwih cilik mangidul.

Sdurungé, Paris minangka kutha krajan karajan kang koloniné paling akèh ing limang bawana, wektu iki Paris isih sinebut pusat donya basa Prancis lan njaga posisi kang kuwat ing donya minangka tuan rumah markas besar OECD lan UNESCO. Babagan iki, dijangkepi karo anané kagiyatan keuangan, bisnis, pulitik, lan wisata, wis ndadèkaké Paris minangka salah siji rerangkèn transportasi utama ing donya. New York, London, Tokyo, lan Paris sok sinebut papat kutha utama gedhé dhéwé ing donya.

Paris dumunung ing saubengé Kali Seine, kalebu loro puloné Île Saint-Louis lan Île de la Cité, kang dadi pérangan tuwa dhéwé kutha iki. Paris dumunung ing tlatah kang warata kanthi elevasi paling cendhèk 35 mèter saka lumahing segara. Salyané iku, ing Paris uga ana sawatara bukit, kang paling dhuwur ya iku Montmartre kang dhuwuré 130 mèter. Paris nyakup tlatah kang jembaré 86,9 km². Yèn ditambah manèh karo loro taman, ya iku Bois de Boulogne lan Bois de Vincennes kang dilebokaké dadi wewengkon Paris ing taun 1929, jembaré dadi 105,4 km²

Paris duwèni iklim segara, kadayan déning Arus Atlantik Lor, saéngga suhu ing kutha iki ora tau dhuwur utawa endhèk banget. Suhu rata-rata taunan Paris paling dhuwur 15 °C, paling endhèk 7 °C. Suhu paling dhuwur kang naté kacathet ya iku 40,4 °C ing tanggal 28 Juli 1948 déné kang paling endhèk ya iku-23,9 °C ing tanggal 10 Dhésèmber 1879. Pungkasan iki, Paris ngalami cuaca ekstrim kaya déné anané Gelombang Panas Éropah 2003 lan Gelombang Dingin Éropah 2006

Ana ing sensus taun 1999, sing ndunungi Paris (ora kalebu pinggiran) cacahé 2.125.246 jiwa lan gunggung cacahing sing ndunungi laladan metropolitan ana 11.174.743 jiwa. Angka mau durung tekan titik puncak kaya déné taun 1921 ya iku 2,9 yuta jiwa. Padunung uga wiwit gèsèr menyang laladan pinggiran sarta laladan kutha Paris dhéwé luwih akèh dianggo perkantoran dibandingaké pemukiman.

Kutha Paris minangka kutha turisme. Yutan turis teka ing kutha iki kanggo nikmati suasana kas kutha sarta citrané minangka salah siji pusat seni modèren. Kutha iki uga duwé akèh musiyum kanthi kolèksi wigati. Ing ngisor iki sawatara obyek turisme utama ing Paris:




#Article 345: Kembang (245 words)


Kembang (flos) iku struktur reprodhuksi sèksual tetuwuhan ngembang (divisio Magnoliophyta utawa Angiospermae, tetuwuhan wiji katutup). Ing kembang ana organ reprodhuksi (benang sari lan putik). Kembang sadina-dina uga dianggo nyebut struktur kang kanthi botani diarani kembang majemuk utawa inflorescence. Kembang majemuk iku kumpulan kembang-kembang kang ngumpul ing sakroncèn. Ing kontèks iki, ékan kembang kang nyusun kembang majemuk diarani floret.

Kembang fungsi mligi ngasilaké wiji. Penyerbukan lan pembuahan dumadi ing kembang. Sawisé pembuahan, kembang bakal dadi woh. Woh iku struktur kang nggawa wiji.

Fungsi biologi kembang ya iku minangka wadhah manunggalé gamet lanang (mikrospora) lan wadon (makrospora) kanggo ngasilaké wiji. Prosès diwiwiti kanthi panyerbukan, banjur pambuahan, lan diterusaké karo pambentukan wiji.

Sapérangan kembang duwé warna kang ngejrèng kang duwé fungsi minangka panarik kéwan pambiyantu panyerbukan. Sapérangan kembang liyané ngasilaké panas utawa aroma kang khas, uga kanggo narik kéwan kanggo ngrewangi panyerbukan.

Manungsa kawit biyèn seneng karo kembang, mligi kang manéka warna. Kembang dadi salah sawijiné panentu pangaji siji tetuwuhan minangka tetuwuhan hias.

Kembang iku batang lan godhong kang kamodhifikasi. Modhifikasi iki disebabaké déning pangasilan siji enzim kang dirangsang déning sapérangan fitohormon tinentu. Pambentukan kembang dikendhalèkaké kanthi genetik lan ing akèh jinis diindhuksi déning owah-owahan lingkungan tinentu, kaya ta suhu asor, suwéné kena cahya, lan sumadiyané banyu (deleng artikel Pambentukan kembang).

Kembang mèh mesthi duwé wujud simètris, kang asring bisa digunakaké minangka panyiri siji takson. Ana loro wujud kembang dhedhasar simetri dhapuré: aktinomorf (duwé wujud lintang, simètri radhial) lan zigomorf (simètri kaca pengilon). Wujud aktinomorf luwih akèh ditemoni.




#Article 346: Buwana (193 words)


Buwana ya iku dharatan amba kang pérangan tengahé asipat garing amarga ora kena prabawa saka angin laut kang lembab. Buwana iku dharatan ing lumah bumi kang jembar banget, umum diarani kontinèn. Jaman saiki ana 5 buwana ing lumah bumi ya iku: Asia, Afrika, Amérika, Australia lan Éropah ning pembagian iku raket kaitane kaliyan pasebaran penduduk, padhahal nék didelok saka fisiké, buwana Amérika iku ana Amérika Kidul lan Amérika Lor, uga ana buwana Antartika.

Miturut Alfred Wagner, ilmuwan saka Jerman kang nemu téyori babagan pembentukan buwana, sadurungé jaman Karbon (+- 300 juta taun kapungkur), kabèh buwana kang ana saiki nggabung dadi siji kang sinebut Buwana Pangea. Buwana Pangea banjur pecah dadi 2, ya iku Buwana Laurasia lan Buwana Gondwana. Pecahé buwana Pangea iki kedadeyan sawatara 135 juta taun kapungkur. Banjur Buwana Laurasia pérangan kulon obah ngadoh mangalor, ngadohi buwana Gondwana kang akhiré dadi Buwana Amérika Utara. Déné buwana Gondwana ning kidul pecah dadi patang pérangan, ya iku:

Pérangan kulon terus geser mengulon dadi Buwana Amérika Kidul.

Pérangan wétan terus geser mengètan dadi Buwana Afrika.

Pérangan paling cilik kang pérangan wétan terus obah ning lor wétan lan dadi India.

Sing sapérangan manèh pecah dadi loro.




#Article 347: Baturradèn (257 words)


Baturradèn iku obyèk plesir ana ing Wewengkon Kabupatén Banyumas. Baturadèn manggon ana ing léréng gunung Slamet.

Kang ana ing lokawisata Baturradèn ya iku:Kebun Raya lan Taman Botani, Grujugan Gumawang, Atraksi Grujugan Gumawang, Padusan banyu anget, Kolam langén, Aréna dolanan bocah, Flying Fox, Sepur cilik, Sepur listrik,Mogen (mobil genjot), Pit Banyu, Komédi Putar, Téater Alam, Menaran Pandang.

Wanawisata Baturradèn dohé antarané 2 km saka lokawisata Baturadèn. Ana ing wanawisata iki ana panggon kanggo kémah kang bisa nampung antarané 1000 tenda. Ana ing wana wisata iku uga kondhang karo sesawangan alam kang apik. Kejaba saka iku wana wisata iki uga ana cagar alam lan pembibitan wit-witan produksi kaya cemara, pines, lan liya-liyanĦ. Wana Wisata Baturadèn dijangkepi karo wisma kang kapasitasé 11 kamar.

Wisata iki awujud pancuran kang jumlahé ana telu. Pancuran telu iki wujud padusan banyu panas kang ana kandungané wlirang. Pancuran telu iki dipercaya bisa nambani warna-warna laran kulit. Pancuran telu manggon ana ing sakndhuwuré pancuran pitu.

Wisata iki awujud pancuran kang cacahé ana pitu. Pancuran pitu iki wujud padusan banyu panas kang ana kandungané wlirang. Pancuran pitu iki dipercaya bisa nambani warna-warna laran kulit. Pancuran pitu manggon ana ing sakngisoré pancuran telu. Pancuran Pitu dohé sakiwa-tengené 2,5 km saka Baturadèn. Pancuran iki awujud tuk banyu panas bumi kang duwé suhu antarané 60°-70 °C kang langsung mili saka léréng Gunung Slamet.

Telaga Sunyi dohé +/-3 km ana ing sisih wétan Lokawisata Baturadèn. Panggon Plesiran iki awujud telaga kang banyuné adem.

 
Désa wisata ing Baturadèn dadi andalan plesiran ana ing Baturadèn. Kang ana ing désa wisata iki ya iku:




#Article 348: Taman Nasional Komodo (157 words)


Taman Nasional Komodo iku anané ing antara provinsi Nusa Tenggara Timur lan Nusa Tenggara Barat. Ana 3 pulau gedhé kang dadi kawasan taman nasional iki ya iku: pulo Komodo, pulo Rinca, lan pulo Padar. Taman nasional iki dibangun kanggo ngreksa komodo kang kalebu habitat uripé kéwan iki.

Ing taman nasional iki ana 277 spésies kéwan asal saka Asia lan Australia, ya iku 32 spésies mamalia, 128 spésies manuk, lan 37 spésies reptilia. Bebarengan karo komodo, saorané 25 spésies kéwan dharat lan manuk kalebu kéwan kang dilindhungi, amarga cacahé kang sethithik utawa winatesé panyebaran.

Saliyané iku, ing kawasan iki ana uga terumbu karang. Saorané ana 253 spésies karang kang yasa terumbu kang tinemu ing kana, lan watara 1.000 spésies iwak. Kaéndahan terumbu iki narik minat wisatawan manca kanggo nglangi utawa nyilem.

Pulo-pulo iki asliné wujud pulo vulkanis. Cacahing pedunung ing tlatah iki kurang luwih 4.000 jiwa. Ing taun 1986 taman nasional iki ditampa dadi Situs Warisan Donya UNESCO.




#Article 349: Tak Lelo Lelo Lelo Ledung (115 words)


tak lela lela lela ledhung

cup menenga aja pijer nangis

anakku kang ayu rupané

yèn nangis ndhak ilang ayune

tak gadhang bisa urip mulyo

dadiya wanita utama

ngluhurke asmane wong tuwa

dadiya pendhekaring bangsa

wis cup menenga anakku

kae mbulane ndadari

kaya buta nggegilani

lagi nggoleki cah nangis

tak lela lela lela ledhung

énggal menenga ya cah ayu

tak emban slendhang bathik kawung

yèn nangis mundak ibu bingung

tak lela lela ledhung

Tembang punika salah satunggalipun tembang kanggé bocah ingkang kondhang wonten in tanah Jawi. 'Tak lela lela ledhung' biyasa ditembangaken kaliyan ibu ingkang nggendhong putra utawi putrinipun ingkang taksih timur.

Tembang punika tegesipun bapak utawi ibu nglela-lela putranipun supados énggal tilem, supados boten rewel.




#Article 350: Bathik (1083 words)


Bathik iku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginakaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kapungkur. Asal tembung bathik ya iku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) kang tegesé: nggambar utawa nulis.

Werna-warna utama bathik Jawa ya iku warna biru nila lan Soklat (warna). Celupan biru lan soklat kang digabung kain putih iku dadi perlambang 3 déwa Hindhu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).

Bathik iku uga salah sawijining cara gawé rerupan ing bahan sandhangan. Kejaba iku, bathik uga ngrujuk marang rong prakara. Sing sapisan, cara mernani (gawé warna) kanthi migunakaké malam kanggo nulak warna ngresep ing kain. Ing literatur Internasional, tèhnik iki ditepungi kanthi peparab wax-resist dyeing. Pangertèn kaloro ya iku kain utawa busana kang digawé kanthi migunakaké cara mau, kalebu kagunan motif-motif tartamtu kang kas.

Bathik Indonésia, kanthi midhangetaké sakabèhané tèhnik, tèknologi, sarta motif lan budaya kang gepok-sénggol, déning UNESCO wis dikukuhaké dadi Warisan Kamanungsan kanggo Budaya Lisan lan Ora Wujud Barang (Masterpieces of the Oral and Intangible Heritage of Humanity) wiwit 2 Oktober, 2009.

Seni gawé kelir ing kain kanthi migunakaké malam iku tèhnik lawas saka jaman kuna. Panemon ing Mesir nuduhaké yèn cara iki wis tinemu ing abad angka 4 SM, kanthi tinemu kain bungkus mumi kang dilapisi malam kanggo gawé pola. Ing Asia, tèhnik kaya bathik uga ditrapaké ing Tiongkok jaman Wangsa Tang (618-907) sarta ing India lan Jepang jaman Periodhe Nara (645-794). Ing Afrika, tèhnik kaya bathik ditepungi Suku Yoruba ing Nigeria, sarta Suku Soninke lan Wolof ing Senegal.

Ing Indonésia, bathik dipercaya wis ana wiwit jaman Majapahit, lan dadi populèr nalika pungkasané abad XVIII utawa wiwitané abad XIX. Bathik kang diasilké ya iku kabèh bathik tulis nganti wiwitané abad XX lan bathik cap nembé ditepungi sawisé ana Perang Donya I utawa taun 1920-an. Tembung bathik asalé saka basa Jawa, nanging bathik ana ing Jawa ora kacathet sajarah metuné. G.P. Rouffaer duwé pandhapat yèn tèhnik bathik iki dimungkinaké ana lan ditepungaké saka India utawa Srilangka nalika abad kaping 6 utawa kaping 7. Saliyané iku, J.L.A. Brandes (arkéolog saka Walanda) lan F.A. Sutjipto (arkéolog saka Indonésia) duwé kapitayan yèn tradhisi bathik ya iku asli saka laladan kaya Toraja, Flores, Halmahera, lan Papua. Wewengkon-wewengkon mau dudu wewengkon kang kena prabawa saka Hindhuisme nanging bisa dingertèni yèn wewengkon mau duwé tradhisi kuna kanggo gawé bathik.

G.P. Rouffaer uga nglapuraké yèn pola gringsing wis ditepungi wiwit abad kaping 12 ing Kadhiri, Jawa Wétan. Dhèwèké uga nyimpulaké yèn pola kaya mau iku mung bisa digawé nganggo wewujududan kang jenengé canthing, mula dhèwèké banjur duwé pendhapat yèn canthing tinemu ing Jawa ana ing jaman semono. Dhetil ukiran kain kang mèh kaya pola bathik dianggo déning Prajnaparamita, ya iku ana ing reca dèwi kawicaksanan buddhis saka Jawa Wétan abad kaping 13.

Dhetil klambi kang nampilaké pola sulur wit-witan lan kembang-kembang kang angèl mèh kaya pola bathik tradhisional Jawa kang bisa tinemu jaman saiki. Iki nudhuhaké yèn gawé pola bathik paling angèl lan mung bisa digawé nganggo canthing wis ana ing Jawa wiwit abad kaping 13 utawa malah sadurungé iku uga wis ana.

Legendha ana ing literatur Malayu abad kaping 17, Sulalatus Salatin nyritakaké Laksamana Hang Nadim kang diwènèhi préntah déning Sultan Mahmud kanggo berlayar menyang India kanggo golèk 140 lembar kain serasah kanthi pola 40 jinis kembang ana ing saben lembaré. Amarga ora bisa netepi wajib kang diwènèhké Sultan Mahmud, dhèwèké banjur gawé dhéwé kain-kain mau. Nanging kapal kang dinggo banjur kèrem ana ing lelaku bali lan mung bisa nggawa patang lembar kang ndadèkaké Sultan kuciwa.

Ana ing literatur Éropah, tèhnik bathik iki pisanan dicritaké ana ing buku History of Java (London, 1817) tulisané Sir Thomas Stamford Raffles. Dhèwèké tau dadi Gubernur Inggris ing tlath Jawa nalika jaman Napoleon saka Walanda.
Taun 1873 saudagar Walanda Van Rijekevorsel mènèhi saklembar bathik kang olèh nalika ana ing Indonésia marang Museum Etnik ing Rotterdam lan wiwitané abad kaping 19 iku bathik wiwit ana ing mangsa kajayané. Nalika dipamèraké ana ing Exposition Universelle ing Paris taun 1900, bathik Indonésia ngagètaké publik lan seniman.

Bathik ya iku kerajinan kang duwé pangaji seni dhuwur lan dadi pérangan kang ora bisa dipisahaké saka budaya Indonésia (mligi budaya Jawa). Wong wadon Jawa jaman dhisik ndadèkaké ketrampilan ana ing babagan bathik dadi pagawéan, dadi ing jaman dhisik pagawéan mbathik duwé kalungguhan kang èksklusif nganti tinemu jinis Bathik Cap kang ana kamungkinan wong lanang bisa mlebu ana ing pagawéan mbathik iki. Ana pangecualian kanggo fénoména iki, ya iku bathik pasisir kang duwé garis maskulin kaya kang ana ing motif bathik Mega Mendhung, bathik saka laladan pesisiran lumrahé dilakokaké denong para wong lanang. Tradhisi mbathik wiwitané dadi tradhisi kang turun temurun, iku ndadèkaké sok sok motif bathik bisa dingertèni yèn iku bathik saka kulawarga ngendi. Motif bathik kang dinggo bisa nuduhaké statusé wong. Saiki ana motif bathik mirunggan kang dinggo déning para kulawarga ing Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta. Bathik dadi salah siji warisan leluhur Jawa kang nganti saiki isih ana. Bathik pisanan ditepungaké menyang nagara manca déning Présidhèn Soeharto, ya iku nalika ana ing konfrènsi PBB.

Awalé bathik digawé ing sandhuwuré bahan kanthi warna putih kang kagawé saka kapas kang diarani kain mori. Diwasa iki bathik uga digawé ing sandhuwuré bahan liya kaya ta sutra, poliester, rayon lan bahan sintetis liyané.

Motif bathik diwangun nganggo cuwéran lilin kanthi migunakaké piranti kang diarani canthing kanggo motif alus, utawa kuwas kanggo motif mawa ukuran gedhé, saéngga cuwéran lilin mresep sajeroning serat kain. Kain kang wis dilukis nganggo lilin banjur dicelup kanthi warna kang dikarepaké, lumrahé diwiwiti saka warna-warna enom. Panyelupan banjur dilakokaké kanggo motif liya kanthi warna luwih tuwa utawa peteng. Sawisé makaping-kaping ngliwati prosès pawernan, kain kang wis dibathik dicelupaké menyang bahan kimia kanggo nglarutaké lilin.

Banji ya iku motif bathik kang isih dianggo déning bathik Banyumas kang digawé kanthi motif gedhé lan wernané soklat utawa ireng sarta digawé kanthi bedésan. Bedésan ya iku salah sijiné cara nggawé bathik tanpa ngilangi lilin bathik ing tengah-tengah prosèsé nggawé bathik kanthi prosès kang diwalik ya iku dicet ing tèmbok lan dicelup soga, dicap klowong, dicelup wedel banjur dilorod.

Jinising motif banji ya iku:

Ceplokan utawa ceplok ya iku motif bathik kang ing njeroné ana gambar-gambar kang wujudé bunderan, rosèt, lintang lan variasi liyané. Kanthi gambar kang ana ing motif ceplokan iku isih ngandhut segi papat lan bunderan, semono uga motif ceplok uga bisa digolongake ing motif géometris.

Motif ceplok dijupuk saka kang nggawé sapisanan ya iku:

Motif ceplok kapérang saka ornamèné ya iku:

Motif ceplok kapérang saka asal laladan ya iku

Jinising bathik miturut tèhnik:




#Article 351: Apel (274 words)


Apel iku wohe bunder-bunder, kélir kulité ana sing ijo enom, abang (enom karo tuwa), ana uga sing campuran. Rasané legi ning ana uga sing radha kecut. Yèn wis dioceki dagingé arubah wujud keliré dadi radha soklat, nanging tetep bisa dipangan. Apel bisa di temoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Woh iki bisa minangka gawé wédangan.
Apel kalebu tuwuhan taunan. Apel asalé saka Asia Kulon. Apel akèh urip ing laladan kanthi iklim sub tropis. Ing Indonésia apel wis ditandur wiwit taun 1934 nganti saiki. Saiki variétas apel saya dibudidayaké.

Ana warna-warna variétas saka Malus sylvestris Mill iki. Saben variétas duwé ciri utawa titikan dhéwé-dhéwé. Tuladhané ya iku Rome Beauty, Manalagi, Anna, Princess Noble lan Wangli/Lali jiwo. Variétas iku kalebu variétas unggulan.

Apel sing kaloka ing Indonésia iku apel saking Malang, jenengé apel manalagi.

Apel ngandhut vitamin C lan B. Saliyané iku apel kerep dadi buah kanggo diét dadi buah substitusi sega.
Apel bisa dimasak dadi puding. Saliyané iku apel uga bisa dirujak, digawé pay, digawé jus lan dipangan kanggo buah.

Ing Indonésia apel bisa urip subur ing dhataran tinggi. Séntra produksi apel ya iku ing Malang (Batu lan Poncokusumo) lan Pasuruan (Nongkojajar), Jawa Timur. Laladan liyané kang akèh ditanduri apel ya iku Kayumas-Situbondo, Banyuwangi, Jawa Tengah (Tawangmangu), Bali (Buleleng dan Tabanan), Nusa Tenggara Barat, Nusa Tenggara Timur lan Sulawesi Selatan.
Sentra penanaman apel ing donya ya iku ing Éropah, Amérika, dan Australia.

Tuwuhan apel mbutuhaké sinar srengéngé kang cukup kanggo urip subur ya iku anatarané 50-60% saben dinané, luwih-luwih yèn wayah ngembang.
Suhu kang pas kanggo uripé apel ya iku 16-27 drajat C. Déné kalembaban udara kang dibutuhaké apel kanggo urip subur ya iku75-85%.




#Article 352: Apokat (428 words)


Apokat, alpukat, utawa jeneng Latiné Persea americana iku tetuwuhan pangasil woh méja kanthi jeneng padha. Tetuwuhan iki asalé saka Mèksiko lan Amérika Tengah. Saiki akèh dibudidayakaké ing Amérika Kidul lan Amérika Tengah minangka tuwuhan pakebonan monokultur lan minangka tuwuhan pekarangan ing laladan-laladan tropika liyané ing donya. Apokat iki bisa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa.

Wité kanthi dhuwur batang bisa nganti 20 m lan godhongé dawané 12 nganti 25 cm. Kembangé ndhelik kanthi warna ijo semu kuning lan ukuranné 5 nganti 10 milimeter. Ukuran wohé variasi saka 7 nganti 20 sentimeter, kanthi massa 100 nganti 1000 gram; wiji kang gedhé, 5 nganti 6,4 sentimeter.

Wohé wujudé kaya jambu, seukuran kepelan tangan, kelir kulité lumrahé ijo tuwa uga ana kang rada ireng. Woh iki kanggo bahan wédangan dadi ora dipangan langsung. Nèk digawé wédangan kudu diwèhi gula mèn legi uga umum dicampur susu. Sing dipangan iku dagingé kang keliré ijo enom. Apokat kang wis mateng dagingé rada lembèk.

Jeneng apokat utawa avokad (saka basa Inggris, avocado) asalé saka basa Aztek, ahuacatl (diwaca kira-kira awakatl). Suku Aztek ana ing laladan Amérika Tengah lan Mèksiko. Mula, woh iki nalika awalé ditepungi ing laladan mau.

Nalika wadyabala Spanyol mlebu wewengkon mau watara awal abad kaping 16, manéka tetuwuhan saka laladan iki, kalebu apokat, ditepungaké marang warga Éropah. Wong pisanan kang nepungaké woh apokat marang warga Éropah ya iku Martín Fernández de Enciso, salah siji pamimpin wadyabala Spanyol. Panjenengané nepungaké woh iki nalika taun 1519 marang wong-wong Éropah. Ing wektu kang padha, para wadyabala Spanyol kang njajah Amérika Tengah uga nepungaké kakao, jagung, lan kenthang marang masarakat Éropah. Wiwit wektu iku woh apokat wiwit disebar lan ditepungi déning akèh warga donya. Apokat ditepungaké menyang Indonésia déning Walanda nalika abad kaping 19.

Apokat duwé akèh mupangat. Wijiné dipigunakaké sajeroning indhustri pakaian minangka pawerna kang ora gampang luntur. Batang wité bisa minangka bahan bakar. Kulit wité minangka pawerna coklat ing prodhuk saka bahan kulit. Daging wohé bisa didadèkaké panganan sarta dadi bahan dhasar kanggo sapérangan prodhuk kosmètik lan kecantikan. 
Apokat duwé asem folat kang akèh. Asam folat dibutuhke mligi kanggo ibu ngandut lan wanita kang lagi ngerencanakna kehamilan, amarga asem folat bisa bantu awak kanggo ngawe lan jaga kasempurnaan DNA (Deoxyribose Nucleic Acid) saha RNA (Ribonucleic Acid) piranti genetik badan, saéngga bisa nyegah janin cacat . Sijiwoh apokat duwé 114 mikrogram asem folat . Jumlah iku bisa nyukupi 30% kebutuhané asem folat ibu ngandut.
Alpukat ya iku sumber (lemak tak jenuh) tunggal kang apik lan bisa ningkatna HDL. Liyane iku, alpukat uga duwé betasitosterol kang bisa ngurangi jumlah kolesterol kang diserap saka pakanan .




#Article 353: Blimbing (355 words)


Wit Blimbing asalé saka Indonésia, India, lan Sri Langka, sarta akèh ing laladan Asia Kidul-Wétan, Républik Dominika, Brasil, Peru, Ghana, Guyana, Tonga, lan Polinesia. Blimbing ditandur kanthi komersial ing Amérikah Sarékat, ya iku ing Florida Kidul lan Hawaii.

Blimbing duwé jeneng latin Averrhoa Carambola.
Blimbing dhapuré bunder lonjong lan nduwé rusuk landhep lincip kang cacahé lima. Blimbing rasané legi lan nggawé seger. Ing kalangan internasional blimbing dikenal kanthi jeneng star fruit. Kang ndadékaké blimbing dijenengi star fruit amarga yèn dikethok kanthi horisontal woh iki katon kaya bintang.

Woh kang asalé saka India utawa Srilangka iki ora mung dibudidayakaké ing wewengkon Asia Tenggara kaya ta Malaysia, Thailand lan Filipina, nanging uga dikenal ing nagara-nagara kang duwé iklim sub tropis liyané kaya ta Amérika lan Australia. Blimbing gampang thukul ing panggonan kang dhuwuré 0-500 m ing sandhuwuré lumah laut lan kanthi curah udan kang dhuwur. Saliyané iku blimbing kudu éntuk cukup cahya srengéngé. Ing Indonésia, blimbing kang rasané legi akèh tinemu ing laladan Demak, Jawa Tengah.

Wit blimbing bisa ngembang saben taun lan bisa dipanén ping telu saben setahun. Saliyané blimbing woh ana uga blimbing wuluh utawa blimbing keris. Blimbing iki uga diarani blimbing sayur kang jeneng latiné Averrhoa bilimbi. Nanging blimbing sayur rasané luwih kecut lan lumrahé kanggo nggawe sayur utawa masakan ancasé kanggo ménéhi rasa kecut ing masakan.

Woh blimbing duwé khasiat dadi antipiretik lan ekspektoran,saéngga bisa dimanfaataké kanggo obat watuk kanggo bocah cilik.
Blimbing ngandhut akèh vitamin C lan duwé manfaat kanggo antiinflasi, analgesik, lan diuretik, saéngga apik kanggo nambani watuk, sariawan, lara gorokan, obat demam, obat kencing manis utawa diabétes, lan kolésterol. Vitamin C kang paling dhuwur uga apik kanggo tamba kanker. Oyot blimbing uga duwé khasiat kanggo nambani lara sirah lan nyeri sendi. Saliyané iku, godhong blimbing uga bisa kanggo tamba radang lambung, radang kulit kang ana nanahé, lan bisul. Blimbing uga duwé provitamin A. Khasiat liyané, blimbing bisa nglancaraké pencernaan lan kanggo obat hiperténsi utawa blegudreg.

Nanging tumrap wong kang duwé lelara ginjel kudu ati-ati, amarga blimbing ngandhut akèh asem oxalic kang mbebayani.

Blimbing uga duwé akèh khasiat liyané.

Saben 100 gram woh blimbing ngandhut warna-warna nutrisi kang migunani kanggo kaséhatan.




#Article 354: Abang (123 words)


Abang utawa basa Jawa krama abrit, iku warna kang kagolong sajeroning warna primèr (abang, ijo lan biru), kang duwé frekuensi cahya paling endhèk kang kasatmata utawa bisa dideleng déning mata manungsa. Cahya abang duwé panjang gelombang watara 630-760 nm. Getih kang diwènèhi oksigèn dadi awarna abang amarga anané hemoglobin.
Cahya abang iku cahya kang pisanan diserep déning banyu segara, saéngga akèh iwak lan invèrtebrata segara kang warna abang mbranang dadi katon ireng ing sajeroning segara, habitat asliné.

Warna abang bisa dicampur karo warna liyané. Contoné warna abang kang dicampur karo warna biru dadi warna ungu, yèn dicampur karo warna kuning dadi warna jingga. Werna abang isih karinci manèh dadi sawatara (9) jinis, kanthi jeneng ing basa Inggris,ya iku kaya tabel ing ngisor iki:




#Article 355: Anoman (184 words)


Anoman iku paraga wayang ing carita Ramayana. Ing pedhalangan Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah nunggu Dasamuka nganti akir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk. Paraga iki kalebu wayang-wayang Bayu.

Ing vèrsi Indhia, Anoman wujudé wanara. Wanara dhéwé saka tembung wana kang tegesé alas lan nara kang tegesé manungsa. Dadi, ing kana wanara dudu kethèk, nanging sawijining makluk ing antarané manungsa lan kethèk, wujudé manungsa nanging nduwé buntut. Ing Basa Jawa, wanara nduwé teges kethèk.

Ing sawetara pérangan Indhia, ana kang muja Hanuman kaya déné déwa-déwa. Ana uga kang ngira yèn paraga mistis Cina Sun Wukong asliné Hanuman iki.

Anoman iku putra Dèwi Anjani saka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu. Sawisé lair, Anoman digawa menyang kahyangan Panglawungan déning Bathara Bayu. Sawisé cukup umur banjur dipasrahaké marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha. Ing kéné, dhèwèké dikanthèni déning wanara kang nduwé swara éndah, ya iku Kapi Saraba.

Anoman banjur mbéla Rama nglawan Rahwana ngrebut Dèwi Sinta. Ing lakon Anoman Obong, Anoman ngobrak-abrik Alengka lan ngobong kraton.

Bojoné Anoman ya iku Dèwi Urangrayung kang isih mbakayuné Dèwi Urangayu. Seka jejodhoan iki lair uga wanara putih Trihangga.




#Article 356: Dhuku (123 words)


Dhuku iku tetuwuhan kang asalé saka laladan kulon Asia Kidul-Wétan, ya iku Indonésia, Malaysia lan Thailand. Tetuwuhan iki dikenal uga kanthi jeneng langsat, langsep, kokosan. Dhuku iku duwé manéka warna varietas, ana kang gedhé lan uga ana kang cilik. Ana kang wijiné gedhé nanaging uga ana kang ora ana wijiné (parténokarpi), nanging uga ana kang apomiksis (wiji vegetatif). Pusat produksi dhuku kang wigati ya iku Palémbang, Pasarminggu (Condet), Karanganyar, lan Kulon Praga (Nanggulan). Singosari (Malang) kawentar kanthi woh langsaté kang tanpa wiji. Nagara kang ngasilaké dhuku ya iku Filipina, Malaysia, lan Indonésia.

Duku iku woh-wohan alas kang wité dhuwuré nganti 30 m. Wit duku iku ora patio gedhé lan duwé kayu kang atos. Pulut woh duku iku luwih sethithik ketimbang puluté woh langsat.




#Article 357: Anjani (235 words)


Dèwi Anjani iku putra pambarepé Resi Gotama saka Grastina karo widodari Dewi Indradi. Sejatiné, Anjani iku ayu kaya widodari. Déning ibune, Anjani diwènèhi Cupumanik Astagina. Cupumanik Astagina ya iku pusaka kadéwatan kang miturut paugeran para déwa ora bisa dideleng utawa diduwèni lumrahé manungsa amarga cupu iki duwé kasektèn sing tanpa pepindhan. Ing jeroné ana wewadi panguripan ing alam nyata lan alam kasurgan. Cupumanik Astagina bisa kanggo ndeleng prastawa ing bumi lan ing langit nganti trap kaping pitu. Cupu iku pawèwèhé Bathara Surya marang Dèwi Indradi.

Nalika Anjani kepéngin nyoba kasektèné Cupumanik Astagina, adhiné loro, Sugriwa lan Subali, ngerti lan kepéngin mèlu duwé. Resi Gotama banjur ngerti prakara Cupu Manik Astagina iki. Anjani ditakoni ora gelem ngaku, amarga pancèn iki wadi. Resi Gotama nesu, Dewi Indradi disepata dadi tugu lan dibuwang nganti tapel wates Alengka.

Sugriwa, Subali, lan Anjani banjur rebutan cupu mau. Resi Gotama banjur mbuwang cupu iku ing tlaga Madirda. Sedulur telu mau banjur ngoyak kanthi dikancani Jembawan, Menda, lan Suwarsih. Nalika padha njegur ana ing tlaga, praupane padha malèh dadi wanara. Wong-wong mau dadi wanara amarga nduwé solah tingkah kaya kethèk.

Resi Gotama ora bisa apa-apa nyumurupi kaanan iki. Anak-anaké dikon tapa supaya salin rupa manèh dadi manungsa. Anjani tapa dadi cantoka (kodhok) ing tlaga, Subali tapa ngalong (kaya kalong), lan Sugriwa tapa ngidang (kaya kidang).

Ing tapane, Dewi Anjani katekan déning Bathara Bayu lan andum asmara. Seka kedadeyan iki banjur lair Anoman.




#Article 358: Jaranan (174 words)


Kagunan Jaranan iku wiwit ana kawit abad ke 10 Hijriah. Tepake ana ing taun 1041. utawa bebarengan karo Karajan Kahuripan dibagi dadi loro, ya iku pérangan etan dadi Karajan Jenggala kanthi ibukutha Kahuripan lan sisih kulon Karajan Panjalu utawa Kediri kanthi Ibukutha Dhahanapura.

Prabu Airlangga duwé putri kang asma Dewi Sangga Langit. Deweke wong Kediri kang duwé rupa kang ayu banget. Ing jaman iku akèh banget kang nglamar, mangka dhèwèké nganakake sayembara. Pelamar-pelamar Dewi Sangga Langit sekabehane sekti. Kabèh duwé kekuwatan kang misuwur. Dewi Sangga Langit saktemene ora gelem rabi lan duwé karep dadi pertapa waé. Nanging ramane, Prabu Airlangga meksa Dewi Sangga Langit rabi. Akhire Dewi Sangga Langit gelem rabi kanthi siji panyuwunan. Sesapa kang bisa gawé kesenian kang urung ana ing tanah Jawa bakal didadeake garwane Dewi Sangga Langit,

Tembang iki lumrahe dinyanyeake bocah-bocah cilik sinambi nganggo jaran kepang.

jaranan-jaranan jarané jaran tèji
sing numpak ndara bèi
sing ngiring para mantri
jég jég nong..jég jég gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedhèr
Karya: Ki Hadi Sukatno




#Article 359: Jamuran (236 words)


Jamuran iku dolanan kang misuwur ing tlatah Jawa. Jamuran bisa dilakokaké bocah kang cacahé 4-12. Jamuran lumrahé dianakake ing wektu sore lan bengi nalika padhang bulan. Bocah sing mèlu dolanan umuré antarané 6 nganti 13 taun. Dolanan jamuran bisa dilakokaké déning bocah lanang, bocah wadon utawa campuran. Dolanan jamuran ora butuhaké perkakas warna-warna, mung butuhake latar kang jembar.

Saumpama sing dolanan cacahe 10 (A, B, C, D, E, F, G, H, I,  J), banjur diundhi kanthi pingsut, sapa sing kalah bakal dadi. Saumpama sing dadi J, banjur A, B, C, D, E, F, G, H, I baris wujud bunder, ngubengi J kang ana ing tengah. Banjur A nganti I mau mlaku mubeng-mubeng ngubengi J, sinambi nembangaké tembang jamuran.
Nalika tekan pungkasané tembang, A nganti I mandheg anggoné ngubengi J. Banjur J mangsuli pitakoné bocah-bocah sing ngubengi. Saumpama J mangsuli jamur kethèk mènèk, banjur bocah 9 sing ngubengi mau kudu langsung tumindak kaya kethèk. Yèn ana bocah sing ora bisa niru tumindak kaya kethèk, tegesé bocah iku bakal dadi. Bocah kang dadi bisa nyebutaké aran jamur apa waé kang kudu diperagakaké bocah 9 sing mubengi sing dadi mau. Yèn ana bocah sing ora bisa, tegesé bocah iku dadi. Saumpamané jamur gagak, bocah 9 kang ana ing pinggir mau kudu niru tumindaké gagak, yèn salah utawa ora bisa kudu dadi.

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa




#Article 360: Candhi Prambanan (294 words)


Candhi Prambanan (Jawa: ꦕꦟ꧀ꦝꦶꦦꦿꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧀) ya iku komplèk candhi Hindhu gedhé dhéwé ing Asia Kidul-Wétan. Komplèk candhi iki manggon ing wewengkon Kabupatèn Sléman karo wewengkon Kabupatèn Klathèn. Komplèk iki adohé udakara 17 km lor-wétané Kutha Ngayogyakarta.

Arkèolog ngira-ira candhi iki diadegaké udakara ing taun 850 M déning Rakai Pikatan, ratu angka 6 ing Kraton Medhang, utawa Dyah Balitung. Nanging ora suwé sawusé binangun, candhi iki banjur dijaraké nganti rusak. Rénovasi candhi iki diwiwiti ing taun 1918 lan durung rampung tekan sepréné. Candhi utama rampung dirénovasi taun 1953 sanajan akèh watu pérangané kang wis ilang. Candhi-candhi cilik mokal dibangun manèh amarga mung katon landhesané utawa watuné ora ngancik 75% wanguné candhi. Candhi Prambanan kalebu ing Situs Warisan Donya UNESCO kawit taun 1991.

Komplèk candhi iki dumadi 8 candhi utama, paling dhuwur ngancik 47 mèter, lan 250 punjul candhi cilik. Telung candhi utama diarani Trisakti lan kanggo manembah Sang Hyang Trimurti: Bathara Siwa Sang Pangrusak, Bathara Wisnu Sang Panggulawentah, lan Bathara Brahma Sang Payipta. Candhi Siwa ing tengah ing jeroné ana patang kamar, siji ing saben kéblat. Ing kamar pratama, ngadeg reca Bathara Siwa kang dhuwuré ana telung mèter. Ing kamar liyané, ngadeg reca-reca kang luwih cilik kaya ta reca Durga (garwané), reca Agastya (guruné), lan reca Ganésa (putrané). Reca Durga iku uga diarani Rara Jonggrang karo pandunung kana. Rong candhi liyané ya iku Candhi Wisnu, madhep lor, lan Candhi Brahma, madhep kidul. Candhi-candhi cilik diadegaké kanggo kaya ta Sang Lembu Nandini (wahanané Bathara Siwa), Sang Angsa (wahanané Bathara Brahma), lan Sang Garudha (wahanané Bathara Wisnu). Ana punjul 250 candhi béda-béda gedhéné kang ngubengi candhi-candhi utama, diarani candhi prawara.

Rèlièf ing 20 tèmbok candhi nggambaraké wiracarita Ramayana. Lakon ing candhi iki béda karo lakon kang ditulis ing Kakawin Ramayana, nanging mèmper karo lakon ing carita Ramayana tuturan.




#Article 361: Candhi (306 words)


Candhi iku yasan kang lumrahé digawé nalika jaman kuna saka kabudayan Hindhu-Buda. sing diarani candhi durung mesthi jaman mbiyené dadi panggonan kanggo ngibadah. Ana uga candhi kang mbiyèné kanggo patirtan utawa kraton. Candhi ya iku yasan tilas saking mangsa lampau ingkang dados panggonan ngibadah ngibadah, pura, patirtaan lan gapura agama Hindhu-Buda. Tembung candhi asalé saka tembung “Candhika” kang tegesé jeneng salah siji Déwa kematian (Durga).
Amarga prakara mau candhi mesthi digayutake karo monumen panggon padharmaan kanggo muliakake ratu Anumerta (kang wis séda) tuladhané candhi Kidal kanggo muliakake Raja Anusapati. Penafsiran kang ana ing masarakat ya iku istilah 'candhi' mung ngrujuk saka yasan tilas jaman Hindhu-Buda ing Nusantara, ya iku ing Indonésia lan Malaysia waé (tuladhané: Candhi Lembah Bujang ing Kedah). Nanging saka sudut pandang Basa Indonésia, istilah 'candhi' uga ngrujuk marang kabèh wangunan sajarah Hindhu-Buda ana ing donya ora mung sing ana ing Indonésia lan Malaysia, uga Candhi ana ing Kamboja lan India, kaya ta candhi Angkor Wat ing Kamboja lan candhi Khajuraho ing India.

Candhi bisa migunani kanggo:

Struktur Yasan Candhi

Sistem tata letak komplék candhi

Candhi dibagi dadi

Pangyasa candhi digawé manut ketentuan kang ana ing kitab Vastusastra utawa Silpasastra kang digawé déning silpin ya iku seniman kang gawé candhi (arsitèk jaman dhisik). Salah saji péranganing kitab Vastusastra ya iku Manasara kang asalé saking India kidul, kang ora mung isi patokan-patokan gawé kuil. Salah siji ketentuan saka kitab saklitane Manasara nanging wigati ing Indonésia ya iku syarat yasan suci apiké diyasa cedhak banyu kali (mligi cedhak pertemuan 2 buah kali, tlaga, segara.

Bahan-bahan kanggo gawé candhi:

Macem-macem dénah candhi:

Candhi-candhi ing Indonésia, ya iku:

Candhi-candhi ing Jawa Kulon ya iku:

Candhi-candhi ing Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, ya iku:

Candhi-candhi ing Jawa Wétan, ya iku:

Candhi-candhi ing Bali ya iku:

Candhi-candhi ing Sumatra, ya iku:

Candhi-candhi ing Kalimantan ya iku:

Candhi ing Kamboja:




#Article 362: Candhi Pawon (782 words)


Candhi Pawon iku candhi kang manggon ing antarané Candhi Barabudhur lan Candhi Mendut, Ya iku 1750 mèter saka Barabudhur lan 1150 mèter saka Candhi Mendut, Désa Borobudur, Kacamatan Borobudur, Kabupatèn Magelang, Provinsi Jawa Tengah Indonésia. Candhi iki wiwit dipugar ing taun 1903. Durung ana sing bisa mesthekake ngapa kok jenengé Pawon.

J.G. de Casparis ngira-ira yèn Pawon iku saka basa Jawa Awu lan éntuk ater-ater (awalan) pa- lan panambang (akhiran) -an kang ngrujuk teges panggonan awu. Mula saka iku, arkeolog iki nganggep candhi iki mbiyèné kanggo ngobong jisim (mayit) dadi awu. Yèn dideleng saka panggonané, candhi iki ana ing désa Brojonalan (Brajanalan) kang bisa dirujuk ing basa Sansekerta vajra kang tegesé bledhèg lan anala sing artiné geni.

Ing njero candhi ora tinemu reca. Sing bisa digatekaké ing candhi iki ya iku ukiran-ukirané. Ing témbok njaba ana relief wit Kalpataru kang diapit pundhi-pundhi lan kinara-kinari (makluk kahyangan, sirahé manungsa awaké manuk).

Candhi Pawon kanthi umum durung bisa digerteni kanthi mesthi asal-usulé. Ahli epigrafi panjenengané J.G. de Casparis napsirake minangka Candhi Pawon asalé saka basa Jawa kang ngandut arti 'awu', duwé awalan pa- lan akhiran -an kang nunjukake minangka panggonan. Ing Sajeroning basa Jawa sadina-dina tembung pawon tegesé panggonan kang dienggo masak nganggo bahan utawa kayu, panemon liyané kang tinemu panjenengané de Casparis ngartikake 'owahan' utawa pangon awu. Pandhudhuk sakiteré candhi uga mratélakaké Candhi Pawon kanthi sebatan Bajranalan. Tembung iki  duwé asal saka basa Sanskerta vajra =kang artiné 'halilintar' lan anala kang ngandud 'geni'.

Miturut panjenengané Casparis, Candhi Pawon didadèkaké salah sijiné panggonan kang duwé mupangat kanggo sesinggahan awu jisimipun Raja Indra (782 - 812 M), ya iku bapa saka Raja Samarrattungga saka Dinasti Syailendra. Saka katerangan kang diserap pandhudhuk Pawon  kaasal saka tembung pawuan kang ngemu teges panggonan kanggo nyimpen [awu/abu]. Ana prakiraan menawa candhi pawon ing jaman semana, ana  Arca Bodhhisatwa, minangka wujud paring kinurmatan kangge Raja Indra sing uwis dianggep bodhisattva,  maka ana salah sijiné reca Bodhisatwva.Sakabehané Prasasti Karang Tengah disebutake minangka reca mau mancarake cahya. Kadadean punika nimbulake minangka reca Bodhisattwa digawé saka bahan dhasar utawa perunggu.

Batur candhi kang duwé dhuwur kurang luwih 1,5 m duwé denah segi papat, uga kababar ing sisih pinggir digawé nekuk-nekuk kang kawujud kanthi20 sudut. Tembok batur dihiasi tatahan kanthi motif, kembang, lan motif wit-witan kang merambat. Kaanan kaya mangkono jelas ana bedané ing candhi Buda lumrahé, Wujud awak candhi Pawon ramping utawa tipis kaanan kaya mengkene kaya ta Candhi Hindhu.

Kori utawa lawang mlebu ing ruangan tumuju awak Candhi kang ana ing pérangan kulon lan ing ndhuwur garis kori/lawang kapapar anané rerenggan Kalamakara tanpa sangga rangga ing ngisoré.Tangga kang ngetrap tumuju ing selasar, dijangkepi kanthi  dipirantèni dengan pipi tangga minangka di wujud kanthi tatahan kang ana ing njaba témbok candhi.. Hiasan sirah naga kang ana ing bongkot pipi tangga amarga umur kang tuwa lan ora karawat akir e rusak. Panggonan kang ana ing sajeroning awak  candhi saiki kahananné kosong, nanging ing ana ing dhasar ruangan kanyata ana tipak reca kang nunjukake panggonan iku jaman mbiyèn ana reca. Candhi Pawon ngalami pamugaran kapisanan ing taun 1903.

Ing Sajeroning candhi ora bisa tinemu manèh  reca saéngga kanggelan minangka ngelompokake uga identifikasi kang luwih jangkep. Salah sijiné kaanan kang astamiwa saka Candhi Pawon ya iku kapapar déning candhi anéka warna rerenggan. Tembok-temboking njaba candhi duwé rerenggan kanthi relief wit hayati (kalpataru) kang diapit pundi-pundi lan kinara-kinari (mahluk setengah manungsa setengah manuk/kang duwé  sirah manungsa lan awak manuk).
Payon candhi kang duwé wujud  pasagi kang di susun déning rerenggan sawijinging  dagoba (kubah) cilik ing saben-sabensisiné.Pucuk payon duwé rerenggan kanthi siji  dagoba utawa kang luwih gedhé dibandingaké déning dagoba liyané.

Ing saubengé témbok pérangan candhi, sisih lor lan kidul saben kori mlebu, kapapar relung kang duwé isi aneka rupa tatahan awujud nggambaraké Kuwera (Déwa Pasugihan) duwé dedeg madeg. Ukiran ing témbok kang duwé bahan utama saka watu ing kidul kori kanthi kaanan kang rusak lan ora jelas relief wujud gambare, ana pérangan sirah kang ajur

Ing sakiteré témbok candhi sisih lor lan kidul bisa tinemu relief kang padha, ya iku kang nggambaraké Kinara lan Kinari, sapasang manuk kang duwé sirah manungsa, ngadeg ngapit wit kalpataru kang urip sajeroning sawijining jambangan. Ing sakiteré wit uga bisa tinemu tumpukan duit. Relief liyané uga bisa tinemu ana ing langit-langit kang kaukir sawijining sapasang manungsa kang bisa mabur. Ing pérangan ndhuwur témbok kapapar déning relief nggambaraké sapasang cendela cilik kang duwé fungsi minangka  ventilasi. Ing antarané bolongan iku uga ana relief kang misuwur kanthi sebatan  pahatan kumuda.

Adidasar asl-usul jeneng saka Candhi Pawon dinuga candhi kang di bangun minangka ndhuwi mupangat kanggo nyimpen awu jenazah saka jasat panjenengané Raja Indra.Mupangat liyané adidasar saka wujud bangungan candhi, asitektur candhi, relief  candhi lan dumunungngé candhi diyasa tumuju ing Upa Angga utawa péranganing Candhi Borobudur.




#Article 363: Abad (144 words)


Abad iku petungan wektu kang dietung sepuluh dasawarsa utawa satus taun sapisan. Miturut kalèndher Grégorius, Abad kapisan (abad-1) diwiwiti ing tanggal 1 Januari taun 1 lan mungkasi ing tanggal 31 Dhésèmber taun 100. Déné abad kaping 2 diwiwiti ing taun 101, abad kaping 3 diwiwiti taun 201 lan saterusé. Lumrahé bisa dipigunakaké rumus: Abad kaping n diwiwiti ing taun 100xn-99. Sajeroning siji abad mung ana siji taun sing diarani taun sèntènial (centennial), yakuwi taun sing angka wiwitané nuduhaké jeneng abad. Conto taun 1900 minangka pungkasan saka abad kaping 19.

Sajeroning sistem kalèndhèr Grégorius ora ana abad kaping 0, semono uga ora ana taun 0. Dadi saka taun 1 SM (sadurungé Masehi) mlumpat menyang taun 1 M (Masehi).

The Battle of the Centuries, Ruth Freitag, U.S. Government Printing Office. Available from the Superintendent of Documents, P.O. Box 371954, Pittsburgh, PA 15250-7954. Cite stock no. 030-001-00153-9.




#Article 364: Baladéwa (528 words)


Sajeroning mitologi Hindhu, Baladéwa utawa Baladewa (Déwanagari: बलदोव) utawa Balarama (Déwanagari: बलराम; Balarāma), mau uga Balabhadra lan Halayudha, iku sadulur tuwa saka Kresna, putra Basudéwa patutan karo Dewaki. Sajeroning filsafat Waisnawa lan sawatara tradhisi pamujan ing India kidul, Baladewa dipuja minangka awatara ka enem saka Maha Awatara lan kalebu salah siji saka 25 awatara sajeroning Purana. Miturut filsafat Waisnawa lan sawatara pandangan umat Hindhu, Baladewa minangka manifèstasi saka Sesa, ula suci sing dadi ranjang Déwa Wisnu.

Prabu Baladéwa iku ratu ing Mandura, putrané Prabu Basudéwa lan Dèwi Rohini kang pembayun. Rayiné nunggal rama séjé ibu ana loro, ya iku Prabu Kresna utawa Narayana) lan Dèwi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Nalika isih timur jenengé Kakrasana.
Prabu Baladéwa iku pakulitané putih (bulé), déné Prabu Kresna ireng thunteng tekan balung sungsumé. Watak Baladewa kang cepet panas ati lan ngumbar nesu uga kosok balene Kresna kang sabar lan sareh. Mula kadang loro iku banjur sinebut gondhang kinasih.
Prabu Baladéwa jumeneng nata ana Mandura nggantèni kalenggaheni ingkang rama, Prabu Basudéwa, lan diembani patih Pragota lan Prabawa. Pramèswariné asma Dèwi Erawati, putriné Prabu Salya ing Mandharaka. Karo Dèwi Erawati, Prabu Baladéwa banjur peputra kakung cacah loro, asma Radèn Wisatha lan Wimuka. Pusakané Prabu Baladéwa karan Sanjata Nanggala lan Alugara. Pusaka iku peparingé Bathara Brahma.
Nalika isih timur, para putra Mandhura iku padha dititipaké ana ing Kadhemangan Widorokandhang, diaku anak marang Ki Antyagopa lan Nyai Sagopi. Putra Mandhura iku padha diseduluraké karo anaké Antyagopa ya iku Udawa, Rarasati, Pragota, lan Prabawa.

Anggoné Kakrasana (Baladewa), Narayana (Kresna) lan Bratajaya dititipaké ana Kademangan Widorokandhang iku amrih ora konangan Prabu Anom Kangsadéwa, nata mudha ing Kadipatèn Sengkapura. Kangsa iku putra kuwaloné Prabu Basudewa kang lair saka garwa Dèwi Maerah kang cinidra resmi marang ratu buta, Prabu Gorawangsa, nata ing Guwabarong, nalika Sang Dèwi lagi ditinggal tindak mbebedhak utawa grogol ing alas déning Basudewa. Mula Kangsa wujudé iya manungsa setengah buta: wataké wengis lan angkara murka, péngin ngendhih kawibawan nagara Mandhura. Semono uga Kangsa uga péngin matèni putra-putrane Basudewa liyané kang dianggep bakal ngalang-alangi gegayuhane ya iku nguwasani nagara Mandhura. Carané: Kangsa nganakaké adhu jago. Sing dienggo totohan nagara saisiné. Jagoné saka Sengkapura (Kanoman) wujudé buta gedhé apraceka Ditya Suratimantra, déné jago saka Mandhura (Kasepuha) ora liya Brataséna.
Nalika ana adu jago iku, Kakrasana, Narayana lan Bratajaya iya nonton. Pancèn adon-adon iku ramé banget. Saben Suratimantra tumeka pati déning Bratasena, kuwandhané digotong terus dicemplungaké ing tlaga Banyusemangka saéngga bisa urip manèh. Mengkono nganti wola-wali. Permadi iya Arjuna kang kawit mau ngulataké kangmasé anggoné tetandhingan karo Suratimantra. 
Baladéwa kondhang nduwé watak jujur lan apa anané, nanging dhèwèké uga asring grusa-grusu lan gampang nesu. 

Senajan Baladewa urip bebarengan karo Pandhawa lan Kurawa, nanging saka apus krama Prabu Kresna mula Baladewa ora ngerti wiwitané perang amarga madeg pandhita ing pertapan Grojogan Sewu jejuluk Resi Jaladara sambi nunggu kabar menawa perang bakal kawiwitan. Nanging nganti suwe kabar wiwité perang durung ana lan nganti salin jaman. Perang wis kliwat lan nganti kabèh Pandhawa wis kasidan jati, Negara Ngastina dipimpin Utari amarga Parikesit kang digadhang dadi ratu durung diwasa, Resi Jaladara kang wis tuwa lagi mangerteni kasunyatan yen Bratayuda wis rampung lan kabèh kahanan wis ganti. Resi Jaladara kasidan jati sawise Parikesit jumeneng ratu Ngastina.




#Article 365: Musiyum (233 words)


Muséum utawa musiyum iku gedhong/yasan kanggo nyimpen patilasan utawa barang kang ngandhut sajarah. Ing jaman saiki, akèh uga musiyum kang nyimpen barang-barang kontemporèr, ora mligi marang sing kuna banget.

Musiyum manut Encyclopedia Americana (EA), tegesé siji lembaga institusi sing awèh pangladènan telung prakara: pengumpul, pelindung, lan mamerake obyek. Miturut Budpar ing (Pasal 1.(1). PP. No. 19 Tahun 1995), Musiyum ing kaitane karo warisan budaya, ya iku lembaga, panggonan nyimpen, ngrawat, ngamanake barang bukti materiil asil budayane manungsa, alam, lan lingkungan kanggo nyengkuyung usada perlindungan lan pelestarian kekayaan budaya bangsa .

Tembung ‘musiyum’ asalé saka basa Yunani Kuno, museion, sing tegesé “kuil kanggo panggonan nyembah 9 Dewi Muse.” Ing mitologi klasik, Muse ya iku déwa-déwa literature (mligine ing bab puisi), musik, jogèd, lan kabèh sing ana gegayutane karo kaendahan, kawruh, lan ngèlmu kawruh; dewi iku kabèh padha nyanyi lan nari ing pangawasane Apollo, ya iku Musagates (pandhegane Muse). Dewi-dewi iku ya iku (Calliope, Clio, Erato, Euterpe, Thalia, Melpomene, Polyhimnia, Terpsichore, lan Urama) ya iku putri-putri Déwa Zeus lan Mnemosyne-déwa paling dhuwur ing pantheon Yunani Kuno. Dewi iku mau dipepuja ing saben acara ritual pengabdian masarakat kanggo Zeus (Encyclopedia Americana,1970). Saliyané iku, budpar uga mratelakake yèn musiyum iku pangonan makarya ahli-ahli pikir jaman Yunani kuna, kaya sekolahé Pythagoras lan Plato. Sansaya suwé musiyum kang wiwitane panggonan ngumpulake barang lan piranti kang dibutuhake kanggo penyelidikan ngèlmu lan kesenian, owah dadi panggonan ngumpulake barang aneh lan langka.




#Article 366: Musiyum Dipanagara (180 words)


Musiyum Dipanagara ya iku sawijining musiyum kang dumunung ing Kutha Magelang, persis ing Dalan Diponegoro no. 1. Gedhungé manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidenan Kedu kang diyasa taun 1810. Wangunan musiyum iki duwé gaya Arsitektur Klasik Éropah. Jinisé Musiyum Kamar Pengabdian Diponegoro iki sifaté kusus kanggo mémorial, amarga yasan/ruangan pamèran minangka bekas panggonan Pangeran Diponegoro rembugan karo Jenderal De Kock.

Kolèksi kang ana ing musiyum Dipanagara ya iku barang-barang peninggalan saka Pangeran Diponegoro, antarané:

Dipanagara ya iku salah sawijining Pahlawan Nasional kang duwé latar sajarah kang héroik. Pangéran Dipanagara ya iku pemimpin kang duwé sipat tegas ngadhepi Walanda kanthi fisik utawa diplomasi, saéngga Walanda ing jaman iku akèh ora kasilé. Nanging nganggo kalicikané Walanda, kanthi dibawahi Jenderal De Kock, Pangeran Dipanagara diajak rundhingan kang pungkasané malah Pangéran Dipanagara dicekel. Kedadéyan mau kedadèn ing tanggal 20 Oktober 1830, ing omah dhinas Karesidenan Kedu. Pangeran Dipanagara minangka Pahlawan kamardikan kang berjuang nglawan Walanda saka taun 1825 nganti 1830, kang dikenal kanthi jeneng Perang Dipanagara. Kanggo ngenang jasa-jasané mula ruangan panggonan Pangeran Dipanagara rundhingan karo Walanda nganti dicekel mau dikukuhaké dadi ruangan musèum.




#Article 367: Pétruk (519 words)


Petruk iku salah sijiné Panakawan anaké Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dhèwèké duwé bojo Dewi Prantawati, putri saka Prabu Sri Bathara Kresna raja nagara Dwarawati.

Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman wujud pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu lan Petruk Dukun.

Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki Putra Raja Gandarwaraja Suwala kang aran Gandarwa Saparta, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijinévèrsi. g iku, dhèwèké karan asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika iku jenengé Bambang pecukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut.

Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka iku, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngèlmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah dalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar lan Bagong. Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar.

ing versi liya, Petruk kang biyene anak raja Gandarwaraja Suwala kang aran Gandarwa Saparta, biyèn dhèwèké bocah ndablek, seneng nggodhani para wanita ing jagad manungsa. Bapake Gandarwaraja Suwala mbudidaya ngandhani kang putra kanthi cara alus utawa kasar, nanging gagal.
banjur Gandarwaraja Suwala nyuwun tulung marang Resi Palasara kang lagi nglelana kaliyan Para Punakawan antarané Kyai Semar lan Bagong.

Resi Palasara nuruti pamintane Gandarwaraja Suwala,banjur Resi Palasara ngandhani kanthi cara alus marang Gandarwa Saparta,nanging Gandarwa Saparta malah mbantah lan nantang Resi Palasara adu kasekten. Banjur Resi Palasara narima tantangane, nanging sing tarung dudu Resi Palasara, namung Kyai Semar. Banjur Gandarwa Saparta ngentengake lan ngguyu marang dedeg awake Kyai Semar kang arep dilawan dhèwèké. Namung dhèwèké ya nantang yèn kalah bakal dadya abdine Resi Palasara sakturune lan nglerenake pakulinan nakale.

Banjur nalika adu kasekten, Kyai Semar mlayu kablandang blandang, lan Gandarwa Saparta nututi mburine. Saben apa baé kang ngalang-ngalangi Kyai Semar dibalangake memburi marang Gandarwa Saparta. Watu, kayu, kéwan, gegodhongan lan liya-liyané. Nanging, nalika iku Kyai Semar njabut Wit Garu Rasamala njur nubruk Gandarwa Saparta lan rubah wujud dadya Resi Sukadi,Pertapa saka Bluluktiba lan satemah dadya perang tanding saklorone.

Nanging ana keanehan, saklorone owah wujud raine dadya ala, Gandarwa Saparta irung, lengen lan sikile dadi dawa amarga ditariki Resi Sukadi. Sawalike, Resi Sukadi matane dadya kero, tangan cekot pérangan, lan sikile gejik amarga digebuki karo Gandarwa Saparta.
Kyai Semar banjur misahake sakloron. Gandarwa Saparta banjur ngaku kabèh kaluputane lan kesombongane, uga pasrah dadi abdine Resi Palasara.
Resi Sukadi iya mangkono, biyèn Resi Sukadi tetapa pengen umuré dawa, banjur nrima pituduh saka déwa Resi Sukadi tetep umuré dawa yèn ketemu marang Lurah kang awake lemu bunder kang aran Kyai Semar Badranaya, lan sakloron pasrah dadya putrane Kyai Semar Badranaya. Kyai Semar ngganti jeneng sakloron, Gandarwa Saparta dadya Petruk, banjur Resi Sukadi dadya Nala Gareng.
lan Bagong dadya anak wuragil saka anak anak semar amarga sipat bagong kang ijek cilik.

Banjur Karawuhan Batara Narada, manawa Kyai Semar kadhawuhan dadya abdine Resi Palasara sakkaturunane diapit kaliyan putra angkate kang wus ana saiki.




#Article 368: Udawa (108 words)


Arya Udawa iku putrane Basudewa lan Ken Sagopi. Ken Sagopi iku wiraswara kraton kang pinter gendhingan. Dhèwèké dudu garwane Basudewa. Bojone Ken Sagopi ya iku Antagopa. Dadi, Udawa urip ing kabuyutan Widarakandhang (Widarakandha). Mula, resminé Udawa iku anaké Antagopa.

Wiwit cilik Udawa cedhak karo Kresna. Kresna bareng karo sadulur liyané (Dewi Sumbadra lan Baladewa) dititipake ing Widarakandhang amarga nagara Mandura lagi ana ontran-ontran diserbu déning Kangsadewa.

Udawa nduwé bojo Dewi Antiwati kanthi pitulungan Dewi Larasati, seduluré.

Sawisé diwasa, Udawa diangkat patih déning Kresna ing nagara Dwarawati. Ing Bharatayuddha, dhèwèké mèlu perang nglawan Kurawa. Udawa mati sabubaré perang gedhé iku ing lakon Mosala Parwa nalika keturunan Yadu mati kabèh.




#Article 369: Babad Tanah Jawi (141 words)


Babad Tanah Jawi iku tetenger kanggo sawenèh babon basa Jawa bab sajarahing Tanah Jawa. Reroncèn lan rerincèné ana rupa-rupa lan kupiyané sing tuwa dhéwé katitimangsa ing abad kaping wolulas. Isiné nyritakaké sajarah Tanah Jawa sing kawiwitan Nabi Adam, tumuli sarasilah para déwa, para wayang, darah Kadhiri, darah Pajajaran, darah Majapait, darah Demak, darah Pajang, darah Mataram, lan dipungkasi darah Kartasura.

Amarga ora anané cathethan sajarah primèr, Babad Tanah Jawi dadi salah siji carita rakyat Indonésia sing dienggo nggambaraké aspèk-aspèk rembakané Islam ing Indonésia kawit abad kaping nembelas.

Ing jeroné kocap yèn salin agamané wong Jawa dadi Islam iku amarga lelabuhané Wali Sanga. Jeneng-jenengé wali lan lelawanané wali siji karo liyané ana warna-warna mirid kupiya-kupiya sing ana. Pérangan gedhéné kupiya sarujuk yèn cacahé wali ana sanga, nanging cacahé satemené luwih saka iku.

Babad Tanah Jawi uga ingaran babad gedhé utawa babad mayor.




#Article 370: Kagunan (206 words)


Kagunan iku pérangan kabudayan kang ana gayutané karo wujud rasa apik utawa éndah. Rasa apik iku anané ing batin, ing pikiran manungsa. Kagunan iku fungsiné kanggo nyaluraké rasa éndah ing pikiran, tegesé, kagunan iku prosès nyiptaaké wujud-wujud kang ndadèkaké ati ngrasa seneng, puas, bungah kanggo memapki sisih batin/spiritual kauripan manungsa.

Sapérangan wong duwé anggepan yèn Kagunan iku mung pelengkap, Sajatiné kagunan iku wis ana kawit manungsa lair, dadi ing saben individu, jiwa kagunan iku tuwuh bareng karo èlmu sawenèh individu mau.

Fungsi kagunan iku kanggo ngalusaké perasaan, pikiran uga watek/kepribadian, lewih lanjut kanggo ngalusaké tingkah polah utawa tingkah laku manungsa. Kasil pribadi kang wis dibekeli rasa alus iku mengko dadi duwé sipat santun, toleran lan wicaksana. Mulane kawit cilik manungsa iku wis moali dibekeli momotan kagunan upamané liwat tembang bocah saking biyunge, tembang Tak Lelo Lelo Lelo Ledung contoné, utawa saking dongèng kang dicritaaken ramane. Fungsi liyané kanggo numbuhke sipat kreatif mligi ing bocah-bocah.

Dolanan iku donya kagunan bocah kang terus dilakoni nganti bocah iku melebu sekolah. Pelajaran nggambar ing sekolah iku cara kanggo nuwuhaké rasa kagunan ing jiwa bocah.

Wujud kagunan iku lengkèt karo enggon utawa papan asal jinisé kagunan iku. Sifat, warna, gaya lan kabèh perangkat kagunan mesthi cocog karo enggon asalé kagunan iku.




#Article 371: Mosalaparwa (250 words)


Mosala Parwa iku  pérangan nomer 16 (nembelas) ing kitab Mahabharata. Ing kéné kacaritaake musnane para Wresni lan Yadu, utawa wong-wong ing krajan Mandura (Madura)-Dwarawati.

Nalika iku Bathara Narada lan sawatara resi lunga menyang Dwarawati. Ing kéné wong-wong iki nylamur laku dadi pandhita. Samba lan wong-wong Dwarawati nggoda. Samba didandani kaya déné wanita kang lagi ngandhut (meteng). Pandhita mau ditakoni ‘’bayi’’ kang ana ing weteng iku lanang apa wadon. Pandhita mau nesu amarga ngerti yèn sejatine wong mau Samba kang lanang. Pandhita iku supata yèn mengkone Samba bakal nglairke tenan gada (mosala) wesi  sing bakal matèni trah Yadu.

Pocapan iku dadi kasunyatan. Sawisé lair gada iku, banjur dilebur dadi lebu (serbuk) lan diguwang menyang segara. Baladewa lan Kresna banjur nglarang wong-wong padha mabuk-mabukan.

Sawijine dina, Bathara Kala teka. Iku dadi pratandha yèn bakal ana bebaya. Wong-wong sanagara banjur gawé upacara ing pinggir segara. Nalika upacara iki wong-wong ngombé arak lan mabuk. Wong-wong padha padudon lan adu tandhing. Pisanane Satyaki ngece Kretamarma kang mlayu saka paprangan Bharatayuddha.  Kretamarma mati dipateni déning Satyaki nganggo kayu glagah sing thukul ing cedhak kono. Wit-wit glagah iku sejatine saka gada (mosala) sing dibuang ing segara. Glagah mau banjur dadi wesi sing kuwat. Wong-wong banjur padha tandhing nganggo glagah-glagah mau lan mati kabèh.

Kresna lan Baladewa sedhih. Ing carita iki iku mau patine Baladewa lan Kresna. Baladewa mati nalika tapa lan saka tutuke (cangkeme) metu naga. Kresna mati nalika tapa kanthi lungguh ing godhong wit ing ngalas. Ana wong sing lagi mbedhag (mbeburu) lan panahe ngenani Kresna.




#Article 372: Kuñjarakarna (269 words)


Kuñjarakarna  iku sawijining tèks gancaran Jawa Kuna sing nyritakaké raseksa Kunjarakarna kang kepéngin ngruwat dadi manungsa. Dhèwèké banjur ngadhep Bathara Wairocana, pangulune Dhyani Buda. Sang Bathara akon Kunjarakarna supaya nonton dhisik kaanan neraka. Ing kono raseksa mau dikatonaké déning Bathara Yamadipati kang nontonake sakabèhing pasiksan.

Pungkasané Kunjarakarna ngadhep Wairocana lan nampa piwulang. Sabanjuré bisa dadi manungsa kang éndah ing rupa.

Sawijining dina, Kuñjarakarna agentur tapa ing gunung Mahameru supaya ing kalairan sabanjuré bisa tumitis dadi manungsa sing rupané bagus. Mula dhèwèké mara sowan marang Wairocana utawi sang Buda.

Banjur dhèwèké olèh niliki neraka, papané bathara Yama. Ing kono dhèwèké olèh kabar yèn kancané, sang Purnawijaya bakal tilar donya ing wektu pirang dina manèh lan arwahé bakal dipilara lan disiksa ing neraka.

Banjur Kunjarakarna mara ngadhep Wairocana lan nyuwun dispènsasi. Wusanané dhèwèké pareng ngandhani Purnawijaya bab iki. Purnawijaya kagèt yèn diajak mélu ndheleng neraka. Banjur dhèwèké bali menyang bumi lan pamitan karo bojoné.

Wusanané dhèwèké tilar donya tenan, nanging mung disiksa sepuluh dina waé lan ora atusan taun. Banjur dhèwèké olèh bali menyang bumi manèh. Carita iki bubar karo adegan sang Kunjarakarna yasa tapa karo Purnawijaya ing imbangé gunung Mahameru.

Piwulang carita: sok sapa sing ngrungokaké lan ngerti prakara dharma, dhèwèké bakal slamet.

Kitab iki ngandhut piwulang Buda Mahayana. Piwulang iki tinatah ing relief ing Candhi Jago. Durung ana ahli sing bisa mesthèkaké sapa kang ngarang carita iki.

Sawetara ahli filologi nanggepi umur kitab iki kanthi béda. Kern ngira yèn kitab iki saka Jawa Kulon lan saka abad kaping 14.  Déné Pigeud nganggep yèn Kunjarakarna iki luwih enom tinimbang abad iku. Déné Zoetmulder nganggep yèn naskah iki saka jaman Majapait.




#Article 373: Suwardi Endraswara (101 words)


Suwardi Endraswara iku tokoh sastra kelairan Kulon Praga  3 April 1964. Suwardi Endraswara iki salah sijiné sastrawan Jawa modhèren. Ana kalané dhèwèké nganggo jeneng sesinglon (samaran) Laras Purbaningtyas, Ki ening Budi, lan Larasati Abimanyu.  Karya sastrané asring ngandhut mistik Jawa lan sufisme. Liwat buku kumpulan carita cekak ‘’Senthir’’, Suwardi Endraswara kasil mboyong pangaji-aji Rancage ing taun 2006.

Sastrawan iki naté makarya dadi guru SPG 17 III Bantul, wartawan Mekar Sari, ketua panyunting kalawarta sastra Jawa Pagagan, sekretaris Himpunan Sarjana Kesusteraan Indonésia (HISKI) Yogjakarta, wartawan Majalah Sempulur, wartawan Majalah Kajawèn, lan profèsi liyané kang ana sesambungané klawan Sastra Jawa.

Buku-buku anggitané antarané:




#Article 374: Suparto Brata (207 words)


Suparto Brata (lair Surabaya, Setu Legi 19 Syawal taun Jé utawa 23 Fèbruari 1932) iku sastrawan Jawa Modern kang produktif. Dhèwèké kerepnampa pangaji-aji saka ngendi-ngendi, ing antarané, pungkasan iki ya iku ing sasi Oktober 2007, nampa SEA Write Award bebarengan karo para sastrawan liyané, yaiku Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir (Brunei Darussalam), Ourn Suphany (Kamboja), Ratanavong Houmphanh (Laos), Prof. Rahman Shaari (Malaysia), Michael Coroza (Pilipina), Rex Shelley (Singapura), Montri Sriyong(Thailand), lan Tran Van Tuan (Vietnam). Carita rekan (fiksi) sepisanan kang kapacak  ya iku ‘’Miss Rika di Angkasa’’ ing Majalah Garuda, 25 Oktober 1953. Sawisé iku, dhèwèké kerep nulis carita cekak, sandhiwara, utawa novèl. Saliyané nulis ing satra Jawa, dhèwèké uga nulis carita rekan ing sastra Indonésia. Malah, novèl pisanan kang digawé nganggo basa Indonésia, ya iku ‘’Tak Ada nasi Lain’’ kang banjur kapacak ing koran Kompas taun 1990, pirang-pirang taun sawisé novèl iku digawé.

Wiwitané nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing taun 1959. Lan nalika kalawarta iku nganakaké sayembara, dhèwèké nulis Kaum Républik kang banjur menang lan kapacak taun 1960. Anakalané dhèwèké nganggo jeneng sesinglon (samaran) Peni utawa Eling Jatmiko.

Suparto Brata iku putrané Radèn Suratman Bratatanaya lan Bendara Radèn Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.

Buku-buku sastra Jawa kang katulis antarané:




#Article 375: Ater-ater (166 words)


Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing paclathon . Yèn ing basa Indonésia diarani awalan, yèn ing basa Inggris diarani prefix .

Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung, amarga swarané mbrengengeng . Kang kalebu ater-ater hanuswara ya iku n-, ny-, m-, lan ng- . Ater-ater hanuswara lumrahé ateges solah tingkah utawa nindakaké pagawèyan . Ater-ater uga lumrah mratélakaké tembung tanduk (aktip) .

Ater-ater hanuswara iki uga ngluluhi wyanjana ing ngareping tembung lingga. Wyanjana kang luluh iku:

Yèn ing tembung lingga kang awalé dudu wyanjana iku, hanuswarané mung ditambahi, tuladha: 

Ater-ater tripurusa ya iku ater-ater kang minangka sesulih purusa . Ater-ater tripurusa iku kosokbalené ater-ater hanuswara . Béda karo ater-ater hanuswara, déné ater-ater tripurusa mratèlaké tembung tanggap (pasip) . Cacahé ater-ater tripurusa ana telu, ya iku dak- utawa tak-, ko-, lan di- .

Ater-ater saliyané ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahé ana 13, ya iku sa- utawa se-, pa-, pi-, pra-, tar- utawa ter-, ka- utawa ke-, kuma-, kapi-, kami-, a-.

Tuladha: 




#Article 376: Carita cekak (289 words)


Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut kadadeyan kang ora dawa lan ora akèh alur critane. Utawi siji karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggoné nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carané ngrampungaké masalahe.

Karakteristik cerkak:

Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak:

Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegesé unsur-unsur kang yasa crita saka sajroning crita mau.

Carita cindek atawa cindek kien jinis sastra tulis ning wewengkon Cerbon-Dermayu kang duwé teges ora adoh séjén sing cerpén ning basa Indonésia. Ukuran cindek ning kéné ditegesi minangka: olih diwaca sapisan sambi ndodok ning wektu kurang sing sejam. Séjéné kang utama ana ning basa. Cerpén nganggo basa Indonésia, yèn carita cindek nganggo basa Jawa dialék Cirebon atawa basa Jawa dialék Indramayu. Basa iku nganggo negesi idéntitas daérah ya iku basa Cerbon-Dermayu kang séjén karo basa liyané. Aran carita cindek gan ning basa Sunda karan carita pondok (carpon). Toli ning basa Jawa karan cerkak (cerita cekak).

Cerita péndék (cerpén) miturut Sumardjo lan Saini (1988:30) iku carita kang dhapuré prosa cindek. Tembung pendek ning pérangan iki ora ceta ukurané. Diarani cindek gan amarga kien mung duwé éfék tunggal, karakter, plot, lan setting kang kebates, beli akèh ragamé, lan beli kompléks.

Aran carita cindek (cindek) ning wewengkon budaya Cerbon-Dermayu iki masih anyar. Sosialisasi formal dilakonang ning jero Kurikulum 2012 Basa Cerbon-Dermayu, ya iku karo ngemanjingnang istilah carita cindek ning Kompetensi Dasar kurikulum anyar mau. Perkara anyar kien bisa dadi hal kang wajar, yèn géokultural dirasa ora pada karo géokultural liyané lan ngupayanang kanggo nampilnang idéntitas kang mandiri. Perkara kuen gan ana ning géokultural Banyuwangi (Jawa Wétan) kang ngarani carita cindeké nganggo basa daérahé (Using) minangka cerita céndhek, dudu cerita cekak (Kompas, 26 Désémber 2013, kaca 4).




#Article 377: Babad (242 words)


Babad iku salah siji gènré sastra, mligi ing sastra Jawa. Karya-karya sastra mawa gènré babad racaké ngemu camboraning sajarah, mitos, lan kapitayan. Miturut M. C. Ricklefs, patitising kandhutan babad ana manéka rupa, nanging ana sawatara babad kang kandhutané bisa ingaran rada titis tur bisa dadi sumbering sajarah kang migunani.

Pérangan gedhé babad tinulis ing wujud macapat, nanging uga ana kang tinulis ing wujud gancaran. Ana pérangan cilik babad kang tinulis ing basa Bali. Ing Bali, karya-karya mawa gènré babad racaké tinulis ing jamaning Karaton Gelgel (1340-1705).

Tembung babad iku tembung Jawa kang tegesé negori wit-witan kanggo yasa padésan. Gegayutané karo gènré sastra babad iku amarga carita utawa sajarah kang kinandhut ing karya babad padatan kawiwitan saka pambabading alas kanggo yasa padésan ing carita.

Dhedhasar jinising tulisané, babad kapérang dadi macapat lan gancaran. Sanajan pérangan gedhé babad tinulis ing wujud macapat, nanging ana uga kang tinulis ing wujud gancaran kaya ta Babad Pagedhongan lan Babad Sruni.

Dhedhasar kandhutané, babad sok kapérang dadi telung jinis. 

Dhedhasar basané, pérangan gedhé babad tinulis ing basa Jawa. Mung pérangan cilik babad kang tinulis ing basa liyané kaya ta Babad Pasek, Babad Arya, lan Babad Bulèlèng kang tinulis ing basa Bali lan Bhābhād Soengenep kang tinulis ing basa Madura.

Babad sok ngemu unsur-unsur irasional lan magis kang memuji ratu dalah wangsané (dhinasti). Pamuji iku ingaran minangka pambudidaya nggegedhé begja lan sektining ratu minangka punjering pamuja tur wewakiling Gusti ing donya.

Ing sor iki contoning pamuji ing Babad Pagedhongan.




#Article 378: Sugiarta Sriwibawa (139 words)


Pengarang kelairan Surakarta, 31 Maret 1932 iki salah sijiné sastrawan Jawa. Karire luwih akèh dadi juru warta, antarané dadi wartawan Antara. Ing jaman Perang Kamardhikan II, Sugiarta Sriwibawa naté dhedhemitan nyebar Antara Mobile Bulletin ing njero kutha Sala kanggo nanggulangi pawarta Walanda liwat pawarta Aneta.

Dhèwèké miwiti nulis gurit basa Indonésia ing taun 1951 lan kapacak ing Mimbar Indonésia. Tulisane banjur sumebar ana ing pawarta liyané, ing antarané Siasat, Zenith, Seni, Kisah, lan Budaya jaya. Kumpulan puisine kababar pisanan déning Balai Pustaka ing taun 1983. Dhèwèké uga bareng karo Ramadhan KH nulis biografine Soeharto. Ing laku wektu sabanjuré, Sugiarta Sriwibawa uga nulis sawatara buku wacan bocah kanthi nganggo sesinglon.

Ing sastra Jawa, pisanane kapacak ing kalawarti Mekar Sari (1958). Sabanjure, nulis jarwan saka Babad Tanah Jawi. Dhèwèké uga naté nampa Bebungah Sastra Rancage.

Buku-buku kang naté metu ing antarané:




#Article 379: Any Asmara (100 words)


Any Asmara, jeneng asliné Achmad Ngubaeni Ranusastraasmara. Penulis klairan Banjarnegara, 13 Agustus 1913 iki kondhang amarga akèh mbabar buku roman panglipur wuyung. Ing jaman Orde Lama, ora kurang 70 novèl/carita sambung lan 750 carita cekak katulis. Ana kang nyebut yèn ora kabèh buku kang kababar mau asli tulisané, ana uga kang tulisané wong liya nanging nganggo jenenge.

Karangane Any Asmara akèh-akèhé carita prakara tresna asmara. Manut George Quinn, isiné novèl-novèlé iku roman kang ngemu budi pekerti kang diwènèhi bumbu prastawa ngedab-edabi, kekejeman, lan katresnan. Akehe karangane iki jumbuh karo pangecapan Dua-A kang uga didarbeni dhèwèké.

Novèl kang naté kababar antarané:




#Article 380: J.F.X. Hoery (137 words)


J.F.X. Hoery lair ing Pacitan, 17 Agustus 1945. Dhèwèké sawijining juru nulis sastra Jawa Modern. JFX Hoery wiwit nulis nalika isih SMP ing Majalah Taman Putra, kalawarta basa jawa kang kababar déning kalawarti Panjebar Semangat. Tulisane kasebar ing sadengah kalawarta kang wujud cerkak, cerbung, geguritan, carita rakyat, reportase, lan esai. Penulis iki naté dadi wartawan ing Jaka Lodhang, Kumandang, Mekarsari, Damarjati. Nate dadi anggota DPRD Bojonegoro mangsa bhakti 1999-2004, staf Komsos Keuskupan Surabaya, Ketua Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Sajatiné, dhèwèké lulusan STM jurusan Mesin, nanging yèn urusan nulis wis punjul 100 cerkak lan 300-an geguritan. Ana kalane yèn nulis nganggo jeneng sesinglon (samaran) Cantrik Gunung Limo lan Retna Yudhowati. Kajaba nulis nganggo basa Jawa, dhèwèké uga nulis nganggo basa Indonésia lan naté dadi wartawan ing Kedaulatan Rakyat lan Bernas.

Buku-bukune kang naté kababar antarané:




#Article 381: Dasanama (143 words)


Dasanama (Carakan: ꦢꦱꦤꦩ) iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo siji paraga utawa manungsa. Lumrahé dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing duwé jeneng punjul siji. Tembung dasanama iku asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan kanthi barès tegesé sepuluh jeneng. Tembung iki siji kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirib utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakaké pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung iku-iku baé.

Tembung kang nduwèni dasanama iku cacahé akèh lan manéka warna, ing antarané yaiku bab jeneng-jenengé paraga wayang, kéwan, pananggalan, papan, lan sapanunggalané. Ing ngisor iki ana sapérangan pratéIaning tembung kajangkepan mawa dasanamané:

Dasanama dina:

Dasanama dina pasaran Jawa:

Ing ngisor iki pratélaning sapérangan paraga wayang dalah dasanamané:




#Article 382: Paramasastra Jawa (395 words)


Paramasastra basa Jawa iku ngèlmu wewaton bab panulis sarta tatananing tetembungan ing basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan Paramasastra kang dianggit déning sawatara pujangga. Tembung camboran iki dijupuk saka rong tembung parama lan sastra. Loro-loroné tembung iki kasilih saka basa Sangskreta. Tembung parama iku tegesé sing dhuwur dhéwé, kamangka śāstra iku tegesé ngèlmu, kitab suci, buku, kawruh utawa sembarang tulisan utawa aksara.

Tata basa Jawa akèh njupuk istilah saka basa Sangskreta. Tata basa Sangskreta iki dikodifikasi lan digurit déning Pāṇini ing abad 6 SM. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita ngripta Serat Paramasastra Jawi kang umum digunakaké nganti saiki.

Artikel iki mratélakaké paramasastra basa Jawa kanthi cekak.

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, ya iku kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.

Tembung aran iku ing cara gagrag Latin diarani nomèn utawa nomina. Tembung iki nuduhaké jeneng utawa aran sawijining barang lan apa waé sing dianggep barang.

Tembung panyilah kang, sing utawa ing krama ingkang iku kanggo nyilahaké tembung aran karo tembung-tembung utawa ukara susulan sing dadi katranganing tembung aran mau.

Tembung sesulih iku tembung dienggo ngganti dhiri utawa ing cara gagrag Latin diarani personal pronomen. Ing basa Jawa ana tembung sesulih purusa lan tembung sesulih pandarbé.

Ing basa Jawa tembung kriya bisa dipérang dadi loro: tembung kriya kaanan lan tembung kriya sing tanduk. Banjur tembung kriya tanduk iki bisa diwalik dadi tembung kriya tanggap.

Tembung kriya kaanan iku wujudé legena bisa langsung ditrapaké. Tembung iki nélakaké kaanan. Kajaba kaanan lugu sing diarani tembung kaanan, tembung iku uga bisa nélakaké tindak, tumandang in gawé, polah-paripolah lan sapanunggalané.

Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis meruhi anané cipta-rasa-karsa. Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran madubasa-madurasa-madubrata sing nyakup purwa-madya-wasana. Madubasa, iku kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, iku ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.

Minangka srana komunikasi, struktur basa Jawa katata sajeroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawatara èlmu sing tansah dicakaké nalika nyinaoni basa, ya iku antarané:




#Article 383: Cangkriman (249 words)


Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman lumrahé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana warna-warna, ya iku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.

Cangkriman iku kapérang dadi papat, ya iku:

Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.
Contoné:

 == Cangkriman Pepindhan == Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. == Crimson crimson == Crimson crimson adalah kalimat yang mirip dengan kenyataan. Contoné: * Sega sekepel dirubung tinggi = salak. Misalnya: * Sega jahitan tinggi = salak. * Pitik walik saba kebon = nanas. * Pitik sabana kebon = nanas. * Pitik walik saba amben = sulak * Bocah cilik tlusap-tlusup ana ing kebon = dom (jarum). * Bedside bed = tanggul * Masa kecil ditutupi di kebun = dom (jarum). * Wit adhikih woh adhakah = waloh. * Wit adhihih buah adhakah = waloh. * Wit adhakah woh adhikih = ringin. * Wit adalah salad buah = ringin. * Kebo bulé cancang marang = buntil * Gajah nguntal sangkrah = pawon * Emboké wuda, anaké tapihan = pring * Anake diidak-idak, Emboke dielus-elus = andha (tangga) * Kerbau membatalkan = tupai * Gajah menelan = dapur * Janda telanjang, kaset anak = pring * Berkepala ular, mencuri ular = andha (tangga)

Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sajatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah.
Contoné:

Cangkriman iki rinakit wujud tembang. Tuladha:




#Article 384: Wangsalan (460 words)


Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.
Tuladha kang wujud ukara:

Tuladha kang wujud tembang:

Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat)
Apurata, yèn wonten lepat kawula

Uler kambang, yèn trima alon-alonan
Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah
Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya iku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg.
Maksude wangsalan njagan gori ya iku mbudheg, api-api ora krungu.

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kapérang dadi loro, ya iku:

 Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda 
Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadéan saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane.

Reca kayu, golèk kawruh rahayu.(reca kayu = golèk)

 Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda 
Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda ya iku wangsalan rangkep (isi batangan punjul siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane.

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemada,iket)
Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

Tuladha: Sinom

Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

 Pangkur Lamba (slendro Pasisirt 9) 

 Purwaka (buka,Basa) 

Kembang adas sumebar ing tengah alas

Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras

Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan

Wiwit gerong kang baku

Lagu gendhing pangkur lamba

Maweh gumirah wardaya

Tur mathuk kinarya aba

Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung:maksude janggel

Janggelan = during tetep, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.

Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen
 Kangen 
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni,
mung sliramu wong bagus kang dadi ati,
rina wengi mung tansah takimpi-impi,
sajeroning ati kangenku setengah mati,
jenang gula ya mas ya mbok aja lali,
ngelingana rikala jaman semana,
sliramu janji aku setya ngenteni,
lair batin tresnaku terusing ati,
kangen wong kangen ngene-ngene rasané,
rindhu-rindhu tambane kudu ketemu,
klapa mudha enake kanggo rujakan,
leganana aku kang nandhang kasmaran,
mbalung janur wong bagus takanti-anti,
ngusadani wong kangen kang olèh jampi




#Article 385: Parikan (712 words)


Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan duwé purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

Ya iku unèn-unèn mawa paugeran telung warna ya iku:

Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra).
Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong kang nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

 Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda) 
 Priya nggantheng, sugih ngèlmu (4 wanda + 4 Wanda

 Tuku manggis, karo tapé (4 wanda + 4 wanda)
 Aku nangis, mikkir kowé (4 wanda + 4 wanda)

 Wèdang bubuk gula jawa (4 wanda + 4 wanda)
 Yèn kepethuk ati lega (4 wanda + 4 wanda)

 Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
 Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).

 Enting-enting gula jawa, sabungkus isiné sanga
 Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana kang ngarani parikan patang padha. Iku keliru, sebab tembung “padha” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yèn tembung “padha” iku kang dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.

Tuladha mau kena katulis mangkene
 Enting-enting gula jawa
 Sabungkus isiné sanga
 Ingatase para siswa
 Wajib seneng nggubah basa

Wétan kali kulon kali 
Arep nyabrang gak onok uwote
Wétan gati kulon yo gati
Yèn ditimbang padha abote

Ali-ali temunpang kasur
Aku lali pira regane
Aja lali pahlawan kang jujur
Ngelingana jasa2ne

Esuk nyuling sore nyuling
Sulingane arek Suroboyo
Esuk eling sore eling
Sing di eling ora rumongsa

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.

 Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
 Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)

Pérangan kang dikurung, ya iku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.

 Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
 Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, ya iku kang isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawisé rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, ya iku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane padha karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu minangka purwakanthi guru swara karo ukara kang kapindho.

Parikan kalebu rerengganing basa, sebab basa kang mawa parikan iku agawé senenge wong kang maca utawa kang ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

 Wajik Kletik, gula jawa
 Luwih becik, kang prasaja

 Nang jeruk, jambu nanas
 Rada watuk, ngelu panas

 Wedang bubuk, tanpa gula
 Aja ngamuk, énggal tuwa

 tuku  belut karo iwak lele
 ojo gelut karo bolo dhéwé

 Tawon madu ngisep sekar
 Dadi guru kudu sabar
 
 Kiwa tengen gawa jamu
 Aku kangen péngin temu

 Kembang aren, sumber tepining kalen
 Aja dahwen, yèn kowe pepengen kajen

 Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
 Kudu jujur, yèn kowe kepéngin luhur

 Kembang menur, den sebar den awur-awur
 Bareng makmur, banjur lali mring sadulur
 
 Manuk kutut, manggunge ngganter
 Yèn ra nurut, bisa keblinger

 Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
 Aja awatak gumampang, ingatase calon guru

 Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
 Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar

 Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
 Piwelingku mring mudha, aja wedi ing rekasa.

Purwakanthi parikan bisa digawé mawa petungan kang dhedhasar petungan wanda (suku tembung).

 wajik klethik, gula jawa
 luwih becik wong prasaja

 jemek-jemek gula jowo
 aja ngenyek padha kanca

 manuk emprit menclok pager
 dadi murid kudu pinter

 tawon madu, ngisep sari kembang jambu
 aja nesu yèn dituduaaké luputmu

 kembang menur, den sebar den awur-awur
 bareng makmur, banjur lali mring sadulur
	
 manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
 dadi murid, kudu hurmat marang guru
	
 ana baya, mangan roti karo kanca
 péngin mulya, aja wedi ing rekasa

 kayu urip ora ngepang, hijau -hijau godhong jati
 wong urip ora gampang, mula padha ngati-ati




#Article 386: Kumbakarna (729 words)


Kumbakarna iku putrané Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi sing kaping loro. Sedulure ana papat, ya iku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing Panglebur Gangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan duwé putra cacah loro, ya iku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diamuk déning Anoman sawadya balane, Kumbakarna maju perang. Dhèwèké duwé niyat ingsun maju perang mbela tanah kelairane iya bumi pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange pabaratan.

Wujudé Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora ana kang madhani lan katon nggegirisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulané sinung aran Kimbakarna.

Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajeroning mertapa, uripé Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapa, Kumbakarna karawuhan Bathara Guru, Kumbakarna kaparengaké darbé panyuwun, lan apa kang dadi panyuwuné bakal diijabahi.

Satemené para déwa kang ndhèrèk tindaké Bathara Guru padha ora nyarujuki yèn Kumbakarna kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan mangan manungsa. Wus akèh manungsa, brahmana, resi, widadara, widodari dalasan para déwa pisan kang dimangsa déning Kumbakarna.
Bathara Guru nuli dhawuh marang Dèwi Uma supaya manjing ing tutuké Kumbakarna, dumunung ing pucuking ilaté, supaya aturé raseksa iku ora padha karo sing dikarepaké. Mula nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, bisa gawé kekesé mungsuh.

Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Pethak Gelap Sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yèn wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, ya iku kang mahanani teguh-santosané salira. Saben mentas mangan lan ngombé kang akèhé nganti ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahé Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawasé. Dayaning aji Pethak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yèn petak swarané kaya gelap ngampar, agawé kekesing atiné para mungsuhé.

Ana ing Alengka, kalungguhané Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala.
Kumbakarna sanadyan asipat diyu (buta) nanging pambegané satriya. Marang wataké Dasamuka kang banget angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dèwi Sinta garwané Ramawijaya banget cineda déning Kumbakarna. Miturut panemuné ngalap bojoning liyan sarana dinustha, iku panggawé nistha, dudu pakartiné satriya. Yèn miturut wataké satriya ngalap rabiné liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dèwi Sinta dibalèkaké dhisik marang Rama. Sawisé mangkono manawa Dasamuka péngin nggarwa dhèwèké, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.

Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanara nganti tumekané Patih Prahasta mengsah yuda, Kumbakarna isih kepati nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Angel ing panggugahé Kumbakarna agawé gumuné wadyabala kang dinuta. Sanadyan awaké nganti wola-wali giniles kréta apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandéné Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng wulu-puhuné (cumbu)-né dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.

Wis dadi padatané Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombé. Salebaré mangan-ngombé kang ora karuwan akèhé, Kumbakarna banjur ngadhep kadangé wreda. Sawisé diwartani rusaking wadyabala Alengka nganti tekan sédané Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didhawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balané Prabu Rama.

Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, nagarané rusak, saiki mbingungi.
Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.

Kumbakarna panas atiné. Kabèh panganan lan ombèn-ombèn sing mlebu wetengé sigra diwutahaké manèh ana ngarepé Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahané Kumbakarna. Gandané ora énak, marahi muleg-muleg ning weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunèk-unèkaké sakatoké.
Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyané ora nglabuhi angkara murkané Dasamuka, nanging nedya mbélani lan ngrungkepi bumi wutah getihé kaya kang digambaraké ana ing Serat Tripama yasané pujangga Mangkunagara IV kaé. Wusanané Kumbakarna palastra ana paprangan. Irungé grumpung lan talingané pagas amarga dicokot lan disempal déning Sugriwa. Tangané loro lan sikilé loro tugel kajemparing déning Rama. Sanadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkasé Rama tumanen ing jajané Kumbakarna saéngga palastra.

Patine Kumbakarna kanthi pérangané awak kang diprèthèli mbaka siji iku minangka piwalesé Ditya Jambumangli kang duk ing uni uga mati kanthi awak diprèthèli déning Resi Wisrawa, keng ramané Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadani sayembara perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunaké Dèwi Sukesi, kalebu Resi Wisrawa.




#Article 387: Swasana (135 words)


Atmosfèr utawa swasana iku lapisan gas kang mbungkus sawijining planit, kalebu bumi, saka lumah planit mau tekan adoh ing sanjabaning akasa. Ing bumi, atmosfèr ana saka 0 km sandhuwuré lumah lemah, tekan udakara 560 km sandhuwuring lumah bumi. Atmosfèr kasusun saka sapérangan lapisan, kang dijenengi miturut fenomena kang dumadi ing lapisan mau.

Atmosfèr Bumi kapérang saka nitrogen (78.17%) lan oksigèn (20.97%), kanthi sithik argon (0.9%), karbondioksida (variabel, nanging udakara 0.0357%), uwab banyu, lan gas liyané. Atmosfèr ngreksa kauripan ing bumi kanthi nyerep radiasi sinar ultraviolet saka srengéngé lan ngurangi suhu èkstrém ing antananing awan lan bengi. 75% saka atmosfèr ana ing 11 km saka lumah planit.

Atmosfèr ora duwé watesan ndadak, nanging saya tipis saka sithik kanthi tambahing kadhuwuran, ora ana wates kang pesthi antarané atmosfèr lan akasa luwar.

Atmosfer bumi iku kesusun saking lapisan-lapisan:




#Article 388: Kerak bumi (275 words)


Kerak bumi iku lapisan paling njaba planit bumi sing kasusun saka pirang-pirang lèmpèng téktonik. Lapisan iki ana 2 wujudé ya iku kerak/lèmpèng samudra lan lèmpèng bawana. Lèmpèng samudra iku lumrahé luwih tipis tinimbang lèmpèng bawana. Lèmpèng-lèmpèng téktonik iku obah terus, siji lan sijiné padha tetubrukan. Kerak bumi iku lapisan pérangan bumi sing paling dhuwur dhéwé. Pérangan kerak bumi iku subur amarga ngandhut lemah lemèn kang akèh sing gawé tuwuhan thukul subur. Kerak bumi iku adhem lan padhet ngambang ing dhuwur lapisan mantel sing awujud cuwèr awuled.

Tumpukan kerak bumi kandelé udakara 5-7 kilomèter saka ngisor samudra lan 30-80 kilomèter ing ngisor dharatan bawana. Ing ngisor kerak bumi ana slubung kang sipaté lembèk. Wates tumpukan kerak bumi karo lapisan slubung tinemu marang èlmuwan saka Nagara Krowasia jenenge Andrija Mohorovicic taun 1909.

Kerak Bumi saged disebut crust. Tumpukan kerak bumi iki kang ana ing pérangan paling jaba kandelé 6-50 kilomèter. Kandelé tumpukan iki ora padha ing panggonan liyané, ing bawana kandel tumpukan 20-50 kilomèter, ing samudra 0-5 kilomèter utawa bebarengan karo banyu kang saka dhuwur udakara 6-12 kilomèter.

Kerak bumi kang kasusun saka matèri-matèri padhet sing akèh silium lan aluminium. Kerak bumi dibagi dadi 2 pérangan, ya iku:

Kerak bumi saged owah saka asalé lan uga bisa dadi bencana alam kanggo makluk hidup. Miturut, kasimpulan para panliti saka tim Géologi Bandung ya iku geseranipun kerak bumi ing Fatuleu uga terus dadi kanyatan. Kanthi mungkinake kadadéan putusan kang gedhé sing bisa dadi wewengkon Kabupatèn Kupang kabelah dadi loro pérangan.

mupangat kerak bumi ya iku saka watu kang diasilake saka jero kerak bumi iki. Watu-watu sing ana ing kerak bumi, miturut kahanane kadhapur saged dikelompokake dadi telu, ya iku:




#Article 389: Lèmpèng tèktonik (145 words)


Lèmpèng tèktonik iku pérangan-pérangan kerak bumi kang ngambang ing dhuwur lapisan lembèk (kaya ès krim) kang umum diarani astenosfer. Pérangan-pérangan lèmpèng iku obah kanthi bébas, bisa silih gèsèk utawa silih dhesek. Gèsèkan utawa surung-surungan antarané lèmpèng iku kang umum gawé lindhu tektonik.

Téyori lèmpèng tektonik iki dimunculaké Alfred Wegener ing bukuné The Origin of Continents and Oceans (1915) kang nyebut yèn lèmpèng-lèmpèng kang gawé kerak bumi iku sajatiné ngambang ing dhuwur lapisan lembèk tur obah terus-terusan (Téyori continental drift), wates saben lèmpèng iku tandané ya iku ing jalur gunung geni donya.

Lèmpèng tektonik iku wujudé ana 2 ya iku kerak samudra lan kerak bawana kang loro-loroné minangka kerak bumi.

Ana 7 lèmpèng tektonik utama kang kerak bumi ya iku:

Saliyané iku isih ana lèmpèng-lèmpèng liya kang luwih cilik antarané:

Ana telu wujud patemon utawa interaksi antar lèmpèng-lèmpèng tektonik ya iku:

Sing ndrawasi iku kang konvergen.




#Article 390: Jalur gunung geni donya (139 words)


Jalur gunung geni donya iku panggonan-panggonan kang dadi jalur gunung geni ing donya. Jalur iki racaké ana ing patemon-patemon lempeng tektonik kang saling dhesak. Panggonan patemon lempeng tektonik iku ana kang ana ing ngisor lumah laut uga ana kang ana ing dharatan. Kabèh ing kiwa-tengené wewengkon pertemuan iku nyebabake timbul gunung-gunung geni.

Luwih separo gunung geni ing bumi iku anané ing wewengkon pasifik kang mbentuk lingkar gunung geni pasifik utawa (basa Inggris) Ring of fire. Udakara 90% kedaden lindhu donya iku anané ing lingkar gunung geni pasifik iki.

Jalur gunung geni liyané ya iku sabuk Alpide lan Mid-Atlantic Ridge ning loro kang pungkasan iku wewengkon cakupane lewih cilik dibandhing lingkar gunung gani pasifik.

Indonésia iku kalebu kang dadi pusat-pusat jalur gunung geni donya iku, mligi lingkar gunung geni pasifik (ring of fire) lan sabuk alpide (alpide belt).

mBalik ing:




#Article 391: Lindhu gunung geni (114 words)


Lindhu gunung geni utawa lindhu vulkanik ya iku lindhu sing kadadèn ing kubenganing gunung geni sing isih murub.

Lantaraning lindhu jinis iki ya iku ana obahing materi-materi ing jeroning gunung munggah menyang pucuking gunung geni. Ilèn materi iku bergesekan kaliyan material ing pinggire upamané watu, malah mara'ke watu-watu iku pecah. Gesekan-gesekan iku sing mara'ke lemah ing kiwa-tengené gunung begetar, getaran iku bisa bertahan nganti jam-jaman malah bisa nganti pirang-pirang dina.

Lindhu vulkanik iki uga bisa nimbulke retakan-retakan sing arahe memanjang, padha kaliyan arah retakan lindu tektonik.

Nek kedaden lindhu vulkanik iki ing segara bisa \bnjalari\b timbul tsunami contoné wektu gunung Krakatau mbledug tanggal 26 Agustus 1883, iku tsunami vulkanik gedhé dhéwé ing sajarah bumi.




#Article 392: Surpanaka (522 words)


Sarpakanaka iku siji-sijiné putrané Begawan Wisrawa sing wadon sajeroning carita Ramayana. Ing vèrsi Indhia, jenengé Śurpanakha. Ing padhalangan, Sarpakanaka (Sarpakenaka) iki putrané Resi Wisrawa karo Dèwi Sukèsi sing angka telu. Kadangé tuwa Dèwi Sarpakenaka ya iku Prabu Dasamuka (Rahwana) lan Kumbakarna, déné adhiné kekasih Gunawan Wibisana.

Sarpakenaka iku wujudé buta wadon, tutuké nyrengèngès, mripaté tlelengan. Padunungané ing Guthaka. Kasektèné dumunung ing kukuné. Kukuné mawa wisa kang ampuh kaya wisané ula weling. Sing sapa kagarit kukuné mesthi tumekaning pati.

Sarpakenaka duwé garwa arané Ditya Karadusana lan  Ditya Kala Nopati, bupati nayaka Alengka, peputra siji ya iku Dèwi Jarini. Sanadyan wis duwé bojo loro, meksa isih kurang marem. Dèwi Sarpakenaka  isih sok dhemenan karo Kala Mrica, abdi kinasihé Prabu Dasamuka.

Nalika Rama Reghawa, Laksmanadéwa, lan Dèwi Sinta manjing ing sajeroning alas Dhandaka, Sarpakenaka kesengsem ndulu wujudé Rama lan Laksmana sing bagus iku. Banjur malih wanita ayu, niyaté nggodha satriya mau. Rama ora mempan digodha, amarga wis duwé garwa, Rekyan Sinta. Wanita ayu iku didhawuhi nemoni Laksmana sing isih legan. Laksmana ora keguh digodha Sarpakenaka. Nanging Sarpakenaka tetep mbudidaya murih Laksmana gelem nglanggati kekarepané Sarpakenaka. Laksmana disikep wani lan banjur arep dirudapeksa. Laksmana duka yayahsinipi. Irungé kenya sulistya malihané Sarpakenaka iku banjur dipuntir nganti grumpung. Wanita ayu iku sambat kelaran lan sanalika badhar sajatiné wujud ya iku Dèwi Sarpakenaka kang apaès raseksi. Sarpakenaka banjur ipat-ipat nedya males ukum marang satriya sakloron.

Satekané Alengka Sarpakenaka banjur wadul marang sisihané Ditya Karadusana. Dhèwèké kandha yèn arep dirudapeksa marang satriya loro kang lelèdhang ana satengahé alas Dhandaka. Karadusana nesu banget, mula banjur lumebu ing alas Dhandaka saperlu nyirnakané satriya sing dianggep arep nyenyamah garwané iku. Nanging wusanané ora Rama Reghawa lan Laksmana sing sirna, nanging malah Karadusana sing tumekaning pati.

Sawisé  mangertèni yèn sisihané sirna mungsuh Laksmana, Dèwi Sarpakenaka banjur mbujuk Rahwana supaya nyolong Sinta. Dasamuka klakon ndhusta Dèwi Sinta digawa bali menyang Alengka lan dipapanaké ana ing Taman Asoka.

Ing perang Giriantara, ya iku perangé nagara Pancawati mungsuh Alengka, Dewi Sarpakenaka maju ana paprangan saperlu arep males ukum marang Laksmana. Nanging wusanané, dudu Laksmana sing sirna malah Sarpakenaka dhéwé sing ngemasi pralaya.

Ing carita liya, Sarpakenaka nalika maju ing paprangan bisa nggawa banthen wadyabala wanara Pancawati kang akèh. Mula  Laksmana uga banjur maju ana paprangan mapagagaké kridhané Sarpakenaka. Nanging Laksmana rumangsa kewragangan mungsuh Sarpakenaka. Saka iguh pertikelé Wibisana, Anoman iya Senggana kadhawuhan maju ana paprangan supaya ngilangi kekuwatané Sarpakenaka kang dumunung ana kukuné. Anoman tanggap ing sasmita,  tangané Sarpakenaka banjur dicandhak arsa disempal kuku-kukuné. Dèwi Sarpakenaka kang wis dicekeli drijiné arep disempal kukuné iku sambat-sambat kelaran. Anggoné sambat-sambat nganti gulung-koming saéngga ora kejarag agemané padha nglingkap temah wentis lan payudarané kang weweg iku katon ngegla. Éling-éling, Sarpakenaka iku nadyan raseksi (buta wadon) nanging pérangan anggané iku pindha pawakané widodari. Anoman iya Senggana kang wektu iku isih jaka-tumaruna dupi priksa weweking payudara lan gumebyar  wentisé Sarpakenaka sanalika kamané korut. Tumètèsé kama tumiba ing samodra, lan banjur disidhikara dadi gatra manungsa kang ing tembé kaparingan asma Dèwi Jarini. Dadi yèn miturut pakem iki, Dèwi Jarini iku anaké Dèwi Sarpakenaka patutan karo Anoman. 
Bareng kukuné Sarpakenaka wis klakon disempal déning Anoman, nuli Sarpakenaka linepasan jemparing déning Laksmana saéngga sirna margalayu.




#Article 393: Balai Pustaka (105 words)


Balai Pustaka utawa Balé Poestaka iku jeneng pangecapan kang pisanané diyasa pamaréntah Walanda ing éra 1920-an. Penerbitan iki diadegaké kanggo nglawan tulisan-tulisan anti-Walanda kang sumebar ing Indonésia. Akèh-akèhé isiné mbeneraké wong Walanda.

Ing sakawit, basa kang dienggo ya iku basa Malayu, basa Jawa, basa Madura, lan basa Sundha. Ing éra pisanan iku, sing paling akèh nganggo basa Jawa. Dasawarsa iki asring dianggep dadi wiwitane sastra Jawa modhèren wiwit sumrambah, antarané buku Serat Rijanta.

Ing Sastra Indonésia, wektu iku uga banjur kondhang kanthi sebutan Angkatan Balai Pustaka. Akèh sastrawan Indonésia kang kawentar ing angkatan iki, antarané Siti Noerbaja anggitané Marah Roesli, Salah Asuhan anggitané Abdul Muis.




#Article 394: Dinosaurus (191 words)


Dinosaurus (Yunani δεινόσαυρος, deinosauros) iku kéwan reptilia sing wis ana yutaan taun mbiyèn tegesé ing jaman Mesozoikum. Kéwan sing urip ing Zaman prasajarah iki ora kabèh diarani/dianggep dinosaurus. Kéwan iki dominan ing ékosistem dharat suwéné punjul 160 yuta taun, saka periode Trias Tua (watara 230 yuta taun kapungkur) tekan akir periode Kapur (watara 65 yuta taun kapungkur), nalika akèh saka dinosaurus-dinosaurus iku cures nalika prastawa kapunahan Kapur-Tersier. Sepuluh èwu jinis manuk sing urip saiki wis diklasifikasikaké minangka dinosaurus.

Takson Dinosauria dijenengi kanthi formal taun 1842 déning sawijining paleontolog Inggris Richard Owen, sing migunakaké kanggo ngrujuk ing suku utawa sub-ordho saka reptil Sauria sing banjur ditepungi ing Inggris lan saindhenging donya. Istilah mau dijupuk saka tembung basa Yunani kuna δεινός (deinos sing tegesé nggegirisi, kuwat, utawa hebat) lan σαύρα (saura sing tegesé kadhal utawa reptil). Sanajan jeneng taksonomik mau asring diinterpretasikaké minangka rujukan kanggo untu, cakar, lan ciri nggenggirisi liya saka dinosaurus, Owen mung karep ngèlingaké ngenani ukuran lan kaanggungané. Sajeroning basa Inggris sadina-dina dinosaur sok dipigunakaké kanggo nggambaraké benda utawa wong kolot utawa gagal, sanajan dinosaurus kuwasa 160 yuta taun lan keturunané, manuk, gunggungé akèh sarta manéka jinis ing saindhenging donya.




#Article 395: Ankylosaurus (100 words)


Ankylosaurus iku dinosaurus sing duwé panjagan alami ya iku duwé eri landhep kang gedhé-gedhé. Kéwan kuna-makuno iki duwé  sikil cacah papat, sing mburi luwih gedhé, gulune cendhak, duwé cumplung sing amba ning polo kang cilik.
Kéwan iki diarani Ankylosaurus déning Barnum Brown taun 1908.

Ankylosaurus iku jinising ankylosaurids kang pungkasan sing gedhé dhéwé. Urip ing akir jaman Cretaseus watara 70 - 65 yuta taun kapungkur. Ankylosaurus lan kabèh dinosaurus kejabamanuk manukan cures ing jaman Cretaceus-Tersier utawa ± 65 yuta taun kapungkur.

Fosil Ankylosaurus tinemu ing Montana (Amérikah Sarékat) sarta  ing Alberta (Kanada) ning jejak-jejak kéwan iki ana ing Sukre (Bolivia).




#Article 396: Tèknologi (107 words)


Téknologi punika saking basa Yunani, technologia (τεχνολογία). Salah siji makna tèknologi ya iku: cara utawa metode (uga kalebu prosès) kang dihasilke kanggo mbantu manungsa nglakoni urip. Lumrahé tèknologi dihasilke saka prosès uji coba kang akhire ngasilke cara-cara utawa tèhnik-tèhnik tinentu kang luwih efisien.

Masing-masing babagan ngèlmu nduwé pemahaman tèknologi dhéwé-dhéwé kang disesuaike karo kebutuhan-kebutuhan ing babagan ngèlmu pendhak.

Awale manungsa ngrasa cukup dibantu  uripé  liwat bantuan saka teknologi-teknologi prasaja upamané: tuas, katrol, babagan miring lan liyané.

Penemuan-penemuan mesin uwab kang dilanjutke listrik lan elektronik wis ngerobah peradaban manungsa. Manungsa nglakoni urip dadi luwih gampang, dhimènsi jarak lan dhimènsi wektu bisa diakali ning uga nglairaké dampak-dampak kang bahaya.




#Article 397: Kabupatèn Batang (946 words)


Kabupatèn Batang (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ بَتَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Tengah, Indonésia, iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pasisir lor, kutha Batang iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ±--utawa  hèktar.

Nalika jaman dhisik, Sultan Agung ngutus Jaka Bahu supaya babad Alas Roban. Jaka Bahu nglaksanakake dhawuhe Sultan Agung, banjur ninggal Mataram tumuju Alas Roban. Nanging nalika Jaka Bahu isih babad Alas Roban mau akèh gangguan sing dialami, dhèwèké banjur nglakoni tapa kanggo nggoleki apa penyebabe. Sanalika dhèwèké mangerteni manawa sing ngganggu ya iku lelembut sing dipanggedhèni déning Dadungawuk. Jaka Bahu banjur nyerang Dadungawuk. Dadungawuk akhire bisa dikalahake déning Jaka Bahu lan janji ora bakal ganggu Jaka Bahu lan prajurite.

Jaka Bahu banjur nglanjutake anggoné babad Alas Roban tumuju arah kulon nganti tekan Kali Kramat. Jaka Bahu banjur mikir arep gawé bendungan ing kali iku kanggo ngileni sawah-sawah. Sawisé rampung yasa bendungan, ana keanehan ing ilining banyu bendungan iku. Banyu iku kadhang mili cilik, kadhang uga gedhé. Nganti ing sawijining dina bendungan iku jebol.  Jaka Bahu banjur nggoleki penyebabe. Pranyata ana cagak prau gedhé sing malang ing bendungan prajurit Jaka Bahu ora ana sing bisa nyingkirake cagak iku. Banjur Jaka Bahu nglakono semedi njaluk kakuwatan supaya bisa nyingkirake cagak prau iku mau.

Wektu iku malem Jemuwah Kliwon. Nalika fajar, Jaka Bahu olèh kakuwatan kang dikarepake. Jaka Bahu bisa nyingkirake cagak prau iku malah banjur ditugel pisan.

Sawisé cagak prau iku tugel, ilining banyu dadi lancar. Nanging ing sawijining dina ana gangguan manèh. Bendungan iku jebol manèh. Jaka Bahu ora nglokro anggoné nggoleki penyebabe. Jaka Bahu banjur mangerteni manawa ing bendungan iku ana gapura duwéke bangsa lelembut kang awujud ula. Karajan lelembut iku dipanggedhèni déning Drubiksa. Jaka Bahu ora trima manawa bendungan sing digawé dhèwèké dirusak déning Drubiksa. Dhèwèké ngamuk ana ing Karajan Drubiksa lan prajurit Drubiksa akèh sing nemahi pati.

Mangerteni bab mau, drubiksa ora trima. Dhèwèké banjur perang karo Jaka Bahu. Nganggo pedhang Swedhang dhèwèké banjur nyerang Jaka Bahu. Amarga saka kasektene pedhang Swedhang iku mau, Jaka Bahu bisa dikalahake, dhèwèké kena sabetan pedhang ing lengen lan wetengé nanging ora nganti nemahi pati amarga diselametake déning Ki Ageng Cempaluk. Mangerteni dhèwèké  kangelan anggoné nglawan  ratu Uling, Bahureksa gawé siasat. Déning Ki Ageng Cempaluk, Jaka Bahu diprentah supaya mlebu ing Keputren Karajan. Dhèwèké diprentah supaya ngrayu adine Drubiksa kang aran Drubiksawati supaya gelem mènèhi rahasia kasektene kakange.

Drubiksawati seneng marang Jaka Bahu. Nanging amarga Jaka Bahu mangerteni manawa Drubiksawati adhine Drubiksa. Jaka Bahu manfaatke kanggo nggoleki kelemahane Drubiksa. Kanthi syarat Jaka Bahu gelem nampa tresnane, Drubiksawati banjur gelem mènèhi pituduh rahasia kekuatane kangmase. Drubiksawati nyolong pedhang Swedhang kang ora liya ya iku sumber kakuwatane Drubiksa.

Sawisé Jaka Bahu olèh pedhang mau, dhèwèké banjur nggoleki Drubiksa. Jaka Bahu lan Drubiksa akhire perang tanding. Mangerteni manawa pedhamg Swedhang ana ing tangane Jaka Bahu, Drubiksa wedi lan mlayu mengalor. Jaka Bahu ngejar lan bisa nyekel Drubiksa. Drubiksa janji ora bakal ngganggu manungsa manèh lan diwènèhi pérangan ing Alas Roban sisih lor.

Nalika Jaka Bahu lan Drubiksa cecaturan, pedhang Swedhang mau diselehake ing pinggir kali sing punikang kang diarani dang, banjur papan iku dijenengi Klidang. Saiki wes ora ana manèh sing ngganggu Jaka Bahu ngrampungaké Bendungan mau. Tugas Jaka Bahu nyiapake papan kanggo para kadang tani ing Alas Roban wis paripurna.

Awit saka kemenanagan Jaka Bahu, para warga sakiwa-tengené kali rumangsa seneng banjur gawé syukuran. Syukuran iku dijenengi Lomban. Lan Lomban iku mau didadèkaké tradisi warga Klidang setaun pisan ing tanggal 1 syawal.

Awit saka kemenangan Jaka Bahu, Sultan Agung banjur ngangkat Jaka Bahu pinangka Bupati Kendhal. Nanging Jaka Bahu isih didhawuhi supaya methuk Putri Retno Rantan Sari sing didtipake ing Désa Kalisalak supaya diboyong menyang Mataram. Sultan Agung uga mènèhi piweling supaya aja ana pawongan kang wani njupuk bojo amarga Retno Rantan Sari arep dipek bojo Sultan Agung pinangka permaisuri. Jaka Bahu banjur tumuju ing daleme Pak Wongso amarga ing kono Retno Rantan Sari nginep. Sawisé Jaka Bahu ngaturake maksud rawuhe, Pak Wongso masrahake Rantan Sari marang Jaka Bahu. Jaka Bahu sing diutus Sultan Agung pranyata malah seneng marang Rantan Sari. Kamangka sadurungé Jaka Bahu wis mangerteni manawa Rantan Sari arep dipek bojo déning Sultan Agung. Nanging Retno Rantan Sari uga seneng marang Jaka Bahu. Akhire Jaka Bahu sowan marang Ki Ageng Cempaluk njaluk wejangan. Nanging tanpa sengaja ing Désa Kalibeluk ana prawan kang rupané persis karo Retno Rantan Sari jenege Endang Muranti.

Jaka Bahu banjur mboyong Endang Muranti menyang Mataram supaya dipasrahake marang Sultan Agung. Ing tembene Sultan Agung ora duwé pangira manawa iku dudu Rantan Sari. Nanging amarga sawisé tekan pura Endang Muranti semaput meruhi kaendahaning pura banjur sawisé sadhar ngakoni manawa dhèwèké dudu Rantan Sari nanging Endang Muranti. Sultan Agung banjur duka, banjur mènèhi ukuman tumrap Jaka Bahu ya iku supaya babad Alas Gambiran. Déné Endang Muranti banjur dibalekake manèh ing Kalibeluk.

Pamaréntah Kabupatèn Daerah Tingkat II Batang diwangun miturut Undang-undang Nomer 9 Taun 1965, sing diamot sajeroning Lembaran Nagara Nomer 52, tanggal 14 Juni 1965 lan Instruksi Mantri Dalam Negeri RI Nomer 20 Taun 1965, tanggal 14 Juli 1965.

Sebagian gedhé wewengkon Kabupatèn Batang wujud pebukitan lan pagunungan. Dataran cendhèk ing sadawaning pasisir lor ora pati amba. Ing sisih kidul dumunung Dataran dhuwur Dièng, kanthi pucukè Gunung Prau (2.565 mèter).

Kabupatèn Batang dumunung ing koordinat 6o 51' 46 nganti 7o 11' 47 Lintang kidul lan antara 109o 40' 19 nganti 110o 03' 06 Bujur wétan ing pasisir lor Jawa Tengah. Jembar wewengkon 78.864,16 Ha.

Kabupatèn iki wewatesan:

Kabupatèn Batang ketata saking 14 kacamatan. Kacamatan-kacamatan ing Kabupatèn Batang ya iku:

Pasisir Sigandu, 
Kebon Teh Pagilaran,
Agrowisata Salak Sodong,
Curug Genting,
Curug Gombong,
Kolam Renang Bandar,
Rest Area Jatisari,
Pasisir Ujungnegoro,
Pasisir Pelabuhan,
Pasisir Kuripan,
THR Kramat.

Jawa Tengah




#Article 398: Kabupatèn Blora (825 words)


Kabupatèn Blora (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ بلَورَ), ya iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, tapel wates karo Provinsi Jawa Wétan, udakara 127 km sisih wétané Semarang. Kutha Blora iku kutha krajan kabupatèné, déné kutha-kutha liyané: Cepu, Ngawèn, Kunduran, Jepon, Jiken, Doplang, Randublatung, Kradenan lan liya-liyané. Jembaré wewengkon kabupatèn iki ± 1.821,40 km2 utawa 182.140 hèktar. Salah sawijining laladan ilèn Bengawan Sala kang diarani Bengawan Soré, kawentar minangka laladan kang dadi lokasi perang antarané Arya Penangsang lan Sutawijaya kang dicaritaaké ana ing Legenda Arya Jipang. Liyané Legenda Arya Penangsang karo jaran Gagak Rimangé, Kabupatèn Blora uga kawentar déning anané ajaran Saminisme kang asalé saka tlatah Klopodhuwur Blora. Masarakat Samin iki kerep banget didadèkaké obyèk panalitèn déning para mahasiswa utawa peneliti liyané saka Universitas Gadjah Mada lan Lembaga Pawiyatan Luhur liyané.

Kawit jaman Karaton Pajang nganti jaman Karaton Mataram Kabupatèn Blora wujud laladan wigati tumrap Pamaréntahan Pusat Kraton, amarga Blora kawentar alas jatiné. Blora wiwit owah statusé saka apanage dadi laladan Kabupatèn ana ing dina Kamis Kliwon, tanggal 2 Sura taun Alib 1675, utawa tanggal 11 Dhésèmber 1749 Masehi, lan nganti saiki dadi DINA DADI KABUPATEN BLORA. Bupati kang kapisan ya iku WILATIKTA. Sajarah perlawanan Rakyat Blora nglawan penjajah Walanda kang dipelopori déning para among tani diwiwiti ing akir abad ka 19 lan awal abad ka 20. Perlawanan para tani iku mau magepokan karo sangsaya munduré kaanan sosial lan ékonomi warga désa. Pajak Kepala kang ditrapaké nalika taun 1882 pancèn dirasa abot déning para tani saéngga para tani dipanggedhèni déning Samin Surosentiko miwiti perlawanan kang misuwur ana sajarah minangka Gègèr Samin..

Kabupatèn Blora duwé tlatah kang paling endhèk 30 nganti 280 mèter sak ndhuwuré lumah segara, déné kang paling dhuwur nganti 500 mèter sak ndhuwuré lumah segara. Kacamatan Japah minangka tlatah kang paling dhuwur, déné Kacamatan Cepu minangka tlatah kang paling endhèk dhéwé. Wewengkon Kabupatèn Blora diapit déning Pagunungan Kendheng Lor lan Pagunungan Kendheng Kidul, kanthi susunan lemah wujud 56 % gromosol, 39 % mediteran lan 5 % aluvial. Miturut tata guna tanah, laladan alas minangka tlatah kang paling amba dhéwé ya iku kurang punjul 90 hèktar utawa 49,66 persèn, disusul lahan sawah kurang luwih 46 hèktar lan tegalan 26 hèktar. Kacamatan Cepu kang kawentar sugih kekandutan lenga patra (Blok Cepu), minangka wates karo Provinsi Jawa Wétan (Kabupatèn Bojanegara lan Kabupatèn Ngawi). Tapel wates mau wujud tapel wates alam, ya iku Kali Bengawan Sala.

Kabupatèn Blora dumunung ana ing wewengkon paling pucuk wétan Provinsi Jawa Tengah. Jarak paling adoh saka kulon mengétan antara 57 km lan jarak paling adoh saka lor mengidul kira-kira 58 km.

Kabupatèn Blora dumunung ana ing antarané 111°0'16 nganti 111°33'8 Bujur Wétan lan antarané 6°5'28 nganti 7°2'48 Lintang Kidul.

Kabupatèn Blora ketata sajeroning 16 kacamatan, 24 kalurahan lan 271 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Blora ya iku: 

Batik Tulis Blora ing Klopodhuwur lan Blumbangreja
Pabrik Gulha GMM Tinapan

Pertanian minangka sèktor utama perékonomian Kabupatèn Blora. Pari, téla pohung, lombok abang, dadi produk unggulan masarakat tani ing Blora. Nanging kuciwané akèh sawah kang durung keduman pengairan saéngga panèné mung setahun pisan. Yèn mangsa katiga para among tani padha nandur semangka, timun, utawa krai. Déné sub sèktor kahutanan pancèn Kabupatèn Blora wis kawentar biyèn mula minangka tlatah kang ngasilaké kayu jati kang kualitasé paling apik ing Pulo Jawa. Kurang luwih 49,66 persèn luas tlatah Kabupatèn Blora dipigunakan kanggo alas nagara, kapara dadi telung kesatuan administrasi ya iku KPH Randublatung, KPH Cepu, lan KPH Blora.

Komoditas dagang kang paling utama ing Blora wujud produk kayu jati, kaya ta indhustri asil kayu, mèbel, kerajinan kayu gémbol, kerajinan sovenir saka bahan kayu jati. Kajaba iku produk-produk hasil tetanèn wujud pari utawa beras, gedhang, jagung, téla, lombok abang, lan liya liyané.

Kabupatèn Blora wiwit jaman Walanda wis kawentar minangka laladan penghasil lenga patra. Jaman biyèn diolah déning Perusahaan Walanda BPM. Nganti sapréné isih ana tilasé wujud sumur-sumur lenga kang isih migunakaké pompa angguk. Liyané iku uga ana Akademi Migas ing tlatah Sorogo kang saiki jenengé dadi Pusat Wiyata Latihan Migas. Sawisé mati puluhan taun, ora ana penambangan manèh, ujug-ujug taun 2006 tinemu cadangan lenga kang akèh banget ing tlatah Blora lan Bojonegoro kang kawentar kanthi jeneng Blok Cepu.
Ladang lenga patra kang kawentar kanthi jeneng Blok Cepu ambané 45 km saka sisih wétan laladan Kapas, Kabupatèn Bojanegara nganti sisih kulon ing Kedung Tuban, Kabupatèn Blora iku, kira-kira ngandut cadangan lenga patra nganti 650 yuta barel lan 1,7 triliun cubic feet gas alam. Masarakat Indonésia mligi warga Blora lan Bojonegoro mesthi waé ngrasa bungah lan antusias arep diwiwitiné pengeboran sumur-sumur lenga Blok Cepu ana ing pungkasan taun 2007.

Kabupatèn Blora diliwati dalan provinsi kang nyambungaké kutha Semarang lan kutha Surabaya ngliwati Kutha Purwodadi. Dalan liyané kang kalebu wigati ya iku dalan kang nyambungaké kutha Rembang, Blora, Cepu, Bojonegoro, Suroboyo. Sing parané ngidul saka Cepu bisa liwat Ngawi terus Mediun utawa Sragen. Jalur sepur uga ngliwati tlatah Kabupatèn Blora, ya iku jurusan Jakarta-Suroboyo kang mandheg ana ning Stasiun Cepu.

Pratélan Bupati Blora saka taun 1749-2012:

Sumber Data: Deptan 2000 




#Article 399: Kabupatèn Demak (438 words)


Kabupatèn Demak (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ دٚمَكْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Demak iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 897.43 km2 utawa  hèktar.

Kurang luwih 6 (enem) abad kapungkur, miturut papan géografisé, kawasan sing ajeneng Demak nyatané ora dumunung ing pedalaman sing leté luwih kurang 30 km saka pasisir Segara Jawa kaya sing ana wektu saiki. Kawasan mau ing wektu semana dumunung ing cedhak Kali Tuntang sing sumberé asal saka Rawa Pening. Géografi kasajarahan ngenani kawasan Demak bisa uga diwaca ing buku Dames, sing judhuél “The Soil of East Central Java” (1955). Sajeroning buku mau dijelasaké yèn Demak biyèn dumunung ing pinggir segara, utawa luwih persis ana ing gisiking Selat Silugangga sing misahaké Pulo Muria karo Jawa Tengah.
Ngenani ékologi Demak, DR.H.J. De Graaf uga nulis yèn dunungé Demak cukup nguntungaké tumrap kagiyatan dedagangan lan tetanèn. Bab iki amarga selat sing ana ing ngarepé cukup amba saéngga prau saka Semarang sing arep tumuju Rembang bisa lelayaran kanthi bébas liwat Demak. Nanging sawisé abad XVII Selat Muria wis ora bisa dilayari manèh amarga tansaya cethèk.

Tanggal 28 Maret 1503 dikukuhaké minangka dina dadi Kabupatèn Demak. Bab iki tegesé prastawa penobatan Radèn Patah dadi Sultan Bintara ing tanggal 12 Rabiulawal utawa 12 Mulud Taun 1425 Saka (dikonversi dadi 28 Maret 1503).

Kabupatèn Demak dumunung antarané 6043’ 26” – 70 09’ 43” LS, lan 1100 48’ 47” BT, kanthi tapel wates wewengkon:

 
Jembar Wewengkon Kabupatèn Demak ya iku 88.743 ha, déné jembar segara 252,34 ha. Jembar kemiringan lahan: wujud dhataran: 0 – 2%, jembaré: 88.765 ha, gelombang (2 – 15%) 834 ha, curam (15 – 40%) jembaré: 408 ha, sarta curam banget  (40%) jembaré:136 ha.

Dideleng saka lumahing segara (elevasi), wewengkon Demak dumunung wiwit saka 0 m nganti 100 m saka lumahing segara.
Déné dideleng saka tekstur lemahé, wewengkon Kabupatèn Demak dumadi saka tekstur lemah alus (liat) jembaré 49.066 ha lan tekstur lemah sedheng (lempung) jembaré 40.677 ha.

Sacara administrasi, jembar wewengkon Kabupatèn Demak ya iku 89.743 ha, dumadi saka 14 kacamatan, 243 désa lan 6 kalurahan. Minangka laladan agraris sing akèh-akèhé sing ndunungi urip saka tetanèn, sapérangan gedhé wewengkon Kabupatèn Demak dumadi saka lahan sawah sing jembaré nganti 48.947 ha, lan saluwihé ya iku wujud lahan garing.
Miturut panggunaané sapérangan gedhé lahan sawah sing dipigunakaké aripa lahan pengairan tèknis 40,40%, tadhah udan (33,22%) lan setengah tèknis 12,85%.
Déné lahan garing 35,395 dipigunakaké kanggo tegal kebun, 29,56% kanggo yasan lan pekarangan, sarta 18,90 kanggo tambak.

Kabupatèn Demak ketata saking 14 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Demak ya iku:

Makanan dan Minuman kas Demak, ya iku:

Jawa Tengah




#Article 400: Kabupatèn Jepara (381 words)


Kabupatèn Jepara (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ جٚڤَرَ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Jepara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.004,16 km² utawa  hèktar. Kabupatèn Jepara uga diarani karo jeneng Kabupatèn Jepasisirn.

Jeneng Jepara asal saka tembung Ujung Para, Ujung Mara lan Jumpara kang sabanjuré owah dadi Jepara, kang tegesé sawijining papan panggon para pedagang kang dol-tinuku menyang laladan-laladan liya. Miturut buku “Sajarah Baru Dinasti Tang (618-906 M)”yèn ing taun 674 M, musafir Tionghoa I-Tsing tau teka ing nagari Holing utawa Kaling utawa Kalingga kang uga ingaran Jawa utawa Japa lan dipercaya dunungé ing Keling, kawasan wétan Jepara saiki. Tlatah mau dipanggedhèni déning ratu wanita ajejuluk Ratu Shima kang kaloka tegas.

Miturut panulis Portugis Tome Pires sajeroning bukuné “Suma Oriental”, Jepara lagi kaloka ing abad kaping 15 (1470 M) minangka bandar dedagangan cilik kang didunungi déning 90-100 wong lan dipanggedhèni déning Aryo Timur lan ana ing sangisoré pamaréntahan Demak. Sabanjuré Aryo Timur diganti déning putrané kang asmané Pati Unus (1507-1521). Pati Unus nyoba yasa Jepara dadi kutha niaga.

Kabupatèn Jepara dumunung ing pasisir lor sisih wétan Jawa Tengah, saéngga ing sisih kulon lan lor kabupatèn iki diwatesi déning segara. Pérangan wétan wewengkon kabupatèn iki wujud tlatah pagunungan.

Wewengkon Kabupatèn Jepara uga nyakup Kapuloan Karimunjawa, ya iku gugusan pulo-pulo ing Segara Jawa. Pulo kang gedhé dhéwé ya iku Pulo Karimunjawa lan Pulo Kemujan. Sapérangan gedhé wewengkon Karimunjawa dilindhungi sajeroning Cagar Alam Segara Karimunjawa. Panyebrangan menyang kapuloan iki dilayani déning kapal ferry kang budhal saka Pelabuhan Jepara. Karimunjawa uga ana lapangan terbang kang bisa didharati pesawat asal saka Semarang.

Kabupatèn Jepara ketata sajeroning 16 kacamatan, 16 kalurahan lan 178 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Jepara ya iku:

Di kabupatèn Jepara terdapat berbagai jinis kesenian, ya iku:

Panganan Khas Jepara:

Jajanan Khas Jepara:

Ombenan Khas Jepara:

Oleh-olèh Khas Jepara:

Jepara kaloka minangka kutha ukir, amarga akèh tinemu sentra kerajinan ukiran kayu kang misuwur tekan manca nagara. Kerajinan mèbel lan ukir iki kasebar warata mèh kabèh kacamatan lan sentra perdagangané ana ing wewengkon Ngabul, Senenan, Tahunan, Pekeng, Kalongan lan Pemuda. Kajaba iku, Jepara minangka kutha kelairan pahlawan wanita Indonésia R.A. Kartini.

Potensi Kabupatèn Jepara:* Industri Mebel Ukir Jepara. Industri iki kasebar ing tlatah Jepara, kajaba Kacamatan Karimun Jawa

Kabupatèn Jepara gadhah komoditas ekspor, ya iku:




#Article 401: Kabupatèn Karanganyar (745 words)


Kabupatèn Karanganyar (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ کَرَڠْاَڽَرْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing sisih wétan kutha Sala. Kutha Karanganyar iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 800,20 km2 utawa  hèktar.

Karanganyar jaman semono ya iku dhukuh cilik, lairé tanggal 19 April 1745 utawa 16 Maulud 1670. Pawongan kang gawé jeneng Karanganyar ya iku Radèn Mas Said utawa kang kondhang aran Pangéran Sambernyawa. Cikal bakalé laladan Karanganyar ya iku saka Radèn Ayu Dipanagara utawa Nyi Ageng Karang, jeneng timuré Radèn Ayu Sulbiyah. Ing wektu iku Karanganyar ya iku dhukuh cilik kang kalebu wewengkon Kasunanan Surakarta lan kang mimpin Swapraja Kasunanan Surakarta ya iku Sri Pakubuwana II.

Prajanjèn Giyanti tanggap 13 Fèbruari 1755 antarané Sunan Pakubuwana III lan Pangèran Mangkubumi kang isiné misah Karajan Mataram dadi rong wewengkon, ya iku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta. Dhukuh cilik Karanganyar kang manggon ing Sukawati Kidul kalebu wewengkon Kasultanan Ngayogyakarta lan kang dadi ratu nalika iku ya iku Sri Sultan Hamengkubuwana I utawa Pengéran Mangkubumi taun 1775-1792.
Ing taun 1847, Sri Paduka Mangkunagara III ing Kadipatèn Mangkunagaran nggawé tatanan anyar ya iku Staatblat 1847 No. 30 kang diwiwiti tanggal 5 Juni 1847. Isiné ya iku ing salah sawijining aturan njlèntrèhaké babagan Karanganyar ya iku wewengkon.
Ing taun 1903 kabêntuk Kabupatèn Anom Kutha Mangkunagaran, wewengkoné ya iku kutha Sala sisih lor, Wanareja, Kaliyasa, lan Calamadu.

Sri Paduka Mangkunagara VII (1916-1944) ngganti istilah Onderregentschap diganti dadi regentschap utawa basa Indonésiané Kabupaten ing tanggal 20 Novèmbêr 1917.
Ing tanggal 20 Novèmber 1917 Kabupatèn Karanganyar lair. Jeneng Karanganyar dumadi saka telung tembung, ya iku:
Ka: Kawibawan ingkang dipungayuh (kewibawaan yang dicita-citakan).
Rang: Rangkepanipun lair batin pulung lan wahyunipun sampun turun temurun (rangkapnya lahir dan batin, pulung dan wahyunya turun).
Anyar: Badhé nampi prajanjèn anyar/énggal winisudha jumeneng Mangkunagara I (akan  menerima perjanjian baru yang diangkat menjadi Mangkunagara I).
Reorganisasi wewengkon Kadipatèn Mangkunagaran ditindakaké kanthi Dudutan Sri Paduka Mangkunagara VII babagan nggawé Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Karanganyar. Ing tanggal 18 Novèmber 1917 KGPAA Mangkunagara VII ngangkat KRT Hardjahasmara ing Kabupatèn Karanganyar. Ing sajeroning pelantikan KGPAA Mangkunagara VII mènèhi sesorah arahan, kaya ta:

Antarané taun 1917 nganti taun 1930 ing Kabupatèn Karanganyar wis ana telung Bupati kang mandhégani, ya iku:

Adhedhasar Rijksblaad Mangkunagaran taun 1923 No.10 Kabupatèn Karanganyar kapara dadi telung wewengkon Kawedanan lan 14 Wewengkon Kapanèwon (Kacamatan), ya iku:

Ing taun 1930 Kabupatèn Karanganyar diilangi lan kanthi administratif dilêbokaké ning wewengkon Kabupatèn Kutha Mangkunagaran. Bab iku didhasari amrih kebon-kebon kagungan Mangkunagara gampang anggoné ngolah kanthi apik. 
Ing jaman Jepang  (1942-1945), laladan Karanganyar isih sinebut minangka Kawedanan, wewengkon saka Kabupatèn Kutha Mangkunagaran, mung baé kalungguhan lan wewengkoné diganti ngganggo istilah utawa basa Jepang.

Sawisé Proklamasi Kamardikan tanggal 17 Agustus 1945, Présidhèn Républik Indonésia ngetokaké Piagam Kedudukan kang netepaké Sri Susuhunan Pakubuwana XII dadi Kepala Laladan Kasunanan Surakarta lan Sri Paduka Mangkunagara VIII dadi Kepala Laladan Mangkunagaran.
Ing akir taun 1945 ing Surakarta ana obahan anti Swapraja kang ngrembaka nganti Karanganyar, Sragèn, Klathèn, Boyalali, Wanagiri, lan Kutha Surakarta kang nyatakaké ucul saka Pamaréntahan Swapraja. Babagan iki olèh tanggepan saka Pamaréntah Pusat kanthi terbité Pênêtapan Pêmêrintah No. 16/SD Taun 1946. Salah sawijining isiné ya iku nêtêpaké laladan-laladan kasêbut kagabung ing Karésidénan Surakarta lan kang mimpin ya iku Rèsidén. 
Laladan Kabupatèn Karanganyar ya iku:

Kabupatèn Karanganyar dumunung ing pérangan kidul-wétan Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Wewatesan karo Provinsi Jawa Wétan ing sisih wétan, Kabupatèn Sragèn ing sisih lor, Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Sukaharja ing sisih kidul lan Kutha Surakarta lan Kabupatèn Boyalali ing sisih kulon.

Kabupatèn Karanganyar dumunung antara 110°40’-110°70’ BT lan 7°28’-7°46’ LS. Dhuwuré lemah watara 511 mèter saka lumahing segara duwé iklim tropis kanthi suhu rata-rata 22°-31°C.

Miturut data saka 6 stasiun pangukur kang ana ing Kabupatèn Karanganyar, cacahing dina udan sajeroning taun 2006 ya iku 78 dina kanthi rata-rata curah udan 1.817 mm, lan curah udan paling dhuwur ing sasi Januari lan paling cendhèk sasi Juni nganti Oktober. Ing taun 2012-2016, dina udan rata-rata saben tahun ya iku 116 - 210 dina. Rata-rata curah udan ya iku 583,33 mm, kanthi dhuwur dhéwé ing sasi November-April lan sithik dhéwé ing sasi Juni-Agustus. 

Jembar wewengkon Kabupatèn Karanganyar ya iku 77.378,6374 Ha, dumadi saka lemah sawah 22.844,2597 Ha lan lemah garing 54.534,3777 Ha. Pesawahan dumadi saka irigasi teknis 7.872,6323 Ha, 1/2 teknis 6.144,2939 Ha, prasaja 7.134,1251 Ha lan tadhah udan 1.693,2084 Ha. Sawetara iku jembar pekarangan / yasan 20.732,4406 Ha, tegalan / kebun 17.937,0211 Ha. lan pakebonan 3.251,5006 Ha.

Kabupatèn Karanganyar dumadi saka 17 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-kacamatan ing Kabupatèn Karanganyar ya iku:




#Article 402: Kabupatèn Kendhal (971 words)


Kabupatèn Kendhal (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing wewengkon pantura, kutha Kendhal iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.002,23 km2.

Asil tetanèn wujud: brambang, bawang, unclang, kenthang, kubis, kembang kol, peté / sawi, wortel, lobak, kacang abang, kacang panjang, cabé, cabé rawit, jamur, tomat, terong, buncis, timun, labu Siem, kangkung, bayem, melon, bengkoang lan semangka..

Jeneng Kendhal dijupuk saka sawijinig wit, ya iku Wit Kendhal. Wit iku wis kawentar wiwit jaman Karajan Demak nalika pamaréntahané Sultan Trenggono ing taun 1500-1546 M.
Nama Kendhal diambil dari nama sebuah pohon yakni Pohon Kendhal.

Kabupatèn Kendhal dumunung ing watarané 109°40'-110°18' Bujur Wétan lan 6°32'-7°24' Lintang Kidul. Wates wewengkon administrasi Kabupatèn Kendhal ya iku:

Jarak paling adoh wewengkon Kabupatèn Kendhal saka kulon mangetan ya iku 40 Km, déné saka lor mangidul adohe 36 Km. Kabupatèn Kendhal duwé amba 1.002,23 Km2 kang dumadi saka 20 Kacamatan kanthi 265 Désa sarta 20 Kalurahan.

Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) dataran, ya iku dataran cendhèk (pasisir) lan dataran tinggi (pagunungan). Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor minangka laladan dataran cendhèk kanthi dhuwur watarané 0-10 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:

Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul minangka laladan dataran tinggi kang dumadi saka lemah pagunungan kanthi dhuwur watara 10-2.579 mèter dpl, kang kapérang ing Kacamatan:

Wewengkon Kabupatèn Kendhal dumadi saka 2 (loro) laladan dataran, mula kondhisi iku ndadékaké kondhisi iklim wewengkon Kabupatèn Kendhal. Wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan lor didominasi déning laladan dataran cendhèk lan cedhak karo Laut Jawa, mula kondhisi iklim ing laladan kana luwih panas kanthi suhu rata-rata 27 °C. Déné wewengkon Kabupatèn Kendhal pérangan kidul kang minangka laladan pagunungan lan dataran tinggi, kondisi iklim ing panggonan iku luwih adhem kanthi suhu rata-rata 25 °C.

Kabupatèn Kendhal ketata saking 19 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kendhal ya iku:

Saliyané Kendhal, kutha-kutha kacamatan liyané kang signifikan ya iku Kaliwungu lan Weleri.

Kutha iki ora tau sepi saka urip keislaman. Akèh pesantrén kanthi santri saka pirang-pirang kutha ing pirang-pirang panggonan. Ciri kas kutha iki ya iku akèh wong kang riwa-riwi kanthi nganggo klambi muslim, nganggo sarung lan nganggo panutup surah (peci utawa kerudung) kanthi Kuran utawa kitab-kitan tartamtu ing tangan. Kajaba iku, wacanan ayat-ayat suci Kuran sumadya terus sabendina ing sakabehing pucuking kutha iki.

Kutha paling kulon saka Kabupatèn iki pancèn ora tau sepi saka doltinuku. Kutha iki dadi transit lan ancasé para bakul saka sakabehing panggonan ing Kabupatèn Kendhal nganti tekan salabehing Wewengkon Indonésia. Kanthi fasilitas transportasi (ana 2 terminal lan 1 Stasiun KA) lan fasilitas komunikasi lang luwih jangkep tinimbang kacamatan liyané. Weleri mundhak dadi kutha kang ramé lan gampang kaakses. Kajaba iku, kanthi cara sosial, anané bakul saka Klaten-Sala kang gawé perkampungan mirunggan (Kampung Sala), perkampungan iku dumunung ing dukuh Kedonsari Kalurahan Penyangkringan. Saka prabawa owahan sosial iku ndadèkaké weleri minangka kacamatan kang perkembangan dagang saya rame ditandhani akèhé pasar tradisonal, nganti tekan seprené ana 3 pasar gedhé kang dumunung ing jantung kacamatan weleri.

Kendhal manggon ing jalur pantura kang ramai banget. Angkudan umum antarkota padatan anané bis. Kendhal uga diliwati jalur sepur, ana telung stasiun (Weleri, Kalibodri, lan Kaliwungu) kanthi stasiun gedhé dhéwé ing Weleri. Padatan, sepur jarak jauh ora mandheg ing stasiun-stasiun iki. Déné transportasi sajeroning Kabupatèn Kendhal ana becak, dhokar, grobag, pit, lan montor.

Kabupatèn Kendhal duwé klub bal-balan, ya iku Persik Kendhal kang manggon ing Stadion Bahurekso. Saliyané Stadion Bahurekso, Kendhal uga duwé Stadion Madya. Ulah raga liyané bal-balan padatan nglakoni gladhèn ing Gor Bahurekso. Déné kanggo latihan fitnes, dilakokake ing fitnes center ing Kaliwungu.

Sektor pendidikan ing Kabupatèn Kendhal kapérang saka pirang-pirang macem. Saka pendidikan formal, informal, lan non formal. Arep kebeh Kacamatan duwé sarana lan prasarana pendidikan. Wiyata fomal ing Kabupatèn iki ana atusan TK lan Sekolah Dasar utawa kang sederajat. Samono uga karo SMP utawa kang sederajat, kabèh kacamatan ing kabupatèn iki duwé SMP utawa kang sederajat. Samono uga karo pendidikan menengah. Ing Kabupatèn kendal ing pambuka taun 2008 duwé 30 SMA kang kapérang saka 14 SMA Negeri lan 16 SMA Swasta. Miturut program kang dibuka saka 30 sekolah ana telung sekolah kang duwé program lengkap IPA, IPS lan Basa ya iku: (1) SMA 1 Kendhal, (2) SMA 1 Boja, lan (3) SMA 1 Weleri. Déné pendidikan menengah kejuruan (SMK) ana 22 SMK kang kapérang saka 5 SMK Negeri, 13 SMK Swasta, lan 2 SMK kelas adoh ing Pondok pesantren.

Cacahe penduduk Kabupatèn Kendhal Taun 2004 ya iku 899.211 jiwa, kang kapérang saka 443.974 (49,34%) penduduk lanang lan 455.237 (50,66%) penduduk wadon.

Kabupatèn Kendhal duwé akèh budaya kang asipat tradhisional utawa agamis kaya déné Syawalan Kaliwungu (event iki wis kawenthar nganti tekan sakabehing Pulau Jawa), Sedekah Laut Tanggul Malang, Pista Laut Tawang lan Pasisir Bandengan. Kajaba iku, ana pirang-pirang pasaréan saka paraga-paraga adat utawa penyebar Agama Islam, antarané pasareyane Pangeran Djuminah, Kyai Asyari, Sunan Katong, Paku Wojo kang dumunung ing Kacamatan Kaliwungu, Pasareyane Pangeran Benowo ing Kacamatan Pegandon lan Pasareyane Kyai Seapu ing Kacamatan Boja. Ing Cepiring uga ana pasar cepiring lan akèh warna-warna bakul antarané toko pit BMS kang wiwit dhisik wis ana ing kana.

Putra: Blangkon modhel Mataram mondhol trepes, jebeh nutup talingan. Wusana pérangan dhuwur sarana beskap Sutowijayan (pérangan dhuwur nutup manengen lan tibane lurus mangisor kanthi telung kanthong, pérangan wuri landhung lan ana wilahan ing sisih kiwa lan tengen). Pérangan ngisor sarana nyamping/ kain pasisiran nganggo sabuk, epek timang, nganggo keris/ duwung. Migunakake selop kang katutup.

Putri: Gelungan kas Kendhal, rambut disasak lan dirapikake kaya déné gawé gelungan jawa lan pérangan sisih tengen lan kiwa digawé mepet talingan (tanpa sunggar). Banjur, kanggo gawé gelungane nganggo gelungan Jawa Sala ukuran cilik kanthi telung tusuk konde modhèl lingkar.

Salah siji papan plesiran kang paling misuwur ing Kabupatèn Kendhal ya iku Curug Sewu, iku air terjun telung tingkat dhuwuré 80 mèter, dumunung ing Kacamatan Patean (winatesan karo Kabupatèn Temanggung).

Papan plesiran liyané ing Kabupatèn Kendhal:




#Article 403: Kabupatèn Klathèn (243 words)


Kabupatèn Klathèn (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ کلَتَينْ), (basa Indonésia Kabupaten Klaten) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih lor DIY, kutha Klathèn iku kutha krajan kabupatèné. Amba wewengkon kabupatèn iki ± 655,56 km².

Miturut géografi Kabupatèn Klathèn papané antarané 110o30'-110o45' bujur wétan lan 7o30'-7o45' lintang kidul.

Jembaring wewengkon kabupatèn Klathèn ana 665,56 km2. Ing sisih wétan mawates karo kabupatèn Sukaharja. Ing sisih kidul mawatesan karo kabupatèn Gunungkidul (Daerah Istimewa Yogyakarta). Ing sisih kulon mawatesan karo kabupatèn Sléman (Daerah Istimewa Yogyakarta) lan ing sisih lor mawatesan karo kabupatèn Boyolali.

Miturut topografi, kabupatèn Klathèn tlatahé kapérang dadi panggonan ing antaraning gunung Merapi lan pagunungan Sèwu lan dhuwuré antara 75-160 mèter ing dhuwuré sagara sing kapérang  dadi  tlatah ing pèrèng Gunung Merapi di pérangan utara areal miring, wewengkon datar dan wewengkon nggegunung di pérangan kidul.

Dideleng saka dhuwuré, tlatah kabupatèn Klathèn tumata saka dataran lan pagunungan, lan panggonané ana ing dhuwur sing  béda-béda, yeku 9,72% panggonane ana ing dhuwur 0-100 mèter saka sagara. 77,52% ana ing dhuwur 100-500 mèter saka sagara lan 12,76% panggonané ana ing dhuwur 500-1000 mèter saka sagara.

Kaanan iklim Kabupatèn Klathèn kalebu iklim tropis karo mangsa udan lan mangsa kalaron silih ganti sadawaning taun,  témperatur udara rata-rata 28-30o Celsius lan curah udan rata-rata kurang luwih 153 mm saben sasi karo curah udan dhuwur dhéwé sasi Januari (350mm) lan curah udan ngisor dhéwé sasi Juli (8mm).

Kabupatèn Klathèn ketata saking 26 kacamatan,  kalurahan lan 401 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Klathèn ya iku:




#Article 404: Maérah (116 words)


Dèwi Maérah iku salah sijiné paraga wayang. Dhèwèké garwané Prabu Basudéwa, raja nagara Mandura. Sawijining dina, Basudéwa mbebedhag (mbeburu) ing alas. Ing kono, Basudéwa gawé jaring kanggo mikut kéwan. Kocap kacarita, Prabu Gorawangsa, raja nagara Bombawirayang, ngerti yèn Basudéwa lagi lunga. Dhèwèke mlebu ing kraton Mandura lan salin rupa dadi Basudèwa. Ora dinyana, jebul Gorawangsa kepéngin nggoda Dèwi Maérah. Amarga ora ngerti, Dèwi Maérah nglagati katresnan lan andum asmara.

Basudèwa banjur ngerti. Kanthi dibiyantu déning Pandhu, raja Astina, Gorawangsa bisa dipatèni. Nanging Dèwi Maérah wus kadung saresmi lan ngandhut. Dèwi Maérah ditundhung (usir) saka kraton lan urip ing Bombawirayang, diwènèhaké marang Ditya Suratimantra, adhiné Gorawangsa. Dèwi Maérah banjur nglairaké bayi kang nduwé siyung lan dijenengi Kangsa.




#Article 405: Kabupatèn Kudus (843 words)


Kabupatèn Kudus iku kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia. Kutha krajané ya iku Kutha Kudus kang dumunung ing jalur pasisir lor wétan Jawa Tengah, ya iku ing antarané (Semarang-Surabaya). Kabupatèn iki wewatesan karo dengan Kabupatèn Pathi ing sisih wétan, Kabupatèn Grobogan lan Kabupatèn Demak ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Jepara ing sisih kulon. Kudus kaloka minangka kutha pengasil rokok krètèk gedhé dhéwé ing Jawa Tengah. Kajaba iku Kudus uga minangka kutha santri, lan dadi punjering perkembangan agama Islam ing abad tengahan. Bab iki bisa dideleng saka anané 3 makam wali/ sunan, ya iku Sunan Kudus, Sunan Muria lan Sunan Kedu.

Dumadiné kutha kudus ora adoh saka perané Sunan Kudus. Jalaran ngèlmu lan kaprigelané, Sunan Kudus diwènèhi wewenang, mandégani jamaah Kaji, jalaran iku Sunan Kudus olèh gelar “Amir Haji” kang tegesé wong kang nguwasani urusan para Jama’ah Kaji. Panjenengané tau dumunung ing Baitul Maqdis saperlu sinau babagan agama Islam. Rikala semana ing kono lagi ana wabah lelara, saingga akèh wong kang mati. Jalaran pangudiné Ja’far Shoddiq, wabah mau bisa dibrantas. Jalaran lelabuhané, Amir ing Palèstina mènèhi Ijazah Wewengkon, ya iku wewenang nguwasani salah sawijiné papan ing Palestina. Kang katulis ing watu kang katulis kanthi aksara Arab kuna, nganti saiki isih wutuh ing ndhuwur Mihrab Masjid Menara Kudus.

Sunan Kudus ngajokaké panjaluk marang Amir Palèstina kang uga ara-araé, supaya wewenang salah sawijiné papan dipindah ing Pulo Jawa. Panyuwunan mau diwujudaké lan Ja’far Shoddiq mulih menyang Jawa. Ja’far Shoddiq yasa masjid ing laladan Kudus nalika taun 1956 H utawa 1548 M kanthi jeneng Al Manar utawa Masjid Al Aqsho, niru jeneng Masjid ing Yérusalem ya iku Masjidil Aqsho. Kutha Yerusalem uga diarani Baitul Maqdis utawa Al-Quds. Saka tembung Al-Quds mau banjur diarani Kudus, sateruse digunakaké jeneng kutha Kudus nganti saiki. Sadurungé diarani Loaram, jeneng iki dinggo minangka jeneng désa Loram nganti saiki. Masjid kang diwangun Sunan Kudus mau kaloka minangka jeneng masjid Menara ing Kauman Kulon. Kawitané Sunan Kudus mapan ing laladan iku, cacahé kaum muslimin sansaya nambah saingga laladan ing sautara Masjid diarani Kauman, kang tegesé papan panggonan kaum muslimin.

Ana carita rakyat ing kudus ngenani apa jalarane bebrayan Kudus nganti saiki ora nyembelih sapi? Sadurungé ana kaum Islam, laladan Kudus lan saubengé kalebu laladan Pusat Agama Hindhu. Rikala semana nalika Sunan Kudus ngelak, tau ditulungi pandhita Hindhu kanthi mènèhi susu sapi. Jalaran iku minangka rasa panuwun, Sunan Kudus wektu iku nglarang nyembelih sapi amarga ing agama Hindhu, sapi kalebu kéwan kang diajeni utawa dimuliakan.

Dina dumadiné kutha Kudus dikukuhaké tanggal 23 September 1549 M lan diatur ing Peraturan Laladan (PERDA) No. 11 taun 1990 ngenani Hari Jadi Kudus kang di babar tanggal 6 Juli 1990 ya iku ing era Bupati Kolonel Soedarsono. Dina dumadiné kutha Kudus dirayakaké kanthi parade, upacara, tasyakuran lan kagiyatan ing Al Aqsa / Masjid Menara kang diterusaké kanthi ritual keagamaan kaya ta doa bareng lan tahlil.

Kabupatèn Kudus ya iku salah sawijiné Kabupatèn ing Jawa Tengah kang mapan ing sautara patang kabupatén ya iku: Sisih lor jèjèran karo kabupatèn Jepara lan Pati, sisih kulon jèjèran karo Kabupatèn Demak lan Jepara, sisih kidul jèjèran karo Kabupatèn Grobogan lan Pati, Sisih wétan jèjèran karo kabupatèn Pati. Kabupatèn kudus mapan ing 6 51'-7 16' Lintang Selatan lan 110 36'-110 50' Bujur Timur. Jarak paling adoh saka wétan tekan kulon ya iku 16 km lan saka lor tekan kidul kidul nganti 22 km. Dideleng saka tipografiné, Kabupatèn Kudus duwé ketinggian terendah 5 mèter ning ndhuwur lumah laut ing Undaan lan ketinggian tertinggi 1600 mèter diatas lumah laut ing Dawe.
Jinisé lemah ing Kabupatèn Kudus akèh-akèhe ya iku aluvial coklat nganti 32,12 persèn saka jembar lemah ing Kabupatèn Kudus. Akèh-akèhe lemah ing Kudus duwé kamiringan 0-2 drajat lan kedalaman efektif punjul 90 cm.
Kelerengan 0-8%: Undaan (Désa Undaan Kidul, Undaan Lor, Undaan Tengah), Kacamatan Kaliwungu (Désa Blimbing Kidul, Désa Sidorekso, Désa Kaliwungu) Gebog, Dawe (Désa Margorejo, Désa Samirejo, Désa Karangrejo, Désa Cendono), Jekulo (Désa Jekulo)

Kaanan mangsa ing Kabupatèn Kudus rata-rata kadayan déning iklim tropis basah. Curah hujan ing Kabupatèn Kudus relatif ing ngisor rata-rata nganti 2000 mm/taun. Temperatur paling dhuwur nganti 33 drajat celcius lan paling ngisor nganti 26 drajat celcius kanthi témperatur rata-rata sautara 29 drajat celcius lan kelembaban rata-rata bulanan antaranè 72%-83%. Anginè ya iku angin kulon lan angin wétan sipaté lembab kanthi kelembaban sautara 88%, kecepatan angin minimum 5 km/jam lan kecepatan angin maksimum bisa nganti 50 km/jam.

Kabupatèn Kudus ketata saking 9 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Kudus ya iku:

Cacahing kang ndunungi Kabupatèn Kudus ing taun 2010 ana gunggung 764.606 jiwa, dumadi saka 379.020 jiwa lanang lan 385.586 jiwa wadon. Yèn dideleng saka panyebarané kacamatan kang paling akèh gunggung kang ndunungi ya iku Kacamatan Jekula, Kacamatan Jati, Kacamatan Dawé lan kang paling sithik ya iku kacamatan Bae. Kapadhetan kang ndunungi sajeroning kurun wektu limang taun (2006 – 2010) kapara ngalami mundhak sairing karo mundhaking gunggung kang ndunungi. Ing taun 2010 kacathet ana 1.798 jiwa saben kilomèter pasagi. Déné sebaran kang ndunungi isih durung warata, Kacamatan Kota minangka kacamatan kang paling padhet ya iku 8.738 jiwa per km2. Undaan paling arang kang ndunungi ya iku 961 jiwa per km2.




#Article 406: Kabupatèn Malang (413 words)


Kabupatèn Malang (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ مَلَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Kutha krajané Kepanjen. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Jombang, Kabupatèn Majakerta, Kutha Batu, lan Kabupatèn Pasuruan ing sisih lor, Kabupatèn Lumajang ing sisih wétan, Samodra Hindia ing sisih kidul, lan Kabupatèn Blitar lan Kabupatèn Kadhiri ing sisih kulon. Sabagéyan gedhé wewengkoné mujudaké pagunungan sing hawané seger, Malang misuwur minangka laladan jujugan plesiran utama ing Jawa Wétan.

Kabupatèn Malang kapérang dadi 33 kacamatan, sing kapérang manèh dadi désa lan kalurahan. Punjeré Panatapanguwasa ana kutha Kepanjen. Sadurungé ana ing Kutha Malang. Biyèné Kutha Batu kalebu ing Kabupatèn Malang, wiwit taun 2001 sawisé dikukuhaké dadi kutha dhéwé Kutha Batu pisah saka Kabupatèn Malang.
Punjeré Panatapanguwasa Kacamatan sing gedhé dhéwé lan amba ing Malang antarané: Lawang, Singosari, Dampit, lan Kepanjèn.

Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Malang:

Kabupatèn Malang iku kabupatèn paling amba nomer loro ing Jawa Wétan, sawisé Kabupatèn Banyuwangi. Sabagéyan gedhé wewengkoné wujud pagunungan. Pérangan kulon lan kulon-lor wujud pagunungan, kanthi puncaké Gunung Arjuno (3.339 m) lan Gunung Kawi (2.651 m). Pagunungan iki ana tuké Kali Brantas, kali paling dawa ing Jawa Wétan.

Pérangan wétan wujud komplèks Pagunungan Brama-Tengger-Semèru, kanthi puncaké Gunung Brama (2.392 m) lan Gunung Semèru (3.676 m). Gunung Semèru iku gunung paling dhuwur ing Pulo Jawa. Kutha Malang dhéwé ana ing cekungan antarané rong komplèks pagunungan mau.

Pérangan kidul wujud pagunungan lan dhataran glombang. Dhataran asor ing pasisir kidul cukup ciut lan sapérangan gedhé pasisiré ana wukiré.

Kabupatèn Malang nduwé potènsi tetanèn kanthi iklim sejuk. Laladan lor lan wétan akèh dipigunaaké kanggo kebonan apel. Dahérah pagunungan ing kulon akèh ditanduri janganan, lan dadi salah sawijining pangasil janganan utama ing Jawa Wétan. Laladan kidul akèh dipigunaaké kanggo nandur tebu lan hortikultura kaya déné salak lan semangka.

Transportasi angkudan antarkutha diladèni mawa bis kutha lan sepur. Terminal antarkutha ing kutha Malang ya iku Arjosari (jurusan Surabaya, Pasuruan, Probolinggo, Lumajang, Jember lan Banyuwangi), Gadang (jurusan Dampit, Lumajang lan Blitar/Tulungagung), lan Landungsari (jurusan Jombang, Tuban, lan Kadhiri). Angkudan ing kabupatèn migunakaké bis mini lan angkudan désa. Terminal ing wewengkon kabupatèn Malang ya iku: Kepanjen lan Tumpang.

Malang ana ing jalur sepur lintas Surabaya-Malang-Blitar-Kertosono-Surabaya. Ana rong stasiun sepur ing Kutha Malang (Malang lan Malang Kotalama), lan pitung stasiun ing wewengkon Kabupatèn Malang (Lawang, Singosari, Blimbing, Pakisaji, Kepanjen, Ngebruk lan Sumberpucung). Lintasan sepur iki kalebu unik (mungel siji-sijiné) ing Indonésia amarga ngliwati rong trowongan (tunnel) ing laladan PLTA Karangkates.

Malang misuwur minangka laladan tujon plesiran utama Jawa Wétan. Sapérangan papan plesiran mranani ing Kabupatèn Malang ya iku:




#Article 407: Kabupatèn Purwareja (576 words)


Kabupatèn Purwareja (hanacaraka:ꦥꦸꦂꦮꦉꦗ) iku sawijiné kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih kulon DIY, kutha Purwareja iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.034 km² utawa hèktar.

Kabupatèn Purwareja wewatesan:

Kabupatèn Purwareja duwé sajarah sing tuwa, diwiwiti jaman Megalitik disinyalir wis ana kauripan kanthi komunitas tetanèn sing tumata, kabuktèn anané sawatara paninggalan sajarah ing mangsa MEGALITH wujud MENHIR watu tegak ing sawatara wewengkon Kacamatan ing Kabupatèn Purwareja. Nalika jaman Hindhu Klasik, kawasan Tanah Bagelèn duwé peran wigati sajeroning sajarah Kraton Mataram Kuna (Hindhu). Tokoh Sri Maharaja Balitung Watukoro kaloka minangka Maharaja Mataram Kuna gedhé dhéwé, kanthi wewengkon kakuwasan nyakup: Jawa Tengah, Jawa Wétan lan sawatara wewengkon ing njaban Pulo Jawa.

Prof. Poerbatjaraka mratélakaké yèn Sri Maharaja Balitung Watukoro asal saka laladan Bagelèn. Indhikasi iki kacetha ing jeneng Watukoro sing dadi jeneng sawijining kali gedhé, kali iki ingaran uga kanthi jeneng Kali Bogowonto. Diarani mangkono, ngèlingi ing jaman iku ing gisiking kali kerep katon pandhita (Begawan).

Petilasan suci wujud lingga, yoni lan stupa panggonan para begawan ngayahi upacara bisa dipirsani ing wewengkon Kalurahan Balédana, Kacamatan Loano lan Bagelen. Désa Watukoro dhéwé dumunung ing sungapan kali Bogowonto lan kalebu wewengkon Kacamatan Purwadadi.

Pangembangan Agama Islam ing wewengkon Purwareja, diayahi déning Ki Cakrajaya, tukang nderes legèn utawa badhèg saka Bagelen, murid saka Sunan Kalijaga. Ki Cakrajaya luwih kaloka kanthi sebutan Sunan Geseng. Paninggalan Sunan Geseng akèh tinemu ing Bagelen lan Loano.
Kenthol Bagelen sing dadi piandeling wadya bala Sutawijaya, pawongan kang sabanjuré jumeneng nata dadi Panembahan Senapati ing Mataram, minangka dhasar pambentukan Krajan Islam Mataram. Ing periodé sabanjuré nalika Sultan Agung kuwasa ing Mataram, wadya bala saka Bagelèn iki sing duwé andhil sajeroning panyerangan menyang Batavia lan kalebu wadya bala baku Mataram.

Amarga saka Prajanjian Giyanti 1755 sing misahaké Krajan Jawa dadi loro, ya iku Surakarta lan Yogyakarta, tanah Bagelèn nampa akibaté, ya iku tanah Bagelèn dipara dadi rong pérangan ya iku kanggo Yogyakarta lan Surakarta, nanging amarga ora cetha wates-watesé wusanané dadi congkrah ora lèrèn-lèrèn.
Mangsa Perang Dipanegara taun (1825-1830) tanah Bagelèn dadi basis perlawanan Pangéran Dipanegara. Sarampungé Perang Dipanegara, Tanah Bagelèn lan Tanah Banyumas dijaluk kanthi peksa déning Walanda. Walanda banjur masrahaké marang Ngabèhi Resodiwiryo sing mbantu nglawan pambrontak, dadi Panguasa Tanggung kanthi gelar Tumenggung Cakrajaya sing sabanjuré diangkat dadi Bupati (Regent) Kabupatèn Purwareja kanthi Gelar Cokronegoro. Pawisudan diayahi ing Kedungkebo, markas garnisun Walanda lan sing ngawisuda ya iku Kolonel Cleerens.

Wewengkon Kabupatèn Purwareja nalika iku jembaré 263 Pal pasagi utawa watara 597 Km pasagi, nyakup kawasan wétan Kali Jali. Déné wewengkon sing jembaré 306 Km pasagi ing kulon kali Jali, minangka wewengkon Kabupatèn Semawung (Kutaarjo) lan dipanggedhèni déning Bupati (Regent) Sawunggaling. ngrembakane sabanjuré, Kedongkebo sing dadi basis militèr Walanda digabung karo Brèngkèlan lan dadi Purwareja. Déné tanah Bagelèn déning Pamaréntah Kolonial Walanda didadèkaké Karesidenan Bagelen kanthi Kutha krajan Purwareja.

Wewengkon Karesidenan Bagelem nyakup, Kabupatèn Purwareja, Kabupatèn Semawung (Kutaarja), Kabupatèn Kuthawinangun, Kabupatèn Remo Jatinegara (Karanganyar) lan Kabupatèn Urut Sewo utawa Kabupatèn Ledok utawa Kabupatèn Wanasaba.

Residhèn Bagelèn manggon ing Yasan sing saiki dadi Kantor Pamaréntah Laladan Purwareja utawa luwih koncar kanthi jeneng Kantor OTONOM sing pernahé ing pérangan kidul Alun-alun Purwareja.

Sisih kidul wewengkon Kabupatèn Purwareja wujud dhataran cendhèk. Sisih lor wujud pagunungan, péranganing Pagunungan Serayu. Ing tapel wates karo DIY, dumunung Pagunungan Menorèh.

Purwareja dumunung ana ing jalur utama lintas kidul Pulo Jawa. Kabupatèn iki uga diliwati jalur sepur, kanthi stasiun gedhé dhéwé ing Kuthaarja.

Kabupatèn Purwareja ketata saking 16 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Purwareja ya iku:




#Article 408: Kabupatèn Semarang (330 words)


Kabupatèn Semarang iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih lor, kutha Ungaran iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Ambarawa, Bandungan, Bergas, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 981,95 km² utawa hèktar.

Wates administrasi Kabupatèn ya iku ing sisih lor wewatesan karro Kutha Semarang, lan Kabupatèn Demak. Sisih kidul wewatesan karo Kabupatèn Boyalali lan Kabupatèn Magelang, sisih wétan wewatesan karo Kabupatèn Boyalali lan Kabupatèn Grobogan. Sisih kulon wewatesan karo Kabupatèn Temanggung lan Kabupatèn Kendhal. Ing satengahé wewengkon iki dumunung Kutha Salatiga. Rata-rata dhuwuré panggonan ing Kabupatèn Semarang 607 mèter sakdhuwuré lumahing segara. Laladan paling cendhèk ya iku ing Désa Candhireja Kacamatan Ungaran. Laladan paling dhuwur ing Désa Batur Kacamatan Getasan.

Ungaran, kuthaprojo kabupatèn iki, persis wewatesan karo Kutha Semarang. Pérangan wétan wewengkon kabupatèn iki minangka dhataran dhuwur lan pagunungan. Kali gedhé sing mili ya iku Kali Tuntang. Ing pérangan kulon wewengkon wujud pagunungan, kanthi pucuké wujud Gunung Ungaran (2.050 mèter) ing tapelwates karo Kabupatèn Kendhal, sarta Gunung Merbabu (3.141 mèter) ing sisih kidul-kulon.

Kabupatèn Semarang diliwati dalan nagara sing ngubungaké Yogyakarta lan Surakarta karo Kutha Semarang utawa luwih kaloka minangka JOGLO SEMAR. Angkudan umum antarkutha dilayani ngangggo montor bis, ya iku saka terminal bus Sisemut (Ungaran), Bawèn, lan Ambarawa. Sawetara rute angkudan regional ya iku: Semarang-Sala, Semarang-Yogyakarta, lan Semarang-Purwakerta, déné rute angkudan lokal ya iku Semarang-Ambarawa lan Semarang-Salatiga, Salatiga-Ambarawa.

Bawèn minangka kutha persimpangan jalur tumuju Sala lan tumuju Yogyakarta utawa Purwakerta. Jalur sepur Semarang-Yogyakarta minangka salah siji sing tuwa dhéwé ing Indonésia, nanging wektu iki wis ora operasi manèh, wiwit njeblugé Gunung Merapi sing ngrusak sapérangan jalur mau. Jalur liya sing saiki uga ora operasi ya iku Ambarawa-Tuntang-Kedungjati. Ing Ambarawa ana Museum Kereta Api. Sepur uwab nganggo rèl mawa untu saiki minangka jalur wisata kanthi rute Ambarawa-Bedana, saliyané iku wis dikembangaké sepur wisata Ambarawa-Tuntang PP. nlusuri pinggir Rawapening.

Kutha Salatiga dumunung ing tengah-tengah wewengkon Kabupatèn Semarang, ya iku ing jalur utama Semarang-Sala.

Kabupatèn Semarang ketata sajeroning 19 kacamatan, 27 kalurahan lan 208 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Semarang ya iku:




#Article 409: Kabupatèn Temanggung (101 words)


Kabupatèn Temanggung iku kabupatèn ing Jawa Tengah. Kutha Temanggung iku kutha krajané kabupatèn iki. Jembaré wewengkon kabupatèn iki ± 870,25 km² utawa 87.025 hèktar. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Kendhal ing sisih lor, Kabupatèn Semarang ing sisih wétan, Kabupatèn Magelang ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Wanasaba ing sisih kulon.

Sebagian gedhé wewengkon Kabupatèn Temanggung wujud dhataran dhuwur lan pagunungan, ya iku péranganing rangkéan Dataran Dhuwur Dièng. Ing tapel wates karo Kabupatèn Wanasaba dumunung Gunung Sindara lan Gunung Sumbing. Temanggung dumunung ing dalan provinsi sing ngubungaké Semarang-Purwakerta. Jalur Parakan-Welèri ngubungaké Temanggung karo jalur Pantura.

Kabupatèn Temanggung ketata saking 20 kacamatan, ya iku:




#Article 410: Kabupatèn Wanagiri (111 words)


Kabupatèn Wanagiri (Jawa: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦮꦤꦒꦶꦫꦶ) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan kidul. Kutha Wanagiri iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.822,37 km².

Saiki Kabupatèn Wanagiri dipanggedhèni déning Bupati Joko Sutopo lan Wakil Bupati Edy Santosa, S.H. sing menang Pemilihan Umum Kepala Laladan kanggo mangsa kalungguhan 2015-2020. Kabupatèn Wanagiri ketata saking 25 kacamatan. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Wanagiri ya iku:

Lambang lan sesanti Kabupatèn Wanagiri dikukuhaké ing taun 1967. Sesanti sing uniné Sabda Sakti Nugrahaning Praja iki sawijining sengkalan sing bisa diartèkaké sabda= 7, sakti = 6, nugrahaning = 9, lan praja = 1 dadi taun 1967 Masèhi, taun ditetepakéné lambang lan sesanti iki.




#Article 411: Kabupatèn Wanasaba (123 words)


Kabupatèn Wanasaba (panulisan ing basa Indonésia Wonosobo) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing tengah-tengah provinsi Jawa Tengah, kutha Wanasaba iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 984,68 km² utawa  hèktar.

Sapérangan gedhé wewengkon Kabupatèn Wanasaba wujud laladan pagunungan. Pérangan wétan (tapel wates karo Kabupatèn Temanggung) dumunung loro gunung geni: Gunung Sindoro (3.136 mèter) lan Gunung Sumbing (3.371 mèter). Laladan lor minangka péranganing Dhataran Dhuwur Dieng, kanthi pucuké Gunung Prahu (2.565 mèter). Ing sisih kidul, dumunung Wadhuk Wadaslintang.

Kutha krajan Kabupatèn Wanasaba dumunung ing tengah-tengah wewengkon Kabupatèn, sing dadi laladan hulu Kali Serayu. Wanasaba diliwati dalan provinsi sing nggabungaké Kutha Semarang-Kutha Purwakerta.

Kabupatèn Wanasaba ketata saking 15 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Wanasaba ya iku:




#Article 412: Gunung Tidar (165 words)


Gunung Tidar iku gunung ing tengah-tengah Kutha Magelang, dhuwure ± 500 m saking lumahing segara.  Gunung kang sajeroning legenda dikenal minangka Pakuné tanah Jawa iku dumunung ing tengah kutha Magelang.  Gunung Tidar duwé sajarah kang dawa sajeroning perjuangan bangsa Indonésia.  Ing Lembah Tidar, Akademi Militer minangka kawah candradimuka kang nggemblèng para calon prawira militèr, madeg ing tanggal 11 November 1957.

Ana telung obyèk wigati ing bukit Tidar iki, ya iku: kapisan anané cagak gendéra kang biyasa dianggo upacara déning taruna Akademi Militer. Saben taun para taruna Akmil kudu mènèk cagak mau kanggo masang gendéra sang dwiwarna. Obyèk kaloro ya iku wujud tugu kang dhuwuré rong mèter. Tugu iki diwangun saka printahé Sri Sultan Hamengkubuwono IX kanggo nengeri kaputusané nyerahaké karajan menyang rakyat (tahta untuk rakyat). Ing pucuking tugu iki ana pesen kanggo génerasi kang bakal teka, ya iku lambang Garuda Pancasila lan tulisan Sing Salah Sèlèh tinulis ing aksara Sangskreta. Obyek katelu wujud patilasan Éyang Semar dumunung ana ing sangisoré wit jati kang gedhé dhéwé..




#Article 413: Abimanyu (720 words)


Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.

Abhimanyu iku putra Arjuna karo garwané sang Subhadrā lan mula iku ditepungi mawa jeneng métronimik Saubhadra. Dhèwèké matèni Lakṣamaṇa, putrané Duryodhana ing dina kapindho Bhāratayuddha. Nanging ing dina kaping 13, dhèwèké dhéwé palastra. Abhimanyu iku bagus banget lan garwané ya iku Uttarā, putriné Ratu nagara Wirāṭa. Putrané, sang Parikṣit bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.

Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.

Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama kang kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kaya ta Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa kang kadunungan wahyu mau bakal bisa dadi naréndra gung binatara.
Nanging Abimanyu ora nganti klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké palastra ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.

Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu, lan nagarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.

Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama olèh Déwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana nagara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa). Abimanyu gugur ing pabaratan sadurunge Parikesit lair.

Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabyuha, kang dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré palastra kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu palastra uga asring karan Ranjapan Abimanyu Gugur kang pancèn ngeres-eresi.

Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang péngin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu palastra ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akèh kang matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.

Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon tata glondhong lampus dhiri kanthi cara pati obong.
Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kaanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla iku, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané Jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.

Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari kang nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.

Salah sijining wohing kasusastran Jawa klasik kang nyritakaké guguré Abimanyu pengawak kusuma kang wedi wirang wani mati iki, ya iku serat Wirawiyata. Serat wujud tembang sinom puniki anggitané pujangga kaloka Mangkunagara IV.

Cuplikan tembang sinom iku mangkéné:

Kaya kawuningan, isining Serat Wirawiyata anggitané Mangkunagara IV iku pancèn wujud piwulang bab kaprajuritan.

Yoganira kang para prajurit, lamun bisa anuladya, duk ing nguni caritané, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maèspati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama

Liré lalabuhan triprakawis, guna bisa sanès kareng karya, binudi dadya unggulé, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas katur ratunipun, purue sampun tetéla, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana

Serat Tripama uga nyiratakaké bab guguré para paraga wayang lan nyeritakaké tuladha kang becik saking para paraga wayang: Arjuna Sasrabahu, Patih Suwanda (Bambang Sumantri), lan Kumbakarna.




#Article 414: Drupadi (131 words)


Dèwi Drupadi iku salah swijining paraga wayang putri Prabu Drupada saka Cempalareja. Ing Mahabharata, paraga iki sinebut Draupadi. Ing wayang lan pedhalangan asring karan Drupadi. Ana kalane uga sinebut Dewi Kresna. Ing versi India, Drupadi dadi bojone Pandhawa. Iku tegesé poliandri. Ing pedhalangan, Drupadi dadi bojone Yudhistira. Wanita iki putri Prabu Prabu Drupada kang pembarep saka Dèwi Dèwi Gandawati. Dhèwèké mbakyuné Dèwi Dèwi Srikandhi lan Radèn Drustajumena.

Seka jejodhoane karo Yudhistira, nduwé anak Pancawala. Nanging yèn ing India, anaké ana lima:

Ing kedadeyan kalah dhadhu, Drupadi dadi bandhan amarga Pandhawa kalah karo Kurawa. Ing kéné Dursasana nyoba nglukari klambine Drupadi. Mula saka iku, wanita iki sumpah yèn ora arep kramas yèn durung kramas nganggo getihe Dursasana. Sumpah iki bisa kaleksanan ing perang Bharatayudha.

Drupadi mèlu Pandhawa munggah gunung Himalaya nuju surga.




#Article 415: R.B. Soelardi (117 words)


R.B. Soelardi iku salah sijiné pujangga sastra Jawa Modern kang wiwitan. Dhèwèké lair ing Wanagiri, 1885.  Wiwit cilik seneng seni lan wayang, mula saka iku Mangkunagara VII ketarik. Ing kraton, Soelardi dadi juru gambar, panatah wayang, waranggana, lan guru basa Jawa.

Nalika yuswané ngancik 22 taun, Soelardi kepincut marang wanodya mangkunagaran. Tresna kasambut nanging ora kareston déning wong tuwané sing wadon. Dhèwèké kuciwa. Seka tresna kang ora tuntas iku, R.B. Soelardi nganggit buku Serat Rijanto kang isiné ngritik kaanan ing kraton.

Sesambungan kang kapindho bisa kaleksanan. Sawisé suwé mlaku, garwané kang saka trahing ningrat iku séda. Bubar iku Soelardi metu saka kraton. Dhèwèké urip saka nggambar lan natah wayang. Priyayi iki séda ing taun 1965.

Buku-buku anggitané:




#Article 416: Kabupatèn Kadhiri (956 words)


Kabupatèn Kadhiri, (Basa Indonésia: Kediri, (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚضِرِ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia. Pare iku kutha krajané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1368.05 km². Kabupatèn Kadhiri minangka lokasi punjer krajan wigati Nusantara ing wiwitan milenium kapindho, Krajan Kadhiri. Ing mangsa kejayaané, ya iku nalika ana ing sangisoré pamaréntahan Raja Jayabaya, prabawané nganti tekan Ternaté. Situs Tondowongso, sing tinemu taun 2007, nuduhaké yang ing panggonan iki dunungé punjer pamaréntahan krajan iki.

Kabupatèn Kadhiri duwé sawatara papan wisata, antarané Gunung Kelud ing Wates, Guwa Maria Pohsarang ing Semen, Candhi Tegowangi ing Paré lan uga petilasan Sri Aji Jayabaya ing Désa Menang, Kacamatan Pagu sing biyèn dadi papan muksané raga Raja Jayabaya lan sing kari mung sandhangané.

Kabupatèn Kadhiri wewatesan ing sisih lor karo Kabupatèn Jombang, ing sisih kulon karo Kabupatèn Nganjuk, Kertasana, ing sisih kidul karo Kabupatèn Tulungagung lan Kabupatèn Blitar, ing sisih wétan karo Kabupatèn Malang.

Kabupatèn Kadhiri katata sajeroning 25 kacamatan, 344 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Kadhiri duwé panganan kas, ya iku: tahu kuning, gethuk pisang, lan jangan tumpang. Jangan tumpang iku digawé saka témpé bosok utawa témpé sing wis sadina terus diuleg/dijur, dibumboni, banjur disanteni.

Tahu kuning Kadhiri uga mau tahu takwa. Miturut katrangan para nimpuna sing mumpuni babagan sajarah, tembung takwa iku asalé saka tembung tok wa tembung sing asalé saka Negeri Cina. Ing Kadhiri, tahu ora mung didol kaya adaté, nanging uga diolah dadi kripik tahu. Kabèh panganan kas Kadhiri iku akèh didol ing dalan Pattimura, Kadhiri. Dalan Pattimura iku pancen punjeré tuku olèh-olèh saka Kadhiri.

Nanging béda karo jangan tumpang. Jangan tumpang iku gathukané karo sega pecel, kang akèh didol wayah ésuk lan wengi. Yèn ésuk akèh ditemoni ing warung-warung omahan, nanging yèn wengi akèh didol ing pèrènging dalan. Pusat wong dodol jangan tumpang lan sega pecel iku ana ing Dalan Daha. Awit saka jam 19.00 nganti jam 24.00, dalan Daha ora tau sepi. Saka punggawa pamaréntah nganti tukang bècak kabèh ngumpul dadi siji nèng Dalan Daha, mung kanggo bisa ngrasakaké jangan tumpang uga sega pecel kas Kadhiri.

Kadhiri kutha kang akèh duwé panggon plesir. Panggon-panggon plesir iku kaya ta Simpang Lima Gumul, Grojogan Dholo, Gumul Paradise Island, Gunung Kelud, Bendungan Waru Turi, Candhi Tégawangi, Candhi Surawana, Candhi Tua Puh Sarang, Petilasan Sri Aji Jayabaya, lan Kadhiri rafting.

Simpang Lima Gumul
diyasa taun 2003, nalika Sutrisno dadi Bupati Kadhiri. Akèh wong Kadhiri nyebut yèn SLG (Simpang Lima Gumul) iku kaya ka'bahe Kadhiri, nanging asliné SGL iku niru yasan ing Paris sing jenengé L'Ach de Triomphe. Simpang Lima Gumul diyasa ing tlatah Kadhiri panjeré ing Désa Tugu Rejo Kacamatan Ngasem. Ana sing ngomong yèn Simpang Lima Gumung iku asliné kainspirasi saka Jangka Jayabaya kang duwé pangarep-arep bisa ndadèkaké siji limang wewengkon ing Kadhiri.

Grojogan Dholo
ana ing Dhusun Besuki, Désa Jugo, Kacamatan Maja kira-kira ana 25 kilomèter saka Kutha Kadhiri. Grojohan Dholo ora tau sepi saka wong plesir, akèh wong kang seneng dolan menyang grojogan Dholo. Wisatawan ora mung saka Kadhiri nanging uga saka kutha liya lan provinsi liya. Hawa ing Grojogan Dholo adhem amarga ana 1.800 kaki saka rai laut. Wong kang plesir uga disuguhi panggon kanggo kémah utawa adaté ingaran Camping Ground. Ing kana uga ana kebon strobèri uga kebon janganan, dadi yèn dolan mrana para wisatawan uga bisa tuku strobèri lan janganan kang isih seger.

Gumul Paradise Island
utawa adaté ingaran GPI iku wisata bèji kang gedhé ing Jawa Wétan. GPI dadi salah sawijining panggon plesir sing disenengi karo masarakat Kadhiri, amarga duwé fasilitas kang pepak. Ing GPI ana speed slide, body slide, kolam jamur, fun boomerang, kolam bak kutah, lan flying fox. Rega karcis ora larang mung Rp 20.000,00 kanggo wong tuwa, lan Rp 15.000,00 kanggo cah cilik. GPI duwé visi kang gedhé ya iku GPI dadi simbul wisata banyu kang paling apik lan gedhé ing Jawa Wétan lan Nasional.

Gunung Kelud
salah sawijining gunung kang isih aktip ing Indonésia. Gunung Kelud ana ing Kacamatan Ngancar, Kabupatèn Kadhiri. Gunung kang tau mbledhos ing taun 2007 iki saiki nganakaké gunung cilik utawa ingaran anak Gunung Kelud. Kaanan iku luwih disenengi karo para wisatawan amarga Gunung Kelud sang saya ramé. Sesawangan ing puncuk kepundhèn kang ana bendhungan banyu ijo dadi biji tambahan kaélokané Gunung Kelud.

Bendhungan Waru Turi
, bendungan kang ana ing pèrènging dalan gedhé Kertasana-Kadhiri. Bendhungan iki dadi papan wisata kang uga disenengi déning masarakat Kadhiri, amarga fasilitas kang dicepakaké pepak. Flying fox ora mung ana ing Gunung Kelud nanging uga ana ing Bendhungan Waru Turi, saliyané iku uga ana bendhungan teratai (bendhungan kang kebak kembang teratai). Ing kana uga ana kolam nglangi, dolanan bocah, lan sing paling wigati ya iku ana warung iwak seger. Saka dolanan banyu nganti wisata panganan kabèh ana ing wisata Bendhungan Waru Turi. Rega karcis uga murah, mung Rp 2.000,00 kémawon.

Candhi Tégawangi.
Ing Jawa Wétan akèh ditemoni candhi-candhi cilik, salah sawijné ya iku candhi Tégawangi. Candhi Tégawangi ana ing Kacamatan Plemahan Kabupatèn Kadhiri, kira-kira ana 24 kilomètèr saka Kutha Kadhiri. Ora ana karcis yèn arep mlebu papan wisata iki, amarga pancèn ora patia dirawati karo pamaréntah. Akèh péranganing candhi sing ilang amarga dicolong utawa rusak.

Candhi Surawana
ya iku candhi Hindhu sing ana ing Désa Canggu, Kacamatan Paré, Kabupathèn Kadhiri, ± 25 km saka arah wétan Kutha Kadhiri. Candhi Surawana duwé jeneng asli Wishnubhawanapura. Para ahli sajarah kang mumpuni ngira-ngira candhi iki diyasa abad 14 kanggo Yang Mulia Bhre Wengker, ratu Karajan Wengker ing Tlantah Majapahit. Candhi Surawana sing ana saiki ora wutuh saka asalé, sing ana saiki ya iku candhi kasil saka rekonstruksi para nimpuna arkéologi sing mumpuni.

Kampung Inggris punika kampung ingkang kathah kursusan basa Inggris. Kampung Inggris panggoné ana ing Kacamatan Paré. Ancer-anceré ana ing dalan Anyelir, dalan Brawijaya, dalan Kemuning Désa Tulungrejo, lan Désa Singgahan, kacamatan Paré, kabupatèn Kadhiri, Jawa Wétan.




#Article 417: Kabupatèn Gresik (250 words)


Kabupatèn Gresik (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Gresik iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon Kabupatèn iki ± 1,191.25 km² utawa  hèktar.

Gresik wis kaloka wiwit abad kaping 11 nalika tuwuh dadi punjer dedagangan ora mung antar pulo, nanging wis sumrambah menyang manca Nagara. Minangka kutha bandhar, Gresik akèh ditekani para pedagang Cina, Arab, Gujarat, Kalkuta, Siam, Bengali, Campa lan liya-liyané. Gresik wiwit tampil pinunjul sajeroning wacana sajarah wiwit tuwuhing agama Islam ing tanah Jawa. Panyebar agama Islam mau ya iku Syech Maulana Malik Ibrahim sing bebarengan karo Fatimah Binti Maimun mlebu ke Gresik ing wiwitan abad kaping 11.
Wiwitané kabupatèn ini jenengé Kabupatèn Surabaya. Kanthi anané PP Nomer 38 Taun 1974 kagiyatan pamaréntahan baka sethithik dipindhah menyang Gresik lan jenengé banjur owah dadi Kabupatèn Daerah Tingkat II Gresik kanthi punjer kagiyatan ing Kutha Gresik.

Kabupatèn iki jembaré 1.137,05 km2 kanthi sing ndunungi 1.072.190 jiwa (2004). Kabupatèn Gresik dumunung ing posisi sing strategis ya iku antara 7' LS-8' LS lan 112' BT-133' BT. Sapérangan gedhé wewengkon wujud dataran cendhèk kanthi èlevasi antara 0-12 mèter sadhuwuring lumahing banyu segara kajaba sapérangan cilik ing sisih lor (Kacamatan Panceng) èlevasiné nganti 25 mèter sadhuwuring banyu segara.

Kabupatèn Gresik wewatesan:

Kabupatèn Gresik katata sajeroning 18 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Wisata budaya:

 
Wisata alam:

Panganan mirunggan Gresik ya iku: 

Ombénan mirunggan Gresik ya iku:

Acara kang dianakaké saben taun ing Gresik, ya iku:

Ing Gresik duwèni tim bal-balan, ya iku:




#Article 418: Kabupatèn Jombang (266 words)


Kabupatèn Jombang (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ جَومْبَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan. Kutha krajané Jombang. Jembar wewengkon kabupatèn iki 1.150 km². Jombang iku ana ing tengah-tengah wewengkoné Provinsi Jawa Wétan, kira-kira 80 km saka Surabaya. Jombang misuwur diarani Kutha Santri, amarga akèh pondhok pasantrèn ana ing kutha iki.

Akèh wong misuwur Indonésia asalé saka Jombang, antarané manten Présidhèn Indonésia K.H. Abdurrahman Wahid (Gus Dur), pahlawan nasional K.H. Hasyim Asy'ari lan KH Wahid Hasyim, Nurcholis Madjid (Cak Nur), Emha Ainun Najib (Cak Nun), Kapolri Timur Pradopo, Mantri Perindustrian M.S. Hidayat, karo Muhaimin Iskandar.

Pas jamané Karajan Majapahit, Jombang dadi bates sisih kulon kraton iki. Amarga iku, saiki akèh sisa-sisa tilas Karajan Majapahit ana ing Jombang, salah sawijining ya iku Candhi Ngrimbi. Nganti saiki, ana puluhan panggonan ing Jombang sing nganggo tembung Maja-. 
Taun 1811, diwangun Kabupatèn Mojokerto, lha Jombang kalebu salah sawijining kawedanan. Taun 1910, Jombang ngadeg dadi kabupatèn dhéwé. Bupati kapisan ya iku Radèn Adipati Arya Soeroadiningrat.

Ana ing lor kewatesan karo Kabupatèn Lamongan, wétan karo Kabupatèn Mojokerto, kidul karo Kabupatèn Kadhiri lan Kabupatèn Malang, lan kulon karo Kabupatèn Nganjuk. 
Kira-kira 70% wewengkon Kabupatèn Jombang duwi dhataran cendhèk, sing kasebar ana ing sisih tengah. Ana ing sisih lor, ana perbukitan sing ora sepira dhuwur. Ana sing sisih kidul-wétan, ana pagunungan. Kabupatèn Jombang diliwati Kali Brantas ing sisih lor.

Kabupatèn Jombang ketata saking 21 kacamatan, 302 kalurahan lan 4 désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Bupati Jombang saiki ya iku Drs. Ec. H. Nyono Suharli W.. Pamaréntah Kabupatèn Jombang iku ana Sekretariat Laladan, Sekretariat DPRD, 13 Dinas Laladan, lan 11 Lembaga Teknis Laladan.

Jawa Wétan




#Article 419: Kabupatèn Lamongan (381 words)


Kabupatèn Lamongan (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ لَامَوڠَنْ), mujudaken satunggaling kabupatèn ingkang dumunung wonten Provinsi Jawi Wétan, Indonésia. Ibukithanipun inggih punika Lamongan. Kabupatèn punika ugi wewatesan kaliyan Seganten Jawi wonten sisih lèr, Kabupatèn Gresik wonten sisih wétan, Kabupatèn Majakerta kaliyan Kabupatèn Jombang wonten sisih kidul, Kabupatèn Bojanegara kaliyan Kabupatèn Tuban wonten sisih kilèn.

Lamongan mujudaken satunggaling Kabupatèn ingkang dumunung wonten pasisir lèr Jawi Wétan. Sapérangan wewengkon pasisir minangka wewengkon pagunungan. Wewengkon punika amujutaken rerangkenipun pagunungan kapur lèr. Wonten pérangan tengah minangka dataran andap ingkang sitinipun boten roto, lan sapérangan malih minangka siti bono rowo. Wonten pérangan sisih kidul wonten pagunungan ingkang mujudaken pungkasanipun rerangken Pegunungan Kendeng wonten iring wétan, Bengawan Sala mili wonten pérangan sisih lèr.

Kabupatèn Lamongan kapérang dados 27 kacamatan, ugi kapérang malih dados pinten-pinten désa lan kalurahan.
Punjering pamaréntahan wonten ing kacamatan Lamongan.

Tetanèn mujudaken satunggaling sèktor perékonomian ingkang wigati sanget wonten Kabupatèn Lamongan. Wewengkon pasisir mujudaken wewengkon perkembangan GERBANGKERTOSUSILA (singkatan saking nama kitha-kitha GRESIK, BANGKALAN, MOJOKERTO, SURABAYA, SIDOARJO lan LAMONGAN).

Kabupatèn Lamongan dipunlangkungi margi ageng Pantura ingkang saged nggubungaken kitha Jakarta – Surabaya, ingkang nglangkungi saurutipun pasisir seganten lèr. Margi punika ugi nglangkungi Wewengkon Kec.Paciran ingkang gadhah kathah panggènan pariwisata. Kitha Lamongan ugi dipunlangkungi margi ageng Surabaya – Cepu – Semarang. Kitha Babat mujudaken persimpangan margi antawis Surabaya-Semarang kaliyan margi Malang-Jombang-Tuban. Lamongan ugi dipunlangkungi margi kereta api jalur lèr Pulo Jawa.

Lamongan gadhah panggènan damel rekreasi ingkang saé tur edi. Ing wewengkon pasisir wonten panggènan wisata ingkang minangka Monumen Van der Wicjk, Waduk Gondang Pasisir Tanjung Kodok lan Wisata Bahari Lamongan utawa Jatim Park-2. Guwa Maharani wonten ing Paciran, wonten pinggirane jalur utomo pantura (margi dalan Daendels ingkang mau dalan Anyer-Panarukan), ya iku guwa kapur ingkang saé. boten tebih saking Guwa Maharani, wonten Makam Sunan Drajat lan Makam Sunan Sendang Duwur, ya iku wali ingkang nyebar agama Islam wonten Pulo Jawa. Kekalih pasaréan punika gadhah kagunan arsitèktur ingkang sanget acorak Majapahit, sacelakipun pasaréan wonten Museum Sunan Drajat.

Lamongan kawentar gadhah dhedaharan ingkang kas ingkang cekap dipuntepangi lan saged kapanggih wonten saindewnging tlatah ing Jawi Wétan, upaminipun soto Lamongan, sekul boranan, tahu campur Lamongan. Wingko Babat mujudaken Jajanan kas saking kitho Babat. Salintunipun punika ugi wonten jajanan kas saking wewengkon Kec.Paciran ingkang kasebat Jumbreg. Salintunipun jumbreg ,Paciran ugi mujudaken wewengkon ingkang ngasilaken who siwalan enem ingkang biyasa dipunsebat ental.




#Article 420: Kabupatèn Ngawi (131 words)


Kabupatèn Ngawi (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ڠَوِ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Ngawi iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.245,70 km² utawa  hèktar.

Tembung Ngawi iku saka tembung awi saka Basa Sansekerta sing tegesé pring lan olèh ater-ater ng. Kala semana ing Ngawi iku akèh wit pring, mula dijenengi Ngawi kaya déné jeneng-jeneng kutha sing ana ing Tanah Jawa sing adaté digayutaké karo jeneng tuwuh-tuwuhan.

Kabupatèn Ngawi iku dumunung ing Provinsi Jawa Wétan lan dadi watesing Provinsi Jawa Wétan karo Jawa Tengah. Kabupatèn Ngawi wewatesan karo Kabupatèn Blora, Kabupatèn Bojonegoro, Kabupatèn Madiun sisih wétan, Kabupatèn Madiun sisih kidul, Kabupatèn Magetan lan Kabupatèn Sragèn ing sisih kulon.

Kabupatèn Ngawi ketata saking 18 kacamatan, 4 kalurahan lan 217 désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:




#Article 421: Kabupatèn Panaraga (213 words)


Kabupatèn Panaraga (Carakan: , Pegon: كَبُڤَتَينْ ڤَونَورَغَ), (utawa ing éjaan basa Indonésia katulis Ponorogo) iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia, kutha Panaraga iku kutha krajan kabupatèné. Kabupatèn iki ana ing sisih kulon Provinsi Jawa Wétan.
Kabupatèn Ponorogo kaloka Kutha Reyog amargi laladan iki ya iku laladan asal saka kesenian Reyog sing wis kaloka teka mancaNagara.

Jarak Ibu Kutha Panaraga karo Ibu Kutha Provinsi Jawa Wétan (Surabaya) +/-200 Km menyang arah Wétan lan menyang Ibu Kutha Nagara (Jakarta) +/-800 Km menyang arah kulon. Kabupatèn Panaraga dibagi 2 sub area, ya iku area dataran dhuwur ya iku kacamatan Ngrayun, Sooko dan Pulung lan Kacamatan Ngebel sisané ya iku laladan dataran cendhak. Kali sing liwat ana 14 kali sing dawané udakara 4 teka 58 Km. Fungsi kali iki ya iku sumber irigasi kanggo papan tetanèn.

Kabupatèn Panaraga ketata saking 21 kacamatan, 305 désa lan kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Bupati Ponorogo wis diganti kaping 17 saka taun 1944. ya iku:

Jumlah sing ndunungi kabupatèn Panaraga ing Sensus penduduk taun 2010 ya iku 855.281 jiwa.
Sajarah Padunung kabupatèn Panaraga saka taun 1980 ya iku;

Agama sing dianut sing ndunungi kabupatèn Panaraga saka data Bappeda Jawa Wétan ing taun 2009 ya iku:

Ing Kabupatèn Panaraga dumunung sawijining pondhok pesantrèn modhèren ya iku Pondhok Modhèren Darussalam Gontor.




#Article 422: Kabupatèn Situbanda (137 words)


Kabupatèn Situbanda (Pegon: كَبُڤَتَينْ سِتُبَونْضَ, Carakan: ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Situbandha iku kutha krajan kabupatèné. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.669,87 km².

Kabupatèn Situbanda iku kabupatèn ing Jawa Wétan sing kaloka kanthi sebutan Laladan Wisata Pasir Putih sing dunungé antarané 7° 35’-7° 44’ Lintang Kidul dan 113° 30’ – 114° 42’ Bujur Wétan. Kabupatèn Situbanda wewatesan karo Selat Madura ing sisih lor, sisih wétan wewatesan karo Selat Bali, sisih kidul wewatesan karo Kabupatèn Bandawasa lan Kabupatèn Banyuwangi, sarta sisih kulon wewatesan karo Kabupatèn Prabalingga.
Jembar wewengkon Kabupatèn Situbanda ana 1.638,50 km² utawa 163.850 hèktar, lan wanguné dawa saka kulona mangétan kurang luwih 150 km. Pasisir lor lumrahé wujud dhataran cendhèk lan ing sisih kidul wujud dhataran dhuwur.

Kabupatèn Situbanda ketata sajeroning 17 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Jawa Wétan




#Article 423: Kabupatèn Sumenep (116 words)


Kabupatèn Sumenep (Pegon: كَبُڤَتَينْ سَوڠٚنٚبْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan tegesé ing Pulo Madura, kutha Sumenep iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 2.093.457573 km² utawa  hèktar.

Jeneng  Songènèb  ing panemune etimologi kasebut yaiku Basa Kawi / Jawa Kuno sing yen diterjemahake nduweni makna kaya ing ngisor iki:

Panggunaan tembung Kata Songenèp dhewe sing misuwur wiwit Kerajaan Singhasari wis mrentah tanah Jawa, Madura lan Sekitar, kaya kasebut ing Pararaton nalika nyebut wilayah Sumenep nalika Raja Kertanegara mendinohaken (ngilangi) Aria Wiraraja (penasehat kerajaan ing pulitik lan pamaréntahan) menyang wilayah Sumenep, Madura Wetan nalika taun 1269 Masehi

kabupatèn Sumenep katata sajeroning 25 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:




#Article 424: Kabupatèn Trenggalèk (123 words)


Kabupatèn Trenggalèk iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Trenggalèk iku Trenggalèk kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.261,40 km² utawa  hèktar.

Wong Trenggalèk biyasa nyebut istilah iku disingkat dadi Nggalèk. Sing ndunungi kang pomah lan kang lunga njaban tlatah ingaran Wong Nggalèk lan Cah Nggalèk.

Wong Nggalèk lan Cah Nggalèk nduwé kebiyasaan ngowah-owahi jeneng kang ngganggo di dipocap dek utawa i dadi èk. Kang Paidi diceluk Paidèk. Kang Sukidi diceluk Sukidèk. Mas Jadi diceluk Jadèk. Ora mung jeneng nanging uga istilah. Lagi turu dipocap lagèk turu.

Ora mung kang nganggo i, isih ana manèh kang dipocap èk. Contone tuwa dadi tuwèk.

Kabupatèn Trenggalèk katata sajeroning 14 kacamatan, 5 kalurahan lan 152 désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Jawa Wétan




#Article 425: Kutha Kadhiri (497 words)


Kutha Kadhiri (Carakan: , Pegon: كَوتَ کٚضِرِ), inggih punika salah sawijining kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 63.40 km pasagi.

Kutha Kadhiri duwé sajarah kang mulya. Kadhiri ing jaman biyèn dadi laladan wigati ing nusantara. Pusating kraton ing nusantara pas wektuné. Kadhiri uga dadi laladan cikal bakal lairé kraton-kraton gedhé kang minayungi kraton-kraton liya.

Kadhiri kuta kang ana ing pèrènging Kali Brantas. Wates-wates Kutha Kadhiri ya iku; wates lor ana Kabupatèn Kadhiri, wates Kidul ana Blitar-Tulungagung, wates wétan ana Malang, wates kulon ana Nganjuk. Kadhiri iku kutha kang ngapit Kali Brantas, mula diarani kaya duwé rong pérangan ya iku Kadhiri Kulon Kali lan Kadhiri Wétan Kali. Yén miturut pétungan géografis, Kadhiri dumunung ing 111,05°-112,03° Bujur wétan lan 7,45°-7,55° Lintang kidul

Tujuwan pamarintah Kutha Kadhiri ya iku;

Kanggo ngawujudake tujuan kang mau ing dhuwur, ana peranganing cara kang dari titiane pamaréntahan, kaya ta:

Kutha Kadhiri katata saka 3 kacamatan, 46 kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Kadhiri ya iku:

Kutha iki ngembangaké kualitas ing péranganing aspek. Saka pagulawentahan, sarana rekréasi, pamaréntahan, nganti ulah raga.

Ing sarana wisata, kutha iki duwé akèh papan wisata kaya ta blumbang (patirtan), Guwa, Taman Sekartaji nganti musèum. Kejaba iku, kutha Kadhiri uga nawarké dalan kang mligi kanggo rékréasi kaya ta dalan Dhoho, dalan Pattimura (punjering olèh-olèh), dalan Taman Sekartaji lan dalan Lèdjén Soeprapto (dalanan stadion Brawijaya).

Dalan Dhoho iku salah sajining dalan punjer ékonomi kutha Kadhiri. Ning kana ana atusan toko kang nawarké rena-renane klambi, tas, sepatu, jinising toko kaca mripat, obat-obat nganti piranti mangsak. Anggoné buka toko saka jam 08.00 isuk nganti jam 21.00 bengi. Bubar toko-tokoné tutup, dalan Dhoho ora banjur sepi, amarga èmpèran toko wiwit dibuka kanggo dhasaran wong bakul pecel tumpang (panganan kas Kadhiri). Yèn diitung-itung, cacahé warung pecel tumpang kang ana ing Dalam Dhoho nganti atusan. Lumrahé warung-warung iku tutup jam 24.00 nganti 02.00 isuk, gumantung entèk durungé dhagangan. Kajaba iku, dalan Dhoho uga dipepaki karo papan panginepan (hotèl), cacahé hotèl ing dalanan kang ora patia dawa iku nganti ana telu (3). Yèn Yogyakarta duwé dalan Malioboro, semana uga Kadhiri kang duwé dalan Dhoho. Kaya mangkono, kahanané dalan Dhoho kang ora tau turu, mesthi ramé lan digawé jujugan wisatawan saka kutha liyan.

Dalan Pattimura dalan kang diarani punjering olèh-olèh kas Kadhiri. Dalan iki dikebaki karo bakul Gethuk Gedhang, Tahu Takwa (Tahu Kuning), Stik Tahu, lan liya-liyané. Dalanan iki uga ora tau sepi, masia ora ramé banget kaya dalan Dhoho. Wong kang nguwasani toko-toko ing Pattimura akèh saka turunané Cina. Yasan-yasan tokoné uga isih kaya yasan \bkuna\b Cina.

Dalan Lètjén Soeprapto (dalanan Stadion Brawijaya). Dalan iki dadi punjering suporter PERSIK (Persatuan Sepak Bola Kadhiri) Kadhiri. Pèrènging dalan iki dikebaki toko, sekolahan, rumah toko lapangan bal-balan, partirtan Tirtoyoso, lan partirtan Kowak. Dalan iki ora tau sepi, uga amarga kanggo dalan nyambungké Kadhiri Kutha lan kabupatèn.

Dalan Taman Sekartaji ya iku dalan senengané bocah nom-noman. Dalan iki gawé kepénak wong nongkrong, amarga ora patia ramé uga ana bebakulan jagung bakar. Wis adaté bocah nom-noman Kadhiri nongkrong ning dalanan iki nganti bengi.




#Article 426: Kutha Malang (164 words)


Kutha Malang (Carakan: , Pegon: كَوتَ مَلَڠْ), inggih punika salah siji kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 145.28 km pasagi. Kutha iki inggih punika kutha paling gedhé kaloro ing Jawa Wétan sakwisé kutha krajanipun yaiku Kutha Surabaya. Kutha iki dipunadegaken nalika jamaning Kerajaan Kanjuruhan. Bareng-bareng kaliyan Kutha Batu lan Kabupatèn Malang, Kutha Malang nyawiji ing daerah kang manunggal kang diwastani Malang Raya.

Kutha Malang iki dikenal apik minangka kutha Pandhidhikan amarga duwéni akéh lembaga pandhidhikan awit Sekolah dhasar nganti Sekolah dhuwur utawi Universitas kang kualitasipun apik. Sakliyané kutha pandhidhikan, kutha iki uga dikenal minangka salah sawijining kutha tujuan Pariwisata ing Indonesia amarga kutha iki ana ing dataran kang dhuwur saéngga ndadékaké kutha iki duwéni pemandangan kang apik banget.

Kutha Malang ketata sajeroning 5 kacamatan, lan 57 kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Malang yaiku:

Kutha Malang duwéni parékonomian kang maju saéngga dadi salah sawijining daerah kang digatékaké kaliyan Pemprov Jawa Wétan. Parékonomian Kutha Malang uga dadi salah sawijining parékonomian paling gedhé ing Jawa Wétan.




#Article 427: Kutha Prabalingga (154 words)


Kutha Prabalingga (Pegon: كَوتَ ڤرَبَولِڠْغَ, Carakan: ), inggih punika salah sawijining kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 56.67 km pasagi.

Kutha Prabalingga dumunung ing 7º 43’ 41” nganti 7º 49’ 04” Lintang Kidul lan 113º 10’ nganti 113º 15’  Bujur Wétan. Jembar wewengkon Kutha Prabalingga ya iku 56,667 Km². Kutha Prabalingga minangka laladan transit sing ngubungaké kutha-kutha:  Banyuwangi, Jember, Bandawasa, Situbanda, Lumajang, karo kutha-kutha: Pasuruan, Malang, Surabaya. 
 
Tapel wates wewengkon administrasi Kutha Prabalingga:

Kutha Prabalingga duwé owah-owahan iklim 2 jinis saben taun, ya iku mangsa rendheng lan mangsa katiga. Ing kondhisi normal, mangsa rendheng ana ing sasi Novèmber nganti April, déné mangsa katiga ana ing sasi Mèi nganti Oktober saben taun. Gunggung curah udan ing taun 2007 saka asil pamantauan ing 4 stasiun pengamatan udan sing ana ing Kutha Prabalingga, kacathet 1.072 mm lan dina udan ana 63 dina.

Sacara administrasi pamaréntahan Kutha Prabalingga kapérang jaroning 5 (lima) Kacamatan lan 29 Kalurahan. 




#Article 428: Kasunanan Surakarta (425 words)


Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Hanacaraka: ꦑꦯꦸꦟꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦯꦸꦫꦑꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀) iku karajan ing Jawa Tengah kang madeg taun 1745 minangka terusan saka Kasunanan Kartasura.

Kasultanan Mataram bubar jalaran pambrontakan Trunajaya taun 1677. Kutha krajané dipindhah déning Sunan Amral menyang Kartasura. Ing jaman Pakubuwana II,  Kasunanan Kartasura bubar jalaran pambrontakan wong-wong Tionghoa kang olèh panjurung saka wong-wong Jawa anti VOC taun 1742. Kutha Kartasura kasil direbut manèh déning Cakraningrat IV, panguwasa ing Medura Kulon, sekuthu VOC nanging kahanané wis rusak banget. Pakubuwana II kang nyingkir menyang Panaraga mutusaké kanggo miyasa pura anyar ing désa Sala, kang bakal dadi kutha krajaning Kasultanan Mataram kang anyar lan diwastani Karaton Surakarta.

Wangunan Karaton Kartasura kang wus remuk, lan dianggep rusak wis ora pantes manèh. Mula saka iku Tumenggung Hanggawangsa, Tumenggung Mangkuyudha, lan J.A.B Hohendorff diutus déning Pakubuwana II kanggo golèk papan kanggo ngadegaké karaton kang anyar. Nuli karaton anyar diwangun ing pinggiré Kali Bengawan Sala, ing Désa Sala ing taun 1745. Karaton diyasa klawan kayu jati saking Alas Kethu, kang ana ing laladan Wanagiri. kayuné dikèlikaké lumantar Kali Bengawan Sala. Karaton resmi ngadeg ing 17 Fèbruari 1745, utawa Rebo Pahing 14 Sura 1670.

Jalaran Prajanjian Giyanti 13 Fèbruari 1755, Surakarta dadi kutha krajané Kasunanan Surakarta, klawan Ratu Pakubuwana III. Déné Ngayogyakarta uga yasa karatone dhéwé ing taun 1755, kalawan Ratu Hamengkubuwana I. Ing Prajanjèn Salatiga, taun 1757 wewengkon Kasunanan Surakarta ing sisih lor diwènèhaké menyang Pangéran Sambernyawa (Mangkunagara I).

Kasunanan Surakarta minangka terusan saka Kasunanan Kartasura banjur ngadhepi kraman Pangeran Mangkubumi rayi dalem Pakubuwana II ing taun 1746. Ing satengahing prang, Pakubuwana II séda jalaran gerah ing taun 1749. Nanging, panjenengané masrahaké kadhaulatan nagara Jawa marang VOC kang diwakili déning Baron von Hohendorff. Wiwit iku, mung VOC kang duwé hak nglantik ratu-ratu turunané Mataram.

Ing tanggal 13 Fèbruari 1755 VOC kang nembé nemahi bangkrut kasil ngajak Pangéran Mangkubumi rukun. Prajanjian Giyanti kang ditapakasmani déning Pakubuwana III ngakoni kadhaulatan Pangéran Mangkubumi minangka ratu Mataram kang nguwasani separo saka wewengkon Kasunanan Surakarta kanthi wastana Hamengkubuwana I. Sairingan karo lumakuning wektu, nagari Mataram kang dipanggedhèni déning Hamengkubuwana I banjur luwih misuwur kanthi jeneng Kasultanan Ngayogyakarta.

Sabanjuré, wewengkon Kasunanan Surakarta tansaya suda jalaran separo saka wewangkoné diwènèhaké marang Mangkunagara I lumantar Prajanjèn Salatiga taun 1757. Wewengkon Surakarta tansaya suda manèh sawisé Perang Dipanagara rampung taun 1830 jalaran laladan-laladan mancanagara direbut peksa déning Walanda.

Ing wiwitan mangsa kamardikan Républik Indonésia (1945-1946), Kasunanan Surakarta bebarengan karo  Praja Mangkunagaran tau dadi Laladan Istiméwa Surakarta. Nanging amarga gègèran lan agitasi pulitik nalika iku, ing tanggal 16 Juni 1946 Pamaréntah Indonésia ngowahi statusé dadi Karésidhènan Surakarta, nyawiji sajeroning wewengkon Nagara Kesatuan Républik Indonésia.




#Article 429: Kutha Ngayogyakarta (487 words)


Kutha Ngayogyakarta (Jawa: ꦑꦸꦛꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ) utawa cekaké Kutha Yogya iku kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kutha iki naté dadi kutha krajan Indonésia ing jaman révolusi. Kajaba iku kutha iki minangka kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta, kang dipanggedhèni déning Sri Sultan Hamengkubuwana X lan Sri Paduka Paku Alam X.
Ngayogyakarta kaloka minangka kutha pelajar, amarga amèh 20% kang ndunungi produktifé wujud pelajar lan ana 137 pawiyatan luhur. Pawiyatan luhur kang diduwèni pamaréntah antarané Universitas Gadjah Mada, Universitas Negeri Yogyakarta, Institut Seni Indonésia Yogyakarta lan Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga.

Pérangan saka Kutha Ngayogyakarta, ya iku Kuthagedhé, tau dadi punjer Kasultanan Mataram antara 1575-1640. Kraton (Pura) Sultan kang isih duwé fungsi sajeroning makna kang sakbeneré ya iku kraton Kasultanan Ngayogyakarta, kang dadi pecahan saka Mataram.

Madegé Kutha Ngayogyakarta diwiwiti kanthi anané Prajanjèn Giyanti ing tanggal 13 Fèbruari 1755 kang ditandatangani Kompeni Walanda ya iku déning Gubernur Nicholas Hartingh makili Gubernur Jendral Jacob Mossel. Isi Prajanjian Gianti iku mau: Nagara Mataram dipérang dadi loro: Setengah isih dadi Hak Krajan Surakarta, setengah liyané dadi Hak Pangéran Mangkubumi. Sajeroning prejanjèn mau uga Pengèran Mangkubumi diakoni dadi Raja ing setengah laladan Pedalaman krajan Jawa kanthi Gelar Sultan Hamengkubuwana Sénapati Ing Ngalaga Ngabdul Rakman Sayidin Panatagama Khalifatullah.

Déné laladan-laladan kang dadi kakuwasané ya iku Mataram (Ngayogyakarta), Pojong, Sukawati, Bagelen, Kedhu, Bumigedhé lan ditambah laladan mancanagara ya iku; Madiun, Magetan, Cirebon, saparo Pacitan, Kartasura, Kalangbret, Tulungagung, Majakerta, Bojanegara, Ngawèn, Sela, Kuwu, Wanasari, Grobogan.

Sawisé rampung Prajanjian Pembagéyan Laladan iku, Pengéran Mangkubumi kang kawastanan Sultan Hamengkubuwana I sigra ngukuhaké yèn laladan Mataram kang ana ing sajeroning kakuwasané iku dijenengi Ngayogyakarta Hadiningrat lan kutha krajané ing Ngayogyakarta. Katetepan iki diumumaké ing tanggal 13 Maret 1755.

Panggonan kang dipilih dadi kutha krajan lan punjer pamaréntahan iki ya iku alas kang ingaran Beringin, kang wis ana désa ciliké ya iku Pachetokan, lan ana sawijining pasanggrahan kang jenengé Garjitawati, kang diyasa déning Susuhunan Pakubuwana II lan jenengé banjur diowahi dadi Ayodya. Sawisé panetepan mau diwedharaké, Sultan Hamengkubuwana sigra mrintahaké marang rakyat supaya mbabad alas mau kanggo diadegaké sawijining karaton.

Sadurungé karaton iku dadi, Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké manggon ing pasanggrahan Ambarketawang laladan Gamping, kang pinuju digawé uga. Manggon kanthi resmi ing papan mau ya iku tanggal 9 Oktober 1755. Saka papan iki panjenengané tansah ngawasi lan ngatur pangyasa kraton kang pinuju digarap.

Setaun sabanjuré Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké mlebu Pura ayar kanggo ngresmèkaké. Kanthi mangkono wis madeg Kutha Ngayogyakarta utawa kanthi jeneng wutuh ya iku Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat. Pasanggrahan Ambarketawang ditinggal déning Sultan Hamengkubuwana lan pindhah menyang karaton kang anyar. Pahargyan jumenenging kutha digelar ing tanggal 7 Oktober 1756

Kutha Ngayogyakarta dumunung ing tengahing Provinsi DIY, kanthi wates wewengkon: 

Wewengkon Kutha Ngayogyakarta gumêlar ing antarané 110o 24I 19II nganti 110o 28I 53II Bujur Wétan lan 7o 15I 24II nganti 7o 49I 26II Lintang Kidul kanthi dhuwuring èlevasi rata-rata 114 m sadhuwuré lumahing segara.

Kutha Ngayogyakarta katata sajeroning 14 kacamatan,  kalurahan lan  désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kutha Ngayogyakarta ya iku:

Daerah Istimewa Yogyakarta




#Article 430: Kabupatèn Sléman (583 words)


Sléman (Jawa: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦯ꧀ꦭꦺꦩꦤ꧀) iku kabupatèn ing Daerah Istimewa Yogyakarta, pernahé ing sisih lor DIY, kutha Sléman iku minangka kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 574,82 km² utawa  hèktar.
Kabupatèn iki wewatesan karo Provinsi Jawa Tengah ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Gunungkidul, Kabupatèn Bantul, lan Kutha Ngayogyakarta ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Kulon Praga ing sisih kulon. Sléman kaloka minangka asal woh salak pondoh. Manéeka pendhidhikan dhuwur kang ana ing Yogyakarta sabeneré kanthi administrasi dumunung ing wewengkon kabupatèn iki, antarané Universitas Gadjah Mada lan Universitas Negeri Yogyakarta.

Pusat pamaréntahan dumunung ing Kacamatan Sléman, kang pernahé ana ing jalur utama antara Yogyakarta-Semarang. Kanthi Pametu Asli Laladan Rp. 52.978.731.000,-(2005) Kabupatèn Sléman minangka Kabupatèn paling sugih ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Kabupatèn iki wewatesan karo Provinsi Jawa Tengah ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Gunungkidul, Kabupatèn Bantul, lan Kutha Ngayogyakarta ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Kulon Praga ing sisih kulon.
Pérangan lor kabupatèn iki wujud tlatah pagunungan, kanthi pucuk pucuké wujud Gunung Merapi ing tapel wates karo Jawa Tengah, salah siji gunung geni aktif kang paling mbebayani ing Pulau Jawa. Déné ing sisih kidul wujud dhataran cendhèk kang subur. Ing antara kali-kali gedhé kang mili ngliwati kabupatèn iki ya iku Kali Praga (mbatesi kabupatèn Sléman karo Kabupatèn Kulon Praga), Kali Codhé, lan Kali Tapus.

Miturut karakteristik sumberdaya, wewengkon Kabupatèn Sléman kapérang dadi patang kawasan, ya iku:

Miturut punjer-punjer pertumbuhan, wewengkon Kabupatèn Sléman kang dadi wewengkon hulu Kutha Ngayogyakarta bisa dipérang dadi:

Kabupatèn Sléman bisa dilacak ing Rijksblad no. 11 Tahun 1916 tanggal 15 Mèi 1916 kang mbagi wewengkon Kasultanan Yogyakarta sajeroning 3 Kabupatèn, ya iku: Kalasan, Bantul, lan Sulaiman (kang banjur ingaran Sléman), kang dipanggedhèni déning bupati. Sajeroning Rijksblad mau uga disebutaké yèn kabupatèn Sulaiman dumadi saka 4 dhistrik ya iku: Distrik Mlathi (dumadi saka 5 onderdhistrik lan 46 kalurahan), Distrik Klegoeng (dumadi saka 6 onderdhistrik lan 52 kalurahan), Distrik Joemeneng (dumadi saka 6 onderdhistrik lan 58 kalurahan), Distrik Godhéan (dumadi saka 8 onderdhistrik lan 55 kalurahan). Miturut Perda no.12 Taun 1998, tanggal 15 Mèi taun 1916 wusanané dikukuhaké minangka dina dadi Kabupatèn Sléman. Miturut Almanak, dina mau persis dina Senèn Kliwon, Tanggal 12 Rejeb Taun Je 1846 Wuku Wayang.

Adhedhasar péitungan taun Masèhi, dina dadi Kabupatèn Sléman ditandhani kanthi Surya Sengkala Rasa Manunggal Hanggatra Nagara kang tegesé Rasa= 6, Manunggal=1, Hanggatra=9, Nagara=1, saéngga kawaca taun 1916. Sengkalan mau, sanadyan nglambangaké taun, duwé makna kang jelas tumrap masarakat Jawa, ya iku kanthi rasa persatuan minangka Nagara. Déné saka pétungan taun Jawa dadi Candra Sengkala Anggana Catur Salira Tunggal kang tegesé Anggana=6, Catur=4, Salira=8, Tunggal=1. Kanthi mangkono saka Candra Sengkala mau kawaca taun 1846.

Sawetara taun sabanjuré Kabupatèn Sléman naté diudhunaké statusé dadi dhistrik ing sangisoré wewengkon Kabupatèn Yogyakarta. Lan nembé tanggal 8 April 1945, Sri Sultan Hamengkubuwono IX nata manèh wewengkon Kasultanan Yogyakarta liwat Jogjakarta Koorei angka 2 (loro). Panatan iki masang Sléman ing status sadurungé ya iku minangka wewengkon Kabupatèn lan Kanjeng Radèn Tumenggung Pringgodiningrat minangka bupati. Ing mangsa mau, wewengkon Sléman mbawahi 17 Kapenewon/Kacamatan (Son) kang dumadi saka 258 Kalurahan (Ku). Kutha krajan kabupatèn dumunung ing wewengkon lor, kang wektu iki kaloka minangka désa Triharjo. Liwat Maklumat Pamaréntah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta Nomer 5 taun 1948 ngenani owah-owahan laladan-laladan Kalurahan, mula 258 Kalurahan ing Kabupatèn Sléman silih nggabungaké dhiri saéngga dadi 86 kalurahan/désa. Kalurahan/Désa mau mbawahi 1.212 padukuhan.

Pusat pamaréntahan dumunung ing Kacamatan Sléman, kang pernahé ana ing jalur utama antara Yogyakarta-Semarang.
Kabupatèn Sléman katata sajeroning 17 kacamatan, 86 désa lan kalurahan. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Sléman ya iku:




#Article 431: Bomanarakasura (548 words)


Boma Narakasura iku sajatiné putrané Bathara Wisnu patutan karo Bathari Pertiwi, putriné Sang Hyang Nagaraja, déwaning naga kang mapan ing Kahyangan Sumur Jalatunda. Nalika isih mudha tumaruna asmané Radèn Suteja iya Setija. Wujudé wayang, satriya bambangan bagus lan alus. Radèn Setija duwé kadang taruna tunggal rama-ibu, jenengé Dèwi Siti Sendari (Siti Sundari).

Bareng wis diwasa, Radèn Setija pamit marang ingkang éyang Sang Hyang Nagaraja dalah ingkang ibu, Dèwi Pertiwi saperlu arep ngupadi sudarmané. Déning Sang Hyang Nagaraja, Setija diparingi priksa manawa ingkang rama iku déwa ing Kahyangan Untarasegara bebisik Bathara Wisnu. Nanging wektu iku, Bathara Wisnu wis manitis ana anggané nata Dwarawati, Prabu Sri Bathara Kresna. Mula déning ingkang éyang Sang Hyang Nagaraja, Setija banjur didhawuhi ngawu-awu sudarmané ing nagara Dwarawati.

Minangka tandha bukti yèn Setija iku isih putrané Bathara Wisnu banjur diparingi pusaka Kembang Cangkok Wijayamaya (Wijayamulya). Pusaka iku mbiyèn kagungané Bathara Wisnu kang daya khasiaté bisa kanggo nguripaké wong kang mati nanging isih ana sajabané garising pepesthèn (takdir).

Setija banjur budhal saka Kahyangan Sumur Jalatundha saperlu ngupadi sudermané. Tekan padharatan, Setija péngin nyoba kasektèné pusaka kembang Cangkok Wijayamaya. Ing kono Setija weruh ana ancak (nam-naman saka bambu kang dianggo wadhah sesajèn) nuli diungkuli kembang saéngga bisa salah kedadèn dadi buta (raksasa) kang banjur kaparingan praceka (jeneng) Ditya Ancakogra. Semono uga bangkéné manuk Dara (basa Indonésia:bangkai merpati) diungkuli kembang sanalika malih dadi buta aran Ditya Maudara, bathangé kethèk malih dadi Ditya Yayahgriwa, lan sapituruté. Ing tembé, kabèh buta-buta iku dadi balané Raden Setija.

Nalika wis tumeka ana Dwarawati banjur nyuwun diaku putra déning Prabu Sri Bathara Kresna. Prabu Kresna uga ora kabotan waton Setija bisa ngalahaké nata ing Trajutrisna iya Surateleng kang awujud raseksa jenengé Prabu Bomanthara kang ngraman ana kahyangan Suralaya.

Sadurungé maju ana paprangan, Setija dijedhi (dijenang) ing kawah Candradimuka kanggo ngembari kadigdayané Prabu Bomantara. Amarga dijedhi ora mati, Bathara Guru banjur paring tambahan jeneng Narakasura lan diparingi ngampil pusaka Cis Jaludara kanggo nandhingi pusakané Prabu Bomantara aran Kiai Garugiling.
Wasana Setija bisa ngasoraké yudané Prabu Bomantara, srana ditamani pusaka cis Jaludara, pusakané Bathara Guru. Prabu Bomantara sirna margalayu, sukmané manjing ing ragané Setija. Rèhné kapanjalman yitmané Prabu Bomantara, Setija uga sangsaya digdaya, nanging wataké uga banjur malih dadi angkara murka.

Sasirnané Prabu Bomantara, Setija uga banjur diaku putra déning Prabu Sri Bathara Kresna lan banjur dililani jumeneng nata ing nagara Trajutrisna iya Surateleng kanthi jejuluk Prabu Setija Bomanarakasura. Patihé wujud buta, aran Patih Pancatnyana.

Saterusé pusakané Prabu Setija kang aran kembang Cangkok Wijayamaya uga banjur disuwun déning Prabu Kresna saperlu diblengketaké karo Kembang Wijayakusuma.

Garwané Prabu Setija iku cacah loro, ya iku siji, Dèwi Agnyanawati (kang banjur direbut karo adhiné kuwalon, Samba Wisnubrata), loro, Dèwi Mustikawati kang banjur peputra Radèn Kismaka.

Prabu Setija iku sajati pancèn digdaya jalaran duwé aji Pancasonya Wreksaning Bhumi, mula Setija ora bakal bisa mati yèn isih kambah lemah (bhumi). Sanadyan mangkono, kabèh makhuk iku duwé sipat apes. Setija uga bisa disirnakaké kanthi ditibani pusaka Senjata Cakra déning ramané piyambak, Prabu Kresna, jalaran wani nyirnakaké Samba kanthi dijuwing-juwing (disebit-sebit) lan wis gawé lingsemé Arjuna. Kuwandhané Prabu Setija Bomanarakasura kang wus ketaman Senjata Cakra lan kumleyang ing akasa banjur disaut déning Gathotkaca lan dipapanaké ana anjang-anjang kencana (kang dumadi saka pusakané Setija aran Gamparan bungkul Kencana lan topeng waja agemé Gathutkaca ing lakon rebutan Kikis Tunggarana). Temah Prabu Setija tumekaning pati.




#Article 432: Ismaya (128 words)


Sang Hyang Ismaya iku atmajane Sang Hyang Tunggal. Sang Hyang Tunggal peputra 3 : 

Sang Hyang Ismaya mapan ing Kahyangan Sonyaruri. Nanging Sawisé geger gara-gara putra telu mau padha adu kasekten, nyaplok/nguntal gunung nganti mlebu weteng terus ditokake nganggo dubur, sing ndadèkaké Batara Antaga lan Batara Ismaya salah kedaden rusak awake (Batara Antaga ora sanggup nyaplok gunung sanajan lambene digedekke sakpole malah ora bisa mbalik manèh dadi rupané kebak lambe tok, dadi Togog. Batara Ismaya sanggup nguntal gunung nanging ora bisa ngetokaké lewat dubure sanajan diden-denke nganti mripate kaya nangis-nangisa amarga nahan dayane gunung ana wetengé dadi awake lemu bokonge gedhi lan rupané kaya wong nangis (banjur dadi Semar). Kahyangan Sonyaruri digulung lan Ismaya diturunke marcapada / bumi dikon momong para satriya pinilih, dadi Ki Lurah Semar Badranaya.




#Article 433: Mars (751 words)


Mars utawa Anggara ya iku planit kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jeneng déwa prang Romawi, Mars. Planit iki asring diarani planit abang amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Iki amarga anané wesi (III) oksida ing lumah planit Anggara. Anggara iku planit kang isiné watu kanthi atmosfér kang tipis. Ing lumah Anggara ana kawah, gunung geni, lembah, ara-ara, lan tudung ès. Pèriodhe rotasi lan siklus mangsa Anggara mirib karo Bumi. Ing Planit Anggara ana Gunung Olimpus, gunung kang paling dhuwur ing Tata Surya, lan Valles Marineris, lembah paling amba ing Tata Surya. Saliyané iku, ing sisih lor ana cekungan Borealis ambané nganti tekan 40% lumah Anggara.

Lingkungan Anggara luwih bisa kanggo manggon urip tinimbang kahanane Planét Kejora. Sanajan mangkono, kaanan kaya iku ora cukup idhéal kanggo uripé manungsa. Suhu udara kang rada adhem lan tekanan udara kang sithik, ditambah manèh karo komposisi udara ing Anggara isiné karbondioksida, ndadékaké manungsa kudu nganggo piranti ambegan yèn kepéngin manggon ing kana. Misi-misi menyang planit abang iki, nganti tekan pungkasané abad kaping 20, durung bisa kasil nemu tipak panguripan ing kana, sanajan kang paling prasaja.

Planit duwé 2 satelit, ya iku Phobos lan Deimos. Planit iki mbutuhaké 686 dina kanggo ngubengi srengéngé. Planit iki uga nindakaké rotasi. Suwe rotasiné ya iku 25,62 jam.

Ing planit Mars, ana fitur unik ing laladan Cydonia Mensae. Fitur iki wujudé kaya bukit yèn dideleng saka dhuwur katon kaya rai manungsa. Akèh kang nganggep yèn bukit iku bukti saka peradaban kang wis suwé musnah ing Mars, sanajan saiki wis kabukti yèn fitur iku mung kenampakan alam biyasa.

Ing mitologi Yunani, planit iki idhéntik karo déwa perang, ya iku Aries, putra Zeus lan Hera.

Mars duwé jari-jari kira-kira setengahé jari-jari Bumi kurang lebih 6000 m. Planit iki kurang madhet yèn dibandhingaké karo Bumi. Volume Planit Mars mung watara 15% lan massané mung 11% saka massa Bumi. Ambané luwih ciyut saka ambané laladan panggonan garing ing Bumi. Mars luwih gedhé tinimbang Merkurius, nanging Merkurius luwih padhet. Mula rong planit iki nduwé tarikan gravitasi kang meh mirib ing permukaané. Gravitasi Mars luwih kuwat kira-kira kurang saka 1%. Ukuran, massa, lan gravitasi lumah Mars ana ing watarané Bumi lan Bulan (diaméter Bulan mung separoné diaméter Mars, yèn Bumi kaping pindhané; Bumi kaping sangané Mars, lan Bulan siji para sangané). Kenampakan lumah Mars wernané abang semu kuning téla amarga ana wesi(III) oksida, kang luwih misuwur kanthi aran hematite.

Miturut pengamatan orbit lan priksanan kumpulan meteorit Mars, lumah Mars kaisi basalt. Sapérangan bukti nuduhaké yèn sapérangan lumah Mars ngandhut silika kang luwih akèh tinimbang basalt biyasa, mirib watu andesit ing Bumi. lumah Mars akèh kang ditutupi awu besi(III) oksida kang marakake katon abang.

Saiki Mars ora duwé medan magnet global, nanging asil pengamatan nuduhaké yèn sapérangan kerak planit termagnetisasi, medan magnet global tau ana ing jaman biyèn. Salah siji téyori kang dibiwara taun 1999 lan diperiksa ulang ing Oktober 2005 (kanthi direwangi Mars Global Surveyor) nuduhaké yèn 4 miliyar taun kepungkir, dinamo Mars mandheg fungsine lan ndadèkaké medan magnete ilang. Uga ana téyori yèn ana asteroid kang gedhé banget tau nabrak Mars lan matèni medan magnete.

Inti Anggara, yang jari-jarinya diperkirakan sebesar 1.480 km, terdiri dari besi dan 14-17% sulfur. Inti besi sulfida ini cair. Lapisan di atas inti Anggara ya iku mantel silikat yang membentuk banyak objek tektonik dan vulkanik di Anggara, tetapi saat ini mantel tersebut wis tidak aktif. Di atas lapisan mantel ya iku kerak, yang ketebalan rata-ratanya sakiwa-tengené 50 km, dan ketebalan maksimumnya 125 km.

Aktivitas géologi isih kadadéan Mars. Athabasca Valles iku panggonan miline lava wiwit 200 yuta taun kapungkur. Aliran banyu ing graben Cerberus Fossae ana watara 20 yuta taun kapungkur, kang dadi pratandha anané intrusi vulkanik. Nalika 19 Fèbruari 2008, gambar kang diabadhikake déning Mars Reconnaissance Orbiter nuduhukae bukti anané longsor ing tebing kang dhuwuré 700 m.

Adhedhasar dhata saka wahana Phoenix, lemah Mars kapérang saka unsur magnesium, sodium, potasium, lan klorida. Nutrien iku bisa tinemu ing kebun Bumi lan wigati kanggo thukulé tuwuhan. Percobaan kang dilakoni wahana Phoenix yèn lemah ing Mars ngandhut pH 8,3, lan uyah perklorat.

Cerat bisa tinemu ing Anggara. Cerat anyar asring ana ing pèrèng curam kawah, palung, lan lembah. Cerat wiwitane wernané peteng saya suwé warna cerat dadi tansaya padhang. Kadhang-kadhang cerat methungul kanthi ukuran kang cilik banjur tambah amba nganti tekan atusan mèter. Cerat uga nututi pinggiran watu. Miturut téyori kang ana, cerat iku lapisan lemah awarna peteng ing ngisor kang ana amarga longsor utawa anané badhé awu. Ana penjelasan liyané kang ana gegayutane karo banyu lan thukulé organisme.




#Article 434: Yupiter (124 words)


Yupiter utawa Wrehaspati utawa Respati iku planit nomer lima saking srengéngé. Jarak rata-rata planit iki karo srengéngé ± 778,3 yuta km. Yupiter iku planit paling gedhé lan abot, diametere 14.980 km lan duwé massa 318 ping massa bumi. Periode rotasi planit iki ± 9,8 jam, lan periode evolusi planit iki 11,86 taun.

Ing lumah planit iki ana bintik abang raksasa. Atmosfer Yupiter ketata saking unsur-unsur hidrogen (H), helium (He), metana (CH4), lan amonia (NH3). Suhu ing lumah planit iki antara -140oC nganti 21oC. Pada kaliyan planit liyané, Yupiter ketata saking unsur-unsur wesi lan unsur abot liyané. Yupiter duwé 63 satelit, antarané Io, Europa, Ganymede, Callisto (Galilean moons).

Yupiter racaké dadi objek paling cetha lan cerah ping papat ing langit (bar srengéngé, wulan lan Venus).




#Article 435: Saturnus (121 words)


Saturnus utawa Saniscara iku planit nomer enem ing tata surya dhewek uga kadang diarani planit sing nganggo cincin. Periode evolusi planit iki ± 29,46 taun. Saben 378 dina, Bumi, Saturnus, lan srengéngé ana ing siji garis lurus. Periode rotasi planit iki ± 10 jam 14 menit.

Saturnus ketata saking gas lan cuwèran. Inti Saturnus ketata saking batuan padat. Atmosfer Saturnus ketata saking gas amoniak lan metana.

Cincin Saturnus iku unik, ana ewunan cincin sing ngelilingi planit iki. Cincin-cincin iku ketata saking bongkahan-bongkahan es meteorit.

Saturnus duwé 18 satelit, sing gedhé dhéwé ya iku Titan. Ukuran Titan luwih gedhé katandhing Merkurius. Satelit-satelit liyané antarané: Mimas, Enceladus, Tetis, Dione, Rhea, Hyperion, Pan, Atlas, Promentheus, Pandora, Ephiteus, Janus, Telesto, Calypso, Helena, Phoebe, lan Inpetus.




#Article 436: Bimasekti (157 words)


Bimasekti (basa Inggris Milky Way) iku galaksi ing alam semesta. Galaksi Bimasekti wujudé spiral kang ukurané gedhé, duwé massa ±  massa srengéngé. Galaksi iki ketata saka 200-400 milyar lintang lan duwé diameter 100.000 taun cahya. Let srengéngé karo pusat galaksi iki kira-kira 27.700 taun cahya.

Sistem tata suryané dhéwé ana ing galaksi Bimasekti iki.

Pusat galaksi iki ketata saka éwon lintang-lintang tuwa lan duwé gaya gravitasi kang kuwat banget. Ana dugaan yèn ing pusat galaksi iki ana luwang ireng (black hole) kang gedhé banget.

Spiral-spiral (lengan) ing galaksi iki ana 4 kang utama lan 2 kang luwih cilik, kabèh diwiwiti saka pusat galaksi. Spiral-spiral iku ya iku:

Akèh galaksi-galaksi liya ing jagat raya, galaksi-galaksi iku mangun golongan-golongan (gugus galaksi). Galaksi tangga kang paling cedhak karo galaksi Bimasekti ya iku galaksi Andromeda

Angel temenan ngira-ngira awal dadine Bimasekti, nanging ana bintang paleng tuo ing Bimasekti seng katon saiki, umuré + 13.3 bilion taon, hampir padha tuane karo alam semesta.




#Article 437: Makam Sunan Pandanaran (302 words)


Ing babagan punika kawula badhé caos uningo bilih kathah piyantun ingkang péngin rawuh ing pesarean ingkang sohor punika nanging dèrèng mangertos panggènipun monggo dipunwaos. (Awit saking punika kawula badhé caos pawarto babagan)

Peziarahan Makam Sunan Pandanaran utawi  manggèn wonten ing Kalurahan Paseban, Kacamatan Bayat, Klathèn ing Provinsi Jawa Tengah. Kalurahan Paseban punika tebihipun 12 km saking kutha Klathèn.

Paseban gampil dipuntuju saking pundi pundi. Klathèn punika panggènipun antawis Sala lan Yogya. 30 km saking Yogya lan 55 km saking Sala. Saking kutha Klathèn, panjenengan saged nemokaken ngagem angkudan tumuju Bayat saking Terminal Klathèn, utawi Terminal Bendo Gantungan, utawi Warung Kidul, lan ugi saking Setasiun Klaten)kanthi gampil lan mirah. Klaten ugi gadhah Setasiun ingkang kaliwatan sepur saking Bandung, Jakarta, Malang lan Surabaya.

Para rawuh saged nitipaken titihanipun wonten Terminal Paseban. Lajeng mbayar karcis dhateng loket caket kantor Kalurahan Paseban. Pinuju dhateng Pesarean, para rawuh kasuwun supados nitipaken sandal utawi sepatu sakdherengipun minggah undhak-undhakan.

Manawi panjenengan tamu saking njawi rangkah, sampun ajrih tindak dhateng mriki awit piyantun Paseban saé lan lembah manah. Manawi badhé nyare, sampun kuwatos amargi ing sakiwa-tengené tlatah pesarean kathah penginepan kaliyan warung dedaharan, warung kerajinan, ugi warung ingkang sadheyan sadaya kabutuhan.

Makam punika dipunpercoyo panggènan semayamipun Panjenengan Kiai Ageng Pandanaran (ing wekdal tembe biyèn panjenengané punika Bupati Semarang). Kathah tiyang ingkang ngalap berkah lan ziarah kanggé kepentingan ingkang beragam. Ki Ageng Pandanaran punika tiyang sampurno lan mligi tumrap agama, milanipun kathah sederek Muslim, Tionghoa, Kepercayaan TYME, lan Nasrani ingkang anyenyuwun berkah kanthi ziarah makam. Ing kapercayan Jawi, leluhur ingkang sampun tinimbalan punika saged dipunsuwuni ji pamuji lan donga pandonga kanggé kekiyatan kita ingkang taksih sugeng ing jagad raya.
Makam punika terletak ing bukit Jabalakat (kinten2 mlampah minggah ngliwati undhak-undhakan sajeroning 15 menit). Sanajan ketigo, hawanipun kalebet teksih sejuk.

Mekaten lan sugeng rawuh ing Bumi Bayat ingkang Gemah Ripah Loh Jinawi.




#Article 438: Lintang (519 words)


Lintang iku benda langit kang bisa mancaraké cahya dhéwé. Miturut ngèlmu astronomi, dhéfinisi lintang ya iku: Kabèh benda masif (duwé massa antarané 0,080,08 nganti 200200 massa srengéngé) kang bisa mbangkitaké ènergi liwat prosès réaksi fusi nuklir. Dadi lintang katai putih lan lintang netron kang wis mati tetep bisa diarani lintang. Lintang paling cedhak karo Bumi ya iku srengéngé kang leté ± 149,680,000 kilomèter, banjur lintang Proxima Centauri ing rasi lintang Centaurus, leté ± 4 taun cahya.

Struktur, évolusi, lan nasib akir siji lintang banget diprabawai déning massané. Saliyané iku, komposisi kimia uga mèlu njupuk peran sajeroning skala kang luwih cilik.

Lintang kawangun sajeroning awan molekul; ya iku laladan médhium antarlintang kang wiyar kanthi karapetan kang dhuwur (sanajan isih kurang rapet yèn dibandhingaké karo siji vacuum chamber kang ana ing Bumi). Awan iki akèh-akèhé kapérang saka hidrogen kanthi watara 23–28% helium lan sapérangan persèn èlemèn abot. Komposisi elemen sajeroning awan iki ora owah akèh wiwit prastawa nukleosintesis Big Bang nalika awal alam semesta.

Gravitasi njupuk peran wigati banget sajeroning prosès pawangunan lintang. Pawangunan lintang diwiwiti kanthi ora stabilé gravitasi ing njero awan molekul kang bisa duwé massa èwonan tikelé saka srengéngé. Kaorastabilan iki asring dipicu déning gelombang kejut saka supernova utawa tumbukan antarané rong galaksi. Sepisan waé siji wewengkon nggayuh kerapetan matéri kang nyukupi sarat dumadiné instabilitas Jeans, awan mau wiwit runtuh ing sangisoré gaya gravitasiné dhéwé.

Adhedasar sarat instabilitas Jeansinstabilitas jeans, lintang ora kawangun dhéwé-dhéwé, nanging sajeroning golongan kang asalé saka siji karuntuhan ing siji awan molekul kang gedhé, banjur kapecah dadi konglomerasi individual. Babagan iki dijurung déning pangamatan ing ngendi akèh lintang kang umuré padha kagabung sajeroning gugus utawa asosiasi lintang.

Nalika awan runtuh, bakal dumadi konglomerasi individual saka lebu lan gas kang padhet kang diarani globula Bok. Globula Bok iki bisa duwé massa nganti kaping 50 massa srengéngé. Runtuhé globula njalari karapetan tambah. Ing prosès iki ènergi gravitasi diowahi dadi ènergi panas saéngga suhu mundhak. Nalika awan protolintang iki nggayuh kasetimbangan hidrostatik, siji protolintang bakal kawangun ing intiné. Lintang pra dhèrèt utama iki asring dikupengi déning piringan protoplanet. Pangerutan utawa karuntuhan awan molekul iki mangan wektu nganti puluhan yuta taun. Nalika paningkatan suhu ing inti protolintang nggayuh kisaran 10 yuta kelvin, hidrogen ing inti 'kobong' dadi helium sajeroning siji réaksi termonuklir. Réaksi nuklir ing njero inti lintang nyedhiakaké cukup ènergi kanggo njaga tekanan ing pusat saéngga prosès pangerutan mandheg. Protolintang saiki miwiti kauripan anyar minangka lintang dhèrèt utama.

Lintang ngentèkaké watara 90% umuré kanggo ngobong hidrogen sajeroning réaksi fusi kang ngasilaké helium kanthi suhu lan tekanan kang dhuwur banget ing intiné. Ing fase iki lintang ditélakaké ada sajeroning dhèrèt utama lan diarani lintang katai. 

Nalika kandhutan hidrogen ing téras lintang entèk, téras lintang saya cilik lan mbébasaké akèh panas lan manasaké lapisan njaba lintang. Lapisan njaba lintang kang isih akèh hidrogen ngembang lan salin warna abang kang diarani lintang raseksa abang kang ukurané bisa nganti kaping 100 saka ukuran srengéngé sadurungé mbentuk lintang kerdil putih. Manawa lintang mau ukurané luwih gedhé tinimbang srengéngé, lintang mau bakal mbentuk superraseksa abang. Superraseksa abang iki banjur mbentuk nova utawa supernova lan banjur mbentuk lintang neutron utawa luwang ireng (black hole).




#Article 439: Randhudhongkal, Pemalang (202 words)


Randhudhongkal iku kacamatan ing Kabupatèn Pemalang.

Kaping pisanan ing Randudongkal, wit kapok sing gedhé banget. Wit kapuk (randhu) iku cukup ditindakake kanggo kegiatan lokal, sing mbiyèn dipimpin pangeran Benawa yaiku pendiri kabupatèn Pemalang, pangeran Benawa minangka raja ing pajang, dheweké dadi putrané Hadiwijaya (dheweké luwih dikenal Jaka tingkir utawa mas Karebet). Saka pangeran Benawa panulis aksara Jawa paling gedhé, kaya ta Ranggawarsita lan Yosodipuro.

Pungkasan, ing rapat, warga sing pengin ngethok, warga tansah ngucapaké sesaji ing sangisoré wit kapuk (randu) lan ora duwe guneman nalika nembus wit kapuk. Dina sing dienteni wis teka, diwenehake ing prosesi undhak-undhakan uga dirawuhi Mbah Karim wis diuripaké minangka jeneng mesjid ing salah sawijining wilayah Randudongkal sing diarani Masjid Baitul Karim. Ing dina tiba awan banjur dadi surem lan angin saya malih. Angin sing kuwat iki ngilangi wit randhu ing lêmah lan pungkasané dibuang ora adoh, warga kasebut seneng banget amarga ana wit kapuk utawa randhu gedhé banjur ambruk, ora ana sing sawetara nyenengake kanthi seneng Rhandune dongkar sing tegesé Randhune ambruk pungkasané dijenengi Randudongkal, wit randhu sing gedhé wis ambruk ateges wong seneng amarga bakal luwih padhang lan soko oyod wit randhu katon sumur saiki uga dikenal minangka Sumur Bayur uga salah sawijining wilayah ing Randudongkal.




#Article 440: Pesanggaran, Banyuwangi (120 words)


Pesanggaran iku salah sawijining kacamatan ing Kabupatèn Banyuwangi.

Dhek jaman biyèn Pasanggaran iku sejatiné Alas Gung Liwang-Liwung. Sabanjuré ana wong lelana saka Tlatah Mentaram kang mbabad Tlatah iku lan mbudidaya mbangun Pasanggrahan. Pasanggrahan iku dadi panggonan kanggo para lelana saka Kulon, mula saka kuwi warga masyarakat Pesanggaran ngagem basa Jawa Mentaraman. Saka tembung Pasanggrahan iku suwé-suwé sinebut dadi Pesanggaran, lan wong kang mbabad Pesanggaran iku asring diarani Mbah Sanggar ya Mbah Sanggrah. Petilasané isih ana manggon ing Dhusun Mulyoasri, Désa Sumbermulya, Kecamatan Pesanggaran.

Punjering Pamaréntahan dumunung ing Kantor Camat Pesanggaran. 

Kacamatan Pesanggaran iku diperang dadi 5 desa, yaiku:

Kacamatan Pesanggaran iku ambane 80,36 km. Lan manggon ing sisih kulon-kidul Kabupatèn Banyuwangi.

Ana akeh dhèstinasi wisata ing Kacamatan Pesanggaran, ing antarane:




#Article 441: Universitas Sebelas Maret (223 words)


Universitas Sebelas Maret (Jawa: ꦦꦮꦶꦪꦠꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦯꦼꦧꦼꦭꦱ꧀ꦩ​ꦉꦠ꧀) utawi kacekak UNS, punika satunggiling universitas nagari ingkang dumunung wonten ing kutha Surakarta Hadiningrat penerè ing dalah Ir. Sutami No. 36 A, Jebrès, Sala. UNS minangka pawiyatan luhur sing diwangun ing dina Kemis Kliwon tanggal  11 Maret 1976. Nalika iku, jeneng pawiyatan iki Universitas Negeri Surakarta Sebelas Maret lan diresmikaké dening prèsidhen nomor loro Indonésia mangsa kuwi ya iku Prèsidhen Soeharto. Ananging nalika taun 1982 adhedhasar Keputusan Presiden RI No. 55 Tahun 1982, kampus iki ganti jeneng dadi Universitas Sebelas Maret lan panggah nganggo cekakan UNS. Pawiyatan luhur iki mapan ing kulon Kebon Kewan Jurug lan diarani green campus amarga akeh wit-witan. 

UNS gadhah 9 Fakultas inggih punika:

Program Studi D3

Program Studi S1 Regulèr

Program S1 Non Reguler

Program Studi D3

Program S1 Reguler

Program S1 Non Reguler

Program Studi D3

Program Studi D4

Program S1 Reguler

Program S1 Reguler
Ilmu Hukum
Program S1 Non Reguler
Ilmu Hukum

Program Keahlian (Program Kekhususan 1 Tahun)

Program Studi D3

Program S1 Reguler

Program S1 Non Reguler

Program Profesi
Profesi Akuntansi

Program Studi D3

Program S1 Regulèr

Program Keahlian (Program Kekhususan 1 Tahun)

Program Studi D2

Program S1 Reguler

Program Studi D3

Program S1 Reguler

Program S1 Non Reguler

Program Studi 

Program S1 Reguler

Program S1 Non Reguler
Sastra Inggris

Program Studi D3

Program Studi Wiyata Jasmani, Keséhatan dan Rekreasi




#Article 442: Désa (208 words)


Désa, miturut dèfinisi universal, ya iku aglomerasi panggonan ing karang padésan (rural). Ing Indonésia, istilah désa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonésia sing ana ing ngisoré kacamatan lan dipandégani déning Kepala Désa. Kepala Désa iku racaké diarani Lurah. 
Wiwit lumakuné otonomi laladan istilah désa bisa karan mawa jeneng liya, upamané ing Sumatra Kulon karan nagari, lan ing Papua lan Kutai Kulon, Kalimantan Wétan karan kampung. Semana uga kabèh istilah lan institusi ing désa bisa karan kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat désa mau. Bab iki dadi pangaku lan pangajining pamaréntah marang mula buka lan adat enggonan.

Miturut Peraturan pamaréntah Nomor 72 Tahun 2005 ngenani Désa, karan yèn désa iku kesatuan masarakat hukum sing duwé wates-wates wewengkon sing duwé wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masarakat saenggon, miturut asal-usul lan adat istiadat saenggon sing diakoni lan diurmati sajeroning sistem pamaréntahan Nagara Kesatuan Républik Indonésia.

Désa iku dudu bawahan kacamatan, amarga kacamatan minangka péranganing perangkat laladan kabupatèn/kutha, lan désa dudu péranganing perangkat laladan. 
Béda karo Kalurahan, désa duwé hak ngatur wewengkoné luwih ombèr. Nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, sawiji désa bisa diowahi statusé dadi kalurahan.

Kawenangan désa ya iku:

Désa duwé pamréntahan dhéwé. pamaréntahan désa dumadi saka pamaréntah désa (sing nyakup Kepala Désa lan Perangkat Désa) lan Badan Permusyawaratan Désa (BPD)




#Article 443: Jenang (152 words)


Jenang inggih punika tetedhan ingkang dipundamel saking glepung, upaminipun glepung wos, glepung gandum, lan sanèsipun. Jenang asipat jemek saéngga anggènipun dhahar kedah nganggé suru utawi séndhok. Jenang saged dipundhahar kaliyan santen utawi duduh gula jawa. Jenang dipunsajekaken wekdal wonten adicara adat, tiyang gadhah damel utawi namung dipundhahar kados jajanan.

Ing Jawi wonten manéka warna jenang, antawisipun:

Jenang abang digawé saka sagu mutiyara. Glepung sagu wis dibentuk bunder kayadènè mutiyara lan diwénéhi warna abang. Sagu kuwi digodhog karo banyu lan godhong pandan. Jenang iki dipangan karo santen kang warna putih.

Jenang candhil digawé saka candhil utawa glepung pathi utawa glepung pohung. Wanci masak diwénéhi gula jawa.

Jenang punika kadamel saking 7 (pitung) warni jenang, inggih punika pethak (lambang kasucèn), abrit (wantun), kuning (keagengan), ijem (pengarepan), lan sléwah ingkang wujud palang (pepalang) lan cemeng (tujuwan). Jenang punika dados salah satunggalipun sesajèn ing budaya Jawi.

Jenang ireng digawé saka ketan ireng. Mula warnanè pancen ireng.




#Article 444: Kroncong (324 words)


Kroncong ya iku jinising lelagon kanthi témpo alon kang migunaké flute, sélo, piyul, cak. lan cuk. Lelagon iki minangka akulturasi antarané kabudayan Portugis lan Nuswantara. Sabanjuré, kroncong dadi kabudayan Indonésia kang kawentar ing jaman wiwitan kamardhikan.

Mula bukaning kroncong isih sasar-susur. Ana kang nyebut asli Indonésia, ana kang nyebut gawanan Portugis. Nanging kang paling akèh ditampa bebrayan ya iku kroncong iku asli Indonésia..
Manut Denny Sakrie, ananing kroncong ing Nuswantara kababag dadi patang jaman, ya iku:

Udakara abad angka 19, kroncong dadi kondhang lan nyebrang tekan Ujung Malaya. Kroncong banjur nglebur karo kabudayan lokal. Upamané, ing 1950-an, kroncong nglebur karo gamelan Jawa dadi langgam. Ing antarané kang kawentar nyindhèn kroncong langgam jawa ya iku Waljinah.
Kroncong ngancik pucuking kondhang ing taun 1960-an lan banjur nyusut kadhesek déning lagu populer.

Sebutan Kroncong dinuga saka suara krincingan krincing rebana. Swara iki keprungu dadi latar kang ngreroncé swara instrumèn liyané, nalika tabuh lerem utama mlaku. Thuthukan swarané luwih rikat tinimbang swara panembang (penyanyi) lan mélodi. Lelagon kroncong iki diracik, lumrahé, nganggo cak, cuk, sélo, gitar, lan kontra bass. Cak lan cuk digunakaké kaya déné ricikan ing gamelan. Ing jaman wiwitan kroncong, nganggoné cavaquinho, gitar cilik nganggo senar waja papat. Cavaquinho banjur diréka dadi prounga (senar telu nganggo nilon) kanthi swara cendhèk. Cavaquinho uga diréka nganggo senar nilon papat kanthi swara dhuwur.
 

Sélo kang kanggo ing kroncong bisa nganggo kang senaré telu. Senar nilon dipetik kanthi rikat utawa migunakaké bethotan saka jiwitan jempol lan driji. Swara gitar ngiringi cak lan cuk kanthi gegayuhan skala swara kang luwih dawa. Gitar nggenepi chord utawa wot-wotan (bridge) lagu. Bass nambahi gayeng kanthi cara kaya déné gong ageng ing gamelan.

Ing piranti musik kang nyuwara mélodi, ana penyanyi, suling, lan piyul. Biola lan suling ana kalané dadi bebuka lagu.

Lumrahé, kroncong migunakaké kunci mayor kanthi aransemèn skala minor. Nalika ing langgam jawa, kroncong tetep migunakaké not kang umum ing musik kulonan (Western), nanging diréka supaya laras karo gamelan kang skalané luwih cendhèk.




#Article 445: Kakawin Arjunawiwāha (707 words)


Kakawin Arjunawiwāha (aksara Bali: , Jawa )
iku kakawin kapisan kang asalé saka Jawa Wétan (Jawa Wétan). Karya sastra iki ditulis déning mpu Kanwa nalika masa jumenengé Prabu Airlangga, kang jumeneng ing Jawa Wétan saka taun 1019 nganti taun 1042 Masèhi.

Para nimpuna sastra Jawa nganggep yèn serat Arjunawiwaha iku dhedhasar Wanaparwa, kitab kaping telu Mah#257;bharata.

Ing jaman saiki karo wong Jawa kakawin iki sakala-kala diarani Serat Mintaraga utawa Serat Wiwaha Kawi.

Sedaya puji tumrap panjenengané ingkang wicaksana (paramārtha-paņḍita). Niwātakawaca, satungaling rasaksa (ditya) siyap-siyap badhé nyerang lan ngancuraké suwarga, Karajan Indra. Raksasa mau sekti mandraguna lan ora bisa dikalahaké déning Déwa lan raksasa, mangka Indra milih kanggo nyuwun pitulung tumrap manungsa. Boten angél lan dangu ingkang dipunpilih inggih punika Arjuna ingkang saweg tapa brata ing Gunung Indrakīla, nanging kedah dipuncoba ketabahanipun anggéné yoga, sebab prakara iki bisa dadi jaminan supados panjenengané temen anggéné nulungi lan dados asil ingkang dipunkersakaké. Wonten widadari cacahé pitu kang ayu sanget praupané sebab dipunciptakaké déning Brahmā migunakaken sekawan rai lan Indra sèwu mata, ing antarané Tilottamā lan Suorabhā. dipunutus kanggé nemuni Arjuna lan migunakaken keèlokan praupané kanggé ngrayu Arjuna.

Nalika para widadari tumuju ing Gunung Indrakīla katon kaéndahan alaming gunung iku. Ditambah manèh rasa kasmaran para widadari macak lan ngrembukaken kepiyé carané supados ingkang dipuntuju kagayuh. Satekaneng Goa kang diagem déning Arjuna kanggo semadi, lajeng para widadari maringi ngertos kaéndahan paraupanipun tumrap Arjuna lan migunakaken akal kang bisa digunakaken kanggé nggoda Arjuna, nanging sia-sia belaka. Kanthi rasa kuciwa para widadari mbalik ing suwarga. lan ngatur panglipuran tumrap Batara Indra. Nanging iku mau ndadosaken bungah ing manahing para Déwa, sebab iku bisa dadi bukti kasektènaning Arjuna. Namung siji kang dados raguning panjenengané, apa tujuaning Arjuna tapa brata namung kanggo golèk kabahagiyan lan kakuwasaan tumrap Arjuna, saénggo Arjuna ora perduli tumrap kaselamataning wong liya? Kanggé madosi kapestèn, Batara Indra nemuni Arjuna kanthi njelma dados tiyang sepuh wicaksana. Panjenengané dipunsambut kanthi saé lan ing dialog kababar babagan kekuwasaan lan kenikmatan kanthi makna kang sajati. Ing sekabèhing wujud, kabahagayaning suwarga, kanikmatan lan kakuwasaan ing donya iku semu lan ilusi;sebab namung sawatara lan ora mutlak, mangka tetep tebih saking kang Maha Mutlak. Sapa wong kang péngin nggayuh kasempurnaan lan pelepasan terakhir, kudu ngléwati donya ujud lan wewayangan kang nyesataken, sampun ngantos kabendung. Niki wau ingkang dipunjlentrekahen déning Arjuna. Panjenengané negesaké, dèné tapa bratané hanamung ngalampahi kawajiban kșatriya sarta mbiyantu kangmasipun, Yudhișțhira kanggé mundhut malih kraton lan kesejahteraan donya. Batara Indra remen sanget, lan maringi ngertos sinten sajatiné panjenengané lan ngramalaken, déné Bathara Śiwa bahdé pepanggihan kaliya Arjuna, lajeng panjenengané kondur. Arjuna nerasaken anggèné tapa-brata.

Raja para Raksasa sampun ngertos babagan prakawis kang kadadéan ing Gunung Indrakīla. Panjenenganè ngutus satunggaling raksasa, Mūka kanggé matèni Arjuna. Awujud celeng alas rasaksa mau ngrusak alas. Arjuna kagèt, nyiyapaken pusakaning lan medal saking gowa. Nalika samanten, Bathara Śiwa sampun mireng déné Arjuna ngalampahi tapa-brata kanthi saé. Dugi wujud pemburu saking wong kaasing, ya iku wong Kirāṫa. Antarané Arjuna lan jalmaning Bathara Śiwa ngésotaké panah bebarengan, lan cèlèng mau mati. Jebulé panah loro mau iku nyawiji, lan nybabaken Arjuna lan jalmaning Bathara Śiwa tandhing sapa kang bisa nuntut kéwan mau. Ora namung tandhing nanging ditambahi padu kang gawé hawané sansaya panas. Sakabehing panah-panah Bathara Śiwa disotké kekuwatané lan akhiré ajur. Panjenengané padha dados tandhing awak. Nalika Arjuna arep kalah, panjenengané nyekeli sukuning lawané nanging Bathara Śiwa mbalik saka jalmaning. Lan njalma awujud ardhanarīśwara (saparo lanang, saparo wadon) ing dhuwuring sekar padma. Lajeng Arjuna muja panjennegané kanthi sekabehing wujud kang mujud ing kabèh banda. Bathara Śiwa maringi bebungah marang Arjuna sawijining panah sakti mandraguna kang aran panah Paśupati. Sarta cara migunakaken panah mau. Lajeng panjenengané ngilang.

Nalika Arjuna bingung milih antarané balik apa tetep tapa-brata, ana rong apsara (makluk saparo déwa saparo manungsa) teka gawa layang saking Bathara Indra:panjenengané nyuwun supados Arjuna madep, mbiyantu para Déwa ing rencana kanggo matèni Niwātakawaca. Arjuna ragu, sebab ndadosaken langkung suwé anggèné panjenengané pisah kaliyan kulawarga lan sedèrèkipun, nanging panjenengané sarujuk. Panjenengané migunakaken rasukan lan sandhal ingkang dipunaturaken déning aspara, lajeng minggah tumuju ing swarga, dalemipun Bathara Indra. Swarga dados ramé, para widodari seneng. Bathara Indra njlentrehaken kaanan ingkang boten saé tumrap para Déwa sebab gawèané Niwātakawaca. Patineng rasaksa mau namung bisa kedaden déning setunggaling tiyang.

Kakawin Arjunawiwaha nduwé sawijining manggala. Ing ngisor iki manggala-né karo jarwané disajèkaké:




#Article 446: Kembang sepatu (388 words)


Kembang sepatu (Hibiscus rosa-sinensis L.) iku tetuwuhan semak suku Malvaceae sing asalé saka Asia Wétan lan akèh ditandur minangka tetuwuhan hias ing tlatah tropis lan subtropis. Kembangé gedhé, wernané abang lan ora ana ambuné. Kembang saka manéka warna kultivar lan hibrida bisa wujud kembang tunggal (godhong makutha salapis) utawa kembang dhobel (godhong makutha malapis-lapis) sing wernané putih nganti kuning, oranye nganti abang tuwa utawa jambon.

Ing Sumatra lan Malaysia, kembang sepatu karan bunga raya. Kembang iki dikukuhaké minangka kembang nasional Malaysia ing tanggal 28 Juli 1960. Wong Jawa nyebut kembang iki kembang worawari.

Kembang sepatu kapérang saka 5 helai godhong kelopak sing direksa déning kelopak tambahan (epicalyx) saéngga katon kaya rong lapis kelopak kembang. Makutha kembang kapérang saka 5 lembar utawa luwih yèn wujud hibrida. Gagang putik wangun silindher dawa diklilingi gagang sari wangun oval kang tetaburan serbuk sari. Wiji ana ing njeron woh wangun kapsul kanthi limang bilik.

Lumrahé dhuwuré tetuwuhan sakiwa-tengené 2 tekan 5 mèter. Wangun godhong bunder endhog sing amba utawa bunder endhog sing ciut kanthi pucuk godhong lancip. Ing tlatah tropis utawa ing omah kaca tetuwuhan ngembang setaun teras, éwadéné ing tlatah subtropis ngembang wiwit saka usum panas nganti usum palastra.

Wangun kembang kaya trompet kanthi dhiameter sakiwa-tengené 5 cm nganti 20 cm. Putik (pistillum) njulur metu saka dhasar kembang. Kembang bisa mekar ngadhep munggah, mudhun, utawa ngadhep nyamping. Lumrahé, tuwuhan iki nduwé sipat steril lan ora ngasilaké woh.

Tuwuhan iki tangkar-tumangkar kanthi cara stèk, cangkok, lan nempel.

Kembang sepatu akèh didadèkaké tetuwuhan hias amarga kembangé sing élok. Kembang digunaaké kanggo nyemir sepatu ing India lan minangka kembang persembahan. Ing Tiongkok, kembang sing wernané abang digunaaké minangka bahan pawarna panganan. Ing Indonésia, godhong lan kembang digunaaké ing manéka warna pangobatan tradhisional. Kembang sepatu sing digaringaké uga bisa diombé minangka tèh.

Ing Okinawa, Jepang digunaaké minangka tetuwuhan pager. Ing sisih kidul Okinawa, tetuwuhan iki karan  saéngga akèh ditandur ing pasaréan kanggo ndongakaké kebahagiaan ing alam kana.

Kanthi manéka warna lan wangun mahkotané, kembang sepatu katon éndah lan mranani ati wong-wong sing nyawang. Tujuné kembang sing éndah iki gambang banget urip ing Indonésia. Saliyané bisa disawang kaéndahané amarga kembang sepatu iki ngembang setaun teras, kembang iki uga nduwéni khasiat obat.

Kembang iki ngandhut unsur kimia Flavonoida, dat lemak, lan lendhir. Kanthi kandhutan mau, saora-orané kembang sepatu bisa nglancaraké haid, nyarasaké watuk lan absès mawa cara;

]




#Article 447: Wong Using (121 words)


Wong Using iku keturunan pangeran saka Majapahit sing ora gelem mlebu Islam rikala abad kaping 16. Cacah jiwa wong Using kurang luwih 400.000 jiwa sing urip ing Banyuwangi, Jawa Wétan. Basané migunakaké Basa Using.

Biyèn, wong Using pancèn ora gelem mlebu Islam, nanging lakuné jaman agawé keturunané mlebu Islam. Ana uga sing isih tetep ngugemi agama Hindhu. Sawetara 2.000-3.000 jiwa ana sing mlebu agama Kristen.

Mula bukané wong Using saka abad ke-15-16 nalika Majapahit nemahi pralaya. Wong-wong Islam sing nguwasani Majapait agawé wong-wong mau pindhah menyang Banyuwangi, Bali, lan Lombok. Ing Banyuwangi, wong-wong mau nggabung karo wong Blambangan. Karajan Blambangan banjur dikalahaké déning Mataram ing taun 1743. Kalah ora banjur ngalah. Wong-wong Using lan Blambangan lagi mlebu Islam ing abad ke-19.




#Article 448: Wayang Betawi (112 words)


Wayang Betawi utawa wayang Tambun iku wayang kulit khas Betawi kang sumebar ing tlatah Jakarta, Tangerang, Bogor, lan Bekasi. Para ahli sejarah ngira yèn anané wayang iki kawiwitan nalika Sultan Agung nyerang Jakarta.

Gamelan kang digunaaké kaya wayang kulit Banyumas kaya ta gambang lan calung. Ing babagan tembang, sabetan, lan lakon, wayang kulit betawi kaya wayang golèk Sundha. Lelagon khas Betawi uga bisa mlebu kanthi becik.

Kanthi lumrahé basa Betawi kang égalitèr, caturan ing antarané para paraga wayang ora nganggo tatakrama kaya ing basa Jawa. Urut-urutan jejer uga bisa diwolak-walik. Pagelaran bisa diwiwiti déning gara-gara. Sing dadi ciri mligi ya iku caturan ing antarané dhalang lan para pamirsa kaya déné ing lenong.




#Article 449: Garèng (538 words)


Garèng iku salah sijiné paraga wayang panakawan. Dhèwèké anak mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijiné ya iku ing lakon Palasara Nglelana. Ing lakon wayang iku Garèng sadurungé nduwé jènéng Bambang Sukadi, putra saka Resi Sukadadi.

Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weténg mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Garwané Garèng ya iku Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.

Awaké Gareng kang akèh cacaté iku duwèni teges:

Asal usule Gareng ana 2 versi versi sapisan, Garèng awujud Pendhita bagus kang ajeneng Resi Sukodadi saka Padhépokan Bluluktiba. 
Sawijining carita, kacaritan Resi Sukodadi wis ora betah karo pertapané ing Bluluktiba. Dhèwèké banjur ngembara lan nyoba kasektèné karo saben wong sing ditemoni. Dhèwèké ngrasa pongah amarga kasektèné. 
Ing sawijining dina, Resi Sukodadi ketemu karo satriya liya ajeneng Bambang Pecuk Penyukilan (mengkone dadi Pétruk), kang uga agi waé ngrampungi tapa. Bambang Sukodadi banjur nantang Bambang Pecuk Penyukilan adu sekti kanggo srana mbuktikaké kasektèné. Adu sektiné wong loro mau ora ana sing menang, nganti pirang-pirang dina suwené tandhing. 
Banjur teka Batara Ismaya, kang awujud Semar, ngendhegaké adu sekti mau, nanging wong loro mau ora gelem mandheg. Ngrasa ora bisa ngendhegaké wong loro mau, Semar mangkel banjur muring awit sipat pongah lan ngrasa sekti iku sipat angkara lan èlèk. Resi Sukodadi lan Bambang Pecuk Penyukilan kena ajiné Semar banjur malih èlèk. Wong loro mau banjur njaluk ngapura, nanging wujudé ora bisa bali amarga iku dadi dalan karebèn sadar uripé dhéwé. 
Semar banjur mènèhi wejangan supaya ninggal watak pongah iku. Resi Sukodadi ngrasa, Semar dhuwur èlmuné lan wicaksana. Dhèwèké banjur mutuské mèlu Semar, banjur diéloni Bambang Pecuk Penyukilan. Satriya loro mau ngabdi lan njaluk diaku dadi putrané Semar. Semar nampa satriya loro mau, nganggo sarat dadi pamong para satriya kang luhur budiné. Wit iku, Resi Sukodadi ganti jeneng dadi Nala Garèng. Garèng diangkat dadi putra tuwa dhéwé ing antarané 3 putra angkaté Semar.

Versi Pindhone nalika Resi Palasara nampa Panantange Gandarwa Suparta (Kang mengkone dadya Petruk) nalika iku Kyai Semar kang dipasrahi Resi Palasara nglawan Gandarwa Suparta, Putra Prabu Gandarwaraja. Nanging Kyai Semar banjur mlayu kablandhang lan Gandarwa Saparta nuntuti, apa baé kang dadi pepalange Kyai Semar dibalang memburi tumuju Gandarwa Saparta, Watu, Kayu, Gegodhongan lsp. dibuwak memburi. Banjur Kyai Semar njabut Wit Garu Rasamala njur nubruk Gandarwa Saparta lan rubah wujud dadya Resi Sukadi,Pertapa saka Bluluktiba lan satemah dadya perang tanding saklorone.

Nanging ana keanehan, saklorone owah wujud raine dadya ala, Gandarwa Saparta irung, lengen lan sikile dadi dawa amarga ditariki Resi Sukadi. Sawalike, Resi Sukadi matane dadya kero, tangan cekot pérangan, lan sikile gejik amarga digebuki karo Gandarwa Saparta.
Kyai Semar banjur misahake sakloron. Gandarwa Saparta banjur ngaku kabèh kaluputane lan kesombongane, uga pasrah dadi abdine Resi Palasara.
Resi Sukadi iya mangkono, biyèn Resi Sukadi tetapa pengen umuré dawa, banjur nrima pituduh saka déwa Resi Sukadi tetep umuré dawa yèn ketemu marang Lurah kang awake lemu bunder kang aran Kyai Semar Badranaya, lan sakloron pasrah dadya putrane Kyai Semar Badranaya. Kyai Semar ngganti jeneng sakloron, Gandarwa Saparta dadya Petruk, banjur Resi Sukadi dadya Nala Gareng.
lan Bagong dadya anak wuragil saka anak anak semar amarga sipat bagong kang ijek cilik.

Banjur Karawuhan Bathara Narada, manawa Kyai Semar kadhawuhan dadya abdine Resi Palasara sakkaturunane diapit kaliyan putra angkate kang wus ana saiki.

 




#Article 450: Kajawèn (161 words)


Kajawèn (Jawa: ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀) iku kapercayan kang dianut wong Jawa kanthi dhedhasar budaya Jawa. Kaya déné agama kang lumrahé ana, kapercayan iki diugemi ajaran-ajarané. Ana manéka warna aliran kejawèn kang ana. Nanging kang cetha, manawa Kajawèn iku dudu lan ora bisa dipindhaake 'agama', amarga kejawen iku hasile olah-pikir (kaya déné filsafat) wong Jawa, anggoné nganggep, nintingi, mangerteni lan nglakoni jantrane uripé klawan gegandhenganne dadi kawula ing alam lan Gusti Sing Nyiptakne.

Ciri mligi Kajawèn ya iku anané campuran antarané animisme, agama Hindhu, lan Buda. Agama Islam lan Kristen uga katon mlebu ing kéné. Dadi bisa karan yèn kapercayan iki siji wujud sinkretisme.

Sawijining ahli antropologi Amérikah Sarékat, Clifford Geertz, naté nulis prakara iki ing buku The Religion of Java. Ing kéné dhèwèké nyebut Kajawèn iku Agami Jawi.

Sadurungé agama Hindhu-Budhha mlebu ing Jawa, Kajawèn urip dhéwé lan lagi katon lebur nalika akèh pralambang Jawa mlebu ing kitab-kitan kuna.

Sawetara paguyuban kejawèn dumadi kanggo srawung lan tular kawruh ing urusan kebatinan. Ing antarané:




#Article 451: Caringin, Bogor (240 words)


Kacamatan Caringin merupakan salah satu kacamatan di kabupatèn Bogor, Jawa Barat. Kacamatan Caringin berbatasan dengan Kacamatan Cigombong dan Kacamatan Cijeruk di Sebelah Selatan. Di Utara Berbatasan dengan Kacamatan Ciawi dan Kacamatan Megamendung. Kacamatan Caringin terdiri dari 12 Désa dengan pusat kacamatan (Kantor Kacamatan, Puskesmas, dan Pasar) berada di Désa Caringin.

Mayoritas warga Caringin merupakan wong tani dengan komoditas unggulan antara lain talas, pisang, dan sayur mayur dan hortikultura. Terdapat juga sentra perikanan lele dan ikan mas sarta peternakan domba antara lain di Désa Cinagara, dan Désa Caringin.

Di Désa Pancawati yang merupakan laladan perbukitan dan dataran tinggi banyak ditemukan Vila yang mayoritas dimiliki orang Jakarta. Kawasan ini juga menjadi pérangan dari areal peternakan Tapos milik kulawarga Cendana yang kaloka itu.

Kacamatan Caringin juga dikenal orang liwat karena disana terdapat laladan Cimande, sebuah laladan yang menjadi asal muasal aliran pencak silat Cimande yang antara lain banyak mengandalkan kelihaian gerak tangan. Cimande juga dikenal sebagai gudang ahli patah balung (bengkel balung) yang bisa menyembuhkan orang yang mengalami patah balung tanpa harus operasi.

Sudah ribuan pasen yang olèh dhokter dinyatakan harus di operasi bahkan diamputasi, namun olèh ahli patah balung Cimande bisa disembuhkan seperti sediakala. Kawasan Cimande terbagi ke dalam tiga Désa yakni Désa Cimande Jaya, Désa Lemah Duhur, dan Désa Cimande Hilir.

Désa Caringin
Désa Muara Jaya
Désa Pasir Muncang
Désa Cinagara
Désa Tangkil
Désa Cimande Hilir
Désa Cimande Jaya
Désa Lemah Duhur
Désa Ciherang
Désa Pancawati
Désa Ciderum
Désa

Kabupatèn Bogor




#Article 452: Semar (387 words)


Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling Punakawan Pandhawa sakturune wiwit saka leluhure Resi Palasara (ing Mahabarata) lan Prabu Ramawijaya sawadyabala wanara (ing Ramayana) ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antaga (Togog).

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang gadhah pakarti luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan. Wonten ing satunggaling kadadosan adu kasektén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten kantenan. Sasampunipun punika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sadaya panyaru lan krodhaning angkara murka. kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya bawana.

Miturut Hazeu, Semar punika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanès saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli.
Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar gadhah pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa.

Wonten manéka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Nanging sadaya nyebataken bilih Semar punika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa gadhah kalih putra ingkang namanipun Sang Hyang Tunggal lan Sang Hyang Wenang. Saking Sang Hyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru. Sang Hyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sang Hyang Tunggal gantos asma dados Semar).

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dèrèng kathah ingkang mangertos bilih Semar punika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para déwa).

Semar gadhah garwa ingkang namanipun Déwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun punika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar.
Pagesanganipun Semar punika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, nanging ingkang dipunwigatosaken punika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan punika ingkang dadosaken Semar tansah gadhah pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.

Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawatara Jawa Wétan, Semar punika patutan:

Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar patutan:

Ing sapérangan Jawa Wétan, putranipun Semar punika Besut.

Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih punika:

Semar punika titisanipun Sang Hyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara punika keturunan Sang Hyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.




#Article 453: Serat Jayabaya (879 words)


Serat Jayabaya

Besuk yèn wis ana kreta tanpa jaran.

Tanah Jawa kalungan wesi.

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.

Kali ilang kedhunge.

Pasar ilang kumandhang.

Iku tandha yèn tekane jaman Jayabaya wis cedhak.

Bumi saya suwé saya mengkeret.

Sekilan bumi dipajeki.

Jaran doyan mangan sambel.

Wong wadon nganggo pakeyan lanang.

Iku tandhane yèn wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.

Akeh janji ora ditetepi.

Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhéwé.

Manungsa padha seneng nyalah.

Ora ngendahake hukum Allah.

Barang jahat diangkat-angkat.

Barang suci dibenci.

Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit.

Lali kamanungsan.

Lali kabecikan.

Lali sanak lali kadang.

Akeh bapa lali anak.

Akeh anak wani nglawan ibu.

Nantang bapa.

Sedulur padha cidra.

Kulawarga padha curiga.

Kanca dadi mungsuh.

Akeh manungsa lali asalé.

Ukuman Ratu ora adil.

Akeh pangkat kang jahat lan ganjil.

Akeh kelakuan kang ganjil.

Wong apik-apik padha kapencil.

Akeh wong nyambut gawé apik-apik padha krasa isin.

Luwih utama ngapusi.

Wegah nyambut gawé.

Kepingin urip mewah.

Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.

Wong bener thenger-thenger.

Wong salah bungah.

Wong apik ditampik-tampik.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong agung kasinggung.

Wong ala kapuja.

Wong wadon ilang kawirangane.

Wong lanang ilang kaprawirane.

Akeh wong lanang ora duwé bojo.

Akeh wong wadon ora setya marang bojone.

Akeh ibu padha ngedol anaké.

Akeh wong wadon ngedol awake.

Akeh wong ijol bebojo.

Wong wadon nunggang jaran.

Wong lanang linggih plangki.

Randha seuang loro.

Prawan seaga lima.

Dhudha pincang laku sembilan uang.

Akeh wong ngedol ngèlmu.

Akeh wong ngaku-aku.

Njabane putih jeroné dhadhu.

Ngakune suci, nanging sucine palsu.

Akeh bujuk akèh lojo.

Akeh udan salah mangsa.

Akeh prawan tuwa.

Akeh randha nglairaké anak.

Akeh jabang bayi lair nggoleki bapakne.

Agama akèh kang nantang.

Prikamanungsan saya ilang.

Omah suci dibenci.

Omah ala saya dipuja.

Wong wadon lacur ing ngendi-endi.

Akeh laknat.

Akeh pengkianat.

Anak mangan bapak.

Sedulur mangan sadulur.

Kanca dadi mungsuh.

Guru disatru.

Tangga padha curiga.

Kana-kéné saya angkara murka.

Sing weruh kebubuhan.

Sing ora weruh ketutuh.

Besuk yèn ana peperangan.

Teka saka wétan, kulon, kidul lan lor.

Akeh wong becik saya sengsara.

Wong jahat saya seneng.

Wektu iku akèh dhandhang diunekake kuntul.

Wong salah dianggep bener.

Pengkhianat nikmat.

Durjana saya sampurna.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong lugu kebelenggu.

Wong mulya dikunjara.

Sing curang garang.

Sing jujur kojur.

Pedagang akèh kang keplarang.

Wong main akèh kang ndadi.

Akeh barang karam.

Akeh anak karam.

Wong wadon nglamar wong lanang.

Wong lanang ngasorake drajate dhéwé.

Akeh barang-barang mlebu luang.

Akeh wong kaliren lan wuda.

Wong tuku ngglenik kang dodol.

Sing dodol akal okol.

Wong golèk pangan kaya gabah diinteri.

Sing kebat kliwat.

Sing telah sambat.

Sing gedhé kesasar.

Sing cilik kepleset.

Sing anggak ketunggak.

Sing wedi mati.

Sing nekat mbrekat.

Sing jerih ketindhih.

Sing ngawur makmur.

Sing ngati-ati ngrintih.

Sing ngedan keduman.

Sing waras nggagas.

Wong tani ditaleni.

Wong dora ura-ura.

Ratu ora netepi janji, musna panguwasane.

Bupati dadi rakyat.

Wong cilik dadi priyayi.

Sing mendele dadi gedhé.

Sing jujur kojur.

Akeh omah ing ndhuwur jaran.

Wong mangan wong.

Anak lali bapak.

Wong tuwa lali tuwané.

Pedagang adol barang saya laris.

Bandhane saya ludhes.

Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.

Akeh wong nyekel bandha nanging uripé sangsara.

Sing edan bisa dandan.

Sing bengkong bisa nggalang gedhong.

Wong waras lan adil uripé nggrantes lan kepencil.

Ana peperangan ing njero.

Timbul amarga para pangkat akèh kang padha salah paham.

Durjana saya ngambra-ambra.

Penjahat saya tambah.

Wong apik saya sengsara.

Akeh wong mati jalaran saka peperangan.

Kebingungan lan kobongan.

Wong bener saya thenger-thenger.

Wong salah saya bungah-bungah.

Akeh bandha musna ora karuan lungane. Akèh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe

Akeh barang-barang karam, akèh bocah karam.

Bejane kang lali, bejane kang eling.

Nanging sauntung-untunge kang lali.

Isih untung kang waspada.

Angkara murka saya ndadi.

Kana-kéné saya bingung.

Pedagang akèh alangane.

Akeh buruh nantang juragan.

Juragan dadi umpan.

Sing suwarane seru olèh prabawa.

Wong pinter diingar-ingar.

Wong ala diuja.

Wong ngerti mangan ati.

Bandha dadi memala.

Pangkat dadi pemikat.

Sing sawenang-wenang rumangsa menang.

Sing ngalah rumangsa kabèh salah.

Ana Bupati saka wong kang asor imane.

Patihe kepala judhi.

Wong kang atine suci dibenci.

Wong kang jahat lan pinter jilat saya derajat.

Pemerasan saya ndadra.

Maling lungguh wetengé mblenduk.

Pitik angrem saduwure pikulan.

Maling wani nantang kang duwé omah.

Begal pada ndhugal.

Rampok padha keplok-keplok.

Wong momong mitenah kang diemong.

Wong jaga nyolong kang dijaga.

Wong njamin njaluk dijamin.

Akeh wong mendem donga.

Kana-kéné rebutan unggul.

Angkara murka ngombro-ombro.

Agama ditantang.

Akeh wong angkara murka.

Nggedhekake duraka.

Ukum agama dilanggar.

Prikamanungsan di-iles-iles.

Kasusilan ditinggal.

Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi.

Wong cilik akèh kang kepencil.

Amarga dadi korbane si jahat kang jajil.

Banjur ana Ratu duwé prabawa lan duwé prajurit.

Lan duwé prajurit.

Nagarane ambané saprawolon.

Tukang mangan suap saya ndadra.

Wong jahat ditampa.

Wong suci dibenci.

Timah dianggep pérak .

Emas diarani tembaga.

Dandang dikandakake kuntul.

Wong dosa sentosa.

Wong cilik disalahake.

Wong nganggur kesungkur.

Wong sregep krungkep.

Wong nyengit kesengit.

Buruh mangluh.

Wong sugih krasa wedi.

Wong wedi dadi priyayi.

Senenge wong jahat.

Susahe wong cilik.

Akeh wong dakwa dinakwa.

Tindake manungsa saya kuciwa.

Ratu karo Ratu pada rembugan nagara endi kang dipilih lan disenengi.

Hore! Hore!

Wong Jawa kari separo.

Landa-Cina kari sejodho.

Akeh wong ijir, akèh wong cethil.

Sing eman ora keduman.

Sing keduman ora eman.

Akeh wong mbambung.

Akeh wong limbung.

Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka.




#Article 454: Cikembar, Sukabumi (278 words)


Cikembar iku kacamatan ing Kabupatèn Sukabumi, Jawa Kulon, Indonésia. Kacamatan Cikembar iku Kacamatan saka 47 Kacamatan kang ana ing wewengkon Kabupatèn Sukabumi, minangka laladan kawasan indhustri lan tetanèn. Kacamatan iki mbawahi 9 désa kang dumadi saka 44 Dusun 103 RW lan 438 RT.  Jembar wewengkon Kacamatan Cikembar ya iku 8.651,83 Ha adumadi saka Sawah 1.385,38 Ha lan Lemah garing 5.148,09 Ha.
Iklim ing Kacamatan Cikembar kagolong sedheng kanthi temperatur suhu rata-rata 18-32 °C lan curah udan watara 1.200 nganti 2.200 mm/taun. Sarana prasarana pendhidhikan ing kacamatan iki ana 41 SD dumadi saka 39 SD Negri lan 2 SD swasta. Déné sekolah lanjutan pisanan (SLP) negri ana 6, SLP swasta ana 5 sekolah lan madrasah diniyah ana 52 panggonan.

Kacamatan Cikembar iki dumadi saka 9 désa ya iku: désa Cikembar jembaré 795,24 Ha, désa Cimanggu 798,75 Ha,, désa Kertaraharja 512,08 Ha, désa Sukamulya 1.656,98 Ha, désa Bojongkembar 1.712,54 Ha, désa Bojong 1.058,82 Ha, désa Parakanlima 775,79 Ha, désa Sukamaju 1.031,35 Ha lan désa Cibatu 523,26 Ha.

Saka aspèk pamaréntahan, Kacamatan Cikembar nganti tumekaning Palabuhanratu kalebu sajeroning Wewengkon Kabupatèn Cianjur (± taun 1800an), ing sangisoring Bupati Asra Manggala I. Cikembar ing mangsa iku dibawahi “CUTAK” (Wedana) kang asmané Raden Orsom. 

Tapel wates wewengkon Cikembar ya iku:

Kacamatan Cikembar dumunung ing koordinat 6° 58' 0 Kidul lan 106° 47' 0 Wétan.

Caching kang ndunungi Kacamatan Cikembar ing taun 2010 miturut data BPS Kabupatèn Sukabumi ana 57.781 jiwa, dumadi saka 29.691lanang lan
	

Palemahan ing Kacamatan iki lumrahé kanggo tetanèn. Déné jembar lemah sawah kanggo tetanèn pari kang dipanèn setaun sapisan ana 72 hèktar, kang panèn setaun pindho ana 550 hèktar, kang dipanèn setaun kaping telu ana 962 hèktar, gunggung ana 1.584 hètar.




#Article 455: Wayang kancil (108 words)


Wayang kancil iku kalebu wayang modern kang diciptaaké ing taun 1925 déning Bo Liem. Wayang iki migunakaké carita-carita kéwan. Wayangé digawé saka kulit, lan pisanané ditatah déning Lie Too Hien kang cacahé kurang luwih 100 paraga.  Paraga kang kondhang ya iku Si Kancil kang pinter. Lakon kang kondhang ya iku Kancil Nyolong Timun.

Lakoné dijupuk saka Serat Kancil Kridhamartana anggitané Radèn Panji Natarata.

Wayang iki banjur diterusaké lan disampurnaaké déning Radèn Mas Sayid ing taun 1943.

Gandhèng wayang iki lumrahé ditonton bocah cilik, pagelarané mung udakara 1-3 jam ing wayah awan, soré, utawa wiwitan wengi sadurungé bocah cilik padha turu.

wayang kancil diciptakan olèh ki Ledjar, di yogyakarta




#Article 456: Timbul Hadiprayitno (125 words)


Ki Timbul Hadiprayitno () iku dhalang kondhang kang isih ngugemi pakem padhalangan, mligi padhalangan gagrag Ngayogjakarta.

Dhalang kelairan Bagelèn, Purwareja iki mung lulus Sekolah Rakyat. Wiwit cilik Timbul seneng wayang. Dhèwèké meguru karo akèh dhalang, ing antarané ya iku Wiji Prayitno (bapaké Hadi Sugito), Kasmono, Gondo Margono, Bancak, lan Nartasabda.

Dhalang iki pinter ing sabetan, caturan, lan lakon. Sing paling asring ya iku lakon-lakon banjaran, ya iku lakon wayang kang nyritaaké lelakoné sawijining paraga saka lair nganti mati. Timbul uga salah sijiné dhalang kang bisa ngruwat.

Ing babagan sanggit (gawé lakon dhéwé), Ki Timbul wis gawé sawatara lakon, ya iku ing antarané Wahyu Harjadah, Wahyu Kembang Slombo, Wahyu Panca Purbo, lan Wahyu Mustika Haji.

Kapinterané ing pewayangan nurun marang putra-putrané. Ana enem kang dadi dhalang.




#Article 457: Srengéngé (2546 words)


Srengéngé utawi surya punika bal raseksa ingkang kawangun saking gas hidrogen lan helium. Srengéngé kalebet lintang kanthi warna pethak ingkang gadhah peran minangka pusat tata surya. Sedaya komponèn tata surya kalebet 8 planit lan satelitipun, planit-planit kerdhil, asteroid, komèt, lan lebu akasa mubeng ngiteri srengéngé. Sasanèsipun minangka punjer ubengan, srengéngé ugi wujud sumber ènèrgi kanggé kagesangan ingkang teras-terasan. Panas srengéngé ndadosaken bumi anget lan mbentuk iklim, éwadéné cahyanipun maringi pepadhang dhumateng bumi sarta dipunpigunakkaen déning tetuwuhan kanggé prosès fotosintesis. Tanpa srengéngé, boten bakal wonten kagesangan ing bumi amargi kathah réaksi kimia ingkang boten saged dumados.

Nicolaus Copernicus punika tiyang sepisanan ingkang ngajengaken téyori bilih srengéngé punika pusat parédharan tata surya ing abad 16. Téyori punika lajeng dipunbuktèkaken déning Galileo Galilei lan pangamat akasa sanèsipun. Téyori ingkang salajengipun dipuntepangi kanthi nama heliosentrisme punika nugelaken téyori geosentrisme (bumi minangka pusat tata surya) ingkang dipunajengaken déning Ptolemeus lan sampun tahan wiwit abad kaping kalih sadèrèngipun masèhi. Konsèp fusi nuklir ingkang dipunajengaken déning Subrahmanyan Chandrasekhar lan Hans Bethe nalika taun 1930 pungkasanipun saged njelasaken punapa punika srengéngé kanthi tepat.

Srengéngé awangun bal pijar kanthi senyawa panyusun utami wujud gas hidrogen (74%) lan helium (25%) kaionisasi. Senyawa panyusun sanèsipun kapérang saking wesi, nikel, silikon, sulfur, magnesium, karbon, neon, kalsium, lan kromium. Cahya srengéngé asalipun saking asil réaksi fusi hidrogen dados helium.Adhedhasar pangétangan migunakaken Hukum Newton kanthi nglibataken pangaji kacepetan orbit bumi, let srengéngé, lan gaya gravitasi, dipunpikantuk massa srengéngé inggih punika 1,989x1030 kilogram. Angka kasebat sami kaliyan kaping 333.000 massa bumi. Sauntawisipun punika dhiameter srengéngé inggih punika 1.392.000 kilomèter utawi 865.000 mil, sami kaliyan kaping 109 dhiameter bumi. Minangka pabandhingan, 1,3 yuta planit saukuran bumi saged mlebet dhumateng srengéngé. Mila, srengéngé dados objèk paling ageng ing tata surya kanthi massa dumugi 99,85% saking total massa tata surya.

Srengéngé wujud lintang ingkang paling caket kaliyan bumi, inggih punika letipun rata-rata 149.600.000 kilomèter (92,96 yuta mil). Let srengéngé dhumateng bumi punika dipuntepangi minangka ékan astronomi lan biyasa dipunbulataken (kanggé panyedherhanan étangan) dados 150 yuta km.

Adhedhasar pangétangan kanthi métodhe analisis radhioaktif, dipunmangertosi bilih batuan rembulan, meteorit lan batuan bumi paling sepuh ingkang naté kapanggih yuswanipun watawis 4,6 milyar taun. Sauntawisipun punika conto batuan srengéngé dèrèng naté dipunpikantuk saéngga pangétangan dipunlampahaken kanthi matématika migunakaken modhèl interior srengéngé. Adhedhasar asil pangétangan matématika inggih punika srengéngé dipunkintenaken yuswanipun 5 ± 1,5 milyar taun. Nanging, amargi tata surya dipunkawruhi kawangun minangka satunggil kasatuwan salebetipun wekdal ingkang cecaketan mila sapunika kanthi umum srengéngé dipunanggep yuswanipun 4,6 milyar taun. Srengéngé kagolong lintang tipe G V, kanthi ciri gadhah suhu lumahipun watawsis 6.000 K lan limrahipun tahan salaminipun 10 milyar taun. Srengéngé dipunkintenaken yuswanipun watawis 7 milyar taun malih, sadèrèngipun hidrogen ing intinipun telas. Manawi prakawis kasebat dumados, srengéngé bakal èkspansi dados lintang raseksa warna abrit ingkang asrep lan mangan planit-planit alit ing sakupengipun (manawi kalebet bumi) sadèrèngipun pungkasanipun wangsul dados lintang kerdhil warna pethak malih.

Gaya gravitasi ing srengéngé sabandhing kaliyan kaping 28 gravitasi ing bumi. Sacara téyori prakawis kasebat ateges bilih satunggiling tiyang gadhah bobot 100 kg ing bumi mila manawi lelampahan ing lumahipun srengéngé bobotipun bakal karaos kados 2.800 kg. Gravitasi srengéngé mungkinaken narik sadaya komponèn-komponèn panyusunipun mbentuk satunggil wangun bal sampurna. Gravitasi srengéngé ugi ingkang nahan planit-planit ingkang ngupengi tetep wonten ing orbitipun piyambak-piyambak. Prabawa saking gravitasi srengéngé taksih saged karaos dumugi let 2 taun cahya.

Radhiasi srengéngé, langkung dipuntepangi minangka cahya srengéngé, inggih punika campuran gelombang èlèktromagnètik ingkang kapérang saking gelombang infraabrit, cahya katingal, sinar ultraviolèt. Sesaya gelombang èlèktromagnètik punika obah kanthi kacepetan watawis 3,0 x 108 m/s. Mila radhiasi utawi cahya merlokaken wekdal 8 menit kanggé dumugi dhumateng bumi. Srengéngé ugi ngasilaken sinar gamma, nanging frékuènsinipun tansaya alit sairing kaliyan letipun nilaraken inti.

Srengéngé gadhah enem lapisan ingkang saben lapisan gadhah karakteristik tartamtu. Kaenem lapisan kasebat ngambah inti srengéngé, zona radhioaktif, lan zona konvèktif ingkang mbentuk lapisan lebet (interior); fotosfèr; kromosfèr; lan korona minangka laladan paling njawi saking srengéngé.

Inti inggih punika aréa paling lebet saking srengéngé ingkang gadhah suhu watawis 15 yuta drajat Celcius (27 yuta drajat Fahrenheit). Adhedhasar pabandhingan radhius/dhiameter, pérangan inti kanthi ukuran saprasekawan let saking pusat dhumateng lumahipun lan 1/64 total volume srengéngé. Kapadhetanipun inggih punika watawis 150 g/cm3. Suhu lan tekanan ingkang kados makaten inggilipun mungkinaken wontenipun pamecahan atom-atom dados èlèktron, proton, lan neutron. Neutron ingkang boten gadhah momotan bakal nilar inti nuju pérangan srengéngé ingkang langkung njawi. Sauntawis punika ènèrgi panas ing lebet inti njalari paobahan èlèktron lan proton rikat sanget lan silih tabrakan satunggal kaliyan sanèsipun njalari réaksi fusi nuklir (asring ugi dipunsebat termonuklir). Inti srengéngé inggih punika papan dumadosipun réaksi fusi nuklir helium dados hidrogen. Ènèrgi asil réaksi termonuklir ing inti wujud sinar gamma lan neutrino maringi tenaga ageng sanget ugi ngasilaken sadaya ènèrgi panas lan cahya ingkang dipuntampi ing bumi. Ènèrgi kasebat dipunbeta medal saking srengéngé liwat radhiasi.

Zona radhiatif inggih punika laladan ingkang nylubungi inti srengéngé. Ènèrgi saking inti salebetipun wangun radhiasi kempal ing laladan punika sadèrèngipun dipunterasaken dhumateng pérangan srengéngé ingkang langkung njawi. Kapadhetan zona radhiatif inggih punika watawis 20 g/cm3 kanthi suhu saking pérangan lebet dhumateng njawi antawisipun 7 yuta dumugi 2 yuta drajat Celcius. Suhu lan dhènsitas zona radhiatif taksih cekap inggil, nanging boten mungkinaken dumadosipun réaksi fusi nuklir.

Zona konvèktif inggih punika lapisan ing pundi suhu wiwit mandhap. Suhu zona konvèktif inggih punika watawis 2 yuta drajat Celcius (3.5 yuta drajat Fahrenheit). Sasampunipun medal saking zona radhiatif, atom-atom kanthi ènèrgi saking inti srengéngé bakal obah nuju lapisan langkung njawi ingkang gadhah suhu langkung asor. Pamandhapan suhu kasebat njalari dumadosipun saya alonipun obahan atom saéngga paobahan kanthi radhiasi dados kirang èfisièn malih. Ènèrgi saking inti srengéngé mbetahaken wekdal 170.000 taun kanggé nggayuh zona konvèktif. Nalika wonten ing zona konvèktif, paobahan atom bakal dumados kanthi konvèksi ing aréa sadawanipun sapérangan atus kilomèter ingkang kasusun saking sèl-sèl gas raseksa ingkang teras sirkulasi. Atom-atom kanthi suhu inggil ingkang nembé medal saking zona radhiatif bakal obah kanthi alon nggayuh lapisan paling njawi zona konvèktif ingkang langkung asrep njalari atom-atom kasebat dhawah malih dhumateng lapisan paling inggil zona radhiatif ingkang panas ingkang salajengĞipun minggah malih. Prastawa punika bola-bali teras njalari wontenipun paobahan wolak-walik ingkang njalari transfer ènèrgi kados déné ingkang dumados nalika manasaken toya ing salebetipun panci. Mila, zona konvèktif dipuntepangi ugi kanthi nama zona pangumuban (the boiling zone). Matèri ènèrgi bakal dumugi pérangan inggil zona konvèktif salebetipun wekdal sapérangan minggu.

Fotosfèr utawi lumahipun srengéngé ngambah wewengkon ingkang kandelipun 500 kilomèter kanthi suhu watawis 5.500 drajat Celcius (10.000 drajat Fahrenheit). Sapérangan ageng radhiasi srengéngé ingkang dipunuwalaken medal asalipun saking fotosfèr. Ènèrgi kasebat dipunobservasi minangka sinar srengéngé ing bumi, 8 menit sasampunipun nilar srengéngé.

Kromosfèr inggih punika lapisan ing sainggilipun fotosfèr. Werna saking kromosfèr limrahipun boten katingal amargi katutup cahya ingkang padhang sanget ingkang dipunasilaken fotosfèr. Nanging nalika dumados grahana srengéngé total, ing pundi rembulan nutupi fotosfèr, pérangan kromosfèr bakal katingal minangka pigura kanthi warna abrit ing sakupengipun srengéngé. Warna abrit kasebat dipunsebabaken déning inggilipun kandhutan helium ing mrika.

Korona wujud lapisan paling njawi saking srengéngé. Lapisan punika gadhah warna pethak, nanging namung saged dipuntingali nalika dumados grahana amargi cahya ingkang dipunpancaraken boten sami kiyatipun pérangan srengéngé ingkang langkung lebet. Nalika grahana total dumados, korona katingal mbentuk makutha cahya kanthi warna pethak ing sakupengipun srengéngé. Lapisan korona gadhah suhu ingkang langkung inggil tinimbang pérangan lebet srengéngé kanthi rata-rata 2 yuta drajat Fahrenheit, nanging ing sapérangan pérangan saged dumugi suhu 5 yuta drajat Fahrenheit.

Srengéngé gadhah kalih jinis paobahan, inggih punika:

Sistem lintang ingkang paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Alpha Centauri. Lintang ing salebetipun komplèks kasebat ingkang gadhah posisi paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Proxima Centauri, satunggiling lintang kanthi warna abrit redhup ingkang wonten salebetipun konstélasi Centaurus. Let srengéngé dhumateng Proxima Centauri inggih punika 4,3 taun cahya (39.900 yuta km utawi 270 éwu unit astronomi), kirang langkung kaping 270 éwu let srengéngé dhumateng bumi. Para ahli astronomi mangertosi bilih bendha-bendha akasa mesthi obah salebetipun orbitipun piyambak-piyambak. Mila, pangétangan let dipunlampahaken dhedhasar éwah-éwahan posisi satunggiling lintang salebetipun kurun wekdal tartamtu kanthi pathokan dhumateng posisinipun tumrap lintang-lintang ing sakupengipun. Métodhe pangukuran punika dipunsebat parallaks (parallax).

Ing ngandhap punika sapérangan ciri khas ingkang dipungadhahi srengéngé:

Prominènsa inggih punika salah satunggil ciri khas srengéngé, wujud pérangan srengéngé mèmper lathi latu ingkang ageng sanget lan padhang ingkang nyiprat medal saking pérangan lumahanipun srengéngé sarta asring ugi awangun loop (puteran). Prominènsa dipunsebat ugi minangka filamèn srengéngé amargi sanadyan juluranipun padhang sanget manawi dipuntingali ing akasa ingkang peteng, nanging boten langkung padhang tinimbang sadaya srengéngé punika piyambak. Prominènsa namung saged dipuntingali saking bumi kanthi bantuan teleskop lan filter. Prominènsa paling ageng ingkang naté dipuntangkep déning SOHO (Solar and Heliospheric Observatory) dipunèstimasi ukuran panjangipun 350 éwu km.

Sami kados korona, prominènsa kawangun saking plasma nanging gadhah suhu ingkang langkung asrep. Prominènsa isinipun matèri kanthi massa dumugi 100 milyar kg. Prominènsa dumados ing lapisan fotosfèr srengéngé lan obah medal nuju korona srengéngé. Plasma prominènsa obah ing sadawanipun médhan magnèt srengéngé. Érupsi saged dumados nalika struktur prominèsa dados boten stabil saéngga bakal pecah lan ngedalaken plasmanipun. Nalika dumados érupsi, matérial ingkang dipunwedalaken dados péranganing struktur magnètik ingkang ageng sanget dipunsebat semburan massa korona (coronnal mass ejection/ CME). Paobahan semburan korona kasebat dumados ing kacepetan ingkang inggil sanget, inggih punika antawis 20 éwu m/s dumugi 3,2 yuta km/s. Paobahan kasebat ugi njalari paningkatan suhu dumugi puluhan yuta drajat salebetipun wekdal ingkang singkat. Manawi érupsi semburan massa korona ngarah dhumateng bumi, bakal dumados interaksi kaliyan médhan magnèt bumi lan njalari dumadosipun badhai géomagnètik ingkang gadhah potènsi ngganggu jaringan komunikasi lan listrik.

Satèunggiling prominènsa ingkang stabil saged tahan ing korona dumugi mawulan-wulan dangunipun lan ukuranipun taras tansaya ageng saben dinten. Para ahli taksih teras nliti kepripun lan kénging punapa prominènsa saged dumados.

Bintik srengéngé inggih punika granula-granula cembung alit ingkang kapanggih ing pérangan fotosfèr srengéngé kanthi gunggung ingkang boten kaétang. Bintik srengéngé karipta nalika garis médhan magnèt srengéngé nembus pérangan fotosfèr. Ukuran bintik srengéngé saged langkung ageng tinimbang bumi. Bintik srengéngé gadhah laladan ingkang peteng ingkang namanipun umbra, ingkang dipunkupengi déning laladan ingkang langkung padhang ingkang aranipun penumbra. Warna bintik srengéngé katingal langkung peteng amargi suhunipun ingkang tebih langkung asor saking fotosfèr. Suhu ing laladan umbra inggih punika watawis 2.200 °C éwadéné ing laladan penumbra inggih punika 3.500 °C. Amargi émisi cahya ugi dipunprabawai déning suhu mila pérangan bintik srengéngé umbra namung ngémisikaken kaping 1/6 cahya manawi dipunbandhingaken lumahipun srengéngé ing ukuran ingkang sami.

Angin srengéngé kawangun saking aliran konstan saking partikel-partikel ingkang dipunwedalaken déning pérangan inggil atomosfèr srengéngé, ingkang obah dhumateng sadaya tata surya. Partikel-partikel kasebat gadhah ènèrgi ingkang inggil, nanging prosès paobahanipun medal médhan gravitasi srengéngé ing kacepetan ingkang inggil sanget dèreng dipunmangertos kanthi sampurna. Kacepetan angin srengéngé kapérang dados kalih, inggih punika angin rikat ingkang nggayuh 400 km/s lan angin rikat ingkang nggayuh langkung saking 500 km/s. Kecepetan punika ugi saya tambah kanthi èksponènsial selaras letipun saking srengéngé. Angin srengéngé ingkang umum dumados gadhah kacepetan 750 km/s lan asalipun saking bolongan korona ing atmosfèr srengéngé.

Sapérangan bukti wontenipun angin srengéngé ingkang saged dipunraosaken utawi dipuntingali saking bumi inggih punika badhai géomagnetik kanthi ènèrgi inggil ingkang nrisak satelit lan sistem listrik, aurora ing Kutub Lèr utawi Kutub Kidul, lan partikel mèmper buntut panjang ing komèt ingkang mesthi ngedohi srengéngé amargi siliran angin srengéngé. Angin srengéngé saged mbebayani kanggé kagesangan ing Bumi manawi boten wonten médhan magnèt bumi ingkang ngreksa saking radhiasi. Ing sanyatanipun, ukuran lan wangun médhan magnèt bumi ugi dipuntemtokaken déning kakiyatan lan kacepetan angin srengéngé ingkang liwat.

Badai srengéngé dumados nalika wonten panguwalan sanalika ènèrgi magnètik ingkang kawangun ing atmosfèr srengéngé. Plasma srengéngé ingkang mundhak suhunipun dumugi mayuta-yuta Kelvin sesarengan kaliyan partikel-partikel sanèsipun nglampahi akselerasi nyaketi kacepetan cahya. Total ènèrgi ingkang dipunuwalaken sami kaliyan mayuta-yuta bom hidrogen kanthi ukuran 100 megaton. Gunggung lan kakiyatan badai srengéngé kathah variasinipun. Nalika srengéngé aktif lan gadhah kathah bintik, badai srengéngé langkung asring dumados. Badai srengéngé asring ugi dumados sesarengan kaliyan lubèripun massa korona. Badai srengéngé maringaken risiko radhiasi ingkang ageng sanget dhumateng satelit, montor mabur ulang alik, astronot, lan mliginipun sistem télékomunikasi bumi. Badai srengéngé ingkang sepindhahipun kacathet ing pustaka astronomi inggih punika nalika tanggal 1 September 1859. Kalih panliti, Richard C. Carrington lan Richard Hodgson ingkang nembé ngobservasi bintik srengéngé liwat teleskop ing papan kapisah, ngamati badai srengéngé ingkang katingal minangka cahya pethak ageng ing sakupengipun srengéngé. Kadadosan punika dipunsebat Carrington Event lan njalari lumpuhipun jaringan télégraf transatlantik antawisipun Amérika lan Éropah.

Montor mabur ulang-alik ingkang kaping sepindhah kasil mlebet dhumateng orbit srengéngé inggih punika Pioneer 4. Pioneer 4, ingkang dipunluncuraken tanggal 3 Maret 1959 déning Amérikah Sarékat, dados pionir salebetipun sajarah èksplorasi srengéngé. Kasilipun Pioneer 4 dipunterasaken déning paluncuran Pioneer 5-Pioneer 9 salaminipun 1959-1968 ingkang panci gadhah tujuan kanggé nyinaoni prakawis srengéngé. Nalika tanggal 26 Mèi 1973, stasiun njawi akasa Amérikah Sarékat kanthi nama Skylab dipunluncuraken kanthi mbeta 3 awak. Skylab mbeta Apollo Telescope Mount (ATM) ingkang dipungunakaken kanggé mundhut langkung saking 150.000 gambar srengéngé.

Montor mabur ulang-alik sanèsipun, Helios I kasil ngorbit dumugi nggayuh let 47 yuta km saking srengéngé (nglabeti orbit Merkuri). Helios I teras mubeng kanggé mesthèkaken sadaya pérangan montor mabur pikantuk gunggung panas ingkang sami saking srengéngé. Helios I gadhah tugas ngempalaken data-data prakawis srengéngé. Montor mabur ulang-alik asil karya sesarengan antawisipun Amérikah Sarékat lan Jerman punika operasinipun wiwit 10 Dhésèmber 1974 dumugi akir 1982. Helios II dipunluncuraken tanggal 16 Januari 1976 lan kasil nggayuh let 43 yuta km saking srengéngé. Misi Helios II rampung wulan April 1976 nanging dipunnengké kémawon tetep wonten ing orbit.

Solar Maximum Mission dipundhesain kanggé nglampahaken observasi aktivitas srengéngé mliginipun bintik lan latu srengéngé nalika srengéngé wonten ing périodhe aktivitas maksimum. SMM dipunluncuraken déning Amérikah Sarékat tanggal 14 Fèbruari 1980. Salaminipun lelampahanipun, SMM naté ngalami karisakan nanging kasil dipunleresaken déning awak montor mabur ulang alik Challenger. SMM teras wonten ing orbit bumi salaminipun nglampahaken observasi. SMM ngempalaken data dumugi 24 November 1989 lan kobong nalika mlebet malih dhumateng atmosfèr bumi tanggal 2 Dhésèmber 1989.

Montor mabur ulang alik Ulysses inggih punika asil proyèk internasional kanggé nyinaoni kutub-kutub srengéngé, dipunluncuraken tanggal 6 Oktober 1990. Éwadéné Yohkoh inggih punika montor mabur ulang alik ingkang dipunluncuraken kanggé nyinaoni radhiasi ènèrgi inggil saking srengéngé. Yohkoh wujud asil karya sesarengan Jepang, Amérikah Sarékat, lan Inggris ingkang dipunluncuraken tanggal 31 Agustus 1991.

Misi èksplorasi srengéngé ingkang paling misuwur inggih punika Solar and Heliospheric Observatory (SOHO) ingkang dipunkembangaken déning Badan Antariksa Amérikah Sarékat (NASA) nyambut damel sesarengan kaliyan Agènsi Njawi Angkasa Éropah (ESA) lan dipunluncuraken tanggal 12 Dhésèmber 1995. SOHO gadhah tugas ngempalaken data struktur internal, prosès fisik ingkang dumados, sarta pamundhutan gambar lan dhiagnosis spèktroskopis srengéngé. SOHO dipunpanggènaken ing let 1,5 yuta km saking bumi lan taksih operasi dumugi sapunika.

Misi èksplorasi paling énggal saking NASA inggih punika montor mabur ulang alik kembar kanthi nama STEREO ingkang dipunluncuraken tanggal 26 Oktober 2006. STEREO gadhah tugas kanggé nganalisis lan mundhut gambar srengéngé salebetipun wangun 3 dhimènsi. Solar Dynamics Observatory Mission inggih punika misi èksplorasi NASA ingkang nembé wonten pangembangan lan sampun dipunpublikasikaken wulan April 2008. Solar Dynamics Observatory Mission dipunkintenaken bakal ngorbit kanggé nyinaoni dhinamika srengéngé ingkang ngambah aktivitas srengéngé, évolusi atmosfèr srengéngé, lan prabawa radhiasi srengéngé dhumateng planit-planit sanès.

Srengéngé sampun dados simbol wigatos ing kathah kabudayan salamipipun peradhaban manungsa. Salebetipun mitologi ingkang dipungadhahi déning manéka bangsa ing donya, srengéngé gadhah peranan ingkang wigatos sanget ing salebetipun kagesangan masarakatipun. Srengéngé dipuntepangi kanthi nama ingkang bèntèn-bènten ing saben kabudayan lan asring ugi dipunsembah minangka déwa.

Srengéngé punika sumber ènèrgi kanggé kagesangan. Srengéngé gadhah kathah mupangat lan peran ingkang wigatèos sanget kanggé kagesangan kados ta:




#Article 458: Kidung Sesingir (112 words)


Kidung Sesingir iki salah sijiné sastra Jawa Anyar sing migunakaké tembang Macapat. Kidung Sesingir kaanggit déning Susuhunan Paku Bawana IX.

Seratan kawiwitan kanthi tembang Kinanthi, ya iku:
Kinanthi amurwaning kidung
sinarèndra kang mandhiri
Surakarta kaping IX
kuwara widagdêng kawi
wasisé gendhing wis kondhang
mumpuni kidung palupi

Saliyané Kinanthi, Paku Bawana IX uga ngagem Mijil, Gambuh, Sinom, Pucung, Pangkur, Maskumambang, Durma, Megatruh, Asmarandana, Sinom, Dhandhanggula, lan Girisa.

Isiné piwulang prakara urip. Upamané ing tembang Dhandhanggula iki:
Wus winawas ing jaman samangkin
akèh wong mangerti basaning liyan
kapiran basané dhéwé
jamané wong mèt kawruh
den salesih wajibirêki
den manggon tékadira
ywa was-wasing kalbu
iku lagi ngupayakna
kawruhing liyan dadiya busanêng nagri
ywa malbu kalbunira




#Article 459: Bal-balan (389 words)


Bal-balan iku dolanan bal kang dimainaké déning rong tim, lan saben tim dumadi saka 11 juru main. Mlebu ing abad 21, ulah raga iki wis dimainaké punjul 250 yuta wong ing 200 nagara, lan ndadèkaké ulah raga paling kondhang ing donya. Bal-balan iku tujuané nyithak gol sakakèh-akèhé kanthi nganggo bal saka kulit ing gawang mungsuh. Bal-balan dimainaké ing njero lapangan kang dhapuré pesagi dawa, ing dhuwur suket utawa suket sintètis.

Lumrahé kang tukang jaga gawang kang duwé hak démok bal nganggo tangan utawa lengen ing njero laladan gawangé, nanging 10 (sepuluh) juru main saliyané amung diidinaké nggunakaké kabèh awaké saliyané tangan, lumrahé nganggo sikil kanggo nendhang, dhadha kanggo ngontrol, lan sirah kanggo nyundhul bal. Tim kang nyithak gol luwih akèh ing akir iku dadi kang menang. Nanging angger nganti wektu entèk isih imbang, bisa dianakaké undhian, ndawakaké wektu utawa adu penalti, iku manut karo format kang gawé kejuwaran.

Aturan permainan/tetandhingan lumrahé dianyaraké saben taun déning indhuk organisasi bal-balan internasional (FIFA), kang uga nindakaké Piala Donya saben patang taun sapisan.

Sajarahé ulah raga bal-balan diwiwiti awit abad angka 2 lan angka 3 sadurungé Masèhi ing Cina. Ing jaman Dinasti Han mau, masarakat nggiring bal asalé saka kulit lan nendhang tumuju jaring kang cilik. Dolanan mèh padha uga dimainaké ing Jepang kanthi sinebut Kemari. Ing Italia, dolanan nendhang lan nggawa bal uga disenengi wiwit abad angka 16.

Bal-balan modhèren wiwit ngrembaka ing Inggris lan dadi banget disenengi. Ing sapérangan kompetisi, permainan iki nimbulaké akèh kekerasan suwéné tetandhingan saéngga akiré Raja Edward III nglarang ulah raga iki dimainké nalika taun 1365. Raja James I saka Sekotlan uga njurung larangan kanggo main bal-balan. Nalika taun 1815, sawijining pakembangan gedhé njalari bal-balan dadi kondhang ing lingkungan universitas lan sekolah. Lair bal-balan modhèren dumadi ing Freemasons Tavern taun 1863 nalika 11 sekolah lan klub kumpul lan ngrumusaké aturan baku kanggo permainan mau. Bebarengan karo iku, dumadi pamisahan kang cetha antarané ulah raga rugby karo bal-balan (soccer). Nalika taun 1869, nggawa bal nganggo tangan wiwit dilarang sajeroning bal-balan. Sakwéné taun 1800-an, ulah raga mau digawa déning pelaut, pedagang, lan bala Inggris menyang manéka wilahan donya. Nalika taun 1904, asosiasi paling dhuwur bal-balan donya (FIFA) diwangun lan ing awal taun 1900-an, manéka kompetisi dimainké ing manéka nagara.

Peraturan resmi permainan bal-balan (Laws of the Game) ya iku:

Aku dinggo bal-balan, tegesé aku didadèkaké sasaran, utawa kanggo uncal-uncalan.




#Article 460: Camat (183 words)


Camat iku pemimpin kacamatan sing dadi narapraja ing sangisoré Kabupatèn/Kutha. Camat ngaturaké tanggung jawabé marang bupati liwat Sekretaris Laladan Kabupatèn/Kutha. Camat diangkat déning Bupati/Walikota kanthi usulan Sekretaris Laladan Kabupatèn/Kota saka Pegawai Negeri Sipil kang cocog syaraté.

Camat iku mbawahi Lurah, nanging ora kanggoné Kepala Désa.

Camat punika manawi jaman karajan dipunwastani Panewu, amargi piyambakipun gadhah prajurit cacah sewu (1000). Lajeng ing jaman Walanda, Camat punika assisten Wedana, pramilo asring dipunwastani ndoro sten. Ing Jaman Kamardikan Camat punika kepala wewengkon Kacamatan, gadhah wewengkon inggih punika Désa. Kanthi makaten Désa dados andhahanipun Camat, miturut UU n0 5 taun 1974 ngenani Pamaréntahan ing Laladan lan UU no 5 taun 1979 ngenani babagan Pamaréntahan Désa, Camat dados panguwasa tunggal administratur pamaréntahan, pembangunan lan kemasyarakatan wonten ing wewengkonipun. Wonten era otonomi laladan dhasar UU no 22 taun 1999 lan UU no 32 taun 2004 ngenani Pamaréntahan Laladan, Camat boten dados panguwasa tunggal, namung perangkat laladan ingkang gadhah wewengkon kerja inggih punika Désa lan Kalurahan. Désa boten dados bawahan Camat, namung kanthi pelimpahan wewenang Bupati, Désa dados wewengkon kerja Camat. Ingkang tegesipun Camat gadhah wewenang kanggé nggulawentah pamaréntahan désa.




#Article 461: Protèstan (114 words)


Protèstan iku madahab ing agama Kristen. Madahab utawa denominasi iki muncul amargi protès Martin Luther taun 1517 liwat 95 dalil Martin Luther.

Tembung Protèstan iku sejatine asalé saking pro-testanum kang tegesé bali ing Injil (testanum).

Obahan Reformasi (Pembaruan) kaya ta Martin Luther iku dudu kang pertama ing kalangan Gréja Katolik, sedurungè ana owahan-owahan kang mirib, contoné ing Prancis kang kabawah Peter Waldo (saiki pengikute nggabung ing Gréja Waldensis), uga ana obahan kang kabawah Yohanes Hus (1369-1415).

Taun 2005, 5,9%–14.276.459 saking 241.973.879 penduduk Indonésia, nganut agama Protèstan1. Iku disebabaké prabawa misionaris saking Walanda, racaké gréja Protèstan ing Indonésia diprabawai déning ajaran Calvin, lan sapérangan liyané duwé corak Lutheran.

Gréja Protèstan ing Indonésia antarané ya iku:




#Article 462: Judith Bosnak (319 words)


Dr. Judith Ernestine Bosnak (miyos ing Velp, Rheden, Gelderland, Walandi, 29 Januari 1973) punika satunggiling nimpuna budaya Jawi. Piyambakipun spésialisi ing babagan téater utawi sandhiwara Jawi. Karya ngèlmiahipun ingkang langkung wigati, punika dhisèrtasinipun ingkang ajudul Shaping the Javanese play.  Dhisèrtasi punika dipunajokaken ing sidhang promosi ingkang kalaksanan ing 2006.

Judith Bosnak miyos ing Velp, inggih punika satunggiling kitha alit utawi bokmanawi saged dipunwastani dhusun ing sawétanipun nagari Walandi. Piyambakipun mlebet sekolah menengah inggil ing  Vrije School de Berkel ing Zutphen antawis taun 1986 kaliyan 1992.

Sasampunipun lulus lajeng Judith miwiti studi ing Univèrsitas Leiden ing taun 1993. Piyambakipun kuliah ing jurusan Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië (Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oseania).

Lajeng ing tengahipun taun 1995, Judith mendhet kursus basa Jawi ing Universitas Sebelas Maret (UNS), Surakarta.

Ing taun salajengipun, ing taun akadhémi 1996-1997, Judith kuliah ing Universitas Gadjah Mada, Bulaksumur, Ngayogyakarta. Piyambakipun mendhet basa Indonesia, basa Jawi, kaliyan ngèlmu antropologi.

Sawangsulipun ing Walandi, Judith nglajengaken kuliahipun kaliyan saged ngrampungaken studinipun ing Agustus 1998 kaliyan angsal gelar magister. Topikipun punika bab Srimulat, satunggiling kelompok komédhi saking Sala. Skripsinipun saged dipungolongaken inovatif kanggé jaman samanten amargi ingkang dados bahan panelitèn punika matérial audio-visual.

Sasampunipun lulus Judith lajeng katampi dados mahasiswi peneliti S3 ing Research School for Asian, African and Amerindian Studies (Sekolah Riset Studi-Studi Asia, Afrika, saha Indian-Amérika). Piyambakipun lajeng nglampahi panelitèn lapangan ing Ngayogyakarta ing taun 1999, 2000 saha 2001.

Sabèntenipun mahasiswi peneliti Judith ugi dados satunggiling dhosèn wonten jurusan sastra lan budaya Jawi ing Universitas Leiden. Amargi kagolong pracéka saha pinter piyambakipun asistèn ugi kerep nggentos professor Ben Arps manawi saweg boten wonten ing lokasi.

Ing pungkasaning taun 2006, Judith Bosnak majeng ing sidhang promosi lan saged angsal gelar “dhoktor”. Dhisèrtasinipun asesirah Shaping the Javanese play. Karyanipun punika bab skrip lakonan sandhiwara Jawi. Buku puniki asil saking panelitèn lapangan ingkang sampun dipunlampahi saking taun 1999 dumugi taun 2001. Isinipun sangang studi kasus sandhiwara Jawi.




#Article 463: Cemara Natal (420 words)


Wit cemara Natal kang wus suwé didadèkaké simbol riyaya Natal déning umat Kristen, pranyata kawiwitan udakara 1000 taun kapungkur. Bab iki kelakon nalikané Santo Bonifacius priyayi kang ngristenaké bangsa Jerman, ing tengah dalan nemoni wong-wong pagan (wong-wong kang nyenyembah brahala) lagi nyembah-nyembah marang wit èk.

Kanthi murka, wong suci mau kongkonan marang panggiluté negor wit èk mau. Lan kaelokan dumadakan kelakon ing kono. Ing tilasé tegoran kayu èk mau, kanthi nengsemaké njedhul thukulan wit cemara, liwat saselaning oyot wit Ek kang wus mati. St Bonifacius nganggep iki kadidene siji pratandha marang kaimanan Kristiani. Sabanjure, kanthi prastawa mau, wong-wong Kristen nganggep wit cemara ana gandhèng cènèngé karo kapercayan Kristen, lan pungkasané nggawa wit-wit cemara mau mlebu ngomahé.

Wong-wong Mesir kuna kang mbiyèn ngawiti pamujan marang wit-witan kang ijo. Nalikane teka mangsa adem, wong-wong Mesir nggawa godhong kurma lan ngrenggani omahé nganggo godhong kurma mau kanggo simbol kamenangan panguripan manungsa mungsuh pepati.

Wong-wong Romawi kuna béda manèh. Nambut mangsa adem, wong-wong Romawi nganaake festival kang sinebut Saturnalia, ing pangangkah kanggo memuja Déwa Saturnus, dewaning olah tetanen. Wong-wong mau ngrenggani omahé kanthi gegodhongan ijo lan lampu-lampu. Bocah-bocah uga kanthi suka parisuka bakal ijol-ijolan hadhiyah marang kancané. Ijol-ijolan hadhiyah iki uga dilakone déning wong-wong diwasa. Ing kapercayane, wong-wong mau mènèhi dhuwit (koin) kanggo kemakmuran, jajanan kanggo kabagyan, lan lampu-lampu kanggo nerangi pawongan sajeroning nglakoni urip iki.

Maabad-abad kapungkur, ing tanah Inggris, dhukun-dhukun alas kang mau Druid nganggo gegodhongan lan ijo-ijoan kanggo nganaake ritual misterius nalikane mangsa adem teka. Dhukun-dhukun mau migunaake godhong holly lan mistletoe kanggo simbol panguripan langgeng, lan nemplokake pang-pang gegodhongan sandhuwuring lawang kanggo ngusir setan lan roh-roh jahat.

Ing jaman abad pertengahan akir, wong-wong Jerman lan Skandinavia nandur wit-witan ijo sajeroning omahé utawa ing ngarep lawange kanggo nuduhaké gegayuhan kang becik marang mangsa semi kang bakal teka.

Tradisi wit natal ing jaman modhèren iki ngrembaka saka tradisi-tradisi kawitan kang mangkono mau.

Legenda nyritakaké yèn ta Martin Luther kang kawitan gawé tradisi ngrenggani Cemara natal. Ing siji dina natal kang garing, udakara ing taun 1500-an, piyambake lelungan ngliwati alas kang katutup déning salju. Sawisé sawatara suwé jumangkah, jangkahe kandheg déning kaendahaning sagrumbulan wit-witan cilik ing ngarepe. Pang-pange, kalabur salju, ing krelip nyunarake cahyaning wulan.

Nalikaning piyambake wus tekan ngomah, piyambake mundhut sawatara wit cemara mlebu ngomah, supaya bisa nyritaake pengalamane mau marang bocah-bocah. Sabanjure piyambake ngrenggani wit cemara mau nganggo lilin, supaya samper kaya kang kedadeyan ing alas mau. Ing jaman sabanjuré, lilin-lin kang kasumet mau dipasang kanggo nggambaraké cahyaning swarga sumunar padhang, cumlorot saka langit, nalikaning Yesus Kristus diwiyosaké ing Betlehem.




#Article 464: Idul Adha (327 words)


Idul Adha (basa Arab: عيد الأضحى) iku dina riyaya Islam. Ing dina iki dipèngeti prastawa kurban, nalika nabi Ibrahim (Abraham), kang gelem ngurbanaké putrané Ismail marang Allah, banjur diganti karo wedhus déning kersaning Allah.

Kayadene Idul Fitri, Idul Adha uga ana salat id. Sawisé salat, banjur dianakake kurban minagka pratndha utawa pralambang Nabi Ibrahim kang kanthi iklas ngurbanake putrane, Ismail dhumateng Allah.

Dina Riyaya Idul Adha iku ing tanggal 10 sasi Dulhijah, dina iki pas 70 dina sawisé Idul Fitri. Ing wayah Idul adha iku wong Islam ora dientuke pasa, karam ukume kanggo pasa.

Punjere riyaya Idul adha iku ana ing désa cilik ing Arab Saudi kang arane Mina, cedhak Mekah. Ing kono ana tugu kang cacahé telu, kang dadi pralambang iblis. Nalika wayahe bada para kaji ing kana nglakoni ritual utawa upacara mbuwak jumrah. Ing kono para jemaah kaji ngantemi tugu kang cacahé telu iku mau ngganggo watu jumrah.

Bada Idul Adha iku dadi dina kang paling wigati nalika ngibadah kaji kanggo wong Islam.

Miturut agama Islam, ngibadah kaji iku intine wukuf ing Arafah, kaya déné sabda Muhammad saw.:

Ibadah kaji ya iku (wukuf) ing Arafah. (HR at-Tirmidzi, Ibn Majah, al-Baihaqi, ad-Daruquthni, Ahmad, lan al-Hakim. Al-Hakim berkomentar, “Kadis iki sahih, sanadyan beliau kaloroné [Bukhari-Muslim] ora ngetokaké”).

Sajeroning kadis kang dituturaké déning Husain bin al-Harits al-Jadali mratélakaké yèn amir Makkah naté, banjur ngendika:

Rasulullah saw. wis paring pesen marang kita supaya ngayahi ngibadah kaji miturut ru’yat (hilal Dzulhijjah). Yèn kita ora bisa nyeksèkaké, banjur ana loro seksi adil (kang nyeksèni), mula kita kudu ngayahi manasik miturut kaseksèn mau. (HR Abu Dawud, al-Baihaqi lan ad-Daruquthni. Ad-Daruquthni berkomentar, “Kadis iki isnadé sinambungan, lan sahih.”).

Kadis iki njlèntrèhaké: Pisanan, yèn ngibadah kaji kudu didhasaraké marang asil ru’yat hilal 1 Dzulhijjah, saéngga kapan wukuf lan Idul Adhané bisa dikukuhaké. Kaping loro, pesen Nabi marang amir Makkah, minangka panguwasa wewengkon, papan ing ngendi perhelatan kaji ditindakaké, supaya ngayahi ru’yat; yèn ora kasil, banjur ru’yat wong liya, kang nyatakaké paseksèn marang amir Makkah.




#Article 465: Benthik (348 words)


Benthik utawa gatrik, yaiku salah sijining dolanan tradhisional kang ana ing masarakat ing sawèneh laladan. Nanging, benthik ing saben laladan siji lan liyané iku béda. Ana sawèneh jenis dolanan benthik. Anggoné dolanan benthik, butuh latar kang amba, lumrahé kebon, lapangan, utawa latar kang ora ana suketé. Dolanan iku kanggo bocah umur 8-15 taunan lan kang mèlu dolanan paling sithik loro, amarga gentènan lan  ana kang luwih unggul saka kancané.  

Sajarah benthik ora dingreteni kanthi pasti kapan dolanan iki ana lan saka ngendi asalé. Nanging, kaya dolanan tradhisional liyané, benthik wis ana ing masarakat wiwit jaman biyèn lan kalebu dolanan kang kondhang ing masarakat Jawa, ing Kabupaten Semarang. Benthik iku dolanan tradhisional kang migunakaké bilah kayu kang dawané béda-béda. Kethokan kayu kang dawa arané benthong lan kethokan kayu kang cendhèk arané janak. Miturut kandané masarakat, swara tempukan antarané benthong lan janak iku gawé swara thik  amarga kuwi, masarakat banjur jenengi dolanan iku dolanan benthik. 

Piranti kang digunakaké kanggo dolanan iku ora perlu nganggo wragad, amarga bisa nganggo piranti kang wis ana ing sakubengé panggon kang dianggo dolanan benthik. Piranti-pirantiné ya iku kayu utawa pring. Kayu kang dipilih ya iku kayu kang ora gampang tugel. Jaman biyèn, kayu kang asring dianggo ya iku kayu worawari amarga ora gampang tugel lan gampang anggone golèk. Ukuran kayu kang dianggo ana loro, ya iku dawa lan cendhèk. Bocah-bocah ing désa lumrahé ngukur nganggo kilon.

Dolanan benthik biasané dilakokaké ana ing wayah awan utawa soré lan nalika ora udan. Dolanan benthik iki biasané dilakokake déning bocah-bocah lan dolanan iki dilakokaké nalika bocah-bocah ana wektu lodhang, bubar sekolah, lan prèi sekolah. Dolanan benthik iku sipaté musiman, ya iku dilakokaké ana ing mangsa ketiga amarga yèn mangsa rendheng dolanan iki ora bisa dilakokaké.

Cara dolanan benthik, ya iku bocah-bocah kang arep dolanan kudu gawé bolongan ing lemah kang dawané 7-10 cm lan ambané 2-3 cm. Gunané bolongan iku kanggo tolakan nalika nguncalaké kayu. Benthik bisa dilakokaké déwé utawa regu. Biasané saregu isiné 3-4 bocah lan nalika saregu kuwi mau dolanan, regu liyané dadi kang jaga. Yèn dilakokaké déwé, ana bocah kang dolanan lan ana kang jaga. 




#Article 466: Bonsai (248 words)


Bonsai (basa Jepang: 盆栽) punika salah satunggiling kagunan pamangkasan tuwuhan utawi wit ingkang asalipun saking Jepang. Donipun inggih kanggé ngulinakaken tuwuhan utawi wit punika thukul ing kawontenan alit/cébol. Istilah bonsai piyambak asalipun saking basa Mandarin pen zai.

Ing basa Jepang, bonsai tegesipun tuwuhan ing pot lan padatanipun gegayutan kaliyan miniatur wit ingkang dipuntandur ing lebetipun pot utawi wadhah. Wit ingkang dipundamel bonsai racakipun wit ingkang wonten kajengipun (kados ta wit wringin lan sanèsipun) utawi wit-witan wohan lan kadhang kala wit-witan sekaran. Bonsai ingkang saé saged dipundèkèk ing jawi sapanjanging taun.

Èfèk artistik bonsai saged dipuntingali saking kasêmbangan ing ukuran batang, ron, pang sekar utawi woh kaliyan pot ingkang dipun-ginakaken. Pot ingkang dipunenggé kedah njurung swasana wit ingkang dipuntandur.

Wonten 4 ukuran bonsai ingkang biayasa dipunenggé, inggih punika miniatur, alit, sedhengan, kaliyan rata-rata. Miniatur limrahipun ukuran inggilipun kirang langkung 5 cm. Umumipun bonsai miniatur dipunsinyapaken ing wekdal kirang langkung 5 taun. Bonsai alit limrahipun gadhah inggil antawis 5 ngantos 15 cm kaliyan merlokaken pasiyapan kirang langkung 5-10 taun. Bonsai ukuran sedheng gadhah inggil antawis 15 ngantos 30 cm, kaliyan bonsai rata-rata gadhah inggil 60 cm kaliyan wekdal pasiyapan kirang langkung 3 taun.

Tandhuran utawi wit dipundamel cébol mawi ngethok oyot lan pangipun. Wit dipunbentuk mawi pitulungan kawat ing pang saha tunasipun. Kawat kedah sampun dipunpendhet sadèrèngipun sempet nggorès cerma pang wit punika.

Bonsai kapisanipun dipuntepangaken wonten Tanah Tiongkok kirang langkung 1.000 taun kepengker. Nanging lajeng dados populèr kaliyan dipun-perkembang-aken déning tiyang Jepang. Bonsai sapunika ugi populèr ing Tanah Jawi.




#Article 467: Wayang Ménak (101 words)


Wayang Ménak iku wayang kang caritané dhedhasar lakon ménak. Wayang ménak lumrahé nganggo wayang golèk (wayang golèk ménak), nanging uga ana kang nganggo wayang kulit. Sapérangan wong uga nyebut kanthi aran wayang tengul.

Wayang iki digawé déning Ki Trunadipura, sawijining dhalang saka Baturetna, Surakarta, ing jaman Mangkunagara VII (1916-1944).

Wayang golèk ménak diwènèhi sandhangan kaya wayang kulit purwa, ya iku kanthi nganggo jamang, kuluk, sumping, lan sapanunggalané. Gandhèng caritané njupuk saka carita ménak kang asliné saka Pèrsi, mula paraga wayangé kaya wong Arab, ya iku nganggo jubah. Awit saka kembangé jaman, wayang ménak uga diparagakaké kaya wayang wong kanthi sebutan Jabur




#Article 468: Ènsiklopédhi (933 words)


Ènsiklopédhi utawa bauwarna iku sawatara buku kang isiné pawedharaning saben cabang ngèlmu sains kang katata miturut abjad utawa miturut kategori lan carané nata cekak lan padhet.

Tembung 'ènsiklopédhi' dijupuk saka basa Yunani; enkyklios paideia () kang tegesé siji bundheran utawa pangajaran kang pepak. Karepé iku ènsiklopédhi iku sawijing pendhidhikan paripurna kang ngamot kabèh bundheran ngèlmu sains.

Banjur tembung ‘bauwarna’ iku dijupuk saka basa Sangskreta lan sajatiné tembung majemuk saka jinis bahuvrihi. Tembung iki dadi kasusun saka rong pérangan: ‘bau’ utawa ‘bahu’ lan ‘warna’. Tembung ‘bau/bahu’ iku tegesé akèh lan tembung ‘warna’ iku tegesé ‘rupa’ utawa ‘wujud’. Dadi tegesé ‘akèh prakara’.

Kerep konsèp ènsiklopédhi disalah-kaprahaké karo bausastra (kamus). Nanging prakara iki ora anèh amarga ènsiklopédhi-ènsiklopédhi awal pancèn mula-mulané disusun saka bausastra. Prabédan utama antara kamus lan ènsiklopédhi iku; siji kamus namung mènèhi katrangan définis saben entri utawa lemma kang dideleng saka sudhut pandhang linguistik utawa namung mènèhi sinonim-sinonim waé. Kamangka siji ènsiklopédhi kawedaraning siji entri luwih jero. Sawijining ènsiklopédhi iku nyoba mènèhi katrangan saben artikel wujud siji fénomèna. Utawa luwih cekak manèh; ènsiklopédhi iku pratélan prakara kamangka kamus iku pratélan tembung.

Tembung ènsiklopédhi asalé saka basa Yunani, dadi ora anèh yèn asalé uga saka Yunani kuna. Nanging ènsiklopédhi tuwa dhéwé dudu saka Yunani nanging saka Kakaisaran Romawi lan ditulis déning Marcus Porcius Cato kang sugeng ing abad kaping 3 lan 2 sadurungé Maséhi. Nanging ènsiklopédhi kang isih ana nganti saiki lan kang tuwa dhéwé ditulis déning Caius Plinius Secundus ing abad Masehi kaping 1. Ènsiklopédhi Plinius iki kasusun saka 38 jilid.

Ing jaman modhèren tembung ènsiklopédhi kaping pisan dienggo déning Paul Scalich, siji panulis Jerman ing taun 1559. Banjur filsuf Inggris Francis Bacon ing awal abad kaping 17 nganggo tembung iki ing teges modhèren.

Nanging konsèp tembung ènsiklopédhi lagi dienggo ing pangertèn kaya saiki sawisé ditepungaké déning Denis Diderot, siji panulis lan filsuf Prancis uga nganggo tembung iki kanggo mènèhi jeneng proyèk kang lagi digarap karo dhèwèké.

Proyèké kang uga bisa diarani proyèk abad kaping 18 iki suwéné ana 30 taun, saka taun 1750 – 1780. Don proyèk iki kanggo nulis kanthi sistèmatis kabèh kawruh kang dingertèni kabèh umat manungsa.
Ing basa Prancis ènsiklopédhi Diderot iki diarani: Encyclopédie ou Dictionnaire raisonné des sciences, des arts et des métiers. Tegesé ing basa Jawa iku “Ènsiklopédhi utawa Kamus kang ana catetané prakara sains, kagunan, lan pakaryan”.

Ènsiklopédhi kang tuwa dhéwé ing Tanah Jawa iku asalé saka budaya Jawa-Hindhu lan ditulis ing basa Jawa Kuna. Ènsiklopédhi iki diarani Cantaka Parwa lan isiné warna-warna kawruh ngèlmu sains lan carita-carita mitologi karo wiracarita. Mbokmenawa layang Cantaka Parwa iki ditulis ing abad kaping 9 Masèhi.

Saliyané Cantaka Parwa, layang Canda Kirana kang asalé kurang punjul jaman kang padha uga patut ingaran nèng kéné. Nanging Canda Kirana sajatiné luwih akèh nudhuhi ciri-ciri kas kamus katimbang ènsiklopédhi. Layang Canda Kirana iki asalé saka budaya Buda-Jawa.

Banjur ing jaman pasca-Hindhu utawa jaman Islam Jawa, antara abad kaping 16 nganti abad kaping 18, muncul akèh karya-karya sastra kang sajatiné dudu dikarepaké dadi ènsiklopédhi, nanging asifat ènsiklopédhik. Buku-buku kang dikarepaké iki ya iku Serat Centhini lan Serat Cabolang.

Buku-buku iki isiné carita siswa lelana lan sinau ing ngendi-endi. Ing saben papan kang diampiri, siswa iki sinau prakara-prakara anyar. Buku-buku iki kerep kandelé nganti pirang-pirang jilid. Wiwitané pancèn ditengeri panglumpukan karya-karya bab kabèh jinis kawruh kang dirangké dadi siji.

Banjur ing tengahé abad kaping 19, sang pujangga Kasunanan Surakarta; Ki Ranggawarsita nulis siji karya sastra kang diparingi jeneng layang Pustaka Raja Purwa. Akèh wong kang nggandrungi buku iki. Isiné prakara warna-warna carita bab sajarah ratu-ratu jaman kuna lan liya-liyané. Carita-carita iki ditulis miturut cara kronologis déning Ki Ranggawarsita. Malahan sawisé Ki Ranggawarsita ora nerusaké carita iki, ana wong-wong liya kang nerusaké.

Kurang luwih waktuné padha karo Ranggawarsita, ana uga siji karya kang asifat ènsiklopédhik ing Surakarta déning Ki Padma Susastra (Wira Pustaka). Kitab iki déning Ki Padma Susastra diparingi jeneng Bauwarna. Karyané iki wis asifat modhèren, amarga bahan-bahan kang dibahas lan dimot ing bukuné disusun miturut abjad. Mula karo kitab Bauwarna iki, awaké dhéwé wis tekan ing éra modhèren lan nutup éra klasik.

Wong-wong Jawa kang wis tau sinau lan olèh pendhidhikan kolonial Walanda, wiwit pungkasané abad kaping 19 lan awal kaping 20 dadi katarik karo idhé-idhé lan gaya pamikiran Donya Wétan. Banjur karya-karya kang asifat ènsiklopédhik uga ditulis, nanging saiki ora nganggo basa Jawa manèh nanging nganggo basa Indonésia. Ènsiklopédhi jangkep ing basa Indonésia lagi muncul ing taun 1953, sawisé nagara Indonésia diproklamasèkaké, ya iku Ensiklopedi Indonésia.

Ing jaman pasca Proklamasi Kamardikan Indonésia, mligi saiki iki, ènsiklopédhi kang misuwur dhéwé antarané ya iku Ensiklopedi Indonésia kang wis kapacak ing ndhuwur. Ènsiklopédhi iki cacahé ana 7 jilid lan uga ana Ensiklopedi Nasional Indonésia kang cacahé ana 18 jilid. Banjur ing dasawarsa pungkasan abad kaping 20 uga dadi ana ènsiklopédhi kang dhedhasar agama Islam lan diarani Ensiklopedi Islam Indonésia. Salah sijiné kang nyusun ènsiklopédhi iki ya cendekiawan Muslim misuwur Prof. Dr. Nurcholish Madjid utawa Cak Nur.

Banjur uga ana ènsiklopédhi kang dhedhasar ajaran agama Katulik lan diarani Ensiklopedi Gréja kang ditulis déning Adolf Heuken S.J..

Kajaba iku uga ana pirang-pirang ènsiklopédhi-ènsiklopédhi cilik kang ora patiya wigati lan sajatiné iku pertalan saka basa-basa asing. Lumrahé ènsiklopédhi-ènsiklopédhi iki ya ènsiklopédhi-ènsiklopédhi kanggo bocah.

Bareng karo munculé 'révolusi informasi digital', mula uga muncul ènsiklopédhi ing wujud prangkat lunak (software) ing endi kabèh entri utawa lèmma bisa gampang digolèki. Salah siji contoné iku Encarta, ènsiklopédhi wetonan Microsoft. Ing taun 2001 muncul sawijinig ènsiklopédhi on-line ing internet kang bisa diowahi karo ditambahi kabèh wong. Ènsiklopédhi iki tibakné suksès banget lan diarani Wikipedia. Wikipedia bisa suksès ora mung amarga bisa diowahi kabèh wong nanging amarga uga disajèkaké ing kabèh basa, uga kalebu basa Jawa.




#Article 469: Michelle Branch (122 words)


Michelle Jacquet DeSevren Branch Landau (lair 2 Juli 1983 ing Phoenix, Arizona) iku siji  penyanyi, panulis lagu lan gitaris asal Amérikah Sarékat. Nalika lair dhèwèké prématur pitung minggu luwih dhisik. Jenengé ngarep dijupuk saka siji lagu The Beatles sing ajudhul Michelle. Penyanyi iki blasteran Irlandia, Prancis, lan Walanda iki nduwé sadulur loro.

Michelle Branch tau dadi bintang tamu ing sérial télévisi Buffy The Vampire Slayer, Charmed, lan American Dreams.

Ing 23 Mèi 2004, Branch dhaup karo siji gitaris bas band-né, Teddy Landau, sing umuré 19 taun luwih tuwa tinimbang dhèwèké, ing Meksiko. Anaké sing ragil lair ing 3 Agustus 2005 lan dijenengi Owen Isabelle.

Saiki Michelle Branch nggabung karo siji band sing jenengé The Wreckers. Single-né sing kapisan judhulé The Good Kind.




#Article 470: Ernest Rutherford (180 words)


Ernest Rutherford, 1st Baron Rutherford of Nelson, (30 Agustus 1871 – 19 Oktober 1937) punika satunggiling ahli fisika Inggris ingkang naté menang Bebungah Nobel kanggé karyané ing fisika nuklir, saha téyori prakawis struktur atom.

Rutherford punika salah satunggiling ahli pratami ing fisika nuklir, sasampunipun fénoménah radhiasi dipunpapanggihi déning satunggiling ahli fisika Prancis anami Antoine Henri Becquerel ing 1896. Rutherford manggihi tigang pérangan radhiasi ingkang dipunparingi nama Alpha, Béta, saha Gamma. Rutherford ugi manggihi manawi partikel alpha punika dipunwastani helium nuclei. Studhi Rutherford punika ngrintis kawruh kita sadaya bab struktur atom. Atom punika terdiri saking nucleus utawi pusatipun lajeng nukleus punika wonten orbitipun dipunubengi elektron.

Ing 1919, Rutherford ndamel réaksi nuklir ingkang kaping pisan wonten donya. Piyambakipun ndèkèk partikel alpha wonten ing gas nitrogen saha ndamel partikel-partikel isotop saha proton oksigèn (dat asem). Ingkang wigatos saking èkspèrimènipun inggih piyambakipun saged ngèwahi gas nitrogèn dados oksigèn.

Rutherford punika ugi kepala Laboratorium Cavendish ing Cambridge. Piyambakipun ugi naté sanjang manawi nucleus punika wonten susunan proton kaliyan neutron. Ing 1932 James Chadwick nglaksanakaken satunggiling èkspèrimèn ing Laboratorium Cavendish saha mbuktèkaken manawi Rutherford punika leres.




#Article 471: Hans Christian Oersted (145 words)


Hans Christian Ørsted (14 Agustus1777 ing Rudkøbing ndash; 9 Maret 1851 ing Kopenhagen) punika salah satunggiling ahli fisika saha kimia Denmark, ingkang angsal prabawa filsafat Immanuel Kant. Ing taun 1820 piyambakipun manggihaken gandhèngan antawis listrik kaliyan magnetisme ing satunggiling èkspèrimèn ingkang prasaja sanget. Piyambakipun nuduhi manawi kawat ingkang dipunaliri arus listrik saged enolak dom magnet kompas. Ørsted boten saged nyukani penjelasan ingkang marem kanggé fénoménah puniki. Piyambakipun ugi boten nyobi ndèkèk fénoménah punika ing warangka matématis.

Ørsted boten ingkang kapisan manggihaken gandhèngan antawis listrik saha magnetisme. Sadèrèngipun punika sampun wonten tiyang Italia anami Gian Domenico Romagnosi, sawatawis 18 taun sadèrèngipun. Romagnosi punika ahli hukum Italia. Cathetan prakawis pamanggihan Romagnosi dipunterbitaken ing 1802 ing satunggiling koran Italia, nanging komunitas ngèlmiah boten wonten ingkang nggatosaken.

Ing 1825 Ørsted maringi sumbangsih wigatos kanggé kimia. Piyambakipun ingkang kapisan ndamel aluminium.

Unit magnetisme oersted dipunsukani nama makaten kanggé mumulèni piyambakipun.




#Article 472: Éjaan Basa Jawa (249 words)


Adhedhasar Konggrès Basa Jawa III sing dianakaké ing taun 1991, wus karipta paugeran kang banjur kababar déning Balai Penelitian Basa ing Ngayogyakarta. Paugeran mau luwih kawentar kanthi sebutan Pedoman Umum Ejaan Basa Jawa utawa Ejaan Basa Jawa dalam Tulisan Latin . Paugeran mau dadi dhasar kanggo pasinaon basa Jawa ing sekolahan lan uga basa Jawa tinulis liyané.

Sacara umum paugeran iki padha karo paugeran jroning Ejaan Basa Indonesia yang disempurnakan mung ana sawetara bagéan sing mligi tumrap basa Jawa.

Aksara latin sing kanggo nulis kaya déné ing basa Indonesia kanthi owah-owahan foném ing sawetara aksara. Ing éjaan iki ana 6 (enem)  gabungan aksara sing nglambangaké konsonan, yaiku dh, kh, ng, ny, sy, lan th.

Ing paugeran iki isih madhakaké antarané aksara pepet (ě) lan taling (é/è). Ananging ing katrangané katulis yèn bisa migunakaké aksara e, é, lan è kanggo sinau lan artikel utawa tulisan sing magepokan klawan ndonya pasinaon (akadhémis), upamané kanggo bausastra (kamus), bauwarna ènsiklopédhia, buku pasinaon, makalah, buku ilmiah, lan liya-liyané.

Ing buku-buku sastra Jawa modern lan majalah basa Jawa, umumé tinulis nglegena tanpa tanda diakritik.

Imbuhan, klebu ater-ater lan panambang sing ngalami owah-owahan wangun, jroning panyukuan tembung dipenggal minangka kesatuan, kajaba ater-ater nasal lan panambang -an sing asimilasi karo vokal tembung dhasaré. Tuladha:

Aksara miring dianggo: 

Aksara kandel dianggo:

Tembung sing arupa tembung dhasar ditulis minangka siji kesatuan. Tuladha: Aku tuku klambi; Buku iku isih anyar; Sapa sing duwé klambi iki?

Tembung ulang penuh ditulis sacara pepak kanthi migunakaké tandha hubung. Tuladha: mlaku-mlaku; ngguya-ngguyu; jaga-jinaga; sawayah-wayah.




#Article 473: Manungsa (285 words)


  

Manungsa utawa wong bisa dimangertèni kanthi warna-warna, ya iku miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan. Miturut biologis, manungsa ingaran Homo sapiens, sawijining jinis primata saka golongan mamalia kang duwé utek lan kalantipan.

Ing babagan kajiwan, manungsa dijelentrèhaké nganggo konsèp jiwa kang duwé manéka warna, sajeroning agama, dimangertèni ing gayutané karo kakuwatan katuhanan utawa makluk urip; sajeroning mitos, manungsa uga kerep dibandhingaké antara ras siji lan liyané. Sajeroning èlmu antropologi kabudayan, manungsa dijelasaké dhedhasar basané, organisasi manungsa sajeroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi, lan mligi dhedhasar kamampuan yasa golongan lan lembaga kanggo panyengkuyung siji lan liyané sarta awèh lan nampa pitulung.

Panggolongan manungsa kang paling utama ya iku dhedhasar jinis kelamin. Lumrahe, jinis kelamin anak kang lagi lair iku lanang utawa wadon. Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawisé ngancik diwasa dadi priya. Bocah enom wadon diarani putri lan sawisé ngancik diwasa banjur diarani wanita.

Panggolongan liyané ya iku dhedhasar umur, wiwit saka janin, bayi, balita, bocah, nom-noman, akil balik, nom-noman/i, diwasa, lan (wong) tuwa.

Saliyané iku isih akèh panggolongan-panggolongan liyané, dhedhasar ciri-ciri fisik (warna kulit, rambut, mata; wangun irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-pulitik-agama (penganut agama/kapercayan XYZ, warga nagara XYZ, anggota parté XYZ), gayutan kekerabatan (kulawarga: kulawarga cedhak, kulawarga adoh, kulawarga tiri, kulawarga angkat, kulawarga asuh; kanca; mungsuh) lan sapanunggalané.

Tokoh iku istilah kanggo wong kang misuwur (upamané 'tokoh pulitik', 'tokoh filem', 'tokoh kang nampa bebungah', lsp).

Wujud fisik manungsa béda-béda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran racaké (rata-rata) ya iku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga béda-béda miturut iklim habitate. Lumrahé variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang. Fisik manungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing pérangan jaba.




#Article 474: Leonardo da Vinci (223 words)


Leonardo da Vinci (15 April 1452 – 2 Mèi 1519) punika satunggiling arsitèk, musikus, juru cipta, juru patung, lan juru lukis Renaisans Italia. Piyambakipun asring dipun-gambaraken arketipe sajati manungsa renaisans kaliyan tiyang jenius univèrsal. Leonardo ugi misuwur déning lukisanipun amargi saé sanget kados ta Jamuan Terakhir lan Mona Lisa. Leonardo ugi kawentar amargi kathah ndamel disain riptan utawi ciptaan ingkang ngantisipasi tèknologi modern nanging langka ingkang dipundamel nalika gesangipun. Sanèsipun punika, piyambakipun ugi ndhèrèk majengaken ngèlmu anatomi, astronomi, kaliyan teknik sipil.

Leonardo lair warsa 1452 wonten ing kitha Vinci, provinsi Firenze, Italia putra saking Ser Piero Da Vinci kaliyan Caterina, dados nama jangkepipun inggih punika Leonardo di Ser Piero da Vinci ingkang surasanipun Leonardo putra Ser Piero asal saking kitha Vinci.

Wonten ing warsa 1476 piyambakipun kadakwa kanthi kasus homoseksual kaliyan satunggaling model jaler ingkang yuswa welasan taun, namanipun Jacopo Saltarelli. Ngantos sawatawis wekdal Leonardo tansah wonten ing ngandhap pengawasan ingkang gadhah wewenang .

Nalika taksih alit, piyambakipun sampun sinau nglukis dhumateng Andrea del Verrocchio lan wiwit nglukis wonten ing Firenze. Ing warsa 1481 Leonardo ngalih dhateng kitha Milan saperlu nyambut damel kanggé satunggiling Adipati wonten ing mrika. Leonardo ngasilaken Mahakaryanipun, Jamuan Terakhir, wonten ing warsa 1495 sdumugi warsa 1497.

Leonardo da Vinci séda ing Clos Lucé, Perancis tanggal 2 Mèi 1519, lajeng dipunsarèaken wonten di Kapel St. Hubert ing Kastel Amboise, Perancis.




#Article 475: Kabupatèn Tangerang (192 words)


Kabupatèn Tangerang iku kabupatèn ing Provinsi Banten, pernahé ing sisih kulon Pulo Jawa, Kutha Tiga Raksa iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Balaraja lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.110 km². Gandhèng karo anané pamekaran wewengkon, sawatara kacamatan ing Kabupatèn Tangerang sabanjuré mlebu wewengkon Kutha Tangerang Kidul. Kacamatan-kacamatan sing ilang saka wewengkon Kabupatèn Tangerang ya iku: kacamatan Ciputat, kacamatan Pamulang, kacamatan Pondok Aren lan kacamatan Serpong.

Kabupatèn tangerang dumunung ing koordinat géografi: 6°00’-6°00-6°20’ Lintang kidul lan 106°20’-106°43’ Bujur wétan

Sapérangan gedhé wewengkon Tangerang wujud dhataran cendhèk. Kali Cisadane, kali sing paling dawa ing Tangerang, mili saka kidul lan sungapané ing Segara Jawa.

Tangerang minangka wewengkon perkembangan Jakarta. Lumrahé, Kabupatèn Tangerang bisa diklompokaké dadi rong wewengkon pertumbuhan, ya iku:

Miturut asil pencacahan Sensus Penduduk 2010, gunggung sing ndunungi Kabupatèn Tangerang ana 2.838.621 jiwa, dumadi saka 1.454.914 lanang lan 1.383.707 wadon. Asil SP2010 mau nuduhaké yèn panyebaran sing ndunungi Kabupatèn Tangerang isih bertumpu ing Kacamatan Pasarkemis ya iku 8,34 persèn, sabanjuré Kacamatan Cikupa 7,94 persèn, Kacamatan Kelapa Dua 6,43 persèn lan kacamatan liyané sangisoré 5 persèn.

Kabupatèn Tangerang katata sajeroning 36 kacamatan, 77 kalurahan lan 251 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Tangerang ya iku:




#Article 476: Bramartani (216 words)


Bromartani uga tinulis Bramarthani iku layang kabar basa Jawa pisanan. Layang kabar kanthi tulisan Jawa iki kababar minggon ing antarané taun 1855-1856. Bromartani pisanan kababar ing 25 Januari 1855 déning Carel Frederik Winter Sr., guru basa Jawa ing Institut Basa Jawa, lan putrané, Gustaaf Winter. Bromartani terbit saben Kemis saka Pangecapan Hartevelt ing Surakarta. Layang kabar iki lair sataun sadurungé Undhang-Undhang Pèrs (Drukpersreglement) 1856 disahaké déning pamaréntah kolonial Walanda.

Bromartani migunakaké basa krama inggil lan dadi buku cekelan para siswa sing lagi sinau ana ing Institut Basa Jawa. Kejaba iku, layang kabar iki sinengkuyung déning Pakubuwana VII. Isiné wujud pawarta, ngèlmu alam, wara-wara pamaréntah, tetanèn, carita, jadwal sepur, lan kadadéan-kadadéan ing donya. Koran iki uga tau mbabar tulisan kanthi rinci ngenani adicara jumenengan Sultan Ngayogjakarta Hadiningrat, Hamengkubawana VI.

Rikala semana, isih durung akèh wong bisa maca-nulis, mula nganti pungkasaning taun 1856 sing langganan ora nganti 290. Awit saka iku, ing 23 Dhésèmber 1856, layang kabar iki mènèhi pratélan yèn arep mandheg terbit lan golèk upaya supaya bisa terbit manèh.

Ing mangsa sabanjuré, ana uga koran sing migunakaké jeneng Bramarthani, ya iku ing taun 1865. Koran iki mauné nganggo jeneng  Djoeroemarthani. Ing taun 1871 uga ana koran nganggo jeneng Bramarthani kang lumaku nganti 1932. Kanthi rega lengganan fl. 12, dirasa cukup abot kanggo kaanan bebrayan rikala semana.




#Article 477: Balaraja, Tangerang (181 words)


Balaraja iku kacamatan ing Kabupatèn Tangerang. Kacamatan iki wewatesan karo Kacamatan Cikupa ing sisih wétan, Kacamatan Jayanti ing sisih kulon, Kacamatan Kronjo lan Kacamatan Kemeri ing sisih lor lan Kacamatan Tigaraksa lan Kacamatan Cisoka ing sisih kidul. Kacamatan Balaraja iku kacamatan kang tuwuhing ékonomi, populasi, lan dinamika sosial paling rikat antarané laladan liyané ing Kabupatèn Tangerang Kulon. Posisi tlatah iki strategis amarga diliwati dalan nasional (Trans Sumatera) lan dalan provinsi (Jakarta, Banten, Lampung).

Saliyané dunungé kanthi géografis, Kacamatan iki uga ditopang déning anané industrialisasi kang tuwuh ngrembaka. Ana èwon pabrik saka warna-warna indhustri, wiwit saka indhustri waja, tekstil, sepatu, nganti indhustri manufaktur.

Populasi Kacamatan Balaraja uga kapara mundhak, amarga kawasan iki dadi kawasan mukim kang disenengi. Saora-orané ana sawatara papan pomahan kang dibangun di laladan iki, kaya Taman Balaraja, Vila Balaraja, Permata Balaraja, lan Gading Balaraja.

Sacara kultural, Kacamatan Balaraja awarna budaya Sunda, mligi Banten. Aktivitas religius lan kaagamaan kenthel nuansa tradhisional-klasik, utawa kang biyasa karan salafiyah.  Bab iki amarga kultur kaagamaan Balaraja kapengaruhan déning tradhisi lan aktivitas kaagamaan saka NU.
Sawetara désa kang dumunung ana ing Kacamatan Balaraja ya iku:




#Article 478: Panjebar Semangat (227 words)


Panjebar Semangat ya iku kalawarti (kalawarta) basa Jawa kang terbit pisanan tanggal 2 September 1933. Kalawarti iki isih tetep terbit minggon nganti saiki. Panjebar Semangat digunakaké dr. Soetomo kanggo nyengkuyung kamardikan Indonésia kanthi sesanti Suradira jayaningrat lebur déning Pangastuti.
Ing jaman nalika kababar, Panjebar Semangat dianggep ora lumrah amarga migunakaké basa Jawa ngoko. Soetomo, pangadeg Boedi Oetomo, nduwé panemu yèn basa ngoko bisa gampang diserep déning wong cilik lan luwih égalitèr. Sekawit, kalawarta iki dipanggedhèni déning Imam Soepardi nganti sédané ing taun 1963. Saiki, Panjebar Semangat (kang asring dicekak dadi PS) kapimpin déning Moechtar.

Kalawarti iki kalebu institusi pers tuwa dhéwé sing isih urip tekan saiki ing Indonésia. Mangsa-mangsa awal mung bisa nyithak 2.000 èksemplar. Nanging ing taun 1936, Panjebar Semangat bisa nyithak 6.000-12.000. Mula ora anèh yèn kalawarti iki onja ing antarané médhia liyané.

Ing jaman Jepang, Panjebar Semangat kudu tutup sawatara wektu lan lagi bisa kacithak manèh ing taun 1949. Terbitané sansaya ndedel dadi 88.000. Ing taun 2000, kalawarta iki nyithak 20.000-an èksemplar.

Majalah iki kasebar ora mung ing Jawa utawa Indonésia waé, nanging uga nganti Suriname, Kaledonia Anyar, Malaysia, Thailand, Burma, lan Vietnam.

Ing warsa 2013 Panjebar Semangat pikantuk bebungah saking Musèum Rékor Donya Indonésia minangka kalawarti kang nggunakaké basa laladan tuwa dhéwé ing Indonésia. Bebungah iki diparingaké déning MURI ngepasi ing dina ambalwarsa Panjebar Semangat kang kaping 80, ing tanggal 2 September 2013.




#Article 479: Soeharto (2222 words)


Jenderal Besar Purnawirawan Soeharto, utawa kang misuwur kanthi jeneng Haji Muhammad Soeharto utawa Pak Harto (lair ing Dusun Kemusuk, Désa Argamulya, Kacamatan Sedayu, Kabupatèn Bantul, 8 Juni 1921-Jakarta Kidul, 27 Januari 2008) ya iku Présidhèn Indonésia sing kaping loro sawisé Soekarno. Ing mancanagara dhèwèké misuwur kanthi sebutan The Smiling General (basa Jawa: Jenderal kang mèsèm) amarga dhèwèké asring mèsèm ing sangarepé wartawan saben acara kang resmi.

Sadurungé dadi présidhèn dhèwèké dadi pimpinan militèr nalika jaman Jepang lan Walanda, kanthi pangkat Mayor Jendral. Sawisé tanggal 30 September, Soeharto mratélakaké PKI iku kudu diresikake, lan dhèwèké dadi pimpinan oprasiiku. Operasi iki ngentèkaké 500.000 nyawa.

Dhèwèké dadi présidhèn sawisé Supersemar kang dadi kontrovèrsial ing masarakat, ing tanggal 12 Maret 1967. Nalika iku dhèwèké dadi Pejabat Sementara Présidhèn lan dipilih dadi Présidhèn ing tanggal 21 Maret 1967 déning Majelis Permusyawaratan Rakyat Sementara.

Jèndral Soeharto dipilih déning Majelis Permusyawaratan Rakyat ing taun 1973, 1978, 1983, 1988, 1993, lan 1998. Ing taun 1998, dhèwèké mundur saka présidhèn ing tanggal 21 Mèi taun 1998, bebarengan karo prastawa Geger Mèi 1998. Dhèwèke dadi présidhèn paling suwé ing Indonésia.

Sawisé Soeharto lengser saka présidhèn, nganti saiki isih akèh kang diperkarakaké. Nalika Orde Baru, jaman Soeharto mimpin akèh pangyasa kang ndadèkaké majuné nagara kang ayem, ékonomi maju lan infrastruktur. Soharto uga matesi warganagara Indonésia keturunan Tionghoa, nguwasani Timor Timur, lan dianggep dadi rézim paling korupsi kanthi $AS 15 miliar tekan $AS 35 miliar. Usaha kanggo nggawa Soeharto ing pengadhilan ora kasil amarga lara. Amarga lara, Soeharto kapundhut ing Jakarta tanggal 27 Januari 2008.

Jèndral Soeharto dhaub karo Ibu Tien ing Sala nalika tanggal 26 Dhésèmber 1947, lan duwé putra cacahé nem, ya iku Sigit Harjojudanto, Siti Hardijanti Rukmana (Tutut), Bambang Trihatmodjo, Siti Hediati Hariyadi (Titiek), Hutomo Mandala Putra (Tommy), kaliyan Siti Hutami Endang Adiningsih (Mamiek).

Nalika tanggal 8 Juni 1921, Sukirah nglairaké anak lanang ing omah biyasa ing Dhusun Kemusuk, Désa Argomulyo, Kacamatan Sedayu, Bantul, Yogyakarta. Lairé Soeharto diréwangi déning dhukun bayi kang asmané Mbah Kromodiryo, adhine simbahe Sakirah, Mbah Kertoirono. Déning bapaké, Kertoredjo aliyas Wagiyo aliyas Panjang aliyas Kertosudiro bayi lanang iki dijenengi Soeharto. Dhèwèké iku anak nomer telu saka Kertosudiro karo Sukirah. Karo bojo sing pisanan, Kertosudiro ngasilaké anak loro. Kertosudiro lan Sukirah ora  suwé  banjur pegatan saka lairé Soeharto. Sukirah nikah manèh karo Pramono lan dikaruniai anak pitu, salah sijiné Probosutedjo.

Durung genep 40 dina, Soeharto digawa menyang omahé Mbah Kromo, amarga ibune lara lan ora bisa nyusoni. Awit cilik Soeharto dimong déning Mbah Kromo. Disinauni ngadek, mlaku, mlayu, lan dolanan ing sawah. Soeharto asring dijak Mbah Kromo ing sawah. Ing sawah Soeharto uga seneng nalika diajak Mbah Kromo ing sawah, apa manèh nalika Mbah Kromo lagi ngluku lan mecuti keboné. Awit saka kono Soehaarto sinau dadi pemimpin. Saliyané iku Soeharto uga seneng golèk welut, kecèk dolanan banyu.

Nalika gedhé Soeharto urip bareng mbahe lanang, Mbah Atmosudiro, bapaké ibuné. Soeharto sekolah nalika umur wolung taun, nanging asring ngaléh sekolahé. Wiwitané ing SD Désa Puluhan, Godhéan. Banjur ngalèh ing SD Pedes (Yogyakarta) amarga bapak lan ibu tiriné, Pramono pindhah omah ing Kemusuk Kidul. Kertosudiro banjur mindhah Soeharto ing Wuryantara, Wanagiri, Jawa Tengah. Soeharto dititipaké ing omahé buliké kang nikah karo mantri tani jenengé Prawirowihardjo. Soeharto ditampa minangka putra tuwa dhéwé. Soeharto banjur disekolahaké.

Soeharto seneng tetanèn wiwit urip ing Wuryantara, lan asring diwarahi Pak Liké sing dadi mantri tani. Bali sekolah, Soeharto sinau ngaji ing langgar karo kanca-kancané tekan wengi. Saliyané iku dhèwèké mèlu Hizbul Wathan. Ing kono Soeharto wiwit nepungi Radèn Ajeng Kartini lan Pangéran Dipanagara saka koran tekan désa. Sawisé lulus saka (SR) patang taun, Soeharto disekolahake ing Wanagiri. Sawisé umur 14 taun, Soeharto urip ing omahé Hardjowijono. Pak Hardjowijono iku kancané bapaké.

Amarga asring diajak, Soeharto ngrewangi Kiyai Darjatmo nggawé resèp obat tradhisional kanggo nambani wong lara. Soeharto bali ing Kemusuk, lan nerusaké sekolahé ing Sekolah Menengah Pertama Muhammadiyah ing Yogyakarta. Ing sekolahan mau para siswane éntuk migunakaké sarung lan tanpa nganggo sepatu, utawa diéntuké nggunakaké sandhal.

Ssawisé lulus SMP, Soeharto péngin nerusaké ing SMA nanging, kaanan ékonominé ora njurung. Banjur Soeharto mbalik ing omahé buliké ing Wuryantara. Ing kono dhèwèké makarya ing Bank Désa (Volk-bank). Ora suwé anggoné makarya banjur Soeharto metu.

Nalika taun 1942, Soeharto maca ana selèksi murid het Koninklijke Nederlands-Indische Leger (KNIL). KNIL iku wadya karajan Hindia-Walanda. Dhèwèké ndhaftar lan ketampa. Dhèwèké wis tau dadi sérsan nalika Walanda nyerah marang Jepang. Sersan Soeharto banjur mbalik ing Dhusun Kemusuk. Saka kono Soeharto miwiti uripé ing militèr.

Tanggal 1 Juni 1940, Soeharto ditampa minangka murid ing sekolah militèr ing Gombong, Jawa Tengah. Sasuwéne nem sasi ngalkoni sinau dhasar militèr, dhèwèké lulus minangka lulusan paling apik, lan olèh pangkat kopral. Dhèwèké dadi prajurit pilihan lan teldhan ing Sekolah Bintara, Gombong lan resmi dadi anggot TNI tanggal 5 Oktober 1945.

Dhèwèké mèlu anggota prajurit kolonial Walanda, KNIL. Nalika Perang Donya II taun 1942, Soeharto dikirim ing menyang Bandung dadi wadya cadhangan ing Markas Besar Angkatan Darat seminggu. Sawisé pangkaté dadi sersan wadya KNIL, Soeharto banjur dadi komandhan peleton, komandan kompi ing militèr kang dipanggedhèni Jepang kang misuwur minangka PETA, komandan resimen kanthi pangkat mayor, lan komandan batalyon kanthi pangkat letnan kolonel.

Sawisé Perang Kamardhikan rampung, Soeharto dadi Komandan Brigade Garuda Mataram kanthi pangkat letnan kolonel. Soeharto mimpin Brigade Garuda Mataram ing operasi mungsuh pambrontak Andi Azis ing Sulawesi. Banjur Soeharto dipilih minangka Komadan APRIS (Angkatan Perang Républik Indonésia Serikat) Sektor Kutha Makasar kang duwé kuwajiban ngamanke kutha saka mantan KNIL/KL.

Nalika tanggal 1 Maret 1949, Soeharto mèlu oprasi kang kasil ngrebut kutha Yogyakarta suwéné nem jam. Usul iku saka Sri Sultan Hamengkubuwono IX marang kepada Panglima Besar Soedirman yèn Brigade X kang dipanggedhèni déning Letkol Soeharto supaya énggal nyerang Yogyakarta lan nguwasai kutha mau suwéné nem jam kanggo mbuktèkaké yèn Républik Indonésia isih ana.

Nalika umur 32 taun, Soeharto dipindhah ing Markas Divisi lan diangkat dadi Komandan Rèsimèn Infenteri 15 kanthi pangkat letnan kolonel (1 Maret 1953). Nalika tanggal 3 Juni 1956, Dhèwèké diangkat dadi Kepala Staf Panglima Wadya lan Teritorium IV Diponegoro ing Semarang. Saka Kepala Staf, Soeharto diangkat dadi punggawa Panglima Wadya lan Teritorium IV Diponegoro. Tanggal 1 Januari 1957, pangkaté dadi kolonel.

Soeharto uga wis tau dipecat Jenderal Nasution saka Pangdam Diponegoro. Kedadéyan mau nalika tanggal 17 Oktober 1959. Soeharto dipecat amarga nggunakaké jabatané kanggo nggolèk dhuwit kanggo awaké dhéwé kanthi cara njaluk dhuwit marang perusahaan ing Semarang. Banjur Soeharto dipindhahaké ing Sekolah Staf lan Komando Angkatan Darat (SESKOAD) ing Bandung, Jawa Kulon. Nalika umur 38 taun, Soeharto mèlu kursus C SSKAD (Sekolah Staf dan Komando AD) ing Bandung lan pangkaté mundhak dadi brigadir jenderal nalika 1 Januari 1960. Banjur Soeharto diangkat dadi Deputi I Kepala Staf Angkatan Darat nalika umur 39 taun.

Nalika 1 Oktober 1961, Soeharto nduwé kalungguhan rangkep, ya iku Panglima Korps Wadya I Caduad (Cadangan Umum AD) lan Panglima Kohanudad (Komando Pertahanan AD). Nalika taun 1961 Soeharto olèh tugas dadi Atase Militer Républik Indonésia ing Beograd, Paris (Prancis), lan Bonn (Jerman). Ing umur 41 taun, pangkaté mundhak dadi mayor jenderal (1 Januari 1962) lan dadi Panglima Komando Mandala Pembebasan Irian Barat lan ngrangkep dadi Deputi Wewengkon Indonésia Wétan ing Makasar. Bali saka Indonésia Wétan, Soeharto kang wis munggah pangkat dadi mayor jenderal, ditarik bali ing markas ABRI déning Jenderal A.H. Nasution. Ing taun 1962, Soeharto diangkat minangka Panglima Komando Cadangan Strategis Angkatan Darat (Kostrad) nganti 1965.

Nalika tanggal 2 Januari 1962, Brigadir Jenderal Soeharto diangkat dadi Panglima Komando Mandala Pembebasan Irian Barat. Mayor Jenderal Soeharto dilantik minangka Mantri Panglima Angkatan Darat lan diwènèhi tugas supaya numpes Parté Kuminis Indonésia (PKI) lan antek-anteke. Sawisé diangkat dadi Panglima Komando Strategis Angkatan Darat (Kostrad) nalika tanggal 1 Mèi 1963, Soeharto ngadegaké Komando Operasi Pemulihan Keamanan lan Ketertiban (Kopkamtib) kanggo ngimbangi G-30-S kang gégér 1 Oktober 1965. Tanggal 3 Oktober 1965, Mayjen Soeharto diangkat dadi Panglima Kopkamtib.

Nalika tanggal 1 Oktober 1965, gégér prakara G-30-S/PKI. Soeharto dadi pimpinan Angkatan Darat. Saliyané dadi Pangad, Jenderal Soeharto uga diangkat dadi Pangkopkamtib déning Présidhèn Soekarno. Sasi Maret 1966, Jenderal Soeharto nampa Layang Préntah Sewelas Maret saka Présidhèn Soekarno lantaran jenderal Basuki Rachmat, Amir Machmud, lan M Yusuf. Isiné Supersemar ya iku mènèhi kuwasa marang Soeharto kanthi atas nama Présidhèn/Panglima Tertinggi/Panglima Besar Revolusi supaya ngamanake kabèh pérangan kanggo gawé ayemé pamaréntahan lan mlakuné révolusi. Tugasé, mbalikaké ayem lan tentremé lan gawé ayemé ajarané Bung Karno. Sedina sawisé prastawa sipersemar, 12 Maret 1966, Menpangad Letjen Soeharto mbubaraké PKI lan mutuské yèn PKI dilarang ing Indonésia.

Marga kaanan pulitik kang rusuh, amarga gègèr G-30-S/PKI, sidang Istimewa MPRS, Maret 1967, milih Pak Harto minangka Présidhèn. Soeharto dadi Prèsidhen RI kapindho, nalika sasi Maret 1968. Pak Harto dadi présidhèn kurang luwih telung puluh taun, utawa kaping nem mngliwati Pemilu. Soeharto mundur saka présidhèn tanggal 21 Mèi 1998.

Jénderal Soeharto dadi présidhèn tanggal 12 Maret 1967 sawisé lapuran pertanggungjawabané Présidhèn Soekarno (NAWAKSARA) ora ditampa déning MPRS. Banjur Soeharto dadi présidhèn lantaran asil Sidhang Umum MPRS (Tap MPRS No XLIV/MPRS/1968) tanggal 27 Maret 1968. Saliyané iku dhèwèké uga ngrangkep kalungguhan dadi dadi Mantri Pertahanan/Keamanan. Awit tanggal 1 Juni 1968 diarani Orde Baru. Susunan kabinèt kang diumumké tangal 10 Juni 1968 diarani Kabinèt Pangyasa kang nggawé program Rencana Pangyasa Lima Tahun I. Nalika tanggal 15 Juni 1968, Présidhèn Soeharto mbéntuk Tim Ahli Ékonomi Présidhèn, Prof Dr Widjojo Nitisastro, Prof Dr Ali Wardhana, Prof Dr Moh Sadli, Prof Dr Soemitro Djojohadikusumo, Prof Dr Subroto, Dr Emil Salim, Drs Frans Séda, dan Drs Radius Prawiro.

Nalika tanggal 3 Juli 1971, présidhèn nglantik 100 anggota DPR saka Angkatan Bersenjata lan mènèhi 9 kursi wakil Provinsi Irian Kulon kanggo wakil saka Golkar. Sawisé bisa nggandhèng parté pulitik Soeharto kepilih dadi Présidhèn lantaran Sidhang Umum MPR (Tap MPR No IX/MPR/1973) tanggal 23 Maret 1973. Ing jabatané sing kapindho, Sri Sultan Hamengkubuwana IX dipilih dadi wakil présidhèn.

Nalika umur 55 taun, Soeharto wis wayahé pènsiun saka militèr (Keprres No 58/ABRI/1974). Ing wayah iku Soeharto wis dadi panguwasa. Sawisé dadi panguwasa Soeharto wiwit nglakokaké tumindak kang ngetokaké kekuwatané. Nalika 20 Januari 1978, Présidhèn Soeharto nglarang nerbitaké pitu kalawarti, ya iku Kompas, Sinar Harapan, Merdeka, Pelita, The Indonésian Times, Sinar Pagi, lan Pos Sore.

Nalika tangal 22 Maret 1978, Soeharto dilantik manèh dadi présidhèn kang kaping telu lan Adam Malik kang dadi wakil prèsidhèné. Sidhang Umum MPR 1 Maret 1983 mutusaké yèn Soeharto dadi présidhèn kang kaping papat lan Umar Wirahadikusumah minangka wakil présidhèn. Lantaran Tap MPR No V taun 1983, MPR ngangkat Soeharto minangka Bapak Pangyasa Républik Indonésia. Nalika 16 Maret 1983, Présidhèn Soeharto gawé wara-wara susunan Kabinèt Pangyasa IV kang isiné ana 21 mantri, 3 mantri koordinator, mantri mudha 8, lan punggawa satingkat mantri 3. Nalika 1 Januari 1984, Présidhèn Soeharto ngisi formulir arep dadi anggota Golkar lan wiwit iku dhèwèké dadi anggota Golkar.

Taun 1997, miturut Bank Dunia, 20 tekan 30% dhuwit kanggo yasa Indonésia disalahgunaké. Krisis finansial Asia ing taun mau ndadèkaké Soeharto kudu utang lan kudu dipriksa déning IMF.

Sanajan dhèwèké wis ora péngin manèh dadi présidhèn ing pèriode 1998-2003, nanging Soeharto tetep kapilih dadi présidhèn déning parlemèn ing sasi Maret 1998. Bareng ana kedadéan dhémonstrasi, rerusuh, kaanan pulitik lan militèr, lan pucuké nalika gedhong DPR/MPR RI dikuwasani déning para dhémonstran, Présidhèn Soeharto mundur tanggal 21 Mèi 1998. Wakil Présidhèn Républik Indonésia, B.J. Habibie, nggantèni dadi Présidhèn.

Ing Credentials Room, Istana Merdeka, dalan Medan Merdeka Utara, Jakarta, Présidhèn Soeharto maca pidhato pungkasanékang isiné kaya mangkéné:

Sawisé nglakoni sumpah kalungguhan, BJ Habibie resmi dadi Présidhèn angka 3 RI. Ora suwé Mantri Pertahanan Keamanan kang ngrangkep Panglima ABRI Jéndral TNI Wiranto nguda rasa yèèn:

Krisis monetèr kang lagi usum ing Asia ing taun 1997 uga dirasakaké Indonésia. Krisis iku uga kena ing babagan ékonomi. Tanggal 8 Oktober 1997, Présidhèn njaluk tulung ing IMF lan Bank Dunia kanggo ngurangi krisis. Présidhèn njaluk supaya warga masarakat ora bingung lan sabar ngadhepi krisis monetèr (29 November 1997).

Ing kaanan krisis kang tambah ngrekasaké warga masarakat, akèh kang padha nganakaké protès marang Présidhèn. Tanggal 10 Maret 1998, MPR gawè putusan nganggkat Soeharto dadi présidhèn kang nomer pitu. Ing taun iki kang dadi wakil Prof Ing BJ Habibie. Tanggal 17 Maret 1998, Soeharto menehaké gajiné kanggo ngurangi rekasané warga amarga krisis moneter. Saliyané iku uga dhèwèké njaluk para mantri supaya gaji pokoké diwènèhaké kanggo ngurangi rekasané warga amarga krisis moneter.

Ngadhepi tuntutan supaya dhèwèké mundur saka Présidhèn, tanggal 1 Mèi 1998, Soeharto ngendika réformasi disiyapaké wiwit taun 2003. Nalika ing Mesir tanggal 13 Mèi 1998, Présidhèn Soeharto gelem mundur yèn pancèn rakyat Indonésia njlauk dhèwèké mundur. Sewelas mantri babagan ékonomi lan indhustri (ekuin) Kabinèt Pangyasa VII mundur awit tanggal 20 Mèi 1998. Krisis ékonomi nggawé kaanan ing pamarintah kang dipanggedhèni dhèwèké kocar-kacir.

Tanggal 12-20 Mèi 1998 dadi dina-dina kang nemtokaké marang nasibé kalungguhan Présidhèn Indonésia. Mahasiswa kang protès nyebar ing saben laladan ing Indonésia. Mahasiswa Trisaksi, Jakarta nganakaké dhémo mlaku tumuju Gedhung MPR/DPR kang. Tanggal 12 Mèi 1998, krungu kabar papat mahasiswa Trisakti mati.

Matiné mahasiswa Trisakti kasebar ing ngendi-endi plantaran pawarta, kalawarti lan sapanunggalané. Dina Kemis, 14 Mèi 1998, kutha Jakarta rusuh gedhé, dhémo ing ngendi-endi. Tanggal 15 Mèi 1998, rombongan Présidhèn tekan ing pangkalan udara utama TNI AU Halim Perdanakusuma saka Kairo, Mesir saperlu Konfrensi Tingkat Tinggi (KTT) Golongan 15 (Group 15/G-15).

Wiwit tanggal 16 Mèi 1998, Présidhèn nganakaké rembugan karo pimpinan-pimpinan DPR. Tanggal 17 Mèi 1998, Mantri Pariwisata, Seni, lan Budaya Abdul Latief ngajokaké surat mundur saka kalungguhan mantri. Tanggal 18 Mèi 1998, kurang luwih éwon mahasiswa ngroyok Gedhung MPR/DPR. Kedadéyan mau mandheg sawisé Soeharto mundur saka Présidhèn tanggal 21 Mèi 1998.




#Article 480: Rontal (649 words)


Rontal (tegesé: ron tal, godhong wit tal) utawa uga kerep lontar iku godhong wit siwalan (Latin palmyra utawa borassus flabellifer) kang digaringaké lan dianggo bahan naskah lan kerajinan. Artikel iki mligi medhar rontal kang dianggo bahan naskah manuskrip, utawa buku tulisan tangan.

Rontal kang dienggo bahan naskah tulisan tangan dienggo ing saubenging Asia Kidul lan Asia Kidul-Wétan. Ing Nusantara akèh tinemu naskah rontal saka Tatar Sundha (Jawa Kulon), Tanah Jawa, Bali, Madura, Lombok, lan Sulawesi Kidul.

Ing pulo Bali, godhong-godhong siwalan utawa rontal kang dianggo bahan tulisan isih dianggo nganti sepréné. sepisanan godhong-godhong wit siwalan dipethik saka wit. Olèhé methik lumrahé ing sasi Maret/April utawa September/Oktober amarga godhong-godhong ing mangsa iki wis tuwa. Banjur godhong-godhong dikethoki lan olèhé ngethok kasar. Banjur dipépé nganggo panasing srengéngé. Prosès iki gawé warna godhong kang sadurungé ijo dadi rada kuning-kuning.

Sawisé iku godhong-godhong dikum ing banyu mili, sawisé iku digosok nganti resik karo serbèt utawa sawut krambil.

Banjur godhong-godhong iku mau dipépé malih, nanging saiki kadhang-kala godhong-godhong wis dikethoki lan ditalèni. Banjur bitingé dikethok lan diguwang.

Sawisé garing, godhong-godhong banjur digodhog ing sawijining kwali gedhé lan diawori pirang bumbu-bumbu kusus. Tujuwané iku kanggo ngresiki godhong-godhong iki saka turahan reregedan lan ngawètaké struktur godhong supaya tetep apik.

Bubar digodhog wolung jam suwéné, godhong-godhong wau diangkat lan dipépé manèh nèng dhuwur lemah. Ing wayah soré banjur godhong-godhong dijupuk saka lemah lan ngisoré lemah ditelesi banyu. Banjur godhong-godhong didokok manèh supaya lembab lan dadi lurus. Banjur ésuké didokok manèh lan diresiki nganggo lap.

Terus godhong-godhong iku ditumpuk lan diprès karo sawijining piranti kang ing Bali diarani pamlagbagan. Piranti iki sawijining jepitan kayu kang ukurané gedhé banget. Godhong-godhong iki diprès kurang luwih nem sasi suwéné. Nanging saben rong minggu diangkat lan diresiki.
Sawisé iku godhong-godhong dikethok manèh miturut ukuran kang dijaluk lan diwènèhi telung bolongan ing kiwa, tengah, lan ujung tengen. Jarak saka bolongan ing tengah nganti bolongan ing kiwa kudu luwih cendhak tinimbang jarak menyang ujung tengen. Bab iki karepé supaya bisa dianggo tandha mengko yèn nulis.

Pinggiran rontal uga dicèt, lumrahé nganggo cèt warna abang. Rontal saiki wis bisa ditulisi lan diarani nganggo istilah pepesan ing basa Bali lan salembar rontal diarani lempir.

Saben lempir rontal kang arep ditulisi, lumrahé diwèhi garis dhisik supaya mengko yèn nulis ora méncang-mèncong. Bab iki dilakoni nganggo sawijining piranti kang diarani panyipatan. Tali-tali cilik dibenggangaké ing rong paku pring. Terus nèng ngisoré didokoki lempir-lempir rontal. Tali-tali iki banjur diwèhi mangsi lan digèrèt. Benggangan tali kang digèrèt wau banjur mencelat lan nyiprati mangsi ing lempiran rontal dadi garis-garis dienggo nulis bisa kadhapur.

Banjur rontal kang wis cemepak ditulisi, ditulisi nganggo lading tulis kang ing Bali diarani pengropak utawa pengutik. Ing Jawa Kulon ing basa Sundha lading iki diarani péso pangot. Sang juru tulis sajatiné ngukir aksara ing lempir-lempir rontal wau iki. Sawisé bubar ditulisi, sawijining lempir, lumrahé ing rong sisih, banjur lempir wau kudu diirengi. Carané ngirengi lempir dilakoni nganggo kemiri kang diobong nganti ngetokaké lenga. Banjur kemiri-kemiri wau iki diusapaké ing lempir-lempir wau lan ukiran aksara-aksara mau dadi katon cetha amarga angusing kemiri wau. Lenga kemiri sisan uga ngilangi mangsi garisan. Banjur saben lempir diresiki nganggo lap lan kadhangkala diusapi nganggo lenga seré supaya resik lan ora dipangan kéwan-kéwan cilik.

Banjur tumpukan lempir-lempir iki didadèkaké siji nganggo sawijining tali ngliwati bolongan tengah lan diapit nganggo pangapit sapasang kang ing Bali diarani takepan. Nanging kadhangkala lempir-lempir wau disinggahaké ing sajeroning pethi cilik kang diarani kropak ing Bali (ing Jawa kropak tegesé naskah rontal).

Ing Sulawesi Kidul rontal uga ditepangi lan diarani lontara. Wujud lontara rada séjé karo rontal saka Jawa lan Bali. Amarga ing Sulawesi Kidul, rontal disambung-sambung nganti dawa lan digulung dadi dhapuré mèmper kaya kaset (video utawa musik).

Lontara saka Sulawesi iki wis langka banget, saubenging donya mung kari ana telung naskah lontara Sulawesi.

Pirang kapustakan lan instansi umum liyané sadonya nyimpen kolèksi rontal lan nyedyakaké kanggo para penliti kanggo diwaca. Ing ngisor iki ana pratélan instansi-instansi wau.




#Article 481: Słubice (177 words)


Słubice ([], Jerman: Dammvorstadt) iku siji kutha kang papané ana ing sisih kuloné Polen ing pinggiring kali Oder. Kutha iki kang ndunungi 25.000 jiwa. Nganti taun 1945, kutha iki pérangan wétan kutha Frankfurt an der Oder (Dammvorstadt, Gartenstadt). Jeneng Słubice iku éjaan basa Polen modhèren kanggo Zliwitz, siji désa kang ingaran ing piagem kutha Frankfurt kang ditulis ing taun 1253.

Saiki iki ing kutha Słubice ana pos pawatesan (pos wates) kang wigati dhéwé antara Polen lan Jerman kanggo montor lan sepur (ing Kunowice, kutha cilik cedhak kéné). Słubice iku uga Pusat Sains Polen-Jerman Collegium Polonicum. Para tamu saka  Jerman, mligi saka Frankfurt an der Oder, kutha-kutha liyané ing Brandenburg, lan  Berlin seneng marani Basar (Pasar Polen) lan nukoni rokok kang luwih murah nèng kana (ing dalan ul. Jedności Robotniczej). Nanging para wisatawan bènsin uga faktor penunjang ékonomi lokal kang wigati. Saliyané iku prostitusi uga nunjang ékonomi lokal. Akèh bordhil ing kana kang diparani para wisatawan Jerman.

Tlatah munisipal (Gmina) Słubice ambané ana kurang luwih 185 km² lan kang ndunungi ana 19.106 jiwa. Ing tlatah iki kalebu antarané: 




#Article 482: Nahdlatul Ulama (484 words)


Nahdlatul 'Ulama ( Awakening' Ulama ), sing disingkat NU , minangka organisasi Islam paling gedhe ing Indonesia..Kajaba iku, NU, kaya ta organisasi pribumi liyane, manawa sosial, budaya utawa agama, sing lair sajrone jaman kolonial, iku sejatine minangka perlawanan marang para penjajah.Iki adhedhasar, panyiapan NU dipengaruhi dening kondisi politik domestik lan manca, uga kawentar kesadaran politik sing diwujudake ing wujud gerakan organisasi minangka tanggepan marang donya nasional lan Islam ing umum.

Minangka asil kolonisasi lan amarga anané tradisi, wis nimbulaké kesadaran masarakat sing sinau kanggo nglawan martabat bangsa iki, liwat pendidikan lan organisasi. Gerakan sing metu ing taun 1908 dikenal kanthi jeneng  Awakening Nasional . Semangat kebangkitan terus nyebar - sawise wong-wong pribumi weruh saka kasangsaran lan lagging karo bangsa liya. Nanggepi, macem-macem organisasi pendidikan lan pembebasan muncul.
Nanggapi pambangunan nasional, Nahdlatul Wathan (Awakening ing Tanah Air) dibentuk ing taun 1916 . Dadi ing taun 1918 Taswirul Afkar diadegaké , uga dikenal minangka Nahdlatul Fikri (awakening pikiran), minangka kendaraan kanggo pendidikan agama lan sosial politik santri. Saka ing kono, Nahdlatut Tujjar , (gerakan dagang) didegaké.
Union kasebut digunakake minangka basis kanggo ningkatake ekonomi masarakat. Kanthi eksistensi Nahdlatul Tujjar , Taswirul Afkar , uga katon minangka kelompok sinau, uga minangka institusi pendidikan sing cepet banget lan nduweni cabang ing pirang-pirang kutha.
Minggat saka munculé manéka macem-macem komite lan organisasi lan lembaga adhedhasar, adhedhasar perlu kanggo mbentuk organisasi sing luwih inklusif lan luwih sistematis, kanggo ngantisipasi jaman. Dadi sawise koordinasi karo macem-macem ulama , amarga ora ditampa dening para ulama tradisional kanggo ngunjungi Konferensi Islam Dunia ing Indonesia lan Timur Tengah, pungkasane ana persetujuan sing ditampa saka sarjana pesantren kanggo mbentuk organisasi Nahdlatul Ulama (Awakening Ulama) ing 16 Rajab 1344 AH 31 Januari 1926 ) ing kutha Surabaya . Organisasi iki dipimpin dening KH Hasjim Asy'ari minangka Rais Akbar
Ana akeh faktor sing nyebabake pambentukan NU  . Antarane faktor kasebut yaiku perkembangan lan nganyari maneh pamikiran Islam sing mbutuhake larangan kabèh bentuk praktek Sunni. A panginten kanggo Muslim bali menyang ajaran Islam murni, yaiku kanthi cara umat Islam mundur saka sistem Islam. Kanggo pesantren kiai, pamikiran agama anyar isih kudu bener, nanging ora kanthi ninggalake tradhisi ilmiah para sarjana sadurunge sing isih relevan. Kanthi mekaten, Jam'iyah Nahdlatul Ulama kedah sanget kanthi cepet.
Kanggo ngetrapake prinsip dhasar organisasi iki, KH Hasjim Asy'ari ngrubah buku Qanun Asasi (asas dhasar), banjur uga ngrubah buku I'tiqad Ahlussunnah Wal Jamaah . Buku kasebut banjur diwenehake ing NU khittah , sing dadi basis lan referensi kanggo warga NU kanggo mikir lan tumindak ing bidang sosial, agama lan politik.

Lembaga iki minangka sawijining departemen saka organisasi Nahdlatul Ulama sing minangka pelaksana kabijakan Nahdlatul Ulama, sing ana hubungane karo kelompok masyarakat lan / utawa sing mbutuhake penanganan khusus. Lembaga iki kalebu:

Pelaksana program Nahdlatul Ulama (NU) sing mbutuhake penanganan khusus. Adhedhasar owahan ing AD / ART ing 33 Konferensi Kongres NU ing Jombang, Lajnah Nahdlatul Ulama diganti karo institusi. Wiwitane ana 3 (telu) Lajnah yaiku:




#Article 483: Warsawa (121 words)


Warsawa (Polen Warszawa) iku ibu kutha Polen. Kutha iki sing ndunungi 1,7 yuta jiwa nanging ing wewengkon saubenging kutha iki ana mèh 3 yuta jiwa sing ndunungi.

Kutha iki diliwati kali Wisła (Inggris lan Latin Vistula). Warsawa ugi kutha krajan provinsi Mazovia.

Warsawa dudu kutha tuwa dhéwé ing Polen ing salah sijining kutha sing tuwa. Kutha iki wis dicathet ing taun 1241. Kutha iki dadi kutha krajan Polen ing taun 1596 nalika Ratu Polen pindhah.

Ing Perang Donya II, kutha iki dibedhah lan dibesmi bala Nazi Jerman. Ghetto Yahudi dibesmi ing taun 1943 lan sakutha diratakaké karo lemah ing taun 1944. Kabèh sing ndunungi dipatèni utawa diusir. Sawisé perang, kutha kuna dibangun manèh. Saiki kutha Warsawa kalebu Situs Warisan Donya UNESCO.




#Article 484: Mèter (243 words)


Mèter iku pétungan dhasar kanggo ngukur dawa-cendhak ing sistem ukur SI. Pétungan iki dhedhasar let kang katempuh ing lakuné cahya ing awang-uwung (ruang hampa/vakum) salawasé 1/299.792.458 dhetik. Mèter asring dicekak nganggo aksara m..

milimèter lt;lt; sèntimèter lt;lt; dhèsimèter lt;lt; mèter lt;lt; dhékamèter lt;lt; hèktomèter lt;lt; kilomèter

. Batangan iki kapigunakaké kanggo standar nganti taun 1960. Ing taun iku, sistem SI kang anyar migunakaké dhasaran pètungan spektrum krypton. Ing taun 1983, pètungan mèter kagandhengaké klawan banteré cahya ing awang-uwung.

Mula bukané, meterkatetepaké déning Akademi Sains Perancis (Académie des sciences) kanthi ukuran 1/10.000.000 jarak sadawané kulit Bumi saka Kutub Lor nganti Khatulistiwa ngliwati meridian Paris ing taun 1791, lan ing 7 April 1795 Perancis migunakaké mèter dadi jarak baku kanggo dawa. Ora trep lan mesthi pasé pangukuran mau agawé Biro Abot lan Ukuran Internasional (BIPM - Bureau International des Poids et Mesures) ngukuhaké 1 mèter kanggo jarak antara rong (2) garisan ing batangan platinum-iridium kang disimpen ing Sevres, Perancis ing taun 1889.

Ing taun 1960, nalika laser kabiwarakaké, Konferensi Umum prakara Abot lan Ukuran (Conférence Générale des Poids et Mesures/CGPM) angka 11 nggantèaké définisi mèter kanthi 1.650.763,73 png dawané ombak spektrum cahya oranye-abang atom krypton-86 ing panggonan awang-uwung (vakum). Ing taun 1983, BIPM ngukuhaké mèter kanthi jarak kang diliwati cahya ing vakum ing waktu 1/299.792.458 dhetik (banteré cahya katetepaké 299.792.458 mèter per dhetik). Amarga cepeting cahya ing vakum iku padha waé ing ngendi waé, pétungan iki dianggep luwih pramana tinimbang nganggo ukuran dawané kulit bumi.




#Article 485: Wrocław (179 words)


 Wrocław  (pocapané []; Jerman: Breslau) iku kutha sing gedhé dhéwé kaping papat ing Polen yèn ditilik saka cacahé sing ndunungi. Cacahé ana mèh 640.000 jiwa. Kutha iki kutha krajan Województwo dolnośląskie (provinsi Silesia Ilir). Kajaba iku kutha iki punjer Kabiskopan Agung lan Diocese Protèstan. Ing kutha iki uga akèh sekolah-sekolah dhuwur lan universitas, lembaga-lembaga sains saha akèh téater sarta musiyum. Kutha iki punjer budaya Silesia. Ing Wrocław akèh pabrik-pabrik mesin lan métal.

Wrocław papané ana ing pinggiring kali Oder (Odra). Kutha iki dibagi dadi rong pérangan déning kali iki.

Kutha iki nduwé sajarah dawa lan dikuwasani nagara sing béda-béda. Saka taun 1919–1945 Wrocław iku dadi kutha krajané provinsi Prusia, provinsi Niederschlesien.

Ing pungkasané Perang Donya II, kutha iki dibedhah déning Wadya Abang Uni Sovyèt lan sawisé taun 1945 diserahaké marang Polen, dadi kompènsasi tlatah Polen ing sisih wétan sing dicaplok Uni Sovyèt (Belarus lan Ukraina). Padunung Jerman ing kutha iki padha diusir kabèh, sanadyan sawisé iku isih ana wong Jerman manggon ing kutha iki. Kutha iki banjur dileboni wong-wong saka Polen, mligi saka kutha Lwów sing dicaplok Uni Sovyèt.




#Article 486: Szczecin (286 words)


Szczecin (Jerman:Stettin, Latin: Stetinum) iku kutha krajan Województwo zachodniopomorskie (provinsi Pomerania Kulon) ing Polen. Kutha iki gedhé dhéwé nomer pitu miturut cacahé kang ndunungi lan kutha palabuhan Polen kang gedhé dhéwé ing segara Baltik. Miturut cacah jiwa ing taun 2005 kutha iki kang ndunungi 420.638 jiwa.

Szczecin papané ana ing muara kali Oder, kiduling Stettiner Haf lan Lempongan Pomerania. Kutha iki papané ana ing pasisir kidul-kulon tlaga Dąbie, lan dibelah kali Oder, sarta nduwé pulo ing cabang kulon lan wétan kali iki.

Sumber-sumber Jaman Tengahan nuduhaké: Stetin 1133, Stetyn 1188, Priznoborus vir nobilis in Stetin, Symon nobilis Stettinensis 1234, in vico Stetin 1240, Barnim Dei gratia dux Pomeranorum... civitati nostri Stetin 1243, Stityn 1251, lan Sigillum Burgoncium de Stitin (cap kutha saka abad kaping 13).

Aran kutha iki bokmanawa mèmper karo aran-aran Polen liyané kaya ta Szczytno, Szczucin and Szczuczyn. Ing basa Latin, kutha iki diarani Stetinum.

Ana pira-pira étimologi kang mungkin dadi asalé arané kutha iki:

Amarga Adipati Warcislaw IV saka Pomerania ngyasakaké Szczecin Anyar (basa Polen Nowy Szczecin, basa Jerman Neustettin) ing 1310, kutha Szczecin kang lawas kala-kala diarani Szczecin Lawas (basa Polen Stary Szczecin; basa Jerman Altes Stettin; basa Latin Stetinum Antiqua)

Ing abad kaping 16, sumber-sumber Polen nganggo rong éjaan alternatif: Szczecin (katonané pangucapan aran kutha iki déning warga Slavia lan sadurungé diéja Stetin ing basa Latin wiwit abad kaping 12) lan Sztetyn (kang katonané salinan saka ucapané ing basa Jerman). Wujud kang kapisan Szczecin pungkasané kang luwih kerep dienggo ing taun-taun sawisé lan pungkasané paling akèh dan ditemtokaké ing abad kaping 19, suwé sadurungé kutha iki diserahaké Polen ing taun 1945.

Sadurungé taun 1945, kutha iki kang dienggoni mèh satus persèn déning wong Jerman, diarani nganggo jeneng Jermané, ya iku Stettin.




#Article 487: Serat Anglingdarma (114 words)


Serat Anglingdarma iku salah sijining sastra kang nyritakaké Prabu Anglingdarma. Carita kawiwitan nalika Anglingdarma kang dadi raja ing Malawati iki nggarwa Dewi Setyawati, putri Bagawan Maniksutra saka Gunung Rasamala. Carita kapungkasi nalika Anglingdarma ambegawan.

G.W.J. Drewes naté nlusuri naskah-naskah Serat Anglingdarma lan nemu kurang luwih 26 teks Serat Anglingdarma. Ing Museum Sonobudoyo, Jogjakarta, ana uga Serat Anglingdarma kababar kanthi gambar kaya déné wayang beber.  Saka naskah puluhan mau, Drewes nganggep ana 9 gagrag (vèrsi)  Serat Anglingdarma.

Ing taun 1981, pamaréntah naté mbabar Serat Anglingdarma kang wis dialih basa  kanthi dhedhasar kolèksi ing Kraton Surakarta. Naskah iki padha karo kang kasinaoni déning Carl Frederik Winter, Sr. Gagrag Winter iki kaduga ditulis beberangan karo Yasadipura II.




#Article 488: Chełmża (151 words)


Chełmża (Jerman: Culmsee, Kulmsee) iku kutha ing Polen. Kutha iki sing ndunungi 15.310 (2006) wong.

Ing abad kaping 13, cedhaké tlatah sing saiki diarani kutha Chełmża, ana bèntèngé. Ing taun 1222, Chełmża mulané dijenengi. Kala iku tlatah iki diarani Loza. Wiwit taun 1243, kutha iki dadi darbéné Biskop Chełmno, lan  Chełmża dadi pusat sawijining Kauskupan. Sang mistikus Jutta von Sangerhausen ngadegaké Rumah Sakit St.-Georgs-ing taun 1253. Kutha iki sirna déning kobongan ing taun 1286.

Ing taun 1625, kaum Fransiskan ngadegaké sawijining biara. Ing abad kaping 18, kutha iki diuripi saka tetanèn lan indhustri bir. Kutha iki dadi luwih wigati ing taun 1781 nalika pusat kabiskopan dialihaké saka Lubawa menyang Chełmża. Nanging nalika Pelplin dadi pusat kauskupan, Chełmża dadi ora wigati manèh.

Nalika taun 1881 ana pabrik gula sing diadegaké ing kutha iki, kutha iki winangun manèh. Ing taun 1882, kutha iki diliwati jaringan sepur lan cacahé sing ndunungi dadi saya mundhak.




#Article 489: Kapustakan Djawi (240 words)


Kapustakan Djawi punika buku pratélan sastra Jawi anggitanipun R. M. Ng. Prof. Dr. Poerbatjaraka. Buku puniki kacithak wonten ing warsa 1952. Ladjeng salinan ing basa Indonesia dipunyasakaken déning Tardjan Hadidjaja ing warsa 1952. Buku punika ringkes dados cocog kanggé introdhuksi sajarah sastra Jawi saha saé basanipun.

Ing buku punika pak Poerbatjaraka ngwedharaken sajarah sastra Jawi. Sajarah sastra Jawi kapérang wonten ing pitung jinis ingkang ugi saged dipunanggep pitung jaman:

Sedayanipun kirang langkung wonten 80 (wolung dasa) serat-serat Jawi ingkang kawedhar wonten ing buku punika. Ing andhap inggih serat-serat ingkang dipunamot ing buku puniki:

Kapustakan Djawi dipunserat déning pak Poerbatjaraka mawi basa Jawi krama. Anggitanipun sarta leléwanipun basa saé sanget. Anggènipun nyerat kathah ngagem tetembungan Walandi ingkang sampun dipunserap ing basa Jawi kados ta tembung 'pretal' kaliyan ugi tetembungan Walandi ingkang dèrèng dipunserap kados ta Inleiding (1952:158).

Buku punika seratanipun mawi pasang aksara utawi éjaan Jawi lawas ingkang mèmper kaliyan Ejaan Soewandi kanggé basa Indonesia. Dados /u/ dipunserat [u], /c/ dipunserat [tj] saha /j/ dipunserat [dj]. Aksara 'dha' saha 'tha' dipunserat d. saha t. (d lan t mawi titik saandhapipun). Swanten pepet kaliyan taling dipunbèntenaken. Pepet dipunserat ĕ (e mawi caping) lan taling dipunserat e nglegena.

Buku punika saé kanggé introdhuksi ing sajarah sastra Jawi. Pak Poerbatjaraka sampun maos saha ndamel ringkesan padhet wolung dasa (80) serat-serat mawi basa Jawi. Nanging isinipun ringkesan radi cekak-cekak. Lajeng ing pepintenan pérangan pak Poerbatjaraka ugi mlebetaken opini pribadi, kados ta kritikipun marang Ki Ranggawarsita.




#Article 490: Babad Giyanti (1031 words)


Serat Babad Giyanti ugi dipunwastani Babad Palihan Nagari punika salah satunggaling karya sastra sajarah Jawa ingkang énggal. Karya sastra punika anggitanipun Ki Yasadipura. Wosing karya sastra punika ngèngingi babagan sajarah pérangan tlatah Jawi wonten 13 Fèbruari 1755. Cariyosipun, sasampunipun karaton dipunpindhah wonten ing Surakarta saking Kartasura, amargi wonten ing Kartasura karaton dipunpérang déning tiyang Cina, pangéran Mangkubumi duka lan mbaléla, amargi tlatahipun dipunsudani kathah sanget, lajeng perang mungsuhi karaton Surakarta. Nalika perang, Pangéran Mangkubumi dipunbiyantu déning para pangéran sanèsipun, ingkang ugi boten remen panggalihipun. Kadosta Pangéran Mangkunagara (Samber Nyawa), panjenenganipun dipundadosaken sénopatining perang.

Patrapipun perang, Pangéran Mangkubumi sarana neluk-neukaken tlatah manca-nagari saha pasisir. Nanging, wonten ing salebeting perang Pangéran Samber nyawa misah saking Mangkubumèn, ugi malah dados mungsuhipun. Kadadosan punika amargi kekalihipun péngin dados raja tunggal. Pangéran Sambernyawa dados saingan ingkang awrat déning Pangéran Mangkubumi anggènipun pikantuk panjurung saking èlit Jawi, amargi nalika dipunpendhet suwanten antawisipun Pangéran Sambernyawa saha Pangéran Mangkubumi, ingkang pikantuk panjurung kathah inggih punika Pangéran Sambernyawa. Ningali kawontenan punika, Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun nyerang Pangéran Sambernyawa nganggé gegaman. Nanging Pangéran Mangkubumi kaliyan prajuritipun kalah, amargi Pangéran Sambernyawa sekti sanget. Salajengipun, Pangéran Mangkubumi ngginakaken cara ingkang licik, inggih supados pikantuk separo karaton Mataram. Cara kanthi licik punika nyuwun dhumateng Semarang supados maringi seeparo kuwasanipun Mataram, panjenenganipun damel prajanjèn badhé setia saha sembah sujud dhumateng Walandi sarta kersa biyantu Surakarta kaliyan Walandi anggénipun mejahi Pangéran Sambernyawa. Minangka tali prajanjèn ingkang énggal antawisipun bekas mungsuh punika, pramila Pangéran Mangkubumi maringakên garwanipun, inggih Radèn Ayu Rêtnosari saking Sukawati dhumateng Walandi utawi VOC. Pangéran Mangkubumi saèstu dados raja tunggal, kanthi asma Sultan Hamêngkubawana I wonten ing tlatah énggal ingkang dipunwastani Yogyakarta.

Wusananing perang, tanah Jawi lajeng binagi. Pangéran Mangkubumi jumeneng nata ing tanah Mataram, lan paring nama karaton Ngayogyakarta, ajejuluk Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I.

Ingkang dados bala Kangjeng Sultan ingkang énggal punika ingkang paling sektos, inggih punika Kangjeng Gusti Mangkunagara, sadurungé pisah, Adipati Puger (Martapura), Tumenggung Prawiradirja, Tumenggung Suryanagara (Suwandi) lan liya-liyané.

Saking pamrayoginipun Kumpeni, ingkang kala punika ngréncangi karaton Surakarta, Pangéran Mangkunagara kapurih teluk ing Surakarta; kalampahan, lajeng jumeneng Mangkunagara I. Bibaripun perang sampun jamanipun Sunan Pakubuwana III.

Babad Giyanti punika isinipun visi Ki Yasadipura prakara palihan nagari punika.

Warsa 1746 punika warsa ingkang bebayani kanggé tlatah Jawi, amargai wonten ing warsa punika tlatah Jawi tansah nandang cilaka. Wonten ing warsa 1746, Kasunanan Mataram kèlangan sadaya pasisir sisih lèr saha sadaya tlatah antawisipun Pasuruan kaliyan Banyuwangi. Taksih wonten ing warsa punika, wonten perang ingkang ndadosaken Mataram kelangan pérangan tlatah separo malih saking tlatah ingkang taksih dipungadhahi. Salajengipun, wonten ing warsa 1755 nalika prajanjén karukunan dipuntapakastani, sepalih kang ndunungi Jawi tiwas.

Bebaya punika kawiwitan saking prajanjèn antawisipun Sunan Pakubuwana II saha VOC. Wosing prajanjèn punika, manawi VOC saged biyantu ngicalaken pambrontakkan, Sunan Pakubuwana II badhé maringaken tlatah pasisir sisih lèr saha tlatah Jawi sisih wétan. Sapunika, VOC ingkang dipunwakili Van Imhoff nagih janjèn. Sunan Pakubuwana II ngleresaken manawi panjenenganipun naté damel janjèn kados punika, nanging pamanggih Sunan Pakubuwana II nalika damel janjèn punika panjenenganipun saweg kepépèt, saweg betahaken pitulungan supados saged oncat saking karaton sawatawis.

Leres manawi kapamrèntahan Sunan Pakubuwana II (1726-1749) boten asring katingal rukun. Tiyang Tionghoa ingkang balèla saha ngawontenaken pambrontakan, kanthi pamanggih ingkang boten trep saha sajatosipun boten wonten gegayutanipun kaliyan Sunan, inggih punika amargi tiyang Tionghoa sampun dipunpejahi wonten ing Batavia wonten 1740 saha pambrontakan wonten ing Madura ingkang njalar dumugi Jawi Wétan. Ingkang sanèsipun wonten ing Mataram piyambak, kathah pangéran-pangéran “warisan” ramanipun, ingkang brontak nyuwun kakuwasan sarta intrik-intrik karaton. Salah satunggaling pangéran ingkang mbebéda Sunan Pakubuwana II inggih punika kang masipun piyambak, nun inggih Pangéran Mangkunagara. Salajengipun Sunan Pakubuwana mbucal Pangéran Mangkunagara wonten ing Sri Lanka kanthi pambiyantunipun VOC. Nanging kawontenan punika dadosaken Radén Mas Said, putranipun Pangéran Mangkunagara brontak saha ngwales dhumateng pak likipun, Sunan Pakubuwana II. Amargi Sunan Pakubuwana boten saged ngalahaken Radén Mas Said, panjenenganipun damel sayembara. Wosing sayembara punika kanggé sinten kémawon ingkang saged mbucal Radén Mas Said, badhé dipunparingi imbalan. Wonten salah satunggaling rayi Sunan Pakubuwana II, Pangéran Mangkubumi saged mbucal Radén Mas Said. Nanging patih Sunan Pakubuwana II boten sarujuk kaliyan imbalan ingkang badhé dipunparingaken amargi sajatosipun Sunan Pakubuwana II boten gadhah punapa kemawon.

Prekawis kaliyan Pangéran Mangkubumi saéstu kadadosan nalika Van Imhoff saweg nyuwun “audiensi” wonten ing karaton. Sejatosipun, Van Imhoff kersa biyantu Sunan Pakubuwana II, pramila panjenenganipun ngendika dhumateng Pangéran Mangkubumi ngèngingi tuntutanipun ingkang boten wajar wonten ing pasamuwan ageng. Salajengipun, Sunan Pakubuwana II ngirangi ngantos kalih per tiga saking imbalan ingkang sampun dipunjanjèkaken. Pangéran Mangkubumi lingsem saha boten saged manawi tetep manggén wonten ing karaton. Pramila, Pangéran Mangkubumi tindak saha madosi Radén Mas Said, kemenakan ingkang sampun dipunusir piyambakipun.

Perang kadadosan, Sunan Pakubuwana II kaliyan sekuthunipun, VOC namung saged njagi panggénanipun piyambak. Mungsuhipun nyerang sadaya tlatah Jawi. Pangéran Mangkubummi nerapaken taktik gerilya. Ancasipun Pangéran Mangkubumi boten namung ngwales, nanging panjenenganipun péngin dados Sunan. Nalika perang kadadosan, Sunan Pakubuwana II nandang gerah, lajeng tilar donya wonten 1749. Pramila makaten, Pangeran Mangkubumi ngandharaken dhumateng sadaya kanthi wicara keras manawi panjenenganipun dados Susuhunan ingkang énggal saha damel karaton ing Yogyakarta. Amargi Surakarta saha VOC boten sarujuk, putra Sunan Pakubuwana II dipundadosaken Sunan Pakubuwana II, pramila wonten ing wekdal punika wonten kalih Susuhunan ing tlatah Jawi.

Wonten ing wekdal punika, katingal sanget manawi kakalih Susuhunan punika imbang, boten wonten ingkang saged dipunkalahaken satunggal lan satunggalipun. Gubernur-Jendral Van Imhoff ugi tilar donya wonten ing 1750 saha dipun-gantos déning Jacob Mossel. Salajengipun Pangéran Mangkubumi sampun boten rukun malih kaliyan Radén Mas Said saéngga kawontenanipun owah. Radén Mas Said ugi péngin dados raja. Wonten ing warsa 1754 dipunwontenaken rerembugan antawisipun Pangéran Mangkubumi kaliyan VOC kanthi boten ngajak Radén Mas Said saha Sunan Pakubuwana III. Pangéran Mangkubumi nyuwun biyantu dhumateng VOC kanggé ngalahaken Radén Mas Said, kanthi imbalan separo tlatah Mataram ingkang taksih dipungadhahi. Wonten 13 Fèbruari 1755 prajanjén punika dipuntapakasmani ing Dusun Giyanti. Salajengipun, Pangéran Mangkubumi saèstu dados raja kanthi asma Sultan Hamengkubuwana I. Sunan Pakubuwana II boten saged punapa kémawon, namung pasrah ing pandum. Kalih warsa salajengipun, 1755 Radén Mas Said badhé mandegi perang, nanging wonten syaratipun nun inggih panjenenganipun angsal dados raja. Pungkasan, tuntunan punika dipunsarujuki. Radén Mas Said pikantuk tlatah ingkang dipunpendhet saking tlatah Surakarta saha pikantuk asma Pangéran Adipati.

Perjanjian Giyanti, tanggal 13 Februari 1755 dumunung wonten ing tlatah Jantiharja, Karanganyar, Surakarta..




#Article 491: Adinia Wirasti (115 words)


Adinia Wirasti (19 Januari 1986) kang kondhang nganggo jeneng Asti iku aktris Indonésia kang jenenge wiwit dikenal sawisé main filem Ada Apa Dengan Cinta? (AADC) ing taun 2002 lan kadhapuk dadi Karmen. Film iku dadi filem pertamané Asti.

Dhèwèké olèh penghargaan Piala Citra kanggo Pemeran Pendukung Wanita Terbaik Festival Film Indonésia 2005 kanggo lakoné ing filem Tentang Dia. Ana filem iku Asti kadhapuk dadi Rudy. Saliyané iku dhèwèké uga olèh penghargaan ing Festival Film Bandung kanggo filem kang padha.

Ing taun 2006, Asti bali membuktèkna kepinterané nggon lelakon filem ing filem Dunia Mereka lan Ruang. Lan ing wulan Maret 2007 bali ing filemé kang paling anyar judhulé 3 Hari untuk Selamanya kang disutradarani Riri Riza.




#Article 492: Gdańsk (124 words)


Gdańsk (Jerman Danzig) iku kutha ing Polen. Kutha iki kang ndunungi 459.072 jiwa, sarta kalebu kutha gedhé dhéwé kaping papat ing Polen. Kutha iki palabuhan utama Polen lan uga kutha krajan Provinsi Pomerania. Kutha iki cedhak karo manten wates antara budaya Jermanik Kulon lan Slavik. Gdańsk kala-kala dadi kutha Polen saha Jerman. Malahan kutha iki naté dadi kutha bébas. Wiwit taun 1945, kutha iki dadi péranganing nagara Polen.

Kutha iki papané ana ing sisih kidul Lempongan Gdańsk (saka Segara Baltik), ing sawijining konurbasi mawa kutha palèrèhan Sopot, Gdynia lan komunitas satelit liyané kang diarani 'kutha telu' (Trójmiasto), mawa kang ndunungi punjul 800.000 jiwa. Gdańsk dhéwé kang ndunungi ana 455.830 jiwa (Juni 2009), mulané kutha iki kang gedhé dhéwé ing tlata Pomerania ing Polen lor.




#Article 493: Grudziądz (206 words)


Grudziądz (Jerman Graudenz) iku kutha ing Polen. Kutha iki sing ndunungi 99.827 jiwa.

Grudziądz (mbiyèn diarani Graudenc) olèh hak kutha ing taun 1291, lan nggabung karo Konfedherasi Prusia ing taun 1440. Antara taun 1466 lan 1772, kutha iki dadi péranganing Karaton Polen minangka provinsi Prusia Karajan.

Nalika Palihan Nagara Polen ing 1772, kutha iki dicaplok déning Ratu Friedrich II saka Prusia. Ing taun sabanjuré kutha iki dadi péranganing provinsi Prusia Kulon ing Karaton Prusia. Ing basa Jerman kutha iki diarani Graudenz. Ing taun 1871, Graudenz dadi péranganing Kakaisaran Jerman.

Sawisé ana kreteg rèl sepur binangun nyabrang kali Wisla ing 1878, Graudenz dadi sawijinig kutha indhustri sing bisa rikat tumuwuh lan sawijining kutha swapraja (kutha otonom, basa Jerman Kreisstads) ing 1900. Nalika Pemilu Jerman in 1912, 21% saka swara kanggo para kandhidhat parté-parté Polen, kamangka Parté Nasional Liberal Jerman olèh 53%.

Ing tanggal 23 Januari 1920, sawisé 150 taun dadi péranganing Prusia, Graudenz dadi tlatah Républik Polen manèh lan olèh jeneng ing basa Polen: Grudziądz.

Nalika Perang Donya II, Grudziądz dibedhah déning bala Nazi ing taun 1939 lan diwèhi jeneng Graudenz manèh. Ing taun 1945 kutha iki dibalèkaké marang Polen lan sing ndunungi sing keturunan Jerman utawa migunakaké basa Jerman diusir kabèh.

Perkembangan sing ndunungi sajarah Grudziądz




#Article 494: Kakawin Bhomântaka (278 words)


Kakawin Bhomântaka utawi ugi sinebat Kakawin Bhomakāwya punika satunggiling kakawin mawi basa Jawi Kina. Kakawin punika salah satunggiling ingkang panjang piyambak ing Sastra Jawi Kina, panjangipun wonten 1.492 pada. Kakawin Bhomântaka punika ingkang dipuncariyosaken perangipun prabu Kresna kaliyan sang Bhoma. Isinipun ugi kathah mawi piwulang agami Hindhu-Buda.

Prabu Kresna karawuhan resi Narada, mundhut tulung supados nyirnakaken danawa, balanipun prabu Bhoma, ingkang sami ngepang kahyangan. Sang Samba, putra prabu Kresna, ingkang kadhawuhan tindak kaliyan bala sawatawis. Dumugi ing sukuning redi Himâlaya, perang lan para danawa pejah sadaya.

Wonten satunggiling patapan sampun suwung saha risak. Sang Samba andangu gotèkipun kala rumiyin, kados pundi. Ingkang dipundangu nama Puthut Gunadéwa, jejanggan siswanipun bagawan Wiswamitra. Sang Gunadewa matur bilih punika tilas patapanipun sang Dharmadéwa, putranipun bathara Wisnu.

Sasédanipun sang Dharmadéwa, garwanipun nama sang Yajñawati andumugekaken tapa wonten ing ngriku, nanging boten dangu lajeng séda-obong. Nyut, sang Samba kèngetan bilih sang Dharmadéwa punika kala rumiyin sang Samba piyambak, lajeng kraos kangen dhateng ing sang Yajñawati, garwanipun kala rumiyin. Salebetipun sang Samba ngengleng, sang widadari Tilottama dhateng, nyariyosaken yèn sang Yajñawati sampun nitis dados putrining ratu ing Utaranagara, lestantun nama sang Yajñawati. Nanging ingkang rama-ibu sampun séda, awit kejegan déning ratu danawa, nama sang Bhoma. Ing samangké sang putri wau dipun-opèni déning sang Bhoma.

Sang Samba lajeng dipun-irid déning sang Tilottama dhateng panggènanipun sang Yajñawati kaliyan dhedhemitan. Sang Samba pepanggihan kaliyan sang putri wonten ing kadhaton. Sareng konangan, perang malih, danawa kaplajeng; nanging salebetipun ureg-uregan, sang Bhoma dhateng, sang Yajñawati lajeng kabekta dhateng kratonipun ingkang satunggal, nama Prajotisa.

Sang Samba wangsul dhateng kadhaton kècalan sang Yajñawati, lajeng ngengleng malih. Boten dangu sang Narada rawuh, sang Samba dipun-prayogèkaken kondur dhateng Dwarawati, amargi ing panggènan ngriku nyumelangi.




#Article 495: Kelir (168 words)


Kelir iku layar pawayangan. Lumrahé digawé saka bahan motha putih kang pinggiré diwènèhi plisir warna abang. Sakubengé kelir diwènèhi bolongan kanggo ngubetké tali nalika masang kelir ning warangkané. Déné pigunané kelir mau tumrap pagelaran wayang ya iku ing sisih kiwa lan tengené minangka dhasaran kanggo mbèbèrké wayang. Déné ing pérangan tengah minangka panggung kanggo wayang kang lagi dimainaké. Sak ngarepé kelir dipasangi bléncong, ya iku lampu kang gunané kanggo nyorot wayang saéngga ana ayang-ayangé (yèn ditonton saka mburi kelir). Ing jagat pewayangan, mligi wayang purwa utawa wayang kulit, kelir duwé makna kang wigati, nganti dadi jeneng sesulih pakeliran kanggo nyebut jagat pewayangan. Kanggo mbèbèr lan nancepaké wayang kulit, lumrahé migunakaké gedebog utawa wit gedhang kang dipasang ing sakngisoré kelir. Séjé manèh kang kanggo nancepakê wayang klithik utawa wayang krucil lumrahé digawé saka bahan kayu kang wis dibolongi.

(Kanggo pratélan pepak wayang sajeroning simpingan, pirsani Simpingan)

Dijejer ing simpingan sisih kiwa ing antarané: ꧎ꦅꦶꦺꦌꦺꦌꦽꦀꦶꦼꦇꦶꦏꦞꦶꦼꦓꦁꦛꦶꦇꦶꦾꦄꦶꦈꦀꦶꦼꦀꦁꦚꦃꦉꦶꦍ꧐

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Tuguwasesa (Tuhuwasesa) lan dipungkasi nganggo wayang bayen.




#Article 496: Krotoszyn (103 words)


Krotoszyn (Jerman Krotoschin) iku sawijining kutha ing Polen Tengah. Kutha iki sing ndunungi 30.010 jiwa pendhudhuk ing taun 2005. Uda didadèkaké pérangan Provinsi Polen Besar wiwit 1999; sadurungé mlebu ing Provinsi Kalisz saka taun 1975 kanthi 1998.

Ing Mangsa Jerman, kutha iki ana ing provinsi Posen, Prusia, 50 km (32 mil) tenggara Posen. Ing babagan tukan-tinuku pari lan bibit uga markas Grupa Mahle kang dumunung ana ing nagara iki. Kastil Krotoszyn ialah kutha krajan kepangeranan mediatize kang katat wiwit taun 1819 ing njawa lemah  makutha Prusia lan dianugrahake déning  pangeran saka Thurn lan Taxis minangka ngantikake kakuasan lan tata pinata sistem pos Prusia.




#Article 497: Łódź (188 words)


Łódź (Jerman Lodsch utawa Litzmannstadt) iku siji kutha ing Polen. Kutha iki kang ndunungi 774.004 jiwa (2005) lan kutha kang gedhéné nomer loro ing Polen kamangka kutha iki sadurungé siji désa nganti kira-kira taun 1830.

Ing basa Polen, ‘Łódź’ tegesé prau. Mulané ing lambang kutha iki ana gambaré prau.

Łódź pisanané muncul ing cathetan sajarah dhokumèn kang nyaosaké désa Łodzia marang biskop Włocławek ing taun 1332. Ing taun 1423 Ratu Władysław Jagiełło maringi hak-hak kutha ing désa Łódź. Wiwit iku nganti abad kaping 18 kutha iki tetep siji pamukiman cilik ing jalur dagang antara Masovia lan Silesia. Ing abad kaping 16 kutha iki kang ndunungi kurang saka 800 jiwa kang akèhé nyambut gawé dadi tani.

Nalika nagara Ketika Polen dipalih kapindho ing taun 1793 Łódź diwènèhaké Prusia mawa jenengé kang anyar ing éjaan Jerman, Lodsch. Ing taun 1798 wong Prusia nasionalisasi kutha iki lankutha iki kèlangan statusé mawa kutha biskop Kuyawia. Ing taun 1806 kutha iki digabungaké karo Praja Warsawa lan ing taun 1815 dadi péranganing Konggrès Polen kang dikontrol Rusia.

Ing taun 1820 Stanisław Staszic miwiti obahan kanggo ngowahi kutha cilik iki dadi pusat indhustri kang modhèren.




#Article 498: Poznań (123 words)


Poznań (Jerman Posen) iku siji kutha ing Polen. Kutha iki sing ndunungi 570.828 jiwa.

Kutha sing papané anèng kulon Polen iki, panggonané ana ing pinggir kali Warta. Poznań iku kutha krajan historis provinsi Wielkopolskie. Kutha krajan iki pusat indhustri, dagang, lan sains. Ing kutha iki ana universitasé. Kutha iki uga pusat budaya provinsi.

Poznań iku wis dienggoni wong 12.000 taun lawasé. Kutha iki uga salah siji kutha Polen sing tuwa dhéwé. Ing taun 1793 kutha iki dibedhah Prusia lan dicaplok. Sawisé Kakaisaran Jerman diadegaké ing taun 1871, kutha iki dadi kutha Jerman. Banjur sawisé Polen mardika ing taun 1918, kutha iki dadi tlatah Polen manèh. Banjur ing taun 1939 nalika Perang Donya II, kutha iki dicaplok Jerman manèh. Sawisé perang dadi Polen manèh.




#Article 499: Lviv (125 words)


L'viv (Львів ing basa Ukraina; Львов, Lvov ing  basa Rusia; Lwów ing basa Polen; Leopolis ing basa Latin; Lemberg ing basa Jerman utawa Lemberk ing basa Yiddish) iku siji kutha ing Éropah-Wétan kang saiki dikuwasani Ukraina lan papané ana ing kuloning Nagara iki, cedhak pawatesan karo Polen. Kutha iki kang ndunungi ana kurang luwih 758.900 jiwa ing taun 2004 lan ana 200.000 jiwa kang manggon cedhak kutha iki. Kutha iki kutha krajan Oblast Lviv lan siji pusat budaya Ukraina.

Ing kutha iki akèh indhustriné, ana Universitas Lviv, orkèstra filharmonik, lan siji téater opera lan balèt. Pusat kutha iki uga ana ing pratélan warisan donya UNESCO.

Jeneng kutha iki kang akèh mantulaké sajarah kutha iki kang turbulèn.

Kutha iki tegesé kutha singa, dadi tegesé mèmper Singapura.




#Article 500: Basa Latin (135 words)


Basa Latin iku basa Italik sing asalé saka Latium, siji tlatah ing Italia saidenging kutha Roma. Jaman saiki basa Latin isih dienggo dadi siji basa liturgis kanggo wong Katulik lan basa sains.

Karakteristik utama basa Latinyaiku anané kasus. Sajeroning basa Latin ana 6 kasus:

Saliyané iku ana siji kasus manèh:

Basa Latin duwé limang golongan tembung aran.

Basa Latin Rakyat (sajeroning basa Latin sermo vulgaris utawa basa rakyat) sing dituturake déning antarané bala wadya Romawi dadi basa pengantar ing laladan krajan. Ing sawatara panggonan, basa iki malah nggantèkaké basa saenggon. Basa-basa turunan saka basa Latin iki ingaran basa Roman, nanging basa Latin dhéwé dudu basa Roman. Basa Latin kalebu kulawarga basa-basa Italik.

Basa Latin ditulis nganggo abjad Latin sing dadi wangun tulisan sing paling akèh dianggo ing donya. Pirsani Aksara Latin kanggo katrangan luwih pepak.




#Article 501: Sajarah kaum Yahudi ing Polandia (324 words)


Sajarah kaum Yahudi ing Polen lawasé kurang luwih 1.000 taun. Sadawaning 1.000 taun sajarah, manifèstasiné warna-warna banget, saka masa-masa toleransi religius lan karaharjan kanggo komunitas Yahudi nganti mèh kasirnan total komunitas utawa génosidha marang komunitas iki nalika Perang Donya II lan Holocaust tatkala Polen didhudhuki Nazi Jerman kanthi brutal. Wiwit karaton Polen diadegaké ing abad kaping 11 nganti anané Pasamakmuran Polen-Lituania ing 1569, Polen iku salah sijining nagara ing Éropah kang paling toleran marang komunitas Yahudi. Negara iki dadi pondhoké komunitas Yahudi kang gedhé dhéwé lan paling énèrjik Nanging sawisé Pasamakmuran iki dadi kèlangan daya déning intrik-intrik nagara manca lang pangowahan sajeroning nagara iki dhéwé; Reformasi Protèstan lan Kontra-Reformasi Katulik, toleransi tradhisional Polen dadi saya ilang wiwit saka abad kaping 17 lan sabanjuré. Kasilé, situasi angèl komunitas Yahudi dadi saya èlèk nganti padha karo nagara-nagara Éropah liyané ing pungkasané abad kaping 18.

Sawisé palihan nagara Polen ing taun 1795 lan dibedhahé nagara iki lan kasirnané kamardikan Polen, kaum Yahudi Polen dadi kudu nurut hukum-hukum nagara-nagara kang njajah Polen, mligi kakaisaran Rusia kang anti-semitik, nanging uga kakaisaran Austria-Hongaria saha karaton Prusia/kakaisaran Jerman. Saliyané iku, akèh wong Yahudi Polen kang njurung Kuminisme. Prekara iki nambah polarisaniné kaum Yahudi marang pamaréntah kakaisaran Rusia lan Austria-Hongaria sarta ngecap kaum Yahudi dadi pendhukung Revolusi Kuminis Rusia. Sanadyan mangkono nalika Polen mardika sawisé Perang Donya I ing taun 1918, nagara iki nduwé komunitas Yahudi gedhé kang urip lan cacahé ana kurang luwih telung yuta jiwa. Komunitas iki salah siji kang gedhé dhéwé sadonya, kamangka anti-semitisme iku masalah kang dadi saya gedhé.

Nalika Perang Donya II lan masa pendhudhukan Polen déning Nazi Jerman, 90% komunitas Yahudi sirna. Sawisé perang, kurang luwih 240.000 jiwa kaum Yahudi kang isih turah, migrasi menyang Amérikah Sarékat, Amérika Kidul utawa Palestina ing ngendi ing taun 1948 diadegaké nagara Israèl. Nalika jaman kuminis, wong-wong Yahudi kang tangat marang agamané dikuya-kuya pamaréntah. Saiki komunitas Yahudi Polen resminé kari 12.000 cacahé, nanging cacahé kang sajati bisa luwih gedhé manèh.




#Article 502: Słupsk (124 words)


Słupsk (Jerman Stolp) iku siji kutha ing Polen. Kutha iki sing ndunungi 98.757 jiwa. Słupsk papané ana ing pinggir kali Słupia, kurang luwih 18 km saka segara Baltik. Kanti historis kutha iki digandhèngaké karo Sławno lan Ustka, kutha cilik cedhaké.

Kutha iki diadegaké déning bangsa Slavia ing abad kaping-9. Banjur ing pungkasaning Abad Tengah para migran Jerman padha mara. Déning wong Jerman kutha iki diarani Stolp. Banjur budaya Slavia dadi saya ilang. Ing taun 1701 kutha iki dadi mlebu tlatah karaton Prusia lan ing taun 1871 dadi mlebu Kakaisaran Jerman. Sawisé Jerman kalah Perang Donya II, sing ndunungi Jerman padha dipatèni lan diusir déning Tentara Abang Uni Sovyèt lan milisi Polen. Banjur kutha iki ing taun 1945 diserahaké ing Polen dan diwèhi jeneng Słupsk.




#Article 503: Islam ing Polandia (125 words)


Sajarah agama Islam ing Polen lawasé wis punjul 600 taun wiwit abad kaping 14. Nalika iku lumrahé wong-wong Muslim iku wong-wong Tatar sing manggon ing tlatah Pasamakmuran Polen-Lituania sing jembar kamangka tetep nguri-uri budaya lan kaparcayan agamané. Ing abad kaping 19, wong-wong Polen pribumi uga akèh sing mlebu Islam. Bab iki amarga kena pangaruhing Karaton Ottoman Turki. Conto sing paling misuwur iku Józef Bem sing wusanané dadi jèndral ing Aleppo, Suriah lan séda ing taun 1850.

Banjur wiwit taun 1970-an, akèh migran sing manggon ing Polen saka nagara-nagara Islam. Cacahé saiki wong Muslim kira-kira 31.000 jiwa ing Nagara sing mayoritasé panganut agama Katulik ika. Sanadyan mangkono, agama Islam sajarahé uga wis suwé kaya agama-agama minoritas liyané ing Polen kaya ta agama Yahudi lan Katulik Ortodoks.




#Article 504: Buda ing Polen (107 words)


Agama Buda ing Polen asalé lagi ana wiwit awal abad kaping-20 nalika nagara iki miwiti gayutan karo nagara-nagara Asia-Wétan kaytata Tiongkok, Jepang, lan Koréa. Sawisé Perang Donya II, wong-wong Polen ing tanah sabrang akèh sing mlebu agama Buda utawa nggabung karo organisasi Buddhis. Banjur sawisé rejim komunis ing Polen sirna sawisé taun 1989, agama iki bisa tumuwuh ing swasana sing luwih toleran. Saiki cacahé wong Buda ing Polen kira-kira 5.000 jiwa.

Saiki kabèh madahab agama Buda bisa tinemu ing Polen, kalebu Theravada, Mahayana (Zen lan Jodo Shinshu) sarta Buda Tibet.

Ing Mèi 2004, Dalai Lamakaping XIV; Tenzin Gyatso mbuka pérangan Buda ing Kapustakan Pomerania ing Szczecin (Stettin).




#Article 505: Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde (155 words)


Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde (Jawa: Lembaga Karaton Ngèlmu Basa, Nagara lan Antropologi lan Inggris: Royal Netherlands Institute of Southeast Asian and Caribbean Studies) iku sawijining institut ngèlmiah kang diadegaké ing taun 1851.

Panjangka institut iki ya iku panlitèn ngèlmu antropologi, basa, sosial, lan sajarah tlatah Asia Kidul-Wétan, Osénia, lan Karibia. Tlatah-tlatah iki dadi wewengkon panlitèn amarga iki bekas wewengkon jajahan Walanda lan uga isih péranganing Karajan Walanda ya iku Indonesia, Suriname, Curaçao, Antillen Walanda, lan Aruba.

Kapustakan KITLV ing Leiden, Walanda ndarbèni kolèksi jangkep buku-buku, naskah-naskah manuskrip, lan wujud dhokumèntasi liyané.

Kalawarti misuwur kang ditrebitaké déning KITLV iku  BKI (Bijdragen Koninklijk Instituut). Judhul jangkepé iku Bijdragen tot de Taal-, Land- en Volkenkunde. Kalawarti utawa jurnal ngèlmiah iki nrebitaké artikel-artikel prekara kawruh basa, antropologi lan géografi, mligi prekara Indonesia modhèren, lan wis trebit 161 taun. Sanadyan judhul kalawarti iki mawa basa Walanda, nanging sapérangan gedhé artikel tinulis ing basa internasional utawa basa Inggris.




#Article 506: Basa Polen (279 words)


Basa Polen utawa basa Polski (język polski, polszczyzna) iku basa resmi Polen. Basa Polen digolongaké sajeroning basa Slav Kulon, saklumpuk karo basa Ceski, Slowak, Kasubi, Sorbi-ilir, Sorbi-ulu lan Polabi. Basa iki akèh dipituturaké ing Polen lan dadi basa Slav Kulon sing paling akèh panuturé. Saliyané iku, basa iki basa Slav sing gedhé dhéwé nomer loro sawisé basa Rusia. Basa Polen uga dadi salah sawijining basa resmi ing Uni Éropah.

Cacahé panutur basa Polen ana 38,5 yuta jiwa. Saliyané ing Polen dhéwé para panutur uga bisa tinemu ing kiwa-tengening nagara Polen.

Kurang luwih 97% sing ndunungi Polen nyatakaké basa Polski minangka basa ibuné. Saliyané ing Polen, para penutur basa iki uga tinemu ing nagara-nagara saindhengé kaya ta Lituania, Bélarus, Ukraina lan uga Jerman.

Artikel utama: Alfabèt PolenAksara alfabèt ing basa Polen iku wuniné sarupa lan ana gathukané karo aksara sing dikanggo basa Slav liyané. Alfabèté méh padha karo alfabèt sing dipupu basa Jawa. Bédané ana ing wuni, dwaksara (digraf) lan cerek ing aksara.

Dwaksara lumrahé minangka nyerat swara usekan (frikatif) lan jeblugan (afrikat). Antara dwaksarané ya iku:

Basa Polen iki salah sawijiné basa sing paling angèl disinaoni amarga paramasastrané sing njlimet. Jlimeté iki amarga praèné wujud basa leburan, urutan tembungé cekep bèbas, nanging lumrahe tetep jejer-wasésa-lésan. Ora darbèni punang lan jejer sesulihé kerep diampiraké.

Tembung aran diklumpukaké manut telung jati: jaler, éstri lan tidha. Uga ana wijang déning tembung tunggal antara tembung aran jaler gesang karo pejah, nalika ing tembung cacah diwijang  antara tembung cacah menusa-jaler karo tan-menusa-jaler. Darbèni enem rimbag paramasastra lan siji wangun pawuh: 

Basa Polski ndarbèni telung dialèk utama:

Saliyané iku uga ana basa Silesia sing sajatiné bisa kaanggep minangka basa sing séje lan dipituturaké ing Silesia.




#Article 507: Agama Katulik ing Polandia (171 words)


Agama Katulik Roma iku wiwit dianut mayoritas bangsa Polen ing taun 966, nduwé peranan wigati ing babagan agama, budaya, lan pulitik.

Pirang-pirang abad, Polen iku nagara kang kang ndunungi akèhé nganur agama Katulik Roma lan kanggo akèh wong Polen, agama iki dadi piranti kanggo nuduhaké jatidhiri bangsa iki nalika Polen dijajah bangsa-bangsa liya.

Rejim Kuminis ing Polen kang wiwit taun 1945 kuwasa ing nagara iki, ora bisa mbungkem Gréja Katulik Roma kang tetep swatantra. Gréja iki kanggo wong-wong Polen dadi lambang kamardikan lan simbul panglawanan paham kuminisme. Gréja Katulik dadi organisasi mardika kang paling kuwasa lan dadi médhiator antara nagara lan kaum pambrontak. Pamilihané Kardinal Karol Wojtyla dadi Paus Yohanes Paulus II bisa mèlu nyumbangaké kontribusi gedhé ing sirnané kuminisme ing Polen lan ing donya.

Miturut Biro Statisik Polen, 34.609.000 kang ndunungi Polen utawa 91 persèn kang ndunungi total, anggota Gréja Katulik ing taun 2000. Kurang luwih 80% saka iki bisa diarani tangat. Sisané patang yuta kang ndunungi non-Katulik ora nduwé agama utawa nganut agama liya.

Jeneng Latin kabiskopan-kabiskopan ditulis miring.




#Article 508: Satyaki (111 words)


Setyaki utawa Satyaki utawa Sencaki iku paraga wayang putrané Prabu Setyajid, raja nagara Lesanpura. Jeneng ibuné Dewi Sini, putri Prabu Sanaprabawa.

Setyaki manggon ing Kesatrian Lesanpura kanthi garwa dewi Garbini, putri Prabu Garbanata ing Garbaruci.

Setyaki iku kondhang digdaya, watak wantuné atos, lan asring sinebut Bima Kunthing amarga kendelé kaya Bima nanging awaké cilik.  Sanjatané Gada Wesi Kuning. Ing pedhalangan gagrag Jogja,  gadané iki sinebut Lukitasari.

Sikepé teges, jujur, adil, gagah, ngomong saperluné waé, lan asipat prajurit. Dhèwèké tansah siyaga njaga nagara Dwarawati ing jaman Prabu Kresna. Mungsuh sajatiné ya iku Burisrawa.

Setyaki mati bebarengan klawan para trah keturunan Yadawa, Wresni, lan Andaka ing carita Mosalaparwa. Nalika iku bharatayudha wus rampung.




#Article 509: Provinsi Lubusz (104 words)


Provinsi Lubusz (Polen województwo lubuskie) iku provinsi utawa angka woiwoda-n ing Polen. Provinsi iki kutha krajané ana loro ya iku Gorzów Wielkopolski lan Zielona Góra. Sing ndunungi cacahé ana 1.009.500 jiwa.

Provinsi iki diadegaké ing taun 1999 saka wewengkon Gorzów Wielkopolski lan Zielona Góra, mulané kutha krajané ana loro. Jeneng provinsi iki dijupuk saka tlatah Tanah Lebus sing tau dadi wewengkon Karaton Polen ing Abad Madya. Tlatah iki dijenengaké miturut kutha Lubusz utawa Lebus sing saiki ana ing nagara Jerman lan papané ana ing sisih kulon kali Oder.

Sadurungé taun 1945 provinsi iki wewengkon nagara Jerman lan sawisé Perang Donya II diserahaké marang Polen




#Article 510: Prasthanikaparwa (336 words)


Prasthanikaparwa iku kitab saka wiracarita  Mahābhārata sing dadi pérangan angka kaping 17. Kitab iki uga ana sadhurané ing basa Jawa Kuna.

Sang Maharaja Janaméjaya ndangu bagawan Wésampayana supaya nyritakaké prastawa sawisé para Yadu sirna binesmi. Bagawan Wésampayana banjur ngandika yèn Yudhisthira mula-mulané pasrah bareng miring para Yadu wis séda kabèh.

Prabu Yudhisthira banjur ngandika marang sang Arjuna yèn bathara Kala iku sababé kabèh kasripahan iki, banjur dhawuh para saduluré supaya lèrèh kaprabon lan yasa tapa. Sawisé iku para Pandhawa njumenengaké ratu sang Parikesit ing Ngastina, lan diemong déning bagawan Krepa lan Yuyutsu. Banjur sawijining upacara kanggo mèngeti para Yadu sing wis séda dianakaké. Para kaum brahmana disumbangi dhuwit lan para Pandhawa salin rasukan, saiki ngagem kulit kayu (dluwang) banjur tindak tapa nilar kaprabon. Ana sawijining asu sing ndhèrèk. Sang Parikesit saha bala uga ndhèrèkaké, nanging banjur mulih marang kadhaton.

Para Pandhawa mbanjuraké lelanané tekan sagara. Sang Hyang Agni rawuh, dhawuh marang sang Arjuna, supaya jemparingé sing tau diparingaké nalika kobongé alas Kandhawa, kacemplungna ing segara. Sawisé iku, kabèh padha nerusaké lakuné manèh urut pasisir, banjur mènèk gunung Himalaya, metu ara-ara wedhi (walukarnawa). Nalika iku sang Dropadi ana ing kana rubuh, séda; alesané séda amarga mbiyèn sanadyan dadi garwané para Pandhawa lima, dhèwèké paling asih marang Arjuna. Banjur sawisé iku sang Sadéwa, séda. Alesané séda amarga dhèwèké amarga dhèwèké sombong lan gumedhé ora ana sing madhani kapinterané awaké dhéwé. Nakula sawisé iku ya séda, alesané séda amarga dhèwèké gumedhé ora ana sing madhani kabagusané. Banjur Arjuna ya séda, alesané amarga dhèwèké tau gumedhé nalika perang Bratayuda, sesumbar celathu bisa ngalahaké para Korawa ing sadina. Banjur wusana sang Wrekodara ya rubuh, séda. Alesané dhèwèké mesthi yèn mangan ora mikir wong liya lan kasar ora nduwé tatakrama.

Bathara Indra mapagaké sang Yudhisthira ngaturi mlebua swarga. Sang Yudhistira karsa bilih si asu ya pareng ndhèrèk. Wasana si asu badhar dadi Bathara Darma. Yudhisthira banjur mlebu sabadané wadhag. Nanging bareng ana ing swarga ora ketemu karo adhi-adhiné sarta déwi Dropadi, sang Yudhisthira sumedya nggolèki, karsa kumpul karo para sadulur ing naraka.




#Article 511: Lambang Warsawa (203 words)


Lambang kutha Warsawa iku wujud syrenka (putri duyung cilik) ing latar abang. Tembung syrenka ing basa Polen kerep dipretal dadi  ing basa Inggris, nanging sajatiné luwih pantes diarani putri duyung banyu tawar sing diarani Melusina.

Ing lambang kapisan Warsawa, mula-mulané ana gambaré naga mawa sirah manungsa lanang, nggawa pedhang lan tamèng. Lambang sing kapisan dienggo nalika ing taun 1390. Sithik-sithik sirah lan awak naga iki owah dadi sirah wong wadon lan awaké dadi awak putri duyung. Sing isih tetep padha mung pedhang lan tamèngé waé.

Wiwit taun 1622, lambang kutha Warsawa digambaraké awujud putri duyung sing nggawa pedhang lan tamèng, ngwakili Melusina saka kali Wisla sing miturut carita nggiring Adipati Boleslaus saka Mazowia menyang sawijining désa juru iwak lan ngakon dhèwèké ngyasakaké kutha ing taun 1294. Mottoné kutha iki ya iku ing basa Latin Contemnit procellas (“Nglawan prahara”).

Rancangan saiki ditepungaké ing taun 1938. Sawisé taun 1945, pamaréntahan komunis Republik Rakyat Polen ngowahi lambang iki, makuthané diilangi. Lambang sing asli dibalèkaké manèh ing 15 Agustus 1990.

Saiki ana komisi sing ngrancang nambah medhali kanggo menekankan peran wigati kutha Warsawa nalika dibedhah Tentara Abang Uni Sovyèt ing taun 1920 lan nalika Perang Donya II. Sesanti liyané Warsawa Semper invicta (Nitya jaya) uga arep ditambahaké.




#Article 512: Lambang Słubice (100 words)


Lambang kutha Słubice iku wujud pitik ing ngarepé gapura sing atepé awarna biru. Banjur ing kiwa-tengené gapura iki ana cagak wates sing warnané putih lan abang. Cagak loro iki nglambangaké lokasi kutha iki sing ana ing pawatesan Polen-Jerman. Lambang kutha iki uga padha karo kutha Frankfurt an der Oder sing tau dadi sakutha sadurungé taun 1945.

Lambang Słubice sing lawas wujud tamèng sing dipara loro. Sisih kiwa en iku lataré abang lan ana manuk garudha lambang Polen separo. Banjur ing sisih tengen iku pitik awerna kuning ing latar putih. Gambar pitik iki uga ana ing lambang Frankfurt an der Oder.




#Article 513: Lambang Wrocław (472 words)


Lambang kutha Wrocław iku wis ditrapaké wiwit taun 1530. Sanadyan kutha iki wiwit taun iku dikuwasani bangsa kang séjé-séjé, nanging lambangé tetep padha. Mung antara taun 1938 lan 1945 lambangé diowahi déning para panguwasa Nazi. Banjur antara sawisé Perang Donya II, kutha iki diserahaké marang Républik Rakyat Polen lan pamaréntah kuminis nganggo lambang anyar nganti taun 1990. Ing taun iki, lambang kang asalé saka taun 1530 iki dienggo manèh.

Lambang kang dirancang ing taun 1530 iku wujud tamèng kang dibagi dadi papat. Ing pérangan tengen dhuwur ana gambaré garudha Silesia kang asalé saka simbul wangsa Piast Silesia. Garudha iki awerna ireng lan ing tengahé ana wulan sabit. Ing tengah wulan sabit iki ana pahésan salib cilik. Banjur pérangan kiwa dhuwur ana gambaré singa nganggo makutha kang simbul Karaton Bohemia (Ceko). Amarga kutha Wrocław wiwit taun 1336 dikuwasani Bohemia. Banjur ing tengahé ana bundheran lan ing jeroné ana gambaré sirah Santo Yohanes Pambaptis kang nglambangaké santo pangraksa kutha iki. Banjur ing pérangan kiwa ngisor ana tulisan huruf W kang nglambangaké jeneng kutha Wrocław ing basa Latin Wratislavia lan jenengé Wrocislaw, kang miturut legéndha ngedegaké kutha iki. Banjur ing pérangan tengen ngisor ana gambaré Santo Yohanes sang Panginjil.

Lambang iki wis dienggo wiwit tanggal 12 Fèbruari 1530 lan panrapané dikukuhaké déning Kaisar Quintus ing tanggal 10 Juli.

Kutha Wrocław iku nduwé sajarah kang makantar-kantar lan dikuwasani bangsa kang béda-béda. Kutha iki tau dikuwasani Austria, banjur Prusia lan Jerman. Ing basa Jerman jenengé Breslau. Ing taun 1933 kaum Nazi dadi kuwasa ing Jerman. Ing 19 Oktober 1938 sang Gauleiter (panguwasa Gau utawa provinsi dadi Gubernur) Silesia, Josef Wagner awèh paréntah ngganti lambang amarga dhèwèké ora seneng lambang kutha iki. Mliginé kang ora disenengi aksara W kang ana ing lambang iki. Dianggepé aksara W iki sifaté Slavia banget amarga iki cekakan saka asma Wratysław, ratu Ceko kang ngedegaké kutha iki. Sing ngripta lambang kang anyar iku guru saka Berlin; Schweitzer-Mjoelnir. Lambangé diowahi supaya sifaté 'luwih Jerman' lan ngilangi simbul-simbul Kristen. Lambang kang anyar wujudé wujud tamèng kang dibagi dadi rong pérangan; dhuwur lan ngisor. Pérangan dhuwur ana gambaré garudha Silesia ireng mawa wulan sabit, nanging tanpa salib. Banjur pérangan ngisor ana gambar palang wesi Jerman (das Eiserne Kreuz) mawa aksara FW lan taun 1813. Aksara iki cekakan saka asma ratu Prusia, Friedrich Wilhelm III kang ngrintis medhali palang Jerman sawisé menang perang nglawan Kaisar Napoleon Bonaparte.

Kutha Wrocław dibedhah Tentara Abang Uni Sovyèt ing taun 1945 lan kutha iki diserahaké marang Républik Rakyat Polen. Pamaréntahan kuminis Polen banjur ngowahi lambang iki kang dirancang déning Karol Maleczyński. Lambang kang anyar iki wujud tamèng kang dibagi dadi pérangan kiwa lan tengen. Ing paro kiwa ana gambaré garudha, lambang nagara Polen lan ing paro tengen ana gambaré garudha Silesia tanpa salib.

Ing 19 Juni 1990, sawisé pamaréntahan kuminis lèngsèr, lambang kutha iki kang asalé saka taun 1530 dienggo manèh.




#Article 514: Swargarohanaparwa (113 words)


Swargarohanaparwa iku carita Mahabharata kang dadi pérangan angka 18 lan kang pungkasan. Sing dicaritakaké iku:

Prabu Yudhisthira uninga sang Duryodana ana ing swarga kasungga-sungga. Sang Yudhisthira kersa uninga dunungé para rayi-rayi, banjur tindak rawuh ing naraka, kadhèrèkaké utusan, saka dhawuhé para Jawata. Ana ing naraka uninga sawernaning paukuman lan mireng sambaté wong-wong kang padha disiksa. Wasana kang padha kasiksa lan sambat-sambat wau rayi-rayi saha kulawargané. Sang Yudhisthira duka déné para Jawata ora adil. Sing andèrèkaké kadhawuhan mulih, sang Yudhisthira ora kersa bali saka naraka. Para Jawata padha rawuh, naraka banjur malih dadi swarga. Olèhé para Pandhawa ana naraka iku kahukum déné cidra marang sang guru, bagawan Drona lan liya-liyané; nanging saiki wis luwar.




#Article 515: Lambang Polandia (241 words)


Lambang Polen iku wujudé wujud garudha putih ing tamèng alatar abang. Garudha iki nganggo makutha lan nduwé cakar sarta cucuk warna emas. Ing Polen, lambang nagara lumrahé diarani Garudha Putih (Orzeł Biały), lan ditulis mawa huruf gedhé.

Sang Garudha Putih miturut carita asalé nalika sang pangadeg Nagara Polen, Lech weruh susuh garudha putih. Nalika dhèwèké ndeleng manuk iki, ana sunaring srengéngé ing swiwiné, dadi rupané kaya-kaya pucuk-pucuké ana emasé, kamangka pérangan liyané wernané putih.

Pepirang sajarawan nganggep yèn asalé lambing iki saka lambing Kakaisaran Romawi utawa Kakaisaran Romawi Suci. Lambang Kakaisaran Romawi Suci lumrahé garudha warna ireng, nanging ana kutha-kutha sing nduwé lambang garudha putih kaya ta Frankfurt am Main lan Schweinfurt.

Garudha putih mula-mulané ana ing koin-koin dhuwit sing digawé nalika masa jumenengé ratu Boleslaus, lan wiwitané karepé lambang wangsa Piast.

Przemysł II sing kapisan nepungaké Garudha Putih mawa simbul nasional Polen.

Vèrsi paling anyar lambang iki wiwit ditrapaké ing taun 1927 mawa amandhemèn ing undhang-undhang dhasar Polen. Ing taun 1945, rejim kuminis sing anyar ngilangi makutha saka endhasé garudha lan ngganti kembang-kembangan (bokmanawa ora sengaja) sing mèmper lintang ing pucuké swiwi karo lintang tenanan. Makutha iki dianggep simbul karatonan. Nalika rejim kuminis lèngsèr ing taun 1990, vèrsi lambang sing saiki dienggo. Lambang vèrsi iki mèmper karo vèrsi taun 1927, mung rupané luwih modhèren waé.

 (1919–1927)
Gambar:Godło II Rzeczypospolitej.png|Républik Polen (1927–1939)
Gambar:Herb-45.jpg|Jaman Kuminis (1945–1955)
Gambar:Herb Rzeczypospolitej Polskiej (1956 - 1990).png|Pamaréntah ing Pambuwangan (1956–1990)
Gambar:Coat_of_arms_of_Poland_(1955-1980).svg|Jaman Kuminis (1955–1989) 
Gambar:Herb_Polski.svg|Republik Polen (wiwit 1989)




#Article 516: Uttarakanda (202 words)


Uttarakanda punika satunggiling karya sastra Jawi Kina ing dipun-serat mawi basa gancaran. Karya sastra puniki ugi kathah amot ukara-ukara sloka ing basa Sangaskreta mawi katranganipun ing basa Jawi Kina.

Ing purwakanipun asma prabu Dharmawangsateguh dipunsebat. Kitab punika pethikan saking wiracariyos Ramayana anggitan Walmiki ingkang pungkasan. Pérangan pungkasan punika boten kalebet ing Kakawin Ramayana Jawi Kina. Mirid panangguhipun para pakar, kitab Uttarakanda punika inggih pancèn anggitan énggal. Déné paprincening cariyos, kathah sanget. Kadosta: dumadosipun para danawa, leluhuripun sang Dasamuka; lairipun Dasamuka lan anggènipun clunthangan dhateng para Jawata tuwin para pandhita. Cariyosipun Arjunasasrabau ugi kalebet. Namung wosipun nyariyosaken lelampahanipun Dewi Sinta. Sasampunipun kondur wonten ing Ngayodya, para kawula sami kirang remen manahipun; para tetiyang ngalokaken manawi Dewi Sinta sampun nylingkuh awit sampun dangu tumut mengsah lha kok dipuntampani malih.

Prabu Rama mituruti kajengipun praja, Déwi Sinta dipunpegat lajeng katundhung. Mangka saweg wawrat. Sareng sang Sinta kawelas-asih dumunung wonten ing patapan lajeng patutan kakung kembar, kaparingan nama sang Kusa saha sang Lawa. Inggih raden kalih punika ingkang dipuncaryosaken kawulang déning sang Walmiki anggancaraken lelampahipun ingkang rama, prabu Rama, dados cariyos Ramayana punika. Sareng sang Sita badhé dipun-timbali wangsul dhateng kadhaton, siti bengkah, Déwi Sita lumebet, ketangkep ing siti séda. Prabu Rama ugi lajeng séda ngenes.




#Article 517: Lambang Poznań (149 words)


Lambang kutha Poznań wujudé témbok kutha awarna putih sing dhuwuré ana telung menara. Ing sisih kiwa ana gambaré Santo Petrus  sing nyekel kunci lan ing sisih tengen ana gambaré Santo Paulus sing nyekel pedhang. In gapura témbok ana kunci emas loro sing nyilang lan dhuwuré ana salibé. Ing menara tengah sing ana cendhélané lan ana bèntèngé, ana gambaré tamèng sing isiné garudha putih nganggo makutha. Latar tamèng wernané abang. Ing sisih gambar wong suci loro iki ana wulan lintang emas. Kabèh unsur-unsur iki ana ing latar awerna biru. Ing dhuwuré tamèng ana makutha emas.

Lambang kutha Poznań dienggo kapisan ing sawijining layang resmi atanggal 1 Mèi 1344. Lambang iki wis amot kabèh élemèn modhèren kajaba makutha sadhuwuring tamèng. Ing sadawaning sajarah pirang-pirang vèrsi lambang tau dienggo, lumrahé luwih prasaja. Ing taun 1440, Ratu Vladislaus III saka Varna maringi Poznań hak kanggo ngecap layang-layang wigati mawa cap karaton awerna abang.




#Article 518: Karajan (129 words)


Kraton utawa Karajan tembung iki dijupuk saka tembung lingga ratu olèh andhahan angka  tuwin -an dadi Karaton. Tembung iki uga padha karo kedhaton sing tembung linggané wujud dhatu. Kraton ya iku wangun (wewengkon) nagara sing didhawuhi déning Raja, Ratu utawa Maharaja. Wangun nagara kraton iki sing sepuh dhéwé ing donya lan nganti saiki isih akèh nagara-nagara sing nganggo wangun nagara iki.

Wangun nagara kraton utawa monarki iki nduwé akèh jinisé. Watara liya Kraton absolut, Kraton konstitusional barang ana Kraton demokratis. Ing tlatah Jawa, tatembungan kraton wis ana saka biyèn. Nalika jaman Kediri barang Majapait, ing pirang-pirang naskah kuna, nembungake tatembungan kraton. Tuladha kraton sing isih ana nganti saiki ana ing tlatah Jawa ya iku Kraton Yogyakarta, Kraton Surakarta, lan Kraton Cirebon. Saliyané iku wis dadi dongèng jaman biyèn baé.




#Article 519: Kakawin Pārthayajña (320 words)


Kakawin Pārthayajña punika satunggaling kakawin ing basa Jawi Kina. Sanadyan boten mawi titi-mangsa utawi boten nyebat namanipun satunggaling ratu, nanging kedah dipun-papanaken wonten ing ngriki; awit tetembunganipun ketawis bilih barakan kaliyan serat kakawin Arjunawiwaha saha kakawin Sutasoma.

Makaten ugi falsafahipun inggih terang manawi kakawin Parthayajña punika tumut grupipun serat jaman Majapait tengahan dumugi pungkasan. Menggah ingkang dipuncariyosaken, lelampahipun para Pandhawa ing sasampunipun kawon main dhadhu.

Sareng para Pandhawa kawon anggènipun main dhadhu kaliyan para Korawa. Sang Dropadi dipun-wudani déning sang Sakuni, dipun-jambak kalarak wonten ing ngajengipun para ratu ingkang sami pasamuwan wonten ing kadhaton Ngastina. Para Pandhawa lajeng kedah nglampahi ukum bucal wonten satengahing wana laminipun 12 taun.

Prabu Yudhisthira rembagan pundi ingkang dipundunungi. Sang Bima usul, prayogi ngamuk kémawon; pejah gesang sampun kantenan, boten amemanjang wirang. Kepanggihing rembag, sang Arjuna kadhawuhan tapa. Sang Arjuna mangkat dhateng ing redi Indrakila, mampir ing patanipun bagawan Mahayani ing wana Wanawati. Sareng sampun lumampah malih, sang Arjuna wonten ing Wana kapanggih déwi Sri wahyuning karaton Indraprastha, késah saking kadhaton awit saking tindhakipun prabu Yudhisthira kirang prayogi. Sang bathari Sri sagah wangsul dhateng kadhaton anggeripun dipunreksa ingkang saé. Déwi Sri sasampunipun maringi pitedhah, lajeng muksa. Sang Arjuna lajeng kepanggihan kaliyan bathara Kamajaya. Sang Arjuna dipunparingi wulang saha dipunngandikani bilih badhé manggih pakéwed saking danawa nama pun Nalamala, sirahipun tiga; satunggal sirah gajah, satunggal sirah danawa, ingkang satunggal malih sirah garudha. Sang Kamajaya sasampunipun dawuh lajeng musna.

Dumugi sapinggiring talaga ageng sang Arjuna saestu kapanggih danawa pun Nalamala. Pun danawa ngancap sang Arjuna samadi, lajeng katingal gadhah slira bathara. Pun danawa dados ajrih, lumajeng, nanging mawi ngancam bilih badhé medal malih mbènjing yèn sampun jaman Kaliyuga.

Sang Arjuna nglajengaken lampah dumugi patapanipun bagawan Wyasa (Abiyasa); ing sasampunipun matur yèn kautus ingkang raka prabu Yudhisthira tapa dhateng Indrakila, bagawan Wyasa maringi piwulang saha pitedhah prenahipun redi Indrakila. Sang Arjuna lajeng yasa tapa wonten ing ngriku.

Kakawin Parthayajña uga wonten manggalanipun. Ing ngandhap punika manggala saha jarwanipun.




#Article 520: Layang Wangsakerta (395 words)


Naskah Wangsakerta iku istilah sing ngrujuk marang sakumpulan naskah sing dinuga kasusun déning Pangeran Wangsakerta pribadi utawa Panitia Wangsakerta.  Naskah iki katemokaké saka Kasultanan Cirebon déning Atja, ‘’Kepala Babagan Kepubakalaan dan Kemuséuman’’ Jawa Kulon. Naskah-naskah mau akèh katliti déning Ayatroehedi lan Edi S. Ekajati

Naskah iki isih dianggep kontrovèrsial déning para ahli sajarah Nusantara.

Manut isi Pustaka Rajya Rajya i Bhumi Nusantara parwa V sarga 5 sing pratélan pustaka, paling ora ana 1.703 naskah, lan ing antarané 1213 kasusun déning Pangéran Wangsakerta lan panitiané.

Ing bubuka saben naskah Wangsakerta tansah kasebutaké duk dumadiné naskah-naskah mau. Manut katrangan ing naskah-naskah mau, panitia iki kagawé déning Pangeran Wangsakerta saka pameling ramané, Panembahan Girilaya, supaya gawé naskah kang isiné carita-carita kraton-kraton ing Nusantara.

Kaya déné kaanan jaman saiki, pangeran iki banjur ngudi lan ngumpulaké para ahli sajarah saka sa-Nusantara. Para ahli mau kakumpulaké lan nganakaké ‘’gotrasawala’’ (simposium). Manut katrangan ing naskah-naskah iku, gotrasawala iku ing antarané warsa 1599 Saka (1677) M). naskah kababar nganti 21 taun (rampung 1620 Saka, 1698 M).

Katemokaké naskah iki ing watara taun 1970-an agawé gumbira lan agawé pirembugan ramé. Boechari, ahli sajarah saka Universitas Indonésia nganggep yèn naskah-naskah iku durung bisa kagawé sumber sajarah. Malah, Boechari nganggep yèn naskah iku asli nanging palsu, ya iku digawéné ing taun antarané 1950-1970. Pranyatan iki kagandhèng klawan gathuké naskah-naskah mau (kanthi tinambahan sawatara katrangan) karo téyori-téyori para ahli sing kawetokaké antarané taun-taun iku.

Kontrovèrsi iki naté dicoba karampungaké kanthi nganakaké dhiskusi ing Universitas Tarumanagara, 6 September 1988.  Sawetara ahli sing ora sarujuk antarané: Soekmono, dan Soejono, lan Edi Sedyawati. Seka pirembugan mau, kaputusaké yèn Naskah Wangsakerta isih durung bisa kadadèkaké sumber sajarah, primèr utawa sekundhèr. Isih butuh panalitèn manèh supaya naskah mau bisa pinercaya.

Luwih saka saparo naskah kataliti Pusat Penelitian Arkéologi Nasional. Kanthi cekak aos pamimpin tim panalitén Suwendi Montana angucap,Naskah-naskah iku palsu.. Pranyatan iki kanthi dhasar lembaran daluwang iku jebul ora saka kertas kuna saka kayu, nanging saka kertas manila. Ana uga wekas gurat potlot. Kajaba iku, basa Jawa Kuna sing kagunakaké ora cocog karo jamané.

Edi S. Ekajati, sing sengkud naliti naskah iki, ora sarujuk amarga durung ana panalitén sing pinercaya kanthi ilmiah mbuktèkaké naskah-naskah mau palsu.

Déné Atja nganggep kritikan Boechari ora trap amarga Boechari iku ahli epigrafi sing magepokan karo prasasti, dudu naskah. Naskah-naskah sing saka kertas manila iku uga bisa waé tinulad saka asliné.

Sawetara alesan kang kanggo landhesan antarané:




#Article 521: Candhi Sukuh (1206 words)


Candhi Sukuh iku komplèks candhi agama Hindhu kang papané ana ing Kabupatèn Karanganyar, eks Karesidenan Surakarta, Jawa Tengah. Candhi iki bisa digrupaké candhi Hindhu amarga ing kéné tinemu obyèk pepujèn lingga lan yoni. Candhi iki dianggep kontrovèrsial amarga wujudé kang kurang lumrah lan amarga akèhé obyèk-obyèk lingga lan yoni kang nglambangaké seksualitas.

Situs candhi Sukuh tinemu manèh nalika jaman pamaréntahan Britania Raya ing Tanah Jawa ing taun 1815 déning Johnson, Residhen Surakarta. Johnson kala iku ditugasi déning Thomas Stanford Raffles kanggo nglumpukaké dhata-dhata kanggo nulis bukuné The History of Java. Banjur sawisé mangsa pamaréntahan Britania Raya wis liwat, ing taun 1842, Van der Vlis, kang nduwé warganagara Walanda nganakaké panlitèn. Banjur ing taun 1928, pamugaran diwiwiti.

Lokasi candhi Sukuh anané ing gegeré Gunung Lawu kang papané kurang luwih 1.186 mèter sadhuwuring segara ing ko'ordhinat 07o37, 38’ 85’’ Lintang Kidul lan 111o07,. 52’65’’ Bujur Kulon. Candhi iki papané ana ing dukuh Berjo, désa Sukuh, kacamatan Ngargoyoso, Kabupatèn Karanganyar, eks Karesidenan Surakarta, Jawa Tengah. Candhi iki adohé kurang luwih 20 kilomèter saka kutha Karanganyar lan 36 kilomèter saka Surakarta. Kurang luwih yèn mènèk gunung Lawu 4 kilomèter manèh, ana situs Candhi Cetho.

Wangunan candhi Sukuh awèh kesan kaprasajan kang nyolok ing para pengunjung. Kesan kang olèh saka candhi béda tenan saka candhi-candhi ing gedhé ing Jawa Tengah liyané ya iku Candhi Barabudhur lan Candhi Prambanan. Malahan wujud yasan candhi Sukuh luwih mèmper karo tilas budaya Maya ing Meksiko utawa tilas budaya Inca ing Peru. Struktur yasan iki uga ngélingaké para rawuh karo wujud piramidha ing Mesir. Prekara wujud candhi bakal dirembug manèh ing ngisor iki.

Kesan kaprasajan iki banjur diwigatèkaké déning arkéolog misuwur Walanda W.F. Stutterheim ing taun 1930. Stutterheim banjur nyoba mènèhi katrangan karo telung argumèn: kapisan, bokmanawa tukang kang nggawé candhi Sukuh dudu tukang watu nanging tukang kayu saka désa lan dudu saka kalangan karaton, kapindho candhi digawé rada kesusu dadi kurang rapi utawa kaping telu, kaanan pulitik kala iku nalika mèh sirnané karaton Majapait amarga didesek déning laskar Islam Demak dadi ora mungkin kanggo nggawé candhi kang gedhé lan megah.

Para pengunjung kang ngleboni lawang utama banjur ngleboni gapura kang gedhé dhéwé bakal weruh wujud arsitèktur khas yèn gapura iki ora ditata tegak lurus nanging rada miring, wujudé trapesium mawa atep ing ndhuwuré.

Watu-watu ing candhi iki wernané rada abang, amarga watu-watu kang dienggo iku jinis andhésit.

Ing téras kapisan ana gapura utama. Ing gapura iki ana siji sangkala ing basa Jawa kang uniné gapura buta abara wong. Tembung-tembung iki nduwé watek 9, 5, 3, lan 1. Yèn diwalik olèh taun 1359 Saka utawa taun 1437 Masèhi.

Gapura ing téras kapindho wis rusak. Ing tengen lan kiwa gapura kang lumrahé ana reca dwarapala (panjaga lawang), ing kéné uga ana, nanging kahanané wis rusak lan wis ora cetha wujudé manèh. Gapura iki wis ora ana atepé lan ing téras iki ora akèh reca-recané. Nanging ing gapura iki uga ana siji candrasangkala ing basa Jawa kang uniné gajah wiku anahut buntut (gajah pandhita nyokot buntut). Wateké 8, 7, 3, lan 1. Yèn diwalik mula olèh angka taun 1378 Saka utawa taun 1456 Masèhi. Dadi yèn angka iki bener, dadi ana selisih mèh rongpuluh taun karo gapura ing téras kapisan!

Ing téras kaping telu iki ana palataran gedhé karo candhi babaon lan pirang-pirang relief ing sisih kiwa karo reca-reca ing sisih tengen. Yèn para pengunjung pèngèn marani candhi iki kudu ngliwati undhak-undhakan watu ing siji lorong ciyut. Jaré arsitèktur kaya ngéné sengaja digawé kaya ngéné. Awit candhi babon iki mèmpèr wujud vagina lan miturut para nimpuna pancèn kanggo ngetès kaprawanan para rara. Miturut carita, yèn siji rara kang prawan mènèk, banjur slaput rarané (selaput dara ?) bakal suwèk lan dhèwèké bakal metu getihé. Nanging yèn wis ora prawan manèh, nalika nglangkahi undhakan iki, kain kang dienggo bakal suwèk lan ucul.

Presis sadhuwuring candhi utama ing pérangan tengah ana kothak segi papat kang katonané papan kanggo ndokok sesajèn. Ing kéné ana bekas-bekas kemenyan, dupa, lan hio kang diobong, dadi katonané isih kerep dienggo.

Banjur ing sisih kiwa candhi babon ana sagrup relief-relief kang nggambaraké mitologi utama Candhi Sukuh lan wis bisa diidhéntifikasi panglukisan saka carita Kidung Sudamala. Urutan relief kaya déné.

Ing pérangan kiwa dilukisaké gambaré sang Sahadéwa utawa Sadéwa, sadulur kembar Nakula lan uga kang paling enom saka para Pandhawa Lima. Loro-loroné iku putrané Prabu Pandhu saka Déwi Madrim, garwa anomé kang kapindho. Madrim wis séda nalika Nakula lan Sadéwa isih cilik lan loro-loroné diasuh déning Déwi Kunthi, garwa sepuh Pandhu. Déwi Kunthi banjur ngemong Nakula lan Sadéwa karo telu putrané dhéwé saka Pandhu: Yudhisthira, Bima lan Arjuna. Relief iki ngemot gambaré Sadéwa kang lagi ndhodhok lan diiloni siji punakawan. Arep-arepan karo Sadéwa uga katon sawijinig paraga wanita ya iku Déwi Durga kang uga diiloni punakawan.

Ing relief kapindho iki ditatah gambaré Déwi Durga kang wis molah lan nitis dadi siji raksesi kang rupané nggegirisi tur medèni. Rong raksesi kang medèni; Kalantaka lan Kalañjaya ngancani Bathari Durga kang lagi murka lan ngancam bakal matèni Sadéwa. Kalantaka lan Kalañjaya iku titisan widadara kang dikutuk amarga ora mumulèni sang Déwa dadi kudu lair kaya déné buta kang rupané ala. Sadéwa ditalèni ing siji uwit lan diancam bakal dipatèni mawa pedhang amarga ora gelem ngeculaké Durga. Banjur ing mburi katon ana Ki Semar. Uga ana rupa dhemit sétan kang nglayang mabur lan ing sadhuwuring uwit ana manuk darès loro. Lukisan nggegirisi iki lukisan alas Sétra Gandamayu (Pakuburan Gandamayit) papan pangguwangan para déwa kang diusir saka kahyangan amarga nglanggar aturan.

Ing pérangan iki ana lukisan sang Sadéwa lan punakawané, Semar kang adhep-adhepan karo siji tapa wuta anama Tambrapetra lan putriné Ni Padapa ing patapan Prangalas. Sadéwa bakal ngusadananiné saka kawutané.

Adegan iki nuduhaké siji taman éndah ing endi sang Sadéwa lagi cangkrama karo Tambrapetra lan putriné Ni Padapa karo siji punakawan ing patapan Prangalas. Tambrapetra matur sembah nuwun lan nyaosaké putriné marang Sadéwa kanggo dirabi.

Lukisan iki adegan adu kakuwatan antara Bima lan rong raksesa Kalantaka lan Kalañjaya. Bima lan kakuwatané kang gedhé lagi ngangkat rong raksesa kanggo dipatèni karo kuku pañcanakané.

Banjur ing pérangan tengen ana rong reca Garudha kang sajatiné pethikan saka carita Ngebur Sagara Presan Kanggo Golèk Amreta (banyu kauripan) kang ana ing layang Adiparwa, kitab kapisan Mahabharata. Ing pérangan buntut sang Garudha ana siji prasasti.

Banjur isih kagandhèng karo carita panggolèkan amreta ini uga ana telung patung bulus kang nglambangaké bumi lan titisan (awatara) Bathara Wisnu. Wujud bulus iki mèmper méja lan bokmanawa pancèn dirancang kanggo papan ndokok sesajèn. Sawijining piramidha kang pucuké kairis nglambangaké éntuk Gunung Mandaragiri kang dijupuk pucuké kanggo ngudhak-udhak sagara kanggo golèk tirta amreta.
È

Saliyané candhi utama lan reca-reca bulus, garudha lan relief-relief, uga isih tinemu sawatara reca kéwan wujud cèlèng lan gajah kang ana pelanané. Ing jaman mbiyèn para ksatriya lan priyayi nitih wahana gajah.

Banjur uga ana yasan mawa relièf tapal jaran karo rong wujud manungsa sajeroning, ing sisih kiwa lan kanan adhep-adhepan. Ana nimpuna kang nduwé pangidhepan yèn relief iki nglambangaké rahim siji wanita lan wujud sisih kiwa nglambangaké kadurjanan lan sosok tengen nglambangaké kabajikan. Nanging prekara iki ora patiya cetha.

Banjur uga ana yasan cilik ing ngarepé candhi utama kang diarani candhi pewara. Ing pérangan tengahé, yasan iki ana bolongané lan ing jeroné ana reca cilik tanpa sirah. Reca iki déning pirang-pirang kalangan isih dikeramataké amarga kerep diwènèhi sesajè




#Article 522: Praja Salakanagara (316 words)


Karajan Salakanagara (Salaka=Perak) utawa Rajatapura iku kalebu kraton Hindhu riwayaté utawa sumberé kecantum ing Naskah Wangsakerta. Karajan iki diyasa taun 130 Masehi ing pasisir Lempongan Lada (wewengkon Kabupatèn Pandeglang, Banten). Raja pertamne ya iku Dewawarman sing nganggo gelar Prabu Darmalokapala Dewawarman Haji Rakja Gpura Sagara sing merentah nganti taun 168 M. Carita bab kraton iki esih kontroversial sesuai karo sumberé.

Ing Babad suku Sunda, kutha Perak iki sedurunge diperentah déning tokoh Aki Tirem Sang Aki Luhur Mulya utawa Aki Tirem, wektu iku kutha iki jenenge Pulasari. Aki Tirem nikahke putrine sing jenenge Pohaci Larasati karo Dewawarman. Dewawarman iki sajatiné Pangeran sing asalé saking nagari Palawa ing India kidul.

Ing babad suku Betawi uga ana carita bab kraton Salaknagara iki ning radha béda pernahé. Miturut babad Betawi kutha Perak iku ora ing pasisir pasisir dadi tegesé ing laladan pedhalaman (cedhak gunung) ya iku gunung Salak.

Dewawarman I (130-168 M)

Laladan kekuasaan kraton iki ngeliputi kabèh pasisir selat Sunda ya iku pasisir Pandeglang, Banten wonten ing arah wétan nganti Agrabintapura (Gunung Padang, Cianjur), uga pulo-pulo ing selat Sunda kayatha Krakatau utawa Apuynusa (Nusa api) lan nganti pasisir kidul Swarnabumi (pulo Sumatera).

Ana dugaan yèn kutha Argyre sing ditemoaké Claudius Ptolemeus taun 150 M iku ya kutha Perak utawa Salaknagara iki. Ing brita saking Cinten tegesé saking dinasti Han, ana cathetan yèn raja Tiao-Pien (Tiao=Déwa, Pien=Warman) saking kraton Yehtiao utawa Jawa, ngirim utusan/duta wonten ing China taun 132 M.

Raja terakhir kraton iki ya iku Dewawarman VIII gelare Prabu Darmawirya Dewawarman (348-363 M) sing lantes nyerahaké kekuasaan wonten ing mantune ya iku Jaya Singawarman. Jaya Singawarman lantes ngobah jeneng Karajan dadi Tarumanagara lan mindhah ibukhutane wonten ing arah wétan ya iku cedhak Bekasi saiki sementara Karajan Salaknagara dhéwé statuse dadi kraton bawahan.

Jaya Singawarman iku sajatiné Maharesi sing asalé saking Salankayana ing India, sing ngungsi wonten ing Nusantara amarga nagarané ditaklukaké déning Maharaja Samudragupta saking Karajan Magada ing India.




#Article 523: Kadipatèn Mangkunagaran (5580 words)


Kadipatèn Mangkunagaran utawa Praja Mangkunagaran (Jawa: ꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦑꦸꦟꦓꦫꦤ꧀) iku praja ing Jawa Tengah kang isih madeg nganti sapréné. Bebarengan karo Kasunanan Surakarta, Kasultanan Ngayogyakarta, lan Pakualaman, Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram kang tau maréntah sapérangan gedhé Tanah Jawa.

Praja Mangkunagaran diadegaké sawisé Prajanjèn Salatiga ing 17 Maret 1757, déning Radèn Mas Said kang sadurungé balané ing pambalélan karo pamané Pangéran Mangkubumi kang banjur dadi Sultan Hamengkubuwana I. Praja Mangkunagaran lestari nganti jaman pendudukan Jepang lan Indonésia mardika sawisé taun 1945. Sawisé taun 1945 banjur tanah wewengkoné, ya iku Karanganyar, Wanagiri disita ing pamaréntah Indonésia lan digabung karo Jawa Tengah. Banjur tanah Mangkunagara ing Surakarta, digabung karo tanah Kasunanan lan dadi Kutha Surakarta. Banjur tanahé kang wujud enklave ing Gunungkidul, Ngawèn disrahaké marang Daerah Istimewa Yogyakarta.

Wiwit taun 1990, Praja Mangkunagaran dipanggedhèni déning KGPAA Mangkunagara IX utawa uga ditepungi mawa asma Gusti Jiwa.

Garwa présidhèn Indonésia kapindho Soeharto: Bu Tien utawa asma jangkepé R.A. Siti Hartinah iku kerabat Mangkunagaran.

Praja Mangkunagaran diyasa ing tengahé abad kaping 18 lan persisé ing 17 Maret 1757 déning Radèn Mas Said utawa Pangéran Sambernyawa kang banjur olèh gelar KGPAA Mangkunagara I. Tanah wewengkoné dijupuk saka tanahé Kasunanan.

Sawisé Vereenigde Oost-Indische Compagnie (Kumpeni) bisa nguwasani papan-papan kang wigati ingatasing lakuné dagang saha lelayaran ing saindenging Nuswantara, sarta wis ngedohaké para among dagang bangsa Éropah liya-liyané kang angejori dadagangané ing tanah iki ngriki apa déné Nagara Mataram, mungsuhé kang kuwawi dhéwé sarta kang katon marsudi teka indhaking panguwasané arep madeg-adeg pribadi, iku wis kabuktèn kasoran bola-bali, adegé Kumpeni — sasambungan karo gedhéné olèh-olèhané paprangan ing Nagara Walanda, wis bisa madeg dhéwé ora kajajah déning nagara liya (Spanyol)— iku saya banjur langlung santosa.

Ora namung meneng samana baé, nanging saya suwé saya mundhak gedhé panguwasané, nganti bisa nguwasani lemah laladan tanah Jawa pérangan njero. Let saabad saka titimangsa olèhé Sinuhun Sultan Agung kasor panglurugé perang arep mbedhah bètèng Walanda ing Batavia (1628-1629), V.O.C. olèh tambahan panguwasa saka kaparengdalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II, bisa nguwasani tanah Mataram. Mataram banjur kaplorod drajadé, wis lugu dadi tanah jajahan (1749).

Wiwit titimangsa iku tuwuhé panguwasan pangadilané Kumpeni ing samukara bab kang sasambungan karo jeroné Nagara Mataram ; putusan-putusané ing bab prakara iku mau banjur ana panguwasané Kompeni.

Sasurud-dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II ing taun 1749, Ingkang Sinuhun Pakubuwana III gumanti jumeneng Nata. Munggah jumenengé iku ora kagawa saka wewenangé gumanti, nanging lugu amarga saka „sih kadarmané Kompeni.

Ing sadurung sarta ing sawisé lelakon bab pasrah saha nampèni gumantiné kang jumeneng Nata kaya kang mau ing dhuwur mau, wis ora kurang cetha kaya ngendi munggah ing sasambungané karo bab panataning Praja, banjur ana lelakon warna-warna kang ndadèkaké tuwuhé Ngayogyakarta sarta dumadiné Praja Mangkunagaran ing tengahé tlatah Kasunanan.

Mbarengi tedhaké Gubernur-Jéndral Van Imhoff papara ing tanah Jawa rawuh ing Sala (Juni 1746) parlu yasa prajanjian taun 1743 karo Ingkang Sinuhun Pakubuwana III; ing sapérangan wosing surasané, Kompeni sanggem ngakoni Sang Pangéran Adipati Anom ing tembé arep bisa gumanti jumeneng Nata. Saka panggalihdalem Ingkang Sinuhun saha panggalihé Sang Pangéran Adipati Anom arep bisa njagakaké pitulungé Kompeni kang sajatiné ya kagalih punjul prelu, amarga kanggo anyegah panduwané para Pangéran kang rumasa padha ndarbèni wewenang gumanti jumeneng Nata ; kaya mau wis bola-bali kalakonan wis kalebu lumrah, ing saben ana rembug sapa kang arep kacalonaké gumanti jumeneng Nata, iku banjur nuwuhaké dredah ing antarané para Pangéran, rebutan wahyuning Karaton.

Sapa baé kang jumeneng Nata (Sunan) wis keéna katamtokaké ing batiné panggalihé mungsuhan karo kabèh kang padha rumangsa uga ndarbèni wenang kapilih gumanti jumeneng Nata. Bisa uga kagawa saka Kompeni olèhé njumenengaké Nata ing taun 1704, iku njalari saya gedhéné dredah lan kemèrèn ing antarané para kang padha rumangsa nduwé wewenang jumeneng Nata.

Kagawa saka Kumpeni olèhé wis kalakon njumenengaké Nata, ya iku Ingkang Sinuhun Pakubuwana I kang raket banget pamitrané karo Kompeni, nanging jumenengé mau ora ndadèkaké panarimahé para Pangéran sawatara, pranatan laku-lakuné njumenengaké Nata ing Mataram, iku banjur ilang kasingkur ora ditetepi kaya adat padatané.

Kalebu ing golonganing mungsuh-mungsuhé Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kang isih jumeneng pribadi ing Nagari Mataram sarta durung kapecah-pecah ana loro, ya iku rakadalem dhéwé Sang Pangéran Mangkubumi lan Radèn Mas Said, putra tetilarané Kangjeng Pangéran Arya Mangkunagara, kang kacaritaké kaluputan banjur dibuwang menyang Ceylon déning Kompeni. Pangéran Mangkunagara iku ya rakadalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II dhéwé.

Wis ing sajeroné Gègèr Cina (1741 — 1743) Radèn Mas Said mirong kampuh jingga nglawan Kompeni lan Ingkang Sinuhun; sanadyan Von Hohendhorff ing taun 1745 wis rambah-rambah olèhé ngrerepa, meksa durung bisa ngendhakaké karsané Radèn Mas Said.

Radèn Mas Said iku wiwit timur wis kulina ulah kridhaning ngayuda, sarirané kulina ngrasakaké bot répot saha rekasané wong kang maju ing paprangan, betah tarak lan tapa-brata, mula ya banjur kajuwara mumpuni kabisanané ulah ing ngayuda. Saka puteking panggalih banjur lolos saka praja lelana mardika, njajah désa ingadésa tuwin wana-wana kang wekasané ngumpul karo barisané kang rama paman Pangéran Mangkubumi kang nalika samana uga lolos saka Praja, amarga dihina déning Jéndral Van lmhoff nalika mertamu ing Kraton Surakarta.

Sang Pangéran Mangkubumi lan Radèn Mas Said bareng wis kumpul dadi siji banjur wiwit mangun yuda. Ya paprangan iku kang banjur diarani Paprangan ngrebut wahyuning Kraton kang kaping telu.

Kumpulé Priyagung loro iku saya santosa lan raket, amarga tinalènan ing katresnan; Radèn Mas Said kapundhut mantu déning rama paman Sang Pangéran Mangkubumi, dhaup karo putrané putri kang pambayun asma Radèn Ayu Inten, kang ing pungkasan olèh asma Kangjeng Ratu Bendara. Pramila iku loro-loroné ya ora gampang olèhé arep nelukaké.

Sanadyan perangé karo Kumpeni kerep kalah, nanging ora padha kemba ing panggalih. Papindhané kaya alang-alang (kambengan) kang padha tumiyung ing kalané katempuh ing jawah lan angin, nanging ora suwé bali ngadeg manèh, pulih kaya wingi uni. 13).

Sajeroné ana haruhara iku Ingkang Sinuhun gerah, nalika ngarepaké séda, ya iku ing surya kaping 11 Dhésèmber 1749, nganti lila legawaning panggalihdalem, tanah tlatah Mataram saisiné kaparingaké Kumpeni, ora mawa prajanjian apa-apa. Mangka ing kala iku wis ana kang ginadhang jumeneng Pangéran Adipati Anom.

Sang Pangéran Mangkubumi kang luwih mangerti sarta mirengaké gelad-geliding rembug-rembug ing Kadhaton, ora nama anéh bilih babar pisan ora karsa ngakoni lumuntané panguwasané Karaton marang Kompeni, mula nunggal dina baé banjur dhawuh, bilih sarirané kang jumeneng Nata ngrenggani Praja Mataram jejuluk Pakubuwana, angedhaton ing Ngayogyakarta. Von Hohendhorff, Gubernur tanah Jawa pasisir lor pérangan wétan, awawaton wewenangé kang katampi nalika kaping 11 Dhésèmber; ya iku wis cedhak banget karo titimangsa surud dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II (20 Dhésèmber 1749) mbyawarakaké Sang Pangéran Adipati Anom samono gumanti jumeneng Nata jujuluk Sinuhun Pakubuwana III (15 Dhésèmber).

Kajaba iku Pangéran Buminata kang uga lolos saka Kedhaton kumpul Pangéran liya-liyaé, nanging banjur pepisahan, bali menyang Karaton manèh, kajumenengaké Pangéran Adipati Anom. Menggah ganti-gumantiné kang jumeneng iku mawa katerangaké luwih cetha yèn kalakoné tetep bisa jumeneng iku ora kagawa saka wewenang-wewenangé, nanging namung mligi saka sih kadarmané Kompeni.

Kabèh Pangéran kang isih ana sajeroné Kedhaton padha manut miturut dicepengi banjur dikirim menyang Semarang. Amerga saka iku ora nama anèh, yèn sapérangan gedhé saka para manggalaning Praja padha suda pangidhep saha sumungkemé marang kang jumeneng Nata ing Surakarta, rasané nggléwang padha manah prayoga angantepi Karaton ing Ngayogyakarta. Tuwan Hartingh ngarani, yèn jumenengé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III iku, namung kanggo jalaran anyuburaké saakèhé masalah baé

Déné perangé sekawit ing antarané kang padha musuhan, namung cilik-cilikan sawarna raméning reresah baé (gerilya) nganti tekan wekasané taun 1750. Sabubaré iku Kompeni ngirim wadya-bala saka Batavia prajurit aturan akèhé ora kurang saka 1500 wadya-bala pitulungan 3400, kawewahan manèh kuli cacahé 2000.

Kanggo angluluhaké kakuwatané kang padha mbaléla, Kumpeni angondhangaké, kabèh panggedhé, para Mantri tuwin lurah dalah saandhahané wong cilik, kang padha ngrujuki pambalélané para Pangéran mungsuhé Kompeni, yèn padha gelem ndarbèni rasa kaduwung munggah ing kalakuwan saha tindaké nglakoni mbaléla, iku padha ora arep katiban ing pidana (amnesti).

Ewadéné wadya-balané Kumpeni meksa ora bisa mrantasi gawé kaya pangarep-arepé, amarga sanadyan prajurité kang padha ngraman wis rambah-rambah kalah, saka ngendi-endi gumrubyug teka babantu tanpa kendhat, ya iku para kawula kang wedi kang mituhu piyandelé marang rah-tumrahé para Nata Susuhunan kang jumeneng satuhu kaya kang wis-wis.

Wadya-bala Kompeni ya bisa mbalèkaké kuwasané ing tlatah Kedhu, Ngayogya tuwin Bagelèn, olèh-olèh saka kamenangané, nanging ing wulan Oktober 1751 kalebu ing mungsuh manèh. Mayor Clerq bisa ngukuhi Kedhu, nanging ana ing Bagelèn Sang Pangéran Mangkubumi bisa ngremuk barisané Kompeni, malah tuwan Clerq kapupuh ing yuda (12 Dhésèmber 1751) ana ing sacedhaké Kali Bagawanta.

Ing wiwitané wulan Maart 1752 Sang Pangéran ngangsahaké wadya-balané dhateng bawahé Kompeni ing pasisir lor. Pekalongan bisa karebut. Para Bupati ing Pekalongan, Batang, Wiradésa lan Pemalang padha nungkul. Nanging bareng gagal panggebugé Tegal, sang Pangéran banjur budhal kondur marang Ngayogyakarta.

Amerga saka iku Sang Pangéran Mangkubumi ana ing sisih kulon wis gedhé panguwasané, nguwasani tlatah Mataram, Sokawati lan tanah paredèn sisih kidul. Radèn Mas Said nguwasani sisih wétan, ya iku Panaraga lan Madiyun.

Sakedhap papréntahan Kumpeni ing Batawi animbang parlu narik wadya-balané, kaklumpukaké ing pasisir prelu kanggo njaga kantor-kantoré dagang ing kana. Déné jajahané kang dumunung ing tanah Jawa pérangan jero, prasasat diculaké, ora arep kapikir manèh.

Nanging rancangan ngono mau durung nganti tumindhak, saka tansah kanggeg déning rangu-ranguning ati apa paprangan mau bisané ketemu tentrem disaranani mawa rembugan apa perlu dipeksa kabanjuraké mawa gegaman. Katemuné timbangan, ingatasé luhuring Kompeni luwih migunani saupama kabanjuraké perang, karuda-peksa nuju bisané tumunten sirep perangé. Ing tengah-tengahaning taun 1752 tanah-tanah ing pasisir lor kéna karebut manèh. Déné panempuhé kang kapindho, ya iku kang disénapatèni déning Von Hohendhorff ora bisa olèh kamenangan, amarga saka bisané mungsuh, prigel olèhé nindakaké gelar sarta ngepuh kakuwatané Kompeni. Tandhangé Kompeni kabibingung déning sontan–santunging gelar, saben nempuh diéndhani, wekasan barisané Kompeni kuwalahan, entèk kakuwatané.

Ing wulan November taun 1752 Kompeni patemon karo Radèn Mas Said ana ing Banyudana, sakulon Surakarta, perlu arep bedhami, nanging kuciwa déné ora ana wohé. Patemon kang tanpa wasana mau malah nuwuhaké congkrahé Sang Pangéran Mangkubumi karo Radèn Mas Said, kang banjur padha musuhan dhéwé. Sing padha macung mungsuhan perang maju dadi telung golongan.

Ing taun 1753 Pangéran Buminata lolos saka Praja banjur kumpul karo Radèn Mas Said. Ngono mau saya nggawé ribeté Von Hohendhorff. Surasané palapurané marang Pamaréntahan Kompeni, mratélakaké yèn „mèh ora bisa ngaturaké pamrayoga apa-apa kaya ngendi olèhé arep bisa nglestarèkaké jumenengé Ingkang Sinuhun, Nata kang kajumenengaké déning Kompeni mau; mangka ora ana Nata liyané kang bisa minangkani kabèh méliké Kompeni.

Wanci patemon karo Kompeni manèh (Mèi 1753), Radèn Mas Said gadhah pamundhut marang Kompeni supaya kang rayi Pangéran Tirtakusuma, ya iku kang kalèntu kakonduraké saka Ceylon banjur katahan ing Semarang, iku banjur kaluwarana. Apa manèh mundhut supaya layoné kang rama kagawa bali menyang tanah Jawa. Kajaba iku kang perlu dhéwé anaa sihé Kompeni nyengkakaké ing ndhuwur ing sarirané. Sanadyan ora dielokaké pamundhuté, nanging sajatiné kang dikarsakaké inggih bisa-a jumeneng Susuhunan.

Ing wulan Juli 1753 Kompeni ngirim wangsulan, usul sagah arep kajumenengaké Pangéran Adipati Anom ngrangkep Papatihé kang jumeneng kanthi anyanggemi mbiyantu nelukaké mungsuhé Ingkang Sinuhun. Nanging amarga saka Radèn Mas Said mentas bisa numpes barisané kang rama marasepuh, ora karsa nampa usulé Kompeni mau.

Amerga saka ora kaleksanan pamundhuté (Radèn Mas Said) jumeneng Susuhunan iku, prasasat awèh dalan ing liya kang uga mbetahaké (Sang Pangéran Mangkubumi). Wekasan bareng Kompeni wis amupus, bisa ngundhuh wohing pandamelé.

Wis nalika surya kaping 11 April 1754 tuwan Nicolaas Hartingh kang anggentosi tuwan Hohendhorff, inggih iku panggedhéning among dagang sarta kumetiré tiyang tanah ing Batawi kang paham banget marang basa lan adat carané wong Jawa sarta bisa ngleboni kapracayan marang wong Jawa kagawa saka olèhé mulat banget marang teteping kabèh sasanggemané ora tau cidra, nganti nyebal banget karo punggawané Kompeni cukup liya-liyané, nerangaké yèn Kompeni cukup ngreksa bawah wewengkoné dhéwé, liyané namung mligi nuju menyang katentremaning Nagara sarana lampah ora mawa adus ing getih nanging rerembugan alus, mupung kang suwau padha kumpul mbaléla ing Kompeni saiki padha cecongkrahan dhéwé. Pramila ora ana dalan liya kajaba banjur bedhami karo Sang Pangéran Mangkubumi kang nrima olèh panduman separoné Nagara, ora kaya panjangkané kang putra mantu (Radèn Mas Said).

Nalika kaping 22 Sèptèmber 1754 tuwan Hartingh patemon karo Sang Pangéran Mangkubumi ana ing Padagangan antarané Grobogan karo Demak. Sanadyan kang dikarepaké déning Paréntah Hindhia sekawit arep njumenengaké Susuhunan Sang Pangéran Mangkubumi, nanging namung ambawahaké sapéranganing tlatah Surakarta kang sisih wétan, kagawa saka pangangseging barisané Radèn Mas Said, kanthi kasesa Sang Pangéran Mangkubumi énggal-énggal kajumenengaké, jejuluk Sultan Hamengkubuwana, ngerèhaké saparoné praja.

Miturut suraosing prajanjian ing antarané Kompeni lan Pangéran Mangkubumi, katetepaké ing Giyanti ing dina Kemis 13 Fèbruari 1755 padha nglairaké pangaksama arep nglestarèkaké tata tentremé Nagari, sarana sekabatan tulung-tinulung, Nagara kapérang dadi loro, sapérang-pérangané ana 53.100 cacah. Kajaba iku Kangjeng Sultan Hamengkubuwana isih nampa wewahan 33.950 cacah dumunung ing mancanagara; kang aji ya iku ing Madiyun, Kertasana, Jipan, Japan lan Grobogan.

Déné Ingkang Sinuhun ing Surakarta isih gadhah wewengkon ing tlatah mancanagara sawatara kalebu wewengkon ing Panaraga, Kadhiri ing sisih wétan lan Banyumas ing sisih kulon, kabèh ana 32.350 cacah, semana iku durung kaétung wewengkon cilik-cilik ing sawatara panggonan.

Saparoné tetempuh ing sataun-tauné saka ilangé wewengkon kabupatèn–kabupatèn ing pasisir, diwetokaké wujud dhuwit akèhé 10.000 réyal Spanyol, arep katampa Kangjeng Sultan.

Nalika surya kaping 15 Fèbruari 1755 Kangjeng Sultan patemon karo Ingkang Sinuhun ana ing Jatisari perlu memulih rengkaning panggalih lan nyambung taliné katresnan. Wiwit iku akèh Pangéran kang padha nungkul aris menyang Kompeni; mula Kompeni banjur bisa anyuda-nyuda cacahing prajurité.

Ing salah sijiné bab ing serat prajanjiané karo Kumpeni, Kangjeng Sultan gadhah sasanggeman bebarengan karo Ingkang Sinuhun lan Kompeni sumedya nelukaké kang putra mantu Radèn Mas Said. Kanggo nenangi kekendelané wadya–bala, Hartingh ngondhangaké sayembara, sapa kang bisa nigas janggané Radèn Mas Said arep tampa ganjaran 1.000 ringgit, panigasé janggané para Pangéran pandhéréké Radèn Mas Said uga kasedyan ganjaran dhuwit separoné.

Kadereng santering panggalih Radèn Mas Said karoban tandhing, éwadéné ora kemba olèhé mbanjuraké perangé.

Perangé Radèn Mas Said dikroyok telu, ya iku mungsuh Ingkang Sinuhun, Kompeni lan Kangjeng Sultan. Sanajan kerep dikepung ing mungsuh arep bisa tumpes, éwadénné tansah bisa ngoncadi. Bareng campuhing perang ing sakiwa-tengené Kali Semangka lan ing sacedhaké désa Sidakersa (18 lan 29 Oktober 1755) bola-bali tansah kaseser baé, Panjenengané banjur linggar mundur menyang Pacitan. Wadya-balané akèh kang padha mbalik kumpul karo wadya-bala ing Ngayogyakarta.

Kadhèrèkaké déning para punggawa kang isih padha setya, Radèn Mas Said kasembuh suraning panggalih mbanjuraké perangé. Kaprigelan ulah sontan-santuning gelar bisa mbingungaké mungsuh kang rambah-rambah kacélik, kablasuk-blasuk. Ing alas sacedhaké Blora kalakon bisa numpes wadya-balané Kompeni sabrigadhe, nganti tindhihé nemoni pati.

Pancèné Ingkang Sinuhun, Kompeni lan Kangjeng Sultan, telu pisan wis sarembug nedya bedhami karo Radèn Mas Said, nanging Radèn Mas Said puguh ing karsa, ngantepi tékading panggalih, karsa bedhami yèn Panjenengané bisa jumeneng pribadi ngerèhaké kabèh wewengkoning Nagara. Amerga saka karsané kaya ngono, bedhaminé banjur jugar tanpa wasana.

Saya rapet pangupangé mungsuh. Pusering wadya-balané Radèn Mas Said manggon ana ing Daha sarta wis rambah-rambah ngangkataké bala nggebug mungsuh. Wadya-bala Kasultanan wis bisa angepung rapet, éwadéné Panjenengané meksa isih bisa oncad mawa anilar wadya-balané kang wis nipis banget.

Tuwan Hartingh satunggalé panggedhé Walanda kang limpat ing budi ora niyat arep numpes utawi nyirnakaké Radèn Mas Said, pupung nyarengi mangsakala kang becik, ora kendhat ing pambudidaya angrerepa Radèn Mas Said amrih karsa-a rukun karo Ingkang Sinuhun, ngèndelana olèhé rerempon. Akèh-akèh rembugé satemah Radèn Mas Said saka sithik nyondhongi pamrayogané Hartingh, amarga gadhah pangarep-arep ing wuri sasurudé Ingkang Sinuhun bisa uga gumanti, ngerèhaké Praja Mataram kabèh.

Ingkang rayi Pangéran Timur kautus sowan ing ngarsané Ingkang Sinuhun, perlu ngaturaké kabèh panyuwuné. Ing panyuwuné katitik yèn Radèn Mas Said ing sajeroné panggalih gadhah pangangkah bisané tanah Jawa iku dirèhaké ing Nata siji baé.

Éwadéné manawa meksa ora bisa kalakon pangarep-arepé panggalihé ya arep nrimah, uger minangka papanciné bisa mengkoni tlatah Nglaroh, Matésih, Keduwang lan Pacitan. Amerga saka atur pamrayogané Hartingh, Ingkang Sinuhun paring wangsulan, yèn bab pambagéning Nagari iku wis kabanjur ditindakaké éwadéné bab prakara pamundhuté tanah-tanah ing ngarep mau, mesthiné ya arep bisa karembug manèh.

Saka adhrengé Hartingh, Ingkang Sinuhun kapeksa marengaké paturané Radèn Mas Said, nyuwun patemon ana ing Grogol, sakidulé Kutha Surakarta, kang kalakon nalika surya kaping 21 Fèbruari 1757.

Ing surya kaping 17 Maret 1757 ngaanakaké patemon manèh ana ing Salatiga uga ditunggoni déning Papatih ing Ngayogyakarta. Wigatiné patemon namtokaké kalenggahané lan papancèné Pangéran kang cilik sarirané nanging saka sura, santosa lan wantering panggalihé, bisa nggawé oyag, retuning tanah Jawa, Radèn Mas Said banjur jinunjung ing lenggah jumeneng Pangéran Miji, lenggahé sangisoré Ingkang Sinuhun caket. Kajaba iku wenang ngagem upacara saubarampéning kaluhuran luwih tinimbang karo liyané. Déné lenggahé tanah 4.000 karya dumunung ing tlatah Keduwang, Nglaroh, Matésih lan ing gunung kidul (Surakarta sisih kidul-wétan lan Ngayogyakarta sisih wétan). Déne asma lan sasebutané Pangéran Adipati Mangkunagara.

Jumenengé iku tinalènan ing sumpah kudu setya tenan marang Kangjeng Susuhunan, Kangjeng Sultan lan Kompeni. Saben dina pasowanan (Senen, Kemis lan Setu) katetepaké sowan ing Kraton Surakarta. Apa manèh kudu ngèstokaké kabèh dhawuh timbalané Ingkang Sinuhun; sarta kudu dedalem ing sajeroning Kutha Surakarta.

Kaya ngono wekasané paprangan kang lawasé taunan. Saka pratikel lan rerigené Hartingh, pecahé Mataram kabagé-bagé, yekti wis kalakon, mungguh cethané katerangaké ing gambar pepethan paméranging Nagari ing sakiwa-tengené taun 1757 iki kang kapacak ing dhuwur iki.

Sadurungé ngrembug tanah 4.000 karya paringané Ingkang Sinuhun marang Radèn Mas Said kang banjur jejuluk Pangéran Adipati Mangkunagara, kaya ora ana alané saupama banjur nyawang rekasané kaanan ing tlatah Mataram kang, kapecah-pecah mau, kalebu tanah lenggahé Radèn Mas Said.

Paprangan mau ngrusakaké tanah Mataram kang sumau gemah ripah loh jinawi, cacahing jiwa suda, akèh kang padha téwas ing paprangan, kawulané nandhang kamlaratan, kacingkrangan uripé. Akèh papan kang suwung mluwa, paceklik tuwin pageblug iku dadi tabet tetilarané paprangan. Tanah-tanah sawah, pategalan sapanunggalané diidak-idak sarta dibesmi déning musuh.

Sawisé Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan ing taun 1755 wis padha patemon ing karukunan. Gubernur-Jéndral lan Raad van Indië ngaturaké layang marang panggedhéné Kompeni, surasané:

Hartingh bisa mbuktèkaké dhéwé, isih ing sajeroné taun 1761, yèn tanah-tanah panduman kang isih dadi wewengkoné Ingkang Sinuhun saha tanah kang kairisaké dadi wewenangé Kanjeng Sultan iku namung wujud lemah; nanging kakantunané cacah jiwa ora ana saprateloné.

Tumindaking pranatan pambagining Nagari ing taun 1755 njalari kisrah-kisruhing pèngetan kahanané tanah. Munggah baku kang dikarepaké iku paron tanah sigar semangka kang padha gedhéné. Para Bupati saandhahané patuh nggawa tanah lungguhé dhéwé-dhéwé kaparingan „wewenang milih Nata endi kang arep disuwitani. Mula tanah-tanah kang dumunung ing telenging Nagari lungguhé para abdidalem ing Kadhaton, iku pamanggoné banjur campur ora karu-karuwan.

Wosé baé kerep ana lelakon, ing tanah lungguh kang sekawit dadi gadhuhané panggedhé siji banjur ana panggedhéné loro kang njalari mindhaking cacahé panggedhé. Béda karo Nagaragung saha pusering wewengkoné Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan, kaya pratélan ing dhuwur, kang siji-siji kaerèhaké déning Bupati Nayaka 12, dunungé tanah campuran ora karu-karuwan, ora ana tengeran wates-watesé kang njalari tuwuhé akèh prakara ing bab-wewenang gadhuhan tanah lungguh sarta cecongkrahiné para kawula, ing désa-désa, iku pambagéné tanah ing mancanagara, kang kabagé dadi pérangan gedhé-gedhé. Tanah-tanah ing mancanagara mau ora kapecah-pecah manèh dadi tanah lungguh cilik-cilik, nanging, banjur dadi wewengkoné para Bupati kang kuwajiban nglumpukaké paos katur Sang Nata.

Déné tanah lenggahé Pangéran Adipati Mangkunagara kagawa saka gedhéning karusakané ing wanci paprangan sarta akèhé sudané jiwa kang téwas ing paprangan, iku wis cetha ora nyukupi pawetoné: mula kala semono temtuné gadhah prajurit kang mesthi cadhongé.

Tanah Kasunanan kang kaparingaké dhateng Mangkunagaran pamanggon sarta gedhéné kapacak ing ngisor iki:

Layang piagem bab wewenang lan kuwajibané Pangéran Miji (Kangjeng Pangéran Adipati Mangkunagara) kang kira-kira digawé nalika surya kaping 17 Maret 1757 ing Salatiga, iku digolèki ora bisa katemu. Saupama isih ana kaya ya ora nyebutaké cetha dunung sarta watesé tanah bawah Mangkunagaran mau.

Sadurungé ngrembug pilah-pilahing wewengkon tanah kang kapérang-pérang mau, kaya perlu kaandharaké kepriyé réka-dayané Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan olèhé padha mranata kisruhing wates ing wektu pambagéning Nagari ing taun 1755. Amerga saiki banjur mbutuhaké banget marang anané register tanah gagayutan karo anané tanah lenggah wewengkon Mangkunagaran.

Kanggo nyapih para kawula Kasunanan lan Kasultanan kang padha dredah pradanda babagan prakara lemah, nalika surya kaping 26 September 1757 wakilé Nata loro-loroné mau banjur nggawé patemon ana ing désa Klepu. Désa Klepu iku ana ing sapinggiring dalan gedhé Surakarta-Ngayogyakarta (antarané Klathèn kutha karo Delanggu). Déné wigatiné patemon arep bebarengan nggawé register gedhé (legger) bab watesing tanah-tanah mau. Buku register gedhé babagan watesing tanah-tanah mau banjur diarani Buku ing Klepu.

Buku register gedhé babagan watesing tanah (Buku ing Klepu) kang kagawé tanpa pamrayogané Kompeni, iku suwé-suwé ora nyukupi (kurang sampurna), tandhané dredah prakara watesing tanah isih ajeg ora ana mendhané. Bukakan tanah anyar sabubaring perang, njalari lungséné pèngetan tanah (Walanda legger) mau.

Owah-owahan register kang ditata déning Kompeni ana ing Semarang kalakon ing taun 1773, isi pilah-pilahé kabèh wewengkon kalebu bawah Mangkunagaran, mawa katrangan dunung lan jembaré dalah cacah jiwané, katulis ing basa Jawa lan Walanda. Register iku padha dirujuki sarta kaanggep absah déning Papatih Surakarta tuwin Ngayogyakarta, ya iku nalika surya kaping 2 November 1773.

Kajaba sariradalem Kangjeng Gusti Mangkunagara I dhéwé, dhasar sarta adegé Praja Mangkunagaran ing pamburiné iku, sapérangan gedhé kadayan saka sikepé wewakiling Kompeni.

Uga gedhé dayané Kompeni kang ing jaman samono nduwé wawasan yèn kaleksanané mecah-mecah Nagara mau, wis kamanah prayoga banget, nganti para Karajan Jawa wis ora bisa nggawé daya kakuwatan manèh prayoga kang sajatiné kurang prayoga sasambungan karo pamrihé. Sontan-santuné lelakon, pamecah-mecahé tanah ing Nagari Mataram kang migunani banget ing ngatasé Kompeni, iku bisa anumusi kaanan kosokbaliné, saya ing jaman samono wektu swasana ing siji lan liyané isih ngemu rasa arep gedhé piwales rasaning kalara-larané sarta katitik bola-bali olèhé para Nata isih gadhah pagedhongan panjangka angrebahaké jèjèrané.

Sanadyan katoné wis tentrem nanging sajatiné ing batin isih padha ngamot rasa kurang nrima sarta pingget ing panggalih, amarga saka pranatan pambagéning praja mau anané ya namung tansah nuwuhaké rasa èwoh pakèwohing laku.

Ing taun 1777 tuwuh pasulayan ramé ing antarané Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan nunggil Kangjeng Gusti Mangkunagara, kang amarga saka prajanjiyan ing surya kaping 17 Juli 1772, saya raket sasambetané karo Ingkang Sinuhun, musuh Kangjeng Sultan ing Ngayogyakarta. Wadya-balané wis tempuh padu ngarep. Nanging saka rerigené Kompeni banjur wurung bisa sirep.

Nyarengi gerahdalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana III kang kari dhéwé, Surakarta katempuh wadya-balané Kangjeng Sultan Ngayogyakarta, nanging banjur ditanggulangi déning Kangjeng Gusti Mangkunagara I (1788). Amerga saka panggawéné Kompeni, Kangjeng Sultan sawadya-balané kapeksa mundur bali dhateng Ngayogyakarta. Déné Pangéran Adipati Anom ing Surakarta, kala samanten banjur bisa nampèni sasanggeman tetep arep gumanti jumeneng Pakubuwana IV.

Watara rong taun manèh, dhuwuri iku sabubaré Kangjeng Gusti Mangkunagara anggalih gadhah wewenang gumanti Nata ing Ngayogyakarta, sarta ya wis kalakon nandukaké gegaman, Kangjeng Sultan ngambali panglurugé marang Surakarta.

Prakara iku tumrap Kompeni angèl banget olèhé arep nyapih; nadyan bener wis bisa nggawé prajanjiyan telu (Walanda drie ledige acte), ya iku pranatan babandhingan kaluhuran kang bisa maremaké panggalihé para Nata (basa Walanda vergelijking en bevrediging) nalika surya kaping 28 lan 29 September 1790. Ing prajanjiyan mau ana surasané kang mratélakaké ilanging pangajengé Pangéran Mangkunagara gumanti Nata ing Ngayogya, mawa dikuwataké déning prajanjiyané Pangéran Mangkunagara, dhéwé, éwadéné Kangjeng Sultan ing Ngayogya isih asring karsa damel dhadhakan njarah tanah wewengkon Surakarta, nyulayani prajanjiyan kang sinartan sumpah kanthi absah (sawisé surya kaping 6 November). Kajaba iku mbarengi wektu Ingkang SinuhunPakubuwana 1V, saka panggosoké ngulama pitu (pangajengé nama Kyahi Santri tuwin Bachman), gadhah panggalih arep mungsuh Kompeni sarta kadakwa arep nempuh perang nglurug menyang Batavia.

Réhning Kompeni ora bisa migunakaké akal taktik divide et impera, pramila banjur golèk dalan liya, ya iku ngarem-aremi Pangéran Mangkunagara kanthi alusing patrap lan akal warna-warna, kang wekasané Kangjeng Gusti Mangkunagara bisa uwal pethal saka panguwasané Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan.

Pethalé mau mawa tampa sasanggeman papanci dhuwit apanage 4.000 mat (f 8000) satauné, kasangga ing sumpah dalah para putra-putrané sanggem yasa miturut marang Kompeni. Kajaba iku kudu ngunduraké prajurit Mangkunagaran kang tinanggenah nandhingi krodhaning prajurit Kasultanan.

Amerga saka pambudidayané Gubernur Greeve Kompeni bisa olèh pitulungan saka Kangjeng Sultan Ngayogya, samangsa Kompeni tetemu èwoh-pakèwoh (pasulayan) karo Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan. Kajaba iku Kompeni ngreksa adegé tansah mewahi kakuwatané nganti ora mlèsèd pétungé bisa mrabawani kaanan ing Kedhatoné Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ing ngendi wis katitik kurang prayoga tangkepé wekasan bisa nglestarèkaké tata-tentreming Praja.

Ing serat prajanjiyan mau ing ngarep kang wosing surasané mratélakaké yèn Kangjeng Gusti Mangkunagara wis pethal saka Ingkang Sinuhun, banjur memitran karo Kumpeni, ana surasané manèh kang ngangkah raketé kang jumeneng dalah kabèh putrané karo Kompeni murih bisané Kompeni olèh pambiyantu ing sawanci-wanci ana perluné apa déné tambahan pranatan bab wewenang ganti-gumantié kang jumeneng ing Praja Mangkunagaran, kang arep kalampahan watawis rong taun manèh.

Sasurudé Kangjeng Sultan Hamengkubuwana ing taun 1792, sajaké arep ana dredah manèh rebutan sapa kang arep gumanti. Ora namung sikepé Ingkang Sinuhun, luwih manèh Kangjeng Gusti Mangkunagara, apa déné Pangéran ing Ngayogyakarta sawatara. Sing banget ndadèkaké aboting kuwajibané Gubernur Van Overstraten, iku ngreksa aja nganti kadadéan ana perang manèh.

Bareng ruweding kaanan ing Ngayogyakarta, wis kalakon bisa katata apik, sang Pangéran Adipati Anom ing Ngayogyakarta kang uga jejuluk Mangkunagara (putrané Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I) gumanti kajumenengaké Sultan Hamengkubuwana II (2 April 1792). Déné Pangéran Mangkubumi putra kang sepuh miyos saka garwa padmi kajumenengaké Pangéran Adipati Anom.

Ing Surakarta pranatan kang nemtokaké wewenang ganti-gumantiné Nata uga banjur katata, putra sepuh saka garwa padmi kajumenengaké Pangéran Adipati Anom, calon kang arep gumanti jumeneng Nata.

Ora antara suwé Gubernur Van Overstraten golèk dalan rékadaya murih bisané wayahdalem Kangjeng Gusti Mangkunagara gumanti kang Éyang darbèni tanah-tanah lenggahé. Amerga Kompeni mbutuhaké banget marang anané Pangéran ing Surakarta dadi Pangéran Mangkunagara iku, dalan samangsa ana prelu mesthi arep mbiyantu Kompeni lan tenanan. Mangka kahananing praja kapétung ora nama kalah manawa katandhing karo Ngayogya. Saupama Kompeni utawa Ingkang Sinuhun katempuh mungsuh saka Ngayogya, gampang bisané olèh pambiyantu saka Pangéran kang bisa golong siji karo Kompeni saha Ingkang Sinuhun Surakarta, Kajaba iku perluné kang baku, bisa-a tansah ngalang-alangi raket-rukuné Kraton Surakarta karo Ngayogyakarta.

Pramula wis samesthiné bilih Ingkang Sinuhun anggalih abot ngeculaké (salawasé) tanah wewengkon kang samono jembaré. Nanging Van Overstraten bisa ngobahaké panggalihdalem Ingkang Sinuhun, wekasané nglilakaké lestariné tanah 4.000 cacah kadarbé ing Pangéran rah-tumrahing Mangkunagaran pilihané Kompeni, kausulaké Ingkang Sinuhun utawa kang jumeneng anggantèni, kanthi prajanjiyan rah-tumerahé Pangéran Prangwadana arep lestari ndarbèni tanah cacah kalebu Pangéran ing Mangkunagaran kang ora utawa kang ora arep suwita Ingkang Sinuhun utawi gantiné. (8 Agustus 1792).

Sabanjuré uga dicondhongi yèn Panjenengan dalem Prangwadana namung kéna nganggo sesebutan Pangéran nadyan mawa tambahan asma Prangwadana nanging ora kéna mawa sesebutan Pangéran Adipati.

Undha-usuking pangkat kalenggahané (gelar lan status) kasapadha karo Pangéran Arya Mangkubumi (Sedulurdalem Ingkang Sinuhun) utawa Pangéran Adipati Anom ing Kraton Surakarta.

Tanah lenggahé banjur bisa turun-tumurun, déné kang gadhah tanah isih lestari Ingkang Sinuhun. (Sanajan Ingkang Sinuhun iku prasasat ya namun nggadhuh tanah saka Kompeni waé). Déné sumpahé tumuju marang Ingkang Sinuhun lan Conipagnie.

Sasurud-dalem Kangjeng Gusti Mangkunagara I, pepanci dhuwit 4.000 mat mau semuné kacabut bali.

Ing taun 1799 tuwan Van Overstraten kang saiku wis jumeneng, Gubernur-Jéndral awèh sumerep marang para Panggedhéné, Arya Prabu Pangéran Prangwadana iku samangsa ana mungsuh marani katemtokaké bisa mbiyantu Kompeni kaya mitra kang punjul setya. Kajaba iku Gubernur Overstraten ngusulaké supaya Pangéran Arya Prabu Prangwadana mau bisa-a nampèni ijol wragad kang diwetokaké kanggo perluning prajurit Mangkunagaran sajeroné kaangsahaké perang ngréwangi karépotaning Kompeni........ amarga kapikir wis samesthiné, murih bisané Kompeni saya luwih raket pamitrané karo Pangéran Prangwadana; Gubernur banjur kawenangaké ngwetokaké dhuwit 2.000 sps. (mat Spanyol) satauné minangka ijolé wragad perang kanthi prajanjiyan kang nemtokaké beciké tatanané prajurit, kaya-kaya kahanané semono iku.

Dhuwit papancèn mau banjur kagantung manèh. Nanging ing taun 1803 bareng arep ana perang karo Inggris, pepanci 2000 mat mau kabalèkaké manèh, kaya kang wis namung kanggo ing sawatara mangsa, mawa prajanjiyan ngingah prajurit kang akèhé padha karo kabèh para prajurit jaman perang kang kapungkur iku, supaya samangsa-mangsa ana perluné, Kompeni bisa anjagèkaké olèh pambiyantu 88).

Tuwan Daendels kang kala semono nata wangun wadya-bala kanggo penjagané Nagara, uga mikir marang kahananing prajurit Mangkunagaran. Malah nalika surya kaping 29 Juli 1803 banjur nggawé putusan kang wosé nggedhèkaké kakuwatané wadya-bala prajurit Mangkunagaran, kang bisa kajagèkaké gedhéning pitulungané marang Pamaréntah Walanda; pramula Kangjeng Pangéran Arya Prabu Prangwadana banjur kawisudha jumeneng Kolonèlé Sri Maharaja Nederland, kanthi prajanjiyan kudu ngingu:

Wondéné kabèh senjata dalah wragadé arep dianakaké. Apa manèh kaparingan Ajudhan Mayor supaya awèh tuntunan marang tumindak kuwajiban tetepé wadya-bala kaya mesthiné.

Déné dhuwit papancèn 2000 Sps. mat. iku bésuk 1 Agustus arep diundhaki dadi 4000 mat, padha papancèné swargi Éyang. Apa manèh isih tampa blanja Kolonèl satauné 6.540 ringgit.

Ing wiwitané taun 1811 Legiun kabantokaké wadyabala Gouvernement marang Semarang prelu nanggulangi panempuhé wadyabala Karajan Manunggal; kala campuhé perang ana ing Jatingalèh tandhangé prajurit Mangkunagaran ora nguciwani, Sabubaré Jéndral Jansen, katetepaké kalah perangé (18 September 1811), Legiun banjur kasuwak. Miturut surasané layang kakancingané Raffles surya kaping 13 Fèbruari 1812 banjur kaedegaké manèh (kabalèkaké), padha karo kang wis ditemtokaké déning Daendels kaya mau ing dhuwur.

Kajaba iku dhuwit papancèn kanggo kapreluwaning prajurit kadadèkaké 1.200 mat ing sawulané. Dhuwit semana iku tumanja wragad dalah kabutuhané Legiun kabèh.

Salungané bangsa Karajan Manunggal saka tanah Jawa, adeging Legiun isih dilestarèkaké déning Pamaréntah Indhiya Nèderlan, sarta katitik gedhé lelabetané ing jaman perang ing tanah Jawa (Perang Dipanagara utawa ing basa Walanda Java-oorlog 1825-1830) mungsuh Pangéran Dipanagara, tuwin nalika ngambah nglurug menyang Acèh (1873-1874) mungsuh Krajan Acèh kang kala semono isih mardika..

Minangka ganjaran nalika ngréwangi Karajan Manunggal mungsuh Sultan Sepuh ing Ngayogya, apa déné Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV, kang mbujuk mbaléla Pamaréntah Britanias, Mangkunagaran nampa wewahan tanah 1.000 cacah (240 jung) saka Raffles. Tanah semono mau kira-kira baé dijupuk saka bawah Kasultanan.

Piyagem saka Raffles (babagan tanah) mau ora bisa tinemu. Nanging nitik anané katrangan ing taun 1832 nyebutaké tanah semono iku dumunung ana ing désa:

Sajeroné perang Dipanagaran, Kangjeng Gusti Mangkunagara II mbiyantu Pamaréntah Walanda, Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan.

Kala semono Jéndral Merkus de Kock kirim layang marang Jéndral Van Geen kang surasané mengkéné:

Ing wiwitan anané perang Dipanagaran, Jéndral De Kock banjur awèh palilah marang Kangjeng Gusti Mangkunagara lan Ingkang Sinuhun nganakaké prajurit brandhal (vrijbuitercorpsen) kang kadhawuhan njarah-rayah ngrusak désa-désa padunungané mungsuh.

Rèhning Jéndral mau (wewakiling Pamaréntah Indhiya Nèderlan) gedhé banget kapracayané marang Kangjeng Gusti Mangkunagara, pramula nalika surya kaping 3 April banjur kawisudha jumeneng Ridder in de Militaire Willems-orde klas III.

Nalika surya kaping 24 April 1826 wektu ing tanah Jawa kurang prayoga kahanané, Pamaréntah Walanda banjur maringi layang panguwasan marang Kangjeng Gusti Mangkunagara kang surasané mengkéné:

Sajeroné ana perang Kangjeng Gusti Mangkunagara dikuwasakaké ngerèh tanah-tanah mau dalah sawongé.

Amerga saka iku para komisaris ing Nagaragung banjur ngukuhaké kanggo sawatara mangsa, sawatara désa-désa bawah Ngayogya lan kabèh désa bawah Sokawati kapernah salor-wétané Sala iku dadi kagungané Kangjeng Gusti Mangkunagara, netepi surasané layang panguwasan (saka Pamaréntah), dianakaké ing sajeroning perang tanah Jawa. Sawisé iku banjur nampani tanah ganjaran mau akèhé 500 cacah (120 jung utawa kurang luwih 3,4 km2). Nanging piyagem tanah ganjaran kang kaping telu iku uga ora bisa katemu, pramula ora bisa mratitisaké titimangsané kang cetha.

Tanah bawah Mangkunagaran sawisé dielar kang kapindho iku kabèh ana 5.500 cacah, nganti tekan saiki iku kurang luwih isih semono gedhéné.

Bareng tanah ing mancanagara kabèh wis kawengkon ing Pamaréntah Walanda, apa manèh sawisé tumindak owah-owahaning pranatan bab pilah-pilahing tanah ing Nagarung bawah Kasunanan Kasultanan wis cetha wates-watesé (ora worsuh banjur isih ana owah-owahan sawatara tumrap tanah wawengkon Mangkunagaran).

Tanah Mangkunagaran 64 jung kang dumunung ana ing gunung kidul sisih kulon, ya iku ing Ponjong lan Semano, kanthi rerukunan diijolaké tanah bawah Ngayogya 60 jung, kang dumunung ing Sembuyan, sakidul-wétané Sala. Tanah ing Sembuyan, akèh guwané kang disusuhi manuk lawèt ya iku ing Rongkob, Sumbri lan Songtoya. Tanah-tanah mau banjur katebas déning Pamaréntah Walanda. Namung ana tanah bawah Mangkunagaran sapanggonan kang lestari sumlempit (eksklave) ana ing Ngayogyakarta nganti taun 1945, ya iku ing Ngawèn, jembaré ana 6 ¼ jung.

Baliné tanah Surakarta kang sumlempit ana ing bawah Mangkunagaran mawa ijol-ijolan tanah, iku kalakoné let wetara suwé manèh.

Miturut surasané layang prajanjiyan antarané Kasunanan tuwin Mangkunagaran kang katitimangsan surya kaping 8 Juni 1905 (katetepaké mawa layang kakancingan saka Pamaréntah surya kaping 7 Agustus 1905 angka: 22, kaanggep wis dhumawuh wiwit surya kaping 11 Maret 1902), tanah Kasunanan kang padha kaslempit ana ing Wanagiri padha kakukut.

Ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja ana katrangan pranatan ijol-ijolan tanah wewengkon Mangkunagaran karo Kasunanan ing taun 1918 lan 1924.

Sesambungan karo ijol-ijolan bawah mau, tanah-tanah Hadiwijayan lan Suryamijayan, kang suwé ora bisa putus sapa kang mengkoni, ing taun 1896 sawek bisa katata ing antarané Kasunanan lan Mangkunagaran.

Prakara tanah mau ing dhuwur iku tanah Kasunanan kang banjur dikuwasani Mangkunagaran, pamburiné nuwuhaké grejeg, ya iku, wiwit tumindaké owah-owahan tanah ing Nagarung taun 1831.
Katrangan ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja mratélakaké, yènh mulabukané tanah 500 karya iku tanah lenggah paringé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III marang putradalem (Kangjeng Ratu Alit) sakaro putradalem mantu Kangjeng Pangéran Arya Prabuwijaya, garwané Kangjeng Ratu Alit mau, ya iku, rama-ibudalem Kangjeng Gusti Mangkunagara II.

Sasédané Kangjeng Pangéran Prabuwijaya banjur tumurun marang Kangjeng Gusti Mangkunagara II. Dadi Kangjeng Gusti Mangkunagara II ing ngatasing tanah mau, kajaba wenang nggadhuh uga banjur jeneng tanah lenggah saka Kasunanan (akèhé 4.000 karya).

Bareng Kangjeng Gusti Mangkunagara II jumeneng Kolonel suwita Raja Walanda (1808), banjur angèl olèhé netepi wajibé ing Kraton Surakarta, gandhèngané karo tanah lenggah mau, mula banjur kaparingaké nggadhuh marang putradalem mantu kakalih, Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya II lan Kangjeng Pangéran Arya Natakusuma, kang padha bisa netepi kuwajiban ing Karaton Surakarta.

Turun-tumuruning warisan, tanah lenggah mau banjur tiba Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya IV lan Kangjeng Pangéran Arya Suryahamijaya III. Sasédané Pangéran loroh mau iku nganti tekan surud-dalem Kangjeng Gusti Mangkunagara V, sadurungé ana kang gumanti jumeneng nggentosi, banjur ana tatanan baliné tanah lenggah mau marang Kasunanan kalakon ing taun 1896. Sambungan Mangkunagaran marang Kasunanan akèhé f 100.000 ing wektu Mangkunagaran kekarangan dhuwit, banjur kaputus pundhat. Sabanjuré kang jumeneng Mangkunagara sumpahé ora perlu diseksèni déning wakilé Ingkang Sinuhun kaya mbiyèn, ya iku Papatihdalem, Supati Nayaka karo Pangulu, padha kapatah nampani sumpah kasetyané kang jumeneng Mangkunagara. Kejaba iku Mangkunagaran wis banjur ora kuwajiban makilaké Pangéran karo kanggo netepi wajibé pasowanan menyang Karaton Surakarta.




#Article 524: Sumber sajarah (167 words)


Sajarah lumrahé diwiwiti saking tulisan dadi sajarah iku disinau saking tilas-tilas tulisan (uga gambar) manungsa jaman rumiyin contoné Prasasti. Sadèrèngipun manungsa wiwit tepang tulisan iku asmané jaman Prasajarah. Dados pendhak wewengkon ana ing donya iku sajarahé diwiwiti saking kurun wektu kang béda-béda tergantung kapan masyarakate wiwit tepang kalih tulisan. Ana 2 sumber sajarah kang valid ya iku sumber utama utawa primer lan sumber tambahan utawa skunder.

Ya iku tilas-tilas sajarah asli kang urung diolah utawa dicithak, sumber iki lumrahé tilas-tilas kang diyakini asli saking pelaku sajarah utawa wong kang urip ing jaman kang padha karo pelaku sajarah lan ora duwé kepentingan-kepentingan tinentu mligi politis. Wujud sumber utama iki contoné prasasti, candhi, fosil, manuskrip asli (kang urung dicithak), uga sumber-sumber lésan. Sumber sajarah utama iki kudu asli dadi dudu pertalan, kutipan utawa tafsiran.

Lumrahé saka kasil kajian ahli sajarah dadi kasil tulisan ahli sajarah kang wis dicithak utawa online kanggo disebaraken ing masarakat umum. Wujud kasil cithakan iku antarané risalah, buku, kalawarta, lapuran uga kang online ing internet.




#Article 525: Praja Tarumanagara (195 words)


Karajan Tarumanagara iku karajan tuwa ing Nusantara pasé ing tlatah Jawa Kulon ing kiwa-tengené laladan Bogor. Kang kalebu papan Karajan Tarumanagara iku Banten, Jakarta tekan wates Cirebon. Rajane kang musuwur ya iku Purnawarman. Tarumanagara iku kagolong Karajan Hindhu kang alirane Wisnu.

Tarumanagara wong ngerti saka

Patilasan karajan iki lumrahé prasasti antarané:

Saliyané iku sumber carita bab kraton iki uga ana ing Naskah Wangsakerta sing dianggep kurang mitayani déning sawatara paniliti.

Silsilah raja-raja Tarumanagara iki miturut Naskah Wangsakerta:

Purnawarman suksés ngundhakaké kasejahteraané rakyaté, iku bisa dideleng saka prasasti Tugu déné raja Purnawarman meréntahaké gawé saluran kanggo irigasi kanggo ngelancaraké banyu kanggo sawah.

Teratur lan rapi bisa dideleng saka pangudiné Purnawarman kanggo nyejahterakaké rakyaté. Raja nggatékake kaum Brahmana amarga kaum Brahmana iku dianggep wigati ing upacara kurban kang ditindakaké ing Karajan kanggo tandha déné wong ing karajan iku ngormati para déwa.. Wis ana pembageyan masarakat kang strukturé wis apik ya iku wis ana pembagéyan kasta lan tugasé dhéwék-dhéwék.

Titah Raja nggawé terusan kang dawane tekan 6122 tombak kanggo nyegah banjir lan kanggo jalur pelayaran dagang antar laladan.

Kabudayan ing Tarumanagara wis dhuwur sebab bisa dideleng saka prasasti kang bisa nunjukaké déné wis ana kabudayan nulis ing kono.




#Article 526: Kakawin Sutasoma (2461 words)


Kakawin Sutasoma punika salah satunggaling kakawin ingkang boten namung misuwur, nanging uga wigati dipuntepangi. Awit sepalih padha saking kakawin punika dados sesanti nasional Républik Indonésia: Bhinneka Tunggal Ika (Pupuh 139.5).

Sesanti Indonésia punika boten tanpa alesan dipunpendhet saking serat kakawin punika. Serat punika nyukani piwulang saé prekawis toleransi antar agami, mliginipun antar agami Hindhu-Siwah saha Buda.

Kakawin punika dipunripta déning mpu Tantular.

Sang hyang Buda nitis dhateng putranipun prabu Mahakétu, ratu ing Ngastina, nama radèn Sutasoma. Sang radèn, sareng sampun ageng, ngibadah sanget, remen dhateng agami Buda (Mahâyana). Badhé dipunkramakaken saha dipunjumenengaken ratu, boten karsa.

Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari.: konten-konten ingkang dipunkancingi, sami menga piyambak-piyambak kanggé langkung sang radèn. Sareng lolosipun sang radèn kasumerepan, ing kedhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipunrarapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mumuja wonten salebeting candhi; bathari Widyutkarali rawuh, pratéla bilih sembahyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajengipun sang radèn minggah ing redi Himalaya, kadèrèkaken para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipunaturi uninga yèn wonten ratu, titising ratu danawa, damelipun nedha tiyang, nama prabu Porusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makaten: ing satunggaling wekdal, ulam sadhiyan badhé dhaharipun sang prabu, ical dipuntedha ing segawon saha babi. Juru masak bingung, kesesa pados ulam kanggé lintunipun, boten angsal, lajeng dhateng pasaréan ngiris ulam pupuning tiyang pejah ingkang taksih énggalan, lajeng dipunmasak. Sang prabu dhahar kraos éca sanget, labet titising danawa wau; ndangu dhateng juru masak, ulam punapa ingkang dipunaturaken punika wau. Aturipun juru masak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipunagar-agari badhé kapejahan yèn boten matur saleresipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari telas, saking sampun sami dipundhahar utawi ngungsi késah dhateng sanès nagari. Sang prabu lajeng ndilalah gerah tatu sukunipun, boten saged mantun; malah lajeng dados danawa, dudunung wonten ing wana dados pangagening wana.

Ing satunggaling wekdal sang prabu kaul, bilih saged mantun gerahipun, badhé nyaosi dhahar dhateng bathara Kala, ratu satus.

Sang Sutasoma dipunaturi déning para pandhita supados mejahi sang ratu punika, nanging boten karsa. Bathari Pretiwi medal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mejahi sang Kalmasa-padha, nanging sang radèn meksa boten kersa. Malah anglajengaken tindakipun badhé tapa.

Wonten ing margi kepanggih danawa asirah gajah anama Gajamukha, damelipun ugi nedha tiyang. Sang radèn badhé dipuntedha; sareng kagelut, danawa dhumawah ing ngandhap, ketindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing redi. Danawa sirah gajah kawon, lajeng dipunwulang agami Buda; boten kénging amemejahi; danawa sirah gajah miturut lajeng dados siswa. Salebetipun anglajengaken lampah, kepanggih naga, ingkang badhé ngancap dhateng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangaken badanipun, kapulet ing naga; sareng sampun, naga lajeng ngalumpruk dhawah ing siti, sebab kénging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajeng dados siswa. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kepanggih sima èstri badhé nedha anakipun. Sang radèn ngendhak kajengipun; sima-biyung wangsulanipun, luwé sanget sampun boten saged angsal kidang menjangan, amila badhé nedha anakipun piyambak. Sang radèn lajeng ngandika: Aku waé panganen, anakmu mesakaké. Sima èstri lajeng anggemprong sang radèn katubruk, dipuncakot jajanipun, kasesep rahipun, kraos mak cles kados ngombé toya panggesangan, wasana pun sima èstri kéngetan dhateng pandamelipun awon, manahipun getun sanget, nangis wonten daganing layonipun sang radèn, naming badhé sumedya pejah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipungesangaken malih. Sang radèn nutuh dhateng bathara Indra déné sampun sekéca teka dipungesangaken malih. Wangsulanipun bathara Indra, yèn sang radèn boten sugeng malih, mangka pun sima èstri kalajeng pejah, punika anggènipun sang radèn welas mitulingi dhateng anak sima wau boten wonten tegesipun, awit sima alit inggih boten wandé pejah dipuntilar biyungipun, boten wonten ingkang nusoni. Bathara Indra muksa, sang radèn lajeng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajeng tapa piyambak wonten ing guwa, kagodha (prabawa saking Kakawin Arjunawiwaha), boten kéngguh bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, meksa boten kèngguh, malah sang radèn badhar dados bathara Buda Wairocana. Para déwa nyungga-nyungga. Sareng sampun wujud sang Sutasoma malih, lajeng kondur.

Sang prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, perang kaliyan danawa balanipun prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajeng ngungsi dhateng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhateng dhateng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajeng dipunjak kondur dhateng nagarinipun sang Dasabahu kapendhet ipé. Bibar temu sang radèn kondur dhateng nagari Ngastina; sareng sampun patutan sang radèn lajeng kajumenengaken ratu nama prabu Sutasoma. Kocapa, sang prabu Porusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipunpenjara. Namung kirang satunggal; sang Kalmasapada nglurug dhateng Ngalengka, nanging ratunipun boten kacepeng awit séda wonten ing paprangan.

Prabu Porusada lajeng mindha-mindha pandhita, ngemis dhateng ratu Widarba (nyèngkok nalika sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhé ambradhat déwi Sita saking Kakawin Ramayana). Ratu Widarba kènging kapikut. Sareng sampun jangkep satus, para ratu lajeng dipuncaosaken dhateng bathara Kala, nanging sang bathara boten karsa dhahar sabab, kirang miraos; kepéngin dhahar ratu Ngastina, prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhateng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhateng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun prabu Porusada. Wasana sang Sutasoma prang tandhing kaliyan sang Porusada. Dangu-dangu, rèhné naming dipuntandhingi sabar, ratu Ngastina kènging kabekta dhateng ngarsanipun bathara Kala. Sareng badhé dipundhahar, aturipun sandika, anggeripun para ratu 100 sanèsipun sami dipunluwari. Mireng ingkang makaten punika, bathara Kala rena sanget panggalihipun; sang Porusada trenyuh manahipun déning lila-legawanipun prabu Sutasoma, lajeng tobat, mantun nedha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipunluwari sadaya.

Bathara Kala saha Porusada lajeng dados siswa sang Sutasoma. Kakalihipun agesang ing wana kados wiku. Déning sang Sutasoma kakalihipun lajeng dipunajari dharma saha yoga. Bathara Kala dipuntinggal awit kedah tobat. Para sadaya wangsul ing Ngastina. Ing riku para titiyang ingkang pejah dipun-gesangi  malih déning bathara Indra. Satunggaling pista dipunwontenaken. Purusada boten wangsul dhateng Ratnakanda nanging késah dhateng redi Mandara kaliyan para danawa sanèsipun badhé yasa tapa.

Ingkang donya dados aman, tentrem, lan reja malih. Sasampunipun pinten wekdal sang Sutasoma kaliyan garwanipun séda wangsul dhateng ing swarga sang Jina (Buda). Ing riku sang Porusada uga angsal ganjaran anggènipun yasa tapa. Bathara Kala dados Pasupati. Putranipun prabu Sutasoma, Ardhana dipunjumenengaken dados ratu Ngastina.

Serat Sutasoma punika ugi kadamel kala salebeting jumenengipun prabu Hayam Wuruk ing Majapait. Kaliyan kakawin Nagarakretagama inggih sepuh kakawin Nagarakretagama.

Menggah babonipun serat Sutasoma punika wonten ing tanah Indhia misuwur sanget. Ing salebeting Ramayana saha Mahabharata inggih wonten cariyos punika. Makaten ugi ing salebeting kapustakan agami Buda ing kapustakan jataka mawi basa Sangaskreta utawi basa Pali.
Sang hyang Buda nitis dhateng putranipun prabu Mahakétu, ratu ing Ngastina, nama radèn Sutasoma. Sang radèn, sareng sampun ageng, ngibadah sanget, remen dhateng agami Buda (Mahâyana). Badhé dipunkramakaken saha dipunjumenengaken ratu, boten karsa.

Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari.: konten-konten ingkang dipunkancingi, sami menga piyambak-piyambak kanggé langkung sang radèn. Sareng lolosipun sang radèn kasumerepan, ing kedhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipunrarapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mumuja wonten salebeting candhi; bathari Widyutkarali rawuh, pratéla bilih sembahyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajengipun sang radèn minggah ing redi Himalaya, kadèrèkaken para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipunaturi uninga yèn wonten ratu, titising ratu danawa, damelipun nedha tiyang, nama prabu Porusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makaten: ing satunggaling wekdal, ulam sadhiyan badhé dhaharipun sang prabu, ical dipuntedha ing segawon saha babi. Juru masak bingung, kesesa pados ulam kanggé lintunipun, boten angsal, lajeng dhateng pasaréan ngiris ulam pupuning tiyang pejah ingkang taksih énggalan, lajeng dipunmasak. Sang prabu dhahar kraos éca sanget, labet titising danawa wau; ndangu dhateng juru masak, ulam punapa ingkang dipunaturaken punika wau. Aturipun juru masak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipunagar-agari badhé kapejahan yèn boten matur saleresipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari telas, saking sampun sami dipundhahar utawi ngungsi késah dhateng sanès nagari. Sang prabu lajeng ndilalah gerah tatu sukunipun, boten saged mantun; malah lajeng dados danawa, dudunung wonten ing wana dados pangagening wana.

Ing satunggaling wekdal sang prabu kaul, bilih saged mantun gerahipun, badhé nyaosi dhahar dhateng bathara Kala, ratu satus.

Sang Sutasoma dipunaturi déning para pandhita supados mejahi sang ratu punika, nanging boten karsa. Bathari Pretiwi medal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mejahi sang Kalmasa-padha, nanging sang radèn meksa boten kersa. Malah anglajengaken tindakipun badhé tapa.

Wonten ing margi kepanggih danawa asirah gajah anama Gajamukha, damelipun ugi nedha tiyang. Sang radèn badhé dipuntedha; sareng kagelut, danawa dhumawah ing ngandhap, ketindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing redi. Danawa sirah gajah kawon, lajeng dipunwulang agami Buda; boten kénging amemejahi; danawa sirah gajah miturut lajeng dados siswa. Salebetipun anglajengaken lampah, kepanggih naga, ingkang badhé ngancap dhateng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangaken badanipun, kapulet ing naga; sareng sampun, naga lajeng ngalumpruk dhawah ing siti, sebab kénging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajeng dados siswa. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kepanggih sima èstri badhé nedha anakipun. Sang radèn ngendhak kajengipun; sima-biyung wangsulanipun, luwé sanget sampun boten saged angsal kidang menjangan, amila badhé nedha anakipun piyambak. Sang radèn lajeng ngandika: Aku waé panganen, anakmu mesakaké. Sima èstri lajeng anggemprong sang radèn katubruk, dipuncakot jajanipun, kasesep rahipun, kraos mak cles kados ngombé toya panggesangan, wasana pun sima èstri kéngetan dhateng pandamelipun awon, manahipun getun sanget, nangis wonten daganing layonipun sang radèn, naming badhé sumedya pejah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipungesangaken malih. Sang radèn nutuh dhateng bathara Indra déné sampun sekéca teka dipungesangaken malih. Wangsulanipun bathara Indra, yèn sang radèn boten sugeng malih, mangka pun sima èstri kalajeng pejah, punika anggènipun sang radèn welas mitulingi dhateng anak sima wau boten wonten tegesipun, awit sima alit inggih boten wandé pejah dipuntilar biyungipun, boten wonten ingkang nusoni. Bathara Indra muksa, sang radèn lajeng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajeng tapa piyambak wonten ing guwa, kagodha (prabawa saking Kakawin Arjunawiwaha), boten kéngguh bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, meksa boten kèngguh, malah sang radèn badhar dados bathara Buda Wairocana. Para déwa nyungga-nyungga. Sareng sampun wujud sang Sutasoma malih, lajeng kondur.

Sang prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, perang kaliyan danawa balanipun prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajeng ngungsi dhateng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhateng dhateng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajeng dipunjak kondur dhateng nagarinipun sang Dasabahu kapendhet ipé. Bibar temu sang radèn kondur dhateng nagari Ngastina; sareng sampun patutan sang radèn lajeng kajumenengaken ratu nama prabu Sutasoma. Kocapa, sang prabu Porusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipunpenjara. Namung kirang satunggal; sang Kalmasapada nglurug dhateng Ngalengka, nanging ratunipun boten kacepeng awit séda wonten ing paprangan.

Prabu Porusada lajeng mindha-mindha pandhita, ngemis dhateng ratu Widarba (nyèngkok nalika sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhé ambradhat déwi Sita saking Kakawin Ramayana). Ratu Widarba kènging kapikut. Sareng sampun jangkep satus, para ratu lajeng dipuncaosaken dhateng bathara Kala, nanging sang bathara boten karsa dhahar sabab, kirang miraos; kepéngin dhahar ratu Ngastina, prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhateng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhateng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun prabu Porusada. Wasana sang Sutasoma prang tandhing kaliyan sang Porusada. Dangu-dangu, rèhné naming dipuntandhingi sabar, ratu Ngastina kènging kabekta dhateng ngarsanipun bathara Kala. Sareng badhé dipundhahar, aturipun sandika, anggeripun para ratu 100 sanèsipun sami dipunluwari. Mireng ingkang makaten punika, bathara Kala rena sanget panggalihipun; sang Porusada trenyuh manahipun déning lila-legawanipun prabu Sutasoma, lajeng tobat, mantun nedha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipunluwari sadaya.

Bathara Kala saha Porusada lajeng dados siswa sang Sutasoma. Kakalihipun agesang ing wana kados wiku. Déning sang Sutasoma kakalihipun lajeng dipunajari dharma saha yoga. Bathara Kala dipuntinggal awit kedah tobat. Para sadaya wangsul ing Ngastina. Ing riku para titiyang ingkang pejah dipun-gesangi malih déning bathara Indra. Satunggaling pista dipunwontenaken. Purusada boten wangsul dhateng Ratnakanda nanging késah dhateng redi Mandara kaliyan para danawa sanèsipun badhé yasa tapa.

Ingkang donya dados aman, tentrem, lan reja malih. Sasampunipun pinten wekdal sang Sutasoma kaliyan garwanipun séda wangsul dhateng ing swarga sang Jina (Buda). Ing riku sang Porusada uga angsal ganjaran anggènipun yasa tapa. Bathara Kala dados Pasupati. Putranipun prabu Sutasoma, Ardhana dipunjumenengaken dados ratu Ngastina.

Ing pulo Bali, ing pinten-pinten kalangan, kakawin punika ngantos sapunika taksih populèr sanget. Prekawis punika mbokbilih déning sipat dhidhaktisipun. Prekawis piwulang mistik ingkang dipunajaraken déning sang Sutasoma ing para siswa ingkang dipunwor kaliyan lukisan gesang manifèstasi sang Buda ing donya, sarta usahanipun kanggé nylametaken umat manungsa singgih saé sanget.

Ing ngandhap punika dipunaturaken pinten-pinten pethikan saking kakawin saha jarwanipun ing basa Jawi ngoko manawi saged. Ingkang dipunaturaken inggih manggalanipun, panutup saha satunggaling pethikan ingkang wigati.

Ing Kakawin Sutasoma wonten manggalanipun. Manggala punika mamuja Sri Bajrajñana ingkang intisarinipun punika kasunyatan. Manawi panjenengipun nedahaken sliranipun, mila medal sang semèdi sang Boddhicitta lan mungguh ing galih. Sasampunipun pinten-pinten yuga ing pundi Bathara Brahma, Wisnu kaliyan Siwah ngreksa ingkang dharma, inggih sapunika wonten ing Kaliyuga, sang Buda mandhap kanggé nyirnakaken kuwasa ala.

Sri Bajrajñana, titisaning Kasunyatan iku kang  paling utama ing donya
Tentrem, murni lan teguh ing ati digdaya kadi kahyangan kang agung
Panjenengané iku titisaning Pangayom tunggal kang paring urip ing tri bawana – bumi, langit lan swarga – sarwa kabèh wujud lan rupa.
Prasasat sunaring wulan lan srengéngé sifaté ing metuné saka ing idhepé wong kang wis sadhar.

Pancèn yèn sang rajané yogi unggul pungkasané kang manunggal lan sang Bathara.
Pawujudaning sarwa ngèlmu kasunyatan, kasar utawa alus, lan ingucap ing puja sembahyang kang kusyuk.
Cekaké iku golèkana lan bongkarana ing ati dhèwèké kang tekun ing yoga lan semèdi.
Pancèn kaya wong kang nandhang brangta mangrasa riwa-riwané kamurnèn Sing Rupané Tan Bisa Inidhep.

Mengkana ya iku katentreman kang dituju déning sang dituruti wong wis sida ing ngèlmu kayogan.
Pujanen mawa ngèlmu murni lan bekti linuwih sarananing angiket sekar éndah.
Mustakil aku bisa suksèsa ancoba manggurit kakawin, amarga aku ora weruh ing pranataning sastra.
Nanging, kisinan lan bingung aku déning pikiran sang pujangga linuwih ing nagara.

Purwané prastawa parwaracana kang digelar saka kawya sang Buda.
Mbiyèn ing dwapara-, treta- lan kretayuga panjenengané kabèh titisaning sarwa darma.
Ora liya sang hyang Brahma, Wisnu lan Siwah. Kabèh dadi ratu ing donyaning wong.
Saiki wis teka ing Kaliyuga, Sri Jinapati medhun ing kéné amatèni ing kala murka.

Mangka ta pungkasaning carita saka kisah sang Buda
Déning sang kawi anama mpu Tantular kang ngiket kakawin éndah.
Misuwur ing donya mawa jeneng Purusadasanta (panaklukan Ratu Purusada).
Amoga kabèh kang kerungu, maca utawa nyalin dawa umuré.

Kabèh wong ala bakal sirna, lemes, gumeter, kawedèn, lan kagirisan.
Déning Sri Rajasa kang jumeneng ing Jawa.
Para abdiné murni atiné lan ora salah ulahé kabèh pangandikané diturut.
Kebak para satriya agung, cacahé èwon kang nggawé kawedèn ing para mungsuh.

Éndah ta punang pasir wukir kang kalebu ing panguwasané.
Lan kutharaja ing Wilwatikta asri ora ana upamané.
Akèh cacahé para kawi kang nganggit kidung lan kakawin, tuwa lan enom kang ngadhep sang ratu.
Lir sang hyang Wulan ta panguwasané mamadhangi donya.

Béda karo gawéyanku kaya gajah kang mabur ing lemah.
Isih adoh saka kapasisirsan, amarga aku wong bodho banget kang amindha bisa nganggit tembang apik.
Kaya wong kang bingung ing kuwajibaning sang kawi during weruh satembung waé.
Nanging sang Sri Ranamanggala iku kang dadi panutanku.

Kutipan punika saking pupuh 139, padha 5. Pada punika jangkepipun kados makaten:




#Total Article count: 525
#Total Word count: 198423